Terjemah Jawa Q.S. (59) Al-Hasyr (Ukuman Tundhung). 24 Ayat

Qur’an Surah (59) Al-Hasyr (Ukuman Tundhung). 24 Ayat

سُورَةُ الْحَشْرِ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۚ

Samubarang kang ana ing saindhenging langit lan bumi ngaturake tasbih marang Allah,

وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ﴿1﴾

lan Allah iku Mahamulya tur Mahawicaksana (1)

الَّذِيْٓ اَخْرَجَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مِنْ دِيَارِهِمْ لِاَوَّلِ الْحَشْرِۗ

Allah iku kang wus Nundhung wong-wong kafir golongan pandhereking Kitab saka padunungan nalika ukuman tundhung kang wiwitan

مَا ظَنَنْتُمْ اَنْ يَّخْرُجُوْا وَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ مَّانِعَتُهُمْ حُصُوْنُهُمْ مِّنَ اللهِ

sliramu ora nyana, yen dheweke padha metu, lan dheweke padha masthekake, yen beteng-betenge bisa angayomi awake saka (siksaning) Allah;

فَاَتٰىهُمُ اللهُ مِنْ حَيْثُ لَمْ يَحْتَسِبُوْا وَقَذَفَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الرُّعْبَ

nanging Allah Ngrawuhi dheweke saka panggonan kang ora padha dikira-kira sarta andadekake giris ana sajroning atine

يُخْرِبُوْنَ بُيُوْتَهُمْ بِاَيْدِيْهِمْ وَاَيْدِى الْمُؤْمِنِيْنَۙ

dheweke padha anggempur omahe kalawan tangane dhewe sarta (kalawan) tangane para mukmin.

فَاعْتَبِرُوْا يٰٓاُولِى الْاَبْصَارِ ﴿2﴾

Mara padha dadekna tulodho lelakon iki, he wong kang padha duwe pikiran (2)

وَلَوْلَآ اَنْ كَتَبَ اللهُ عَلَيْهِمُ الْجَلَاۤءَ

Lan yen ta Allah ora Nemtokna ukum tundhung buwang marang dheweke,

لَعَذَّبَهُمْ فِى الدُّنْيَاۗ

mesthi iya anibakake siksa marang dheweke ana ing donya,

وَلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابُ النَّارِ ﴿3﴾

sarta ana ing akhirat bakal dipatrapi azab neraka. (3)

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ شَاۤقُّوا اللهَ وَرَسُوْلَهٗۖ

Kang mangkono iku, marga wong kafir padha sulaya ing Allah lan utusane.

وَمَنْ يُّشَاۤقِّ اللهَ فَاِنَّ اللهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ﴿4﴾

Sing sapa sulaya ing Allah bakal dipatrapi azab. Allah iku azab abot banget (4)

مَا قَطَعْتُمْ مِّنْ لِّيْنَةٍ

Wit kurma kang sira tegor,

اَوْ تَرَكْتُمُوْهَا قَاۤىِٕمَةً عَلٰٓى اُصُوْلِهَا

utawa sira tog ake wae ngadeg ing oyode,

فَبِاِذْنِ اللهِ وَلِيُخْزِيَ الْفٰسِقِيْنَ ﴿5﴾

iku kalawan idzin-ne Allah, anggone mengkono mau amrih Allah angasorake para wong fasiq (5)

وَمَآ اَفَاۤءَ اللهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖ مِنْهُمْ

Apa wae bandha rampasan kang diparingake dening Allah marang utusane saka tangane (Yahudi Bani Nadhir)

فَمَآ اَوْجَفْتُمْ عَلَيْهِ مِنْ خَيْلٍ وَّلَا رِكَابٍ

sira ora perlu kangelan budhalake kanthi nunggang jaran utawa onta,

وَّلٰكِنَّ اللهَ يُسَلِّطُ رُسُلَهٗ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ

nanging Allah piyambak ngunggulake utusane uga marang wong kang dikersakake.

وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ﴿6﴾

Allah iku Mahanguwasani kabeh samubarang. (6)

مَآ اَفَاۤءَ اللهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖ مِنْ اَهْلِ الْقُرٰى

Dene barang kang wis diparingake bali dening Allah marang utusane saka tangane wong padesan,

فَلِلهِ وَلِلرَّسُوْلِ وَلِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ

iku kagungane Allah, utusane, para keluwargane, para bocah yatim, para wong miskin, wong kang ana ing paran,

كَيْ لَا يَكُوْنَ دُوْلَةً بَيْنَ الْاَغْنِيَاۤءِ مِنْكُمْۗ

supaya barang jarahan mau aja mung tiba ing tangane kancamu kang padha sugih wae.

وَمَآ اٰتٰىكُمُ الرَّسُوْلُ فَخُذُوْهُ وَمَا نَهٰىكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوْاۚ

Samu barang kang diparengake dening Rasul tampanana. Dene barang kang ora dikeparengake padha tinggalen.

