Qur’an Surah (7) Al-A’raf (Papan Ingkang Luhur). 206 ayat
سُورَةُ الْاَعْرَافِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤصۤۚ
Alif, Lam, Mim, Shaad (Allah Piyambak Ingkang Wuninga Tegesipun Huruf-Huruf Punika). (1)
كِتٰبٌ اُنْزِلَ اِلَيْكَ
Qur’an iki Kitab kang kadhawuhake marang sliramu (Muhammad).
فَلَا يَكُنْ فِيْ صَدْرِكَ حَرَجٌ مِّنْهُ
Aja ana rupegke ing atimu.
لِتُنْذِرَ بِهٖ وَذِكْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ﴿2﴾
Tumurune kitab iki supaya sliramu anggo ngelingake para manungsa, Ian minangka dadi pepeling tumrap wong-wong kang padha Iman. (2)
اِتَّبِعُوْا مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ
He para manungsa! Sira padha ngestokna kitab Al-Qur’ an kang wis Kadhawuhake dening Pengeranmu marang sira kabeh,
وَلَا تَتَّبِعُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۗ
sira aja padha gawe panutan saliyane Allah.
قَلِيْلًا مَّا تَذَكَّرُوْنَ﴿3﴾
Eman temen sethithik anggonmu padha eling. (3)
وَكَمْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَا
Lan wis sepira akehe negara kang Ingsun sirnakake,
فَجَاۤءَهَا بَأْسُنَا بَيَاتًا اَوْ هُمْ قَاۤىِٕلُوْنَ﴿4﴾
sarana katekan azab Ingsun ing wayah wengi utawa wayah awan pinuju penduduke padha turu. (4)
فَمَا كَانَ دَعْوٰىهُمْ اِذْ جَاۤءَهُمْ بَأْسُنَآ اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ﴿5﴾
Nalikane padha katekan azab Ingsun, ora ana maneh wong-wong mau mung padha sesambat: “Adhuh, sayektosipun kita punika sami nganiaya dhateng awak kita piyambak.” (5)
فَلَنَسْـَٔلَنَّ الَّذِيْنَ اُرْسِلَ اِلَيْهِمْ وَلَنَسْـَٔلَنَّ الْمُرْسَلِيْنَۙ﴿6﴾
Besuk iku Ingsun mesthi ndangu marang wong kang padha kerawuhan Utusaningsun (apa padha ngestokake utawa ora). Lan Ingsun uga ndangu marang para Utusaningsun (apa nyata prentah Ingsun wis didhawuhake). (6)
فَلَنَقُصَّنَّ عَلَيْهِمْ بِعِلْمٍ وَّمَا كُنَّا غَاۤىِٕبِيْنَ﴿7﴾
Ingsun bakal jlentrehake samubarang kang wis ditindakake dening para ummate, wewatone kaweruh Ingsun mesthi ora samar. (7)
وَالْوَزْنُ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْحَقُّۚ
Lan Ing dina qiyamat sekabehe amal kang wis ditindakake dening manungsa ditimbang kanthi bener.
فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ﴿8﴾
Sing sapa kang abot timbangan amale becik, wong mau bakal pikantuk kabegjan. (8)
وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗ
Dene wong kang entheng timbangan amale becik,
فَاُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ بِمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَظْلِمُوْنَ﴿9﴾
wong mengkono iku bakal manggih kapitunan, padha cilaka jalaran anggone maido ayat-ayat Ingsun. (9)
وَلَقَدْ مَكَّنّٰكُمْ فِى الْاَرْضِ
Satemene Ingsun wis manggonake sliramu kabeh ana ing bumi
وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيْهَا مَعَايِشَۗ
Lan Ingsun wus nyawisake pirang-pirang pangupajiwa panguripan ana ing kono,
قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ﴿10﴾ع_1
ananging sethithik banget anggonmu padha syukur marang Ingsun. (10)
وَلَقَدْ خَلَقْنٰكُمْ ثُمَّ صَوَّرْنٰكُمْ
Lan temen Ingsun wis nitahake sliramu kabeh saka Adam Ieluhurmu, sarta Ingsun nemtokake praupanmu,
ثُمَّ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ
nuli Ingsun dhawuh marang para malaikat: “Padha sumungkema marang Adam!”
فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ لَمْ يَكُنْ مِّنَ السّٰجِدِيْنَ﴿11﴾
Nuli para malaikat mau sumungkem, kajaba iblis, dheweke ora gelem anggolong karo kang padha sumungkem kang kaya sing diprentahake dening Allah. (11)
قَالَ مَا مَنَعَكَ اَلَّا تَسْجُدَ اِذْ اَمَرْتُكَۗ
Allah nuli ndangu marang iblis: “Ingsun wis dhawuh marang sira, apa sebabe ora gelem padha sumungkem marang Adam?”
قَالَ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْهُۚ
lblis nuli munjuk atur: “Kawula punika langkung mulya tinimbang Adam.
خَلَقْتَنِيْ مِنْ نَّارٍ وَّخَلَقْتَهٗ مِنْ طِيْنٍ﴿12﴾
Anggen Paduka Nitahaken kawula kedadosan saking latu, wangsul anggen Paduka nitahaken Adam punika kedadosan saking lebu (12)
قَالَ فَاهْبِطْ مِنْهَا فَمَا يَكُوْنُ لَكَ اَنْ تَتَكَبَّرَ فِيْهَا
Allah nuli Paring pangandika: “Samengko sliramu Ingsun tundhung mudhun saka suwarga, jalaran ing suwarga kene ora patut gumedhe.
فَاخْرُجْ اِنَّكَ مِنَ الصّٰغِرِيْنَ﴿13﴾
Ayo sliramu metua. Satemene sliramu kalebu golongane kang padha atindak asor. (13)
قَالَ اَنْظِرْنِيْٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ﴿14﴾
lblis banjur munjuk atur: “Paduka mugi nyrantosaken kawula ngantos ing benjing wekdal tiyang-tiyang sami dipun tangeaken saking kubur.” (14)
قَالَ اِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِيْنَ﴿15﴾
Allah ngendika: “Satemene sira klebu golongane kang Ingsun srantekake.” (15)
قَالَ فَبِمَآ اَغْوَيْتَنِيْ
Iblis nuli munjuk atur: “Jalaran Paduka sampun adamel cuwa ing kula,
لَاَقْعُدَنَّ لَهُمْ صِرَاطَكَ الْمُسْتَقِيْمَۙ﴿16﴾
sayektos kula badhe nyasaraken dhateng Adam saturunipun saking margi Paduka ingkang lares.” (16)
ثُمَّ لَاٰتِيَنَّهُمْ مِّنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ
“Tumunten saestu kula badhe ndhatengi piyambakipun saking ngajengipun sarta saking wingkingipun,
وَعَنْ اَيْمَانِهِمْ وَعَنْ شَمَاۤىِٕلِهِمْۗ
utawi saking tengenipun saha saking kiwanipun.
وَلَا تَجِدُ اَكْثَرَهُمْ شٰكِرِيْنَ﴿17﴾
Samangke Paduka mboten manggihi kathah-kathahipun tiyang wau sami atur panuwun dhateng Paduka” (17)
قَالَ اخْرُجْ مِنْهَا مَذْءُوْمًا مَّدْحُوْرًاۗ
Pangandikane Allah: “Metua saka ing kaanan kono kanthi kadukan lan tinundhung.
لَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ﴿18﴾
Satemene sapa-sapa dheweke sing manut sira, bakal Ingsun dadekake isen-isen neraka jahanam sekabehane”. (18)
وَيٰٓاٰدَمُ اسْكُنْ اَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ فَكُلَا مِنْ حَيْثُ شِئْتُمَا
Allah ngendika: “Hai Adam, sliramu lan garwamu padha manggona ana suwarga, sarta padha dhahara apa kang sliramu karepake,
وَلَا تَقْرَبَا هٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُوْنَا مِنَ الظّٰلِمِيْنَ﴿19﴾
nanging aja padha dhahar wohe wit siji iki, sanadyan cedhak wae aja nganti. Samangsa-mangsa sliramu wani dhahar mesthi sliramu kalebu kang padha nganiaya marang awake dhewe.” (19)
فَوَسْوَسَ لَهُمَا الشَّيْطٰنُ لِيُبْدِيَ لَهُمَا مَا وٗرِيَ عَنْهُمَا مِنْ سَوْاٰتِهِمَا
Setan banjur nggodha marang Adam sakloron, pamrihe supaya mbukak kang maune winadi ing sakarone kang arupa krenteg ala.
وَقَالَ مَا نَهٰىكُمَا رَبُّكُمَا عَنْ هٰذِهِ الشَّجَرَةِ
Setan mau kandha marang Nabi Adam sakloron: “Panjenengan kekalih kula aturi priksa, Pengeran Paduka anggenipun ngawisi dhateng Panjenengan boten kepareng dhahar wohipun wit satunggal punika,
اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَا مَلَكَيْنِ اَوْ تَكُوْنَا مِنَ الْخٰلِدِيْنَ﴿20﴾
kersanipun supados Penjenengan sekaliyan sampun ngantos sami dados malaikat, utawi anggen Panjenengan sami manggen wonten suwarga ngriki sampun ngantos langgeng.” (20)
وَقَاسَمَهُمَآ اِنِّيْ لَكُمَا لَمِنَ النّٰصِحِيْنَۙ﴿21﴾
lblis mau supata marang Nabi Adam sakeloron: “Demi Allah, sayektosipun kula punika tumrap panjenengan sakaloron, minangka saweneh juru-pitutur ingkang tuhu-tuhu.” (21)
فَدَلّٰىهُمَا بِغُرُوْرٍۚ فَلَمَّا ذَاقَا الشَّجَرَةَ بَدَتْ لَهُمَا سَوْاٰتُهُمَا
lblis anggone ngapusi mengkono mau ndadekake keplorote Nabi Adam sakeloron saka derajate, terange mengkene: Bareng Nabi Adam sakloron wis padha kersa dhahar wohing wit kang dadi larangane Allah, sanalika banjur katon kawirangane.
وَطَفِقَا يَخْصِفٰنِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَّرَقِ الْجَنَّةِۗ
Ing kono Nabi Adam sakloron banjur padha menthiki gegodhongan ing suwarga, dianggo nutupi aurote.
