Qur’an Surah (5) Al-Maidah (Pasugatan Dhaharan). 120 ayat
سُورَةُ الْمَائِدَةِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَوْفُوْا بِالْعُقُوْدِۗ
He wong kang padha iman, padha nuhonana kabeh janji-janjimu.
اُحِلَّتْ لَكُمْ بَهِيْمَةُ الْاَنْعَامِ اِلَّا مَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ
Dihalalake tumrapmu kabeh rajakaya (hewan ternak), kajaba kang (bakal) diwacakake marang sliramu kabeh.
غَيْرَ مُحِلِّى الصَّيْدِ وَاَنْتُمْ حُرُمٌۗ
Kang mangka sliramu ora padha ngalalake (rajakaya) buron nalika pinuju ihram.
اِنَّ اللهَ يَحْكُمُ مَا يُرِيْدُ﴿1﴾
Satemene Allah iku Ngukumi apa kang dadi Kersane. (1)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحِلُّوْا شَعَاۤىِٕرَ اللهِ
He wong kang padha iman. Sliramu aja padha nggegampang nerak larangan agamane Allah, mbebedhag pinuju ihram,
وَلَا الشَّهْرَ الْحَرَامَ
lan aja nerak larangan mangsah perang ana ing sasi haram,
وَلَا الْهَدْيَ وَلَا الْقَلَاۤىِٕدَ وَلَآ اٰۤمِّيْنَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ
lan aja ngarubiru rajakaya kang dipisungsungake marang tanah haram (kewan hadyu), lan aja padha ngarubiru kalung (kewan qalaid), lan aja merangi wong kang padha arep sowan marang Baitul Haram (Mekkah)
يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرِضْوَانًاۗ
ngupajiwa ngarep-arep Kanugrahaning Pengeran Ian Keparenging Allah.
وَاِذَا حَلَلْتُمْ فَاصْطَادُوْاۗ
Dene yen sira wis tahalul (rampung anggonmu padha nglakoni haji) sira kabeh padha dikeparengake mbebedhag
وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ اَنْ صَدُّوْكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اَنْ تَعْتَدُوْاۘ
lan aja ndadekake pamuring-muringmu marga wong kafir padha ngalang-alangi anggonmu arep sowan ing Masjidil Haram, sira Iawan kanthi perang.
وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِۖ
Tulung-tinulunga sliramu ing tindak laku kang becik, saha pangabekti mring Allah, aja padha tulung-tinulung ing laku dosa lan memungsuhan.
وَاتَّقُوا اللهَۗ اِنَّ اللهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ﴿2﴾
Sliramu padha ngabektia ing Allah, jalaran satemene Allah iku banget panyiksane. (2)
حُرِّمَتْ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةُ وَالدَّمُ وَلَحْمُ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ لِغَيْرِ اللهِ بِهٖ
Sliramu kabeh padha diharamake dhahar bangke, getih, daging celeng, lan sembarang hewan kang nyembelehe nyebut saliyane Asmane Allah,
وَالْمُنْخَنِقَةُ وَالْمَوْقُوْذَةُ وَالْمُتَرَدِّيَةُ وَالنَّطِيْحَةُ وَمَآ اَكَلَ السَّبُعُ اِلَّا مَا ذَكَّيْتُمْۗ
lan kewan kang mati jalaran disingseti gulune, lan hewan kang mati jalaran dipenthung, lan hewan kang mati jalaran tiba saka ndhuwur, lan hewan kang mati jalaran dipateni hewan liyane lan kewan kang dipangan sato galak, kajaba kang banjur ketututan dibeleh kena dipangan.
وَمَا ذُبِحَ عَلَى النُّصُبِ وَاَنْ تَسْتَقْسِمُوْا بِالْاَزْلَامِۗ ذٰلِكُمْ فِسْقٌۗ
Lan diharamake mangan iwake kewan kang dibeleh kanthi nyebut jenenge brahala, Ian diharamake mbedhek nasib klawan Azlam, awit kang meng kono iku duraka.
اَلْيَوْمَ يَىِٕسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ دِيْنِكُمْ
Ing dina iki tumiba pangarep-arepe wong kafir, anggon sumedya anjugarake agamanmu (Islam).
فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِۗ
Mulane sira aja padha wedi marang wong-wong kafir, nanging padha wedia marang Ingsun.
اَلْيَوْمَ اَكْمَلْتُ لَكُمْ دِيْنَكُمْ وَاَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِيْ
Dina iki Ingsun wis nyampurnakake agamamu kanggo sliramu kabeh,
وَرَضِيْتُ لَكُمُ الْاِسْلَامَ دِيْنًاۗ
lan Ingsun wis ridha Islam minangka dadi agamamu.
فَمَنِ اضْطُرَّ فِيْ مَخْمَصَةٍ غَيْرَ مُتَجَانِفٍ لِّاِثْمٍۙ
Nanging sing sapa kapeksa ana ing wektu luwe, sarta ora njarag arep tumindak dosa,
فَاِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿3﴾
Satemene Allah iku Maha Paring Pangapura sarta Maha Asih. (3)
يَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَآ اُحِلَّ لَهُمْۗ
(Muhammad) para ummatmu padha nyuwun katrangan perkara dhaharan kang halal didhahar,
قُلْ اُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبٰتُۙ
Sliramu dhawuha: “Sira padha dihalalake dhahar sarupane dhaharan kang becik-becik (ngresepake lan dihalalake)
وَمَا عَلَّمْتُمْ مِّنَ الْجَوَارِحِ مُكَلِّبِيْنَ تُعَلِّمُوْنَهُنَّ مِمَّا عَلَّمَكُمُ اللهُ
mbebedhag sarana hewan pemburu kang wis padha sira wulang patraping memburu, tur wis pinter, banjur sira abani, supaya mikut hewan kang sira buru.
فَكُلُوْا مِمَّآ اَمْسَكْنَ عَلَيْكُمْ وَاذْكُرُوا اسْمَ اللهِ عَلَيْهِۖ
Ing kono sira kena dhahar iwake hewan kang wis kacandhak dening bewan pemburu mau, Ian maneh nalikane sira nglepas (ngeculake) hewan pemburu mau nyebuta Asmane Allah
وَاتَّقُوا اللهَۗ اِنَّ اللهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ﴿4﴾
Lan padha ngabektiya ing Allah. Satemene Allah iku Rikat Banget Penimbange marang ala beciking kawulane. (4)
اَلْيَوْمَ اُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبٰتُۗ
Wiwit dina iki sarupane dhaharan kang becik-becik (halal) padha dhaharen.
وَطَعَامُ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ حِلٌّ لَّكُمْۖ
Dene dhaharane wong ahli kitab iya kena padha sira dhahar,
وَطَعَامُكُمْ حِلٌّ لَّهُمْۖ
dhaharanmu uga kena didhahar dheweke kabeh.
وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ الْمُؤْمِنٰتِ وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ
Mengkono uga wong wadon mukmin kang merdika utawa wong kafir ahli kitab kang merdika (kuna sadurungmu) iya kena padha sira nikahi,
اِذَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ
waton sira mbayar maskawine.
مُحْصِنِيْنَ غَيْرَ مُسَافِحِيْنَ وَلَا مُتَّخِذِيْٓ اَخْدَانٍۗ
Sira padha sesomahana, sira aja padha laku zina, lan aja padha ngalap gundhik,
وَمَنْ يَّكْفُرْ بِالْاِيْمَانِ فَقَدْ حَبِطَ عَمَلُهٗۖ
dene sing sapa balik dadi kafir saka iman, iku samubarang kebecikan kang wis padha dilakoni, bakal sirna larut kabeh,
وَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ﴿5﴾ع_1
wong mau mbesuk ana ing akhirat klebu ewone wong kang kapitunan. (5)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا قُمْتُمْ اِلَى الصَّلٰوةِ
Para wong mukmin kabeh. Menawa sira arep padha jumeneng sholat,
فَاغْسِلُوْا وُجُوْهَكُمْ وَاَيْدِيَكُمْ اِلَى الْمَرَافِقِ
sira padha masuha wajahmu sarta astamu tumeka ing sikut,
وَامْسَحُوْا بِرُءُوْسِكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ اِلَى الْكَعْبَيْنِۗ
lan ngusapa sirahmu, ugo masuha sikilmu tekan ing kemiri.
وَاِنْ كُنْتُمْ جُنُبًا فَاطَّهَّرُوْاۗ
Dene yen sira pinuju junub, sesucia
وَاِنْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَوْ عَلٰى سَفَرٍ اَوْ جَاۤءَ اَحَدٌ مِّنْكُمْ مِّنَ الْغَاۤىِٕطِ
Yen sliramu pinuju lara, lelungan, utawa mentas teka saka ing pakiwan,
اَوْ لٰمَسْتُمُ النِّسَاۤءَ فَلَمْ تَجِدُوْا مَاۤءً فَتَيَمَّمُوْا صَعِيْدًا طَيِّبًا
utawa wis gepok wong wadon, kang mangka sira ora oleh banyu, sira padha tayamuma kanthi lebu kang suci.
فَامْسَحُوْا بِوُجُوْهِكُمْ وَاَيْدِيْكُمْ مِّنْهُۗ
Patrape tayamum iku: Sira ngusapa wajahmu nganggo astamu kanthi lebu kang suci mau.
مَا يُرِيْدُ اللهُ لِيَجْعَلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ حَرَجٍ
Mungguh kersane Allah kang mengkono iku ora gawe rekasa marang sliramu,
وَّلٰكِنْ يُّرِيْدُ لِيُطَهِّرَكُمْ
Nanging Kersane supaya sliramu padha suci,
وَلِيُتِمَّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ﴿6﴾
lan supaya peparinge nikmat marang sira bisa sempurna. Mangkono iku supaya sira kabeh banjur syukur. (6)
وَاذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللهِ عَلَيْكُمْ
Lan sira padha elinga marang nikmat peparinge Allah dene sira padha dikersaake dadi Islam,
وَمِيْثَاقَهُ الَّذِيْ وَاثَقَكُمْ بِهٖٓۙ
lan padha elinga perjanjianing Allah anggone ngugeri sira kabeh,
اِذْ قُلْتُمْ سَمِعْنَا وَاَطَعْنَاۖ
nalikane sira padha matur: “Kita sampun sami mirengengaken dhawuhing Allah saha sami sanggem ngestokaken,”
وَاتَّقُوا اللهَۗ اِنَّ اللهَ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ﴿7﴾
lan sira padha ngabektia ing Allah. Satemene Allah iku Maha Ngudaneni apa wae sajroning atimu. (7)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْا قَوَّامِيْنَ لِلّٰهِ شُهَدَاۤءَ بِالْقِسْطِۖ
He wong kang Iman kabeh, sira padha dadia wong kang tumindak adil (netepi samubarang wajibmu marang Allah) karana nindakake kabeh janjine Allah, yen sira dadi seksi padha ngucapa klawan temen,
وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ عَلٰٓى اَلَّا تَعْدِلُوْاۗ
dene perkara gethinge wong-wong kang padha kafir marang sira, iku aja ndadekake owahing pikiranmu, kang nganti sliramu ora tumindak adil, senajan tumrap ing satru utawa kanca (mitra) sliramu nindakna adil.
اِعْدِلُوْاۗ هُوَ اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۖ
Awit tumindak adil iku luwih cedhak marang bekti ing Allah,
وَاتَّقُوا اللهَۗ اِنَّ اللهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ﴿8﴾
Lan sira ngabektia ing Allah. Satemene Allah iku Maha Maspadhaake samubarang kang padha sira tindakake. (8)
وَعَدَ اللهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۙ
Allah wis nyagahi marang wong-wong mukmin kabeh lan wong kang padha tumindak becik,
لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ عَظِيْمٌ﴿9﴾
yoiku kabeh bakal padha diparingi Pangapura kaluputane, lan bakal diparingi ganjaran kang agung. (9)
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ
Dene wong kang padha kafir lan wong-wong kang padha nggorohake ayat-ayat Ingsun,
اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ﴿10﴾
iku kabeh bakal padha manggon ana ing neraka jahim (10)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللهِ عَلَيْكُمْ
He wong-wong kang padha iman kabeh. Sliramu padha elinga marang nikmat Peparinging Allah,
اِذْ هَمَّ قَوْمٌ اَنْ يَّبْسُطُوْٓا اِلَيْكُمْ اَيْدِيَهُمْ فَكَفَّ اَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْۚ
yaiku nalika ana sawijining golongan kang sumedya gawe piolo marang sira kabeh, nuli Panjenengane Allah nulak kabeh piolone mau saka sliramu.
