Terjemah Jawa Q.S. (33) Al-Ahzab (Papanthan-Papanthan). 73 Ayat

Qur’an Surah (33) Al-Ahzab (Pepanthan-Pepanthan). 73 Ayat

سُورَةُ الْاَحْزَابِ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اتَّقِ اللّٰهَ

He Nabi, kang ngundhangake Parentah Ingsun, tulusa anggone sliramu ngabekti ing Allah,

وَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَالْمُنٰفِقِيْنَۗ

aja manut marang wong kafir Ian wong kang munafiq.

اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۙ﴿1﴾

Satemene Allah iku Ingkang Maha Nguningani samubarang tur Ingkang Mahawicaksana.(1)

وَّاتَّبِعْ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَۗ

Lan mituruta apa kang Kawedharake marang sliramu saka Pangeranmu,

اِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًاۙ﴿2﴾

sayekti Allah iku Mahawaspada marang sabarang kang padha sliramu Iakoni. (2)

وَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِۗ

Sarta sumendhea marang Allah;

وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا﴿3﴾

iku wis cukup minangka Pangayoman (3)

مَا جَعَلَ اللّٰهُ لِرَجُلٍ مِّنْ قَلْبَيْنِ فِيْ جَوْفِهٖۚ

Allah ora Ndadek’ake ati Ioro tumrap wong siji ana ing sajeroning awake.

وَمَا جَعَلَ اَزْوَاجَكُمُ الّٰـِٕۤيْ تُظٰهِرُوْنَ مِنْهُنَّ اُمَّهٰتِكُمْۚ

Lan Panjenengane ora Ndadek’ake garwa-garwamu, kang gegere padha sira padhakake karo gegere ibumu, iku dadi ibumu.

وَمَا جَعَلَ اَدْعِيَاۤءَكُمْ اَبْنَاۤءَكُمْۗ

Sarta Panjenengane ora Ndadekake anak-anakmu angkat iku dadi anak -anakmu temenan.

ذٰلِكُمْ قَوْلُكُمْ بِاَفْوَاهِكُمْۗ

Iku pangucapmu kalawan Iesanmu wae.

وَاللّٰهُ يَقُوْلُ الْحَقَّ وَهُوَ يَهْدِى السَّبِيْلَ﴿4﴾

Lan Allah Ngandharake kasunyatan sarta Panjenengane iku Nuntun ing dalane Ingkang Bener. (4)

اُدْعُوْهُمْ لِاٰبَاۤىِٕهِمْ هُوَ اَقْسَطُ عِنْدَ اللّٰهِۚ

Padha undangen kelawan nyebut asma bapak-bapakne, iku luwih jejeg mungguhing Allah,

فَاِنْ لَّمْ تَعْلَمُوْٓا اٰبَاۤءَهُمْ فَاِخْوَانُكُمْ فِى الدِّيْنِ وَمَوَالِيْكُمْۗ

ananging manawa sira ora weruh bapak-bapakne, iku satemene iya sadulurmu ing dalem agama lan memitran.

وَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ فِيْمَآ اَخْطَأْتُمْ بِهٖ

Lan ora kaluputan ing atase sira ing bab anggonmu kleru tumrap prakara iku,

وَلٰكِنْ مَّا تَعَمَّدَتْ قُلُوْبُكُمْۗ

ananging ing babagan samubarang kang kalawan sengaja dilakoni dening atimu, iku sira bisa kaluputan.

وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا﴿5﴾

Lan Allah iku Maha Kepareng Paring Pangapura tur Ingkang Mahaasih (5)

اَلنَّبِيُّ اَوْلٰى بِالْمُؤْمِنِيْنَ مِنْ اَنْفُسِهِمْ

Nabi (Muhammad) iku nguwasani marang para wong mukmin, ngungkuli (wong mukmin anggone nguwasani) marang awake dhewe.

وَاَزْوَاجُهٗٓ اُمَّهٰتُهُمْۗ

Dalah para garwane Nabi iku dadi ibune para wong mukmin kabeh,

وَاُولُوا الْاَرْحَامِ بَعْضُهُمْ اَوْلٰى بِبَعْضٍ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ

dene para sanake wong mukmin iku siji-sijining sanak anggone nguwasani marang wong mukmin mahu ngungkuli sanak liyane bab anggone oleh panduman waris. Mawa-mawa adoh cedhake kasebut ing hukum ing kitab.

مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُهٰجِرِيْنَ اِلَّآ اَنْ تَفْعَلُوْٓا اِلٰٓى اَوْلِيَاۤىِٕكُمْ مَّعْرُوْفًاۗ كَانَ

Ngungkuli waris para wong mukmin Ian para sahabat kang handherek hijrah marang Madinah. Kajaba yen sira neja gawe kabecikan washiyat marang wong kang sira asihi kang ora kalebu ahli waris, iku kena.

ذٰلِكَ فِى الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا﴿6﴾

Pranatan kang mangkono iku wis tinulis ana ing Kitab Lauhil Mah fuzh. (6)

وَاِذْ اَخَذْنَا مِنَ النَّبِيّٖنَ مِيْثَاقَهُمْ

(Muhammad) sira dhawuha anggon Ingsun mundhut kesagahane para Nabi,

وَمِنْكَ وَمِنْ نُّوْحٍ وَّاِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى وَعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَۖ

saka sliramu tuwin saka Nuh, Ibrahim, Musa lan Isa bin Maryam,

وَاَخَذْنَا مِنْهُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًاۙ﴿7﴾

kabeh padba ngaturake kesaguhane, sarta Ingsun gondheli kukuh. (7)

لِّيَسْـَٔلَ الصّٰدِقِيْنَ عَنْ صِدْقِهِمْۚ

Ing tembe Allah bakal Ndangu para rasul bab temene anggone wis ngundangake Parentahe Allah,

وَاَعَدَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا اَلِيْمًا﴿8﴾

uga angajri-ajrihi siksa neraka kang ngelarani marang para wong kafir. (8)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ

He para wong kang iman, sliramu padha elinga kabungahan Peparinge Allah,

اِذْ جَاۤءَتْكُمْ جُنُوْدٌ فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا وَّجُنُوْدًا لَّمْ تَرَوْهَاۗ

yoiku nalika perang Khandak, sira tinempuh ing mungsuh kang gegolongan, Ingsun banjur ngidid’ake angin, kanthi bala Malaikat kang tanpa wilangan, nanging sira ora weruh.

وَكَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرًاۚ﴿9﴾

Allah iku Ingkang Maha Mirsani samubarang kang padha sira lakoni. (9)

اِذْ جَاۤءُوْكُمْ مِّنْ فَوْقِكُمْ وَمِنْ اَسْفَلَ مِنْكُمْ

Dhek semana mungsuh nempuh saka dhuwuring jurang Ian saka jurang kang ngisor.

وَاِذْ زَاغَتِ الْاَبْصَارُ وَبَلَغَتِ الْقُلُوْبُ الْحَنَاجِرَ

Sira kinepung ing mungsuh, marep ing ngendi wae ndeleng mungsuh. Saking bangete kuwatir, atine wong kaya manjuluk tekan ing tengkuk.

وَتَظُنُّوْنَ بِاللّٰهِ الظُّنُوْنَا۠ۗ﴿10﴾

Penyananing wong marang Allah mawarna-warna, ana kang ngira oleh pituIung, lan ana kang ngira bilahi. (10)

هُنَالِكَ ابْتُلِيَ الْمُؤْمِنُوْنَ

Ing kono para wong kang iman padha dicoba dening Allah,

وَزُلْزِلُوْا زِلْزَالًا شَدِيْدًا﴿11﴾

saking banget kuwatire, polahe warna warna. (11)

وَاِذْ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ

Sira nyaritakna nalikane wong mangro tingal (munafiq) sarta wong kang atine ana lelarane padha celathu mangkene:

مَّا وَعَدَنَا اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اِلَّا غُرُوْرًا﴿12﴾

“Prasetyaning Allah lan Utusane iku ora Iiya mung ngapusi wae.” (12)

وَاِذْ قَالَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ يٰٓاَهْلَ يَثْرِبَ لَا مُقَامَ لَكُمْ فَارْجِعُوْاۚ

Apa dene nalikane wong mangro tingal sapontho padha ceIathu: “He wong Madinah (Yatsrib), kowe padha muliha menyang omahmu wae, awit ana peperangan kono saking akehing mungsuh, kowe wis ora duwe panggonan.”

وَيَسْتَأْذِنُ فَرِيْقٌ مِّنْهُمُ النَّبِيَّ يَقُوْلُوْنَ اِنَّ بُيُوْتَنَا عَوْرَةٌۗ

Ing kono banjur ana wong sapontho banjur parnit marang Nabi (Muhammad), ature mangkene: “Kula nyuwun pamit badhe mantuk, amargi griya kula boten santosa.”

وَمَا هِيَ بِعَوْرَةٍۗ

Nanging satemene omahe wong mahu ora kurang santosane.

اِنْ يُّرِيْدُوْنَ اِلَّا فِرَارًا﴿13﴾

Dene anggone matur kaya rnangkono mahu ora liya karepe mung ora gelem ndherek perang. (13)

وَلَوْ دُخِلَتْ عَلَيْهِمْ مِّنْ اَقْطَارِهَا ثُمَّ سُـِٕلُوا الْفِتْنَةَ لَاٰتَوْهَا

Menawa negarane mau dileboni mungsuh saka kiwa tengen, banjur dipeksa dadi kafir mesthi nurut dadi kafir.

وَمَا تَلَبَّثُوْا بِهَآ اِلَّا يَسِيْرًا﴿16﴾

Nanging anggone tentrem ora nganti lawas. Banjur nemahi rusak. (16)

وَلَقَدْ كَانُوْا عَاهَدُوا اللّٰهَ مِنْ قَبْلُ لَا يُوَلُّوْنَ الْاَدْبَارَۗ

Sadurunge kelakon perang Khandak, wong mahu wis padha prasetya ing Allah ora bakal melayu saka ing peperangan.

وَكَانَ عَهْدُ اللّٰهِ مَسْـُٔوْلًا﴿15﴾

Kang mangka wong prasetya ing Allah iku bakal didangu apa wis nuhoni prasetyane apa cidra (15)

قُلْ لَّنْ يَّنْفَعَكُمُ الْفِرَارُ اِنْ فَرَرْتُمْ مِّنَ الْمَوْتِ اَوِ الْقَتْلِ

(Muhammad) dhawuha: “Menawa kowe melayu neja nguncati pati utawa kasambut ing peperangan

وَاِذًا لَّا تُمَتَّعُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا﴿16﴾

iku ora pisan migunani, anggonmu urip mung sawatara mangsa wae”. (16)

قُلْ مَنْ ذَا الَّذِيْ يَعْصِمُكُمْ مِّنَ اللّٰهِ اِنْ اَرَادَ بِكُمْ سُوْۤءًا اَوْ اَرَادَ بِكُمْ رَحْمَةًۗ

(Muhammad) sira dhawuha: “Menawa Allah ngrasakake hala marang sira, sapa kang bisa ngreksa awakmu, utawa yen Allah kersa peparing marang sira, sapa kang bisa murungake rahmat mahu,

وَلَا يَجِدُوْنَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا﴿17﴾

manungsa ora bisa oleh handel-handel saliyane Allah kang bisa murungake ukumane Allah.” (17)

۞ قَدْ يَعْلَمُ اللّٰهُ الْمُعَوِّقِيْنَ مِنْكُمْ وَالْقَاۤىِٕلِيْنَ لِاِخْوَانِهِمْ هَلُمَّ اِلَيْنَاۚ

Allah Ingkang Mahauninga Pirsa rikala ana wong kang padha mbujuk wong Islam, pangucape marang para kancane: “Padha marenana, aja melu perang, ngumpula marang aku kene.