وَنَادٰىهُمَا رَبُّهُمَآ اَلَمْ اَنْهَكُمَا عَنْ تِلْكُمَا الشَّجَرَةِ
Pengeran banjur ngendika: “Ingsun apa durung nglarang sira sakeloron, aja dhahar wohing wit iku,
وَاَقُلْ لَّكُمَآ اِنَّ الشَّيْطٰنَ لَكُمَا عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ﴿22﴾
sarta Ingsun apa durung paring weruh marang sira menawa setan iku tetela mungsuhmu?” (22)
قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَآ اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا
Nabi Adam sakloron banjur padha munjuk atur: “Dhuh Pengeran kawula, saestunipun kawula punika sami nganiaya dhateng jiwa kawula piyambak, saupami Paduka mboten Ngapunten ing kawula
وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ﴿23﴾
sarta mboten Paring Welas dhateng kawula, saestu kawula kekalih badhe dados ewonipun ingkang sami kapitunan.” (23)
قَالَ اهْبِطُوْا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّۚ
Pangandikane Allah: “Padha mudhuna saka suwarga menyang donya. Ana ing kono turunmu bakal padha memungsuhan,
وَلَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَّمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ﴿24﴾
Lan ana ing bumi kono sliramu padha duwe panggonan, ugo duwe kebungahan, nganthi sawatara mangsa.” (24)
قَالَ فِيْهَا تَحْيَوْنَ وَفِيْهَا تَمُوْتُوْنَ وَمِنْهَا تُخْرَجُوْنَ﴿25﴾ ع_2
Allah ngendika maneh: “Ana ing donya sira padha urip lan banjur padha mati, Ian ing tembe sira bakal padha diwetokake saka ing donya.” (25)
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ قَدْ اَنْزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُّوَارِيْ سَوْاٰتِكُمْ وَرِيْشًاۗ
He para anak turune Adam. Satemene Ingsun wis maringi sandhangan kanggo nutupi wadimu kabeh, sarta maneh sandhangan kanggo pepaes.
وَلِبَاسُ التَّقْوٰى ذٰلِكَ خَيْرٌۗ
Dene sandangan pananggulanging ala iku luwih becik yaiku ngabekti ing Allah.
ذٰلِكَ مِنْ اٰيٰتِ اللهِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ﴿26﴾
Kang mengkono iku klebu tandha bebener kuwasaning Allah, supaya wong-wong mau padha gelem mikir-mikir. (26)
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ لَا يَفْتِنَنَّكُمُ الشَّيْطٰنُ
Hai para anak turune Adam! Sliramu padha-a ngati-ati, aja nganti kena panggodhaning setan,
كَمَآ اَخْرَجَ اَبَوَيْكُمْ مِّنَ الْجَنَّةِ
kaya anggone nggodha leluhurmu Adam sakloron, nganti bisa gawe metu saka suwarga.
يَنْزِعُ عَنْهُمَا لِبَاسَهُمَا لِيُرِيَهُمَا سَوْاٰتِهِمَاۗ
Setan mau ndhedheli panganggone Adam sakeloron, supaya padha katon wewadine, mbukak krentege sakarone kang ala.
اِنَّهٗ يَرٰىكُمْ هُوَ وَقَبِيْلُهٗ مِنْ حَيْثُ لَا تَرَوْنَهُمْۗ
Satemene setan sakancane iku padha bisa nyawang sliramu, nanging sliramu padha ora bisa nyawang setan sakancane.
اِنَّا جَعَلْنَا الشَّيٰطِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ لِلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿27﴾
lngsun nitahake setan iku dadi pangayomane wong kang padha ora Iman. (27)
وَاِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً قَالُوْا وَجَدْنَا عَلَيْهَآ اٰبَاۤءَنَا وَاللهُ اَمَرَنَا بِهَاۗ
Lan menawa wong-wong mau padha nindakake panggawe ala, pangucape mengkene: “Kita wis nemu leluhur kita padha nindakake iku lan Allah wis ndhawuhake iku kabeh marang kita.”
قُلْ اِنَّ اللهَ لَا يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاۤءِۗ
(Muhammad) dhawuha: “Sajatine Allah iku ora dhawuh supaya sira nindakake tindak kang ala.”
اَتَقُوْلُوْنَ عَلَى اللهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ﴿28﴾
Apa sira padha ngucapake ing Allah samubarang kang sira padha ora mangerti?” (28)
قُلْ اَمَرَ رَبِّيْ بِالْقِسْطِۗ
(Muhammad) dhawuha: “Pengeraningsun wis dhawuh marang Ingsun supaya nindakake adil.
وَاَقِيْمُوْا وُجُوْهَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَّادْعُوْهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۗ
Sira padha nglakonana sholat, padha ngadhepna wajahmu marang Allah ana ing ngendi ngendi Masjid, lan pada manembaha ing Allah netepi agama klawan ati kang ikhlas.
كَمَا بَدَاَكُمْ تَعُوْدُوْنَۗ﴿29﴾
Sarehning Allah iku Kuwasa Nitahake sliramu, mesthi iya kuwasa Nguripake maneh saka pati. (29)
فَرِيْقًا هَدٰى وَفَرِيْقًا حَقَّ عَلَيْهِمُ الضَّلٰلَةُۗ
(He manungsa): Sagolonganmu diparingi pitedah bener dening Allah dene kang segolongan liyane, ditemtokake padha kesasar
اِنَّهُمُ اتَّخَذُوا الشَّيٰطِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ اللهِ
amarga padha ngalap setan minangka dadi pangayome, tinimbangane Allah,
وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ﴿30﴾
lan wong-wong mau padha ngira menawa dheweke padha pikantuk pitedah. (30)
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ خُذُوْا زِيْنَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ
He para anak turune Adam. Sira padha ngagema sandhanganmu kang becik-becik nalikane sholat ana ing mesjid,
وَّكُلُوْا وَاشْرَبُوْا وَلَا تُسْرِفُوْاۚ
Lan sira padha dhahara Ian ngunjuka sakarepmu, nanging aja padha leluwihan.
اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَ﴿31﴾ ع_3
Satemene Allah iku Ora Remen marang wong kang padha tumindak leluwihan. (31)
قُلْ مَنْ حَرَّمَ زِيْنَةَ اللهِ الَّتِيْٓ اَخْرَجَ لِعِبَادِهٖ وَالطَّيِّبٰتِ مِنَ الرِّزْقِۗ
(Muhammad) dhawuha: “Sapa kang wani ngelarang nganggo pepaesan peparinge Allah kang wis dianakake kanggo para kawulane, utawa ngeharamake dhaharan rezeki kang apik-apik?”
قُلْ هِيَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا خَالِصَةً يَّوْمَ الْقِيٰمَةِۗ
“Pepsaesan utawa rezeki mau Kersane Allah diparingake dadi duweke wong kang padha Iman ing Allah. Sawektu ana ing donya iki wong kafir melu keparingan. Dene besuk dina qiyamat, pepaesan lan rezeki mau mung diparingake marang wong kang Iman wae.”
كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ﴿32﴾
Mengkono iku anggone Ingsun mrinci-mrinci ayat-ayat Ingsun marang wong-wong kang padha mangerti ing bebener.” (32)
قُلْ اِنَّمَا حَرَّمَ رَبِّيَ الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ
(Muhammad) dhawuha: “Satemene Pengeran ingsun ngeharamake sakabehe penggawe nistha kang katon Ian kang samar,
وَالْاِثْمَ وَالْبَغْيَ بِغَيْرِ الْحَقِّ
Ugo ngharamake tumindak dosa sarta panganiaya kang ora bener,
وَاَنْ تُشْرِكُوْا بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًا
Lan Panjenengane ugo ngeharamake nyekuthokake ing Allah kang Panjenengane ora nurunake wewenang
وَّاَنْ تَقُوْلُوْا عَلَى اللهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ﴿33﴾
Lan Panjenengane uga ngeharamake anggonmu padha ngucapake ing Allah samubarang kang ora sira padha mangerteni.” (33)
وَلِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌۚ
Lan tumrap siji-sijining ummat iku duwe pepesthen wektu Ian wayah patine.
فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ﴿34﴾
Samangsa wis tekan wayahe ajal, ora bisa maju utawa mundur, senajan mung sethithik wae. (34)
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ اِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ
He para wayah turune Adam, menawa sira padha kerawuhan para utusan Ingsun saka golonganmu,
يَقُصُّوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِيْۙ فَمَنِ اتَّقٰى وَاَصْلَحَ
kang medharake ayat-ayat Ingsun Al-Qur’an, sing sapa ngabekti ing Allah, Ian banjur mbecikake tumindake,
فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿35﴾
besuk ana akherat mesthi ora bakal padha khawatir Ian ora padha susah. (35)
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَاسْتَكْبَرُوْا عَنْهَآ
Dene wong kang padha anggorohake ayat-ayat Ingsun, Ian padha gumedhe, ora gelem ngestokake marang ayat-ayat Ingsun,
اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿36﴾
Dheweke kabeh iku kadunungan dadi penduduk neraka, ing sajerone selawase. (36)
فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ
Sapa wong kang luwih nganiaya ngungkuli wong kang gawe gegorohan marang Allah, utawa ngungkuli wong kang nggorohake ayat-ayate Allah,
اُولٰۤىِٕكَ يَنَالُهُمْ نَصِيْبُهُمْ مِّنَ الْكِتٰبِۗ
Wong mengkono mau bakal nampa bagean azabe kang wis kapacak ana kitab.
حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُنَا يَتَوَفَّوْنَهُمْۙ قَالُوْٓا اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِۗ
Saengga menawa wong-wong mau karawuhan para Utusan Ingsun, kang njabut nyawane, kanthi pitakon: “Endi brahala-brahala kang padha sira sembah saliyane Allah?”
قَالُوْا ضَلُّوْا عَنَّا وَشَهِدُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰفِرِيْنَ﴿37﴾
Wong-wong mau padha matur: “Brahala-brahala wau sampun sirna saking kito,” Lan kabeh padha nyekseni menawa dheweke padha kafir. (37)
قَالَ ادْخُلُوْا فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِكُمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ فِى النَّارِۙ
Allah ngendika: “Sliramu kabeh bebarengan karo golongan kang wis kepungkur saka jin lan manungsa padha lumebua ana neraka.”
كُلَّمَا دَخَلَتْ اُمَّةٌ لَّعَنَتْ اُخْتَهَاۗ
Saben golongan mau lumebu ana neraka banjur nggunem ala marang sedulure,
حَتّٰٓى اِذَا ادَّارَكُوْا فِيْهَا جَمِيْعًاۙ
nganthi kabeh golongan mau wis padha Iumebu ana ing neraka.
قَالَتْ اُخْرٰىهُمْ لِاُوْلٰىهُمْ رَبَّنَا هٰٓؤُلَاۤءِ اَضَلُّوْنَا فَاٰتِهِمْ عَذَابًا ضِعْفًا مِّنَ النَّارِ ەۗ
Golongan kang Iumebu kari padha ngaturake kesalahan tumindake golongan dhisik: “Dhuh Pengeran kawula, tetiyang punika sampun nyasaraken dhateng kawula. Paduka mugi nyiksa dhateng piyambakipun kaliyan siksa neraka ing kang tikel-matikel.”
