Sawarnane Teks Atur Pandonga

1.  Sawarnane Teks Pambuka Donga

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

Kawula nyuwun Pangreksa Allah saking panggodanipun setan ingkang rinanjam

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Awit Asmanipun Allah, Ingkang Mahamirah tur Ingkang Mahaasih

اَلْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Sedaya Pangalembana punika kagunganipun Allah, Pengeran sedaya ngalam.

 حَمْدَ الشَّاكِرِيْنَ

Pangalembana menggahing tetiyang ingkang syukur

  حَمْدَ النَّاعِمِيْنَ

Pangalembana menggahing tetiyang ingkang Kaparingan nikmat,

 حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَ يُكَافِىءُ مَزِيْدَهُ

Pangalembana dhumateng Allah Ingkang Maha Anyekapi saha Anyampurna’aken tambahan nikmat.

يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ

Duh Allah, mligi dhumateng Paduka kaaturaken Sedaya Pangalembana

 كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ

Kados ingkang kaaturaken dening ingkang anggayuh karidhan Paduka, Ingkang Mahamulya,

وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ

Pauka Ingkang Kagungan Panguwaos Agung.

  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ

Duh Allah, kawula ngaturaken sholawat saha caos Salaam dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad,

 وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ

semanten ugi dhumateng kulawarga saha sedaya sahabatipun.

يَاحَيُّ يَا قَيُّوْمُ

Duh Allah Ingkang Paring Gesang ugi Ingkang Paring Jejeg Pagesangan.  

 يَا بَدِيْعُ السَّمٰوَاتِ وَالْأَرْضَ

Duh Allah Ingkang Nitahaken langit punapa dene bumi.  

 يَاذَا الْجَلاَلِ وَالْاِكْرَامُ

Duh Allah, Ingkang Maha Mulya ugi Ingkang Kagungan Sedaya Kamulyan.

لَااِلٰهَ اِلاَّ اَنْتَ

Mboten wonten sesembahan kejawi Paduka Piyambak,

 بِرَحْمِتِكَ نَسْتَغِيْثُ

Kanthi Kawelasan Paduka, kawula satuhu atur panuwunan

 اَصْلِحْ لَنَا شَأْنَنَا كُلَّهُ

Mugi Paduka mbagusaken sedaya tingkah-laku kawula.

وَلاَ تَكِلْنَا إِلٰى اَنْفُسِنَا

Ampun ngantos kawula punika Paduka Pasrahaken dhateng jiwa kawula piyambak,

 طَرْفَةَ عَيْنٍ

Sinaosa namung sakedepan mripat,

 وَلاَ إِلٰى أَحَدٍ مِنْ خَلْقِكَ

Punapa dene ampun ngantos kawula Paduka pasrahaken dhateng salah satunggiling makhluk Paduka sanesipun.

اَللّٰهُمَّ أَنْتَ رَبِّيْ

Duh Allah, Paduka Pengeran kawula.

 لَا إِلٰهَ إِلَّا أَنْتَ

Mboten wonten Ingkang Sinembah sasanesipun Paduka.

 خَلَقْتَنِيْ وَأَنَا عَبْدُكَ

Paduka Ingkang Nitahaken kawula. Kawula punika abdi Paduka.

 وَأَنَا عَلَى عَهْدِكَ وَوَعْدِكَ مَا اسْتَطَعْتُ

Kawula ing kasagahan netepi prasetya dhumateng Paduka kanthi sak saged-saged kawula.

أَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّ مَا صَنَعْتُ

Kawula nyuwun Rinengkuh ing Asto Paduka saking awoning tindak-tanduk kawula piyambak.

أَبُوْءُ لَكَ بِنِعْمَتِكَ عَلَيَّ

Kula ngakeni sedaya nikmat Peparing Paduka dhumateng kawula

وَأَبُوْءُ بِذَنْبِيْ فَاغْفِرْلِيْ

Kawula injih ngakeni dosa-dosa kawula. Duh Allah, kawula nyuwun Ampunan.

