Qur’an Surah (16) An-Nahl (Tawon). 128 ayat
سُورَةُ اَلنَّحْلِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَتٰٓى اَمْرُ اللهِ فَلَا تَسْتَعْجِلُوْهُۗ
Dhawuhing Allah bakal tekane dina qiyamat wis mesthi kelakon, awit saka iku sliramu aja padha anggege tekane dina qiyamat.
سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ﴿1﴾
Allah iku Mahasuci tur Mahaluhur, adoh banget saka samubarang kang disekuthokake dening wong kafir. (1)
يُنَزِّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ بِالرُّوْحِ مِنْ اَمْرِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖٓ
Allah nurunake Malaikat Jibril, ngemban wahyu timbalane Allah marang para kawulane, kang dadi Kepareng Kersane, dipilih dadi nabi lan rasul,
اَنْ اَنْذِرُوْٓا اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاتَّقُوْنِ﴿2﴾
Dhawuhe: “Sira memulanga marang manungsa, padha sumurupa menawa ora ana sesembahan kelawan bener, kajaba manembah marang Ingsun Pribadi, sarta padha ajrihna marang azab Ingsun, para manungsa padha wediya marang Ingsun.” (2)
خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ
Panjenengan Allah iku kang nitahake langit lan bumi kelawan nyata,
تَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ﴿3﴾
Allah iku Mahaluhur, adoh banget kaya pangucape wongkang padha mangro tingal. (3)
خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ نُّطْفَةٍ
Panjenengane Allah iku Kang Nitahake manungsa saka banyu wijining urip,
فَاِذَا هُوَ خَصِيْمٌ مُّبِيْنٌ﴿4﴾
bareng wis dadi manungsa, banjur dadi tukang maido kang ngeblak. (4)
وَالْاَنْعَامَ خَلَقَهَا لَكُمْ
Lan maneh Panjenengan Allah nitahake rajakaya, migunani marang sira manungsa kabeh,
فِيْهَا دِفْءٌ وَّمَنَافِعُ وَمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ﴿5﴾
ing kono sira bisa agawe sandhangan anget sarta pirang-pirang paedah apa dene daginge ana kang sira pangan. (5)
وَلَكُمْ فِيْهَا جَمَالٌ
Lan ing kono sira oleh kasenengan
حِيْنَ تُرِيْحُوْنَ وَحِيْنَ تَسْرَحُوْنَۖ﴿6﴾
nalikane rajakaya mau padha digiring sarta nalikane sira uculake ing panggonan. (6)
وَتَحْمِلُ اَثْقَالَكُمْ اِلٰى بَلَدٍ
Rajakaya mau uga ana kang nggawa gegawanmu kang abot lumaku tekan liyan negara,
لَّمْ تَكُوْنُوْا بٰلِغِيْهِ اِلَّا بِشِقِّ الْاَنْفُسِۗ
kang sira ora bisa tumeka mrono kajaba kanthi rekasaning jiwa.
اِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌۙ﴿7﴾
Satemene Pangeranmu iku Mahawelas lan Mahaasih marang para kawulane. (7)
وَّالْخَيْلَ وَالْبِغَالَ وَالْحَمِيْرَ لِتَرْكَبُوْهَا وَزِيْنَةًۗ
Mengkono maneh Panjenengane wus Nitahake jaran, bighal sarta khimar, supaya iku dadi tungganganmu sarta minangka rerenggan.
وَيَخْلُقُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ﴿8﴾
Apa dene Panjenengane uga Nitahake samubarang kang sira padha ora weruh (8)
وَعَلَى اللهِ قَصْدُ السَّبِيْلِ وَمِنْهَا جَاۤىِٕرٌۗ
Lan Nuduhake dalan bener iku wewenange Allah Piyambak, sarta dedalan iku ana kang mlenceng,
وَلَوْ شَاۤءَ لَهَدٰىكُمْ اَجْمَعِيْنَ﴿9﴾ع-1
Lamun Panjenengane Allah Ngersakake, mesthi kelakon Nuntun sliramu kabeh (9)
هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً لَّكُمْ
Panjenengane Allah iku Kang Anurunake banyu saka ing mendhung kanggo sliramu.
مِّنْهُ شَرَابٌ وَّمِنْهُ شَجَرٌ فِيْهِ تُسِيْمُوْنَ﴿10﴾
Sawetara ana kang dadi omben-omben lan uga ana kang kanggo anukulake wit-witan, ing kono sliramu bisa padha angon. (10)
يُنْۢبِتُ لَكُمْ بِهِ الزَّرْعَ وَالزَّيْتُوْنَ وَالنَّخِيْلَ وَالْاَعْنَابَ وَمِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۗ
Panjenengane Allah wus Nuwuhake tetanduran ing sawah lan uga zaitun, kurma sarta anggur, apadene kabeh woh-wohan mbutuhake banyu udan mau.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ﴿11﴾
Satemene kang mengkono iku mesthi dadi tandha bebener menawa Allah iku Mahakuwasa tumrap wong kang padha gelem mikir. (11)
وَسَخَّرَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۙ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ
Lan Panjenengane wus Ndadekake wengi Ian rahina sarta srengenge tuwin rembulan leladi marang sliramu,
وَالنُّجُوْمُ مُسَخَّرٰتٌۢ بِاَمْرِهٖۗ
Uga Iintang-Iintang iku anggone leladi kanthi Perenthe Allah.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَۙ﴿12﴾
Satemene ing kono iku ana tandha-tandha tumrap wong kang padha nduweni pangangen-angen (12)
وَمَا ذَرَاَ لَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُخْتَلِفًا اَلْوَانُهٗۗ
Lan maneh Panjenengane Allah maringake marang sliramu barang kang wis digawe dening Allah ana ing bumi warna-warna rupane.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّذَّكَّرُوْنَ﴿13﴾
Kang mengkono kudune dadi tandha bebener tumrap wong kang padha bisa eling lan gelem nampa pitutur becik. (13)
وَهُوَ الَّذِيْ سَخَّرَ الْبَحْرَ
Panjenengane Allah maringake segara, marang sliramu,
;”> لِتَأْكُلُوْا مِنْهُ لَحْمًا طَرِيًّا وَّتَسْتَخْرِجُوْا مِنْهُ حِلْيَةً تَلْبَسُوْنَهَاۚ
supaya padha dhahar iwake anyar, lan supaya goleka rerenggan kang dianggo pepaes sandhanganmu,
وَتَرَى الْفُلْكَ مَوَاخِرَ فِيْهِ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ﴿14﴾
lan supaya sira anggunaake prau kangge ngupaya Iubering Kanugrahane Allah, tuwin supaya sira padha atur panuwun. (14)
وَاَلْقٰى فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِكُمْ
Lan maneh Panjenengane Allah Andelehake gunung pirang-pirang ana ing bumi, supaya aja gonjang-ganjing ngobahake sliramu.
وَاَنْهٰرًا وَّسُبُلًا لَّعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَۙ﴿15﴾
Lan uga mapanake pirang-pirang bengawan, lan uga dalan-dalan, supaya sira pikantuk pituduh tujuane sedya anggomu padha lelungan. (15)
;”>وَعَلٰمٰتٍۗ وَبِالنَّجْمِ هُمْ يَهْتَدُوْنَ﴿16﴾
Mengkono uga Allah Maringi tetengering dalan wong lelungan supaya bisa pikantuk pitedah, uga nengeri anane lintang-lintang. (16)
اَفَمَنْ يَّخْلُقُ كَمَنْ لَّا يَخْلُقُۗ
Lah apa Kang Anitahake iku kabeh padha karo kang ora nitahake?
اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ﴿17﴾
Apa sliramu padha ora nduweni pangangen-angen? (17)
وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ اِنَّ اللهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿18﴾
Lan manawa sliramu milang-milang nugrahaning Allah, sliramu ora bakal bisa nyacahake, satemene Allah iku Mahaaparamarta tur Mahaasih. (18)
وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تُسِرُّوْنَ وَمَا تُعْلِنُوْنَ﴿19﴾
Lan Allah iku Mahangudaneni apa wae kang padha sira singidake lan apa kang padha sira blakake (19)
وَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ
Lan brahala kang padha disembah dening wong kafir iku dudu Allah,
لَا يَخْلُقُوْنَ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَۗ﴿20﴾
mulane ora bisa agawe apa-apa, malah brahala iku bisane mung digawe. (20)
اَمْوَاتٌ غَيْرُ اَحْيَاۤءٍۗ
Brahala iku padha mati, ora urip
وَمَا يَشْعُرُوْنَۙ
ora duwe pangrasa utawa pengajap
اَيَّانَ يُبْعَثُوْنَ ﴿21﴾ع-2
sarta padha ora weruh kapan anggone bakal padha tinangeke (21)
اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ
Pangeranmu Ingkang wajib disembah iku Allah, Ingkang Maha Tunggal.
فَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ
Dene wong kang padha ora percaya marang akhirat iku
قُلُوْبُهُمْ مُّنْكِرَةٌ وَّهُمْ مُّسْتَكْبِرُوْنَ ﴿22﴾
kataman bathin kang maido marang Allah sarta padha gumedhe. (22)
لَا جَرَمَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَۗ
Wis mesthi Allah Mahauninga kabeh barang kang disidem lan diedheng dening wong kafir mau.
اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْتَكْبِرِيْنَ ﴿23﴾
Satemene Allah iku ora remen marang wong kang padha gumedhe. (23)
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ مَّاذَآ اَنْزَلَ رَبُّكُمْۙ
Lan nalikane padha dicalathoni: “Wus anurunake apa Pangeranmu?”
قَالُوْٓا اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ ﴿24﴾
Padha calathu: “Dongenge para wong kuna”. (24)
لِيَحْمِلُوْٓا اَوْزَارَهُمْ كَامِلَةً يَّوْمَ الْقِيٰمَةِۙ
Dadi, wong kafir mau, besuk ing dina qiyamat padha mikul dosane dhewe klawan wutuh,
وَمِنْ اَوْزَارِ الَّذِيْنَ يُضِلُّوْنَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ
mangkono uga wong kang bodho tampa kaweruh disasarake mung manut bae.
اَلَا سَاۤءَ مَا يَزِرُوْنَ﴿25﴾ع-3
Ndaheba ala anggone mikul dosa mau. (25)
قَدْ مَكَرَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ
Sadurunge wong kafir anak-turune Quraisy iku, Raja Namrudz biyen gawe pangreka (yaiku ngedegake panggung), karepe bisa sundul ing langit, sediyane arep ngayoni perang marang para malaikat saisining Iangit.
فَاَتَى اللّٰهُ بُنْيَانَهُمْ مِّنَ الْقَوَاعِدِ
Allah banjur ngrusak panggung mau saka ing tatalese pisan.
فَخَرَّ عَلَيْهِمُ السَّقْفُ مِنْ فَوْقِهِمْ
Raja Namrudz sawadya balane kabeh padha kebrukan payoning panggung mau saka ing duwur,
وَاَتٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَ ﴿26﴾
sarta siksane tumeka marang dheweke saka panggonan kang ora kinira-kira. (26)
ثُمَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ يُخْزِيْهِمْ
Sawise dirusak, besuk dina qiyamat, Raja Namrudz sawadya balane mau padha diremehake kanthi siksa,
وَيَقُوْلُ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تُشَاۤقُّوْنَ فِيْهِمْۗ
ing kono Allah Paring Pangandika: “Endi kang sira adeg’ake minangka dadi sakutuningsun biyen; kang sira anggo garan nyulayani wong kang padha percaya marang Ingsun?”
قَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ اِنَّ الْخِزْيَ الْيَوْمَ وَالسُّوْۤءَ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۙ﴿27﴾
Ing kono wong kang padha diparingi kaweruh bebener (yaiku para Nabi) padha ngucap: “Ing dina iki siksa kang agawe ina mesthi tumeka marang kabeh wong kafir.” (27)
الَّذِيْنَ تَتَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ظَالِمِيْٓ اَنْفُسِهِمْۖ
Kang padha dicabut nyawane dening para malaikat pati, wong mau padha nganiaya awake dhewe, karana anggone kafir.
فَاَلْقَوُا السَّلَمَ مَا كُنَّا نَعْمَلُ مِنْ سُوْۤءٍۗ
Ing kono banjur padha ngrerepa, ature: “Kita punika boten nglampahi awon malih.”
بَلٰٓى اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌۢ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ﴿28﴾
Malaikat banjur dhawuh: “Iya sauni-unimu. nanging satemene Allah iku Maha Nguningani kabeh barang kang sira tindak’ake.” (28)
فَادْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ
Mulane padha mlebua kori-korining naraka, padha manggona ing kono selawase,
فَلَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ﴿29﴾
ndaheba temen ala padunungane para wong kang gumedhe iku. (29)
وَقِيْلَ لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا
Lan dipangandikakake marang para kang padha prayitna (saka tumindak ala):
مَاذَآ اَنْزَلَ رَبُّكُمْۗ
“Pangeranmu wus Ndhawuhake apa?”
قَالُوْا خَيْرًاۚ
Padha calathu: “Kesaenan”.
لِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌۗ
Para kang padha agawe becik ana ing donya iki oleh kabecikan,
وَلَدَارُ الْاٰخِرَةِ خَيْرٌۗ
Uga temen, padunungane ing akhirat iku luwih becik,
وَلَنِعْمَ دَارُ الْمُتَّقِيْنَۙ﴿30﴾
Pinunjul banget padunungane para kang padha prayitna saka tumindak ala. (30)
جَنّٰتُ عَدْنٍ يَّدْخُلُوْنَهَا تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ لَهُمْ فِيْهَا مَا يَشَاۤءُوْنَۗ
“Yaiku suwarga ‘Aden, kang ana bengawane mili ing sangisore. Diparingake marang dheweke apa-apa kang dikersaake.
كَذٰلِكَ يَجْزِى اللّٰهُ الْمُتَّقِيْنَۙ﴿31﴾
Mengkono iku ganjaran Allah marang wong kang bekti ing Panjenengane.” (31)
الَّذِيْنَ تَتَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ طَيِّبِيْنَۙ
Yaiku wong kang dipundhut nyawane dening malaikat pati, ing ndalem kahanan becik,
يَقُوْلُوْنَ سَلٰمٌ عَلَيْكُمُ ادْخُلُوا الْجَنَّةَ
malaikat padha atur pangucap mengkene: “Kawilujengan tumrap Panjenengan, sumangga lajeng sami lumebet ing suwarga,
بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ﴿32﴾
punika ganjaranipun anggen panjenengan sami tumindak kesaenan. ” (32)
هَلْ يَنْظُرُوْنَ
Wong kafIr iku padha ngenteni apa?
اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ يَأْتِيَ اَمْرُ رَبِّكَۗ
Kajaba ngenteni tekane malaikat pati, utawa tekane ukuman, utawa ngenteni dina qiyamat?
كَذٰلِكَ فَعَلَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ
kang mengkono iku uga wis ditindakake dening para ummat sadurungmu.
وَمَا ظَلَمَهُمُ اللّٰهُ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ﴿33﴾
Allah anggone ngukum marang para ummat kuna mau ora jeneng nganiaya, nanging malah para ummat mau nganiaya marang awake dhewe sarana anggone duraka lan kafir (33)
فَاَصَابَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا عَمِلُوْا
Patrapaning pihala kang wis padha ditindakake ngenani awake dhewe,
وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ﴿34﴾ع-4
apa dene piwalese anggone padha anggeguyu marang Rasul uga ngenani marang awake. (34)
وَقَالَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا
Wong kang mangro tingal mau padha ngucap mangkene:
لَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا عَبَدْنَا مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍ نَّحْنُ وَلَآ اٰبَاۤؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍۗ
lan mangsa kelakana kita ngaramake barang-barang kalawan karep kita dhewe, awit kita dudu Allah, (dadi anggon kita ngaramake barang barang sakarep-karep kita dhewe iku pancen wis keparenging Allah).
كَذٰلِكَ فَعَلَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۚ
Kang mengkono mau kabeh wis ditindakake dening para ummat kuna sadurunge wong mangro tingal iku ana.