وَاتَّقُوا اللهَۗ وَعَلَى اللهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ﴿11﴾ ع_2
Mula saka iku sliramu ngabektia marang Allah, lan wong-wong kang iman padha pasraha marang Allah. (11)
وَلَقَدْ اَخَذَ اللهُ مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۚ
Lan Allah temen wis mundhut sesanggemane para bani Israil (supaya dheweke padha merangi bangsa Kan’an kang padha ana ing negara Syam),
وَبَعَثْنَا مِنْهُمُ اثْنَيْ عَشَرَ نَقِيْبًاۗ
lan Ingsun wis ngutus saka wong-wong mau 12 tetuwa,
وَقَالَ اللهُ اِنِّيْ مَعَكُمْۗ لَىِٕنْ اَقَمْتُمُ الصَّلٰوةَ وَاٰتَيْتُمُ الزَّكٰوةَ
lan Allah wis dhawuh: “Satemene Ingsun iku ngantheni sira kabeh, menawa sira kabeh padha nindakake sholat Ian aweh zakat,
وَاٰمَنْتُمْ بِرُسُلِيْ وَعَزَّرْتُمُوْهُمْ
lan padha percaya marang utusaningsun sarta pada ambiyantu marang para utusan mau
وَاَقْرَضْتُمُ اللهَ قَرْضًا حَسَنًا
lan padha ngutangi ing Allah klawan utang kabecikan,
لَّاُكَفِّرَنَّ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ
sayekti Ingsun bakal paring pangapura marang sakabehing dosamu,
وَلَاُدْخِلَنَّكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۚ
lan Ingsun bakal nglebokake sira ana ing suwarga kang sangisore ana begawane mili.
فَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذٰلِكَ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ﴿12﴾
Sing sliramu ana kang padha kafir sawise iku, satemene dheweke kesasar saka dalan kang jejeg. (12)
فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِّيْثَاقَهُمْ لَعَنّٰهُمْ وَجَعَلْنَا قُلُوْبَهُمْ قٰسِيَةًۚ
Sarehning para bani Israil padha ngudari sesanggemane, mulane padha Ingsun bendoni, lan atine lngsun dadekake atos,
يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ عَنْ مَّوَاضِعِهٖۙ
ing kono banjur padha ngowahi tetembungan ing kitab Taurat, kang nyebutake bakal rawuhe (Kanjeng Nabi) Muhammad, dibusek saka panggonane,
وَنَسُوْا حَظًّا مِّمَّا ذُكِّرُوْا بِهٖۚ
lan dheweke uga padha ninggalake sebagian saka isining kitab kang didadekake minangka pepeling dheweke,
وَلَا تَزَالُ تَطَّلِعُ عَلٰى خَاۤىِٕنَةٍ مِّنْهُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْۖ
lan sira tansah weruha laku cidra tuwuhe saka wong-wong mau, kajaba mung sethithik.
فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاصْفَحْۗ اِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ﴿13﴾
Jalaran saka iku ngapuranen wae tumindake wong-wong mau Ian togna. Satemene Allah iku Remen marang wong wong kang padha tumindak becik. (13)
وَمِنَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّا نَصٰرٰٓى اَخَذْنَا مِيْثَاقَهُمْ
Mangkono maneh Ingsun wis Mundhut sesanggemane wong kang padha ngucap: ”Kita iki wong Nasrani,”
فَنَسُوْا حَظًّا مِّمَّا ذُكِّرُوْا بِهٖۖ
nanging dheweke padha nglirwakake sebagian saka isining kitab kang didadekake minangka pepeling tumrap dheweke,
فَاَغْرَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۗ
nuli Ingsun tuwuhake ana ing antarane wong-wong mau memungsuhan Ian gegethingan nganti tumeka ing dina qiyamat,
وَسَوْفَ يُنَبِّئُهُمُ اللهُ بِمَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ﴿14﴾
Lan Allah bakal njlentrehake (melehake) marang wong-wong mau saka sakehing perkara kang wis ditindakake. (14)
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ كَثِيْرًا
He wong ahli kitab! Sira wis padha kerawuhan utusaningsun kang nerangake isining Kitab Taurat Ian Kitab lnjil pirang-pirang perkara
مِّمَّا كُنْتُمْ تُخْفُوْنَ مِنَ الْكِتٰبِ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍەۗ
kang padha sira umpetake, diterangake marang sira kabeh, sarta paring pangapura kaluputanmu akeh-akeh.
قَدْ جَاۤءَكُمْ مِّنَ اللهِ نُوْرٌ وَّكِتٰبٌ مُّبِيْنٌۙ﴿15﴾
Satemene sira wis padha ketekan pepadhang saka ing Allah, yaiku (Nabi Muhammad) lan uga padha ketekan kitab Al-Qur’an kang cetha Ian wijang. (15)
يَّهْدِيْ بِهِ اللهُ مَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَهٗ سُبُلَ السَّلٰمِ
Iku Diagem dening Allah Nuntun marang dadalaning karahayon miturut Pirenane,
وَيُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ بِاِذْنِهٖ
lan Ngedalake wong-wong mau saka pepeteng marang papadhang kelawan Kaparenge,
وَيَهْدِيْهِمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿16﴾
lan Nuntun marang dedalan kang bener jejeg. (16)
لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللهَ هُوَ الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَۗ
Sayekti wis dadi kafir wong-wong kang padha ngucap Allah iku AI-Masih putrane Dewi Maryam.
قُلْ فَمَنْ يَّمْلِكُ مِنَ اللهِ شَيْـًٔا اِنْ اَرَادَ اَنْ يُّهْلِكَ الْمَسِيْحَ ابْنَ مَرْيَمَ
Dhawuha sira Muhammad: “Sapa kang bisa nulak Kersane Allah menawa Panjenengane kersa ngrusak AI-Masih putrane Dewi Maryam
وَاُمَّهٗ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًاۗ
Ian ibune pisan Ian wong-wong kang ana ing bumi kabeh?”
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ
Panguwasa bumi lan langit saha samubarang kang ana ing antarane bumi Ian langit iku kabeh Kagungane Allah.
يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُۗ وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿17﴾
Allah Kuwasa Nitahake samubarang kang dadi Keparenging Kersane. Dene Allah iku Maha Kuwasa ing samubarang (17)
وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ وَالنَّصٰرٰى نَحْنُ اَبْنٰۤؤُ اللهِ وَاَحِبَّاۤؤُهٗۗ
Wong Yahudi Ian wong Nashara padha celathu: “Kita kabeh iki padha putrane Allah sarta kekasihe Allah.”
قُلْ فَلِمَ يُعَذِّبُكُمْ بِذُنُوْبِكُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ بَشَرٌ مِّمَّنْ خَلَقَۗ
Muhammad dhawuha: “Yen pangucapmu iku temen, ya gene Allah nyiksa marang sliramu marga saka dosamu?” Kang terang sira iku manungsa titahing Allah.
يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Allah Kersa Paring Pangapura marang wong kang Dikersakake, lan uga nyiksa wong kang Dikersakake.
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۖ وَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ﴿18﴾
Panguwasa langit Ian bumi, Ian samu barang kang ana ing antarane langit Ian bumi iku kabeh Kagungane Allah, kabeh iku bakal padba bali marang Pangayunaning Allah. (18)
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ عَلٰى فَتْرَةٍ مِّنَ الرُّسُلِ
He para ahli kitab. Sira wis padha kerawuhan utusaningsun (Nabi Muhammad) kang nerangake marang sira ing sabubar komplange para utusan,
اَنْ تَقُوْلُوْا مَا جَاۤءَنَا مِنْۢ بَشِيْرٍ وَّلَا نَذِيْرٍۗ
supaya sira ora padha kandha: “Kita punika mboten kerawuhan rasul ingkang mbebingah utawi ngajrih-ajrihi dhumateng kita.”
فَقَدْ جَاۤءَكُمْ بَشِيْرٌ وَّنَذِيْرٌۗ وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿19﴾ ع_3
Awit satemene sira wis padha kerawuhan utusane Allah kang mbebungah lan ngelingake marang sliramu. Dene Allah iku Maha Kuwasa marang kabeh samubarang. (19)
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللهِ عَلَيْكُمْ
(Muhammad) critakna lelampahane Nabi Musa nalika dhawuh marang para kaume: “He para kaum Ingsun, sira padha elinga marang nikmat kang wis Diparingake Allah marang sira,
اِذْ جَعَلَ فِيْكُمْ اَنْۢبِيَاۤءَ وَجَعَلَكُمْ مُّلُوْكًاۙ
yaiku anggone Allah ngedegake Nabi saka wong golonganmu, lan ndadekake sira prasasat ratu, mengku batih lan batur.
وَّاٰتٰىكُمْ مَّا لَمْ يُؤْتِ اَحَدًا مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ﴿20﴾
Lan Allah Maringi sira barang kang wong sajagat ora padha Diparingi. (20)
يٰقَوْمِ ادْخُلُوا الْاَرْضَ الْمُقَدَّسَةَ الَّتِيْ كَتَبَ اللهُ لَكُمْ
He para kaum Ingsun. Sliramu padha mlebuwa ing bumi kang suci (tanah Syam) kang wis Didhawuhake dening Allah, sira padha dingendikakake mlebu ing kono,
وَلَا تَرْتَدُّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِكُمْ فَتَنْقَلِبُوْا خٰسِرِيْنَ﴿21﴾
lan aja padha ngacir mlayu bali, supaya sira aja padha nandhang kapitunan. (21)
قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِنَّ فِيْهَا قَوْمًا جَبَّارِيْنَۖ
Wong-wong mau padha matur: “Dhuh Nabi Musa, siti suci punika isi tiyang ingkang sami ageng inggil, tur gagah perkosa (tetiyang ingkang nindhes sarta nganiaya).
وَاِنَّا لَنْ نَّدْخُلَهَا حَتّٰى يَخْرُجُوْا مِنْهَاۚ
Kita sami mboten kedugi mlebet ing siti suci punika, kajawi menawi tiyang ing ngriku sampun sami kesah medal,
فَاِنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَا فَاِنَّا دٰخِلُوْنَ﴿22﴾
punika kita sami purun mlebet ing siti suci wau.” (22)
قَالَ رَجُلَانِ مِنَ الَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ اَنْعَمَ اللهُ عَلَيْهِمَا
Ing kono ana wong lanang loro (Nabi Yusya’ lan Kalib) iku ewone wong kang wedi nglirwakake prentahing Allah. Allah muga-muga Paring nikmat marang wong lanang Ioro mau.
ادْخُلُوْا عَلَيْهِمُ الْبَابَۚ فَاِذَا دَخَلْتُمُوْهُ فَاِنَّكُمْ غٰلِبُوْنَ ەۙ
Wong lanang loro mau padha celathu mengkene: “He para kanca kabeh. Sira padha mlebua Iawanging negara. Menawa sira wis mlebu ing negara, sira mesthi padha menang.
وَعَلَى اللهِ فَتَوَكَّلُوْٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿23﴾
Yen sira temen padha percaya marang Allah, padha pasraha marang Allah. (23)
قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِنَّا لَنْ نَّدْخُلَهَآ اَبَدًا
Para bani Israil banjur padha matur: “Dhuh Nabi Musa. Menawi tiyangipun ing negeri punika taksih wonten ing mriku, ing selaminipun,
مَّا دَامُوْا فِيْهَاۖ
kita sami mopo mboten purun mlebet ing negari punika,
فَاذْهَبْ اَنْتَ وَرَبُّكَ فَقَاتِلَآ
mila ing samangke Panjenengan kula aturi tindak piyambak kaliyan Pengeran panjenengan mlebet ing negari punika, salajengipun panjenengan perang kanthi Pangeran panjenengan ngayomi saking tiyang ingkang sami gagah prakosa punika.
اِنَّا هٰهُنَا قٰعِدُوْنَ﴿24﴾
Wondene kita sak kanca sadaya sami narimah Iinggih thenguk-thenguk wonten ing ngriki kemawon. (24)
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ لَآ اَمْلِكُ اِلَّا نَفْسِيْ وَاَخِيْ
Nabi Musa nuli munjuk atur ing Allah: “Dhuh Pangeran kawula. Kawula punika rumaos boten gadhah punapa-punapa, kajawi namung saged ngereh badan kawula piyambak saha badanipun sedherek kawula.
فَافْرُقْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ﴿25﴾
Mila samangke kawula mugi Paduka pisahaken kaliyan tiyang ingkang sami fasiq punika.” (25)
قَالَ فَاِنَّهَا مُحَرَّمَةٌ عَلَيْهِمْ اَرْبَعِيْنَ سَنَةًۚ
Allah nuli Paring Pangandika: “Satemene negara suci iku dikaramake tumrap wong-wong mau lawase 40 tahun,
يَتِيْهُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ
wong-wong mau padha bingung kesasar ana ing bumi.
فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ﴿26﴾ ع_4
Jalaran saka iku, sliramu (Musa) aja nganti susah marga tindake wong-wong kang padha fasiq (duraka). (26)
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ ابْنَيْ اٰدَمَ بِالْحَقِّۘ
(Muhammad) sira wacakna marang ummatmu mungguh critane putrane loro Nabi Adam, sliramu critakna kanthi sabenere,
اِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ اَحَدِهِمَا
yaiku nalikane bocah loro mau padha caos qurban konjuk ing Allah, dhek samana qurbane bocah kang siji Katrima dening Allah,
وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْاٰخَرِۗ
yaiku nalikane bocah loro mau padha caos qurban konjuk ing Allah, dhek samana qurbane bocah kang siji Katrima dening Allah, nanging qurbane anak sijine ora Katrima dening Allah.
قَالَ لَاَقْتُلَنَّكَۗ
Ing kono anak kang qurbane ora Katrima banjur celathu marang sedulure kang qurbane Katrima: “Sliramu saiki arep tak pateni.”
قَالَ اِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللهُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ﴿27﴾
Sing arep dipateni mangsuli: “Sliramu aja kleru tampa, qurban kang ditampani Allah iku mesthi qurbane wong kang bekti ing Allah. (27)
لَىِٕنْۢ بَسَطْتَّ اِلَيَّ يَدَكَ لِتَقْتُلَنِيْ
Menawa awakmu ngulurake tanganmu marang aku arep mateni,
مَآ اَنَا۠ بِبَاسِطٍ يَّدِيَ اِلَيْكَ لِاَقْتُلَكَۚ
ingsun ora pisan-pisan ngulurake tanganku arep males mateni,
اِنِّيْٓ اَخَافُ اللهَ رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ﴿28﴾
awit ingsun ajrih marang Allah, Pengerane alam kabeh. (28)
اِنِّيْٓ اُرِيْدُ اَنْ تَبُوْۤاَ بِاِثْمِيْ وَاِثْمِكَ
Satemene kang ingsun karepake supaya sliramu bali mikul dosaku Ian dosamu dhewe,
فَتَكُوْنَ مِنْ اَصْحٰبِ النَّارِۚ
kamangka sliramu dadi saka golongan penduduk neraka,
وَذٰلِكَ جَزَاۤؤُا الظّٰلِمِيْنَۚ﴿29﴾
mengkono iku piwalese wong-wong kang padha nganiaya. (29)
فَطَوَّعَتْ لَهٗ نَفْسُهٗ قَتْلَ اَخِيْهِ
Kasengkuyung dening nefsune, ndadekake (Qabil) kaduga mateni sedulure
فَقَتَلَهٗ فَاَصْبَحَ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ﴿30﴾
banjur kelaksanan mateni temenan. Mulane dheweke dadi ewone wong kang kapitunan (30)
فَبَعَثَ اللهُ غُرَابًا يَّبْحَثُ فِى الْاَرْضِ لِيُرِيَهٗ كَيْفَ يُوَارِيْ سَوْءَةَ اَخِيْهِۗ
Allah banjur ngutus sawijining manuk gagak dukir-dukir ana ing lemah perlu mendhem kancane kang mati, minangka piwulang marang putrane Nabi Adam pretikel nutupi bangkene sadulure kang dipateni.
قَالَ يٰوَيْلَتٰٓى اَعَجَزْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِثْلَ هٰذَا الْغُرَابِ
(Qabil) celathu: “Adhuh bodho temen aku iki yagene aku apes, ora duwe panemu kang kaya manuk gagak iki,
فَاُوَارِيَ سَوْءَةَ اَخِيْۚ
bisa nutupi bangkening sedulurku.”
فَاَصْبَحَ مِنَ النّٰدِمِيْنَۛ﴿31﴾
Putrane Nabi Adam mau banjur getun anggone kesuwen ora mendhem sedulure mung tansah digendhong wae. (31)
مِنْ اَجْلِ ذٰلِكَۛ كَتَبْنَا عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَنَّهٗ
Awit saka penggawene (Qabil) mau mulane Ingsun nemtokake marang wong bani ‘Israil kanthi maringi prenatan,
مَنْ قَتَلَ نَفْسًاۢ بِغَيْرِ نَفْسٍ اَوْ فَسَادٍ فِى الْاَرْضِ
sing sapa mateni wong kang tanpa dosa utawa gawe karusakan ing bumi,
فَكَاَنَّمَا قَتَلَ النَّاسَ جَمِيْعًاۗ
dosane prasasat mateni wong sajagat kabeh.
وَمَنْ اَحْيَاهَا فَكَاَنَّمَآ اَحْيَا النَّاسَ جَمِيْعًاۗ
Dene sing sapa nguripi wong (nyegah wong kang arep mateni tanpa dosa) iku kautamane prasasat nguripi wong sajagat kabeh.
وَلَقَدْ جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُنَا بِالْبَيِّنٰتِ
Wong bani Israil kabeh wis karawuhan para utusaningsun kanthi tandha bebener pirang-pirang.
ثُمَّ اِنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ بَعْدَ ذٰلِكَ فِى الْاَرْضِ لَمُسْرِفُوْنَ﴿32﴾
Sawise ketekan tandha bebener, wong bani Israil mau akeh kang banjur padha ngliwati wates, gawe piolo ana ing bumi. (32)
اِنَّمَا جَزٰۤؤُا الَّذِيْنَ يُحَارِبُوْنَ اللهَ وَرَسُوْلَهٗ
Dene piwalese wong kang padha merangi Allah Ian utusane
وَيَسْعَوْنَ فِى الْاَرْضِ فَسَادًا
Ian tansah gawe rusak ana bumi,
اَنْ يُّقَتَّلُوْٓا اَوْ يُصَلَّبُوْٓا
iku kudu dipateni, utawa dipenthang,
اَوْ تُقَطَّعَ اَيْدِيْهِمْ وَاَرْجُلُهُمْ مِّنْ خِلَافٍ
utawa dikethok tangan Ian sikile diselang-seling,
اَوْ يُنْفَوْا مِنَ الْاَرْضِۗ
utawa padha disingkirake saka bumi kang dienggoni.
ذٰلِكَ لَهُمْ خِزْيٌ فِى الدُّنْيَا
Patrapane kang mengkono iku dienggo ngasorake wong mau ana ing donya.
وَلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ﴿33﴾
Dene mbesuk ana ing akhirat, bakal nandhang siksa kang luwih gedhe. (33)
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْ قَبْلِ اَنْ تَقْدِرُوْا عَلَيْهِمْۚ
Kajaba wong-wong kang padha tobat sadurunge sliramu padha bisa nyekel dheweke.
فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿34﴾ ع_5
Sliramu padha mangertia, satemene Allah iku Maha Paring Pangapura sarta Maha Asih (34)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللهَ
Hai para wong kang iman. Sliramu kabeh padha ngabektia marang Allah,
وَابْتَغُوْٓا اِلَيْهِ الْوَسِيْلَةَ وَجَاهِدُوْا فِيْ سَبِيْلِهٖ
lan padha-a anggulawentah lumantaran kang bisa nyumaketake anggonmu padha temen-temen berjuang ing dalane Allah.
لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ﴿35﴾
Supaya sira pikantuk kabegjan. (35)
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ اَنَّ لَهُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا
Temen saupama para wong kafir iku padha anduweni samubarang isi bumi kabeh,
وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ
lan ditambah semono maneh,
لِيَفْتَدُوْا بِهٖ مِنْ عَذَابِ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ
banjur dienggo nebus awake, supaya aja nganthi kena azab besuk ing dina qiyamat,
مَا تُقُبِّلَ مِنْهُمْۚ
mesthi ora bakal Katarima dening AIIah.
وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿36﴾
Lan tumrap wong kafir iku ana azab kang banget nglarani (36)
يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنَ النَّارِ
Wong-wong kafir mau padha duwe pangarep-arep muga-muga bisa metu saka ing neraka,
وَمَا هُمْ بِخَارِجِيْنَ مِنْهَاۖ
Lan ora pisan-pisan wong-wong mau bisa metu saka ing neraka,
وَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ﴿37﴾
malahan ing kono padha disiksa tanpa leren. (37)
وَالسَّارِقُ وَالسَّارِقَةُ فَاقْطَعُوْٓا اَيْدِيَهُمَا
Wong-wong lanang kang padha nyolong, semono uga wong-wong wadon, iku padha kethok-en tangane,
جَزَاۤءًۢ بِمَا كَسَبَا
minangka patrapan anggone sakarone padha tumindak nyolong.
نَكَالًا مِّنَ اللهِۗ
Iku dumununge siksane Allah marang wong nyolong mau.
وَاللهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿38﴾
Dene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana. (38)
فَمَنْ تَابَ مِنْۢ بَعْدِ ظُلْمِهٖ وَاَصْلَحَ
Dene sing sapa kang taubat sawise nganiaya awake dhewe lan banjur mbeciki kelakuane,
فَاِنَّ اللهَ يَتُوْبُ عَلَيْهِۗ
Setuhune Allah iku Maha Nampa Taubate wong mau.
اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿39﴾
Satemene Allah iku Maha Maringi Pangapura sarta Maha Asih. (39)
اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Apa sira durung mengerti, yen sayektine Kagungane Allah kabeh Panguwasa saindhenging langit lan bumi?
يُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُۗ
Panjenengane Wenang Paring azab marang wong kang Dikersakake , lan Paring Pangapura marang wong kang Dikersakake.
وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿40﴾
Dene Allah iku Maha Kuwasa marang kabeh samubarang. (40)
يٰٓاَيُّهَا الرَّسُوْلُ لَا يَحْزُنْكَ الَّذِيْنَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْكُفْرِ
(Muhammad), aja ndadekake sedhihmu kanthi anane sarupaning wong kang age-age dadi kafir,
مِنَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِاَفْوَاهِهِمْ وَلَمْ تُؤْمِنْ قُلُوْبُهُمْۛ
Yoiku wong kang ngucap kanthi lisane: “Kula punika iman,” nanging batine ora iman,
وَمِنَ الَّذِيْنَ هَادُوْاۛ سَمّٰعُوْنَ لِلْكَذِبِ سَمّٰعُوْنَ لِقَوْمٍ اٰخَرِيْنَۙ
apadene wong Yahudi kang padha manut marang panditane kang njarag goroh, lan padha manut marang wong Yahudi liya-liyane.
لَمْ يَأْتُوْكَۗ يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ مِنْۢ بَعْدِ مَوَاضِعِهٖۚ
Wong-wong Yahudi mau padha ora gelem sowan marang sliramu, malah ngowahi unining kitab Taurat pirang-pirang padha dibuwang saka panggonane.
يَقُوْلُوْنَ اِنْ اُوْتِيْتُمْ هٰذَا فَخُذُوْهُ
Wong Yahudi mau padha ngucap marang kancane: “Menawa Nabi Muhammad aweh pitutur marang kowe kaya pituturku iki iya turuten
وَاِنْ لَّمْ تُؤْتَوْهُ فَاحْذَرُوْاۗ
nanging yen pituture ora kaya pituturku iki, kowe aja manut.
وَمَنْ يُّرِدِ اللهُ فِتْنَتَهٗ
Pangandikane Allah: “Sing sapa Dikersakake dening Allah sasar,
فَلَنْ تَمْلِكَ لَهٗ مِنَ اللهِ شَيْـًٔاۗ
wong mau ora bakal duwe apa-apa kanggo bisa nulak.”
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَمْ يُرِدِ اللهُ اَنْ يُّطَهِّرَ قُلُوْبَهُمْۗ
Dene wong kafir kang mengkono iku mau tetela ora Dikersakake suci atine dening Allah.
لَهُمْ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌۖ
Wong kang mengkono mau ana ing ndonya Dikersakake asor.
وَّلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ﴿41﴾
Dene mbesuk ing akhirat, padha dipatrapi siksa kang gedhe. (41)
سَمّٰعُوْنَ لِلْكَذِبِ اَكّٰلُوْنَ لِلسُّحْتِۗ
Wong kang mengkono mau padha seneng ngrungokake kabar kang goroh, sarta padha dhahar barang kang haram.
فَاِنْ جَاۤءُوْكَ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ اَوْ اَعْرِضْ عَنْهُمْۚ
Menawa wong mangkono mau padha sowan nyuwun bebener marang sliramu Muhammad, iku hukumana perkarane utawa tulaken wae.
وَاِنْ تُعْرِضْ عَنْهُمْ فَلَنْ يَّضُرُّوْكَ شَيْـًٔاۗ
Dene menawa wong mau sira tulak, iku ora bakal mbebayani apa-apa marang sliramu.
وَاِنْ حَكَمْتَ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِۗ
Nanging yen sira hukumi perkarane, sira kudu tumindak hukum adil.
اِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ﴿42﴾
Awit Allah iku Remen marang wong kang padha tumindak adil. (42)
وَكَيْفَ يُحَكِّمُوْنَكَ
Kepriye dheweke bisa ikhlas ngangkat sliramu dadi hakim,
وَعِنْدَهُمُ التَّوْرٰىةُ فِيْهَا حُكْمُ اللهِ
kang mangka dheweke mau duweni kitab Taurat kang wis ana hukume Allah,
ثُمَّ يَتَوَلَّوْنَ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَۗ
nuli dheweke sabubare iku padha mlengos?
وَمَآ اُولٰۤىِٕكَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ﴿43﴾ ع_6
Lan dheweke iku ora klebu wong kang padha iman (marang kitab Qur’an Ian Taurat). (43)
اِنَّآ اَنْزَلْنَا التَّوْرٰىةَ فِيْهَا هُدًى وَّنُوْرٌۚ
Setuhune Ingsun wis Nurunake kitab Taurat kang amot pituduh lan pepadhang,
يَحْكُمُ بِهَا النَّبِيُّوْنَ الَّذِيْنَ اَسْلَمُوْا
dipundi dening para Nabi ing zaman kang uwis, kang padha ngestokake prentahing Allah,
لِلَّذِيْنَ هَادُوْا وَالرَّبَّانِيُّوْنَ وَالْاَحْبَارُ بِمَا اسْتُحْفِظُوْا مِنْ كِتٰبِ اللهِ
(dienggo ngukumi perkarane) wong Yahudi, mengkono uga para pandhitane, Ian para gurune) wong Yahudi iya padha ngukumi perkara nganggo kitabe Allah Taurat kang diturunake supaya para Pendhita lan para guru mau padha ngapalake.
وَكَانُوْا عَلَيْهِ شُهَدَاۤءَۚ
(Dene para Pendhita lan para guru mau) padha dadi seksi (menawa Taurat kang asli iku temen dhawuhe Allah).
فَلَا تَخْشَوُا النَّاسَ وَاخْشَوْنِ
Mulane sira aja padha wedi marang manungsa, nanging wediya marang Ingsun Allah
وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًاۗ
Aja wani-wani ngumpetake ayat-ayat Ingsun, kanggo diijoli perkara donya kang sethithik ajine,
وَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰفِرُوْنَ﴿44﴾
dene sing sapa wani-wani ngukumi perkara tanpa waton kitab kang wis diturunake dening Allah, iku tetep dadi wong kafir. (44)
وَكَتَبْنَا عَلَيْهِمْ فِيْهَآ
Lan Ingsun wis majibake marang dheweke kasebut ana ing kitab Taurat iku,
اَنَّ النَّفْسَ بِالنَّفْسِ وَالْعَيْنَ بِالْعَيْنِ وَالْاَنْفَ بِالْاَنْفِ
menawa ana wong mateni wong, walese ya wong, mripate iya mripat, irunge ya irung,
وَالْاُذُنَ بِالْاُذُنِ وَالسِّنَّ بِالسِّنِّۙ وَالْجُرُوْحَ قِصَاصٌۗ
kuping ya kuping, untu ya untu, lan tatu iku ana piwalese.
فَمَنْ تَصَدَّقَ بِهٖ فَهُوَ كَفَّارَةٌ لَّهٗۗ
Dene sing sapa kang dermakake tebusane, tumindak kang mengkono iku wis dadi panebus dosane.
وَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ﴿45﴾
Lan sing sapa ora gelem ngukumi kanthi pituduh kang wis diturunake dening Allah, sumurupa yen dheweke iku wong kang padha nganiaya. (45)
وَقَفَّيْنَا عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ بِعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ
Sapungkure para nabi mau banjur Ingsun tungka utusan Nabi lsa putrane Maryam,
مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرٰىةِۖ
nyocogi unine kitab Taurat cecekelane wong bani lsrail,
وَاٰتَيْنٰهُ الْاِنْجِيْلَ فِيْهِ هُدًى وَّنُوْرٌۙ
lan Ingsun maringi kitab Injil marang Nabi Isa kang amot pitedah Ian pepadhang
وَّمُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرٰىةِ
sarta minangka kanggo nyekseni menawa kitab Taurat cecekelane wong bani Israil iku temen terang saka Allah, apadene kitab Injil iku.
وَهُدًى وَّمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَۗ﴿46﴾
minangka pituduh Ian pitutur tumrap wong kang wedi ing Allah. (46)
وَلْيَحْكُمْ اَهْلُ الْاِنْجِيْلِ بِمَآ اَنْزَلَ اللهُ فِيْهِۗ
Lan wong ahli kitab Injil padha ngukumana Ian ngestokna samubarang kang wis diturunake dening Allah kasebut ing kitab lnjil mau.
وَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ﴿47﴾
Dene sing sapa ora ngestokake barang kang wis diturunake dening Allah, iku tetep wong fasiq (duraka). (47)
وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ
Lan Ingsun wis nurunake marang sliramu kitab Al-Qur’ an, klawan isi bebener nyata,
مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ الْكِتٰبِ وَمُهَيْمِنًا عَلَيْهِ
minangka nemenake karo surasane kitab kang luwih dhisik, lan minangka kang anjaga kitab-kitab mau,
فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللهُ
Mulani sliramu ngukumana kanthi pituduh kang wis kaparingake,
وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْ عَمَّا جَاۤءَكَ مِنَ الْحَقِّۗ
lan aja nuruti karepe hawa nepsune wong ahli kitab, nganti ninggalake pituduh kang bener
لِكُلٍّ جَعَلْنَا مِنْكُمْ شِرْعَةً وَّمِنْهَاجًاۗ
Saben Nabi kang kautus, mesthi padha mengku syare’at ana dalan putuduh dhewe-dhewe
وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً
lan menawa dadi Kaparenging Kersane Allah, Panjenengane Kuwasa Ndadekake sliramu kabeh ummat kang siji (banjur ora ana pasulayan),
وَّلٰكِنْ لِّيَبْلُوَكُمْ فِيْ مَآ اٰتٰىكُمْ فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ
nanging Panjenengane Kersa Nyoba marang sliramu kabeh ing babagan setiatuhumu kabeh. Jalaran saka iku sliramu padha lelombana ing nindakake kabecikan.
اِلَى اللهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا
Sira kabeh ing tembe bakal padha bali sowan marang Ngarsane Allah.
فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَۙ﴿48﴾
lng kono Allah bakal njlentrehake marang sliramu kabeh (bab beda-bedane syare’ at kang padha sira tindakake. Ugo undha-usuking bab ganjaran, azab, setiatuhu Ian kaluputan) babagan kang sira anggo gegesehan.(48)
وَاَنِ احْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللهُ
Lan supaya sliramu ngukumi pasulayane (wong Yahudi) kanthi barang kang wis diturunake dening Allah.
وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْ وَاحْذَرْهُمْ اَنْ يَّفْتِنُوْكَ
Sliramu aja nuruti hawa nepsune (ature wong Yahudi wae), waspada-a, aja nganti kena difitnah (dening wong Yahudi)
عَنْۢ بَعْضِ مَآ اَنْزَلَ اللهُ اِلَيْكَۗ
kang sumedya nylewengake sliramu saka barang kang wis diturunake dening Allah marang sliramu.
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمْ اَنَّمَا يُرِيْدُ اللهُ اَنْ يُّصِيْبَهُمْ بِبَعْضِ ذُنُوْبِهِمْۗ
Yen dheweke mlengos (saka hukum kang wis didhawuhake Allah), mengertiya yen Allah Kagungan Kersa nibakake azab marang dheweke kabeh jalaran saka saperangan dosa-dosane.
وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ لَفٰسِقُوْنَ﴿49﴾
Satemene akeh-akehe manungsa cetha padha fasiq. (49)
اَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُوْنَۗ
Apa dheweke (wong Yahudi) padha ngarepi hukum Jahiliyah?,
وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللهِ حُكْمًا لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ﴿50﴾ ع_7
Lan sapa kang anggone ngukumi, luwih becik ngungkuli hukume Allah? Tumrap wong-wong kang padha yakin? (50)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
Hai para wong kang iman kabeh!
لَا تَتَّخِذُوا الْيَهُوْدَ وَالنَّصٰرٰٓى اَوْلِيَاۤءَۘ
Sliramu aja padha ngalap wong-wong (Yahudi lan Nasrani) dadi panguwasamu.
بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ
Sawenehe wong-wong mau padha dadi kekasihe saweneh liyane.
وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ مِّنْكُمْ فَاِنَّهٗ مِنْهُمْۗ
Dene sing sapa kang nguwasak-ake marang wong-wong mau, satemene dheweke (dadi) golongane wong-wong mau.
اِنَّ اللهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ﴿51﴾
Satemene Allah ora kersa paring pitedah marang wong kang padha nganiaya marang awake dhewe. (51)
فَتَرَى الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ
Mulane sliramu (tansah) sumurupa marang wong-wong munafiq kang atine ana lelarane,
يُّسَارِعُوْنَ فِيْهِمْ يَقُوْلُوْنَ نَخْشٰٓى اَنْ تُصِيْبَنَا دَاۤىِٕرَةٌۗ
Dheweke iku padha balap-balapan rikat-rikatan marani wong kang dikuwasakake (Yahudi lan Nasrani) mau karo padha ngucap: “Kita kabeh padha wedi, menawa nganti nandhang kecilakan,”
فَعَسَى اللهُ اَنْ يَّأْتِيَ بِالْفَتْحِ اَوْ اَمْرٍ مِّنْ عِنْدِهٖ
muga-muga Allah Ngrawuhake marang utusane kemenangan sarta pitulung saka Ngarsane,
فَيُصْبِحُوْا عَلٰى مَآ اَسَرُّوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ نٰدِمِيْنَۗ﴿52﴾
supaya wong-wong munafiq padha nggetuni barang kang wis diumpetake. (52)
وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَهٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْۙ اِنَّهُمْ لَمَعَكُمْۗ
Para wong kang iman padha rerasan karo kancane: “Adhuh, apa wong munafiq kang padha sepata nganggo nyebut Asmane Allah, sanggem mbiyantu marang sliramu?”
حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فَاَصْبَحُوْا خٰسِرِيْنَ﴿53﴾
(Pangandikane Allah): “Wong-wong munafiq iku kabecikan amale wis sirna kabeh, nuli dheweke dadi wong kang kapitunan.” (53)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَنْ يَّرْتَدَّ مِنْكُمْ عَنْ دِيْنِهٖ
Para Kang Iman kabeh! Sapa sliramu kang murtad (mbalik) saka agamane,
فَسَوْفَ يَأْتِى اللهُ بِقَوْمٍ يُّحِبُّهُمْ وَيُحِبُّوْنَهٗٓۙ
weruha yen Allah bakal Ndatengake golongan wong-wong kang ditresnani dening Allah, lan ugo tresna marang Allah
اَذِلَّةٍ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اَعِزَّةٍ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۖ
Kang kagungan sifat welas asih lan andap asor karo sapodho-podhone wong kang Iman, tur benget tegas marang wong-wong kang kafir.
يُجَاهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ وَلَا يَخَافُوْنَ لَوْمَةَ لَاۤىِٕمٍۗ
Padha gumreah sedya berjuang ing Dalane Allah, ora wedi saka pencacate wong kang nacat.
ذٰلِكَ فَضْلُ اللهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Mengkono iku kanugrahane Allah. Panjenengane Maringake marang wong kang dadi Pareng Kersane.
وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ﴿54﴾
Dene Allah iku Maha Jembar sarta Maha Ngudaneni. (54)
اِنَّمَا وَلِيُّكُمُ اللهُ وَرَسُوْلُهٗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوا
Sejatine kang mitulungi sliramu mung Allah, utusane sarta wong-wong kang padha Iman,
الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ رَاكِعُوْنَ﴿55﴾
kang padha nindakake shalat lan aweh zakat, sarta dheweke iku padha tumundhuk rukuk marang Allah. (55)
وَمَنْ يَّتَوَلَّ اللهَ وَرَسُوْلَهٗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
Lan sing sapa kang masrahake perkarane marang Allah, marang utusane, lan marang para wong-wong kang Iman,
فَاِنَّ حِزْبَ اللهِ هُمُ الْغٰلِبُوْنَ﴿56﴾ ع_8
Satemene wadyabalane iku mesti menang. (56)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
He para wong kang Iman kabeh!
لَا تَتَّخِذُوا الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَكُمْ هُزُوًا وَّلَعِبًا
Sliramu aja padha ndadekake wong kang tansah padha nganggo geguyon lan dolanan agamamu,
مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَالْكُفَّارَ اَوْلِيَاۤءَۚ
yaiku saka golongane wong kang wis diparingi kitab ing sadurungmu, lan soko golongane wong-wong kafir, dadi pemimpinmu,
وَاتَّقُوا اللهَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿57﴾
Lan sliramu padha ngabektia marang Allah menawa sliramu temen-temen padha Iman. (57)
وَاِذَا نَادَيْتُمْ اِلَى الصَّلٰوةِ اتَّخَذُوْهَا هُزُوًا وَّلَعِبًاۗ
Lan menawa sira ngajak wong mau supaya dheweke padha nindakake sholat, dheweke banjur gawe sholat iku dadi geguyon lan dolanan.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْقِلُوْنَ﴿58﴾
Kang mengkono iku jalaran dheweke kabeh kelebu golongane wong- wong kang ora duwe akal. (58)
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ
Dhawuha (Muhammad): “He para golongane Ahli Kitab!
هَلْ تَنْقِمُوْنَ مِنَّآ اِلَّآ اَنْ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ
Apa sliramu padha gething marang ingsun karana ingsun Iman marang Allah
وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلُۙ
sarta apa-apa kang kadhawuhake marang ingsun, Ian apa-apa kang kadhawuhake ing sadurung ingsun?
وَاَنَّ اَكْثَرَكُمْ فٰسِقُوْنَ﴿59﴾
Lan dene akeh-kehane sliramu iku padha fasiq.” (59)
قُلْ هَلْ اُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِّنْ ذٰلِكَ مَثُوْبَةً عِنْدَ اللهِۗ
Dhawuha Muhammad: “Apa sliramu padha gelem dak kandhani wong kang luwih ala tinimbang iku wawalese mungguhing Allah?
مَنْ لَّعَنَهُ اللهُ وَغَضِبَ عَلَيْهِ
Sing luwih ala yaiku sapa kang dilaknati dening Allah sarta kang katibanan bendune,
وَجَعَلَ مِنْهُمُ الْقِرَدَةَ وَالْخَنَازِيْرَ وَعَبَدَ الطَّاغُوْتَۗ
malah ana kang padha kadadekake kethek, celeng, lan kang ngabdi setan.
اُولٰۤىِٕكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضَلُّ عَنْ سَوَاۤءِ السَّبِيْلِ﴿60﴾
Iku padha luwih ala panggonane sarta luwih sasar saka dalan kang bener. (60)
وَاِذَا جَاۤءُوْكُمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّا
Menawa dheweke (wong-wong Yahudi kang padha munafik) mau padha sowan marang sliramu, kanthi matur: “Kita sapunika sami Iman,”
وَقَدْ دَّخَلُوْا بِالْكُفْرِ وَهُمْ قَدْ خَرَجُوْا بِهٖۗ
nanging sejatine wong-wong mau kalebu wong kafir, lan padha metu uga klawan kekafiran. “
وَاللهُ اَعْلَمُ بِمَا كَانُوْا يَكْتُمُوْنَ﴿61﴾
Dene Allah luwih Wuninga marang samubarang kang padha diumpetake (61)
وَتَرٰى كَثِيْرًا مِّنْهُمْ يُسَارِعُوْنَ فِى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ
Lan sliramu (Muhammad) tansah mangertia, yen akeh-akehe wong mau padha rerikatan anggone tumindak dosa Ian memungsuhan
وَاَكْلِهِمُ السُّحْتَۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿62﴾
Ian ugo dhahar barang kang haram. Yekti ala temen apa-apa kang padha ditindakake. (62)
لَوْلَا يَنْهٰىهُمُ الرَّبَّانِيُّوْنَ وَالْاَحْبَارُ
Para pendhita Ian para gurune wong Yahudi apa ora nyegah wong-wong Yahudi
عَنْ قَوْلِهِمُ الْاِثْمَ وَاَكْلِهِمُ السُّحْتَۗ
anggone padha ngucap goroh, Ian anggone padha dhahar barang larangan.
لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ﴿63﴾
Ala temen tindake para pendhita lan para guru mau. (63)
وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ يَدُ اللهِ مَغْلُوْلَةٌۗ
Lan wong-wong Yahudi padha ngucap: “Astane Allah iku keblenggu (nggegem-Allah iku medhit),”
غُلَّتْ اَيْدِيْهِمْ وَلُعِنُوْا بِمَا قَالُوْاۘ
Sabenere kang tangane kabelenggu (medhit) iku dheweke dhewe, padha dibendoni saka anggone padha ngucap kang mengkono mau.
بَلْ يَدٰهُ مَبْسُوْطَتٰنِۙ يُنْفِقُ كَيْفَ يَشَاۤءُۗ
Satemene Astane Allah loro pisan iku kebuka (banget lomane), Maha Peparing Sakersane.
وَلَيَزِيْدَنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ مَّآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ طُغْيَانًا وَّكُفْرًاۗ
(Para panggedhene lan gurune wong Yahudi mau) ing tembe bakal sangsaya tambah kesasare Ian kafire marang kitab Al-Qur’ an kang wis diturunake dening Pangeranmu (Muhammad).
وَاَلْقَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۗ
Lan Ingsun wis nyelehake ing atine rasa sesatron lan gethinge wantarane wong Yahudi mau nganthi tekan dina qi yamat.
كُلَّمَآ اَوْقَدُوْا نَارًا لِّلْحَرْبِ اَطْفَاَهَا اللهُۙ
Saben Wong Yahudi mau ngurubake geni kanggo perang (nglawan Nabi Muhammad), geni mau dipateni dening Allah.
وَيَسْعَوْنَ فِى الْاَرْضِ فَسَادًاۗ
(Wong Yahudi mau) padha tumindak gawe rusak ana ing bumi.
وَاللهُ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِيْنَ﴿64﴾
Dene Allah iku Ora Remen marang wong kang padha gawe rusak. (64)
وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْكِتٰبِ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا
Saupama wong ahli kitab iku padha percaya ing Nabi Muhammad, sarta padha ngabekti ing Allah,
لَكَفَّرْنَا عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ
mesthi Ingsun tutupi sakehing alane
وَلَاَدْخَلْنٰهُمْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ﴿65﴾
lan mesthi padha lngsun lebokake ing suwarga Na’iem. (65)
وَلَوْ اَنَّهُمْ اَقَامُوا التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِمْ مِّنْ رَّبِّهِمْ
Lan saupama (wong-wong ahli kitab iku) padha ngestokake dhawuhe kitab Taurat Ian kitab Injil, lan kang wis dirurunake marang wong-wong mau saka Pengerane,
لَاَكَلُوْا مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ اَرْجُلِهِمْۗ
mesthi wong-wong mau padha dhahar rezeki Peparinge Allah saka ing dhuwur lan saka ngisor sikile.
مِنْهُمْ اُمَّةٌ مُّقْتَصِدَةٌۗ
Sawenehe wong-wong mau ana kang lurus tindake,
وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ سَاۤءَ مَا يَعْمَلُوْنَ﴿66﴾ ع_9
nanging akeh-akehe padha tumindak ala. (66)
يٰٓاَيُّهَا الرَّسُوْلُ بَلِّغْ مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَۗ
He utusaningsun (Muhammad). Sliramu terusna samubarang kang wis diturunake dening Pangeranmu.
وَاِنْ لَّمْ تَفْعَلْ فَمَا بَلَّغْتَ رِسٰلَتَهٗۗ
Menawa sira ora ngestokake (ana kang sira umpetake) iya jeneng sliramu ora nekakake dhawuhe Allah.
وَاللهُ يَعْصِمُكَ مِنَ النَّاسِۗ
Dene Allah iku Kepareng Ngreksa sliramu saka pioloning manungsa.
اِنَّ اللهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ﴿67﴾
Satemene Allah iku Ora Kersa Paring Pitedah marang wong-wong kang padha kafir. (67)
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَسْتُمْ عَلٰى شَيْءٍ حَتّٰى تُقِيْمُوا التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ
(Muhammad) dhawuha: “He para ahli kitab! Sira iku ora bakal diarani wong kang nindakake agama kang bener, nganti sira kabeh padha ngestokake (dhawuhe) kitab Taurat lan Injil
وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْۗ
lan kitab kang wis diturunake marang sliramu saka Ngarsane Pengeranmu,”
وَلَيَزِيْدَنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ مَّآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ طُغْيَانًا وَّكُفْرًاۚ
Kitab Qur’ an kang wis diturunake marang sliramu saka Pengeranmu, iku temen bakal nambahi akeh-akehe wong-wong mau anggone njarag ngliwati wates lan saya tambah kafir.
فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ﴿68﴾
Jalaran iku sliramu aja susah lan sedhih marga tindake golongan kang padha kafir. (68)
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالصَّابِـُٔوْنَ وَالنَّصٰرٰى
Satemene wong-wong kang padha Iman, wong-wong Yahudi lan wong-wong Shabi’in (wong-wong kang ora duwe cecekelan agama) sarta wong Nashara
مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا
sapa kang gelem percaya ing Allah lan dina akhir lan banjur padha tumindak becik,
فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿69﴾
wong-wong mau ora perlu padha ajrih lan ora perlu padha susah. (69)
لَقَدْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَاَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمْ رُسُلًاۗ
Yekti temen Ingsun wis Mundhut prajanjiane para turun Israil Ian Ingsun wis Ngutus para utusan marang dheweke;
كُلَّمَا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌۢ بِمَا لَا تَهْوٰٓى اَنْفُسُهُمْۙ
saben-saben ana utusan teka marang dheweke kalawan samubarang kang ora dadi pepenginane jiwane,
فَرِيْقًا كَذَّبُوْا وَفَرِيْقًا يَّقْتُلُوْنَ﴿70﴾
sing sagolongan padha nggorohake Ian sing sagolongan maneh padha mateni utusan mau. (70)
وَحَسِبُوْٓا اَلَّا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ
Dheweke tumindak mengkono jalaran padha ngira, menawa ora bakal kena coba saka ngarsane Allah,
فَعَمُوْا وَصَمُّوْا ثُمَّ تَابَ اللهُ عَلَيْهِمْ
nuli padha wuta ora weruh barang kang bener lan tuli saka ngrungokake barang kang bener, nuli Panjenengane Allah paring pangapura marang wong-wong mau,
ثُمَّ عَمُوْا وَصَمُّوْا كَثِيْرٌ مِّنْهُمْۗ
ananging akeh-akehe wong-wong mau padha bali wuta lan tuli maneh.
وَاللهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ﴿71﴾
Allah Maha Wuninga sekabehing samubarang kang padha ditindakake. (71)
لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللهَ هُوَ الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَۗ
Wong-wong (Nasrani) dadi kafir nalikane padha ngucap: “Satemene Allah iku ya Nabi Isa putrane Maryam.”
وَقَالَ الْمَسِيْحُ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اعْبُدُوا اللهَ رَبِّيْ وَرَبَّكُمْۗ
Kamangka Nabi Isa wis dhawuh: “He para bani Israil, sira padha manembaha ing Allah Pengeraningsun, lan Pengeranmu kabeh.”
اِنَّهٗ مَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوٰىهُ النَّارُۗ
Sing sapa nyekuthokake anggone manembah Allah, dheweke iku diharamake mlebu suwarga, panggonane ana ing neraka.
وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ﴿72﴾
Dene wong kang padha nganiaya marang awake dhewe iku mesthi ora ana kang bisa nulungi nulak saka azabe Allah (72)
لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللهَ ثَالِثُ ثَلٰثَةٍۘ وَمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّآ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۗ
Wong Nasrani kang padha ngucap: “Allah iku Pengeran kang kaping telu saka Pengeran telu, iku tetep dadi kafir awit ora ana Pengeran kang wajib disembah kajaba mung Pengeran Kang Sawiji, yaiku Allah.
وَاِنْ لَّمْ يَنْتَهُوْا عَمَّا يَقُوْلُوْنَ
Dene wong Nasrani mau menawa ora leren anggone ngucap mengkono mau
لَيَمَسَّنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿73﴾
ing besuk kalebu kang padha ngrasakake azab kang nglarakake. (73)
اَفَلَا يَتُوْبُوْنَ اِلَى اللهِ وَيَسْتَغْفِرُوْنَهٗۗ
Apa dbeweke kabeh ora banjur padha enggal-enggal tobat marang Allah Ian nyuwun pangapura rnarang Panjenengane?
وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿74﴾
Dene Allah iku Maha Paring Ngapura sarta Maha Asih. (74)
مَا الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَ اِلَّا رَسُوْلٌۚ
Nabi Isa AI Masih putrane Maryam iku ora ana liya kejaba dadi utusane Allah,
قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِ الرُّسُلُۗ
kaya dene para utusan sadurunge.
وَاُمُّهٗ صِدِّيْقَةٌۗ كَانَا يَأْكُلَانِ الطَّعَامَۗ
Dene ibune Nabi Isa iku sawijining wanodya kang banget sumengkeme marang Allah (kang pangucape temen). Sakarone iku iya padha dhahar dhedhaharan kaya lumrahe manungsa.
اُنْظُرْ كَيْفَ نُبَيِّنُ لَهُمُ الْاٰيٰتِ ثُمَّ انْظُرْ اَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ﴿75﴾
Sliramu ndelenga kepriye anggoningsun nerangake marang wong-wong mau tandha bebener, nuli sira ndelenga kepriye anggone padha diplencengake saka kabeneran (padha nampik marang kebeneran). (75)
قُلْ اَتَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ مَا لَا يَمْلِكُ لَكُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًاۗ
(He Muhammad, sliramu dhawuhaJ “Ya gene sira padha manembah saliyane Allah kang ora kuwasa gawe kemudharatan lan ora kuwasa gawe manfangat kanggo sliramu?”
وَاللهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿76﴾
Lan Allah iku Maha Midhanget serta Maha Ngudaneni.” (76)
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَا تَغْلُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ غَيْرَ الْحَقِّ
(Muhammad, sira dhawuha): “He wong ahli kitab, sliramu aja padha kesengsem marang anggonmu padha nglakoni agama ora klawan bener,
وَلَا تَتَّبِعُوْٓا اَهْوَاۤءَ قَوْمٍ قَدْ ضَلُّوْا مِنْ قَبْلُ وَاَضَلُّوْا كَثِيْرًا
lan sira aja manut marang hawa nepsune golongan, kang maune pancen wus kesasar Ian gawene nyasarake akeh-akehe manungsa,
وَّضَلُّوْا عَنْ سَوَاۤءِ السَّبِيْلِ﴿77﴾ ع_11
dheweke kesasar saka dalan kang jejeg. (77)
لُعِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَلٰى لِسَانِ دَاوٗدَ وَعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَۗ
Wong-wong bani Israil kang padha kafir padha dibendoni dening Allah kang kawetu saka lisane Nabi Dawud Ian Nabi Isa putrane Maryam.
ذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ﴿78﴾
Kang mengkono iku jalaran padha bangkang Ian jalaran anggone padha ngliwati wates. (78)
كَانُوْا لَا يَتَنَاهَوْنَ عَنْ مُّنْكَرٍ فَعَلُوْهُۗ
Dheweke iku ora padha cegah-cinegah saka tindak murang tata,
لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ﴿79﴾
sayektine ala temen kelakuan kang padba ditindakake. (79)
تَرٰى كَثِيْرًا مِّنْهُمْ يَتَوَلَّوْنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ
(Muhammad) sliramu ndheleng wong-wong Yahudi lan Nashrani iku padha memitran karo wong-wong kafir (musyrik).
لَبِئْسَ مَا قَدَّمَتْ لَهُمْ اَنْفُسُهُمْ
Ala temen samubarang kang wis ditindakake,
اَنْ سَخِطَ اللهُ عَلَيْهِمْ وَفِى الْعَذَابِ هُمْ خٰلِدُوْنَ﴿80﴾
kang anjalari katrapan benduning Allah, bakal salawase manggon ing sajroning siksa. (80)
وَلَوْ كَانُوْا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالنَّبِيِّ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ
Lan saupama wong Yahudi Ian wong Nasrani padha percaya marang Allah, lan marang Nabi (Muhammad) lan marang kitab Al-Qur’an,
مَا اتَّخَذُوْهُمْ اَوْلِيَاۤءَ
mesthine ora ngalap memitran karo wong-wong kafir,
وَلٰكِنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ﴿81﴾
ananging akeh-akehe wong-wong mau padha duraka. (81)
لَتَجِدَنَّ اَشَدَّ النَّاسِ عَدَاوَةً لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا الْيَهُوْدَ وَالَّذِيْنَ اَشْرَكُوْاۚ
Sira bakal ketemu wong kang kaluwih-luwih anggone padha mungsuhi marang wong-wong mukmin, yaiku wong-wong Yahudi lan wong musyrik,
وَلَتَجِدَنَّ اَقْرَبَهُمْ مَّوَدَّةً لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّا نَصٰرٰىۗ
lan sira uga bakal ketemu wong-wong kang banget celak tresnane marang para wong mukmin, yaiku wong-wong kang padha ngucap: “Sate mene kita iki (wong) Nasrani,”
ذٰلِكَ بِاَنَّ مِنْهُمْ قِسِّيْسِيْنَ وَرُهْبَانًا
kang mengkono iku, jalaran saka wong-wong mau ana pendhita-pendhitane Ian ana rahib-rahibe,
وَّاَنَّهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ﴿82﴾الجزء
lan jalaran wong-wong mau ora padha ambeg gumedhe. (82)
وَاِذَا سَمِعُوْا مَآ اُنْزِلَ اِلَى الرَّسُوْلِ
Lan nalikane wong Nasrani mau padha krungu unining kitab (Al-Qur’an) kang diturunake marang utusane Pangeran (Muhammad),
تَرٰٓى اَعْيُنَهُمْ تَفِيْضُ مِنَ الدَّمْعِ مِمَّا عَرَفُوْا مِنَ الْحَقِّۚ
sira weruh mripate wong-wong mau padha nrocos ngetokake eluh, marga anggone padha weruh barang kang bener nyata.
يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اٰمَنَّا فَاكْتُبْنَا مَعَ الشّٰهِدِيْنَ﴿83﴾
Wong-wong mau banjur padha munjuk atur: “Dhuh Pengeran kawula. Kawula sami pitados (dhateng rasul Ian Kitab Paduka), mila mugi Paduka kersa nyerat kita katunggilaken golongan kaliyan tiyang ingkang sami nekseni (83)
وَمَا لَنَا لَا نُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَمَا جَاۤءَنَا مِنَ الْحَقِّۙ وَنَطْمَعُ
Lan kita boten pantes menawi kita boten sami pitados ing Allah lan ing dhatengipun bebener ingkang sayektosipun sampun kita ajeng-ajeng,
اَنْ يُّدْخِلَنَا رَبُّنَا مَعَ الْقَوْمِ الصّٰلِحِيْنَ﴿84﴾
mugi Pengeran nglebetaken kita kagolong tiyang-tiyang ingkang sami tumindak kesaenan. (84)
فَاَثَابَهُمُ اللهُ بِمَا قَالُوْا
Awit saka pangucape wong Nasrani kang kaya mengkono mau,
جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ
mulane Allah banjur Paring ganjaran suwarga kang sangisore ana bengawane mili, ana ing kono bakal padha langgeng.
وَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْمُحْسِنِيْنَ﴿85﴾
Mengkono dumunung piwales marang wong-wong kang padha agawe becik. (85)
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ
Dene wong-wong kang padha kafir lan padha anggorohake ayat-ayat Ingsun,
اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ﴿86﴾ ع_11
bakal padha dipanggonake ana ing neraka Jahim. (86)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحَرِّمُوْا طَيِّبٰتِ مَآ اَحَلَّ اللهُ لَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوْاۗ
Para wong mukmin kabeh. Sliramu aja padha ngeharamake dhaharan kang becik, kang wis dihalalake dening Allah marang sliramu, aja padha tumindak ngliwati wates.
اِنَّ اللهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ﴿87﴾
Satemene Allah iku Ora Remen marang wong kang padha tumindak ngliwati wates. (87)
وَكُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللهُ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ
Padha dhahara rezeki peparinge Allah, kang halal lan becik.
وَّاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْٓ اَنْتُمْ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ﴿88﴾
Lan padha ngabektia marang Allah kang ateges sliramu dadi wong kang iman. (88)
لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللهُ بِاللَّغْوِ فِيْٓ اَيْمَانِكُمْ
Allah Ora Kersa Matrapi sepatamu kang ora kawetu saka ati,
وَلٰكِنْ يُّؤَاخِذُكُمْ بِمَا عَقَّدْتُّمُ الْاَيْمَانَۚ
nanging Matrapi sepatamu kang kawetu soko sajeroning ati.
فَكَفَّارَتُهٗٓ اِطْعَامُ عَشَرَةِ مَسٰكِيْنَ
(Dene yen sliramu nganti nerjang sepata), tebusane kudu menehi dhahar marang para wong miskin cacahe 10,
مِنْ اَوْسَطِ مَا تُطْعِمُوْنَ اَهْلِيْكُمْ
arupa dhaharan kang ora kudu unggul Ian ora kena kang asor banget, yoiku kaya dene dhaharan kang sira wenehake marang kulawargamu dhewe.
اَوْ كِسْوَتُهُمْ اَوْ تَحْرِيْرُ رَقَبَةٍۗ
Siji-sijining wong miskin sak mud, utawa aweh sandhangan marang wong miskin cacahe 10, utawa merdikakake kawula kang mukmin.
فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلٰثَةِ اَيَّامٍۗ
Dene sing sapa ora bisa nglakoni salah sijining 3 perkara mau, tebusane kudu pasa 3 dina.
ذٰلِكَ كَفَّارَةُ اَيْمَانِكُمْ اِذَا حَلَفْتُمْۗ
Kang kasebut mau dadi tebusane sepatamu kang sira terjang.
وَاحْفَظُوْٓا اَيْمَانَكُمْۗ
Iku kabeh supaya sliramu padha ngati-ati lan ora nganti nerjang sepata.
كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ﴿89﴾
Kaya mengkono anggone Allah Nerangake ayat-ayate marang sliramu, supaya padha syukur. (89)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا
Para mukmin kabeh.
اِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْاَنْصَابُ وَالْاَزْلَامُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ الشَّيْطٰنِ
Satemene minuman keras, ngabotohan, manembah brahala sarta undian kangge meruhi ala becike nasib, iku klebu tindak kang jember, saka lakune syetan.
فَاجْتَنِبُوْهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ﴿90﴾
Sliramu padha ngedohana supaya padha pikantuk kabegjan. (90)
اِنَّمَا يُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّوْقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ
Karepe setan mono arep agawe rasa gething lan memungsuhan ing antarane sliramu,
وَالْبَغْضَاۤءَ فِى الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ
kanthi jalaran minuman keras Ian ngabotohan,
وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللهِ وَعَنِ الصَّلٰوةِ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّنْتَهُوْنَ﴿91﴾
lan nyegah sliramu eling marang Allah Ian nindhakake shalat, Ian apa sliramu kabeh padha gelem mareni? (91)
وَاَطِيْعُوا اللهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاحْذَرُوْاۚ
Lan sliramu padha tha’ata ing Allah lan Utusane, padha ngati-atia
فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْٓا
Dene yen sliramu padha mlengos, padha weruha,
اَنَّمَا عَلٰى رَسُوْلِنَا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ﴿92﴾
satemene kewajibane Utusan Ingsun iku mung ndugekake piwulang kang terang. (92)
لَيْسَ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Ora pisan-pisan ana cacade tumrap wong kang njaga Iman lan nindakake kebecikan,
جُنَاحٌ فِيْمَا طَعِمُوْٓا اِذَا مَا اتَّقَوْا
amarga ngati-ati dhahar dhaharan sing wis kapungkur, kanthi tetep taqwa,
وَّاٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Lan iman, ugo nindhaake amalan-amalan sholeh,
ثُمَّ اتَّقَوْا وَّاٰمَنُوْا ثُمَّ اتَّقَوْا وَّاَحْسَنُوْاۗ
banjur tetep taqwa lan iman, banjur tetep taqwa, lan tumindhak becik.
وَاللهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ﴿93﴾ ع_12
Allah iku Remen marang para kang padha agawe becik. (93)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَيَبْلُوَنَّكُمُ اللهُ بِشَيْءٍ مِّنَ الصَّيْدِ
Para mukmin kabeh. Allah bakal Paring coba marang sliramu sarana beburon hewan,
تَنَالُهٗٓ اَيْدِيْكُمْ وَرِمَاحُكُمْ
kang cilik kena sira cekel nganggo tangan, kang gedhe kena sira pikut kanthi gaman, nanging padha dilarang mbebedhag hewan mau.
لِيَعْلَمَ اللهُ مَنْ يَّخَافُهٗ بِالْغَيْبِۚ
Mulane sira padha dicoba mengkono, murih Allah Meruhake sliramu sapa sing wedi marang Panjenengane senadyan ora kasat mata,
فَمَنِ اعْتَدٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَلَهٗ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿94﴾
dene sing sapa kang nerak paugeran sawise iku, dheweke bakal oleh patrapan siksa kang nglarani. (94)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقْتُلُوا الصَّيْدَ وَاَنْتُمْ حُرُمٌۗ
He para mukmin kabeh. Yen sliramu sajrone isih padha nglakoni Ihram, aja padha mateni hewan beburon.
وَمَنْ قَتَلَهٗ مِنْكُمْ مُّتَعَمِّدًا فَجَزَاۤءٌ مِّثْلُ مَا قَتَلَ مِنَ النَّعَمِ
Sapa kang njarag mateni hewan beburon, iku dipatrapi kaya patrapane yen mateni hewan ingon, sak murwate gedhe cilik hewan kang dipateni.
يَحْكُمُ بِهٖ ذَوَا عَدْلٍ مِّنْكُمْ هَدْيًاۢ بٰلِغَ الْكَعْبَةِ
Dene kang netepake murwate mau kudu kancamu wong lanang loro kang padha adil. Patrapan dhendhan iku minangka pisungsung katur marang Ka’bah,
اَوْ كَفَّارَةٌ طَعَامُ مَسٰكِيْنَ اَوْ عَدْلُ ذٰلِكَ صِيَامًا لِّيَذُوْقَ وَبَالَ اَمْرِهٖۗ
utawa penebuse keluputan mau, perlu aweh marang wong miskin, kanthi adil, utawa kudu nglakoni pasa sedina. Dipatrapi mengkono, supaya wong kang keluputan mau ngrasakake aboting kaluputan kang wis dilakoni.
عَفَا اللهُ عَمَّا سَلَفَۗ
Allah kepareng paring pangapura tumrap perkara kang wis kebacut sliramu tindakake.
وَمَنْ عَادَ فَيَنْتَقِمُ اللهُ مِنْهُۗ وَاللهُ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍ﴿95﴾
Dene sing sapa mbaleni nglakoni keluputane maneh, Allah bakal matrapi marang wong mau. Dene Allah iku Maha Gagah sarta Kagungan Azab. (95)
اُحِلَّ لَكُمْ صَيْدُ الْبَحْرِ وَطَعَامُهٗ مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِلسَّيَّارَةِۚ
Sira kabeh padha diparengake dhahar beburon hewan segara, lan dhaharan saka wetuning segara, minangka bebungah marang sira kabeh, lan marang wong kang ana ing lelungan,
وَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ صَيْدُ الْبَرِّ مَا دُمْتُمْ حُرُمًاۗ
Lan maneh sajroning sira padha nglakoni ihram padha dilarang dhahar beburon hewan dharatan.
وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ﴿96﴾
Lan sira padha ngabektia ing Allah kang ing tembe sira padha Dikumpulake sowan ana ing Ngarsane. (96)
جَعَلَ اللهُ الْكَعْبَةَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ قِيٰمًا لِّلنَّاسِ
Saka Keparenging Allah, Ka’bah kang uga aran Baitul Haram, iku dianggo panggonane manungsa nglakoni agama,
وَالشَّهْرَ الْحَرَامَ وَالْهَدْيَ وَالْقَلَاۤىِٕدَۗ
lan ing sasi suci (Dzul Qoidah, Dzui-Hijjah, Muharrom Ian Rajab), iku kabeh dienggo mangsa tentrem, ora ana perang) mengkono uga pisungsung Ian kalung kayu ana ing tanah haram iku dienggo nylametake saka pangarubiru.
ذٰلِكَ لِتَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۙ
Kersane Allah kang mangkono mau supaya sira padha sumurupa yen Allah iku Maha Nguningani samubarang kang dadi isi saindhenging langit lan bumi,
وَاَنَّ اللهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿97﴾
lan Setuhune Allah iku Maha Pirsa ing samubarang . (97)
اِعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِۙ
Sira padha mangertia, manawa Allah iku abot azabe,
وَاَنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۗ﴿98﴾
Tur satemene Allah iku Maha Paring Pangapura sarta Maha Asih. (98)
مَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُۗ
Ora ana kewajibaning utusan Allah kajaba mung ndumugekake tekane wulangan.
وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا تَكْتُمُوْنَ﴿99﴾
Lan Allah Maha Ngudaneni samubarang kang padha sira katonake Ian kang sira umpetake. (99)
قُلْ لَّا يَسْتَوِى الْخَبِيْثُ وَالطَّيِّبُ
Muhammad, sliramu dhawuha: “Samubarang kang haram iku ora padha karo barang kang halal,
وَلَوْ اَعْجَبَكَ كَثْرَةُ الْخَبِيْثِۚ
senajan barang kang haram iku akeh banget, nganti ndadekake sliramu gumun.”
فَاتَّقُوا اللهَ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ﴿100﴾ ع_13
He wong kang padha duwe akal, sira padha ngabektia ing Allah (aja padha dhahar barang kang haram) supaya padha pikantuk kabegjan. (100)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَسْـَٔلُوْا عَنْ اَشْيَاۤءَ اِنْ تُبْدَ لَكُمْ تَسُؤْكُمْۚ
He para mukmin kabeh. Sliramu aja sok pitakon perkara kang menawa diprasajani (diwedharake) marang sliramu, malah bakal ndadekake susahmu!
وَاِنْ تَسْـَٔلُوْا عَنْهَا حِيْنَ يُنَزَّلُ الْقُرْاٰنُ تُبْدَ لَكُمْۗ
Lan manawa pitakonmu mau ing wektu ayat Qur’an diturunake, ing kono sliramu bakal disumurupake kabeh.
عَفَا اللهُ عَنْهَاۗ وَاللهُ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ﴿101﴾
Allah kersa paring pangapura saka anggonmu nduweni akeh pitakon iku. Dene Allah iku Maha Maringi Pangapura sarta Maha Santun. (101)
قَدْ سَاَلَهَا قَوْمٌ مِّنْ قَبْلِكُمْ
Wong-wong zaman sadurungmu ana kang kakehan pitakonan ing sawijining perkara,
ثُمَّ اَصْبَحُوْا بِهَا كٰفِرِيْنَ﴿102﴾
kanthi jalaran iku sabanjure wong-wong mau malah padha dadi kafir. (102)
مَا جَعَلَ اللهُ مِنْۢ بَحِيْرَةٍ وَّلَا سَاۤىِٕبَةٍ وَّلَا وَصِيْلَةٍ وَّلَا حَامٍۙ
Allah ora ndhawuhake pisungsung Bahirah, utawa Saibah, utawa Washilah, apa dene Ham.
وَّلٰكِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللهِ الْكَذِبَۗ
Tegese Allah ora mundhut pisungsung patang perkara mau kaya kang wis ditindakake dening para wong sadurungmu, nanging karepe wong-wong kafir padha goroh diakokake atas namane Allah,
وَاَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ﴿103﴾
jalaran akeh-akehe wong mau padha ora nduweni akal. (103)
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا اِلٰى مَآ اَنْزَلَ اللهُ وَاِلَى الرَّسُوْلِ
Wong-wong kafir mau nalikane padha didhawuhi : “He padha mrenea. Padha ngestakna samubarang kang wis didhawuhake Allah, lan padha ngestokna dhawuhe Rasulullah.”
قَالُوْا حَسْبُنَا مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَاۗ
Wong kafir mau banjur padha mangsuli: “Kita sampun cekap nglampahi, samukawis lelampahanipun para leluhur kita ingkang sampun kita sumerapi kemawon.”
اَوَلَوْ كَانَ اٰبَاۤؤُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَهْتَدُوْنَ﴿104﴾
Allah nuli ngendika: “Apa senadyan leluhure padha ora weruh samubarang Ian ora pikantuk pituduh iya meksa diturut?” (104)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا عَلَيْكُمْ اَنْفُسَكُمْۚ لَا يَضُرُّكُمْ مَّنْ ضَلَّ اِذَا اهْتَدَيْتُمْۗ
He wong kang padha Iman. Sliramu jaganen marang awakmu dhewe-dhewe . Menawa sira dhewe wis netepi pituduh bener, sasare wong kang kesasar iku ora bakal gawe kemlaratanmu.
اِلَى اللهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿105﴾
(Sira padha sumurupa) yen bakal padha bali sowan marang Pangayonaning Allah. Ing kono Allah bakal njlentrehake marang sliramu samubarang kang wus sira tindakake. (105)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا شَهَادَةُ بَيْنِكُمْ اِذَا حَضَرَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ
He para wong kang Iman kabeh, menawa sliramu krasa arep tilar donya,
حِيْنَ الْوَصِيَّةِ اثْنٰنِ ذَوَا عَدْلٍ مِّنْكُمْ
menawa arep weling apa-apa prayoga nganggo seksi kancamu tunggal agama Islam wong loro kang padha adil.
اَوْ اٰخَرٰنِ مِنْ غَيْرِكُمْ اِنْ اَنْتُمْ ضَرَبْتُمْ فِى الْاَرْضِ فَاَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةُ الْمَوْتِۗ
Dene yen sira pinuju lelungan ana ing paran, lan sira krasa arep tumeka ing tilar donya (kang mangka sira ora oleh seksi wong Islam) iku kena uga sira nganggo seksi utawa weling marang wong loro kang seje agama.
تَحْبِسُوْنَهُمَا مِنْۢ بَعْدِ الصَّلٰوةِ فَيُقْسِمٰنِ بِاللّٰهِ اِنِ ارْتَبْتُمْ لَا نَشْتَرِيْ بِهٖ ثَمَنًا وَّلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۙ
Dene sira wong kang mriksa kahanane menawa sira sumelang mbok menawa ature seksi kang seje agama mau goroh iku sira endegna, sira banjur sepatanana, senajan wong kang ngudi barang kang diwelingake iku klebu sanak. Seksi iku iya sepatanana. Dene wayahe supata ana sawise sholat (ashar) supata mau nganggo nyebuta asmane Allah, lan ngucapa:
وَلَا نَكْتُمُ شَهَادَةَ اللهِ اِنَّآ اِذًا لَّمِنَ الْاٰثِمِيْنَ﴿106﴾
“Saestu kula boten badhe nyade utawi nglintokaken barang ingkang dipun welingaken dening tiyang ingkang pejah punika, sarta kula boten ngumpetaken punapa-punapa, namung nyekseni kados dhawuhing Allah. Menawi atur kula punika dora, kula klebet tiyang duraka. (106)
فَاِنْ عُثِرَ عَلٰٓى اَنَّهُمَا اسْتَحَقَّآ اِثْمًا فَاٰخَرٰنِ يَقُوْمٰنِ مَقَامَهُمَا مِنَ الَّذِيْنَ اسْتَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْاَوْلَيٰنِ
Sawise kaleksanan sepata menawa seksi loro mau banjur kesumurupan anggone padha katetepan dosa marga anggone padha goroh ature, ing kono banjur jupuka seksi loro maneh, kang padha klebu sadulure wong kang mati minangka angganti seksi loro kang disik mau.