 فَإِنَّهُ لَا يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ إِلَّا أَنْتَ

Satuhunipun mboten wonten ingkang paring Ampunan kejawi Paduka  Piyambak, Yaa Allah”

***

2.  Teks Pambuka Kultum

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

Kawula nyuwun Pangreksa Allah saking panggodanipun setan ingkang rinanjam

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Awit Asmanipun Allah, Ingkang Mahamirah tur Ingkang Mahaasih

اَلْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Sedaya Pangalembana punika kagunganipun Allah, Pengeran sedaya ngalam.

اِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ،

Sayektosipun sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah. Kita memuji ing Allah, dedepe nyuwun pitulungan saha nyuwun dipun apunten saking sedaya lepat lan dosa.

 وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا،

Kita anyenyuwun supados tansah rinengkuh dening Allah saking sedaya awonipun jiwa kita piyambak,

 وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،

Saha saking angkara tindak-tanduk kita piyambak.

 مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ،

Sintena kemawon bilih Pinaringan Pitedah Allah, mboten wonten ingkang sanged nyasaraken.

 وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

Ananging, sintena kemawon bilih Kabendu Allah ing mergi sasar, mboten wonten ingkang saged nedhahaken.

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ

Kawula anyekseni bilih mboten wonten sesembahan kejawi mligi manembah dhumateng Allah, Ingkang Maha Tunggal, mboten mawi mawi kekembaran.

 وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Kawula anyekseni bilih Kanjeng Nabi Muhammad punika abdi saha utusanipun Allah.

  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ

Duh Allah, kawula ngaturaken sholawat saha caos Salaam dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad,

 وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ

semanten ugi dhumateng kulawarga saha sedaya sahabatipun.

رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي 

Duh Allah, mugi Paduka Paring pepadhang kanthi anjembaraken manah kawula, saha mugi Paduka Paring gampil anggen kawula nglampahi jejibahan kawula,

 وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّن لِّسَانِي، يَفْقَهُوا قَوْلِي

Lan mugi paduka paring luwar sedaya reribet ingkang mepalangi lisan kawula,  sahengga ingkang kawula andharaken gampil dipun mangertosi (QS.  20 {Thaa-Ha}: 25-28).

***

3. Teks Panutup Khutbah Awal

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ,

Mugi Allah Paring berkah dhumateng kita sedaya kanthi kanikmatan pitedah ing ndalem Qur’an Ingkang Agung.

 وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ

Mugi Allah paring kathah manfaat dhumateng kita sami saking ayat-ayat Al-Qur’an ingkang kebak kawicaksanan.

 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ

Mugi Allah  nyembadani kita sedaya kanthi waosan Al-Qur’an.

 إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

Sayektosipun Allah punika Ingkang- Mahamidhanget saha Ingkang-Mahapriksa.  

وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرٌالرَّاحِميْنَ

Sumangga Matur:  Dhuh Allah, kawula nyuwun Pangapunten saha nyuwun Kawelasan Paduka, setuhunipun Paduka Piyambak Ingkang Mahawelasasih.

***

4. Teks Panutup Khutbah Akhir

عِبَادَالله

Para abdining Allah,

إِنَّ ٱللهَ يَأْمُرُ بِٱلْعَدْلِ وَٱلْإِحْسَٰنِ

Satemene Allah Andhawuhake tindak adil sarta agawe becik marang Iiyan,

وَإِيتَآئِ ذِى ٱلْقُرْبَىٰ

tuwin weweh ing sanak sedulur cedhak lan adhoh,

 وَيَنْهَىٰ عَنِ ٱلْفَحْشَآءِ وَٱلْمُنكَرِ وَٱلْبَغْىِۚ

Allah uga andhawuhake nyegah ing laku nistha, atindak nganiaya sarta mbalela.

 يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ ﴿90﴾

Panjenengane Allah Paring Dhawuh supaya sliramu kabeh padha tansah eling (An-Naml: 90)

 فَاذْكُرُوااللهَ الْعَظِيْمِ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ.

Mangga kita sami emut dhateng Allah Ingkang Maha Agung, temtu Allah badhe migatosaken kabegjan kita, mangga kita syukur dhumateng Allah, temtu Allah Paring Kanikmatan ingkang tansah tambah dhumateng kita.

وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَرُ

Sayektosipun dzikir utawi emut dhateng Allah Ingkang Paling Ageng inggih punika sholat. Mangga tansah sigrak anjumenengaken sholat.

***

5. Teks Sholawat Munjiyat

  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ

Duh Allah, kawula ngaturaken sholawat saha caos Salaam dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad,

صَلاَةً تُنْجِيْنَا بِهَا

Injih kanthi sholawat punika mugi Paduka Mitulungi kawula

 مِنْ جَمِيْعِ الْاَهْوَالِ وَالْاٰفَاتِ

Saking bebaya ingkang nggegirisi saha kahanan ingkang muthowatiri

 وَتَقْضِيْ لَنَابِهَا جَمِيعَ الْحَاجَاتِ

Injih kanthi solat punika Paduka Kersa nyekapi kebetahan kawula

 وَتُطَهِّرُنَا بِهَا مِنْ جَمِيْعِ السَّيِّئَاتِ

Injih kanthi solat punika Paduka Kersa Anuceni jiwa kawula saking sedaya lepat saha perkawis awon.

 وَتَرْفَعُنَابِهَا عِنْدَكَ اَعْلَى الدَّرَجَاتِ

Injih kanthi solat punika Paduka Kersa Anginggilaken derajat kawula

 وَتُبَلِّغُنَا بِهَا اَقْصَى الْغَايَاتِ

Injih kanthi solat punika Paduka Paring Kinabulaken ingakng kawula gayuh

مِنْ جَمِيْعِ الْخَيْرَاتِ فِى الْحَيَاةِ وَبَعْدَ الْمَمَاتِ

Arupi sedaya kesaenan ing ndalem gesang saha sasampunipun kawula tilar donya.

6. Teks Sholawat Nariyah

اَللّٰهُمَّ صَلِّ صَلَاةً كَامِلَةً

Duh Allah, nyuwun kaparingaken limpahan shalawat ingkang sampurna

 وَسَلِّمْ سَلَامًا تَامًّا

Saha  curahan salaam katresnan agung

 عَلىٰ سَيِّدِنَا مُحَــمَّدِ  ࣙ

dhumetang kanjeng Nabi Muhammad.  Kanthi sholawat punika kawula nyuwun  dhumateng Paduka

الَّذِيْ تَنْحَلُّ بِهِ الْعُقَدُ

Supados sedanten ruwetipun perkawis seged dipun udhari

 وَتَنْفَرِجُ بِهِ الْكُرَبُ

Lan sedaya ingkang susah-susah, saged dipun kawonaken

وَتُقْضٰى بِهِ الْحَوَائِجُ

Lan sedaya kabetahan saged cinekapaken

 وَتُنَالُ بِهِ الرَّغَائِبُ

Lan sedaya ingkang dipun jangka saged kasembadan

 وَحُسْنُ الْخَوَاتِمِ

Ngantos dumugi Husnul Khatimah.

 وَيُسْتَسْقَى الْغَمَامُ بِوَجْهِهِ الْكَرِيْمِ

Duh Allah, siraman Katresnan Agung Paduka Kaaturaken dhumateng kanjeng Nabi ingkang mulyo

 وَعَلىٰ اٰلِهِ وِصَحْبِهِ

Ugi kaaturaken dhumateng kulawarga saha para sahabat kanjeng Nabi

 فِيْ كُلِّ لَمْحَةٍ وَ نَفَسٍ

ing ndalem saben-saben detik, saha hembusan nafas

 بِعَدَدِ كُلِّ مَعْلُوْمٍ لَكَ

Kanthi jumlah wilangan Ingkang Priksa Paduka Piyambak.