قَالَ لِكُلٍّ ضِعْفٌ وَّلٰكِنْ لَّا تَعْلَمُوْنَ﴿38﴾
Allah ngendika: “Kabeh wis padha kapatrapan siksa kang tikel-matikel, nanging sira kabeh padha ora mangerti. (38)
وَقَالَتْ اُوْلٰىهُمْ لِاُخْرٰىهُمْ فَمَا كَانَ لَكُمْ عَلَيْنَا مِنْ فَضْلٍ
Wong-wong kang Iumebu dhisik padha mangsuli marang wong-wong kang padha Iumebu kari. “Ora yen sira kabeh iku luwih becik tinimbang kita,
فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ﴿39﴾ع_4
mulane sira uga padha ngrasakna siksa kagawa saka tindak kang wis padha sira tindakake.” (39)
اِنَّ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَاسْتَكْبَرُوْا عَنْهَا
Satemene wong-wong kang padha anggorohake ayat-ayat Ingsun sarta padha gumedhe, ora gelem ngestokake ayat-ayat Ingsun,
لَا تُفَتَّحُ لَهُمْ اَبْوَابُ السَّمَاۤءِ
ora bakal diwenangi lawanging Iangit,
وَلَا يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ حَتّٰى يَلِجَ الْجَمَلُ فِيْ سَمِّ الْخِيَاطِۗ
lan padha ora bisa mlebu suwarga nganti yen ana unta kang bisa lumebu ana bolongan dom.
وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُجْرِمِيْنَ﴿40﴾
Kang mengkono iku piwales Ingsun marang wong kang padba tumindak dosa. (40)
لَهُمْ مِّنْ جَهَنَّمَ مِهَادٌ وَّمِنْ فَوْقِهِمْ غَوَاشٍۗ
Dheweke bakal padha manggon ana neraka Jahannam kang ing dhuwure ana tutupe rapet.
وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ﴿41﴾
Kaya mengkono iku Ingsun males marang para wong kang padha nganiaya. (41)
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Dene wong-wong kang padha Iman sarta kang padha tumindak becik,
لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَآ
Ingsun ora nugasake marang saben-saben wong kajaba mung sakuwasane.
اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿42﴾
Wong-wong kang mengkono mau bakal padha manggon ana suwarga, ing sajerone selawase (42)
وَنَزَعْنَا مَا فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنْ غِلٍّ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْانْهٰرُۚ
Lan Ingsun ngilangi samubarang rumpeg kang ana ing sajroning atine, ing sangisore ana kali-kaline kang padha mili.
وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ هَدٰىنَا لِهٰذَاۗ
Dheweke padha celathu: “Sadaya pangalembana kagunganipun Allah, Ingkang sampun anuntun kawula dhateng (kawontenan) punika,
وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَآ اَنْ هَدٰىنَا اللهُۚ
saha kawula mboten badhe saged ngambah margi punika manawi Allah botena anuntun kawula.
لَقَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّۗ
Saestu sampun rawuh para Utusan Pengeran, ambekta bebener.”
وَنُوْدُوْٓا اَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ اُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿43﴾
Lan bakal diumumake marang dheweke: “Iku suwarga diwarisake marang sliramu, amarga saka samubarang kang wus padha sira Iakoni.” (43)
وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ اَصْحٰبَ النَّارِ اَنْ قَدْ وَجَدْنَا مَا وَعَدَنَا رَبُّنَا حَقًّا
Wong-wong ahli suwarga padha undang-undang marang wong ing neraka: “Satemene saiki kapara nyata ingsun wis nampani ganjaran kang wis kajanjeake dening Pengeran.
فَهَلْ وَجَدْتُّمْ مَّا وَعَدَ رَبُّكُمْ حَقًّاۗ
Sira apa iya wis ngrasakake kasunyatan azab kang wis diancamake dening Pengeran?”
قَالُوْا نَعَمْۚ فَاَذَّنَ مُؤَذِّنٌۢ بَيْنَهُمْ اَنْ لَّعْنَةُ اللهِ عَلَى الظّٰلِمِيْنَ﴿44﴾
Wong neraka padha mangsuli: “Iya mengkono.” Ing kono nuli ana malaikat dhawuh mengkene: “Bebendune Allah iku tumrap marang wong kang padha duraka.” (44)
اَلَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۚ
Yaiku wong-wong kang padha ngalang-alangi manungsa saka dedalan agamane Allah, lan padha murih supaya melenceng.
وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ كٰفِرُوْنَۘ﴿45﴾
Wong-wong mau padha ora percaya marang bakal anane akhirat (45)
وَبَيْنَهُمَا حِجَابٌۚ وَعَلَى الْاَعْرَافِ رِجَالٌ يَّعْرِفُوْنَ كُلًّاۢ بِسِيْمٰىهُمْۚ
Ing antarane suwarga Ian neraka iku ana batese kang aran A’raaf, iku panggonane wong kang tumindak becik lan tumindak ala bobote padha. Wong kang manggon ing kono padha mangerti wong kang ana ing suwarga Ian neraka.
وَنَادَوْا اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ اَنْ سَلٰمٌ عَلَيْكُمْۗ
Panyuwune marang wong kang ana ing suwarga: “Kawilujenganipun Allah mugi-mugi tetep dhateng Panjenengan sedaya.”
لَمْ يَدْخُلُوْهَا وَهُمْ يَطْمَعُوْنَ﴿46﴾
Wong-wong mau durung lumebu ing suwarga. Sejatine dheweke padha kepengin. (46)
وَاِذَا صُرِفَتْ اَبْصَارُهُمْ تِلْقَاۤءَ اَصْحٰبِ النَّارِۙ قَالُوْا
Wong kang ana ‘Araf mau menawa ndeleng wong ing neraka, banjur padha munjuk atur ing Allah mengkene:
رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ﴿47﴾ع_5
“Dhuh Pengeran kawula, kawula mugi-mugi sampun ngantos Paduka lebetakan dhateng neraka kempal kaliyan ingkang sami nganiaya. (47)
وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ الْاَعْرَافِ رِجَالًا يَّعْرِفُوْنَهُمْ بِسِيْمٰىهُمْ
Wong kang ana ing A’raf padha ngaruh-aruhi sawetara wong kang ana ing neraka, kang wis disumurupi tetengere,
قَالُوْا مَآ اَغْنٰى عَنْكُمْ جَمْعُكُمْ وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُوْنَ﴿48﴾
pengucape: “Apa anggonmu nglumpukake bondho Ian anggonmu padha gumedhe biyen ora bisa nulak azab neraka?” (48)
اَهٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَقْسَمْتُمْ لَا يَنَالُهُمُ اللهُ بِرَحْمَةٍۗ
(He para ahli neraka), biyen sira padha supata, ngarani yen para wong Islam iku ora bakal pikantuk asihing Allah, saiki wis padha sumurup kasunyatane, para wong Islam padha tampa dhawuhing Allah mengkene:
اُدْخُلُوا الْجَنَّةَ لَا خَوْفٌ عَلَيْكُمْ وَلَآ اَنْتُمْ تَحْزَنُوْنَ﴿49﴾
“Saiki sira padha lumebua suwarga. Ana ing kono padha ora duwe rasa kuwatir, Ian ora padha nemahi kesusahan. (49)
وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ النَّارِ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ
Wong-wong ahli neraka padha aruh-aruh marang wong-wong ahli suwarga:
اَنْ اَفِيْضُوْا عَلَيْنَا مِنَ الْمَاۤءِ اَوْ مِمَّا رَزَقَكُمُ اللهُۗ
“Mugi mugi kita punika sami Panjenengan sukani toya sacegukan utawi tetedhan peparingipun Allah dhumateng Panjenengan sekedhik kemawon.”
قَالُوْٓا اِنَّ اللهَ حَرَّمَهُمَا عَلَى الْكٰفِرِيْنَۙ﴿50﴾
Wong ahli suwarga banjur padha mangsuli: “Satemene Allah ora pareng yen banyu utawa dhaharan suwarga kadhahar tiyang ingkang kafir.” (50)
الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَهُمْ لَهْوًا وَّلَعِبًا وَّغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۚ
Yaiku wong kang padha nganggo dolanan Ian siya-siya marang agamane, ugo padha kelimput kebungahan donya.
فَالْيَوْمَ نَنْسٰىهُمْ كَمَا نَسُوْا لِقَاۤءَ يَوْمِهِمْ هٰذَاۙ وَمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ﴿51﴾
Mulane ing dina (qiyamat) iki Ingsun nglalekake dheweke, kaya dene deweke nglalekake anane dina (qiyamat) iki. Kaya kahanan anggone dheweke maido marang ayat-ayat Ingsun. (51)
وَلَقَدْ جِئْنٰهُمْ بِكِتٰبٍ فَصَّلْنٰهُ عَلٰى عِلْمٍ
Lan setuhune Ingsun wis ngundangake kitab Qur’an marang wong-wong kabeh, kang anjelasake adhedasar Ilmu,
هُدًى وَّرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ﴿52﴾
minangka Pitedah Bener lan tandha Sih Kawelasan Ingsun marang wong kang padha mukmin (52)
هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا تَأْوِيْلَهٗۗ
Dheweke ora padha ngenteni, kajaba kadadeyan bebener isine Al-Qur’an,
يَوْمَ يَأْتِيْ تَأْوِيْلُهٗ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ نَسُوْهُ مِنْ قَبْلُ قَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّۚ
Ing dina iku wong kang padha nglirwaake, padha celathu: “Satemene utusane Pengeran wis rawuh kanthi agama kang bener.
فَهَلْ لَّنَا مِنْ شُفَعَاۤءَ فَيَشْفَعُوْا لَنَآ
Jalaran saka iku, apa kita wis duwe juru safa’at kang bisa nyafa’ati kita,
اَوْ نُرَدُّ فَنَعْمَلَ غَيْرَ الَّذِيْ كُنَّا نَعْمَلُۗ
utawa supaya kita padha dibalikake ana donya, perlune kita bebarengan ora arep nindakake tindak kang kita kleru biyen.”
قَدْ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ﴿53﴾ ع_6
Satemene wong-wong mau wis padha gawe kapitunan marang awake dheweke lan wis sirna sesembahan-sesembahane kang wis padha digawe-gawe. (53)
اِنَّ رَبَّكُمُ اللهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ
Satemene Pengeranmu Allah kang wis nitahake saindhenging langit lan bumi sajerone 6 (enem) dina, nuli Panjenengane Jumeneng Terus Ing Panguwasa.
يُغْشِى الَّيْلَ النَّهَارَ يَطْلُبُهٗ حَثِيْثًاۙ
Panjenengane Allah ndadekake rina Ian wengi genten rebut-numpang klawan gelis.
وَّالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالنُّجُوْمَ مُسَخَّرٰتٍۢ بِاَمْرِهٖٓۙ
Lan maneh Allah Nitahake srengenge Ian rembulan sarta lintang. Kabeh mau padha sumungkem ngestokaken prentahing Allah.
اَلَا لَهُ الْخَلْقُ وَالْاَمْرُۗ تَبٰرَكَ اللهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ﴿54﴾
Pengeran kang kaya mengkono iku apa dudu Pengeran kang Kagungan Titah iki kabeh, Ian apa dudu Kang Murbawasesa kabeh perkara? Allah Maha Maringi Berkah, Maha Mengerani ngalam kabeh. (54)
اُدْعُوْا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَّخُفْيَةًۗ
(He para kawulane Allah), sira padha nyenyuwuna marang Allah Pangeranmu kelawan ndhedhepe sarta lirih.
اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَۚ﴿55﴾
Satemene Pangeranmu iku ora remen wong kang padha nyenyuwun klawan suara kang sora (bengok-bengok), kakehan tembung tur ora trusing ati. (55)
وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ اِصْلَاحِهَا
Aja padha gawe kerusakan ana bumi, sawise dibangun kanthi becik.
وَادْعُوْهُ خَوْفًا وَّطَمَعًاۗ اِنَّ رَحْمَتَ اللهِ قَرِيْبٌ مِّنَ الْمُحْسِنِيْنَ﴿56﴾
Lan padha nyenyuwuna marang Allah kelawan wedi sarta ngarep-ngarep Kanugrahan. Satemene Welas Asihe Allah iku cedhak, diparingake marang wong kang padha tumindak becik. (56)
وَهُوَ الَّذِيْ يُرْسِلُ الرِّيٰحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۗ
Allah iku kang Ngutus angin minangka dadi bebungah ndhisiki sangarepe Welas Asihe,
حَتّٰٓى اِذَآ اَقَلَّتْ سَحَابًا ثِقَالًا سُقْنٰهُ لِبَلَدٍ مَّيِّتٍ
nganti nalikane angin mau wis nggawa mega kang abot, banjur Ingsun Siramake ana bumi kang mati.
فَاَنْزَلْنَا بِهِ الْمَاۤءَ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۗ
Ingsun Nurunake banyu udan kanthi mendhung, nuli Ingsun ngetokake woh-wohan kanthi anane banyu mau.
كَذٰلِكَ نُخْرِجُ الْمَوْتٰى لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ﴿57﴾
Kaya mengkono uga Ingsun bakal Nguripake wong mati, supaya sira kabeh padha eling. (57)
وَالْبَلَدُ الطَّيِّبُ يَخْرُجُ نَبَاتُهٗ بِاِذْنِ رَبِّهٖۚ
Dene negara kang becik, iku bisa ngetokake tetanduran kanti pikantuk izining Allah Pengerane,
وَالَّذِيْ خَبُثَ لَا يَخْرُجُ اِلَّا نَكِدًاۗ
nanging negara kang ala, ora bisa ngetokake tetandurane kajaba kanthi angel.
كَذٰلِكَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّشْكُرُوْنَ﴿58﴾ع_7
Kaya mengkono iku Ingsun nerangake ayat-ayat Ingsun marang wong-wong kang padha gelem syukur marang Allah. (58)
لَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ
Sayektine Ingsun wis ngutus Nuh marang kaume. Nuh banjur dhawuh: “He para kaumku kabeh, sira manembaha ing Allah. Sira ora duwe Pengeran kajaba mung Allah.
اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ﴿59﴾
Aku kuwatir menawa sira manembah saliyane Allah, ing besuk dina qiyamat mesthi padha kena azab kang gedhe. (59)
قَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِهٖٓ اِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ﴿60﴾
Ature para leluhure golongane Nuh: “Miturut pemanggih kita sayektos Panjenengan punika wonten salebetipun kesasar ingkang sampun cetha.” (60)
قَالَ يٰقَوْمِ لَيْسَ بِيْ ضَلٰلَةٌ وَّلٰكِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ﴿61﴾
Nuh banjur dhawuh maneh: “He kaumku. Ingsun ora kesasar, nanging Ingsun iku sawijining Rasul saka Ngarsane Pengeran kang Nguwasani ngalam kabeh.” (61)
اُبَلِّغُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَاَنْصَحُ لَكُمْ وَاَعْلَمُ مِنَ اللهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ﴿62﴾
Ingsun iki ngaturake dhawuh-dhawuhe Pengeran ingsun marang sliramu kabeh, sarta ingsun atur pitutur jalaran ingsun mangerti saka Peparinge Allah barang kang ora padha sira mangerteni. (62)
اَوَعَجِبْتُمْ اَنْ جَاۤءَكُمْ ذِكْرٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ
Apa sira padha gumun, dene padha diparingi pepeling saka Pengeranmu
عَلٰى رَجُلٍ مِّنْكُمْ لِيُنْذِرَكُمْ
nganggo lantaran sawijining wong lanang saka golonganmu, supaya pepeling
وَلِتَتَّقُوْا وَلَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ﴿63﴾
padha ngabektia ing Allah, lan supaya sira padha pikantuk Welas Asih saka Pengeranmu. (63)
فَكَذَّبُوْهُ فَاَنْجَيْنٰهُ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗ فِى الْفُلْكِ
Ananging wong-wong mau padha anggorohake dheweke, mulane Ingsun nyalametake Nuh dalasan para pandhereking prau,
وَاَغْرَقْنَا الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ
sarta Ingsun ngeremake wong-wong kang padha anggorohake,
اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا عَمِيْنَ﴿64﴾ ع_8
Satemene wong-wong mau kagolong bangsa kang wuta (saka pituduh). (64)
وَاِلٰى عَادٍ اَخَاهُمْ هُوْدًاۗ
Lan maneh Ingsun iya wis ngutus Hud, Ingsun Kersakake ndhawuhi para kaume, yaiku kaum ‘Ad,
قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ
dhawuhe Hud mengkene: “He para kaumku, sira padha manembaha ing Allah, ora ana Pengeran saliyane Panjenengane piyambak.
اَفَلَا تَتَّقُوْنَ﴿65﴾
Apa sira padha ora padha ngabekti marang Allah?” (65)
قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖٓ اِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْ سَفَاهَةٍ
Para leluhure golongan Nuh mau padha matur: “Pamanggih kula, panjenengan punika bodho,
وَّاِنَّا لَنَظُنُّكَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ﴿66﴾
lan panginten kula, bilih panjenengan punika klebet tiyang ingkang apus-apus.” (66)
قَالَ يٰقَوْمِ لَيْسَ بِيْ سَفَاهَةٌ
Dhawuha Hud: “He kaumku. Aku ora bodho,
وَّلٰكِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ﴿67﴾
nanging aku sawijining Rasul saka Ngarsane Pengeran kang Mangerani ngalam kabeh.” (67)
اُبَلِّغُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَاَنَا۠ لَكُمْ نَاصِحٌ اَمِيْنٌ﴿68﴾
“Ingsun mung saderma ngaturake dhawuh-dhawuhe Pengeran marang sliramu kabeh, lan ingsun dadi juru pitutur marang sira kabeh kang pinercaya.” (68)
اَوَعَجِبْتُمْ اَنْ جَاۤءَكُمْ ذِكْرٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَلٰى رَجُلٍ مِّنْكُمْ لِيُنْذِرَكُمْۗ
Apa sira padha gumun, dene padha diparingi dhawuh saka Pengeranmu nganggo lantaran sawijining wong saka kaummu, supaya paring pepeling.
وَاذْكُرُوْٓا اِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاۤءَ مِنْۢ بَعْدِ قَوْمِ نُوْحٍ وَّزَادَكُمْ فِى الْخَلْقِ بَصْۣطَةًۚ
Dhawuhing Allah: “Sira padha elinga sapungkure para ummate Nabi Nuh, sira padha dikeparengake manggon ana ing bumi, ditambahi prawakanmu gagah pideksa gedhe dhuwur.
فَاذْكُرُوْٓا اٰلَاۤءَ اللهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ﴿69﴾
Mulane padha elinga Peparing nikmate Allah marang sira kabeh. Supaya sira pikantuk kabegjan. (69)
قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا لِنَعْبُدَ اللهَ وَحْدَهٗ وَنَذَرَ مَا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَاۚ
Wong-wong mau (kaume Hud) banjur matur: “Dados kersa panjenengan punika, kita kadhawuhan manembah mligi dhateng Allah, ninggal sesembahanipun para leluhur kita?
فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ﴿70﴾
Mangga azab ingkang panjenengan ancamaken punika dipun dhatengaken sakmenika ugi, menawi panjenengan punika kadhawuhan saestu” (70)
قَالَ قَدْ وَقَعَ عَلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ رِجْسٌ وَّغَضَبٌۗ
Dhawuh wangsulane (Hud): “Satemene sira kabeh bakal ketiban azab Ian bebendu saka Pengeranmu.
اَتُجَادِلُوْنَنِيْ فِيْٓ اَسْمَاۤءٍ سَمَّيْتُمُوْهَآ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ
Apa sira padha mbantah marang Ingsun ing bab jeneng-jenenge brahala kang sliramu Ian para leluhmu padha aweh jeneng?
مَّا نَزَّلَ اللهُ بِهَا مِنْ سُلْطٰنٍۗ
Kamangka Allah ora nurunake keterangan apa-apa bab iku.
فَانْتَظِرُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ﴿71﴾
Jalaran saka iku, entenana, ingsun uga klebu golongane wong-wong kang padha ngenteni.” (71)
فَاَنْجَيْنٰهُ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا
Ingsun banjur nyelamatake Hud bebarengan karo wong-wong kang Iman kanthi Welas Asih Ingsun.
وَقَطَعْنَا دَابِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا
Lan Ingsun tumpes pangrekane wong-wong kang padha nggorohake ayat-ayat Ingsun,
وَمَا كَانُوْا مُؤْمِنِيْنَ﴿72﴾ ع_9
dheweke kabeh iku ora klebu wong-wong kang Iman. (72)
وَاِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًاۘ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ
Lan marang kaum Tsamud, Ingsun wis ngutus sedulure kang aran Nabi Sholeh. Dhawuhe: “He kaumku, sliramu kabeh manembaha marang Allah, aja manembah sesembahan saliyane Allah.
قَدْ جَاۤءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْۗ هٰذِهٖ نَاقَةُ اللهِ لَكُمْ اٰيَةً
Satemene wis tumekan marang sliramu bukti kang nyata saka Pengeranmu, arupa unta wadon minangka tandha saka ngarsane Allah,
فَذَرُوْهَا تَأْكُلْ فِيْٓ اَرْضِ اللهِ
iki togna wae anggone mangan (reramban) ing bumine Allah,
وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿73﴾
lan aja mbok ganggu supaya sliramu kabeh ora kataman azab kang milarani. (73)
وَاذْكُرُوْٓا اِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاۤءَ مِنْۢ بَعْدِ عَادٍ
Lan sira padha elinga nalika Panjenengane ndadeake sliramu kabeh dadi sesulih, sawise kaum ‘Ad,
وَّبَوَّاَكُمْ فِى الْاَرْضِ تَتَّخِذُوْنَ مِنْ سُهُوْلِهَا قُصُوْرًا وَّتَنْحِتُوْنَ الْجِبَالَ بُيُوْتًاۚ
lan Panjenengane manggonake sliramu ana ing bumi, sira padha yasa, ana ing padunungan kang rata, arupa pirang-pirang gedhung kang indah, Ian sira padha natah gunung-gununge bisa dadi kaya omah.
