Qur’an Surah (67) Al-Mulk (Panguwaos): 30 Ayat
سُورَةُ الْمُلْكِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
Awit Asmanipun Allah, Ingkang Mahamirah Tur Mahaasih
تَبٰرَكَ الَّذِيْ بِيَدِهِ الْمُلْكُۖ
Allah Maha Maringi Berkah, Ingkang ing Astane gumantung kabeh panguwasa
وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌۙ ﴿١﴾
Lan Panjenengane Mahakuwasa marang kabeh samubarang. (1)
ۨالَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيٰوةَ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًاۗ
Allah Ingkang Maha Nitahake pati Ian urip, kangge nyoba sira kabeh sapa sing luwih becik Iakune.
وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفُوْرُۙ﴿٢﴾
Allah iku Ingkang Mahamulya, Maha Kepareng Paring Pangapura. (2)
الَّذِيْ خَلَقَ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ طِبَاقًاۗ
Allah Ingkang Maha Nitahake langit pitu sungsun-sungsun,
مَا تَرٰى فِيْ خَلْقِ الرَّحْمٰنِ مِنْ تَفٰوُتٍۗ
Sliramu ora bakal andeleng sajroning titahe Ingkang Mahamurah ana cacade.
فَارْجِعِ الْبَصَرَۙ هَلْ تَرٰى مِنْ فُطُوْرٍ﴿٣﴾
Lan delengen maneh, apa sliramu bisa meruhi ana gesehe? (3)
ثُمَّ ارْجِعِ الْبَصَرَ كَرَّتَيْنِ
Tumuli balenana ing pandelengmu bola-bali,
يَنْقَلِبْ اِلَيْكَ الْبَصَرُ خَاسِئًا وَّهُوَ حَسِيْرٌ﴿٤﴾
pandelengmu nganti ambalik marang awakmu, krasa kuwur nganti dadi sayah. (4)
وَلَقَدْ زَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيْحَ
Lan sayektine Ingsun Ngrerengga langit donya kelawan pirang-pirang lintang.
وَجَعَلْنٰهَا رُجُوْمًا لِّلشَّيٰطِيْنِ وَاَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابَ السَّعِيْرِ ﴿٥﴾
Lintang mau Ingsun anggo mBalangi para setan, dene setan mau padha Ingsun ancam siksa geni murub (5)
وَلِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ عَذَابُ جَهَنَّمَۗ
Lan tumrap wong sing kafir marang Pengerane padha dipatrapi neraka Jahannam.
وَبِئْسَ الْمَصِيْر﴿٦﴾ُ
Ala temen kawusanane. (6)
اِذَآ اُلْقُوْا فِيْهَا سَمِعُوْا لَهَا شَهِيْقًا
Nalikane wong kafir dicemplungake ing neraka, bakal padha krungu pangadhuhe kang seru,
وَّهِيَ تَفُوْرُۙ﴿٧﴾
neraka mau umub mumpal-mumpal (7)
تَكَادُ تَمَيَّزُ مِنَ الْغَيْظِۗ
Neraka kaya njeblos-jeblosa saking muringe.
كُلَّمَآ اُلْقِيَ فِيْهَا فَوْجٌ
Saben wong kafir dicemplungake ing kono, meh podho mrotholi,
سَاَلَهُمْ خَزَنَتُهَآ اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَذِيْرٌۙ﴿٨﴾
sing njaga takon marang dheweke: “Apa ora ana juru-pepeling sing nekani kowe?” (8)
قَالُوْا بَلٰى قَدْ جَاۤءَنَا نَذِيْرٌ ەۙ
Dheweke padha mangsuli: “Inggih saestu, sampun wonten juru-pepenget ndhatengi kawula,
فَكَذَّبْنَا وَقُلْنَا مَا نَزَّلَ اللهُ مِنْ شَيْءٍۖ
ananging kula sami anggorohaken, sarwi wicanten: “Allah ora nurunake opo-opo,
اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ كَبِيْرٍ ﴿٩﴾
malah sampeyan iku ora dumunung kejaba ing sasar kang gedhe” (9)
وَقَالُوْا لَوْ كُنَّا نَسْمَعُ اَوْ نَعْقِلُ
Wong kafir padha ngucap: “Umpama aku biyen ngestokake dhawuh, utawa gelem mikir,
مَا كُنَّا فِيْٓ اَصْحٰبِ السَّعِيْرِ﴿١٠﴾
ora bakal aku dadi wong kang padha manggon ing njeron neraka” (10)
فَاعْتَرَفُوْا بِذَنْۢبِهِمْۚ
Banjur dheweke padha ngrumangsani kaluputane.
