Qur’an Surah (30) Ar-Rum (Tetiyang Romawi). 60 ayat
سُورَةُ الرُّوْمِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤۚ﴿1﴾
Alif Laam Miem (Allah Piyambak Ingang Wuninga Tegesipun Huruf-Huruf Punika). (1)
غُلِبَتِ الرُّوْمُۙ﴿2﴾
Ing dina iki wong Rum kalah perange (2)
فِيْٓ اَدْنَى الْاَرْضِ
Anggone perang ana ing bumine kang cedhak dhewe,
وَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ غَلَبِهِمْ سَيَغْلِبُوْنَۙ﴿3﴾
sawise kalah perang, ing tembe bakal menang. (3)
فِيْ بِضْعِ سِنِيْنَ ەۗ
Menange besuk yen wis pirang-pirang tahun,
لِلّٰهِ الْاَمْرُ مِنْ قَبْلُ وَمِنْۢ بَعْدُۗ
sadurunge lan sawise (wong Rum menang) samubarang prakara iku kagungane Allah.
وَيَوْمَىِٕذٍ يَّفْرَحُ الْمُؤْمِنُوْنَۙ﴿4﴾
Ing dina menange wong Rum, wong mukmin padha bungah. (4)
بِنَصْرِ اللهِۗ
(Menange wong Rum mahu), kelawan oleh pitulungane Allah,
يَنْصُرُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Allah paring pitulungan marang wong kang dadi Kersane.
وَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ﴿5﴾
Lan Panjenengane iku Mahamulya tur Mahaasih (5)
وَعْدَ اللهِۗ
Allah wis prasetya (bakal Paring pitulung marang wong Rum)
لَا يُخْلِفُ اللهُ وَعْدَهٗ
Allah ora pisan-pisan mungkiri janji.
وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿6﴾
Ewadene akeh manungsa kang padha ora weruh. (6)
يَعْلَمُوْنَ ظَاهِرًا مِّنَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۖ
Kang diweruhi mung lahire prakara kabungahan donya.
وَهُمْ عَنِ الْاٰخِرَةِ هُمْ غٰفِلُوْنَ﴿7﴾
Dene marang akhirat padha lena. (7)
اَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْۗ
Ya gene para manungsa padha ora mikir-mikir kahanan awake?
مَا خَلَقَ اللهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ
Allah anggone nitahake langit, bumi lan saisine
وَمَا بَيْنَهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ
kabeh iku kanthi temenanan kelawan waktu kang wis ditemtoake.
وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ بِلِقَاۤئِ رَبِّهِمْ لَكٰفِرُوْنَ﴿8﴾
Nanging akeh-akehe manungsa iku marang dina patemon karo Pengeran padha maido. (8)
اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ
Ya gene para manungsa padha ora lumaku ing bumi.
فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ
Banjur padha ndeleng, kapriye kawusanane para wong ing sadurunge
كَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَّاَثَارُوا الْاَرْضَ وَعَمَرُوْهَآ اَكْثَرَ مِمَّا عَمَرُوْهَا
Dheweke gagah prakosa (ngungkuli wong saiki) sarta padha ngolah bumi (tetanen) gawe gemah raharjaning negara ngungkuli wong ing zaman saiki.
وَجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۗ
Wisana para rasul padha ngrawuhi dheweke kalawan bukti bebener kang cetha,
فَمَا كَانَ اللهُ لِيَظْلِمَهُمْ
ora pisan-pisan Allah nganiaya dheweke,
وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَۗ﴿9﴾
ananging dheweke kang padha nganiaya jiwane dhewe. (9)
ثُمَّ كَانَ عَاقِبَةَ الَّذِيْنَ اَسَاۤءُوا السُّوْۤآٰى اَنْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللهِ وَكَانُوْا بِهَا يَسْتَهْزِءُوْنَ﴿10﴾ع_1
Sabanjure neraka iku dianggo matrapi wong kang padha ngelakoni panggawe ala maido Qur’an lan anggeguyu (10)
اَللهُ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ﴿11﴾
Allah iku Kang Mahamurwani titah, banjur Angambal-ambali dumadine, tumuli marang Panjenengane anggonmu bakal binalekake. (11)
وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يُبْلِسُ الْمُجْرِمُوْنَ﴿12﴾
Lan ing waktu tekan wayahe, para wong dosa bakal padha kapedhotan pangarep-arep. (12)
وَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ مِّنْ شُرَكَاۤىِٕهِمْ شُفَعٰۤؤُا
Lan sesembahan kang padha disakuthokake marang Allah, ora ana siji-sijia kang bisa nulungi,
وَكَانُوْا بِشُرَكَاۤىِٕهِمْ كٰفِرِيْنَ﴿13﴾
malah padha dadi wong kang angafiri sakuthon -sakuthone. (13)
وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يَوْمَىِٕذٍ يَّتَفَرَّقُوْنَ ﴿14﴾
Lan nalikane ing dina qiyamat, ing waktu iku dheweke bakal padha pepisahan (14)
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Wondene para kang padha iman sarta padha anindaki panggawe becik,
فَهُمْ فِيْ رَوْضَةٍ يُّحْبَرُوْنَ﴿15﴾
bakal padha disenengake ing sajroning suwarga. 15)
وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا
Dene wong-wong kafir kang maido Qur’an
وَلِقَاۤئِ الْاٰخِرَةِ فَاُولٰۤىِٕكَ فِى الْعَذَابِ مُحْضَرُوْنَ﴿16﴾
lan pinanggihan qiyamat padha diirit marang pasiksan. (16)
فَسُبْحٰنَ اللهِ
Mula nyebuta Tasbih Mahasuci Allah,
حِيْنَ تُمْسُوْنَ وَحِيْنَ تُصْبِحُوْنَ﴿17﴾
samangsane sira manjing wayah wengi lan samangsane sira manjing wayah bangun. (17)
وَلَهُ الْحَمْدُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ
Padha memuji ing Allah saisining langit lan bumi
وَعَشِيًّا وَّحِيْنَ تُظْهِرُوْنَ﴿18﴾
ing wayah sore lan awan (18)
يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ
Panjenengane Ngetokake barang urip saka barang mati,
وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ
lan Ngetokake barang mati saka barang urip,
وَيُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ
sarta Nguripake bumi sawise matine,
وَكَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ﴿19﴾ ع_2
lan kaya mangkono iku anggonmu bakal padha diwetokake. (19)
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ
Tandha bebener kuwasane Allah iyaiku anggone Agawe awakmu saka lemah,
ثُمَّ اِذَآ اَنْتُمْ بَشَرٌ تَنْتَشِرُوْنَ﴿20﴾
sabanjure sira dadi manungsa kang bebrayan (ngrembaka) ana bumi. (20)
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا
Lan saweneh saka tandha tandha bebener yaiku Panjenengane wus anitahake jodho marang sira, saka jiwamu dhewe, supaya sira padha oleh tentreming ati ing kono,
وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةًۗ
sarta Panjenengane wus adamel sih kawelasan ing antarane sliramu.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ
Setuhune ing kono iku temen
لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ﴿21﴾
ana tandha-tandha tumrap wong kang padha gelem mikir. (21)
وَمِنْ اٰيٰتِهٖ خَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ
Lan saweneh saka tandha tandha yaiku tumitahing Iangit lan bumi
وَاخْتِلَافُ اَلْسِنَتِكُمْ وَاَلْوَانِكُمْۗ
sarta beda-bedane bahasamu tuwin warna kulitmu.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّلْعٰلِمِيْنَ﴿22﴾
Satemene, ing kono iku temen ana tandha-tandha bebener tumrap para ahli kawruh. (22)
وَمِنْ اٰيٰتِهٖ مَنَامُكُمْ
Lan saweneh saka tandha tandha yaiku anggonmu turu
بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَابْتِغَاۤؤُكُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ
sarta pangupayamu anggayuh Iubering paparing Allah ing wengi lan rahina.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ﴿23﴾
Satemene kang mengkono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angrungokake. (23)
وَمِنْ اٰيٰتِهٖ يُرِيْكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَّطَمَعًا
Lan saweneh saka tandha tandha yaiku Panjenengane Allah ameruhake sira ing kilat kang anjalari tuwuhe rasa kuwatir lan pangarep-arep,
وَّيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَيُحْيٖ بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ
sarta Panjenengane anurunake banyu saka mendhung, banjur diagem anguripake bumi sawise matine.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ﴿24﴾
Satemene ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha duwe akal. (24)
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ تَقُوْمَ السَّمَاۤءُ وَالْاَرْضُ بِاَمْرِهٖۗ
Lan saweneh saka tandha tandha iya iku adeging bumi lan Iangit mligi saka Keparenging Allah tanpa cagak.