فَاذْكُرُوْٓا اٰلَاۤءَ اللهِ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ﴿74﴾
Jalaran saka iku, sira padha elinga ing kanikmatane Allah, Ian sira ana ing bumi aja padha gawe rusak. (74)
قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ لِلَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِمَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ
Pengarep-Pengarep bangsane kang padha gumedhe, celathu marang wong kang dianggep isih lemah imane saka golongan penderek Nabi Sholih:
اَتَعْلَمُوْنَ اَنَّ صٰلِحًا مُّرْسَلٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ
“Sira apa padha cetha weruh, menawa Shalih iku temen diutus Pengerane”.
قَالُوْٓا اِنَّا بِمَآ اُرْسِلَ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ﴿75﴾
Wong kang ditakoni banjur padha mangsuli: “Kula sami pitados menawi dhawuhipun Shalih punika terang saking Pengeran.” (75)
قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا بِالَّذِيْٓ اٰمَنْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ﴿76﴾
Wong kang gumedhe mau banjur mangsuli: “Satemene babagan barang kang sira percaya iku, ingsun ora percaya.” (76)
فَعَقَرُوا النَّاقَةَ وَعَتَوْا عَنْ اَمْرِ رَبِّهِمْ
Ing kono wong kang gumedhe mau banjur nerak wewalering Pengeran, mragad (beleh) unta mau,
وَقَالُوْا يٰصٰلِحُ ائْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ﴿77﴾
Pangucape: “He Shalih, sapunika panjenengan dhatengaken siksa ingkang panjenengan ancamaken, menawi panjenengan punika saestu utusanipun Pengeran.” (77)
فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَ﴿78﴾
Nuli ana lindhu lan bledhek nyamber wong-wong mau, satemah padha krungkep, mati ngenggon. (78)
فَتَوَلّٰى عَنْهُمْ وَقَالَ يٰقَوْمِ لَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ رِسَالَةَ رَبِّيْ
Tumuli Nabi Sholeh ninggalake kaume kelawan ngendika: “He para kaumku, ingsun wis ndhawuhake piwulanging Pengeran,
وَنَصَحْتُ لَكُمْ وَلٰكِنْ لَّا تُحِبُّوْنَ النّٰصِحِيْنَ﴿79﴾
lan sira wis ingsun pituturi akeh-akeh, ewodene sliramu malah ora remen marang pitutur iku. (79)
وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَ
Lan (Ingsun wus Ngutus) Luth, nalikane celathu marang bangsane: “Apa sliramu padha nindakake panggawe nistha,
مَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ اَحَدٍ مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ﴿80﴾
kang sadurungmu ora ana wong kang nindakake kaya mangkono iku siji-sijia ing saindhenging jagad?” (80)
اِنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِّنْ دُوْنِ النِّسَاۤءِۗ
Yagene sira dhemen cumbana marang padha-padha wong lanang, nampik wong wadon?
بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُوْنَ﴿81﴾
Pancen sira iku bangsa kang padha tumindak ngluwihi wates. (81)
وَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا
Wangsulane para ummat mau ora ana maneh mung ngucap marang golongane:
اَخْرِجُوْهُمْ مِّنْ قَرْيَتِكُمْۚ اِنَّهُمْ اُنَاسٌ يَّتَطَهَّرُوْنَ﴿82﴾
“Tundhungen wae Luth sapendhereke iku saka negaramu, amargo podho sumuci.” (82)
فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ﴿83﴾
Ingsun nuli nylametake Luth dalah pandereke, kajaba garwane, sebab kalebu golongane wong-wong kang padha keri. (83)
وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۗ
Ingsun nurunake udan watu lan lahar,
فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِيْنَ﴿84﴾ع_10
moro delengen kepriye kedadeyane wong kang padha nandhang siksa. (84)
وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًاۗ
Lan marang bangsa Madyan Ingsun wus ngutus saduIure kang asma Syu’aib.
قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ
Dheweke celathu: “E, bangsaku! Padha ngabektia ing Allah, sliramu ora duwe sesembahan Iiyane Panjenengane.
قَدْ جَاۤءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيْزَانَ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ
Temen wus tumeka ing sira tandha bebener cetha saka Pengeranmu. Mulane padha diberesake urusan panakermu Ian panimbangmu, sarta aja padha ngelongi barang-barange wong,
وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ اِصْلَاحِهَاۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَۚ﴿85﴾
tuwin aja agawe rerusak ing bumi sawise anggone dibecikake. Iku Iuwih apik tumrapmu manawa sliramu iku wong Iman. (85)
وَلَا تَقْعُدُوْا بِكُلِّ صِرَاطٍ تُوْعِدُوْنَ وَتَصُدُّوْنَ
Aja padha lelungguhan ana ing sadhengah dalan saperlu arep ngalang-alangi wong kang padha Iman
عَنْ سَبِيْلِ اللهِ مَنْ اٰمَنَ بِهٖ وَتَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۚ
ing dedalane Allah, pamrihe supaya dedalane Allah iku mlenceng.
وَاذْكُرُوْٓا اِذْ كُنْتُمْ قَلِيْلًا فَكَثَّرَكُمْۖ
Lan padha elinga nalikane sliramu isih sethithik, nuli Allah banjur ngekehake.
وَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِيْنَ﴿86﴾
Padha delengen kepriye kawusanane wong-wong kang padha gawe kerusakan. (86)
وَاِنْ كَانَ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْكُمْ اٰمَنُوْا بِالَّذِيْٓ اُرْسِلْتُ بِهٖ وَطَاۤىِٕفَةٌ لَّمْ يُؤْمِنُوْا
Dene menawa ana sawijining golongane sliramu padha Iman, ngestoake dhawuhe Allah kang kautuske, Ian sagolongan liyane padha ora gelem Iman,
فَاصْبِرُوْا حَتّٰى يَحْكُمَ اللهُ بَيْنَنَاۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ ﴿87﴾الجزء
iku padha srantekna wae, nganthi Allah Ngadili ing antarane kita. Panjenengane Allah iku sabecik-becike kang Maha Paring Hukum (87)
قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ
Penggede kaume Nabi Syu’aib kang padha gumedhe celathu:
لَنُخْرِجَنَّكَ يٰشُعَيْبُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَكَ مِنْ قَرْيَتِنَآ اَوْ لَتَعُوْدُنَّ فِيْ مِلَّتِنَاۗ
“He Nabi Syu’aib, panjenengan dalah penderek ingkang tunggil agami sami pun tundhung, menawi mboten purun, kedah purun balik manut agami kula.”
قَالَ اَوَلَوْ كُنَّا كَارِهِيْنَ﴿88﴾
Nabi Syu’aib mangsuli: “Senadyan sira peksa ya masa gelema mbalik.” (88)
قَدِ افْتَرَيْنَا عَلَى اللهِ كَذِبًا اِنْ عُدْنَا فِيْ مِلَّتِكُمْ بَعْدَ اِذْ نَجّٰىنَا اللهُ مِنْهَاۗ
Satemene ingsun gegorohan marang Allah yen nganti padha mbalik ngrasuk agamamu, sakwise ingsun diselametake dening Allah saka agamamu.
وَمَا يَكُوْنُ لَنَآ اَنْ نَّعُوْدَ فِيْهَآ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللهُ رَبُّنَاۗ
Lan ingsun kabeh ora bakal padha mbalik ngrasuk agamamu, kajaba dikersakake dening Allah Pangeran ingsun.
وَسِعَ رَبُّنَا كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًاۗ عَلَى اللهِ تَوَكَّلْنَاۗ
marang kersaning Allah, ingsun tawakal. Pangeran Maha Jembar angliputi samubarang.
رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ﴿89﴾
(Nabi Syu’aib nuli ndedonga): “Dhuh Pangeran kawula. Paduka mugi ngukumi kanthi Haq, anggen kawula disiya-siya kaliyan ummat kawula punika. Panjenengan punika sae-saening Pengeran ingkang Maha Maringi Putusan.” (89)
وَقَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ
Ature penggede kaume Nabi Syu’aib kang padha kafir:
لَىِٕنِ اتَّبَعْتُمْ شُعَيْبًا اِنَّكُمْ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ﴿90﴾
“Menawa sira nganthi padha kapelu manut agamane Nabi Syu’aib, temen sira kabeh iku padha kapitunan.” (90)
فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ﴿91﴾
Dheweke kabeh kataman bebendu arupa lindu, banjur padha mati gumalimpang ana ing panggonane (91)
الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا شُعَيْبًا كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَاۚ
Para kang padha anggorohake Nabi Syu’aib dadi kaya-kaya ora nate ana kang manggon ing kono.
اَلَّذِيْنَ كَذَّبُوْا شُعَيْبًا كَانُوْا هُمُ الْخٰسِرِيْنَ﴿92﴾
Wong kang anggorohake Nabi Syu’aib padha nandang kapitunan (92)
فَتَوَلّٰى عَنْهُمْ وَقَالَ يٰقَوْمِ لَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَنَصَحْتُ لَكُمْۚ
Mulane Nabi Syu’aib ninggalake kaume karo ngendika: “Hai kaumku, satemene aku wis dumugekake amanat saka Pengeran marang sliramu, aku ugo wis maringi nasihat,
فَكَيْفَ اٰسٰى عَلٰى قَوْمٍ كٰفِرِيْنَ﴿93﴾ع_11
mulane kapriye olehku iso sedih tumrap sira kang padha kafir?” (93)
وَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّبِيٍّ اِلَّآ اَخَذْنَآ اَهْلَهَا بِالْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ
Lan Ingsun ora ngutus Rasul ana ing sawijining negara, kajaba kangge nyoba wong-wong kang nulak rasul mau kanthi kesusahan lan kemelaratan (jalaran anggone padha ora percaya),
لَعَلَّهُمْ يَضَّرَّعُوْنَ﴿94﴾
supaya dheweke iku banjur padha gelem ndhedhepe. (94)
ثُمَّ بَدَّلْنَا مَكَانَ السَّيِّئَةِ الْحَسَنَةَ حَتّٰى عَفَوْا
(Sawise padha gelem dhedhepe ing pakewuh, kasusahan Ian kemlaratan mau) banjur ingsun ganti kabecikan kang sempulur Ian kebungahan, nganti nderbala kasugihane,
وَّقَالُوْا قَدْ مَسَّ اٰبَاۤءَنَا الضَّرَّاۤءُ وَالسَّرَّاۤءُ
Ing kono wong-wong mau banjur padha ngucap: “Para leluhur kita biyen ya padha ngalami kesusahan lan kemlaratan, dadi wis pancen Iumrah, kang mengkono iku wis Iumrah dhasar wis Iakune ngalam, bungah Ian susah iku gilir gumanti.
فَاَخَذْنٰهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ﴿95﴾
Bareng wong-wong mau wis Iali ing Allah, banjur padha Ingsun tungka ing azab kang ngagetake, nanging dheweke padha ora rumangsa. (95)
وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا
Lan saumpama ing negara mau wong-wonge padha iman ing Allah lan utusane Allah, sarta padha ngabekti marang Allah,
لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ
mesthi padha Ingsun bukakae berkah saka langit lan saka bumi,
وَلٰكِنْ كَذَّبُوْا فَاَخَذْنٰهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ﴿96﴾
nanging dheweke padha nggorohake, awit saka iku Ingsun banjur nurunake azab marga saka tumindake dhewe. (96)
اَفَاَمِنَ اَهْلُ الْقُرٰٓى
Apa wong penduduk negara iku wis padha rumangsa sentosa,
اَنْ يَّأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا بَيَاتًا وَّهُمْ نَاۤىِٕمُوْنَۗ﴿97﴾
menawa azab Ingsun tumeka marang dheweke ana ing wayah bengi lan wong-wong mau pinuju turu? (97)
اَوَاَمِنَ اَهْلُ الْقُرٰٓى اَنْ يَّأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا ضُحًى وَّهُمْ يَلْعَبُوْنَ﴿98﴾
Utawa wong penduduk negara mau apa wis rumangsa sentosa menawa azab Ingsun teka marang dheweke ana ing wayah isuk lan dheweke pinuju dolanan. (98)
اَفَاَمِنُوْا مَكْرَ اللهِۚ فَلَا يَأْمَنُ مَكْرَ اللهِ اِلَّا الْقَوْمُ الْخٰسِرُوْنَ﴿99﴾ع_12
Apa wong-wong mau padha ora rumangsa diuja lan dilulu dening Allah? Wong-wong kang rumangsa sentosa lan ora rumangsa diuja lan dilulu dening Allah iku kanyata dadi wong kang nandhang kapitunan. (99)
اَوَلَمْ يَهْدِ لِلَّذِيْنَ يَرِثُوْنَ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِ اَهْلِهَآ
Apa durung cetha tumrap wong-wong kang amarisi sawijining negara sawuse lebur penduduke,
اَنْ لَّوْ نَشَاۤءُ اَصَبْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْۚ
yaiku yen Ingsun kersak-ake mesti Ingsun azab jalaran saka dosa-dosane?
وَنَطْبَعُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَ﴿100﴾
Lan Ingsun kunci mati atine, mula iku wong-wong mau ora bisa midhangetake (piwulang)? (100)
تِلْكَ الْقُرٰى نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤىِٕهَاۚ
Negari-negari (kang wis Ingsun lebur) iku, Ingsun critakake saperangan wartane marang sliramu.
وَلَقَدْ جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۚ
Lan sayekti wis rawuh marang dheweke para Utusan Ingsun kanthi ngasta bukti-bukti bebener kang nyata.
فَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْا بِمَا كَذَّبُوْا مِنْ قَبْلُۗ
Nanging wong-wong mau – kaya sadurunge – tetep anggorohake.
كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللهُ عَلٰى قُلُوْبِ الْكٰفِرِيْنَ﴿101﴾
Kaya mengkono iku Allah wus ngunci atine wong-wong kang afir (101)
وَمَا وَجَدْنَا لِاَكْثَرِهِمْ مِّنْ عَهْدٍۚ
Katon banget akeh-akehe wong-wong mau ora netepi janjine.
وَاِنْ وَّجَدْنَآ اَكْثَرَهُمْ لَفٰسِقِيْنَ﴿102﴾
Pancen wong-wong mau katon banget akeh-akehe podho duraka (102)
ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ مُّوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَظَلَمُوْا بِهَاۚ
Sawise Ingsun ngutus para nabi kang wis kasebut mau, Ingsun banjur ngutus marang Nabi Musa, kanthi pirang-pirang kaelokan, Ingsun utus ndhawuhi Fir’aun sapunggawani (sawadya balane), nanging banjur padha maido Ian nganiaya marang Nabi Musa.
فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِيْنَ﴿103﴾
Mulane mara sira ndhelenga kepriye kedadeyane wong kang padha gawe kerusakan. (103)
وَقَالَ مُوْسٰى يٰفِرْعَوْنُ اِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ﴿104﴾
Dhawuhe Nabi Musa: “He Raja Fir’ aun, sejatosipun kula punika utusanipun Allah, Pengeranipun saindhenging ngalam.” (104)
حَقِيْقٌ عَلٰٓى اَنْ لَّآ اَقُوْلَ عَلَى اللهِ اِلَّا الْحَقَّۗ
Wajib kula kedah ndhawuhaken luguning dhawuh prentah saking Allah
قَدْ جِئْتُكُمْ بِبَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَرْسِلْ مَعِيَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۗ﴿105﴾
Sowan kula ing panjengengan punika mawi bekta tandha bebener saking Pengeran panjenengan, dhawuhing Pengeran, panjenengan angendikaken nglepasaken tiyang bani Israil saking perbudhakan (pengawulan), badhe kula jak wangsul dhateng tanah ing kang suci (105)
قَالَ اِنْ كُنْتَ جِئْتَ بِاٰيَةٍ فَأْتِ بِهَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ﴿106﴾
Fir’aun mangsuli: “Menawa temen sira dadi utusan Allah, serta sira ngaku nggawa tandha bebener, mara tekakna tandha bebener kang sira aturake iku. (106)
فَاَلْقٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِيْنٌۖ﴿107﴾
Nabi Musa banjur nguncalake tekene, sanalika teken mau dadi ula gedhe, katon nyata nggegirisi. (107)
وَّنَزَعَ يَدَهٗ فَاِذَا هِيَ بَيْضَاۤءُ لِلنّٰظِرِيْنَ﴿108﴾ع_13
Panjenengane banjur ngegarake astane dumadakan banjur katon mencorong putih katon dening wong kang ndeleng. (108)
قَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِ فِرْعَوْنَ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ عَلِيْمٌۙ﴿109﴾
Ature para penggede saka golongane Fir’aun: “Sayektos Musa punika juru sihir ingkang pengpengan sanget (109)
يُّرِيْدُ اَنْ يُّخْرِجَكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْۚ فَمَاذَا تَأْمُرُوْنَ﴿110﴾
Piyambakipun badhe ngedalaken panjenengan saking negari panjenengan, lan sapunika kados punapa pirembagipun?” (110)
قَالُوْآ اَرْجِهْ وَاَخَاهُ وَاَرْسِلْ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَۙ﴿111﴾
(Penggedhe-penggedhe Fir’aun) atur jawaban: “Prayogi Musa saha sederekipun (Harun) pun dhawuhi kapurih nyranrosaken, lajeng sawenenhing para juru sihir winasis saking saindhenging kutha kakempalaken.” (111)
يَأْتُوْكَ بِكُلِّ سٰحِرٍ عَلِيْمٍ﴿112﴾
“Supados pun aturi sowan panjenengan sedoyo juru sihir ingkang pengpengan.” (112)
وَجَاۤءَ السَّحَرَةُ فِرْعَوْنَ قَالُوْٓا اِنَّ لَنَا لَاَجْرًا اِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغٰلِبِيْنَ﴿113﴾
Nuli juru sihir mau padha sowan ana ngersane Fir’ aun, ature: “Menawi kita ingkang menang punika kita samangke badhe pikantuk ganjaran.” (113)
قَالَ نَعَمْ وَاِنَّكُمْ لَمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَ﴿114﴾
Dhawuhe Fir’aun: “Hiya, lan sira bakal padha kecedhak ing ngarsaku.” (114)
قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِمَّآ اَنْ تُلْقِيَ وَاِمَّآ اَنْ نَّكُوْنَ نَحْنُ الْمُلْقِيْنَ﴿115﴾
Wong-wong mau padha ngucap: “He Musa, sapa kang nguncalake (tekene) dhisik, sira apa aku?” (115)
قَالَ اَلْقُوْاۚ
Dhawuhe Musa: “Sira padha nguncalna dhisik.”
فَلَمَّآ اَلْقَوْا سَحَرُوْٓا اَعْيُنَ النَّاسِ وَاسْتَرْهَبُوْهُمْ
Bareng para juru sihir wis padha nguncalake tekene, nyulap mripate wong akeh dadi podho wedi.
وَجَاۤءُوْ بِسِحْرٍ عَظِيْمٍ﴿116﴾
Ahli sihir mau padha nekakake ilmu sihir kang gedhe. (116)
وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنْ اَلْقِ عَصَاكَۚ
lngsun nuli paring wahyu marang Nabi Musa: “He Musa, enggal sira nguncalna tekenmu.”
فَاِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُوْنَۚ﴿117﴾
Bareng Nabi Musa wis ngucalake tekene, sanalika teken mau dadi ula luwih gedhe, sarta banjur nguntali ula-ula sulapaning juru sihir mau. (117)
فَوَقَعَ الْحَقُّ وَبَطَلَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَۚ﴿118﴾
Ing kono samubarang kang temen saka dhawuhing Allah, dadi kasunyatan, dene samubarang sulapan kang ditindakake dening juru sihir padha batal, jugar kabeh. (118)
فَغُلِبُوْا هُنَالِكَ وَانْقَلَبُوْا صٰغِرِيْنَۚ﴿119﴾
Ing kono Fir’aun dalah para juru sihir padha kalah, sarta bali dadi asor (ina) (119)
وَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سٰجِدِيْنَۙ﴿120﴾
Para juru sihir mau banjur padha njungkel sumungkem ana sangarepe Nabi Musa. (120)
قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ﴿121﴾
Banjur padha matur: “Sapunika kita sami pitados dhateng Pengeran Ingkang Nguwahosi sedaya ngalam.” (121)
رَبِّ مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ﴿122﴾
Inggih punika PengeranipunMusa Ian Harun (122)
قَالَ فِرْعَوْنُ اٰمَنْتُمْ بِهٖ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۚ
Fir’aun banjur duka, pangandikane: “He para juru sihir, sira padha wani-wani percaya (iman) marang Musa sadurunge oleh idzinku.
اِنَّ هٰذَا لَمَكْرٌ مَّكَرْتُمُوْهُ فِى الْمَدِيْنَةِ
Tetela yen sira wis sesongkelan karo Musa ana ing negara Mesir kene,
لِتُخْرِجُوْا مِنْهَآ اَهْلَهَاۚ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ﴿123﴾
pamrihmu bisaha nundhung wong ing Mesir kabeh. Lan ing mengko delengen sira bakal weruh dhewe.” (123)
لَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ ثُمَّ لَاُصَلِّبَنَّكُمْ اَجْمَعِيْنَ﴿124﴾
“Sayektine ingsun bakal ngethok tangan Ian sikilmu kaseling-seling, nuli sira banjur ingsun penthang (salib).” (124)
قَالُوْٓا اِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا مُنْقَلِبُوْنَۙ﴿125﴾
Para juru sihir padha matur: “Senajan kula dumugi ing pejah, kula lampahi, awit kula badhe dumugi wonten ing Ngarsanipun Pengeran.” (125)
وَمَا تَنْقِمُ مِنَّآ اِلَّآ اَنْ اٰمَنَّا بِاٰيٰتِ رَبِّنَا لَمَّا جَاۤءَتْنَاۗ
Anggen Panjenengan misakit dhumateng kula punika boten sanes, jalaran dumeh sareng kula sumerep kedumugen ayat-ayating Pangeran, kula lajeng sami pitados.
