Qur’an Surah (31) Luqman (Wong Kang Utama). 34 ayat
سُورَةُ لُقْمٰنَ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤۗ﴿1﴾
Alif Laam Mim. (Allah Piyambak Kang Wuninga Tegese Huruf-Huruf Iki) (1)
تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْحَكِيْمِۙ﴿2﴾
Ayat-ayat Kitab (Qur’ an) Iki Isi Kawicaksanaan. (2)
هُدًى وَّرَحْمَةً
Iya iku pituduh minangka Welase Allah
لِّلْمُحْسِنِيْنَۙ﴿3﴾
marang wong kang padha ngelakoni panggawe becik. (3)
الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ
Kang padha anjumenengake sholat
وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ
lan padha menehi zakat
وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ﴿4﴾
sarta padha ngandel bakal anane akhirat. (4)
اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ
Wong kang mangkono mahu padha netepi pituduh saka Pengerane,
وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ﴿5﴾
mulane wong mangkono mahu padha begja. (5)
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّشْتَرِيْ لَهْوَ الْحَدِيْثِ
Sawenehing wong ana kang milih cerita kang dilagokake tur tembunge nengsemake
لِيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِ اللهِ بِغَيْرِ عِلْمٍۖ
dianggo nasarake wong liya saka dalaning Allah (Islam) tanpa keterangan bener (ngawur).
وَّيَتَّخِذَهَا هُزُوًاۗ
Ayate Allah banjur dianggo geguyon.
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ﴿6﴾
Wong kang mangkono mahu bakai dipatrapi siksa kang ngremehake. (6)
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا وَلّٰى مُسْتَكْبِرًا
Wong mangkono mahu menawa diwacakake Qur’an ayat Ingsun banjur mlengos lan gumedhe,
كَاَنْ لَّمْ يَسْمَعْهَا كَاَنَّ فِيْٓ اُذُنَيْهِ وَقْرًاۚ
ethok-ethok ora krungu, kupinge kaya disumpeli banjur dadi budheg,
فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ﴿7﴾
wong kaya mangkono mahu diterang-terangake bakal dipatrapi siksa kang ngelarani. (7)
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Dene sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik
لَهُمْ جَنّٰتُ النَّعِيْمِۙ﴿8﴾
bakal diganjar suwarga Na’iem. (8)
خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَعْدَ اللهِ حَقًّاۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ﴿9﴾
Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Prasetyane Allah iku janji kang nyata. Allah Mahamulya tur Mahawicaksana. (9)
خَلَقَ السَّمٰوٰتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا
Allah Agawe langit ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira deleng,
وَاَلْقٰى فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِكُمْ
lan Nyumelehake gunung pirang-pirang ana ing bumi, supaya bumi aja gonjang-ganjing ngobah-obah sira.
وَبَثَّ فِيْهَا مِنْ كُلِّ دَاۤبَّةٍۗ
Sarta Angratakake sawarnaning kewan kang gumrayap ana bumi.
وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً
Apa dene Ingsun nurunake banyu saka langit.
فَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ كَرِيْمٍ﴿10﴾
Sabanjure bumi mahu Ingsun wetokake thethukulane warna-warna kang becik. (10)
هٰذَا خَلْقُ اللهِ
Kang wis kasebut iki kabeh Gaweyaning Allah,
فَاَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقَ الَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖۗ
mara Ingsun tuduhna brahala kang padha sira anggo Pengeran, endi gaweyane.
بَلِ الظّٰلِمُوْنَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ﴿11﴾ع_1
Wong (kafir) iku tetela wong kang nyata-nyata kesasar. (11)
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِۗ
Ingsun wis paring kawicaksanan marang Luqman. Dhawuh Ingsun: “Luqman, sira syukura ing Allah, marga anggonmu diparingi kawicaksanaan.
وَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ
Sing sapa syukur, ganjarane syukur iku kanggo awake dhewe.
وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ﴿12﴾
Dene sing sapa ora ngandel peparinging Allah, weruha yen Allah ora butuh marang titahe, tur pantes Pinuji. (12)
وَاِذْ قَالَ لُقْمٰنُ لِابْنِهٖ وَهُوَ يَعِظُهٗ
Sira dhawuha Muhammad babagan Luqman nalikane mulang lan mituturi marang anake:
يٰبُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللهِۗ
“Anakku, kowe aja pisan-pisan mangro tingal anggonmu Mengeran ing Allah
اِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيْمٌ﴿13﴾
awit mangrotingal iku duraka kang gedhe.” (13)
وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِۚ
Ingsun dhawuh marang manungsa: “Padha ngabektia marang wong tuwane loro.
حَمَلَتْهُ اُمُّهٗ وَهْنًا عَلٰى وَهْنٍ
Awit nalika ana sajerone kandutane biyunge nandhang reribed saya tuwa kandutane awake sangsaya krasa abot.
وَّفِصَالُهٗ فِيْ عَامَيْنِ
Sawise lahir jabang bayi anggone nusoni nganti lawas. Panyapihe nganti umur rong tahun.
اَنِ اشْكُرْ لِيْ وَلِوَالِدَيْكَۗ
He manungsa, sira padha syukura marang Ingsun lan marang wong tuwamu loro.
اِلَيَّ الْمَصِيْرُ﴿16﴾
Ing tembe sira bakal bali seba marang ngarsaningsun. (16)
وَاِنْ جَاهَدٰكَ عَلٰٓى اَنْ تُشْرِكَ بِيْ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا
Menawa wong tuwamu Ioro mahu akon mangrotingal marang sliramu, supaya nyembah marang barang kang sira ora weruh katerangan yen iku Pengeran, sira aja manut.
وَصَاحِبْهُمَا فِى الدُّنْيَا مَعْرُوْفًاۖ
Nanging sira tetepa dadi mitrane klawan becik ing ngalam donya.
وَّاتَّبِعْ سَبِيْلَ مَنْ اَنَابَ اِلَيَّۚ
Manuta sliramu marang laku jantraning wong kang setya tuhu marang Ingsun.
ثُمَّ اِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ
Ing tembe sira bakal bali sowan marang Ingsun.
فَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿15﴾
Lan Ingsun bakal Anerangake samubarang kang padha sira Iakoni. (15)
يٰبُنَيَّ اِنَّهَآ اِنْ تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ
Piwulange Luqman kaya mengeke: “Anakku, panggawe ala iku, sanadyan mung cilik kaya wiji sawi siji,
مِّنْ خَرْدَلٍ فَتَكُنْ فِيْ صَخْرَةٍ اَوْ فِى السَّمٰوٰتِ اَوْ فِى الْاَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللهۗ
sarta panggonane ana sajerone watu, utawa ana Iangit utawa ana bumi, mesthi dijlentrehake dening Allah, sarta banjur ditimbang.
اِنَّ اللهَ لَطِيْفٌ خَبِيْرٌ﴿16﴾
Satemene Allah iku Mahaalus tur Mahawaspada. (16)
يٰبُنَيَّ اَقِمِ الصَّلٰوةَ وَأْمُرْ بِالْمَعْرُوْفِ وَانْهَ عَنِ الْمُنْكَرِ
“He anakku, anjumenengna sholat lan ajak-ajaka ngelakoni kabecikan lan menginga ngelakoni panggawe ala,
وَاصْبِرْ عَلٰى مَآ اَصَابَكَۗ
lan shabarna atimu nalika ketaman piolo kang tumanduk ing sliramu.
اِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ﴿17﴾
Satemene awit kang mangkono iku perkara kang diwajibake Allah ing sliramu.” (17)
وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ
Lan aja mlengosake pipimu marang manungsa jalaran gumedhe arupa ngremehake.
وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۗ
Lan yen aja Iumaku ana ing bumi kanthi gembeIengan,
اِنَّ اللهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۚ﴿18﴾
awit Allah ora remen, kang kaya mangkono iku. (18)
وَاقْصِدْ فِيْ مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِنْ صَوْتِكَۗ
Anggonmu lumaku kang sedhengan wae, lan yen nyuwara kang alon lan aris.
