Terjemah Jawa, Q.S. (41) Fushilat: 54 ayat.

Qur’an Surah (41) Fush-shilat (Ginawe Terang). 54 ayat

سُورَةُ فُصِّلَتْ

    بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

Awit Asmanipun Allah, Ingkang Mahamirah, Ingkang Mahaasih

حٰمۤۚ ﴿1﴾

Haamiim  (Namung Allah Piyambak Ingkang Priksa Tegesipun ayat punika)  (1)

تَنْزِيْلٌ مِّنَ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِۚ ﴿2﴾

Wewedhar kang Tinurunake saka Ingkang Mahamirah, Ingkang Mahaasih. (2)

كِتٰبٌ فُصِّلَتْ اٰيٰتُهٗ

Kitab, kang ayat-ayate ginawe terang,

 قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لِّقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَۙ﴿3﴾

Qur’an, kanthi basa Arab, tumrap wong-wong kang padha gelem mangerteni.  (3)

بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًاۚ

Kangge mbungahake wong kang bekti ing Allah, sarta ngelingake wong kang duraka.

 فَاَعْرَضَ اَكْثَرُهُمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَ﴿4﴾

Nanging akeh wong kang padha mlengos, mulane padha ora ketaman surasane Qur’an. (4)

وَقَالُوْا قُلُوْبُنَا فِيْٓ اَكِنَّةٍ مِّمَّا تَدْعُوْنَآ اِلَيْهِ

Wong kang mlengos padha kandha: “Ing manah kula wonten tutupipun tumrap ingkang dipun dhawuhaken dhateng kula

 وَفِيْٓ اٰذَانِنَا وَقْرٌ

sarta ing talingan kula kraos awerat kagem mirengaken.

 وَّمِنْۢ بَيْنِنَا وَبَيْنِكَ حِجَابٌ

mekaten malih antawisipun kula lan panjenengan punika wonten aling-alingipun.

 فَاعْمَلْ اِنَّنَا عٰمِلُوْنَ﴿5﴾

Mila prayoginipun panjenengan nglampahana pandamelan piyambak, kula ugi nglampahi pandamelan piyambak.”(5)

قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوْحٰٓى اِلَيَّ

(Muhammad) dhawuha: “Satemene aku iki manungsa padha wae karo sliramu, nanging winedharake wahyu marang aku,

 اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَاسْتَقِيْمُوْٓا اِلَيْهِ

mertelakake yen Pengeranmu Mahatunggal, mulane sliramu padhaa setya tuhu ngambah dalan bener ing Allah,

 وَاسْتَغْفِرُوْهُۗ وَوَيْلٌ لِّلْمُشْرِكِيْنَۙ ﴿6﴾

Lan nyuwuna pangapurane. Cilaka banget para wong kang padha musyrik.” (6)

الَّذِيْنَ لَا يُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ

Yaiku kang padha ora gelem mbayar zakat,

 وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كٰفِرُوْنَ﴿7﴾

sarta maido marang bakal anane dina akhirat.  (7)

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

Dene sapa wonge percaya ing Allah sarta padha ngelakoni panggawe becik,

 لَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍ﴿8﴾

bakal padha diparingi ganjaran kang terus mili tanpa pedhot.  (8)

قُلْ اَىِٕنَّكُمْ لَتَكْفُرُوْنَ بِالَّذِيْ خَلَقَ الْاَرْضَ فِيْ يَوْمَيْنِ

(Muhammad) dhawuha: “Apa sliramu maido ing Allah Kang Wis Agawe bumi iki ing rong mongsa

 وَتَجْعَلُوْنَ لَهٗٓ اَنْدَادًاۗ

Sira padha ndadekake brahala dianggo tetimbangane Allah.