فَيُقْسِمٰنِ بِاللّٰهِ لَشَهَادَتُنَآ اَحَقُّ مِنْ شَهَادَتِهِمَا وَمَا اعْتَدَيْنَآۖ اِنَّآ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ﴿107﴾
Wong loro mau banjur padha disupatanana nganggo nyebut asmane Allah. Sawise rampung ature, nganggoa penutup mangkene: “Anggen kula nyekseni punika langkung temen sarta petitis tinimbang aturipun seksi kalih ingkang rumiyin punika, sarta kula mboten mewahi saking nyatanipun. Menawi atur kula punika ngliwati wates (dora) kula klebet tiyang ingkang nganiaya dhateng badan kula piyambak.” (107)
ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِالشَّهَادَةِ عَلٰى وَجْهِهَآ اَوْ يَخَافُوْٓا اَنْ تُرَدَّ اَيْمَانٌۢ بَعْدَ اَيْمَانِهِمْۗ
Panindaking perkara kang mangkono mau luwih cedhak marang bebener, tinimbang menawa seksi kang dhisik mau banjur dianggep wae ature anggone nyekseni, utawa tinimbang menawa seksi loro kang dhisik banjur kanthi disepatani maneh.
وَاتَّقُوا اللهَ وَاسْمَعُوْاۗ وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ﴿108﴾ ع_14
Ngabektia marang Allah sarta padha mirengna Ian ngestokna. Dene Allah iku ora bakal paring pitedah marang golongan wong kang padha fasiq . (108)
يَوْمَ يَجْمَعُ اللهُ الرُّسُلَ
Sawijining dina nalikane Allah ngumpulake para Rasul,
فَيَقُوْلُ مَاذَآ اُجِبْتُمْۗ
ing kono Allah Ndangu (minangka melehake manungsa): “Kepriye jawab umatmu, anggon ngestoake dhawuhmu?”
قَالُوْا لَا عِلْمَ لَنَاۗ
Para Rasul banjur padha matur: “Dhuh Allah, pangertosan kawula boten sepintena.
اِنَّكَ اَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ﴿109﴾
Sayektos Paduka Maha Uninga dhateng samukawis ingkang samar.” (109)
اِذْ قَالَ اللهُ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ اذْكُرْ نِعْمَتِيْ عَلَيْكَ وَعَلٰى وَالِدَتِكَۘ
Elinga nalikane Allah ngendika: “He Isa putrane Maryam. Sliramu elinga anggon Ingsun paring ni’mat marang sliramu lan wong tuwamu.
اِذْ اَيَّدْتُّكَ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ تُكَلِّمُ النَّاسَ فِى الْمَهْدِ وَكَهْلًاۚ
Awit Ingsun wis nyantosakake sliramu kelawan Roh Suci, ing kono sliramu isih bayi wis bisa celathu marang para manungsa, luwih maneh bareng wis dhewasa.
وَاِذْ عَلَّمْتُكَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَالتَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَۚ
Lan sira elinga nalikane Ingsun meruhake sliramu, Ingsun paringi pirsa tulisan, kawicaksanan, kitab Taurat, lan kitab Injil.
وَاِذْ تَخْلُقُ مِنَ الطِّيْنِ كَهَيْـَٔةِ الطَّيْرِ بِاِذْنِيْ فَتَنْفُخُ فِيْهَا فَتَكُوْنُ طَيْرًاۢ بِاِذْنِيْ
Lan nalika sliramu ngendheg-endheg lemah sliramu gawe rerupan manuk, kelawan Kepareng Ingsun, nuli sliramu damoni dadi manuk temenan kelawan Kepareng Ingsun,
وَتُبْرِئُ الْاَكْمَهَ وَالْاَبْرَصَ بِاِذْنِيْۚ وَاِذْ تُخْرِجُ الْمَوْتٰى بِاِذْنِيْۚ
lan nalika sliramu melekake wong kang wiwit cilik tanpa mata, lan marasake wong belang kelawan Kepareng Ingsun,
وَاِذْ كَفَفْتُ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَنْكَ اِذْ جِئْتَهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ
lan nalika Ingsun ngalang-ngalangi para bani Israii anggone padha arep mateni sliramu, marga nekani wong bani Israil kanthi mu’jizat kaelokan minangka tandha bebener,
فَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ﴿110﴾
ing kono bani lsrail kang kafir padha ngucap: “Kaelokan kang mengkono iku tetela sihir kang terang.” (110)
وَاِذْ اَوْحَيْتُ اِلَى الْحَوَارِيّٖنَ اَنْ اٰمِنُوْا بِيْ وَبِرَسُوْلِيْۚ
Lan elinga (rikala Ingsun dhawuh marang para kaum Hawariyyin): “Sliramu padha percayaa marang Ingsun lan utusan Ingsun (kang asma Nabi Isa).”
قَالُوْٓا اٰمَنَّا وَاشْهَدْ بِاَنَّنَا مُسْلِمُوْنَ﴿111﴾
Para kaum Hawariyyin banjur padha matur: “Kawula sami pitados. Mugi Paduka anyekseni bilih kawula punika sami dados tiyang Islam.” (111)
اِذْ قَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ
Elinga nalikane para Hawariyyin padha matur: “Dhuh Nabi Isa putranipun Maryam.
هَلْ يَسْتَطِيْعُ رَبُّكَ اَنْ يُّنَزِّلَ عَلَيْنَا مَاۤىِٕدَةً مِّنَ السَّمَاۤءِۗ
Punapa Pengeran panjenengan saget maringi dedhaharan dhumateng kita pasugatan saking Iangit?”
قَالَ اتَّقُوا اللهَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿112﴾
Nabi Isa paring wangsulan: “Menawa sira temen padha percaya ing Allah, sira tansah ngabektiya ing Allah.” (112)
قَالُوْا نُرِيْدُ اَنْ نَّأْكُلَ مِنْهَا
(Para kaum Hawariyyin) padha matur maneh: “Kita sami kepengin badhe nedha dhaharan pasugatan saking Iangit wau,
وَتَطْمَىِٕنَّ قُلُوْبُنَا وَنَعْلَمَ اَنْ قَدْ صَدَقْتَنَا
supados manah kita tetep pitados, Ian supados kita sami sumerep bilih panjenengan punika sampun nganggep saestu dhateng iman kita,
وَنَكُوْنَ عَلَيْهَا مِنَ الشّٰهِدِيْنَ﴿113﴾
Ian supados kita sami dados seksi tumurunipun rampadan saking Iangit wau.” (113)
قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ اَللّٰهُمَّ رَبَّنَآ اَنْزِلْ عَلَيْنَا مَاۤىِٕدَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ
Nabi Isa putrane Maryam banjur munjuk atur ing Allah: “Dhuh Allah Pengeran kawula. Paduka mugi Maringana dhaharan pasugatan dhumateng kawula saking Iangit,
تَكُوْنُ لَنَا عِيْدًا لِّاَوَّلِنَا وَاٰخِرِنَا
supados dinten tumurunipun dhaharan pasugatan wau dados dinten ageng ingkang sami kawula mulyakaken dening tiyang-tiyang sapengker kawula,
وَاٰيَةً مِّنْكَ وَارْزُقْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ﴿114﴾
lan supados dadosa tandha yektos saking Paduka. Paduka mugi Paring rezeki dhaharan pasugatan saking Iangit wau dhateng kawula, jalaran Paduka punika Maha Sae-Saening Ingkang Paring Rezeki.” (114)
قَالَ اللهُ اِنِّيْ مُنَزِّلُهَا عَلَيْكُمْۚ
Allah banjur paring Pangandikan: “Ingsun maringi dhaharan pasugatan tumurun saka langit marang sliramu kabeh.
فَمَنْ يَّكْفُرْ بَعْدُ مِنْكُمْ فَاِنِّيْٓ اُعَذِّبُهٗ
Sawise Ingsun paring dhaharan pasugatan, sing sapa banjur mbalik dadi kafir, bakal Ingsun azab
عَذَابًا لَّآ اُعَذِّبُهٗٓ اَحَدًا مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ﴿115﴾ع_15
klawan azab kang wong sajagad ora nate ngira yen ana siksa kaya mengkono iku.” (115)
وَاِذْ قَالَ اللهُ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ ءَاَنْتَ قُلْتَ لِلنَّاسِ
Lan elinga nalika Allah Ndangu: “He Isa putrane Maryam, apa nyata sliramu dhawuh marang manungsa
اتَّخِذُوْنِيْ وَاُمِّيَ اِلٰهَيْنِ مِنْ دُوْنِ اللهِۗ
kang surasane: ‘Sira padha manembaha marang aku lan marang ibuku, Pengeran iku mung loro iki, dudu Allah?’
قَالَ سُبْحٰنَكَ مَا يَكُوْنُ لِيْٓ اَنْ اَقُوْلَ مَا لَيْسَ لِيْ بِحَقٍّۗ
Nabi Isa banjur munjuk atur: “Dhuh Allah. Paduka punika Maha Suci. Kawula mboten pisan-pisan dhawuh dhateng tiyang-tiyang ingkang boten saleresipun,
اِنْ كُنْتُ قُلْتُهٗ فَقَدْ عَلِمْتَهٗۗ
menawi kawula temen dhawuh kados ingkang Paduka dhawuhaken kalawahu, ingkang temtu Paduka sampun Wuninga,
تَعْلَمُ مَا فِيْ نَفْسِيْ وَلَآ اَعْلَمُ مَا فِيْ نَفْسِكَۗ
awit Paduka Maha Nguningani samukawis ingkang kula simpen ing manah kawula, nanging kosok wangsulipun kawula boten sumerep ingkang wonten sarira Paduka.
اِنَّكَ اَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ﴿116﴾
Sejatosipun Paduka Maha Nguningani samubarang ingkang ghoib-ghoib.” (116)
مَا قُلْتُ لَهُمْ اِلَّا مَآ اَمَرْتَنِيْ بِهٖٓ
“Kawula boten pisan-pisan ndhawuhaken dhumateng para manungsa kajawi namung samukawis ingkang sampun Paduka Dhawuhaken dhumateng kawula,
اَنِ اعْبُدُوا اللهَ رَبِّيْ وَرَبَّكُمْۚ
inggih punika: ‘Sira padha manembaha ing Allah, Pengeranku lan Pengeranmu.’
وَكُنْتُ عَلَيْهِمْ شَهِيْدًا مَّا دُمْتُ فِيْهِمْۚ
Salebetipun kawula taksih kekempalan kaliyan para manungsa wau, kawula inggih nyumerepi punapa kawontenanipun (sarta kawula cegah anggenipun sami wicanten ingkang boten leres).
فَلَمَّا تَوَفَّيْتَنِيْ كُنْتَ اَنْتَ الرَّقِيْبَ عَلَيْهِمْۗ
Wondene mbenjing menawi kawula sampun pejah, Paduka badhe mriksani samukawis ingkang dipun lampahi manungsa wau.”
وَاَنْتَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ﴿117﴾
Saha Paduka, Allah, Ingkang Maha Nyekseni dhateng samukawis punapa kemawon.” (117)
اِنْ تُعَذِّبْهُمْ فَاِنَّهُمْ عِبَادُكَۚ
Menawi Paduka Kepareng badhe nyiksa para manungsa wau (sampun mboten nami nganiaya, awit) sedaya punika sami ngumawula dhumateng Paduka.
وَاِنْ تَغْفِرْ لَهُمْ فَاِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ﴿118﴾
Wondene menawi Paduka kepareng Paring Pangapunten (inggih pantes, awit) Paduka punika Maha Gagah sarta Maha Wicaksana. (118)
قَالَ اللهُ هٰذَا يَوْمُ يَنْفَعُ الصّٰدِقِيْنَ صِدْقُهُمْۗ
Allah paring pangandika: “Ing dina qiyamat iki, sarupane wong kang padha temen, katemenane bakal mekolehi marang awake dhewe.
لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ
Wong-wong mau padha kaparingan suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore wit-witan, ana kono padha langgeng salawase.
رَضِيَ اللهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ﴿119﴾
Allah wis Kepareng (Ridha, Nganggep tuwin Narima pangabektine wong mau). Kang mengkono iku aran kabegjan kang Agung.” (119)
لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا فِيْهِنَّۗ
Panguwasane saindhenging langit lan bumi lan saisine iku kabeh Kagungane Allah.
وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿120﴾ ع_16
Lan Allah Maha Kuwasa marang samubarang. (120)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.