فَهَلْ عَلَى الرُّسُلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ﴿35﴾
Lan apata maneh kewajibane para Rasul, kajaba mung ndhawuhake prentahe Allah kanthi cetha (35)
وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِيْ كُلِّ اُمَّةٍ رَّسُوْلًا
Lan sayekti temen Ingsun uga wis ngutus rasul, Ingsun kersak’ake memulang marang siji-sijining ummat mengkene:
اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوْتَۚ
“Sira padha manembaha ing Allah, lan padha nyingkirana pangajaking syetan.”
فَمِنْهُمْ مَّنْ هَدَى اللّٰهُ وَمِنْهُمْ مَّنْ حَقَّتْ عَلَيْهِ الضَّلٰلَةُۗ
Sawenehing ummat mau ana kang pikantuk pitedahing Allah, (banjur padha nderek marang Rasule) lan ana kang pinasti kesasar (banjur maido marang rasule).
فَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ
Mulane prayogane, sira anjelajaha ing salumahing bumi,
فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ﴿36﴾
andelenga patilasane para ummat ing zaman kuna, mesthi sira banjur sumurup kepriye lupiyane para ummat kang padha anggorohake marang para rasule. (36)
اِنْ تَحْرِصْ عَلٰى هُدٰىهُمْ
(He Muhammad), menawa sira kedereng kumudu murih supaya wong-wong kafir iku ngarepi pituduh bener,
فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ يُّضِلُّ
sumurupa, menawa Allah iku ora kersa nedahake dalan bener marang wong kang dikersakake kesasar.
وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ﴿37﴾
Wong kang kesasar iku ora ana kang bisa aweh pirulungan. (37)
وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْۙ
Wong kang mangro tingal mau padha sepata nganggo nyebut asmane Allah kanthi tenan-tenan
لَا يَبْعَثُ اللّٰهُ مَنْ يَّمُوْتُۗ
ngarani menawa Allah iku ora bakal nguripake wong kang wis mati,
بَلٰى وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا
(Pangandikane Allah): “Iya Allah mesthi nguripake wongkang wis mati,” janjine Allah mengkono mau mesthi nyata.
وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَۙ﴿38﴾
Ewadene manungsa iku kang akeh padha ora sumurup. (38)
لِيُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِيْ يَخْتَلِفُوْنَ فِيْهِ
Supaya Panjenengane Allah Anerangake marang dheweke, kang ing kono dheweke padha sulaya,
وَلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰذِبِيْنَ﴿39﴾
sarta supaya para kang padha kafir padha weruh, manawa awake iku padha wong goroh.(39)
اِنَّمَا قَوْلُنَا لِشَيْءٍ اِذَآ اَرَدْنٰهُ
Menawa Ingsun Ngersakake barang-barang kang mesthi ana,
اَنْ نَّقُوْلَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ﴿40﴾ع-5
Ingsun banjur paring pangandika: “Sira anaa banjur ana sanalika.” (40)
وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا
Kabeh wong kang wis dikaniaya banjur padha hijrah (pindah saka Mekkah marang Medinah perlune arep nindakake agamane Allah),
لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةًۗ
mesthi padha Ingsun paringi panggonan becik ana ing donya,
وَلَاَجْرُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَۙ ﴿41﴾
dene ganjarane suwarga besuk ana ing akhirat iku luwih gedhe. Upama manungsa sumurup kang mengkono mau. (41)
الَّذِيْنَ صَبَرُوْا
Yaiku wong kang padha shabar (teguh antepe);
وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ ﴿42﴾
sarta padha sumende marang apa sa-Kersana Pengerane. (42)
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ
Dhek zaman kuna sadurungmu, menawa Ingsun ngutus utusan, ora ngutus malaikat, nanging ngutus wong lanang kang Ingsun paringi wahyu, Menawa sira sumurup kang mengkono mau.
فَاسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَۙ﴿43﴾
Mara sira takona marang wong kang padha mangerti, manawa sira padha ora weruh. (43)
بِالْبَيِّنٰتِ وَالزُّبُرِۗ
Para rasul mau padha Ingsun kantheni tandha yekti pirang-pirang, sarta padha Ingsun paringi kitab.
وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الذِّكْرَ
Ing mengko Ingsun andhawuhake Qur’an marang sira Muhammad,
لِتُبَيِّنَ لِلنَّاسِ
supaya sira nerangake marang para manungsa kabeh
مَا نُزِّلَ اِلَيْهِمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُوْنَ﴿44﴾
barang kang didhawuhake dening Allah marang manungsa mau, supaya padha gelem mikir. (44)
اَفَاَمِنَ الَّذِيْنَ مَكَرُوا السَّيِّاٰتِ اَنْ يَّخْسِفَ اللّٰهُ بِهِمُ الْاَرْضَ
Wong kang padha nandukake pangreka daya murih ala (marang Nabi Muhammad) iku upama duwe pikir, mesthi padha kuwatir mbok menawa kalindhih bumi saka kersane Allah, kaya lelakone Qarun biyen,
اَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَۙ﴿45﴾
utawa kataman ukumane Allah kang ora kena kinira. (45)
اَوْ يَأْخُذَهُمْ فِيْ تَقَلُّبِهِمْ
Utawa kaptrapan ukumane Allah pinuju lelungan,
فَمَا هُمْ بِمُعْجِزِيْنَۙ﴿46﴾
wong mau mangsa bisaha murungake ukuman utawa oncat saka ing kono (46)
اَوْ يَأْخُذَهُمْ عَلٰى تَخَوُّفٍۗ
Utawa Panjenengane Matrapi dheweke kalawan nandhang kalonglongan saka sathithik.
فَاِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ﴿47﴾
Awit sayekti Pengeranmu iku temen Mahawelas lan Mahaasih. (47)
اَوَلَمْ يَرَوْا اِلٰى مَا خَلَقَ اللّٰهُ مِنْ شَيْءٍ
Wong mau apa padha ora sumurup samubarang titahe Allah,
يَّتَفَيَّؤُا ظِلٰلُهٗ عَنِ الْيَمِيْنِ وَالشَّمَاۤىِٕلِ
Wewayangane kang ngolah-ngalih saka ing tengen mengiwa, lan saka kiwa menengen.
سُجَّدًا لِّلّٰهِ وَهُمْ دَاخِرُوْنَ ﴿48﴾
Wewayangan anggone ngolah-ngalih mau konjem sumujud ing Allah. (48)
وَلِلّٰهِ يَسْجُدُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ مِنْ دَاۤبَّةٍ
Lan marang Allah Piyambak anggone sumungkem samubarang ing langit lan ing bumi, kayata gegremet,
وَّالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ ﴿49﴾
Lan mangkono uga para malaikat, padha ora gumedhe. (49)
يَخَافُوْنَ رَبَّهُمْ مِّنْ فَوْقِهِمْ
Padha ajrih ing Pengerane Ingkang-Mahaluhur,
وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ ۩﴿50﴾ع-6
sarta padha anindhak’ake apa kang kaprentahake (50)
۞ وَقَالَ اللّٰهُ لَا تَتَّخِذُوْٓا اِلٰهَيْنِ اثْنَيْنِۚ
Lan Allah wus Ngandika: “Aja padha ngalap sesembahan loro,
اِنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ
Panjenengane iku mligi Sesembahan Sawiji.
فَاِيَّايَ فَارْهَبُوْنِ﴿51﴾
Mulane mung marang Ingsun kudune ajrihmu”. (51)
وَلَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ
Ingkang Kagungan saisining langit lan bumi iku mung Allah,
وَلَهُ الدِّيْنُ وَاصِبًاۗ
Lan Ingkang Kagungan pangabektining kawula ing salawase iya mung Allah.
اَفَغَيْرَ اللّٰهِ تَتَّقُوْنَ﴿52﴾
Apa sira padha ajrih marang saliyane Allah?(52)
وَمَا بِكُمْ مِّنْ نِّعْمَةٍ فَمِنَ اللّٰهِ
Ora ana wong kang bisa aweh kabungahan marang sira saliyane Allah.
ثُمَّ اِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فَاِلَيْهِ تَجْـَٔرُوْنَۚ﴿53﴾
Kajaba iku menawa sira kataman ribet, mesti padha sesambat marang Allah. (53)
ثُمَّ اِذَا كَشَفَ الضُّرَّ عَنْكُمْ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْكُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُوْنَۙ﴿54﴾
Sabanjure, samangsa Panjenengane Allah wus ambirat rekasamu iku, ing kono sira kang sapantha padha anjejerake sekuthon ing Pangerane. (54)
لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۗ
Wusana wong sawatara mau padha maido. (kafir) peparinging kenikmatan marang awake.
فَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ﴿55﴾
Banjur padha bungah-bungaha, ing besuk ana ing akhirat, sira bakal padha sumurup kawusanane awakmu. (55)
وَيَجْعَلُوْنَ لِمَا لَا يَعْلَمُوْنَ نَصِيْبًا مِّمَّا رَزَقْنٰهُمْۗ
Lan dheweke padha amisungsungake saperangan peparing Ingsun ing dheweke marang barang kang dheweke padha ora weruh.
تَاللّٰهِ لَتُسْـَٔلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَفْتَرُوْنَ﴿56﴾
Dhemi Allah, temen sira bakal dinangu prakara kang padha sira anggo gawe-gawe (goroh).(56)
وَيَجْعَلُوْنَ لِلّٰهِ الْبَنٰتِ سُبْحٰنَهٗۙ
Lan dheweke padha nganggep, manawa Allah iku kagungan anak wadon; Mahasuci Panjenengane.
وَلَهُمْ مَّا يَشْتَهُوْنَ﴿57﴾
Dene tumrap awake dhewe, dheweke padha kumudu duwe apa kang dikepengini. (57)
وَاِذَا بُشِّرَ اَحَدُهُمْ بِالْاُنْثٰى
Lan nalika salah siji dheweke diwenehi pawarta bebungah arupa lahire anak wadon,
ظَلَّ وَجْهُهٗ مُسْوَدًّا وَّهُوَ كَظِيْمٌۚ﴿58﴾
banjur padha suntrut ulate, ngetarani menawa atine rupeg kebak anawung bendu. (58)
يَتَوٰرٰى مِنَ الْقَوْمِ مِنْ سُوْۤءِ مَا بُشِّرَ بِهٖۗ
Sumingkir saka wong-wong, amarga bebungah kang diwartakake kang dianggep awujud ala iku.
اَيُمْسِكُهٗ عَلٰى هُوْنٍ اَمْ يَدُسُّهٗ فِى التُّرَابِۗ اَلَا سَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ﴿59﴾
Apa ta iki arep dilestarekake kalawan nandhang ina, apa ta arep dipendhem ing lemah urip-uripan? Temen ala pancasane. (59)
لِلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ مَثَلُ السَّوْءِۚ
Tetenger tumrap wong kafir (ora percaya marang akhirat) iku sifat ala,
وَلِلّٰهِ الْمَثَلُ الْاَعْلٰىۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُࣖ﴿60﴾ع-7
dene sifat kang kagem ing Allah iku sifat Luhur. Allah iku Ingkang Mahamulya tur Ingkang Mahawicaksana (60)
وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللّٰهُ النَّاسَ بِظُلْمِهِمْ مَّا تَرَكَ عَلَيْهَا مِنْ دَاۤبَّةٍ
Saupama Allah age-age ngrusak manungsa, marga saka anggone duraka, mesthi ora ana gegremetan salumahing ing bumi kang keliwatan.
وَّلٰكِنْ يُّؤَخِّرُهُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۚ
Nanging kersane Allah ora mengkono, anggone paring ukuman wong kang duraka diserantekake tekan ing wektu kang wis ditemtokake, yaiku menawa wis mati.
فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ﴿61﴾
Samangsa wis tekan wanci patine, ora kapareng nyuwun mundur samenit bae, utawa nyuwun maju. (61)
وَيَجْعَلُوْنَ لِلّٰهِ مَا يَكْرَهُوْنَ وَتَصِفُ اَلْسِنَتُهُمُ الْكَذِبَ اَنَّ لَهُمُ الْحُسْنٰى
Wong musyrik mau padha gawe-gawe pangucap goroh, kabeh barang kang digethingi, diakokake kagungane Allah (yaiku anak wadon). Dene kabeh barang kang dianggep becik, diaku duweke dhewe (yaiku anak lanang).
لَا جَرَمَ اَنَّ لَهُمُ النَّارَ وَاَنَّهُمْ مُّفْرَطُوْنَ﴿62﴾
Ing besuk ana ing akhirat, wong musyrik mau ora wurung padha pikantuk panggonan ana ing neraka, nyemplunge ing neraka didhisik’ake. (62)
تَاللّٰهِ لَقَدْ اَرْسَلْنَآ اِلٰٓى اُمَمٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ
Demi Allah, lngsun wis ngutus para rasul, aweh piwulang para ummat sadurungmu, para ummat mau banjur kena panggodhaning syetan, dhemen banget marang tumindak ala,
فَهُوَ وَلِيُّهُمُ الْيَوْمَ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿63﴾
wong mau padha dikuwasani dening setan, ing besuk ana ing akhirat wong mau padha diukum kang ngelarani. (63)
وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ
Anggoningsun andhawuhake kitab Qur’an iki marang sira,
اِلَّا لِتُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِى اخْتَلَفُوْا فِيْهِۙ
perlune ora liya mung supaya sira anggo nerangake marang para manungsa kang padha pasulayan,
وَهُدًى وَّرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ﴿64﴾
uga minangka pituduh bener lan tandha welas asihingsun marang wong kang padha iman (64)
وَاللّٰهُ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ
Panjenengane Allah Nurunake banyu udan saka ing langit, banjur dianggo nguripake bumi kang wis mati.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ ﴿65﴾ع-8
Kang mengkono iku dadi tandha bebener sampurnane kuwasaningsun tumrap wong kang padha gelem midhangetake pitutur becik. (65)
وَاِنَّ لَكُمْ فِى الْاَنْعَامِ لَعِبْرَةًۚ
Lan sayektine ing dalem rajakaya, ana wewulang tumrap sira.
نُسْقِيْكُمْ مِّمَّا فِيْ بُطُوْنِهٖ مِنْۢ بَيْنِ فَرْثٍ وَّدَمٍ
Ingsun Paring ngombe sira saka barang kang ana ing sajroning wetenge – saka ing antarane tlethong lan getih
لَّبَنًا خَالِصًا سَاۤىِٕغًا لِّلشّٰرِبِيْنَ﴿66﴾
– (yaiku) puhan kang resik, gumalenggeng tumrap para wong kang ngombe. (66)
وَمِنْ ثَمَرٰتِ النَّخِيْلِ وَالْاَعْنَابِ تَتَّخِذُوْنَ مِنْهُ سَكَرًا وَّرِزْقًا حَسَنًاۗ
Lan saka wohing kurma Ian anggur – saka ing kono sira bisa oleh sajeng sarta rizki kang becik;
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ﴿67﴾
sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang padha gelem ngangen-angen. (67)
وَاَوْحٰى رَبُّكَ اِلَى النَّحْلِ
Sarta Pengeranira Paring wewedhar marang tawon,
اَنِ اتَّخِذِيْ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا وَّمِنَ الشَّجَرِ
sabda-Ne: “Sira gawea omah ing gunung-gunung lan ing wit-witan
وَمِمَّا يَعْرِشُوْنَۙ﴿68﴾
apa dene ing glodhog kang disajekake dening manungsa marang sira. (68)
ثُمَّ كُلِيْ مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ فَاسْلُكِيْ سُبُلَ رَبِّكِ ذُلُلًاۗ
“Banjur sira mangana kabeh woh-wohan, lumakuwa menyang dalan pitedahing Pengeranmu kelawan gampang.”
يَخْرُجُ مِنْ بُطُوْنِهَا شَرَابٌ مُّخْتَلِفٌ اَلْوَانُهٗۖ
Tawon mau banjur metok’ake madu kang warna-warna rupane,
فِيْهِ شِفَاۤءٌ لِّلنَّاسِۗ
dadi omben-ombening manungsa, utawa dadi tamba manungsa kang nandbang lara.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ﴿69﴾
Kang mangkono iku mesthi dadi tandha bebener Kuwasa lan Kawicaksanane Pengeran tumrap wong kang padha gelem mikir. (69)
وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ ثُمَّ يَتَوَفّٰىكُمْ
(He manungsa) Panjenengane Allah iku Ingkang Nitahake sira kabeh, banjur mundhut nyawamu.
وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرَدُّ اِلٰٓى اَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْ لَا يَعْلَمَ بَعْدَ عِلْمٍ شَيْـًٔاۗ
Sawenehe kancamu ana kang diparingi dawa umure, nganti pikun lan jompo, supaya kabeh samubarang kaweruhe padha lali.
اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ قَدِيْرٌ ﴿70﴾ع-9
Satemene Allah iku Ingkang Maha Ngudaneni tur Mahakuwasa. (70)
وَاللّٰهُ فَضَّلَ بَعْضَكُمْ عَلٰى بَعْضٍ فِى الرِّزْقِۚ
He manungsa! Panjenengane Allah anggone paring rejeki marang sira nganggo undha usuk, ana kang diparingi akeh, ngungkuli liyane.
فَمَا الَّذِيْنَ فُضِّلُوْا بِرَاۤدِّيْ رِزْقِهِمْ عَلٰى مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَهُمْ فِيْهِ سَوَاۤءٌۗ
Dene bendara kang diparingi rejeki akeh, iku padha ora gelem ngeratakake rejekine marang kawulane tukon, supaya madhani marang bendara. Kawula lan bendara apa padha wae, (mesthi kacek banget)
اَفَبِنِعْمَةِ اللّٰهِ يَجْحَدُوْنَ ﴿71﴾
yen mangkono apa manungsa mau padha maido marang peparinge Allah sing awujud kenikmatan? (71)
وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا
Panjenengane Allah iku maringi jodo marang sira tunggal padha manungsa,
وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْ بَنِيْنَ وَحَفَدَةً وَّرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِۗ
lan maringi anak lan putu marang sira, metu saka ing garwamu, sarta maringi rejeki marang sira panganan kang ngresepake.
اَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُوْنَ
Sawise mangkono apa pantes manungsa padha percaya marang barang kang ora nyata (kayata brahala),
وَبِنِعْمَتِ اللّٰهِ هُمْ يَكْفُرُوْنَۙ﴿72﴾
sarta maido peparinge Allah kang awujud kenikmatan? (iku luput banget). (72)
وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ
(Apadene manungsa padha manembah saliyane Allah, yaiku brahala
مَا لَا يَمْلِكُ لَهُمْ رِزْقًا مِّنَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ شَيْـًٔا وَّلَا يَسْتَطِيْعُوْنَۚ﴿73﴾
kang ora duwe rejeki sathithik-thithika, kang metu saka ing bumi utawa saka ing langit, Ian ora bisa apa-apa?(73)
فَلَا تَضْرِبُوْا لِلّٰهِ الْاَمْثَالَۗ
Sira aja padha gawe gegambaran Allah nganggo samubarang saliyane.
اِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ ﴿74﴾
Satemene Allah iku Ingkang Maha Ngudaneni menawa ora ana samubarang kang padha karo Panjenengane, ananging sira padha ora sumurup kang mengkono mau. (74)
۞ ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا
Panjenengane Allah gawe gegambaran mengkene:
عَبْدًا مَّمْلُوْكًا لَّا يَقْدِرُ عَلٰى شَيْءٍ
“Ana kawula tukon, dadi, deweke wong ora duwe panguasa apa-apa.
وَّمَنْ رَّزَقْنٰهُ مِنَّا رِزْقًا حَسَنًا فَهُوَ يُنْفِقُ مِنْهُ سِرًّا وَّجَهْرًاۗ
Lan ana bendara kang Ingsun paringi rejeki akeh kang halal, kuwasa nanjak’ake rejeki mau sakarep karepe, kelawan sesideman lan terang-terangan.
هَلْ يَسْتَوٗنَۚ
Kahanan loro mau apa padha ajine?
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِۗ
Kang bener, kabeh Pangalembana iku kagungane Allah.
بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ ﴿75﴾
Nanging manungsa, akeh kang ora padha sumurup mengkono mau.” (75)
وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا رَّجُلَيْنِ
Lan maneh Panjenengane Allah gawe gegambaran mengkene: “Ana wong lanang loro,
اَحَدُهُمَآ اَبْكَمُ لَا يَقْدِرُ عَلٰى شَيْءٍ وَّهُوَ كَلٌّ عَلٰى مَوْلٰىهُۗ
kang siji ora bisa guneman wiwit lahir, ora duwe kuwasa apa-apa, wong kang ora bisa guneman mau abot miturut prentahe bendarane,
اَيْنَمَا يُوَجِّهْهُّ لَا يَأْتِ بِخَيْرٍۖ
saben dikongkon, ora nate ngolehake kabutuhane bendara.
هَلْ يَسْتَوِيْ هُوَۙ وَمَنْ يَّأْمُرُ بِالْعَدْلِ
Wong mengkono mau apa padha wae karo wong kang becik kang prentah adil?
وَهُوَ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿76﴾ع-10
Dene Allah iku Nglenggahi dalan Ingkang Jejeg Ian Bener.” (76)
وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Panjenengane Allah iku Ingkang Maha Ngudaneni lelakon sajeroning langit Ian bumi, kang ora disumurupi dening sapa-sapa saliyane Allah.
وَمَآ اَمْرُ السَّاعَةِ اِلَّا كَلَمْحِ الْبَصَرِ اَوْ هُوَ اَقْرَبُۗ
Dene tekane dina qiyamat iku (menawa wis diparingake dening Allah) kaya sakedheping mripat, utawi luwih rikat maneh.
اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ﴿77﴾
Satemene Allah iku Ingkang Maha Kuwasa marang kabeh samubarang. (77)
وَاللّٰهُ اَخْرَجَكُمْ مِّنْۢ بُطُوْنِ اُمَّهٰتِكُمْ
Panjenengane Allah iku Ingkang wus nglahirake sira saka guwa garbane ibumu,
لَا تَعْلَمُوْنَ شَيْـًٔاۙ
dhek samana sira durung mangerti barang-barang apa-apa,
وَّجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۙ
sira banjur diparingi pangrungu lan pandeleng, apa dene pangerti,
لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ ﴿78﴾
supaya sira padha gelem syukur marang Allah. (78)
اَلَمْ يَرَوْا اِلَى الطَّيْرِ مُسَخَّرٰتٍ فِيْ جَوِّ السَّمَاۤءِۗ مَا يُمْسِكُهُنَّ اِلَّا اللّٰهُۗ
Apa manungsa padha miga tekake manuk kang mabur ana ing awang-awang, ora ana kang bisa anggegem manuk mau kajaba mung Allah.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ﴿79﴾
Kang mengkono mau mesthi dadi tandha bebener Kuwasaning Allah tumrap wong-wong mukmin. (79)
وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْۢ بُيُوْتِكُمْ سَكَنًا
Panjenengane Allah iku an dadekake omahira minangka kanggo panggonan palerenanmu,
وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنْ جُلُوْدِ الْاَنْعَامِ بُيُوْتًا تَسْتَخِفُّوْنَهَا
sarta andadekake lulange rajakaya kanggo pirantine omahmu kang entheng digawa
يَوْمَ ظَعْنِكُمْ وَيَوْمَ اِقَامَتِكُمْۙ
nalika sira ngalih utawa lelungan utawa manggon.
وَمِنْ اَصْوَافِهَا وَاَوْبَارِهَا وَاَشْعَارِهَآ اَثَاثًا وَّمَتَاعًا اِلٰى حِيْنٍ﴿80﴾
Dene wulune wedhus gembel, unta, apadene wedhus, kacang, padha bisa dianggo gabut sapadane piranti kang ambungahake, awit nganti awet. (80)
وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمْ مِّمَّا خَلَقَ ظِلٰلًا
Panjenengane Allah iku Andadekake eyub, yaiku wewayangane barang kang wis digawe dening Allah, (kayata omah, kekayon, mega lan sepadhane),
وَّجَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الْجِبَالِ اَكْنَانًا
sarta Andadekake gunung-gunung kanggo pangungsen utawa pangisisanmu (yaiku guwa lan sepadhane),
وَّجَعَلَ لَكُمْ سَرَابِيْلَ تَقِيْكُمُ الْحَرَّ وَسَرَابِيْلَ تَقِيْكُمْ بَأْسَكُمْۚ
apadene Andadekake sandhanganmu kanggo penulake adhem lan panas, lan sandhangan kangge penulake bebaya.