وَلَا يَأْتُوْنَ الْبَأْسَ اِلَّا قَلِيْلًاۙ﴿18﴾

Aja padha melu paprangan, kajaba mung sethithik.” (18)

اَشِحَّةً عَلَيْكُمْۖ فَاِذَا جَاۤءَ الْخَوْفُ رَاَيْتَهُمْ يَنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ تَدُوْرُ اَعْيُنُهُمْ كَالَّذِيْ يُغْشٰى عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِۚ

Padha medhit metokake bandhane (kanggo mragati perang) nalikane katekan rasa kuwatir padha handeleng sliramu, mripate jelalatan kaya wong arep mati.

فَاِذَا ذَهَبَ الْخَوْفُ سَلَقُوْكُمْ بِاَلْسِنَةٍ حِدَادٍ اَشِحَّةً عَلَى الْخَيْرِۗ

Bareng wis ilang kuwatire (menang anggone perang) banjur padha ngladaki sliramu kelawan pangucap – kang tanpa kering. Padha medhit nglakoni kabecikan.

اُولٰۤىِٕكَ لَمْ يُؤْمِنُوْا

Satemene wong mahu padha ora percaya ing Allah.

فَاَحْبَطَ اللّٰهُ اَعْمَالَهُمْۗ

Mulane Allah ora nganggep anggone rowa-rowa ngelakoni kabecikan. mulane Allah amusprak’ake panggawe-panggawene,

وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا﴿19﴾

Lan iku ingatase Allah gampang. (19)

يَحْسَبُوْنَ الْاَحْزَابَ لَمْ يَذْهَبُوْاۚ

Rumangsane mungsuh mahu durung keplayu.

وَاِنْ يَّأْتِ الْاَحْزَابُ يَوَدُّوْا لَوْ اَنَّهُمْ بَادُوْنَ فِى الْاَعْرَابِ يَسْاَلُوْنَ عَنْ اَنْۢبَاۤىِٕكُمْۖ

Bareng weruh yen mungsuh wis keplayu, rantamane upama mungsuh mahu bali nempuh maneh wong munafiq neja ngalimpet menyang alas.

وَلَوْ كَانُوْا فِيْكُمْ مَّا قٰتَلُوْٓا اِلَّا قَلِيْلًا﴿20﴾

Upama wong munafiq mahu isih awor sira, geleme mangsah perang hiya mung (murih dialem) lan mung sethithik. (20)

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ

Sayekti, temen, ing Utusane Allah sira duwe teladan kang utama,

لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ﴿21﴾

tumrap sapa-sapa kang ngarep-arep ing Allah sarta dina wekasan, tuwin akeh eling ing Allah. (21)

وَلَمَّا رَاَ الْمُؤْمِنُوْنَ الْاَحْزَابَۙ

Lan bareng para wong kang iman pirsa para papanthan mungsuh,

قَالُوْا هٰذَا مَا وَعَدَنَا اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَصَدَقَ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗۖ

padha celathu: “Iki kahanan kang dijanjekake dening Allah lan Utusan-E marang kita kabeh, lan Allah sarta Utusan-E iku pangandikane sayekti temen.

وَمَا زَادَهُمْ اِلَّآ اِيْمَانًا وَّتَسْلِيْمًاۗ﴿22﴾

Tekaning mungsuh mahu malah muwuhi percayaning para wong kang iman lan pasrahe marang Allah.” (22)

مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ رِجَالٌ صَدَقُوْا مَا عَاهَدُوا اللّٰهَ عَلَيْهِۚ

Sawenehing wong mukmin ana kang setyatuhu tetepe kasaguhane marang Allah.

فَمِنْهُمْ مَّنْ قَضٰى نَحْبَهٗۙ

Dene wong kang setiyatuhu mau ana kang mati ana peperangan

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّنْتَظِرُۖ

lan ana uga kang isih ngenteni lan ngarep-arep besuk kapan anggone mati perang.

وَمَا بَدَّلُوْا تَبْدِيْلًاۙ﴿23﴾

Ora ana kang mbalik ngudari kasagahane. (23)

لِيَجْزِيَ اللّٰهُ الصّٰدِقِيْنَ بِصِدْقِهِمْ

Allah bakal Angganjar marang wong kang setiyatuhu,

وَيُعَذِّبَ الْمُنٰفِقِيْنَ

sarta Paring ukuman marang wong kang lamis,

اِنْ شَاۤءَ اَوْ يَتُوْبَ عَلَيْهِمْۗ

utawa Paring Pangapura miturut apa kang Dikersa’ake.

اِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ﴿24﴾

Satemene Allah iku Ingkang Maha Kepareng Paring Ngapura tur Ingkang Mahaasih. (24)

وَرَدَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِغَيْظِهِمْ لَمْ يَنَالُوْا خَيْرًاۗ

Allah Njugarake pamrihe wong kafir kang dadi mungsuh ing peperangan, kang isih urip padha mundur kelawan muring-muring, amarga ora pisan-pisan menang perange.

وَكَفَى اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ الْقِتَالَۗ

Lan cukup Allah Ingkang nulungi para wong mukmin ana ing peperangan

وَكَانَ اللّٰهُ قَوِيًّا عَزِيْزًاۚ﴿25﴾

Setuhune Allah Mahasentosa tur Mahamulya. (25)

وَاَنْزَلَ الَّذِيْنَ ظَاهَرُوْهُمْ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مِنْ صَيَاصِيْهِمْ

Allah ngudhunake para wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab kang padha biyantu marang para mungsuh kafir mahu, diudhunake saka loteng pandhelikane.

وَقَذَفَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الرُّعْبَ

Sarta padha didunungi duwe ati giris.