***

7 Teks Wirid Bakda Sholat

أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِـيْمَ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ

Kawula Nyuwun Ampunan dhumateng Allah Ingkang Maha Agung, Ampunan kagem kawula piyambak ugi kagem tiyang sepuh kula,

 وَلِأَصْحَابِ الْحُقُوْقِ عَلَيَّ

‪ Saha kagem para priyantun ingkang kagungan hak kawula aturi pandonga,

 وَلِجَمِيْعِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ

ugi kagem sedaya priyantun ingkang Iman sae kakung miwah setri,

 وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ

Saha kagem sedaya priyantun ingkang Islam sae kakung miwah setri,

 الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ

ingkang taksih sugeng miwah ingkang sampun sumare

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا

Duh Allah, kawula nyuwun apunten saking sedaya lepat saha dosa, nyuwun kasucekaken saking sedaya awon kawula. 

 وَلِوَالِدَيْنَا

Ugi dumateng tiyang sepuh kawula

  وَلِاَزْوَاجِنَا  وَلِاَوْلَادِنَ

Ugi dumateng garwa, saha yiga wayah kawula,

  وَلِمَشَايِخِنَا

Ugi dumateng guru-guru kawula

 وَلِأَصْحَابِ الْحُقُوْقِ عَلَيْنَا

Ugi dumateng sedaya priyantun ingkang kagungan hak kawula aturi pandonga

 وَلِجَمِيْعِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ

ugi kagem sedaya priyantun ingkang Iman sae kakung miwah setri,

 وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ

Saha kagem sedaya priyantun ingkang Islam sae kakung miwah setri,

 الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ

ingkang taksih sugeng miwah ingkang sampun sumare

لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ

Mboten wonten sesembahan kejawi Allah, Ingkang Maha Sawiji, Ingkang Mboten Mawi Sekuthon tuwin Kekembaran.  

لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِيْ وَيُمِيْتُ

‪ Kagem Panjenenganipun Ingkang Kagungan Panguwaos, Ingkang Pinuji, Ingang Maha Anggesangaken saha Ingkang Ngersakakan Tilar Donya Makhlukipun.

 وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

Panjenenganipun Ingkang Nguwaosi samukawis punapa kemawon

  اَللّٰهُمَّ أَنْتَ السَّلَامُ

Dhuh Allah, Paduka Mahaparing Kawilujengan,

 وَمِنْكَ السَّلَامُ

Saking Paduka sedaya kawilujengan,

 وَإِلَيْكَ يَعُوْدُ السَّلَامُ

‪ Saha dhumateng Ngarsa Paduka konduripun sedaya kawilujengan.

 فَحَيِّنَا رَبَّنَا بِالسَّلَامِ

Dhuh Allah, kawula nyuwun Paduka gesangaken kanthi wilujeng,

 وَأَدْخِلْنَا الْـجَنَّةَ دَارَ السَّلَامِ

Saha kawula nyuwun kalebetaken dhateng panggenan ingkang kebak kawilujengan.

 تَبَارَكْتَ رَبَّنَا وَتَعَالَيْتَ

Dhuh Pengeran kawula, Paduka Ingkang Maha Luhur.

 يَا ذَاالْـجَلَالِ وَاْلإِكْرَامِ

Paduka Ingkang Maha Pideksa, saha Paduka Ingkang Kagungan sedaya Kamulyan.

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

Kita anenuwun Pangreksanipun Allah saking panggodanipun setan ingkang rinanjam.

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ ﴿1﴾

Awit Asmanipun Allah, Ingkang Mahamirah tur Ingkang Mahaasih (1)

 اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ﴿2﴾

Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah, Pengeranipunm sedaya ngalam (2)

 الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ ﴿3﴾

Ingkang Mahamirah tur Ingkang Mahaasih (3)

 مٰلِكِ يَوْمِ الدِّيْنِۗ ﴿4﴾

Panguwaos dinten wewales (4)

اِيَّاكَ نَعْبُدُ وَاِيَّاكَ نَسْتَعِيْنُۗ ﴿5﴾

Duh Allah, namung dhumateng Paduka kawula manembah, saha mligi dhumateng Paduka kawula anenuwun pitulung (5)

 اِهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۙ ﴿6﴾

Dhuh Allah, kawula nyuwun dipun tuntun dhateng mergi Ingkang jejeg leresipun (6)

صِرَاطَ الَّذِيْنَ اَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ ەۙ

Injih Punika merginipun priyantun ingkang Kaparingan nikmat Paduka

 غَيْرِ الْمَغْضُوْبِ عَلَيْهِمْ

Sanes merginipun para ingkang kadhawahan bendu,

 وَلَاالضَّاۤلِّيْنَ﴿7﴾

saha sanes merginipun ingkang sami sasar (7)  (Q.S. Al-Fatihah.

اَللهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ اَلْحَيُّ الْقَيُّوْمُ ەۚ

Allah, ora ana Pengeran Kang Sinembah Kajaba Mung Panjenengane Piyambak, Kang Sugeng, sarta Kang Jumeneng Pribadi.

 لَا تَأْخُذُهٗ سِنَةٌ وَّلَا نَوْمٌۗ

Allah iku Ora Nate Ngantuk lan Ora Nate Sare,

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Allah iku Ingkang Kagungan Samubarang Isining Langit lan Isining Bumi kabeh.

 مَنْ ذَا الَّذِيْ يَشْفَعُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ

Ora ana wong kang bisa aweh pitulungan ana ing ngarsane Allah, kajaba pikantuk Idzine.

 يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْۚ

Allah iku Pirsa kabeh samubarang kang ana ing ngarep lan saka burine wong-wong mau.

 وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِشَيْءٍ مِّنْ عِلْمِهٖٓ اِلَّا بِمَا شَاۤءَۚ

Dheweke kabeh ora ana kang bisa nglimputi sethithik wae saka Ilmune Allah, kajaba yen dadi Keparenge Allah.

 وَسِعَ كُرْسِيُّهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَۚ

Jembare Panguwasane Allah iku amot langit lan bumi.

 وَلَا يَـُٔوْدُهٗ حِفْظُهُمَاۚ

Panjenengane Ora Rekaos anggone Ngreksa langit lan bumi sakarone.

 وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ﴿255﴾

Dene Allah iku Mahaluhur lan Mahaagung.  (255) Q.S. Al-Baqarah. Ayat Kursi.

***

8. Doa Sakratul Maut

اَللّٰهُمَّ اِنَّا نَسْئَلُكَ سَلَامَةً فِى الدِّيْنِ

Duh Allah, kawula nyuwun dhumateng Paduka, kawilujengan ing Agami

وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ

Kawula nyuwun diparingi kasarasan badan

 وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ

kawula nyuwun tambahing ilmu saha rizki ingkang berkah

 وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ

Duh Allah, kawula nyuwun pun Paringi kuwawi taubat saderengipun kula wafat

 وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ

Pun Welas Asihi ing wekdal kula wafat

 وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ

Pun Ampuni sasampunipun kula wafat

اَللّٰهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ

Duh Allah, nyuwun pun gampilaken anggen kula Sakratul Maut

 وَنَجَاةً مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَعِنْدَ الْحِسَابِ

tinebihna saking azab, saha nyuwun Ampunan ing dinten Penghitungan Amal

***

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَ اْلبَلاَءَ  وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ

Duh Allah, mugi katebihna kawula sedaya saking miskin kekirangan tedha, katerjang wabah, kaserang pandemi, kataman penyakit.

 وَالزَّلاَزِلَ سُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ

Duh Allah, kawula nyuwun katebihaken saking ontran-ontran awonipun fitnah, saha sedaya pacoben ingkang ketingal unawi ingkang mboten ketingal. 

 مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.

Mboten wonten Ingkang kuwawi nolak sedaya kalawahu saking kula sedaya kejawi Paduka, ya Allah. Paduka Pengeran Sedaya Ngalam.

***

9. Teks Donga Khotmil Qur’an

اللّٰهُمَّ ارْحَمْنَا بِالْقُرْآنِ

Duh Allah, kawula nyuwun Paduka Welasasihi kanthi Al-Qur’an. 

وَاجْعَلْهُ لَنَا إِمَاماً وَنُوْراً وَهُدًى وَرَحْمَةً

Mugi Paduka Ndadosaken Al-Qur’an minangka pimpinan, cahya, pitedah saha tanda katresnan Paduka dhumateng kawula.