ثُمَّ اِذَا دَعَاكُمْ دَعْوَةًۖ مِّنَ الْاَرْضِ اِذَآ اَنْتُمْ تَخْرُجُوْنَ﴿25﴾
Besuk nalika Allah nimbaii sira banjur pating jredul metu saka jeroning bumi (kuburanmu) (25)
وَلَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Lan kagungane Panjenengane Allah apa wae kang ana ing langit lan ing bumi,
كُلٌّ لَّهٗ قَانِتُوْنَ﴿26﴾
kabeh padha ngestokake dhawuh parintahing Allah (26)
وَهُوَ الَّذِيْ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ
Lan Panjenengane iku Ingkang Amurwani titah,
ثُمَّ يُعِيْدُهٗ وَهُوَ اَهْوَنُ عَلَيْهِۗ
tumuli Angambal-ambali dumadine, sarta iku gampang ingatase Panjenengane.
وَلَهُ الْمَثَلُ الْاَعْلٰى فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ
Sarta kagungane Allah sifat Linuhung ing langit lan bumi,
وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ﴿27﴾ ع_3
Panjenengane iku Ingkang Mahamulya, Ingkang Mahawicaksana. (27)
ضَرَبَ لَكُمْ مَّثَلًا مِّنْ اَنْفُسِكُمْۗ
Allah Nggelar sanepa marang sliramu, babagan awakmu dhewe:
هَلْ لَّكُمْ مِّنْ مَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ
Upama kawulamu kang kadarbe ing tanganmu
مِّنْ شُرَكَاۤءَ فِيْ مَا رَزَقْنٰكُمْ
melu nduweni barang darbekmu kang wis Ingsun paringake,
فَاَنْتُمْ فِيْهِ سَوَاۤءٌ تَخَافُوْنَهُمْ كَخِيْفَتِكُمْ اَنْفُسَكُمْۗ
dadi padha wae karo sira, kang mengkono iku mesthi sira ora narima. Apa sira wedi marang dheweke kaya dene wedimu marang awakmu dhewe?
كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ﴿28﴾
Mangkono iku anggon Ingsun nerangake ayatingsun marang wong kang ana akale. (28)
بَلِ اتَّبَعَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ
Ananging wong kang keleru padha nggugu karepe dhewe tanpa kaweruh,
فَمَنْ يَّهْدِيْ مَنْ اَضَلَّ اللهُۗ
sapa kang bisa nuntun ing dalan keslametan marang wong kang dikersakake kesasar dening Allah?
وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ﴿29﴾
Dheweke mau ora ana kang bisa nulungi. (29)
فَاَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ حَنِيْفًاۗ
Adhepna kanthi temenan anggonmu ngelakoni agama mligi konjuk ing Allah,
فِطْرَتَ اللهِ الَّتِيْ فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَاۗ
Kang wus Nitahake manungsa netepi agama mahu.
لَا تَبْدِيْلَ لِخَلْقِ اللهِۗ ذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُۙ
Manungsa ora kena ngowahi agamaning Allah, Iyaiku agama kang bener.
وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَۙ﴿30﴾
Ewadene manungsa iku kang akeh padha ora weruh. (30)
مُنِيْبِيْنَ اِلَيْهِ وَاتَّقُوْهُ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ
Padha balia tobat marang Panjenengane Allah, lan padha sumengkema ngabekti ing Allah, kanthi anjumenengake sholat
وَلَا تَكُوْنُوْا مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۙ﴿31﴾
lan aja klebu wong-wong sing nyekuthokake Allah. (31)
مِنَ الَّذِيْنَ فَرَّقُوْا دِيْنَهُمْ وَكَانُوْا شِيَعًاۗ
Yaiku para wong kang mecah-belah pandereke agama nganti dadi pirang-pirang golongan.