اِنَّ اَنْكَرَ الْاَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيْرِ﴿19﴾ع_2
Awit suwara kasar iku kaya suwarane khimar ( elek banget). (19)
اَلَمْ تَرَوْا اَنَّ اللهَ سَخَّرَ لَكُمْ
Apa sliramu ora andeleng yen Allah iku wus andadekake
مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ
samubarang ing Iangit lan samubarang ing bumi
وَاَسْبَغَ عَلَيْكُمْ نِعَمَهٗ ظَاهِرَةً وَّبَاطِنَةًۗ
leladi, sarta nyampurnakake nugrahane marang sliramu lahir lan kang batin?
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللهِ
Lan sawenehing wong ana kang madoni ing dalem prakara Allah
بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّلَا هُدًى وَّلَا كِتٰبٍ مُّنِيْرٍ﴿20﴾
kelawan tanpa kawruh lan tanpa pituduh tuwin tanpa Kitab kang madhangi. (20)
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّبِعُوْا مَآ اَنْزَلَ اللهُ
Wong kafir mau menawa didhawuhi: “Sira padha ngestokna dhawuhing Allah.”
قَالُوْا بَلْ نَتَّبِعُ مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَاۗ
Wangsulane: “Kula kedah ngeluluri semukawis ingkang sampun dipun lampahi para leluhur kula.”
اَوَلَوْ كَانَ الشَّيْطٰنُ يَدْعُوْهُمْ اِلٰى عَذَابِ السَّعِيْرِ﴿21﴾
Pangandikaning Allah: “Apa senajan syetan ngajak mlebu ing neraka Sa’ir? (21)
وَمَنْ يُّسْلِمْ وَجْهَهٗٓ اِلَى اللهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ
Sapa sing sumarah ngadhepake awake marang Allah, sarta nglakoni panggawe becik,
فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقٰىۗ
iku wis gegondhelan tali kukuh lan mitayani.
وَاِلَى اللهِ عَاقِبَةُ الْاُمُوْرِ﴿22﴾
Samubarang prakara iku karampungane ana ing Ngastane Allah. (22)
وَمَنْ كَفَرَ فَلَا يَحْزُنْكَ كُفْرُهٗۗ
Sliramu aja sedhih jalaran wong padha puguh kafir.
اِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ فَنُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ
Awit ing tembe bakal padha bali disowanake marang Ingsun lan Ingsun bakai melehake samubarang kang wis padha dilakoni.
اِنَّ اللهَ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ﴿23﴾
Satemene Allah Mahauninga kabeh krenteking ati. (23)
نُمَتِّعُهُمْ قَلِيْلًا
Ingsun paring kabungahan (marang si kafir) mung sawatara
ثُمَّ نَضْطَرُّهُمْ اِلٰى عَذَابٍ غَلِيْظٍ﴿24﴾
Banjur ing besuk (ana akhirat) dipeksa marang siksa kang abot. (24)
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ اللهُۗ
Lan manawa padha sira takoni: “Sapa sing anitahake Iangit Iangit Ian bumi”, masthi bakai padha mangsuli: “Allah”.
قُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِۗ
Dhawuha: “Sadaya Pangalembana punika Kagunganipun Allah;
بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿25﴾
ananging piyambakipun ingkang kathah sami boten sumerep.” (25)
لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Samubarang kang ana ing langit lan bumi kabeh kagungane Allah.
اِنَّ اللهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ﴿26﴾
Satemene Allah iku Mahasugih tur Mahapinuji. (26)
وَلَوْ اَنَّ مَا فِى الْاَرْضِ مِنْ شَجَرَةٍ اَقْلَامٌ وَّالْبَحْرُ يَمُدُّهٗ
Upama isining bumi kang rupa kayu digawe qalam, banjur segara awujud mangsi, dianggo nulisi pangandikaning Allah (kaweruh sing diparingake)
مِنْۢ بَعْدِهٖ سَبْعَةُ اَبْحُرٍ مَّا نَفِدَتْ كَلِمٰتُ اللهۗ
enteke banyu segara diwuwuhi segara pitung mono engkas mesthi ora paja-paja ngentekake pangandika lan kaweruhing Allah.