 ذٰلِكَ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَۚ﴿9﴾

Kamangka Allah iku Pengerane ngalam kabeh.”  (9)

وَجَعَلَ فِيْهَا رَوَاسِيَ مِنْ فَوْقِهَا

Lan Allah wus Anitahake gunung-gunung ing salumahing bumi,

 وَبٰرَكَ فِيْهَا وَقَدَّرَ فِيْهَآ اَقْوَاتَهَا فِيْٓ اَرْبَعَةِ اَيَّامٍۗ

banjur Amberkahi kanthi anemtoake kadar pametune sasuwene patang wayah mangsa,

 سَوَاۤءً لِّلسَّاۤىِٕلِيْنَ﴿10﴾

Padha wae iku jawaban tumrap wong-wong kang aweh pitakonan  (10)

ثُمَّ اسْتَوٰٓى اِلَى السَّمَاۤءِ وَهِيَ دُخَانٌ

Allah banjur yasa langit, kang dianggo kukusing banyu,

 فَقَالَ لَهَا وَلِلْاَرْضِ ائْتِيَا طَوْعًا اَوْ كَرْهًاۗ

Bareng wis dadi, Allah dhawuh marang langit lan bumi: “Sira padha nglakonono kang Ingsun prentahake kelawan miturut utawa kepeksa.

قَالَتَآ اَتَيْنَا طَاۤىِٕعِيْنَ﴿11﴾

Padha munjuk atur ing Allah: “Kula sendika ngelampahi kanthi miturut.”  (11)

فَقَضٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ فِيْ يَوْمَيْنِ

Langit banjur digawe susun pitu rampung ing dalem rong mongso.

 وَاَوْحٰى فِيْ كُلِّ سَمَاۤءٍ اَمْرَهَاۗ

Allah Paring wahyu siji-sijining langit mau, para malaikat kang manggon ing kono padha ngabekti ing Allah.

 وَزَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيْحَۖ وَحِفْظًاۗ

“Ingsun ngrenggo langit kelawan lintang pirang-pirang lan ngreksa sekabehane,

ذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِ﴿12﴾

Mangkono mau Pepesthening Allah, Kang Mahamulya tur Mahauninga.”(12)

فَاِنْ اَعْرَضُوْا فَقُلْ اَنْذَرْتُكُمْ صٰعِقَةً مِّثْلَ صٰعِقَةِ عَادٍ وَّثَمُوْدَۗ﴿13﴾

Sawise diterangake mangkene manawa wong kafir (Mekkah) padha malengos, banjur dhawuha: “Sira padha wediya siksaning Allah Kang numpes kaum ‘Ad lan Tsamud.”  (13)

اِذْ جَاۤءَتْهُمُ الرُّسُلُ مِنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ

Nalika kerawuhan para Utusan saka ing sangarep lan saburine,

 اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللهَۗ

Lan dhawuh “Sira aja manembah sapa-sapa, kajaba manembah ing Allah.”

قَالُوْا لَوْ شَاۤءَ رَبُّنَا لَاَنْزَلَ مَلٰۤىِٕكَةً فَاِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ﴿14﴾

Dheweke padha mangsuli: “Manawi sanyata punika prentahing Pengeran, tamtu Ngutus malaikat, sampeyan ngaken bilih utusaning Allah punika kula sami maiben.”  (14)

فَاَمَّا عَادٌ فَاسْتَكْبَرُوْا فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ

Wong ‘Ad padha gumedhe ana ing bumi, padha nglakoni tumindhak kang ora bener.

 وَقَالُوْا مَنْ اَشَدُّ مِنَّا قُوَّةًۗ

Pangucape: “Sapata kang gagah prakosane ngungkuli kita?”

 اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللهَ الَّذِيْ خَلَقَهُمْ هُوَ اَشَدُّ مِنْهُمْ قُوَّةًۗ

Dheweke ora padha ndeleng yen Allah kang Nitahake dheweke mesthi gagah prakosane ngungkuli tikel akeh,

وَكَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ﴿15﴾

Anehe kahanan wong-wong mau malah nyingkuri ayat-ayat Ingsun.” (15)

فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا صَرْصَرًا فِيْٓ اَيَّامٍ نَّحِسَاتٍ

Ingsun banjur nempuhake angin kang adhem hanjekut, ing dina kang sangar,

لِّنُذِيْقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ

supaya wong-wong mau ngicipi siksa kang ngasorake ana ing ngalam donya .

 وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَخْزٰى وَهُمْ لَا يُنْصَرُوْنَ﴿16﴾

Dene siksane ing akhirat luwih abot maneh, lan bakal ora oleh pitulung sapa-sapa. (16)

وَاَمَّا ثَمُوْدُ فَهَدَيْنٰهُمْ فَاسْتَحَبُّوا الْعَمٰى عَلَى الْهُدٰى

Dene bangsa Tsamud, Ingsun paringi pituduh bener, nanging padha milih nampik pituduh bener.

 فَاَخَذَتْهُمْ صٰعِقَةُ الْعَذَابِ الْهُوْنِ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَۚ﴿17﴾

Mulane banjur dipulung dening siksa kang ngasorake, marga saka lakune dhewe. (17)

وَنَجَّيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ﴿18﴾

Lan Ingsun Nylametake para kang padha iman sarta padha anjaga dhirine saka tumindak ala. (18)

وَيَوْمَ يُحْشَرُ اَعْدَاۤءُ اللهِ اِلَى النَّارِ فَهُمْ يُوْزَعُوْنَ﴿19﴾

Ing sawijining dina para saterune Allah padha digiring tumuju neraka, wong-wong mau padha digelandhang (19)

حَتّٰٓى اِذَا مَا جَاۤءُوْهَا شَهِدَ عَلَيْهِمْ سَمْعُهُمْ وَاَبْصَارُهُمْ وَجُلُوْدُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ﴿20﴾

Bareng wis tekan pinggir neraka, padha diwelehake pangrungune, pandelenge lan kulite anggone nglakoni dosa nalika ing donya (20)

وَقَالُوْا لِجُلُوْدِهِمْ لِمَ شَهِدْتُّمْ عَلَيْنَاۗ

Wong kafir padha takon marang kulite: “Ya gene kowe padha milih dadi seksi anggonku nglakoni dosa?”

 قَالُوْٓا اَنْطَقَنَا اللهُ الَّذِيْٓ اَنْطَقَ كُلَّ شَيْءٍ

Kulite padha mangsuli: “Allah kang Agawe samubarang pinter wicara, uga Nitahake kita bisa wicara.”

 وَّهُوَ خَلَقَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۙ وَّاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ﴿21﴾

Allah iku Kang Nitahake awakmu sakawit, saiki sira padha bali marang ngarsa-Ne”(21)

وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَتِرُوْنَ اَنْ يَّشْهَدَ عَلَيْكُمْ

Sira kabeh ora bisa nutupi anggonmu nglakoni panggawe ala, jalaran mesthi disekseni

 سَمْعُكُمْ وَلَآ اَبْصَارُكُمْ وَلَا جُلُوْدُكُمْ

dening pangrungumu, uga dening pandelengmu lan kulitmu dhewe.

وَلٰكِنْ ظَنَنْتُمْ اَنَّ اللهَ لَا يَعْلَمُ كَثِيْرًا مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ﴿22﴾

Nanging sira duwe panyana yen Allah ora Meruhi marang samubarang kang sira lakoni  (22)

وَذٰلِكُمْ ظَنُّكُمُ الَّذِيْ ظَنَنْتُمْ بِرَبِّكُمْ

Kayangapa lugune panyanamu marang Pengeranmu,

اَرْدٰىكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ﴿23﴾

ndadekake kasusahanmu, mulane sira dadi kapitunan. (23)

فَاِنْ يَّصْبِرُوْا فَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْۚ

Manawa dheweke padha betah, pancen neraka iku padunungane,

 وَاِنْ يَّسْتَعْتِبُوْا فَمَا هُمْ مِّنَ الْمُعْتَبِيْنَ﴿24﴾

dene yen nyuwun pangapura ora bakal pikantuk pangapura. (24)

وَقَيَّضْنَا لَهُمْ قُرَنَاۤءَ فَزَيَّنُوْا لَهُمْ مَّا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ

Ingsun Nyedhiani konco pirang-pirang padha anggodha wong-wong kafir, ngiming-imingi kabungahan ana ing sangarepe lan samburine.

 وَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِۚ

Allah bakal matrapi azab dheweke, kaya kang dipatrapake marang umat mbiyen ing sadurunge, saka golongan jin lan manungsa.

 اِنَّهُمْ كَانُوْا خٰسِرِيْنَ﴿25﴾

Saktemene kahanane dheweke padha kapitunan. (25)

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَسْمَعُوْا لِهٰذَا الْقُرْاٰنِ

Wong kafir padha ngucap: “Aja padha anggugu unine Qur’an,

 وَالْغَوْا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَغْلِبُوْنَ﴿26﴾

padhakna unine wong biasa wae, supaya kowe padha menang.” (26)

فَلَنُذِيْقَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَذَابًا شَدِيْدًاۙ

Para wong kafir bakal Ingsun weruhake rasane siksa kang abot,

 وَّلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَسْوَاَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿27﴾

sarta mesthi padha Ingsun wales pang-gawene ala kang wus padha dilakoni (27)

ذٰلِكَ جَزَاۤءُ اَعْدَاۤءِ اللهِ النَّارُ لَهُمْ فِيْهَا دَارُ الْخُلْدِۗ

Kang mangkono iku wewales kanggo satruning Allah, padha dicemplungake neraka, iya iku panggonan siksa kang langgeng,

 جَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ﴿28﴾

tumanja wewales anggone maido ayat-ayat Ingsun. (28)

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا رَبَّنَآ اَرِنَا الَّذَيْنِ اَضَلّٰنَا مِنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ

Para kafir padha munjuk ing Allah: “Pengeran kula, kawula mugi Paduka sumerapaken jin lan manungsa ingkang sami njlomprongaken kawula rumiyin,

 نَجْعَلْهُمَا تَحْتَ اَقْدَامِنَا لِيَكُوْنَا مِنَ الْاَسْفَلِيْنَ﴿29﴾

badhe kula enciki wonten sangandhape suku kawula wonten neraka mriki, supados dados tiyang asor nandhang siksa langkung awrat.” (29)

اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ

Satemene wong kang padha ngucap: “Pengeranku Allah” banjur setiya tuhu anggone netepi kuwajibane, wong mangkono mau bakal dirawuhi Malaikat kanthi ngendika mengkene:

 اَلَّا تَخَافُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا

“Panjenengan ampun ajrih, ampun sedhih.

 وَاَبْشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ﴿30﴾

Panjenengan katuran gumbira kanthi suwarga ingkang sampun dipun Prasetyaaken dening Allah.”(30)

نَحْنُ اَوْلِيَاۤؤُكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۚ

“Kula punika mitra kinasih panjenengan wiwit wonten ing ngalam donya ngantos dumugi ing ngalam akhirat.

 وَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَشْتَهِيْٓ اَنْفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَدَّعُوْنَۗ﴿31﴾

Kagem panjenengan badhe kadumugen samukawis ingkang dipun pepingini saha samukawis ingkang panjenengan kersakaken (31)

نُزُلًا مِّنْ غَفُوْرٍ رَّحِيْمٍ﴿32﴾

Sadaya punika paparingipun Pengeran ingkang Asesifat Paring Pangapura Ugi Mahaasih. (32)

وَمَنْ اَحْسَنُ قَوْلًا مِّمَّنْ دَعَآ اِلَى اللهِ وَعَمِلَ صَالِحًا

Ora ana wong kang luwih becik pangucape ngungkuli wong kang tansah ndedonga marang Allah, saha ngelakoni panggawe becik.

 وَّقَالَ اِنَّنِيْ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ﴿33﴾

Lan pangucape mengkene: “Satemene aku iki sawijining wong kang sumarah marang Allah.” (33)

وَلَا تَسْتَوِى الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُۗ

Ala lan becik iku ora padha, mesthi ana andha-usuke.

اِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ

Sira nampika barang kang ala kanthi kang luwih becik.