اَللّهُمَّ ذَكِّرْنَا مِنْهُ مَا نَسِيْنَا وَعَلِّمْنَا مِنْهُ مَا جَهِلْنَا وَارْزُقْنَا تِلَاوَتَهُ آنَاءَ اللَّيلِ وَأَطْرَافَ النَّهَارِ

Duh Allah, kula nyuwun pun paringi emut menawi kesupen Al-Qur’an, nyuwun pun paringi kaweruh babagan isi Al-Qur’an, nyuwun  pun paringi kekiyatan saget maos Al-Qur’an ing wanci dalu utawi siang.

وَاجْعَلْهُ لَنَا حُجَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْن

Duh Allah,  mugi Paduka Paring kawaskithan kawula ing ndalem gesang adhedhasar Al-Qur’an.

***

10. Teks Donga Qunut

اَللّٰهُمَّ اهْدِنِىْ فِيْمَنْ هَدَيْتَ

Duh Allah, kula nyuwun Paduka Paringi Pitedah, kados dene para priyantun ingkang sampun Paduka Paringi Pitedah.

 وَعَافِنِى فِيْمَنْ عَافَيْتَ

Kula nyuwun Paduka Paringi kasarasan badan, kados dene para priyantun ingkang sampun Kaparingan badan ingkang sehat.

 وَتَوَلَّنِىْ فِيْمَنْ تَوَلَّيْتَ

Kula nyuwun Paduka Rengkuh, kados dene para priyantun ingkang Rinengkuh Ing Sih Kawelasan Paduka.

وَبَارِكْ لِىْ فِيْمَا اَعْطَيْتَ

  Kula nyuwun Paduka Paringi berkah ing ndalem rizki ingkang Paduka paringaken.

 وَقِنِيْ شَرَّ مَاقَضَيْتَ، فَاِنَّكَ تَقْضِىْ وَلاَ يُقْضَى عَلَيْكَ

Duh Allah, kawula nyuwun dipun reksa saking awonipun kahanan prastowo zaman, satuhu leres Paduka Ingkang Paring Kawilujengan tumrap sedaya Ingkang Sampun Paduka Ginarisaken. 

 وَاِنَّهُ لاَ يَذِلُّ مَنْ وَالَيْتَ

Satuhu leres, mboten badhe kataman piawon tumrap priyantun ingkang Paduka paringi kamulyan.

وَلاَ يَعِزُّ مَنْ عَادَيْتَ

Satuhu leres, mboten badhe pinaringan kamulyan tumrap priyantun Ingkang kataman bendu ing asor.

 تَبَارَكْتَ رَبَّنَا وَتَعَالَيْتَ

Paduka Ingkang Paring Berkah, duh Pengeran kula, Ingkang Mahamulya.

 فَلَكَ الحَمْدُ عَلَى مَا قَضَيْتَ

Sedaya Pangalembana Kaaturaken dhumateng Paduka tumrap Sedaya Ingkang Paduka Kersaaken.

 أَسْتَغْفِرُكَ وَأَتُوبُ إِلَيْكَ

Duh Allah, namung Paduka Ingkang Kuwawi Nampi taubat kawula

 وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدَنَامُحَمَّدٍ

Sholawat saha Salaam kaaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad

 وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

Ugi kaaturaken dhumateng sedaya kulawarga saha para sahabatipun.

Aamiiin Yaa Allah.

***

11. Teks Doa Kaffarotul Majelis

سُبْحانَكَ اللّٰهُمَّ وَبِحَمْدِكَ

Duh Allah, Paduka Ingkang Mahasuci. Sedaya Pangalembana Katur Paduka

أَشْهَدُ أنْ لَا إِلٰهَ إِلاَّ أنْتَ

Kawula anyekseni bilih mboten wonten sesembahan Ingkang Sinembah, kejawi namung Paduka Piyambak,

 أسْتَغْفِرُكَ وأتُوبُ إِلَيْكَ

Duh Allah,  kawula nyuwun dipun apunten saking sedaya lepat lan dosa. Saha kawula ngaturaken taubat dhumateng Paduka.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!