كُلُّ حِزْبٍۢ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُوْنَ﴿32﴾
Saben sagolongan padha bungah atine nglakoni pamundhut golongane kang disenengi (32)
وَاِذَا مَسَّ النَّاسَ ضُرٌّ دَعَوْا رَبَّهُمْ مُّنِيْبِيْنَ اِلَيْهِ
Menawa manungsa kambuh ing reribet, banjur padha eling nyenyuwun marang Pengerane, supaya ngluwarna saka reribet mau.
ثُمَّ اِذَآ اَذَاقَهُمْ مِّنْهُ رَحْمَةً
Sawise luwar, manawa diparingi kabungahan dening Allah
اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُوْنَۙ﴿33﴾
banjur ana sagolongan mangro tingal. (33)
لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۗ
Pamrihe arep ora atur panuwun marang apa kang wus Ingsun paringake ing dheweke.
فَتَمَتَّعُوْاۗ
Lan padha bungah-bungaha,
فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ﴿34﴾
Ing tembe ora wurung padha weruh kadadeyana awake. (34)
اَمْ اَنْزَلْنَا عَلَيْهِمْ سُلْطٰنًا
Utawa apa Ingsun anurunake wisesa marang dheweke,
فَهُوَ يَتَكَلَّمُ بِمَا كَانُوْا بِهٖ يُشْرِكُوْنَ﴿35﴾
kang banjur ngandharake apa kang padha disakuthokake karo Panjenengane? (35)
وَاِذَآ اَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً فَرِحُوْا بِهَاۗ
Nalikane Ingsun maringi kabungahan marang manungsa, banjur lega atine,
وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ
Nanging menawa kesandhung barang kang ala, marga saka panggawene dhewe kang wis dilakoni,
اِذَا هُمْ يَقْنَطُوْنَ﴿36﴾
Ing kono banjur padha mutung, ora duwe pangarep-arep marang Kawelasane Allah. (36)
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُۗ
Apa dheweke ora padha ndeleng yen Allah iku paring rizki akeh marang wong kang dadi Kepareng Kersane, ana uga wong kang diparingi rizki mung cumpen?
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ﴿37﴾
Kang mengkono iku tumrap para wong mukmin dadi tandha bebener kuwasaning Allah. (37)
فَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِۗ
Mulane sliramu mewehana marang para sanakmu minangka tandha sih katresnan, uga marang para wong miskin lan wong kang melaku ana ing dedalan, (nanging kang mrangguli kasangsaran),
ذٰلِكَ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَ اللهِۖ
iku sira wehana apa benere, kang mangkono iku tumrap wong kang ngarep-arep ganjaraning Allah, luwih dening becik,
وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ﴿38﴾
wong kang mangkono mau bakal padha begja. (38)
وَمَآ اٰتَيْتُمْ مِّنْ رِّبًا لِّيَرْبُوَا۠ فِيْٓ اَمْوَالِ النَّاسِ
Dene anggonmu padha weweh supaya diwales kang luwih saka pawewehmu (riba = tambahan)
فَلَا يَرْبُوْا عِنْدَ اللهِۚ
wong kang weweh mau ora bakal diganjar dening Allah.
وَمَآ اٰتَيْتُمْ مِّنْ زَكٰوةٍ تُرِيْدُوْنَ وَجْهَ اللهِ
Dene yen sira weweh karepmu mligi ngestokake dhawuhing Allah,
فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُضْعِفُوْنَ﴿39﴾
sira bakal oleh ganjaran tikel-matikel pirang-pirang. (39)
اَللهُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ
Allah iku kang Anitahake awakmu,
ثُمَّ رَزَقَكُمْ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْۗ
sawise dadi banjur diparingi rizki, yen wis tekan mangsane banjur sliramu padha kapundhut (mati), tumuli banjur diuripake maneh.
هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّفْعَلُ مِنْ ذٰلِكُمْ مِّنْ شَيْءٍۗ
Apa ana brahala kang bisa sira kanggo kekembaraning Allah?
سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ﴿40﴾ ع_4
Allah iku Mahasuci, ora kaya panganggepe wong kang padha mangro tingal. (40)
ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ
Karusakan wus tumimbul ing dharatan lan sagara
بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ
amarga saka panggawening tangan-tangane para manusa,
لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا
amurih Panjenengane Allah angicipake dheweke sawenehe kang wus padha dilakoni,
لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ﴿41﴾
Supaya padha bali marang dalan kang bener. (41)
قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ
Dhawuha Muhammad: Padha jelajaha ing bumi,
فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلُۗ
banjur padha andelenga, kapriye wusanane kedadeyane para kang padha urip ing dhisik,
كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّشْرِكِيْنَ﴿42﴾
Kang kahanan akeh-akehe wong padha musyrik. (42)
فَاَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ الْقَيِّمِ
Pada adhepna wajahmu sedya ngestokake agama kang jejeg,
مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهٗ مِنَ اللهِ
mumpung dhurung ketekan dina qiyamat, ing kono dhawuhing Allah wis ora kena diundurake,
يَوْمَىِٕذٍ يَّصَّدَّعُوْنَ﴿43﴾
ing dina iku dheweke bakal padha sowang-sowangan. (43)
مَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهٗۚ
Sapa sing kafir, kafire iya anibani awake dhewe,
وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا
lan sapa sing anglakoni panggawe becik,
فَلِاَنْفُسِهِمْ يَمْهَدُوْنَۙ﴿44﴾
iku nyadhiyakake kabecikan marang jiwane dhewe. (44)
لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
Supaya Panjenengane Allah Angganjar para kang padha iman
وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنْ فَضْلِهٖۗ
sarta anglakoni panggawe becik, arupa Iubering paparing.
اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْكٰفِرِيْنَ﴿45﴾
Sayekti Panjenengane Allah iku ora remen marang wong kang mlengos. (45)
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ يُّرْسِلَ الرِّيٰحَ مُبَشِّرٰتٍ
Lan saweneh saka tandha-tandhane yaiku Panjenengane ngutus angin anggawa pawarta bungah,
وَّلِيُذِيْقَكُمْ مِّنْ رَّحْمَتِهٖ
sarta Panjenengane ngicipake sliramu ing Kawelasane,
وَلِتَجْرِيَ الْفُلْكُ بِاَمْرِهٖ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ
Lan supaya prau Iumaku saking parentahe, tuwin supaya sliramu padha angupaya Iubering paparinge,
وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ﴿46﴾
Uga supaya sira padha atur panuwun. (46)
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ رُسُلًا اِلٰى قَوْمِهِمْ
Lan satemene, ing sadurungmu temen Ingsun wus ngutus utusan-utusan marang para bangsane,
فَجَاۤءُوْهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ
sarta tekane mrono kalawan bukti-bukti kang terang.
فَانْتَقَمْنَا مِنَ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْاۗ
Tumuli Ingsun Midana para kang padha duraka,
وَكَانَ حَقًّاۖ عَلَيْنَا نَصْرُ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿47﴾
awit wis sabenere Ingsun nulungi para wong mukmin. (47)
اَللهُ الَّذِيْ يُرْسِلُ الرِّيٰحَ فَتُثِيْرُ سَحَابًا فَيَبْسُطُهٗ فِى السَّمَاۤءِ كَيْفَ يَشَاۤءُ
Allah iku kang ngutus angin, banjur ngratakake mega lan nggelar ana sangisoring langit manut Sakersaning Allah.
وَيَجْعَلُهٗ كِسَفًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلٰلِهٖۚ
Mega mau banjur didadekake mendhung. Sliramu banjur ndeleng banyu udan metu saka tengahing mendhung.
فَاِذَآ اَصَابَ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖٓ اِذَا هُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَۚ﴿48﴾
Samangsa banyu udan mahu nyiram marang para kawulaning Allah dheweke banjur padha bungah (48)
وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْهِمْ مِّنْ قَبْلِهٖ لَمُبْلِسِيْنَۚ﴿49﴾
Para kawula mau sadurunge dituruni udan, mangka wis bosen pangarep-arepe marang tekane udan. (49)
فَانْظُرْ اِلٰٓى اٰثٰرِ رَحْمَتِ اللهِ
Banjur andelenga labete Kawelasane Allah,
كَيْفَ يُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ
Kepriye anggone Panjenengane Nguripake bumi sawise matine.