 فَاِذَا الَّذِيْ بَيْنَكَ وَبَيْنَهٗ عَدَاوَةٌ كَاَنَّهٗ وَلِيٌّ حَمِيْمٌ﴿34﴾

Karana iku mungsuhmu kang banget gething, bisa dadi kaya sedulur sinarawedi (34)

وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْاۚ

Sifat-sifat kang becik iku ora tinampa kajaba marang wong kang padha shabar,

 وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا ذُوْ حَظٍّ عَظِيْمٍ﴿35﴾

ora tinampa kajaba wong kang duwe pulung munggah suwarga kang agung (35)

وَاِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطٰنِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللهِۗ

Menawa setan nggodha sliramu kanthi sawijining pagodhan, nyenyuwuna Pangayoming Allah,

اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ ﴿36﴾

Sayektine Panjenenga-Ne Allah Mahamiyarsa Uga Mahauninga. (36)

وَمِنْ اٰيٰتِهِ الَّيْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُۗ

Kalebu tandha-tandha Panguwasane Allah yaiku: Anane wengi lan rahina, uga anane srengenge lan rembulan.

 لَا تَسْجُدُوْا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ

Sira aja padha sujud marang srengenge lan rembulan,

 وَاسْجُدُوْا لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَهُنَّ

Ananging sumujuda ing Allah kang Anitahake srengenge lan rembulan mau.

 اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ﴿37﴾

Iku manawa sira mligi nyembah marang Panjenengane dhewe (37)

فَاِنِ اسْتَكْبَرُوْا فَالَّذِيْنَ عِنْدَ رَبِّكَ

Manawa manungsa padha gumedhe (ora gelem sumujud mring Allah) ora dadi apa, Awit para malaikat kang cedhak ing Ngarsaning Pengeranmu,

 يُسَبِّحُوْنَ لَهٗ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ

padha Tasbih Maring Allah ing wayah wengi apadene rahina,

 وَهُمْ لَا يَسْـَٔمُوْنَ۩﴿38﴾

kanthi tanpa kendhat. (38)

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنَّكَ تَرَى الْاَرْضَ خَاشِعَةً

Kalebu tandha-tandha Panguwasaning Allah yaiku: Sira andeleng bumi kang garing,

 فَاِذَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاۤءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْۗ

bareng Ingsun tibani banyu udan banjur padha obah lan subur.

 اِنَّ الَّذِيْٓ اَحْيَاهَا لَمُحْيِ الْمَوْتٰىۗ

Pengeran kang wis Nguripake bumi mangkono mau mesthi Kuwasa Nguripake wong kang wis padha mati

 اِنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿39﴾

Satemene Allah iku Nguwasani kabeh samubarang. (39)

اِنَّ الَّذِيْنَ يُلْحِدُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا لَا يَخْفَوْنَ عَلَيْنَاۗ

Satemene wong-wong kang nyimpang saka ayat-ayat Ingsun, ora pisan-pisan bisa ndelik saka Ingsun.

 اَفَمَنْ يُّلْقٰى فِى النَّارِ خَيْرٌ اَمَّنْ يَّأْتِيْٓ اٰمِنًا يَّوْمَ الْقِيٰمَةِۗ

Apa wong kang dicemplungake ing neraka, iku luwih becik dibanding kang slamet aman santosa ing dina qiyamat?

 اِعْمَلُوْا مَا شِئْتُمْۙ اِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿40﴾

Lakonana apa sing mbok karapke Satemene marang samubarang kang padha sira lakoni, Allah Mahamirsani (40)

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِالذِّكْرِ لَمَّا جَاۤءَهُمْۗ

Satemene wong-wong kang padha maido ayat-ayat Qur’an sawise didhawuhke  dening Utusan Allah, mesti wong-wong mau bakal Ingsun welehake kesalahane.

 وَاِنَّهٗ لَكِتٰبٌ عَزِيْزٌۙ﴿41﴾

Awit Qur’an iku kitab kang mulya (41)

لَّا يَأْتِيْهِ الْبَاطِلُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَلَا مِنْ خَلْفِهٖۗ

Panggorohan ora bakal tumeka ing Qur’an, sanadyan saka ngarepe utawa saka ing burine.

