Qur’an Surah (49) Al-Hujurat (Kamar-Kamar). 18 Ayat
سُورَةُ الْحُجُرٰتِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
Hai para mukmin kabeh!
لَا تُقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيِ اللهِ وَرَسُوْلِهٖ وَاتَّقُوا اللهَۗ
Sira aja lancang ing pangucap lan panggawe tanpa oleh idzining Allah lan Rosul. Padha bektia sira ing Allah,
اِنَّ اللهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ ﴿١﴾
satemene Allah iku Mahamiyarsa tur Mahauninga (1)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
Hai para mukmin kabeh!
لَا تَرْفَعُوْٓا اَصْوَاتَكُمْ فَوْقَ صَوْتِ النَّبِيِّ
sira aja padha nyerokake suwara ngungkuli suwarane Nabi (Muhammad).
وَلَا تَجْهَرُوْا لَهٗ بِالْقَوْلِ
Lan manawa matur aja padha seru-seru
كَجَهْرِ بَعْضِكُمْ لِبَعْضٍ
nganti kaya serune anggonira cecaturan karo kancamu.
اَنْ تَحْبَطَ اَعْمَالُكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تَشْعُرُوْنَ﴿2﴾
Mangkono iku nguwatiri bokmenawa sirna lakunira kang becik tur sliramu ora krasa (2)
اِنَّ الَّذِيْنَ يَغُضُّوْنَ اَصْوَاتَهُمْ عِنْدَ رَسُوْلِ اللهِ
Sarupane wong kang nglirihake suarane ana ngarsane Rosulullah,
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ امْتَحَنَ اللهُ قُلُوْبَهُمْ لِلتَّقْوٰىۗ
atine dicoba dening Allah supaya bekti.
لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ عَظِيْمٌ ﴿3﴾
Wong mangkono mau oleh pangapura dosane lan bakal tompo ganjaran gedhe (3)
اِنَّ الَّذِيْنَ يُنَادُوْنَكَ مِنْ وَّرَاۤءِ الْحُجُرٰتِ
Satemene wong kang wani ngundang marang Rasulullah saka jaban kamar,
اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ ﴿4﴾
iku akeh-akehe wong kang ora ganep akale (4)
وَلَوْ اَنَّهُمْ صَبَرُوْا حَتّٰى تَخْرُجَ اِلَيْهِمْ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْۗ
Upamane wong-wong mau gelem sareh ngenteni anggon Rasulullah metu nemoni wong mau, iku luwih becik.
وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿5﴾
Ewa dene Allah iku Kersa Ngapura tur Mahaasih (5)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا
Para mukmin kabeh,
اِنْ جَاۤءَكُمْ فَاسِقٌۢ بِنَبَاٍ فَتَبَيَّنُوْٓا
manawa ana wong kang ora tulus anekani sira anggawa pawarta, titi priksanen dhisik pawarta mau.
اَنْ تُصِيْبُوْا قَوْمًاۢ بِجَهَالَةٍ
Supaya sira kabeh ora banjur kebacut ngukum wong kang satemene ora luput
فَتُصْبِحُوْا عَلٰى مَا فَعَلْتُمْ نٰدِمِيْنَ﴿٦﴾
banjur dadekake sira kabeh podho getun (6)
وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ فِيْكُمْ رَسُوْلَ اللهِۗ
Lan padha weruha, yen ing antaranira iku ana Rasulullah,
لَوْ يُطِيْعُكُمْ فِيْ كَثِيْرٍ مِّنَ الْاَمْرِ لَعَنِتُّمْ
manawa ing dalem sapirang-pirang prakara Rasulullah manut marang sira kabeh, amesthi sira bakal tumiba ing rekasa,
وَلٰكِنَّ اللهَ حَبَّبَ اِلَيْكُمُ الْاِيْمَانَ
ananging Allah andhemenake sira kabeh marang iman
وَزَيَّنَهٗ فِيْ قُلُوْبِكُمْ
sarta memaesi atimu.
وَكَرَّهَ اِلَيْكُمُ الْكُفْرَ وَالْفُسُوْقَ وَالْعِصْيَانَۗ
Lan anggethingake sira marang kakafiran, ora bekti, tuwin mbalela.
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الرَّاشِدُوْنَۙ ﴿٧﴾
Iku wong-wong kang padha miturut dedalan kang bener (7)
فَضْلًا مِّنَ اللهِ وَنِعْمَةًۗ
Amarga saka lubere peparing sarta nugrahane Allah;
وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿٨﴾
Lan Allah iku Mahauninga lan Mahawicaksana (8)
وَاِنْ طَاۤىِٕفَتٰنِ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ اقْتَتَلُوْا فَاَصْلِحُوْا بَيْنَهُمَاۚ
Lan manawa ana wong-wong iman rong pepanthan padha pasulayan, age agawea pirukun marang sakarone;
فَاِنْۢ بَغَتْ اِحْدٰىهُمَا عَلَى الْاُخْرٰى فَقَاتِلُوا الَّتِيْ تَبْغِيْ حَتّٰى تَفِيْۤءَ اِلٰٓى اَمْرِ اللهِۖ
ananging manawa kang sawiji atindak sawiyah-wiyah marang liyane, age perangana kang atindak sawiyah-wiyah mau, nganti gelem bali marang parentahing Allah.
فَاِنْ فَاۤءَتْ فَاَصْلِحُوْا بَيْنَهُمَا بِالْعَدْلِ وَاَقْسِطُوْاۗ
lan manawa wis bali, banjur agawe pirukun marang sakarone kelawan adil sarta tumindak sing jejeg.
اِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ﴿٩﴾
sayekti Allah iku tresna marang wong kang padha tumindak jejeg (9)
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ اِخْوَةٌ
Satemene para mukmin padha dadi sedulur.
