Qur’an Surah (57) Al-Hadid (Wesi). 29 Ayat
سُورَةُ الْحَدِيْدِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ
Sayekti padha ngaturake Tasbih marang Allah, samubarang kang ana ing langit lan bumi,
وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ﴿1﴾
Allah iku Mahamulya, Mahawicaksana (1)
لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ يُحْـيِ وَيُمِيْتُۚ
Kagungane Allah, Panguasa langit lan bumi, Allah Kang Agawe urip lan pati,
وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿2﴾
Panjenengane Kang Nguwasani samubarang kabeh (2)
هُوَ الْاَوَّلُ وَالْاٰخِرُ وَالظَّاهِرُ وَالْبَاطِنُۚ
Allah iku Kang Mahadhisik Tanpa Kawitan lan Kang Mahakeri Tanpa Wekasan, Kang Lahir lan Kang Bathin,
وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ﴿٣﴾
lan Allah iku Mahapriksa kabeh samubarang (3)
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ
Allah Ingkang Maha Nitahake saindhenging langit Ian bumi
فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ
ing dalem enem mangsa, sarta Panjenengane Jumeneng Terus Ing Panguwasa.
يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِى الْاَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا
Panjenengane Mahapriksa apa kang ambles ing sajroning bumi sarta samubarang kang metu saka ing kono
وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاۤءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيْهَاۗ
lan apa wae kang tumurun saka ing langit sarta apa wae kang munggah ing kono,
وَهُوَ مَعَكُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْۗ
Lan Panjenengane Hanyartani sliramu ana ing ngendi wae dunungmu,
وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌۗ ﴿٤﴾
Lan Allah iku Mahapriksa marang samubarang kang padha sira lakoni. (4)
لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Kagungane Allah Panguwasane langit lan bumi.
وَاِلَى اللهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ﴿٥﴾
Lan perkara apa wae iku wekasane bali marang Allah. (5)
يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِۗ
Allah Nggulirake wengi marang awan, sarta Nggulirake awan marang wengi,
وَهُوَ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ﴿٦﴾
lan Panjenengane Mahapriksa kabeh renteking ati. (6)
اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ
Padha-a percaya ing Allah lan marang utusane,
وَاَنْفِقُوْا مِمَّا جَعَلَكُمْ مُّسْتَخْلَفِيْنَ فِيْهِۗ
lan infaq-na saperangan saka bandhamu kang diparingake dening Allah kang sira urusi,
فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْ وَاَنْفَقُوْا لَهُمْ اَجْرٌ كَبِيْرٌۚ ﴿٧﴾
wong-wong kang percaya ing Allah lan kersa infaq-ake bandhane, ing tembe bakal nampa ganjaran kang gedhe (7)
وَمَا لَكُمْ لَا تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ
Yagene apa sababe sira ora iman marang Allah,
وَالرَّسُوْلُ يَدْعُوْكُمْ لِتُؤْمِنُوْا بِرَبِّكُمْ
ing kamangka utusan Allah wis ngajak supaya sira percaya marang Pengeranmu.
وَقَدْ اَخَذَ مِيْثَاقَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ﴿٨﴾
Lan satemene Panjenengane Allah wus Mundhut perjanjianmu, manawa sliramu padha percaya (8)
هُوَ الَّذِيْ يُنَزِّلُ عَلٰى عَبْدِهٖٓ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ
Allah Kang Nurunake marang kawulane ayat-ayat kang cetha,
لِّيُخْرِجَكُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ
Kanggo ngluwarake sliramu kabeh saka panggonan peteng tumuju kaanan padhang.
وَاِنَّ اللهَ بِكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ﴿٩﴾
Lan satemene Allah iku marang sira kabeh temen-temen Welas-Asihe. (9)
وَمَا لَكُمْ اَلَّا تُنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ
Yagene apa sebabe sira ora gelem infaq-ake bandha kanggo ragad berjuang ana ing dhalaning Allah?
وَلِلّٰهِ مِيْرَاثُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Kamangka kabeh isi langit lan bumi iki kagungane Allah?
لَا يَسْتَوِيْ مِنْكُمْ مَّنْ اَنْفَقَ مِنْ قَبْلِ الْفَتْحِ وَقَاتَلَۗ
Ora podho mungguhing siro kang gelem mragadake bandhane sak durunge menang lan melu berjuang,
اُولٰۤىِٕكَ اَعْظَمُ دَرَجَةً مِّنَ الَّذِيْنَ اَنْفَقُوْا مِنْۢ بَعْدُ وَقَاتَلُوْاۗ
tumrap wong iku luwih agung derajade tinimbang wong kang sawise iku lagi gelem ngetokake wragad lan melu berjuang.