 تَنْزِيْلٌ مِّنْ حَكِيْمٍ حَمِيْدٍ﴿42﴾

Awit Qur’an iku wewedhar saka Ingkang Mahawicaksana tur Mahapinuji. (42)

مَا يُقَالُ لَكَ اِلَّا مَا قَدْ قِيْلَ لِلرُّسُلِ مِنْ قَبْلِكَۗ

Samubarang kang tinakokake marang sliramu, iku wis pernah ditakokake marang para utusan Allah kang sadurungmu.

 اِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ مَغْفِرَةٍ وَّذُوْ عِقَابٍ اَلِيْمٍ﴿43﴾

Satemene Allah Pengeranmu Kagungan Pangapura kaluputan lan uga Kagungan Ancaman ukuman kang nglarani (43)

وَلَوْ جَعَلْنٰهُ قُرْاٰنًا اَعْجَمِيًّا

Upama Qur’an iki Ingsun gawe tembung ‘ajam (dudu tembung Arab)

 لَّقَالُوْا لَوْلَا فُصِّلَتْ اٰيٰتُهٗۗ ءَاَ۬عْجَمِيٌّ وَّعَرَبِيٌّۗ

Mesthi wong kafir padha celathu: “Ya gene Qur’an iku ora anggunakake tembung kang terang, ya gene Nabi kang bangsa Arab anggelarake dudu tembung Arab?”

 قُلْ هُوَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا هُدًى وَّشِفَاۤءٌۗ

Dhawuha: “Qur’an iku tumrap wong kang percaya, minangka dadi pituduh lan uga dadi tamba.

 وَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرٌ وَّهُوَ عَلَيْهِمْ عَمًىۗ

Ananging malah dadi tambahing lelara tumrap wong kang ora ngandel, amarga kupinge ketutup lan mripate ora bisa nyawang. Qur’an tumrap wong kafir prasasat pepeteng,

 اُولٰۤىِٕكَ يُنَادَوْنَ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍ﴿44﴾

  Dheweke koyo-koyo diundang saka panggonan kang adoh.” (44)

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَاخْتُلِفَ فِيْهِۗ

Satemene Ingsun wis paring Kitab Taurat marang Musa, para umate banjur padha sulaya, ana kang ngandel lan ana kang maido, ora beda Qur’an iki.

وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْۗ

Upama ora ana katetepan Allah kang wis pinasthi, wong-wong mau mesthi wis dirampungi perkarane ana donya.

 وَاِنَّهُمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ﴿45﴾

Saternene wong bani lsrail iku padha ragu marang kitab Taurat lan bingung. (45)

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهٖۙ وَمَنْ اَسَاۤءَ فَعَلَيْهَاۗ

Sapa ngelakoni panggawe becik, ganjarane bakal ditampani awake dhewe, dene sing sapa ngelakoni panggawe ala, patrapane iya bakal sinonggo dhewe.

وَمَا رَبُّكَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ﴿46﴾

Pengeranmu ora pisan-pisan nganiaya marang kawulane (46)

اِلَيْهِ يُرَدُّ عِلْمُ السَّاعَةِۗ

Kaweruh bakal kelakone dina qiyamat disumanggakake ing Allah,

وَمَا تَخْرُجُ مِنْ ثَمَرٰتٍ مِّنْ اَكْمَامِهَا

Mangkono uga metune woh-wohan saka ing kembange,

 وَمَا تَحْمِلُ مِنْ اُنْثٰى وَلَا تَضَعُ اِلَّا بِعِلْمِهٖۗ

Semono uga wong wadon kang ngandet lan nglahirake, iku kabeh ana ing Kawruhe Allah.

وَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيْۙ

Besuk qiyamat Allah ndangu marang wong kang musyrik: “Endi rupane brahala kang jarene dadi tetimbanganmu?”