فَرِيْقًا تَقْتُلُوْنَ وَتَأْسِرُوْنَ فَرِيْقًاۚ﴿26﴾

Wong mahu kang sagolongan padha mati, sagolongan maneh padha dadi boyongan (26)

وَاَوْرَثَكُمْ اَرْضَهُمْ وَدِيَارَهُمْ وَاَمْوَالَهُمْ

Allah ngudhuni warisan marang sira, rupa palemahan Ian omah apadene bandha tilas darbeke wong kafir mau

وَاَرْضًا لَّمْ تَطَـُٔوْهَاۗ

mengkono maneh palemahan kang durung sira ambah ing tembe bakal sira rebut kelawan perang.

وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرًا﴿27﴾

Allah iku Maha Nguwasani samubarang. (27)

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ اِنْ كُنْتُنَّ تُرِدْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا وَزِيْنَتَهَا

O, Nabi! Kandhanana marang garwamu: “Manawa sira padha kapengin kauripan donya dalah pepaese,

فَتَعَالَيْنَ اُمَتِّعْكُنَّ

padha mrenea, padha dak sadhiyani,

وَاُسَرِّحْكُنَّ سَرَاحًا جَمِيْلًا﴿28﴾

sarta padha dak lilani pisah kelawan becik”(28)

وَاِنْ كُنْتُنَّ تُرِدْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ

Dene yen sira padha dhemen ing Allah lan Utusane,

وَالدَّارَ الْاٰخِرَةَ

lan dhemen ganjaran suwarga ing akhirat,

فَاِنَّ اللّٰهَ اَعَدَّ لِلْمُحْسِنٰتِ

padha weruha Allah wis nyawisi endi kang pracaya ing Allah sarta ngelakoni penggawe becik

مِنْكُنَّ اَجْرًا عَظِيْمًا﴿29﴾

padha dicawisi ganjaran gedhe (29)

يٰنِسَاۤءَ النَّبِيِّ

(Pangandikane Allah): “He,para wadoning Nabi!

مَنْ يَّأْتِ مِنْكُنَّ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ

Sapa sira sing alaku ala kang tetela,

يُّضٰعَفْ لَهَا الْعَذَابُ ضِعْفَيْنِۗ

Ukumane bakal ditikelake rong tikelan.

وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا﴿30﴾

Lan iku ing atase Allah gampang”. (30)

۞ وَمَنْ يَّقْنُتْ مِنْكُنَّ لِلّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتَعْمَلْ صَالِحًا

Sira kabeh (para garwane Nabi) sing sapa manut miturut ing Allah lan Utusane, saha ngelakoni penggawe becik,

نُّؤْتِهَآ اَجْرَهَا مَرَّتَيْنِۙ

Ingsun paringi ganjaran tikel pindho tinimbang wong wadon Iiyane.

وَاَعْتَدْنَا لَهَا رِزْقًا كَرِيْمًا﴿31﴾

Apadene Ingsun sediyani rizki kang mulya ana ing suwarga. (31)

يٰنِسَاۤءَ النَّبِيِّ لَسْتُنَّ كَاَحَدٍ مِّنَ النِّسَاۤءِ

He para garwane Nabi (Muhammad), sira iku ora mung padha wae karo para wong wadon kang dudu garwane Nabi.

اِنِ اتَّقَيْتُنَّ فَلَا تَخْضَعْنَ بِالْقَوْلِ

Menawa sira bekti ing Allah, aja ngetokake gandes luwese pangucapmu

فَيَطْمَعَ الَّذِيْ فِيْ قَلْبِهٖ مَرَضٌ

marang wong lanang Iiya kang tipis imane, mundhak padha kapencut.

وَّقُلْنَ قَوْلًا مَّعْرُوْفًاۚ﴿32﴾

Ngucapa kang aris (lumrah) wae.(32)

وَقَرْنَ فِيْ بُيُوْتِكُنَّ

Lan padha manggona ana ing omahmu,

وَلَا تَبَرَّجْنَ تَبَرُّجَ الْجَاهِلِيَّةِ الْاُوْلٰى

aja padha ngetokake perhiasan kang ngedi busana ngedheng marang wong Ianang Iiya.

وَاَقِمْنَ الصَّلٰوةَ وَاٰتِيْنَ الزَّكٰوةَ وَاَطِعْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۗ

Padha njumenengna sholat lan mbayara zakat, saha padha manut mituruta ing Allah lan marang Rasulullah.

اِنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُذْهِبَ عَنْكُمُ الرِّجْسَ اَهْلَ الْبَيْتِ

Satemene kersaning Allah iku murih sira padha resik saka dosa, hai para ahli bait (isining omahe Nabi),

وَيُطَهِّرَكُمْ تَطْهِيْرًاۚ﴿33﴾

Lan anuceni sira kalawan suci kang sampurna. (33)

وَاذْكُرْنَ مَا يُتْلٰى فِيْ بُيُوْتِكُنَّ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ وَالْحِكْمَةِۗ

Lan padha elinga surasaning Qur’ an ayating Allah, lan kawicaksanan kang wis diwaca ana ing omahmu.

اِنَّ اللّٰهَ كَانَ لَطِيْفًا خَبِيْرًا﴿34﴾

Satemene Allah iku Mahawelasasih sarta Mahawaspada. (34)

اِنَّ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمٰتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ

Satemene para wong lanang lan wadon muslim, wong lanang lan wadon mukmin,

وَالْقٰنِتِيْنَ وَالْقٰنِتٰتِ وَالصّٰدِقِيْنَ وَالصّٰدِقٰتِ

wong lanang lan wadon kang manut dhawuhing Allah, wong lanang lan wadon kang setiyatuhu pracaya ing Allah,

وَالصّٰبِرِيْنَ وَالصّٰبِرٰتِ وَالْخٰشِعِيْنَ وَالْخٰشِعٰتِ

wong lanang lan wadon kang teguh antepe anggone ngabekti Allah, wong lanang lan wadon kang sumungkem ing Allah,