رَبَّنَآ اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَّتَوَفَّنَا مُسْلِمِيْنَ﴿126﴾ع_14
“Dhuh Pengeran kawula, Paduka mugi paringa manah sabar ingkang sampurna dhateng kula, ugi mugi Keparenga Mundhut nyawa kula kanthi tilar donya ing salebetipun agami Islam.” (126)
وَقَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِ فِرْعَوْنَ اَتَذَرُ مُوْسٰى وَقَوْمَهٗ
Para panggedhene kaume Fir’aun padha matur: “Kados pundi kersa panjenengan, Musa dalah para kaumipun punika punapa dipun kendelaken ing bumi Mesir,
لِيُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ وَيَذَرَكَ وَاٰلِهَتَكَۗ
sarta lajeng ngremehaken dhateng panjenengan saha dhateng sakathahing Raja ingkang sampun panjenengan junjung dadosakaken Pangeran.
قَالَ سَنُقَتِّلُ اَبْنَاۤءَهُمْ وَنَسْتَحْيٖ نِسَاۤءَهُمْۚ
Fir’aun ngandika: “Kersaningsun, para wong bani Israil, kang lanang padha Ingsun pateni, mung kang wadon padha diuripi.
وَاِنَّا فَوْقَهُمْ قَاهِرُوْنَ﴿127﴾
Ingsun iku kuwasa misesa, ana sadhuwure wong bani Israil kabeh (127)
قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهِ اسْتَعِيْنُوْا بِاللّٰهِ وَاصْبِرُوْاۚ
Nabi Musa banjur paring pangandika marang para kaume: “Sira padha nyuwuna pitulung marang Allah, Ian padha sabara anggonmu padha kataman reribet.
اِنَّ الْاَرْضَ لِلّٰهِۗ يُوْرِثُهَا مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۗ
Padha sumurupa, menawa sejatine bumi iki kagungane Allah, diparingake marang para kawulane, endi kang dadi Kepareng Kersane,
وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ﴿128﴾
pungkasan kang becik iku bakal tetep marang wong kang padha
ngabekti ing Allah.” (128)
قَالُوْٓا اُوْذِيْنَا مِنْ قَبْلِ اَنْ تَأْتِيَنَا وَمِنْۢ بَعْدِ مَا جِئْتَنَاۗ
Ature kaume Nabi Musa: “Kita sampun sami dipun sakiti saderengipun panjenengan rawuh ing mriki, lan ugi sasampunipun rawuh. “
قَالَ عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يُّهْلِكَ عَدُوَّكُمْ
Nabi Musa banjur paring pangandika ngarih-arih: “Pangeranmu muga-muga ngrusaka mungsuhmu,
وَيَسْتَخْلِفَكُمْ فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُوْنَ﴿129﴾ع_1
sabanjure sira digentekake dadi kuwoso ana panggonan ing bumi. Allah bakal mriksani kepriye tindakmu (129)
وَلَقَدْ اَخَذْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَ بِالسِّنِيْنَ
Para kulawargane Fir’aun banjur padha Ingsun paringi hukuman waktu paceklik, lawase pitung tahun,
وَنَقْصٍ مِّنَ الثَّمَرٰتِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ﴿130﴾
wetuning woh-wohan ing kono suda akeh, supaya dheweke padhaha gelem ngalap pepeling. (130)
فَاِذَا جَاۤءَتْهُمُ الْحَسَنَةُ قَالُوْا لَنَا هٰذِهٖۚ
Menawa wong-wong mau (para kulawargane Fir’aun) padha nemahi becik (bagus kewarasan lan sempulur ing samu barang) padha ngucap: “Kang mengkono iki wis pancen patut kanggo aku.”
وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَّطَّيَّرُوْا بِمُوْسٰى وَمَنْ مَّعَهٗۗ
Dene menawa pinuju ketaman samubarang kang ala (ora nyenengake), kayata lelara lan reribet, banjur padha nyalahake marang Nabi Musa Ian sapendhereke
اَلَآ اِنَّمَا طٰۤىِٕرُهُمْ عِنْدَ اللهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿131﴾
Sumurupa, satemene ala Ian becike mau, ana Ngastaning Allah Piyambak, nanging akeh-akehe para manungsa padha ora mangerti lan ora ngrasakake kang mengkono (131)
وَقَالُوْا مَهْمَا تَأْتِنَا بِهٖ مِنْ اٰيَةٍ لِّتَسْحَرَنَا بِهَاۙ
Wong-wong (para kulawargane Fir’aun) padha ngucap: “He Nabi Musa, senadyan panjenengan dhatengaken tandha bebener punapa kemawon, mesthi punika sihir, pamrih panjenengan supados kita punika purun nilar agami kita,
فَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِيْنَ﴿132﴾
kula aturi pirsa, bilih kita boten babar pisan badhe pitados tandha bebener panjenengan” (132)
فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الطُّوْفَانَ وَالْجَرَادَ وَالْقُمَّلَ وَالضَّفَادِعَ وَالدَّمَ اٰيٰتٍ مُّفَصَّلٰتٍۗ
Ingsun banjur nibakae pirang-pirang tandha bebener kang warna-warna, kang gilir gumanti tekane, kang ndadekake karibedane para kaume (para kulawargane) Fir’aun, yaiku: banjir gedhe, walang, tuma Ian kodhok kang ngebaki tanah Mesir, apa dene kabeh banyu padha dadi getih, nanging Fir’aun sapendhereke padha gumedhe, tetep padha ora gelem percaya marang Nabi Musa
فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ﴿133﴾
Padha gumede lan wekasane tetep dadi wong kang duraka (133)
وَلَمَّا وَقَعَ عَلَيْهِمُ الرِّجْزُ قَالُوْا يٰمُوْسَى ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَۚ
Bareng wong-wong mau (pendhereke Fir’aun) padha ketaman azab, banjur padha sesambat (matur marang Nabi Musa): “Dhuh Musa, kita panjenengan suwunaken dateng Pengeran panjenengan, ingkang sampun maringi janji badhe nggijabahi panyuwun panjenengan.
لَىِٕنْ كَشَفْتَ عَنَّا الرِّجْزَ لَنُؤْمِنَنَّ لَكَ وَلَنُرْسِلَنَّ مَعَكَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۚ﴿134﴾
Inggih punika menawi panjenengan saged mbengkas pekewed (azab) punika saking kita, kita sagah pitados dhateng panjenengan sarta sagah nglepasaken tiyang bani Israil saking perbudakan selajengipun ndherek panjenengan manut dhateng bumi suci (134)
فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الرِّجْزَ اِلٰٓى اَجَلٍ هُمْ بَالِغُوْهُ اِذَا هُمْ يَنْكُثُوْنَ﴿135﴾
Bareng Ingsun wis nyirnakake wewalak saka ing kono, para pendhereke Fir’ aun padha nyidrani kesaguhan anggone arep percaya, nganti tumeka ing wektu anggone padha Ingsun sirnakake (135)
فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَاَغْرَقْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ بِاَنَّهُمْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا عَنْهَا غٰفِلِيْنَ﴿136﴾
Mulane dheweke padha Ingsun patrapi wawales sarta padha agawe kelem ing sagara marga anggone anggorohake tandha-tandha Ingsun sarta anggone padha anglirwakake (136)
وَاَوْرَثْنَا الْقَوْمَ الَّذِيْنَ كَانُوْا يُسْتَضْعَفُوْنَ مَشَارِقَ الْاَرْضِ وَمَغَارِبَهَا الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَاۗ
Wong-wong bani lsrail kang maune padha dikalahake, ing mengko padha lngsun paringi warisan bagian bumi suci kang Ingsun berkahi ing Mesir, wiwit pinggir wetan tekan pinggir kulon.
وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ الْحُسْنٰى عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۙ بِمَا صَبَرُوْاۗ
Dhawuh kesaguhane Pengeranmu bakal gawe kamenangan marang wong bani Israil, samengko wis kaleksanan kanthi sampurna, marga wong bani Israil padha netepi kesabaran.
وَدَمَّرْنَا مَا كَانَ يَصْنَعُ فِرْعَوْنُ وَقَوْمُهٗ وَمَا كَانُوْا يَعْرِشُوْنَ﴿137﴾
Dene jasane Fir’aun, gedhong-gedhong lan liya-liyane Ingsun sirnakake kabeh (137)
وَجَاوَزْنَا بِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْبَحْرَ فَاَتَوْا عَلٰى قَوْمٍ يَّعْكُفُوْنَ عَلٰٓى اَصْنَامٍ لَّهُمْۚ
Fir’aun sawadyabalane sawise sirna kelem ana segara, ingsun nglulusake tindake wong bani Israil anggone padha nyebrang segara. Lakune tekan panggonane wong kang padha manembah brahala.
قَالُوْا يٰمُوْسَى اجْعَلْ لَّنَآ اِلٰهًا كَمَا لَهُمْ اٰلِهَةٌۗ
Wong-wong bani Israil mau banjur padha matur: “Dhuh Nabi Musa, kita punika mbok inggih panjenengan damelaken Pengeran, kados tiyang ingriki punika sami gadhah Pangeran.”
قَالَ اِنَّكُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُوْنَ﴿138﴾
Nabi Musa paring wangsulan: “Sajatine sira golongane kaum kang bodho (138)
اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ مُتَبَّرٌ مَّا هُمْ فِيْهِ وَبٰطِلٌ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿139﴾
Satemene wong-wong ing kene anggone padha manembah brahala bakal ndadekake rusake awak. Kabeh barang kang ditindakake iku tanpa guna (batal). (139)
قَالَ اَغَيْرَ اللهِ اَبْغِيْكُمْ اِلٰهًا وَّهُوَ فَضَّلَكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ﴿140﴾
Nabi Musa banjur paring dhawuh: “Apa ingsun kang nggolek-ake sesembahan (Pengeran) saliyane Allah marang sira?” Kamangka Panjenengane Allah kang wus ngluwihake sira ngungkuli wong sak ngalam kabeh (140)
وَاِذْ اَنْجَيْنٰكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِۚ
(Pangandikane Allah): “He wong bani Israil, sira padha elinga nalika ingsun ngluwari sira saka wadyabalane Fir’aun anggone padha nanduk-ake panganiaya kang banget marang sira
يُقَتِّلُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْۗ
Dhek samana, padha mateni anakmu lanang, mung anakmu wadon kang diuripi
وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ﴿141﴾ع_16
Kang mengkono iku dumunung pacoban gedhe saka Pangeranmu (141)
وَوٰعَدْنَا مُوْسٰى ثَلٰثِيْنَ لَيْلَةً وَّاَتْمَمْنٰهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيْقَاتُ رَبِّهٖٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةًۚ
Lan Ingsun maringi janji marang Musa (bakal Ingsun paringi kitab) sawise (pasa) telung puluh wengi (karepe telung puluh dina), lan Ingsun sampurnakake sepuluh wengi maneh dadi sampuma waktu kang ditemtokake dening Pengerane patang puluh wengi lawase.