كَذٰلِكَ يُتِمُّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْلِمُوْنَ﴿81﴾
Kang mengkono mau Allah anggone paring kanikmatan marang sira kanthi sampurna, supaya sira padha mangerti, sabanjure padha percaya lan ngestokake marang prentahe Allah. (81)
فَاِنْ تَوَلَّوْا
Dene menawa wong kafir padha mlengos, nampik agama Islam,
فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ ﴿82﴾
kewajibanmu ora liya mung andhawuhake lan nerangake dhawuh Ingsun. (82)
يَعْرِفُوْنَ نِعْمَتَ اللّٰهِ ثُمَّ يُنْكِرُوْنَهَا
Wong kang padha ora gelem nampa agama Islam mau satemene padha sumurup menawa kenikmatan kang ditampani iku temen saka Keparenge Allah,
وَاَكْثَرُهُمُ الْكٰفِرُوْنَ ﴿83﴾ع-11
nanging banjur padha nulak. Wong kang mangkono mau kang akeh padha kafir. (83)
وَيَوْمَ نَبْعَثُ مِنْ كُلِّ اُمَّةٍ شَهِيْدًا
(He Muhammad) Sira ceritakna kahanane dina qiyamat, nalikane Ingsun agawe gesang Nabine para ummat saka ing pati, banjur padha dadi saksi bab ala-becike para ummate.
ثُمَّ لَا يُؤْذَنُ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا
Ing kono kabeh wong kafir ora kepareng sulaya,
وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ﴿84﴾
lan ora didhawuhi ngrerep-arep nyuwun keparenging Allah Paring Pangapura. (84)
وَاِذَا رَاَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الْعَذَابَ
Lan nalikane para wong kafir andeleng ukuman,
فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ﴿85﴾
kang ora bisa dienthengake uga ora bakal pinaringan sumene. (85)
وَاِذَا رَاَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا شُرَكَاۤءَهُمْ قَالُوْا
Nalikane wong musyrik iku padha sumurup brahalane, banjur padha munjuk ing Allah:
رَبَّنَا هٰٓؤُلَاۤءِ شُرَكَاۤؤُنَا الَّذِيْنَ كُنَّا نَدْعُوْا مِنْ دُوْنِكَۚ
“Dhuh Allah Pengeran kawula, brahala punika ingkang kawula sembah, dados kawula manembah sasanesi pun Paduka.”
فَاَلْقَوْا اِلَيْهِمُ الْقَوْلَ اِنَّكُمْ لَكٰذِبُوْنَۚ﴿86﴾
Ing kono brahala mau banjur mangsuli: “He wong musyrik, pangakuanmu manembah marang Ingsun, iku sejatine ingsun ora rumangsa, celathumu iku mung goroh”.(86)
وَاَلْقَوْا اِلَى اللّٰهِ يَوْمَىِٕذِ ࣙالسَّلَمَ
Bareng diselaki dening brahala, wong musyrik mau banjur padha angrerepa marang Allah banget-banget (ewadene tanpa gawe),
وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ﴿87﴾
anggone padha gawe-gawe ngarani menawa brahala iku bakal nulungi marang dheweke, ing dina iku tetela cidra. (87)
اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ زِدْنٰهُمْ عَذَابًا فَوْقَ الْعَذَابِ
Para kang padha kafir sarta padha sumimpang saka dadalaning Allah, iku Ingsun bakal amuwuhi siksane ukuman,
بِمَا كَانُوْا يُفْسِدُوْنَ﴿88﴾
awit iku manjing marang wong kang gawe rusak ana ing bumi.(88)
وَيَوْمَ نَبْعَثُ فِيْ كُلِّ اُمَّةٍ
Lan ing dinane Ingsun bakal mbangunake sawijining saksi ing saben siji-sijining umat,
شَهِيْدًا عَلَيْهِمْ مِّنْ اَنْفُسِهِمْ وَجِئْنَا بِكَ شَهِيْدًا عَلٰى هٰٓؤُلَاۤءِۗ
Minangka dadi saksi marang awake dhewe, sarta ndhawuhi sliramu minangka dadi saksi tumrap dheweke kabeh.
وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ تِبْيَانًا لِّكُلِّ شَيْءٍ
Lan Ingsun wus anurunake Kitab marang sliramu, kanthi katrangan kang gamblang babagan samubarang,
وَّهُدًى وَّرَحْمَةً وَّبُشْرٰى لِلْمُسْلِمِيْنَ﴿89﴾ع-12
lan minangka dadi tuntunan sarta kabar bebungah tumrap wong-wong kang padha sumarah. (89)
إِنَّ ٱللهَ يَأْمُرُ بِٱلْعَدْلِ وَٱلْإِحْسَٰنِ
Satemene Allah Andhawuhake ing tindak adil sarta agawe becik marang Iiyan,
وَإِيتَآئِ ذِى ٱلْقُرْبَىٰ
tuwin weweh ing sanak sedulur cedhak lan adhoh,
وَيَنْهَىٰ عَنِ ٱلْفَحْشَآءِ وَٱلْمُنكَرِ وَٱلْبَغْىِۚ
Allah uga andhawuhake anyegah ing Iaku nistha lan tindak nganiaya sarta mbalela.
يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ ﴿90﴾
Panjenengane Allah Paring Dhawuh supaya sliramu kabeh padha eling. (90)
وَاَوْفُوْا بِعَهْدِ اللّٰهِ اِذَا عَاهَدْتُّمْ
Menawa sira wis padha prasetya marang Allah, ditemenake anggonmu setyatuhu netepi kasaguhanmu mahu,
وَلَا تَنْقُضُوا الْاَيْمَانَ بَعْدَ تَوْكِيْدِهَا
aja wani-wani nyidrani supatamu kang wis diugeri kukuh klawan nyebut asmane Allah.
وَقَدْ جَعَلْتُمُ اللّٰهَ عَلَيْكُمْ كَفِيْلًاۗ
Allah wis sira dadekke minangka seksimu kesagahanmu
اِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا تَفْعَلُوْنَ ﴿91﴾
Satemene Allah iku Ingakng Maha Ngudaneni kabeh samubarang kang padha sira tindakake (91)
وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّتِيْ نَقَضَتْ غَزْلَهَا مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ اَنْكَاثًاۗ
Sira aja (pisan-pisan ngudhari kesaguhanmu marang Allah, mengko mundhak) kaya wong wadon kang nenun, sawise kebeneran anggone nenun banjur dibubrah, lawene morak -marik, iku sanepane menawa sira ngudhari kesagahanmu, utawa nerak supatamu.
تَتَّخِذُوْنَ اَيْمَانَكُمْ دَخَلًا ۢ بَيْنَكُمْ
اَنْ تَكُوْنَ اُمَّةٌ هِيَ اَرْبٰى مِنْ اُمَّةٍۗ
Sira tumindak cidra marang kancamu, pamrihe supaya sira dadiya wargane pakumpulan liyane.
اِنَّمَا يَبْلُوْكُمُ اللّٰهُ بِهٖۗ
Mulane Allah nyoba marang sliramu sarana diprentahi setyatuhu ing janji,
وَلَيُبَيِّنَنَّ لَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ مَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ﴿92﴾
Apadene besuk ing dina qiyamat Allah Anjlentrehake sira babagan samubarang kang padha sira anggo pasulayan. (92)
وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً
Upama ana Kepareng Kersaning Allah, sliramu mesti didadekake ummat kang siji, mesthi kaleksanan.
وَّلٰكِنْ يُّضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Ananging Kersane Allah ora mengkono. Allah Kersa nasarake wong kang dadi Kepareng ing Kersane, saha Paring pitedah marang wong kang dadi Kepareng Kersane.
وَلَتُسْـَٔلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿93﴾
Ewadene sira bakal didangu kabeh samubarang kang padha sira tindakake (93)
وَلَا تَتَّخِذُوْٓا اَيْمَانَكُمْ دَخَلًا ۢ بَيْنَكُمْ فَتَزِلَّ قَدَمٌۢ بَعْدَ ثُبُوْتِهَا
Lan sira aja padha ngalap supatamu minangka dadi sarananing palacidra ing antaramu, mundhak dlamakanmu keplesed sawise kinukuhe
وَتَذُوْقُوا السُّوْۤءَ بِمَا صَدَدْتُّمْ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِۚ
sarta sira angrasakake alane, amarga saka anggonmu padha sumimpang saka dedalaning Allah,
وَلَكُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ﴿94﴾
lan sira kataman ukuman kang gedhe(94)
وَلَا تَشْتَرُوْا بِعَهْدِ اللّٰهِ ثَمَنًا قَلِيْلًاۗ
Lan sira aja padha nampani pangaji sathithik minangka ijole janjining Allah;
اِنَّمَا عِنْدَ اللّٰهِ هُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ﴿95﴾
sayektine kang ana ing (ngarsaning) Allah iku Iuwih becik tumrap sira, Lamun sira padha weruh. (95)
مَا عِنْدَكُمْ يَنْفَدُ
Kebungahan donya ing tanganmu, iku bisa entek lan rusak,
وَمَا عِنْدَ اللّٰهِ بَاقٍۗ
dene ganjarane Allah ing akhirat iku langgeng, ora bisa entek utawa rusak.
وَلَنَجْزِيَنَّ الَّذِيْنَ صَبَرُوْٓا
Kabeh wong kang teguh atine netepi janji,
اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ﴿96﴾
bakal langsung diparingi ganjaran suwarga luwih saka murwat kangelane kang wis padha ditindakake. (96)
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ
Kabeh wong iman kang nindakake penggawe becik, lanang utawa wadon,
فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ
bakal padha Ingsun paringi kahuripan kang becik
وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ﴿97﴾
Lan bakal Ingsun paringi piwales ganjaran, luwih saka murwat amal kang wis ditindakake.(97)
فَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ
Menawa sira arep maca Qur- ‘an,
فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطٰنِ الرَّجِيْمِ﴿98﴾
(macaa dhisik mengkene: “A’UU DZU BILLAAHI MINASY-SYAITHAANIRRAJIEM,”) tegese: Kula nyuwun reksa ing Allah saking panggodhaning setan ingkang dipuranjam (dipun balangi dening para malaikat). (98)
اِنَّهٗ لَيْسَ لَهٗ سُلْطٰنٌ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
Satemene syetan iku ora duwe wewenang meksa marang wong kang padha iman,,
وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ ﴿99﴾
sarta padha tawakkal marang Allah. (99)
اِنَّمَا سُلْطٰنُهٗ عَلَى الَّذِيْنَ يَتَوَلَّوْنَهٗ
Wewenange setan ameksa wong, iku mung tumrap wong kang manut miturut marang setan lan mlebu ing wewengkon panguasaning setan,
وَالَّذِيْنَ هُمْ بِهٖ مُشْرِكُوْنَ﴿100﴾ع-13
apadene wong kang padha musyrik, rnanut prentahe setan. (100)
وَاِذَا بَدَّلْنَآ اٰيَةً مَّكَانَ اٰيَةٍۙ
Menawa Ingsun ganti sawi jining ayat, kelawan ayat liyane, (iku ora lewat mung murih becike kawulaningsun).
وَّاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يُنَزِّلُ
Allah iku luwih dening Ngudaneni menawa anggone Andhawuhake ayat kanggo angganti ayat liyane mau, luwih dening prayoga.
قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مُفْتَرٍۗ
Ing kene wong kafir banjur padha ngucap: “(He Muhammad), panjenengan punika dora sarta damel-damel.”
بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ ﴿101﴾
Wong kafir mau kang akeh padha ora sumurup. (101)
قُلْ نَزَّلَهٗ رُوْحُ الْقُدُسِ مِنْ رَّبِّكَ بِالْحَقِّ
(Muhammad) Sira dhawuha: “Qur’an iku diturunake dening Ruh Qudus (Malaikat Jibril), terang saka dhawuhe Allah Pangeranmu, kalawan nyata,
لِيُثَبِّتَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
supaya wong kang padha iman ing Allah padha teguh tetep atine.
وَهُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُسْلِمِيْنَ﴿102﴾
Apa dene Qur’an iku pitedah bener, lan minangka bebungah marang para wong Islam. (102)
وَلَقَدْ نَعْلَمُ اَنَّهُمْ يَقُوْلُوْنَ اِنَّمَا يُعَلِّمُهٗ بَشَرٌۗ
Ingsun Nguningani menawa wong kafir padha ngucap mengkene: “Qur’an iku asline ora liya saka piwulange wong.
لِسَانُ الَّذِيْ يُلْحِدُوْنَ اِلَيْهِ اَعْجَمِيٌّ
(Allah ngendika) : “Satemene wong kang dikira mulang (Qur’an marang Muhammad) iku tembunge dudu tembung Arab,
وَّهٰذَا لِسَانٌ عَرَبِيٌّ مُّبِيْنٌ ﴿103﴾
balik Qur‘an iki mawa tembung Arab kang nyata patitis.” (103)
اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِۙ لَا يَهْدِيْهِمُ اللّٰهُ
Satemene wong kang padha ora iman marang ayate Allah, iku tetela Allah ora paring pitedah dalan bener marang wong mau.
وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿104﴾
Lan besuk ana ing akhirat wong mau bakal padha diparingi patrapan siksa kang ngelarani. (104)
اِنَّمَا يَفْتَرِى الْكَذِبَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِۚ
Satemene kang tetep gawe-gawe pangucap goroh iku wong-wong kang padha ora iman marang ayate Allah.
وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ﴿105﴾
Wong-wong mengkono mau tetep padha goroh pangucape. (105)
مَنْ كَفَرَ بِاللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ اِيْمَانِهٖٓ
Sing sapa wis iman ing Allah, wusana banjur ambalik dadi kafir, iku mesthi kena bebenduning Allah,
اِلَّا مَنْ اُكْرِهَ وَقَلْبُهٗ مُطْمَىِٕنٌّۢ بِالْاِيْمَانِ
kajaba menawa anggone ambalik dadi kafir mau sarana dipeksa, nanging atine isih teguh ngantepi imane marang Allah, iku diparingi pangapura, jalaran isih tetep imane
وَلٰكِنْ مَّنْ شَرَحَ بِالْكُفْرِ صَدْرًا فَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ مِّنَ اللّٰهِۗ
Dene wong kang pancen wis dhemen lan gumolong atine dadi kafir, iku mesthi padha kena bebenduning Allah,
وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ﴿106﴾
sarta bakal padha kaparingan patrapan siksa kang gedhe. (106)
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمُ اسْتَحَبُّوا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا عَلَى الْاٰخِرَةِۙ
Anggone diancam ing siksa iku, amarga wong kafir mau padha milih kebungahan ing donya, ngalahake kebungahan penguripan ing akhirat,
وَاَنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ ﴿107﴾
Lan sayektine Allah iku Ora Kersa Paring Pitedah dalan bener marang wong-wong kafir. (107)
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ طَبَعَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَسَمْعِهِمْ وَاَبْصَارِهِمْۗ
Wong mengkono mau, atine lan pangrungune apadene peningale padha dikancing dening Allah (dadi ora mangerti lan krungu apadene ora sumurup piwulang becik kang manfangate kaselamet ana ing akhirat).
وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْغٰفِلُوْنَ﴿108﴾
Jalaran wong-wong kaya mengkono mau padha lali. (108)
لَا جَرَمَ اَنَّهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ
Wis ora kena ora, ana ing akhirat iku
هُمُ الْخٰسِرُوْنَ﴿109﴾
dheweke kabeh wong kang padha nandhang kapitunan. (109)
ثُمَّ اِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِيْنَ هَاجَرُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا فُتِنُوْا
Kabeh wong Islam kang dipilara lan dipaeka dening wong kafir (ana ing MEKAH) banjur lunga ngalih (hijrah menyang MADINAH)
ثُمَّ جَاهَدُوْا وَصَبَرُوْاۚ اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌࣖ﴿110﴾ع-14
sarta sawise hijrah banjur maju perang ngadhepi wong kafir, lan atine teguh anggone MANGKAT perang, yekti Allah Pangeranmu mesthi paring pangapura keluputane, sarta asih marang wong mau. (110)
۞ يَوْمَ تَأْتِيْ كُلُّ نَفْسٍ تُجَادِلُ عَنْ نَّفْسِهَا
(Elinga marang) kahanan dina, kang ing kono siji-sijining jiwa bakal maju BELA ATUR tumrap awake dhewe,
وَتُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ﴿111﴾
Lan (kang ing kono) siji sijining jiwa tampa PITUWAS GANEP apa kang wis padha dilakoni, sarta dheweke ora bakal padha KANIAYA. (111)
وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا قَرْيَةً كَانَتْ اٰمِنَةً مُّطْمَىِٕنَّةً يَّأْتِيْهَا رِزْقُهَا رَغَدًا مِّنْ كُلِّ مَكَانٍ
Lan Allah agawe PEPINDHAN sawijining kutha kang tentrem raharja, kang rizkine MUWAH-MUWUH teka mrono saka ngendi-endi panggonan,
فَكَفَرَتْ بِاَنْعُمِ اللّٰهِ فَاَذَاقَهَا اللّٰهُ لِبَاسَ الْجُوْعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ﴿112﴾
ANANGING wong-wong ing kono podho ora atur panuwun marang nugrahaning Allah, mulane Allah NGICIPAKE pendhuduk (kutha) iku ing kahanan luwe lan wedi kang banget-banget, amarga saka tindak-tandhuk kang wus padha ditindakake. (112)
وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مِّنْهُمْ
Wong kafir (ing MEKKAH) padha karawuhan Utusane Allah, kang saka golongane dhewe (yaiku Nabi Muhammad).