وَالْمُتَصَدِّقِيْنَ وَالْمُتَصَدِّقٰتِ وَالصَّاۤىِٕمِيْنَ وَالصّٰۤىِٕمٰتِ

wong lanang lan wadon kang dhemen shodaqoh, wong lanang lan wadon kang dhemen pasa,

وَالْحٰفِظِيْنَ فُرُوْجَهُمْ وَالْحٰفِظٰتِ

wong lanang lan wadon bisa rumeksa saka dorakaning kawirangan,

وَالذّٰكِرِيْنَ اللّٰهَ كَثِيْرًا وَّالذّٰكِرٰتِ

wong lanang lan wadon kang dhemen nyebut Asmane Allah,

اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ

mangka Allah prasetiya marang wong kang wis kasebut mau kabeh,

مَّغْفِرَةً وَّاَجْرًا عَظِيْمًا﴿35﴾

bakal ngapura lan maringi ganjaran gedhe. (35)

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَّلَا مُؤْمِنَةٍ اِذَا قَضَى اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اَمْرًا

Wong Ianang lan wadon mukmin menawa ditemtok’ake dening Allah lan Utusane kudu ngelakoni sawijining prakara

اَنْ يَّكُوْنَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ اَمْرِهِمْۗ

ora kena milih sakarepe dhewe,

وَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ

sing sapa wonge mbangkang parentahing Allah lan Utusane,

فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا مُّبِيْنًاۗ﴿36﴾

tetela wong mahu sasar temenan. (36)

وَاِذْ تَقُوْلُ لِلَّذِيْٓ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَاَنْعَمْتَ عَلَيْهِ

Muhammad, sira nyaritakna nalikane dhawuh marang wong kang diparingi kabungahan dening Allah dadi wong Islam sarta diwenehi kabungahan dadi wong mardika:

اَمْسِكْ عَلَيْكَ زَوْجَكَ وَاتَّقِ اللّٰهَ

“Sira mengkuwa garwamu (Zainab) lan bektia ing Allah. Aja nalak garwamumu.”

وَتُخْفِيْ فِيْ نَفْسِكَ مَا اللّٰهُ مُبْدِيْهِ وَتَخْشَى النَّاسَۚ وَاللّٰهُ اَحَقُّ اَنْ تَخْشٰىهُۗ

Sira nyimpen wadi ana ing atinimu, Allah ora bakal medharake wadi mahu. Mengkono maneh sira isin marang manungsa, (diarani ngrabeni mantumu dhewe). Benere sira luwih wedi ing Allah ngungkuli wedimu marang manungsa.

فَلَمَّا قَضٰى زَيْدٌ مِّنْهَا وَطَرًاۗ

Bareng Zaid wis katekan karepe marang garwane, sarta garwane wis ditalak lan wis keliwat ‘iddahe.

زَوَّجْنٰكَهَا لِكَيْ لَا يَكُوْنَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ حَرَجٌ فِيْٓ اَزْوَاجِ اَدْعِيَاۤىِٕهِمْ اِذَا قَضَوْا مِنْهُنَّ وَطَرًاۗ

Sira Ingsun dhahupake oleh Zainab. Supaya para wong mukmin aja duwe pekewuh nikahi randhane anak angkat, samangsane iki wis anekani kabutuhane marang dheweke.

وَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ مَفْعُوْلًا﴿37﴾

Lan parentahe Allah iku kudu dilakoni (37)

مَا كَانَ عَلَى النَّبِيِّ مِنْ حَرَجٍ فِيْمَا فَرَضَ اللّٰهُ لَهٗۗ

Ora ana alane ing atase Nabi anindakake apa kang didhawuhake dening Allah marang dheweke.

سُنَّةَ اللّٰهِ فِى الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلُۗ

Iku wis angger-anggering Allah tumrap para kang wus kaliwat ing biyen,

وَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ قَدَرًا مَّقْدُوْرًاۙ﴿38﴾

lan parentahing Allah iku sawijning pepesthen kang wus pinasthi. (38)

الَّذِيْنَ يُبَلِّغُوْنَ رِسٰلٰتِ اللّٰهِ

Para Nabi iku wong kang diutus dening Allah ngundhangake parentahing Allah.

وَيَخْشَوْنَهٗ وَلَا يَخْشَوْنَ اَحَدًا اِلَّا اللّٰهَۗ

Kabeh padha wedi ing Allah, ora wedi sapa-sapa kajaba ing Allah.

وَكَفٰى بِاللّٰهِ حَسِيْبًا﴿39﴾

Wis cukup Allah piyambak kang Maringi Petungan Iakune para manungsa. (39)

مَا كَانَ مُحَمَّدٌ اَبَآ اَحَدٍ مِّنْ رِّجَالِكُمْ

Sejatine Nabi Muhammad iku dudu bapakne wong lanang panunggalmu,

وَلٰكِنْ رَّسُوْلَ اللّٰهِ وَخَاتَمَ النَّبِيّٖنَۗ

ananging sejatine Utusaning Allah lan panutaning para nabi kabeh.

وَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا﴿40﴾

Lan Allah Mahapriksa kabeh samubarang. (40)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوا اللّٰهَ ذِكْرًا كَثِيْرًاۙ﴿41﴾

Para wong kang iman, padha manembah eling nyebut asmane Allah lan zikir kang akeh. (41)

وَّسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا﴿42﴾

Nyebuta Mahasuci ing Allah (atura Tasbih), ing wayah esuk Ian sore. (42)

هُوَ الَّذِيْ يُصَلِّيْ عَلَيْكُمْ وَمَلٰۤىِٕكَتُهٗ

Allah iku Ingkang Welas Asih marang sira, Para malaikate Allah uga padha nyuwunake sih piwelasing Allah marang sira.

لِيُخْرِجَكُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ

Supaya Allah ngudhari sira saka pepetenging duraka tumuju padhanging pangabekti.

وَكَانَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَحِيْمًا﴿43﴾

Allah iku Mahawelasasih marang para wong kang iman. (43)

تَحِيَّتُهُمْ يَوْمَ يَلْقَوْنَهٗ سَلٰمٌۚ

Pakurmatan kangge para wong kang iman nalika padha seba ana ngersaning Allah. Iku, dibagekake ”Sira padha selamet”

وَاَعَدَّ لَهُمْ اَجْرًا كَرِيْمًا﴿44﴾

Lan kasedhia’ake ganjaran suwarga kang mulya. (44)

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ شَاهِدًا

O, Nabi! Sayekti Ingsun wus angutus sira minangka saksi,

وَّمُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۙ﴿45﴾

sarta minangka juru warta becik, tuwin minangka juru-pepeling. (45)

وَّدَاعِيًا اِلَى اللّٰهِ بِاِذْنِهٖ

Lan ngajak-ajak ngestokake Parentahing Allah kanthi keparenging Allah.

وَسِرَاجًا مُّنِيْرًا﴿46﴾

Lan minangka obor kang madhangi ana dalaning Allah. (46)

وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ

Sira bebungaha para wong kang iman,

بِاَنَّ لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ فَضْلًا كَبِيْرًا﴿47﴾

ing tembe bakal diparingi kanugrahan gedhe dening Allah. (47)

وَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ

Sira aja katut marang wong kafir lan para wong lamis,

وَدَعْ اَذٰىهُمْ

teguhna atinimu, aja males piholone wong kafir mahu,

وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِۗ

Sira mung pasraha ing Allah wae.

وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا﴿48﴾

Wis cukup Allah kang rumeksa ing sliramu. (48)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نَكَحْتُمُ الْمُؤْمِنٰتِ

Hai para wong kang iman! Manawa sira nikahi para wong iman wadon,

ثُمَّ طَلَّقْتُمُوْهُنَّ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَمَسُّوْهُنَّ

banjur padha sira talak ing sadurunge sira gepok,

فَمَا لَكُمْ عَلَيْهِنَّ مِنْ عِدَّةٍ تَعْتَدُّوْنَهَاۚ

marang dheweke sira ora duwe wawangening mangsa kang sira wilang,

فَمَتِّعُوْهُنَّ وَسَرِّحُوْهُنَّ سَرَاحًا جَمِيْلًا﴿49﴾

banjur sira wenehana pasadhiyan sawatara sarta sira balekna kelawan bali kang becik. (49)

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَحْلَلْنَا لَكَ اَزْوَاجَكَ الّٰتِيْٓ اٰتَيْتَ اُجُوْرَهُنَّ

He Nabi (Muhammad). Ingsun wis marengake marang sira saresmi para garwamu kang wis sira bayar maskawine.

وَمَا مَلَكَتْ يَمِيْنُكَ مِمَّآ اَفَاۤءَ اللّٰهُ عَلَيْكَ

Apadene wong wadon kawula kang kadarbe ing tanganmu. Kang wis diparingake Allah dadi boyongan.

وَبَنٰتِ عَمِّكَ وَبَنٰتِ عَمّٰتِكَ وَبَنٰتِ خَالِكَ وَبَنٰتِ خٰلٰتِكَ الّٰتِيْ هَاجَرْنَ مَعَكَۗ

Mengkono maneh anake wadon pamanmu saka bapak utawa saka ibu kang padha melu ngalih (hijrah marang Madinah)

وَامْرَاَةً مُّؤْمِنَةً اِنْ وَّهَبَتْ نَفْسَهَا لِلنَّبِيِّ اِنْ اَرَادَ النَّبِيُّ اَنْ يَّسْتَنْكِحَهَا خَالِصَةً لَّكَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۗ

sarta wong wadon mukmin kang nyahosake awake marang sira, ananging ora oleh maskawin, kang mongko sira hiya condhong nikahi wong wadon mahu tanpa maskawin. Mung sira dhewe Ingsun parengake nikahi wong wadon kelawan mewehake awake tur tanpa maskawin. Wong mukmin liyane ora Ingsun parengake.

قَدْ عَلِمْنَا مَا فَرَضْنَا عَلَيْهِمْ فِيْٓ اَزْوَاجِهِمْ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ

Ingsun wis Nguningani kang wis Ingsun temtokake dadi wajibe para wong lanang mukmin tumrap para garwane, lan tumrap wong wadon kawula kang kadarbe ing tangane.

لِكَيْلَا يَكُوْنَ عَلَيْكَ حَرَجٌۗ

Supaya sira aja pekewuh ngelakoni kang wis Ingsun wenangake.

وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا﴿50﴾

Allah iku Kepareng Ngapura tur Mahaasih. (50)

۞ تُرْجِيْ مَنْ تَشَاۤءُ مِنْهُنَّ وَتُـــْٔـوِيْٓ اِلَيْكَ مَنْ تَشَاۤءُۗ

Diwenangake marang sira aninggal dheweke endi sing dadi karepmu sarta diwenangake anunggal sapa sing dadi karepmu,

وَمَنِ ابْتَغَيْتَ مِمَّنْ عَزَلْتَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكَۗ

apa dene sing sira tinggal sawatara suwene, endi sing sira karepake (maneh), lah ora cacad ing atase sira;

ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَنْ تَقَرَّ اَعْيُنُهُنَّ وَلَا يَحْزَنَّ وَيَرْضَيْنَ بِمَآ اٰتَيْتَهُنَّ كُلُّهُنَّۗ

iki luwih prayoga amurih adhema mripate sarta aja susah, apa dene kabeh padha senenga atine kalawan apa pawewehmu marang dheweke.

وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا فِيْ قُلُوْبِكُمْۗ

Lan Allah iku Ngudaneni apa kang ana ing sajroning ati-atimu;

وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَلِيْمًا﴿51﴾

Ian Allah iku Mahapriksa lan Mahasantun (51)

لَا يَحِلُّ لَكَ النِّسَاۤءُ مِنْۢ بَعْدُ

{Muhammad), sawise sira nikahi wong wadon sanga iki, ora kena nikah maneh.