اِنَّ ذٰلِكَ لَمُحْيِ الْمَوْتٰىۚ
Satemene Panjenengane Allah iku temen juru-Nguripake wong mati
وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿50﴾
Lan Panjenengane iku marang samubarang apa wae Mahakawasa. (50)
وَلَىِٕنْ اَرْسَلْنَا رِيْحًا
Satemene samangsa Ingsun ngirim angin marang tetanduran,
فَرَاَوْهُ مُصْفَرًّا لَّظَلُّوْا مِنْۢ بَعْدِهٖ يَكْفُرُوْنَ﴿51﴾
wong-wong nyawang gegodhongane dadi kuning garing, sabanjure wong-wong tetep mlengosake (51)
فَاِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتٰى
Amarga, satemene sliramu iku ora bisa agawe krungune wong mati,
وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاۤءَ اِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِيْنَ﴿52﴾
sarta ora bisa agawe krungune wong budheg ing pangundang-undang, samangsa dheweke kabeh padha malengos (52)
وَمَآ اَنْتَ بِهٰدِ الْعُمْيِ عَنْ ضَلٰلَتِهِمْۗ
Lan sliramu ora bisa anuntun wong-wong wuta saka sasare.
اِنْ تُسْمِعُ اِلَّا مَنْ يُّؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا فَهُمْ مُّسْلِمُوْنَ﴿53﴾ ع_5
Sliramu ora bisa agawe krungune sapa-sapa, kajaba tumrap wong-wong kang padha iman marang ayat-ayat Ingsun wusana dadi sumarah. (53)
اَللهُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ ضَعْفٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْۢ بَعْدِ ضَعْفٍ قُوَّةً ثُمَّ جَعَلَ مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ ضَعْفًا وَّشَيْبَةًۗ
Allah iku Kang Nitahake sliramu saka ringkih, banjur sawise ringkih andadekake kuwat, tumuli sawise kuwat andadekake ringkih sarta uwanen.
يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُۚ وَهُوَ الْعَلِيْمُ الْقَدِيْرُ﴿54﴾
Panjenengane anitahake apa kang dikersakake, sarta Panjenengane iku Ingkang Mahauninga tur Mahakawasa. (54)
وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يُقْسِمُ الْمُجْرِمُوْنَ ەۙ
Besuk dina qiyamat wong kafir padha supata.
مَا لَبِثُوْا غَيْرَ سَاعَةٍۗ
Pangakune anggone urip ana ing donya ora luwih mung sak jam.
كَذٰلِكَ كَانُوْا يُؤْفَكُوْنَ﴿55﴾
Mangkono mahu dheweke banget bodhone. (55)
وَقَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ وَالْاِيْمَانَ
Dene kang padha diparingi ilmu lan iman padha mangsuli:
لَقَدْ لَبِثْتُمْ فِيْ كِتٰبِ اللهِ اِلٰى يَوْمِ الْبَعْثِۖ
“Kang kasebut ing kitabe Allah sira kari manut wae nganti dina qiyamat.”
فَهٰذَا يَوْمُ الْبَعْثِ
Iya iku dina tangine wong kang wis mati,
وَلٰكِنَّكُمْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ﴿56﴾
nanging akeh wong kang padha ora gelem ngerti. (56)
فَيَوْمَىِٕذٍ لَّا يَنْفَعُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَعْذِرَتُهُمْ وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ﴿57﴾
Ing dina iku wis tanpa gawe maneh panyuwunan ngapura wong sing padha salah, lan ora pisan-pisan dheweke diparengake saguh ngestokake dhawuh ing Allah. (57)
وَلَقَدْ ضَرَبْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۗ
Lan sayekti, ing sajroning Quran iki temen Ingsun wus agawe sarupaning sanepa tumrap para manusa;
وَلَىِٕنْ جِئْتَهُمْ بِاٰيَةٍ لَّيَقُوْلَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا مُبْطِلُوْنَ﴿58﴾
lan manawa sira ndhatengake sawijining ayat marang dheweke, mesthi wong kang padha kafir bakal celathu: Sira iku ora Iiya kajaba mung para wong doracara. (58)
كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللهُ
Kaya mangkono Allah ngecap
عَلٰى قُلُوْبِ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿59﴾
ing atine para wong kang padha ora weruh (59)
فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ
Mulane disabar-sabarake. Satemene janjining Allah iku nyata,
وَّلَا يَسْتَخِفَّنَّكَ الَّذِيْنَ لَا يُوْقِنُوْنَ﴿60﴾ ع_6
lan aja nganti para kang padha ora yakin angremehake sliramu. (60)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.