فَكَذَّبُوْهُ
Wong (Mekkah) mau padha mlengos (saka pangajake Nabi Muhammad),
فَاَخَذَهُمُ الْعَذَابُ وَهُمْ ظٰلِمُوْنَ﴿113﴾
mulane banjur padha diparingi patrapan siksa keluwen lan kuwatir, satemah dadi wong kang kinganiaya (113)
فَكُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ
(He para wong kang iman) sira padha dhahara rezeki Peparinge Allah, yaiku dhaharan kang ngresepake tur dudu larangane Allah.
وَّاشْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ﴿116﴾
Menawa sira padha temen anggonmu manembah ing Allah, sira mesthine padha syukur nampani peparinge Allah mau. (116)
اِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةَ وَالدَّمَ وَلَحْمَ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ لِغَيْرِ اللّٰهِ بِهٖۚ
Satemene Allah iku wis ngawisi marang sira, yoiku ora kepareng dhahar bangke (hewan kang mati tanpa dibeleh), lan getih apadene daging babi, lan kabeh kewan kang pembelehe nganggo nyebut saliyane asmane Allah (Iku kabeh awisane Allah, ora kena didhahar).
فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ
Dene sing kapeksa kudu dhahar larangane Allah minangka panulak ing lara, iya kena. Semono iku mung tumrap wong kang ora mbalela marang negara, lan ora ambegal sapapadhane.
فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿115﴾
Satemene Allah iku Ingkang Maha Kepareng Paring Pangapura sarta Ingkang Mahaasih. (115)
وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَا تَصِفُ اَلْسِنَتُكُمُ الْكَذِبَ هٰذَا حَلٰلٌ وَّهٰذَا حَرَامٌ
Lan maneh sira aja padha ngucap mengkene: “Dhaharan iki halal, utawa panganan iki Haram,
لِّتَفْتَرُوْا عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ
anggone ngucap mengkono mau mung ngucap goroh, sira akok’ake terang saka dhawuhe Allah.”
اِنَّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُوْنَۗ﴿116﴾
Satemene wong kang padha ngucap goroh diakok’ake saka Allah, iku dheweke ora bakal pikantuk kabegjan. (116)
مَتَاعٌ قَلِيْلٌۖ
Pituwase wong kang agawe-gawe mau mung pikantuk kabungahan sepele ana ing donya,
وَّلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿117﴾
besuk ana ing akhirat bakal diparingi patrapan ukuman kang nglarani. (117)
وَعَلَى الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا مَا قَصَصْنَا عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُۗ
Wong-wong Yahudi padha lngsun larangi dhahar dhaharan kang wis Ingsun ceritakake marang sira mahu,
وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ﴿118﴾
anggoningsun nglarangi mau dudu panganiaya, balik wong Yahudi mau padha nganiaya marang awake dhewe. (118)
ثُمَّ اِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِيْنَ عَمِلُوا السُّوْۤءَ بِجَهَالَةٍ
Satemene Allah Pangeranmu iku Paring Pangapura marang wong kang padha tumindak ala jalaran ora sumurup,
ثُمَّ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ وَاَصْلَحُوْٓا
wekasane sawise weruh banjur tobat lan banjur ambecikake kelakuwane.
اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌࣖ﴿119﴾ع-15
Sawise tobat, Allah Pangeranmu mesthi Paring Pangapura, Allah iku Ingkang Mahaasih. (119)
اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ كَانَ اُمَّةً قَانِتًا لِّلّٰهِ حَنِيْفًاۗ
Satemene Ibrahim iku sawijining panutan (pengarep) wong kang sumungkem ngabekti marang Allah, netepi agama Islam
وَلَمْ يَكُ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۙ﴿120﴾
dudu ewone wongkang padha mangro tingal. (120)
شَاكِرًا لِّاَنْعُمِهِۖ
Kang syukur anggone nampani kenikmatan peparinge Allah
اجْتَبٰىهُ وَهَدٰىهُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿121﴾
Allah wis Milih IBRAHIM, Diparingi Pitedah tumuju dalan kang bener (yaiku agama kang jejeg). (121)
وَاٰتَيْنٰهُ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةًۗ
Ana ing donya Ibrahim mau Ingsun Paringi Becik (yaiku pangalembana kang akeh),
وَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَۗ﴿122﴾
besuk ana ing akhirat, IBRAHIM mau klebu ewone wong kang Shalih. (122)
ثُمَّ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ
Ingsun banjur paring wahyu marang sira (Muhammad).
اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ
Sira manuta (ndhereka) agamane IBRAHIM (agama Islam), akeh condhonge marang bener.
وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ﴿123﴾
Lan dudu ewone wong kang mangro tingal. (123)
اِنَّمَا جُعِلَ السَّبْتُ عَلَى الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِيْهِۗ
Satemene wong Yahudi iku padha diparingi printah mulya’ake dina Sabtu, awit padha nyulayani marang nabine, (ngeluluri pernatane Ibrahim).
وَاِنَّ رَبَّكَ لَيَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ﴿124﴾
Lan satemene besuk dina qiyamat Allah bakal paring putusan perkarane wong Yahudi anggone padha nyulayani. (124)
اُدْعُ اِلٰى سَبِيْلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ
(Muhammad) Ngajaka manungsa marang agama Islam klawan wicaksana lan atur piweling kang becik.
وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۗ
Sira wangsulana wong kang mbantah kanthi jawab kang luwih becik.
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖ
Satemene Pangeranmu iku Ingkang Mahauninga marang wong kang kesasar saka dalane Allah
وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ﴿125﴾
Lan Ingkang Mahauninga marang wong kang pikantuk pituduh bener. (125)
وَاِنْ عَاقَبْتُمْ فَعَاقِبُوْا بِمِثْلِ مَا عُوْقِبْتُمْ بِهٖۗ
(He para wong Islam) Menawa wong kafir nandukkake pihala marang sira, utawa antindak siya-siya marang sira, balesen sapadhane wae.
وَلَىِٕنْ صَبَرْتُمْ لَهُوَ خَيْرٌ لِّلصّٰبِرِيْنَ﴿126﴾
Dene menawa sira shabar, ora nandukake piwales, kaya mengkono iku luwih becik tumrap wong kang padha shabar. (126)
وَاصْبِرْ وَمَا صَبْرُكَ اِلَّا بِاللّٰهِ
(He Muhammad) sabar lan teguha ing ati. Anggonmu sabar kanthi ora mbales pialane wong kang tumindak ala. Iku ora liya pitulunge Allah marang sliramu.
وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ
Aja rumangsa sedih ngrasa’ake wong kafir anggone padha ora gelem nampa agama Islam,
وَلَا تَكُ فِيْ ضَيْقٍ مِّمَّا يَمْكُرُوْنَ﴿127﴾
Sira ora usah judheg dupeh wong kafir padha ngrancang pangreka daya. (127)
اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا
Sayektine Allah Nyartani para kang padha prayitna saka ing ala
وَّالَّذِيْنَ هُمْ مُّحْسِنُوْنَࣖ﴿128﴾ع-16
sarta marang para kang padha agawe becik marang liyan. (128)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.