وَاتَّقُوا اللهَ اِنَّ اللهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِۘ ۘ ﴿7﴾

Padha bektia ing Allah, awit Allah iku azabe abot (7)

لِلْفُقَرَاۤءِ الْمُهٰجِرِيْنَ الَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ

Barang mau dadi duwek-e para sahabat fakir kang padha hijrah saka Mekah tumeka Madinah, kang padha diusir saka ngomahe,

وَاَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللهِ وَرِضْوَانًا

ninggal bandhane, mung ngarep-arep Sih Kanugrahan lan Pirenane Allah,

وَّيَنْصُرُوْنَ اللهَ وَرَسُوْلَهٗۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَۚ﴿8﴾

lan padhaa biyantu ing Allah lan utusane. Kabeh mau wong kang tetep temen prasetiyane marang Allah (8)

وَالَّذِيْنَ تَبَوَّءُو الدَّارَ وَالْاِيْمَانَ مِنْ قَبْلِهِمْ

Dene para sahabat kang wis manggon ana Madinah sadurunge rawuhe Rasul padha percaya ing Allah

يُحِبُّوْنَ مَنْ هَاجَرَ اِلَيْهِمْ

lan padha asih marang wong kang hijrah,

وَلَا يَجِدُوْنَ فِيْ صُدُوْرِهِمْ حَاجَةً مِّمَّآ اُوْتُوْا

atine ora meri apa kang diparingake marang Muhajirin,

وَيُؤْثِرُوْنَ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ وَلَوْ كَانَ بِهِمْ خَصَاصَةٌۗ

malahan padha ngalah bab samubarang sanadiyan awake dhewe iya butuh.

وَمَنْ يُّوْقَ شُحَّ نَفْسِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَۚ﴿9﴾

Sing sapa bisa nyingkiri saka sifat medhit dheweke kalebu wong kang begja. (9)

وَالَّذِيْنَ جَاۤءُوْ مِنْۢ بَعْدِهِمْ يَقُوْلُوْنَ

Dene para sahabat kang teka anyar (Muhajirin lan Anshor) dheweke padha donga:”

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ

Ya Allah, Paduka mugi Paring pangapura dhumateng kula saha para sadherek kula, ingkang anggenipun iman ing Paduka sampun langkung rumiyin,

وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

sampun ngantos manah kula ketaman drengki dhateng para mukmin.

رَبَّنَآ اِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ ﴿10﴾ع_1

Ya Allah, sayektos Paduka punika Mahawelas, Mahaasih. (10)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ نَافَقُوْا

Apa sira ora andeleng marang wong-wong kang Iamis?

يَقُوْلُوْنَ لِاِخْوَانِهِمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ

Padha celathu marang sadulur-sadulure, para kang kafir golongan Ahlul Kitab:

لَىِٕنْ اُخْرِجْتُمْ لَنَخْرُجَنَّ مَعَكُمْ

“Manawa sira ditundhung, amesthi aku bakal padha metu ambarengi sira.

وَلَا نُطِيْعُ فِيْكُمْ اَحَدًا اَبَدًاۙ

Lan salawase aku ora bakal manut marang wong siji-sijia perkara sira;

وَّاِنْ قُوْتِلْتُمْ لَنَنْصُرَنَّكُمْۗ

menawa sira diperangi, amesthi aku bakai padha ngrewangi sira.

وَاللهُ يَشْهَدُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ﴿١1﴾

Ian Allah iku anekseni, yen dheweke iku temen-temen wong goroh. (11)

لَىِٕنْ اُخْرِجُوْا لَا يَخْرُجُوْنَ مَعَهُمْۚ

Sayektine, manawa dheweke ditundhung, dheweke ora bakal metu ambarengi,

وَلَىِٕنْ قُوْتِلُوْا لَا يَنْصُرُوْنَهُمْۚ

lan manawa diperangi ora bakal angrewangi,

وَلَىِٕنْ نَّصَرُوْهُمْ لَيُوَلُّنَّ الْاَدْبَارَۙ

yenta angrewangana, amesthi bakal acolong-playu;

ثُمَّ لَا يُنْصَرُوْنَ ﴿١2﴾

wekasane ora bakal ana kang nulungi wong lamis. (12)

لَاَنْتُمْ اَشَدُّ رَهْبَةً فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنَ اللهِ

Wong lamis mau atine wedi banget marang sira ngungkuli wedine ing Allah.

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ ﴿١3﴾

Anggone mengkono mau, marga wong lamis ora weruh kuwasaning Allah. (13)

لَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ جَمِيْعًا اِلَّا فِيْ قُرًى مُّحَصَّنَةٍ اَوْ مِنْ وَّرَاۤءِ جُدُرٍۗ

Wong Yahudi kabeh wae ora ana kang wani perang nglawan sira kajaba yen ana ing padesan kang dibentengi lan ing walike tembok.

بَأْسُهُمْ بَيْنَهُمْ شَدِيْدٌۗ تَحْسَبُهُمْ جَمِيْعًا وَّقُلُوْبُهُمْ شَتّٰىۗ

Panyanamu dheweke padha rukun, nanging satemene atine padha sulaya.