 قَالُوْٓا اٰذَنّٰكَ مَا مِنَّا مِنْ شَهِيْدٍۚ﴿47﴾

Padha mangsuli: “Kawula sadaya boten sami mastani bilih Paduka punika wonten ingkang nimbangi.” (47)

وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَدْعُوْنَ مِنْ قَبْلُ

Sanalika ilang apa kang padha disembah dening wong kafir biyen,

 وَظَنُّوْا مَا لَهُمْ مِّنْ مَّحِيْصٍ﴿48﴾

ing kono, wong kafir padha rumongso ora ana maneh dalan metu. (48)

لَا يَسْـَٔمُ الْاِنْسَانُ مِنْ دُعَاۤءِ الْخَيْرِۖ

Para manungsa ora kendhat padha nenuwun kabegjan,  

 وَاِنْ مَّسَّهُ الشَّرُّ فَيَـُٔوْسٌ قَنُوْطٌ﴿49﴾

ananging menawa kambah ing reribed, banjur sirna pangarep-arepe. (49)

وَلَىِٕنْ اَذَقْنٰهُ رَحْمَةً مِّنَّا مِنْۢ بَعْدِ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُ لَيَقُوْلَنَّ هٰذَا لِيْۙ

Manungsa iku manawa mentas nandhang sangsara banjur Ingsun paringi weruh rasaning kabegjan banjur padha ngucap: “Iki wis sabenere dadi duwekku.

 وَمَآ اَظُنُّ السَّاعَةَ قَاۤىِٕمَةًۙ وَّلَىِٕنْ رُّجِعْتُ اِلٰى رَبِّيْٓ اِنَّ لِيْ عِنْدَهٗ لَلْحُسْنٰىۚ

Aku ora ngandel yen dina qiyamat bakal kelakon, manawa aku dihimpun marang Ngarsane Pengeranku, duwekku ana Ngarsane mesthi mung becik.

فَلَنُنَبِّئَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِمَا عَمِلُوْاۖ

(Pangandikaning Allah): “Para wong kafir bakal Ingsun weleh-welehake anggone padha ngelakoni ala ana ing donya,

 وَلَنُذِيْقَنَّهُمْ مِّنْ عَذَابٍ غَلِيْظٍ﴿50﴾

Lan bakal Ingsun paringi weruh rasaning akibate kang abot (50)

وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ

Nalika Ingsun paring kabungahan marang manungsa, padha ora gedhe panarimane, Kabungahan mau diaku duweke dhewe.

وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ فَذُوْ دُعَاۤءٍ عَرِيْضٍ﴿51﴾

Dene manawa kambuh reribed banjur nenuwun ing Allah kanthi akeh-akeh (51)

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كَانَ مِنْ عِنْدِ اللهِ ثُمَّ كَفَرْتُمْ بِهٖ

Dhawuha: “Padha pikiren manawa Qur’an iku temen terang saka ngarsane Allah kang mangka sira padha maido Qur’an,

 مَنْ اَضَلُّ مِمَّنْ هُوَ فِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ﴿52﴾

Banjur sapa kang luwih kesasar tinimbang sira kang sulaya atindak nyimpang kang adoh?” (52)

سَنُرِيْهِمْ اٰيٰتِنَا فِى الْاٰفَاقِ وَفِيْٓ اَنْفُسِهِمْ

Ingsun bakal meruhake dheweke tandha-tandha Ingsun ing saindenging tlatah ngendi wae sarta ing sajroning jiwane dheweke dhewe,

حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَهُمْ اَنَّهُ الْحَقُّۗ

Nganti tetela gamblang marang dheweke kabeh, yen Qur’an iku satuhu nyata.

 اَوَلَمْ يَكْفِ بِرَبِّكَ اَنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ﴿53﴾

Apa Pengeranmu durung cukup, yen Panjenenga-Ne iku marang samubarang anyekseni? (53)

اَلَآ اِنَّهُمْ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْ لِّقَاۤءِ رَبِّهِمْۗ

Ngelingana, wong kafir banget anggone ragu yen ing tembe bakal disowanake ana Ngarsane Pangerane.

اَلَآ اِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيْطٌ﴿54﴾

Ngelingana, Kaweruhing Allah iku Anglimputi kabeh samubarang. (54)

 

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!