فَاَصْلِحُوْا بَيْنَ اَخَوَيْكُمْ
Mulane padha gawenen rukun sedulurmu kang padha pasulayan
وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ﴿١٠﴾ع_1
Lan ngabektia ing Allah supaya oleh Asihe (10)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّنْ قَوْمٍ
Para mukmin kabeh, aja padha ngina sawijining wong marang wong liyane,
عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنُوْا خَيْرًا مِّنْهُمْ
awit kena uga kang di-ina luwih becik tinimbang kang ngina
وَلَا نِسَاۤءٌ مِّنْ نِّسَاۤءٍ
Wong wadon uga aja padha nggeguyu marang wong wadon liyane.
عَسٰٓى اَنْ يَّكُنَّ خَيْرًا مِّنْهُنَّۚ
awit kang digeguyu kena uga luwih becik tinimbang kang nggeguyu.
وَلَا تَلْمِزُوْٓا اَنْفُسَكُمْ
Lan aja padha nyacat marang wong liya, awit wong kang dicacat mau banjur males nyacat,
وَلَا تَنَابَزُوْا بِالْاَلْقَابِۗ
lan aja padha njuluki ala marang wong liyane.
بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوْقُ بَعْدَ الْاِيْمَانِۚ
Cacat banget yen nganti dirangkepi jeneng ala tumrap wong sawise Iman marang Allah.
وَمَنْ لَّمْ يَتُبْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ﴿١١﴾
Sing sapa ora gelem tobat, bakal dadi wong kang nganiaya awake dhewe. (11)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ
Para mukmin kabeh, padha ngedohana panyana elek marang wong liya,
اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ
awit sawenehing panyana iku ana kang dadi dosa.
وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ
Lan aja sok nyebarake wewadining wong liya, lan aja ngrasani ala marang sapadha padha
اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا
Apa iya sira iku dhemen mangan daginge sedulure kang wis mati?
فَكَرِهْتُمُوْهُۗ
Bareng kelakon mesthi ora doyan.
وَاتَّقُوا اللهَۗ اِنَّ اللهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ﴿١٢﴾
Lan padha ngabektia ing Allah, saktemene Allah iku Mahaparing Pangapura tur Mahaasih. (12)
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ
Para manusa!
اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى
Sayekti Ingsun wis anitahake sira saka wong lanang Ian wong wadon,
وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ
sarta andadekake sira dadi pirang-pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung siji lan sijine.
اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللهِ اَتْقٰىكُمْۗ
Dene mungguhe Allah, sira kang paling aji yoiku kang banget bektine ing Allah.
اِنَّ اللهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ﴿١٣﴾
Satemene Allah iku Mahauninga tur Mahawicaksana (13)
قَالَتِ الْاَعْرَابُ اٰمَنَّاۗ
Wong Arab ndesa padha ngucap: “Aku wis iman.
قُلْ لَّمْ تُؤْمِنُوْا وَلٰكِنْ قُوْلُوْٓا اَسْلَمْنَا
Sliramu (Muhammad) dhawuha: “Kowe durung iman, Nanging ngucapa: ‘Aku iki wong Islam’.
وَلَمَّا يَدْخُلِ الْاِيْمَانُ فِيْ قُلُوْبِكُمْۗ
Iman durung mlebu ing atimu.
وَاِنْ تُطِيْعُوا اللهَ وَرَسُوْلَهٗ
Dene yen kowe manut miturut ing Allah lan Rasulullah
لَا يَلِتْكُمْ مِّنْ اَعْمَالِكُمْ شَيْـًٔاۗ
ora bakal suda sethithik-thithika ganjarane lakumu kang becik”.
اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿١٤﴾
Satemene Allah Kepareng Ngapura dosa tur Mahaasih (14)
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ
Kang aran wong iman iku sarupane wong kang padha percaya ing Allah lan Utusane.
ثُمَّ لَمْ يَرْتَابُوْا وَجَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِۗ
Banjur atine ora wigih-wigih utawa mamang anggone tenanan ngestokake dhawuh kanthi toh nyawa lan bandhane kanggo ragad nindakake dhawuh Allah,
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَ﴿١٥﴾
Yaikulah wong kang temen imane. (15)
قُلْ اَتُعَلِّمُوْنَ اللهَ بِدِيْنِكُمْۗ
Dhawuha (Muhammad): “Apa sira padha ngawuningakake (sok nduduh-nduduhake) ing Allah perkara agamamu?
وَاللهُ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ
Ing mangka Allah iku Mahapriksa apa kang ana ing sekabehane langit Ian apa kang ana ing bumi.
وَاللهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿١٦﴾
Allah iku marang samubarang apa wae Mahauninga. (16)
يَمُنُّوْنَ عَلَيْكَ اَنْ اَسْلَمُوْاۗ
Rumangsane, dheweke iku padha potang kabecikan marang sliramu jalaran anggone padha dadi Islam.
قُلْ لَّا تَمُنُّوْا عَلَيَّ اِسْلَامَكُمْۚ
Dhawuha (Muhammad): “Aja sira padha rumasa potang kabecikan marang aku jalaran saka Islammu,
بَلِ اللهُ يَمُنُّ عَلَيْكُمْ اَنْ هَدٰىكُمْ لِلْاِيْمَانِ
Malahan Allah iku Kang Potang kabecikan marang sira kabeh, dening anggone Allah wus anuntun sira marang iman,
اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿١٧﴾
Iku manawa sira padha dadi wong temen (17)
اِنَّ اللهَ يَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Satemene Allah iku Mahapriksa apa wae kang samar-samar samubarang kang ana ing langit lan bumi.
وَاللهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ﴿١٨﴾ ع_2
Allah iku Mahamirsani apa wae kang padha sira lakoni. (18)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.