اِنَّ اللهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿27﴾
Satemene Allah iku Mahamulya tur Mahawicaksana. (27)
مَا خَلْقُكُمْ وَلَا بَعْثُكُمْ اِلَّا كَنَفْسٍ وَّاحِدَةٍۗ
Tumitahmu sarta tangimu kabeh saka ing pati, iku ora Iiya kajaba kaya jiwa sawiji.
اِنَّ اللهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ﴿28﴾
Sayektine Allah iku Ingkang Mahamiyarsa, Ingkang Mahamirsani (28)
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللهَ يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ
Apa sira ora ndheleng yen Allah iku Nglebokake wengi ing rahina
وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ
sarta Nglebokake rahina ing wengi,
وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ
tuwin Andadekake srengenge lan rembulan leladi ing sliramu,
كُلٌّ يَّجْرِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى
kabeh iku lumaku nurut dedalane tumeka mangsa kang wus tinamtu;
وَّاَنَّ اللهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ﴿29﴾
Lan Allah iku Mahawaspada marang apa kang padha sira Iakoni. (29)
ذٰلِكَ بِاَنَّ اللهَ هُوَ الْحَقُّ
Iku awit Allah iku langgeng tan kena owah, sarta benere kudu disembah.
وَاَنَّ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهِ الْبَاطِلُۙ
Ananging apa kang disembah saliyane Panjenengane iku barang goroh,
وَاَنَّ اللهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ﴿30﴾ ع_3
satemene Allah Mahamulya lan Mahgaagung. (30)
اَلَمْ تَرَ اَنَّ الْفُلْكَ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِنِعْمَتِ اللهِ
Apa sira ora ndheleng yen prau iku lalayarane ing sagara kelawan nugrahaning Allah,
لِيُرِيَكُمْ مِّنْ اٰيٰتِهٖۗ
supaya Panjenengane Meruhake sira sawenehing ayat-ayat Allah?
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ﴿31﴾
Sayektine, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap sarupaning (wong) kang shabar lan syukur. (31)
وَاِذَا غَشِيَهُمْ مَّوْجٌ كَالظُّلَلِ دَعَوُا اللهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ
Lan nalika alun kaya gunung nungkep dheweke, padha anyenyuwun ing Allah kaya wong kang atine sumungkem ing Agama.
فَلَمَّا نَجّٰىهُمْ اِلَى الْبَرِّ
Bareng Panjenengane Nylametake dheweke menyang dharatan,
فَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌۗ
saweneh ana kang jejeg tindake, sarta ora ana kang ngemohi tandha-tandha Ingsun
وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا كُلُّ خَتَّارٍ كَفُوْرٍ﴿32﴾
kajaba wong kang cidra, wong ora weruh ing panarima. (32)
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْ
He manungsa, sliramu padha ngabektia ing Allah Pangeranmu,
وَاخْشَوْا يَوْمًا لَّا يَجْزِيْ وَالِدٌ عَنْ وَّلَدِهٖۖ
Lan wediya ing dina (qiyamat) kang ing kono bapak ora perduli anake,
وَلَا مَوْلُوْدٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَّالِدِهٖ شَيْـًٔاۗ
Lan anake ora perduli marang bapakne, ora bisa mitulungi sethithik-thithika.
اِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ
Prasetianing Allah bakal nguripake wong kang wis mati lan kaganjar apa dene kasiksa bakal kaleksanan temenan.
فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۗ
Ngati-ngatiya aja nganti kajlomprong kabungahan donya,
وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ﴿33﴾
sarta aja nganti benggoling apus anjlmprongake sliramu ing babagan manembah marang Allah. (33)
اِنَّ اللهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ
Satemene, ana ing Astane Allah titining-mangsane dina Qiyamat,
وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ
sarta Panjenengane Nurunake udan, Panjenengane Uninga apa kang ana sajroning kandungan;
وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ
lan ora ana wong kang weruh apa kang bakal pinakolih sesuk;
وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ
Lan ora ana wong kang weruh ana ing bumi ngendi bakal matine;
اِنَّ اللهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ﴿34﴾ ع_4
Sayektine Allah iku Mahangudaneni tur Mahawaspada. (34)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.