فَسُحْقًا لِّاَصْحٰبِ السَّعِيْرِ﴿١١﴾
Adoh saka kabecikan tumrap kang podho manggon ing neraka (11)
اِنَّ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ
Wondene wong kang padha wedi ing Pengerane ing wektu pasepen,
لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ ﴿١٢﴾
bakal padha pinaringan pangapura sarta ganjaran gedhe (12)
وَاَسِرُّوْا قَوْلَكُمْ اَوِ اجْهَرُوْا بِهٖۗ
Senadyan sliramu podho nyingidna celathumu, utawa medharake,
اِنَّهٗ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ﴿١٣﴾
satemene Allah Maha Mirsani kabeh kang ana ing sajroning ati (13)
اَلَا يَعْلَمُ مَنْ خَلَقَۗ
Apa Kang Maha Nitahake, iku ora Pirsa?
وَهُوَ اللَّطِيْفُ الْخَبِيْرُ﴿١٤﴾ع_1
Mesthi wae Pirsa, Allah Mahapirsa Samubarang kang lembut, Lan Allah iku Maha Maspadak-ake (14)
هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ ذَلُوْلًا
Allah Kang Ndadekake bumi iki gampang dianggo lumaku.
فَامْشُوْا فِيْ مَنَاكِبِهَا وَكُلُوْا مِنْ رِّزْقِهٖۗ
Sira padha lumakua ana lumahing bumi, lan padha dhahara rizkine Allah.
وَاِلَيْهِ النُّشُوْرُ﴿١٥﴾
Ana ing ngarsaning Allah manungsa padha diadepake (15)
ءَاَمِنْتُمْ مَّنْ فِى السَّمَاۤءِ اَنْ يَّخْسِفَ بِكُمُ الْاَرْضَ
Apa sliramu rumangsa aman yen Allah Kang Kagungan langit Ngersakake sliramu diuntal bumi?
فَاِذَا هِيَ تَمُوْرُۙ ﴿١٦﴾
Coba delengen bumine arep horeg. (16)
اَمْ اَمِنْتُمْ مَّنْ فِى السَّمَاۤءِ
Apa sliramu rumangsa aman yen Allah Kang Kagungan langit
اَنْ يُّرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًاۗ
Ngersakake Nurunake azab marang sliramu?
فَسَتَعْلَمُوْنَ كَيْفَ نَذِيْرِ﴿١٧﴾
Sira bakal weruh, kaya apa benere pepeling Ingsun (17)
وَلَقَدْ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ
Para manungsa sadurunge mbiyen uga padha nggorohake,
فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ﴿١٨﴾
banjur delengen kaya ngapa kahanane (18)
اَوَلَمْ يَرَوْا اِلَى الطَّيْرِ فَوْقَهُمْ
Apa wong kafir ora ndeleng manuk kang padha mabur ana ing sak ndhuwure,
صٰۤفّٰتٍ وَّيَقْبِضْنَۘ
sedhela ngegarake suwiwi banjur ngingkupake?
مَا يُمْسِكُهُنَّ اِلَّا الرَّحْمٰنُۗ
Kang rumeka ora nganti tiba ora ana maneh kajaba Allah Kang Maha Murah.
اِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍۢ بَصِيْرٌ ﴿١٩﴾
Satemene Allah Maha Mirsani marang sekabehane (19)
اَمَّنْ هٰذَا الَّذِيْ هُوَ جُنْدٌ لَّكُمْ يَنْصُرُكُمْ مِّنْ دُوْنِ الرَّحْمٰنِۗ
Utawa sapa ta sing bakal dadi wadyabalamu, kang bisa mitulungi sliramu, saliyane Allah Ingkang Mahamurah?