وَكُلًّا وَّعَدَ اللهُ الْحُسْنٰىۗ
Kabeh wong kang prasetya ing Allah, bakal diparingi ganjaran kang luwih becik
وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ ﴿١٠﴾ع_1
Allah iku Maspadhaake marang samubarang kang padha sira lakoni. (10)
مَنْ ذَا الَّذِيْ يُقْرِضُ اللهَ قَرْضًا حَسَنًا
Sing sapa wonge ngaturake pisungsung adiluhung ing Allah kelawan kabecikan,
فَيُضٰعِفَهٗ لَهٗ وَلَهٗٓ اَجْرٌ كَرِيْمٌ ﴿١١﴾
Allah mesthi Nikeli piwales kabecikan wong-wong mau, kanthi tikel matikel uga diganjar suwarga kang mulya (11)
يَوْمَ تَرَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ يَسْعٰى نُوْرُهُمْ بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَبِاَيْمَانِهِمْ
Yaiku nalikane sira ndeleng para wong iman lanang lan wadon cahyane padha mencorong ana sangarepe lan sakiwa tengene.
بُشْرٰىكُمُ الْيَوْمَ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ
(Sarta padha nampa dhawuh): “Begja temen sira ing dina iki padha mlebu suwarga kang ana bengawan mili ing sangisore, padha langgeng ana ing sajrone.
ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۚ﴿١٢﴾
Iku minangka kabegjan kang gedhe (12)
يَوْمَ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالْمُنٰفِقٰتُ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا انْظُرُوْنَا نَقْتَبِسْ مِنْ نُّوْرِكُمْۚ
Ing dina iku para wong lamis lanang lan wadon padha ngucap marang para mukmin: “Sampeyan mirsanana dhateng kula, kula badhe nempil cahya panjenengan. “
قِيْلَ ارْجِعُوْا وَرَاۤءَكُمْ فَالْتَمِسُوْا نُوْرًاۗ
Para wong lamis mau banjur didhawuhi (Malaikat): “Kowe baliya memburi lan golekana dhewe cahya kanggomu.”
فَضُرِبَ بَيْنَهُمْ بِسُوْرٍ لَّهٗ بَابٌۗ
Nuli dialing-alingi pager kang ana lawange,
بَاطِنُهٗ فِيْهِ الرَّحْمَةُ وَظَاهِرُهٗ مِنْ قِبَلِهِ الْعَذَابُۗ ﴿١٣﴾
sajerone pager isi rahmat Ian ing sisih jaba isi azab. (13)
يُنَادُوْنَهُمْ اَلَمْ نَكُنْ مَّعَكُمْۗ
Wong kang padha lamis mau padha ngundang saka jaba: “Kula punika punapa dede kanca sampeyan?”
قَالُوْا بَلٰى وَلٰكِنَّكُمْ فَتَنْتُمْ اَنْفُسَكُمْ وَتَرَبَّصْتُمْ وَارْتَبْتُمْ
Padha diwangsuli (wong mukmin): “Hiya bener, nanging kowe maeka awakmu dhewe kanthi sarana lamis lan ragu-ragu
وَغَرَّتْكُمُ الْاَمَانِيُّ حَتّٰى جَاۤءَ اَمْرُ اللهِ وَغَرَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ ﴿١٤﴾
sarta kajlomprong-ake dening pangangen-angen nganti tekan wayahe pati kang wis pinasthi dening Allah, sira diapusi kanthi ora percaya ing Allah dening setan kang banget ngapusi. (14)
فَالْيَوْمَ لَا يُؤْخَذُ مِنْكُمْ فِدْيَةٌ وَّلَا مِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ
Mulane ing dina iki tebusan saka sira ora bakal tinampa, mangkono uga saka para kang kafir;
مَأْوٰىكُمُ النَّارُۗ هِيَ مَوْلٰىكُمْۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ﴿١٥﴾
padununganmu iku neraka, iku mitramu, sarta sak elek-eleke panggonan bali (15)
اَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ تَخْشَعَ قُلُوْبُهُمْ
Apa durung wayahe tumrap para kang padha iman, padha sujud atine
لِذِكْرِ اللهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ الْحَقِّۙ
Kangge eling ing Allah lan marang Qur’an kang wis tumurun lan nyata bener?