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْقِلُوْنَۚ﴿١4﴾

Marga kabeh wae satemene golongan kang ora mangerti. (16)

كَمَثَلِ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ قَرِيْبًا ذَاقُوْا وَبَالَ اَمْرِهِمْۚ

Iku padha lelakone wong Mekkah Bani Qainuqa, sing durung suwe sakdurunge dheweke padha ngrasakake jalaran lelakone dhewe,

وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۚ ﴿١5﴾

dheweke bakal dipatrapi azab kang nglarani (15)

كَمَثَلِ الشَّيْطٰنِ اِذْ قَالَ لِلْاِنْسَانِ اكْفُرْۚ

Panggodhane wong lamis kaya dene panggodhane setan marang manungsa kang kandha: “Kafira kowe. “

فَلَمَّا كَفَرَ قَالَ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّنْكَ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللهَ رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ ﴿١6﴾

Nalikane para manungsa wis padha kafir banjur kandha: “Aku ora melu-melu anggonmu kafir. Aku wedi ing Allah Kang Nguwasani alam kabeh. (16)

فَكَانَ عَاقِبَتَهُمَآ اَنَّهُمَا فِى النَّارِ خَالِدَيْنِ فِيْهَاۗ

Wekasane setan lan wong kang kena ing panggodha, loro-lorone pisan padha diazab ana ing neraka

وَذٰلِكَ جَزٰۤؤُا الظّٰلِمِيْنَ﴿١7﴾ ع_2

sarta padha langgeng, yoiku patrapane wong zalim. (17)

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ

He para mukmin kabeh, padha ngabektia ing Allah.

وَالْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ

Padha nggatekna awakmu tumrap samubarang kang mbok tindak-ake kanggo sesok

وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ ﴿١٨﴾

Padha ngabektia ing Allah. Sayekti Allah Maha Maspadak-ake Marang samubarang tumindak sira kabeh. (18)

وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ نَسُوا اللهَ فَأَنسَاهُمْ أَنفُسَهُمْ

Aja pada kaya kahanane wong kang lali marang Allah, Satemah Allah ora peduli marang wong wong mau.

أُوْلَئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ ﴿١٩﴾

Mengkono iku wong-wong kang fasiq (19)

لَا يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ

Ora podho antarane wong kang manggon ing neraka lan kang manggon ing suwarga.

أَصْحَابُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَائِزُونَ﴿٢٠﴾

Wong kang manggon ing suwarga iku wong sing padha begja (20)

لَوْ أَنزَلْنَا هَذَا الْقُرْآنَ عَلَى جَبَلٍ

Manawa Ingsun turunake Qur’an iki marang gunung,

لَّرَأَيْتَهُ خَاشِعاً مُّتَصَدِّعاً مِّنْ خَشْيَةِ اللهِ

yekti sira bakai weruh (gunung) iku tumundhuk pecah, Saking wedine marang Allah.

وَتِلْكَ الْأَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ﴿٢١﴾

Lan Ingsun agawe conto kangge sanepa tumrap para manusa, supaya dheweke padha anggunak-ake pikirane (21)

هُوَ اللهُ الَّذِي لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ

Allah, ora ana sesembahan kejaba manembah marang Allah

عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ هُوَ الرَّحْمَنُ الرَّحِيمُ﴿٢٢﴾

Kang Mahauninga Samubarang Kang Samar sarta Lang Ketok-Cetha Allah iku Mahamurah Mahaasih (22)

هُوَ اللهُ الَّذِي لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ

Allah, ora ana sesembahan kejaba manembah marang Allah,

الْمَلِكُ الْقُدُّوسُ السَّلَامُ الْمُؤْمِنُ الْمُهَيْمِنُ الْعَزِيزُ الْجَبَّارُ الْمُتَكَبِّرُ

Maha Kuwasa, Maha Suci, Maha Nitahake Karahayon. Ingkang Paring Katentreman, Ingkang Rumeksa Samubarang, Ingkang Maha Adiluhung, Ingkang Maha Pideksa, Ingkang Kagungan Sarupaning Ke-Agungan,

سُبْحَانَ اللهِ عَمَّا يُشْرِكُونَ ﴿٢٣﴾

Allah iku Mahasuci, adoh banget yen kaya panemune wong-wong musyrik (23)

هُوَ اللهُ الْخَالِقُ الْبَارِئُ الْمُصَوِّرُ

Allah Maha Nitahake samubarang, Kang Maha Murwani, Kang Mahaagawe Sarupaning Wangun Rupa,

لَهُ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَى يُسَبِّحُ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ

Allah Kagungan Asma-Asma Kang Becik. Ngaturake Paseksen Suci Marang Allah kabeh kang ana ing langit lan bumi.

وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ﴿٢٤﴾ ع_3

Lan Allah iku Mahamulya tur Mahawicaksana.” (24)

***

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!