اِنِ الْكٰفِرُوْنَ اِلَّا فِيْ غُرُوْرٍۚ﴿٢٠﴾
Ora liya para kafir iku kajaba dumunung njlomprongake (20)
اَمَّنْ هٰذَا الَّذِيْ يَرْزُقُكُمْ اِنْ اَمْسَكَ رِزْقَهٗۚ
Apa manawa Allah ora kapareng paring rizki, apa saliyane Allah bisa aweh rizki marang sira?
بَلْ لَّجُّوْا فِيْ عُتُوٍّ وَّنُفُوْرٍ ﴿٢١﴾
Malahan wong kafir tansaya tambah anggone gumedhe Ian kesasar (21)
اَفَمَنْ يَّمْشِيْ مُكِبًّا عَلٰى وَجْهِهٖٓ
Apa wong sing lumaku ndhungkluk, praupane tumungkul,
اَهْدٰٓى اَمَّنْ يَّمْشِيْ سَوِيًّا عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿٢٢﴾
luwih weruh dalan tinimbang wong sing lumaku jejeg ngambah dalan bener? (22)
قُلْ هُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاكُمْ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ
Kandhanana: Allah Kang Nuwuhake pandeleng, pangrungu Ian lantiping panggrahitamu.
قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ﴿٢٣﴾
Nanging sethithik banget anggonmu padha atur panuwun (23)
قُلْ هُوَ الَّذِيْ ذَرَاَكُمْ فِى الْاَرْضِ
Kandhanana: “Allah kang Agawe sliramu sarta paring panggonan ana ing bumi.
وَاِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ ﴿٢٤﴾
Ing tembe sira kabeh padha dikelumpukake marang ngarsane Allah” (24)
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ
Nanging wong kafir malah podho celathu: “Kapan bakal kalakone kedadeyan iki,
اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿٢٥﴾
manawa kowe iku wong temen?” (25)
قُلْ اِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللهِ
Dhawuhana: “Kawruhe perkara iku mung ana ing Ngarsaning Allah.
وَاِنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ﴿٢٦﴾
Satemene aku iki mung juru pepeling kang terang” (26)
فَلَمَّا رَاَوْهُ زُلْفَةً
Bareng dheweke padha ndeleng kahanan mau wis cedhak,
سِيْۤـَٔتْ وُجُوْهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا
wong kafir padha pucet praupane.
وَقِيْلَ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تَدَّعُوْنَ ﴿٢٧﴾
Banjur padha didhawuhi: “Kahanan kaya ngene iki kang padha sira paido biyen” (27)
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَهْلَكَنِيَ اللهُ وَمَنْ مَّعِيَ اَوْ رَحِمَنَاۙ
Dhawuha: “Apa sliramu padha mawas, manawa Allah bakal Nglebur aku, sarta Ndampingi aku, Welas marang aku,
فَمَنْ يُّجِيْرُ الْكٰفِرِيْنَ مِنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ﴿٢٨﴾
banjur sapa sing bakal ngayomi para kafir saka azab kang nglarani banget?” (28)
قُلْ هُوَ الرَّحْمٰنُ اٰمَنَّا بِهٖ وَعَلَيْهِ تَوَكَّلْنَاۚ
Dhawuha maneh: “Allah iku Pengeran Kang Mahamurah, aku percaya Ian nyumanggakake samubarangku ing Allah.”
فَسَتَعْلَمُوْنَ مَنْ هُوَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ﴿٢٩﴾
Ing tembe kabeh wong bakal padha weruh kanthi terang sapa kang kesasar” (29)
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَصْبَحَ مَاۤؤُكُمْ غَوْرًا
Dhawuhana maneh: “Manawa kabeh banyu asat, piye panemumu?
فَمَنْ يَّأْتِيْكُمْ بِمَاۤءٍ مَّعِيْنٍ ﴿٣٠﴾ ع_2
Sapa kang bisa paring sumber-sumber banyu marang sliramu?” (30)
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.