وَلَا يَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ الْاَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوْبُهُمْۗ
Sarta ora kaya para kang wus kaparingan Kitab ing sadurunge, nganti lawas anggone padha ngenteni Rasul kang jumeneng, mulane padha atos atine,
وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ ﴿١٦﴾
Lan sing akeh dheweke iku padha duraka. (16)
اِعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ يُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ
Padha weruha, yen Allah iku Nguripake bumi sawise matine;
قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ﴿١٧﴾
Ingsun wis temen-temen Nerangake ayat-ayat marang sira, supaya sira padha migunakake akal (17)
اِنَّ الْمُصَّدِّقِيْنَ وَالْمُصَّدِّقٰتِ وَاَقْرَضُوْا اللهَ قَرْضًا حَسَنًا
Wong lanang lan wadon kang padha bener-bener setiya tuhu lan potang kabecikan ing Allah,
يُّضٰعَفُ لَهُمْ وَلَهُمْ اَجْرٌ كَرِيْمٌ﴿١٨﴾
Diparingi piwales matikel-tikel, uga diparingi ganjaran suwarga kang mulya. (18)
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖٓ
Sarupane wong kang percaya ing Allah lan ngestokake dhawuh Rasule
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصِّدِّيْقُوْنَۖ وَالشُّهَدَاۤءُ عِنْدَ رَبِّهِمْۗ
Iku wong kang bener-bener setiya tuhu, lan bakal dadi seksi ana ngarsane Pengerane,
لَهُمْ اَجْرُهُمْ وَنُوْرُهُمْۗ
Kangge wong-wong mau ganjaran arupa cahyane wong kang setia tuhu.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ﴿١٩﴾ ع_2
Dene sarupane wong kafir lan wong kang maido ayat-ayat Ingsun, kabeh dadi isen-isene neraka jahim (19)
اِعْلَمُوْٓا اَنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ
Sliramu padha weruha yen kabungahan ing donya iku mung dolanan kang nglalekake kabegjan ing akhirat
وَّزِيْنَةٌ وَّتَفَاخُرٌۢ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِۗ
Lan rerenggan kang mesthi rusak, sarana padha jor-joran ing antarane sira akeh-akehan bandha lan sugih anak.
كَمَثَلِ غَيْثٍ اَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰىهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُوْنُ حُطَامًاۗ
Iku padhane udan kang marakake gumun para petani, wusana thethukulane banjur dadi garing, kaya kang sira pirsani, banjur dadi kuning. Banjur padha dadi gogrok.
وَفِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيْدٌۙ وَّمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللهِ وَرِضْوَانٌۗ
Besuk ing akhirat ana siksa kang abot, ana uga pangapura lan karidhaning Allah.
وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ﴿٢٠﴾
Kasenengan ing donya iku ora liwat mung kabungahan kang njlomprongake (20)
سَابِقُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا كَعَرْضِ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۙ
Padha rebut-dhisika marang pangapura saka Pengeranmu, nggayuh swarga kang jembare kaya jembaring Iangit Ian bumi;
اُعِدَّتْ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖۗ
disedhiyakake tumrap para kang padha iman ing Allah Ian para Utusane
ذٰلِكَ فَضْلُ اللهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Iku Iubering kanugrahan paparinge Allah. Panjenengane Maringake iku marang sapa kang dadi kapareng Kersane,
وَاللهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ ﴿٢١﴾
Lan Allah iku Kang-Kagungan Lubering Paparing Kang Gedhe (21)
مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا اَنْفُسِكُمْ
Sadhengah bebaya kang tumiba ana ing bumi utawa kang tumiba ing sliramu,
اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّبْرَاَهَاۗ
iku kabeh wis pinasthi tinulis ana kitab sakdurunge Ingsun nitahake (kabeh barang lan prastawa).
اِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللهِ يَسِيْرٌۖ﴿٢٢﴾
Saktemene kang mangkono iku mungguhe Allah gampang banget.(22)
لِّكَيْلَا تَأْسَوْا عَلٰى مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوْا بِمَآ اٰتٰىكُمْۗ
Supaya sliramu aja padha sedhih nggetuni barang donya kang ucul saka sira lan ora padha mbungahi nganti lali, marga katekan pikarepmu.
وَاللهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۙ﴿٢٣﴾
Allah iku ora remen marang wong kang umuk gumedhe marga oleh donya akeh. (23)
ۨالَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ وَيَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبُخْلِۗ
Kang padha cethil eman-eman menehake barang kang wis wajibe kudu diwenehake lan ajak-ajak cethil marang manungsa liyane.