وَلَآ اَنْ تَبَدَّلَ بِهِنَّ مِنْ اَزْوَاجٍ وَّلَوْ اَعْجَبَكَ حُسْنُهُنَّ

Lan ora kena megat salah sijine garwamu banjur disalini garwa wong wadon liyane sanajan kapencut marang ayune wong wadon mahu.

اِلَّا مَا مَلَكَتْ يَمِيْنُكَۗ

Kajaba wong wadon iku kawula kang kadarbe ing tanganmu iku kena.

وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ رَّقِيْبًا﴿52﴾

Allah iku Maha Maspada’ake marang kabeh samubarang. (52)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَدْخُلُوْا بُيُوْتَ النَّبِيِّ اِلَّآ اَنْ يُّؤْذَنَ لَكُمْ اِلٰى طَعَامٍ غَيْرَ نٰظِرِيْنَ اِنٰىهُ وَلٰكِنْ اِذَا دُعِيْتُمْ فَادْخُلُوْا فَاِذَا طَعِمْتُمْ فَانْتَشِرُوْا وَلَا مُسْتَأْنِسِيْنَ لِحَدِيْثٍۗ اِنَّ ذٰلِكُمْ كَانَ يُؤْذِى النَّبِيَّ فَيَسْتَحْيٖ مِنْكُمْۖ وَاللّٰهُ لَا يَسْتَحْيٖ مِنَ الْحَقِّۗ وَاِذَا سَاَلْتُمُوْهُنَّ مَتَاعًا فَاسْـَٔلُوْهُنَّ مِنْ وَّرَاۤءِ حِجَابٍۗ ذٰلِكُمْ اَطْهَرُ لِقُلُوْبِكُمْ وَقُلُوْبِهِنَّۗ وَمَا كَانَ لَكُمْ اَنْ تُؤْذُوْا رَسُوْلَ اللّٰهِ وَلَآ اَنْ تَنْكِحُوْٓا اَزْوَاجَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖٓ اَبَدًاۗ اِنَّ ذٰلِكُمْ كَانَ عِنْدَ اللّٰهِ عَظِيْمًا﴿53﴾

Para wong kang iman, sira aja malebu pidaleme Nabi (Muhammad) kajaba yen sira dililani malebu bakal disuguh dhaharan. Ora kena tanpa ngenteni wetuning sesuguh. Nanging yen sira diundhang banjur padha malebu. Manawa sira wis dhahar suguh banjur padha bubara. Aja banjur linggih cecaturan padha kancamu. Awit kang mengkono mahu makewuhi (marang Nabi). Nabi bakal rikuh yen nundhung sira. Nanging Allah ora pakewuh ndhawuhake barang kang bener. Dene manawa sira arep takon apa jaluk apa apa marang garwane Nabi, takona utawa jaluka saka jabaning lawang. Kang mangkono mahu suci banget tumrap atimu lan atine para garwane Nabi. Sira kabeh ora kena gawe serike (Nabi), ora kena nikahi randhane salawase. Mungguhing Allah mangkono mahu prakara gedhe. (53)

اِنْ تُبْدُوْا شَيْـًٔا اَوْ تُخْفُوْهُ

Manawa sira padha nglahirake sawijining prakara utawa anyingidake,

فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا﴿54﴾

sayekti Allah iku marang samubarang Mahapriksa. (54)

لَا جُنَاحَ عَلَيْهِنَّ فِيْٓ اٰبَاۤىِٕهِنَّ

Para garwane Nabi (Muhammad) ora ana larangane takon-tinakon tanpa aling-aling karo bapakne dhewe,

وَلَآ اَبْنَاۤىِٕهِنَّ وَلَآ اِخْوَانِهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤءِ اِخْوَانِهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤءِ اَخَوٰتِهِنَّ

anake, sedulure lanang, para anake sedulure lanang, para anake sedulure wadon,

وَلَا نِسَاۤىِٕهِنَّ وَلَا مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُنَّۚ

para wadon Islam, lan kawula wadon kang kadarbe ing tangane (kabeh kena takon-tinakon, tanpa aling-aling).

وَاتَّقِيْنَ اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدًا﴿55﴾

Padha ngabektia ing Allah. Satemene Allah Mahamirsani samubarang. (55)

اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ

Satemene Allah iku paring rahmat, lan para malaikat uga padha nyuwunake rahmat marang Nabi (Muhammad).

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ

Hai para wong kang iman, padha matura shalawat nyuwunake rahmating Allah marang Nabi (Muhammad)

وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا﴿56﴾

sarta padha atura pambagiya kanthi pambagiya kang mungguh (56)

اِنَّ الَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ

Sarupaning wong kang padha ngarani ora becik marang Allah lan maido marang Utusane,

لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ وَاَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا مُّهِيْنًا﴿57﴾

padha kena benduning Allah ing donya lan akhirat lan padha dihancam ukuman neraka kang ngremehake. (57)

وَالَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوْا

Lan para kang padha angucapake ala marang para wong kang iman lanang Ian para wadon kalawan tanpa ana buktine panggawene,

فَقَدِ احْتَمَلُوْا بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا﴿58﴾

temen iku padha anggendhong pandalih goroh lan dosa kang nyata. (58)

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ وَبَنٰتِكَ وَنِسَاۤءِ الْمُؤْمِنِيْنَ

He Nabi (Muhammad), sira dhawuha marang garwamu lan para anakmu wadon apa dene marang garwane wong mukmin,

يُدْنِيْنَ عَلَيْهِنَّ مِنْ جَلَابِيْبِهِنَّۗ

padha nutupana wajahe kelawan mukena.

ذٰلِكَ اَدْنٰىٓ اَنْ يُّعْرَفْنَ فَلَا يُؤْذَيْنَۗ

Luwih prayoga tinimbang umbar-umbaran dineleng, dadi ora dicacat.

وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا﴿59﴾

Allah iku Ingkang Mahaparing Pangapura tur Mahaasih. (59)

۞ لَىِٕنْ لَّمْ يَنْتَهِ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ

Manawa para lamis lan para kang sajroning atine ana lelarane

وَّالْمُرْجِفُوْنَ فِى الْمَدِيْنَةِ

sarta para kiyanat tukang angojok-ojoki ing sajroning kutha ora mareni,

لَنُغْرِيَنَّكَ بِهِمْ

masthi Ingsun bakal anguIungake dheweke marang sira,

ثُمَّ لَا يُجَاوِرُوْنَكَ فِيْهَآ اِلَّا قَلِيْلًا﴿60﴾

tumuli dheweke ora dadi tetanggamu ing kono, kajaba sadhela. (60)

مَلْعُوْنِيْنَۖ اَيْنَمَا ثُقِفُوْٓا

Ana ing ngendi wae wong mahu padha kena benduning Allah

اُخِذُوْا وَقُتِّلُوْا تَقْتِيْلًا﴿61﴾

padha dicekel lan dipateni. (61)

سُنَّةَ اللّٰهِ فِى الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلُۚ

Kang mangkono mahu wis dadi pranataning Allah tumrap para Nabi ing zaman kuna biyen, lan uga para ummate.

وَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا﴿62﴾

Pranataning Allah ora ana kang bisa ngowahi. (62)

يَسْـَٔلُكَ النَّاسُ عَنِ السَّاعَةِۗ

Akeh wong kang padha takon besuk apa kelakone dina qiyamat?

قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ اللّٰهِۗ

Wangsulana: “Kang Uninga mung Allah piyambak.”

وَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ تَكُوْنُ قَرِيْبًا﴿63﴾

Bokmenawa dina qiyamat iku wis cedhak kelakone. (63)

اِنَّ اللّٰهَ لَعَنَ الْكٰفِرِيْنَ

Satemene Allah hambendoni marang wong kafir

وَاَعَدَّ لَهُمْ سَعِيْرًاۙ﴿64﴾

Sarta ngancam bakal Ngukum wong kafir ana ing neraka Sangir. (64)

خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۚ

Wong kafir mau ana ing neraka Sangir padha Ianggeng salawase,

لَا يَجِدُوْنَ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًاۚ﴿65﴾

ora bisa oleh handel-handel kang bisa nulungi (65)

يَوْمَ تُقَلَّبُ وُجُوْهُهُمْ فِى النَّارِ

Ing dina wajahe para wong kafir padha dijungkelake ana neraka,

يَقُوْلُوْنَ يٰلَيْتَنَآ اَطَعْنَا اللّٰهَ وَاَطَعْنَا الرَّسُوْلَا۠﴿66﴾

sambate “Adhuh! Bokya saiki aku diparengake ngabekti ing Allah, lan manut miturut marang Utusane.” (66)

وَقَالُوْا رَبَّنَآ اِنَّآ اَطَعْنَا سَادَتَنَا وَكُبَرَاۤءَنَا

Padha munjuk: “Dhuh Pengeran kawula, kawula punika manut dhateng para pangageng ingkang dados pangajeng wahu

فَاَضَلُّوْنَا السَّبِيْلَا۠﴿67﴾

sami nasaraken dhumateng kawula saking margi ingkang leres”. (67)

رَبَّنَآ اٰتِهِمْ ضِعْفَيْنِ مِنَ الْعَذَابِ

“Dhuh Pengeran kawula, para pangajeng wahu mugi Panjenengan patrapi siksa tikel kalih tinimbang kawula,

وَالْعَنْهُمْ لَعْنًا كَبِيْرًا﴿68﴾

sarta mugi Panjenengan dhawuhi bebendu ingkang ageng”. (68)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ اٰذَوْا مُوْسٰى

He para kang padha iman! Sira aja kaya para kang padha andalih ala marang Musa,

فَبَرَّاَهُ اللّٰهُ مِمَّا قَالُوْاۗ

ananging Allah angresikake dheweke saka pangucape

وَكَانَ عِنْدَ اللّٰهِ وَجِيْهًاۗ﴿69﴾

lan dheweke iku ing ngarsaning Allah kajen (69)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ﴿70﴾

Para mukmin, padha ngabektia ing Allah lan padha matura kang bener. (70)

يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ

Allah bakal Nganggep lan Ngganjar lakumu kang becik. Sarta Paring Pangapura kaluputanmu.

وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا﴿71﴾

Sing sapa manut miturut ing Allah lan utusane, iku mesthi Kaparingan kabegjan kang gedhe. (71)

اِنَّا عَرَضْنَا الْاَمَانَةَ عَلَى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَالْجِبَالِ

Ingsun nawakake kasaguhan marang langit lan bumi, apa dene uga marang gunung-gunung,

فَاَبَيْنَ اَنْ يَّحْمِلْنَهَا وَاَشْفَقْنَ مِنْهَا

nanging kabeh mau padha ora saguh nampani, kuwatir mbok manawa ora bisa netepi kasaguhane.

وَحَمَلَهَا الْاِنْسَانُۗ

Ewadene kasaguhan mau banjur ditampa manungsa.

اِنَّهٗ كَانَ ظَلُوْمًا جَهُوْلًاۙ﴿72﴾

Dadi, manungsa iku pancen nganiaya marang awake dhewe sarta bodho. (72)

لِّيُعَذِّبَ اللّٰهُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْمُشْرِكٰتِ

Allah bakal Paring ukuman marang wong lanang wadon lamis, lan wong lanang wadon kang mangro tingal.

وَيَتُوْبَ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۗ

Mangkono uga anggone Tampa taubat tumrap wong lanang lan wadon kang iman,

وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ﴿73﴾

Allah iku Maha Kepareng Paring Pangapura, tur Ingkang Mahaasih. (73)

***

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!