Terjemah Jawa Q.S. (64) At-Taghabun (Kawedharing Kapitunan). 18 Ayat

Qur’an Surah (64) At-Taghabun (Kawedharing Kapitunan). 18 Ayat

سُورَةُ التَّغَابُنِ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

يُسَبِّحُ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Padha ngaturake tasbih marang Allah kabeh kang ana ing saindenging langit lan bumi,

لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُۖ

Allah Ingkang Kagungan Kuwasa, Ingkang Kagungan sekabehe Pangalembana,

وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿١﴾

Allah Ingkang Maha Nemtokake marang sawiji apa wae. (1)

هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ فَمِنْكُمْ كَافِرٌ وَّمِنْكُمْ مُّؤْمِنٌۗ

Allah Ingkang Anitahake sliramu kabeh, sawenehing sliramu ana kang kafir Ian sawenehing ana kang Iman

وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿٢﴾

Allah Ingkang Mahapriksa samubarang kang padha sira lakoni (2)

خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّ

Panjenengane Nitahake langit lan bumi kanthi kasunyatan

وَصَوَّرَكُمْ فَاَحْسَنَ صُوَرَكُمْۚ وَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ ﴿٣﴾

sarta Mbangun rupa kange sliramu tumuli Mbagusake praupanmu, lan marang Panjenengane pentoging kabeh paran (3)

يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ

Allah Mahauninga sekabehe isining langit lan bumi,

وَيَعْلَمُ مَا تُسِرُّوْنَ وَمَا تُعْلِنُوْنَۗ

Lan Allah Mahapriksa apa wae kang sira umpetake lan kang sira wedharake,

وَاللهُ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ ﴿٤﴾

Allah Ingkang Mahapriksa kabeh krenteging ati (4)

اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَؤُا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَبْلُۖ

Apa sira durung padha weruh critane para wong kafir sadurungmu?

فَذَاقُوْا وَبَالَ اَمْرِهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿٥﴾

Kayangapa rekasane padha ngrasakake patrapan anggone padha kafir, padha dipatrapi azab kang nglarani. (5)

ذٰلِكَ بِاَنَّهٗ كَانَتْ تَّأْتِيْهِمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ

Anggone mangkono marga wong kafir rikala didhawuhi dening para utusan kanthi bukti-bukti kang nyata,

فَقَالُوْٓا اَبَشَرٌ يَّهْدُوْنَنَاۖ

malah padha wangsulan: “Apa mung manungsa bisa nuduhake dalan bener marang aku?”

فَكَفَرُوْا وَتَوَلَّوْا وَّاسْتَغْنَى اللهُۗ

Wong mau banjur padha kafir lan mlengos. Allah tetela ora butuh marang percayane si kafir.

وَاللهُ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ﴿٦﴾

Allah iku Mahasugih, Mahapinuji. (6)

زَعَمَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنْ لَّنْ يُّبْعَثُوْاۗ

Para wong kafir ngira, yen ora bakal padha ditangekake.

قُلْ بَلٰى وَرَبِّيْ لَتُبْعَثُنَّ ثُمَّ لَتُنَبَّؤُنَّ بِمَا عَمِلْتُمْۗ

Kandhanana: “O, dhemi Pengeranku! Temen sira bakal padha ditangekake, banjur padha dijlentrehake apa wae kang wus padha sira Iakoni,

وَذٰلِكَ عَلَى اللهِ يَسِيْرٌ ﴿٧﴾

lan iku ingatase Allah gampang. (7)

فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَالنُّوْرِ الَّذِيْٓ اَنْزَلْنَاۗ

Mulane padha percayaa ing Allah lan utusane, lan percayaa marang Qur’an yaiku pepadhang kang wis Ingsun dhawuhake.

وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ ﴿٨﴾

Allah Mahapriksa marang samubarang kang padha sira lakoni. (8)

يَوْمَ يَجْمَعُكُمْ لِيَوْمِ الْجَمْعِ ذٰلِكَ يَوْمُ التَّغَابُنِۗ

Ing sawijining dina Allah ngimpun sira kabeh, aran dina pagimpunan, yaiku dina kawedharing kapitunan.

وَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ وَيَعْمَلْ صَالِحًا يُّكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّاٰتِهٖ

Sing sapa percaya ing Allah sarta nglakoni panggawe becik, Allah ngresiki kabeh cacad lakune,

وَيُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ

Sarta dilebokake ing suwarga kang ana bengawan mili sangisore. Ana ing kono langgeng selawase.

ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ﴿٩﴾

Kang mengkono mau aran kabegjan kang gedhe. (9)

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ

Dene kang padha kafir sarta anggorohake ayat-ayat Ingsun,

اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ

iku manggon ing neraka, ing kono langgeng selawase.

وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ﴿١٠﴾ع-1

Ala temen kawusanan kang mengkono iku. (10)

مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللهِۗ

Ora ana musibah kang kelakon, kajaba kelawan idzining Allah.

وَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ يَهْدِ قَلْبَهٗۗ

Dene sing sapa percaya ing Allah, Allah nuntun atine wong mau marang dalan bener,

وَاللهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿١١﴾

Allah iku Mahauninga samubarang apa wae. (11)

وَاَطِيْعُوا اللهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَۚ

Padha-a ngaturake pangabekti marang Allah, lan padha-a miturut marang utusane Allah,

فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ

dene yen sira melengos,

فَاِنَّمَا عَلٰى رَسُوْلِنَا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ﴿١٢﴾

wajibe utusaningsun mung ajak-ajak ngundhangake dhawuh kang cetha. (12)

اَللهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ

Ora ana sesembahan kajaba mung manembah marang Allah.

وَعَلَى اللهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ ﴿١٣﴾

Para wong kang iman padha nyumanggakake samubarang ing Allah. (13)

يٰٓاَيُّهَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا

Hai para wong kang padha iman!

اِنَّ مِنْ اَزْوَاجِكُمْ وَاَوْلَادِكُمْ عَدُوًّا لَّكُمْ فَاحْذَرُوْهُمْۚ

Satemene sawenehing garwa-garwamu Ian anak -anakmu iku ana kang dadi mungsuh tumrapmu. Mulane padha diprayitnaake!

وَاِنْ تَعْفُوْا وَتَصْفَحُوْا وَتَغْفِرُوْا

Lan manawa sira paring maaf, lumaku sabar lan aweh pangapura,

فَاِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ﴿١٤﴾

satemene Allah iku Maha Paring Pangapura, Allah Maha Asih (16)

اِنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌۗ

Sekehe bandha-bandhamu lan anak-anakmu iku ora liwat mung dadi panyoba.

وَاللهُ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ ﴿١٥﴾

Ing ngarsane Allah ana ganjaran kang gedhe. (15)

فَاتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ

Ing sabisa-bisamu padha-a atur pangabekti marang Allah,

وَاسْمَعُوْا وَاَطِيْعُوْا وَاَنْفِقُوْا خَيْرًا لِّاَنْفُسِكُمْۗ

padha midhangetna lan estokna dhawuh lan perentahe Allah, lan dadia suka peparing, iku becik tumrap awakmu.

وَمَنْ يُّوْقَ شُحَّ نَفْسِهٖ

Lan sapa kang rineksa saka jiwa kang tamak,

فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ﴿١٦﴾

iku wong sing padha begja. (16)

اِنْ تُقْرِضُوا اللهَ قَرْضًا حَسَنًا يُّضٰعِفْهُ لَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ

Sing sapa wonge ngaturake pisungsung adiluhung ing Allah kelawan kabecikan, Allah bakal males becik tikel- matikel lan Allah Paring Pangapura marang sliramu.

وَاللهُ شَكُوْرٌ حَلِيْمٌۙ﴿١٧﴾

Allah Ora Ngilangake Kabecikane kawula lan Allah Mahawelas. (17)

عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ﴿١٨﴾ع-2

Allah Mahapriksa samubarang kang samar-samar lan kang kasat mata, Allah Mahamulya tur Mahawicaksana. (18)

***

 

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

 

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!