وَمَنْ يَّتَوَلَّ فَاِنَّ اللهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ﴿٢٤﴾
Dene sing sapa mogok mewehake barang kang wajib, satemene Allah iku ora butuh marang liyane tur Pantes Pinuji Kabecikane (24)
لَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلَنَا بِالْبَيِّنٰتِ
Ingsun wis ngutus utusaningsun kanthi maringake tandha-tandha kang cetha,
وَاَنْزَلْنَا مَعَهُمُ الْكِتٰبَ وَالْمِيْزَانَ لِيَقُوْمَ النَّاسُ بِالْقِسْطِۚ
sarta maringake kitab lan traju timbangan kaadilan supaya manungsa padha netepana bebener.
وَاَنْزَلْنَا الْحَدِيْدَ فِيْهِ بَأْسٌ شَدِيْدٌ وَّمَنَافِعُ لِلنَّاسِ
Ingsun ugo nurunake tosan (wesi) kang duwe kekuatan kang sentosa, lan akeh gunane kanggo pirantining manungsa.
وَلِيَعْلَمَ اللهُ مَنْ يَّنْصُرُهٗ وَرُسُلَهٗ بِالْغَيْبِۗ
Supaya Allah Wuningaake marang wong kang ambiyantu agamane lan utusane kelawan sesidheman.
اِنَّ اللهَ قَوِيٌّ عَزِيْزٌ ﴿٢٥﴾ ع_3
Sayektine Allah iku Mahaprakosa, Mahamulya (25)
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا وَّاِبْرٰهِيْمَ وَجَعَلْنَا فِيْ ذُرِّيَّتِهِمَا النُّبُوَّةَ وَالْكِتٰبَ
Ingsun wis ngutus Nuh lan Ibrahim, Keturunane Nabi loro mau lngsun paringi pangkat Nabi sarta kitab.
فَمِنْهُمْ مُّهْتَدٍۚ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ ﴿٢٦﴾
Ana kang oleh pituduh bener, ewa dene akeh kang padha duraka. (26)
ثُمَّ قَفَّيْنَا عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ بِرُسُلِنَا وَقَفَّيْنَا بِعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ وَاٰتَيْنٰهُ الْاِنْجِيْلَ ەۙ
Sapungkure banjur Ingsun sambungi para rasul maneh lan Ingsun sambungi Isa putrane Maryam lan Ingsun paringi kitab Injil.
وَجَعَلْنَا فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ رَأْفَةً وَّرَحْمَةًۗ
Para wong kang manut lsa padha Ingsun paringi budi welas Ian asih ing njeron atine.
وَرَهْبَانِيَّةَ ِۨابْتَدَعُوْهَا مَا كَتَبْنٰهَا عَلَيْهِمْ اِلَّا ابْتِغَاۤءَ رِضْوَانِ اللهِ
Dene kapandhitan, iku tindak gagrag anyar, Ingsun ora majibake iku marang dheweke mung ngupaya pirenaning Allah,
فَمَا رَعَوْهَا حَقَّ رِعَايَتِهَاۚ
nanging dheweke padha ora nganggo pangati-ati kalawan satuhuning pangati-atine.
فَاٰتَيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْهُمْ اَجْرَهُمْۚ
Kang manut percaya marang dheweke padha Ingsun paringi ganjaran suwarga,
وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ﴿٢٧﴾
nanging kang akeh padha duraka. (27)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَاٰمِنُوْا بِرَسُوْلِهٖ
He wong-wong kang Iman, padha ngabektia ing Allah lan padha ngestokna utusane.
يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِنْ رَّحْمَتِهٖ
Allah bakal Ngganjar rahmat rong warna sarta bakal Maringi pepadhang,
وَيَجْعَلْ لَّكُمْ نُوْرًا تَمْشُوْنَ بِهٖ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ
kanthi pepadhang mau kena sira anggo mlaku, lan Allah Paring Pangapura marang sira.
وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۙ ﴿٢٨﴾
Allah iku Maha Kepareng Ngapura tur Maha Asih (28)
لِّئَلَّا يَعْلَمَ اَهْلُ الْكِتٰبِ
Supaya ahli kitab padha weruha
اَلَّا يَقْدِرُوْنَ عَلٰى شَيْءٍ مِّنْ فَضْلِ اللهِ
yen ora ana kang bisa nguwasani sih kanugrahane Allah (manawa ora percaya marang Muhammad)
وَاَنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
kanugrahan mau mung ana ngastane Allah piyambak, diparingake marang wong kang dadi pareng Kersane.
وَاللهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ﴿٢٩﴾ ع_4 الجزء 28
Allah iku Kagungan kanugrahan gedhe. (29)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.