وَقَالَ مُوْسٰى لِاَخِيْهِ هٰرُوْنَ اخْلُفْنِيْ فِيْ قَوْمِيْ وَاَصْلِحْ
Ing kono Musa mekas marang sedulure yaiku Harun: “(Sapengkere kula munggah redi Tursina ngendikan ing ngayunaning Pengeran), panjenengan nyulihana kula, ngreksa Ian ngulat-ulataken ummat kula punika, murih sami saenipun.
وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيْلَ الْمُفْسِدِيْنَ﴿142﴾
Panjenengan sampun ngantos katut lampahipun tiyang ingkang damel karisakan.” (142)
وَلَمَّا جَاۤءَ مُوْسٰى لِمِيْقَاتِنَا وَكَلَّمَهٗ رَبُّهٗۙ
Bareng Musa wus ngganepi pasa patang puluh dina, netepi dhawuhing Allah, Panjenengane Allah banjur Kersa Imbal Pangandika lan Musa.
قَالَ رَبِّ اَرِنِيْٓ اَنْظُرْ اِلَيْكَۗ
Ing kono Musa matur: “Dhuh Pengeran kawula, Panjenengan mugi kersaa ngatingal (ngejawantah) dhumateng kawula, kawula kepengin sanget ningali Sarira Panjenengan kaliyan kasat mripat
قَالَ لَنْ تَرٰىنِيْ وَلٰكِنِ انْظُرْ اِلَى الْجَبَلِ فَاِنِ اسْتَقَرَّ مَكَانَهٗ فَسَوْفَ تَرٰىنِيْۚ
Allah nuli paring pangandika: “Sira ora bisa ndeleng Sariraningsun. Ewadene coba sira ndelenga pucuking gunung (Tursina) iki. Menawa gunung mau teguh ana ing panggonane tanpa owah, sira bisa ndeleng Sariraningsun kelawan kasat mripat.”
فَلَمَّا تَجَلّٰى رَبُّهٗ لِلْجَبَلِ جَعَلَهٗ دَكًّا وَّخَرَّ مُوْسٰى صَعِقًاۚ
Bareng Pengerane Musa ngetingal marang gunung, sanalika gunung mau ambiyar dadi leter. Musa njungkel semaput.
فَلَمَّآ اَفَاقَ قَالَ سُبْحٰنَكَ تُبْتُ اِلَيْكَ وَاَنَا۠ اَوَّلُ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿143﴾
Bareng Musa wis waras lan eling anggone semaput banjur matur ing Allah: “Panjengan punika Maha Suci. Sapunika kawula tobat dhateng panjenengan wondene kawula punika dados kawitanipun tiyang ingkang mukmin (143)
قَالَ يٰمُوْسٰٓى اِنِّى اصْطَفَيْتُكَ عَلَى النَّاسِ بِرِسٰلٰتِيْ وَبِكَلَامِيْۖ
Allah nuli Ngandika: “He Musa, Ingsun milih ing sira ngungkuli manungsa kabeh, sira Ingsun tetepake dadi utusaningsun, sarta Ingsun parengake imbal wacana marang Ingsun.
فَخُذْ مَآ اٰتَيْتُكَ وَكُنْ مِّنَ الشّٰكِرِيْنَ﴿144﴾
Mara tampanana peparing Ingsun derajat nabi lan sira dadiya wong kang syukur marang lngsun (144)
وَكَتَبْنَا لَهٗ فِى الْاَلْوَاحِ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَّوْعِظَةً وَّتَفْصِيْلًا لِّكُلِّ شَيْءٍۚ
Lan wis Ingsun tulisake marang Musa Kitab Taurat, yaoiku minangka piwulangan lan panjelasan tumrap samubarang.
فَخُذْهَا بِقُوَّةٍ وَّأْمُرْ قَوْمَكَ يَأْخُذُوْا بِاَحْسَنِهَاۗ سَاُورِيْكُمْ دَارَ الْفٰسِقِيْنَ﴿145﴾
Gondelana marang Taurat kanthi pengkuh lan prentahna ummatmu supaya ngestokake kanthi sabeci-becikke. Ing tembe Ingsun bakal Paring pirsa sliramu panggonane wong-wong kang fasik (145)
سَاَصْرِفُ عَنْ اٰيٰتِيَ الَّذِيْنَ يَتَكَبَّرُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ
Ing tembe wong-wong kang gumede ing bumi bakal Ingsun singkerake dadi ora mangerti surasaning ayatingsun.
وَاِنْ يَّرَوْا كُلَّ اٰيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوْا بِهَاۚ
Menawa wong mau ndeleng siji sijining tandha bebener padha ora gelem percaya,
وَاِنْ يَّرَوْا سَبِيْلَ الرُّشْدِ لَا يَتَّخِذُوْهُ سَبِيْلًاۚ
menawa weruh dalan pituduh marang kabecikan, padha ora gelem metu dalan mau.
وَاِنْ يَّرَوْا سَبِيْلَ الْغَيِّ يَتَّخِذُوْهُ سَبِيْلًاۗ
Dene menawa weruh dalan mbalela, banjur padha metu dalan mbalela mau.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا
Kang mengkono iku amarga wong mau padha maido ayatingsun,
وَكَانُوْا عَنْهَا غٰفِلِيْنَ﴿146﴾
Kahanane wong-wong mau padha lali lan kelimput. (146)
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَلِقَاۤءِ الْاٰخِرَةِ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْۗ
Dene wong kang padha nggorohake ayat-ayatingsun lan ora percaya anggone bakal ketemu karo Pengerane ana ing akherat, iku amale kang becik bakal sirna kabeh,
هَلْ يُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿147﴾ع_17
sarta besuk ana akherat dheweke ora padha nampa piwalese, kajaba samubarang kang ditindakake. (147)
وَاتَّخَذَ قَوْمُ مُوْسٰى مِنْۢ بَعْدِهٖ مِنْ حُلِيِّهِمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهٗ خُوَارٌۗ
Sawise tindake Musa munggah ing gunung Thursina, para ummate padha sayuk sarujuk nglumpukake penganggone kang arupa mas, digawe reca rerupan pedhet, banjur dadi pedhet mas, mawa daging Ian getih, sarta bisa nyuwara, kaya suwarane sapi, (pedhet) emas mau banjur didegake dadi Pengeran Ian disembah.
اَلَمْ يَرَوْا اَنَّهٗ لَا يُكَلِّمُهُمْ وَلَا يَهْدِيْهِمْ سَبِيْلًاۘ
Wong-wong bani Israil, (liyane Nabi Harun), padha ora mikir menawa pedhet mas mau ora bisa celathu apa-apa, Ian ora bisa nuduhake dalan keslametan marang wong-wong bani Israil.
اِتَّخَذُوْهُ وَكَانُوْا ظٰلِمِيْنَ﴿148﴾
Wong-wong mau banjur padha mengeran marang reca kang wujud pedhet mau. Lan dheweke iku padha nganiaya marang awake dhewe. (148)
وَلَمَّا سُقِطَ فِيْٓ اَيْدِيْهِمْ وَرَاَوْا اَنَّهُمْ قَدْ ضَلُّوْاۙ
Lan bareng wong-wong bani lsrail mau wis ngruntuhake gegemane (wis keduwung anggone mengeran pedhet mas), sarta wis rumangsa anggone padha manembah pedhet mas mau luput,
قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ يَرْحَمْنَا رَبُّنَا وَيَغْفِرْ لَنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ﴿149﴾
banjur padha ngucap: “Menawi Pengeran kita mboten welas asih dhateng kita, Ian boten paring pangapunten dosa kita, kita mesthi kelebet dados golonganipun tiyang ingkang kapitunan (149)
وَلَمَّا رَجَعَ مُوْسٰٓى اِلٰى قَوْمِهٖ غَضْبَانَ اَسِفًاۙ
Bareng Nabi Musa wus bali marang panggonane wong bani Israil, banget dukane Ian getune (amarga nalika ana ing gunung, Musa diparingi pirsa ing Pengeran menawa wong bani Israil padha manembah pedhet mas),
قَالَ بِئْسَمَا خَلَفْتُمُوْنِيْ مِنْۢ بَعْدِيْۚ اَعَجِلْتُمْ اَمْرَ رَبِّكُمْۚ
penutuhe: “Ala temen anggonmu padha dadi sesulih ing sapungkure ingsun. Ya gene padha ora sabar ngenteni tekane kitab Taurat, kang isi prentahe Pengeran, banjur padha lancang-lancang manembah reca awujud pedhet mas.”
وَاَلْقَى الْاَلْوَاحَ وَاَخَذَ بِرَأْسِ اَخِيْهِ يَجُرُّهٗٓ اِلَيْهِۗ
Musa banjur nguncalake papan jumerut sepuluh mau, banjur nyandhak sirahe sedulure, yaiku Harun, diukel sarta digandheng
قَالَ ابْنَ اُمَّ اِنَّ الْقَوْمَ اسْتَضْعَفُوْنِيْ وَكَادُوْا يَقْتُلُوْنَنِيْۖ
Harun banjur angrerepa: “He seduluringsun, putrane sibu! Mungguh wong bani lsrail kang padha manembah reca awujud pedhet mas iku padha ngremehake ingsun meh wae padha mateni marang ingsun.
فَلَا تُشْمِتْ بِيَ الْاَعْدَاۤءَ
Mulane sira aja nggedhehake atine mungsuh marga anggonmu duka,
وَلَا تَجْعَلْنِيْ مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ﴿150﴾
lan maneh ingsun aja sira katutake wong kang padha tumindak nganiaya.” (150)
قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَلِاَخِيْ
Bareng Musa wis rumangsa lupute, banjur munjuk ing Allah: “Dhuh Allah (Pengeran) kawula. Paduka paring pangapunten anggen kawula kadereng nafsu dhateng sedherek kawula, sarta paringa pangapunten dhateng sedherek kawula, menawi kaworan ngrojongi tiyang manembah pedhet mas.
وَاَدْخِلْنَا فِيْ رَحْمَتِكَۖ
Makaten malih kawula tiyang kekalih mugi-mugi Paduka lebetaken ing wewengkon rahmat Paduka.
وَاَنْتَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ﴿151﴾ ع_18
Paduka punika langkung dening Asih, ngungkuli sedaya tiyang ingkang sami asih. (151)
اِنَّ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ سَيَنَالُهُمْ غَضَبٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَذِلَّةٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ
Satemene wong-wong kang padha mengeran pedhet mas, iku bakal pikantuk bebenduning Pengeran Ian diasorake ana donya.
وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُفْتَرِيْنَ﴿152﴾
Lan kaya mengkono anggone Ingsun matrapi marang wong kang padha gawe gegorohan (ing atase Allah). (152)
وَالَّذِيْنَ عَمِلُوا السَّيِّاٰتِ ثُمَّ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِهَا وَاٰمَنُوْٓا
Dene wong-wong kang padha tumindak ala, sawise kaleksanan, banjur padha tobat, sarta padha iman marang Allah,
اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿153﴾
iku padha sumurupa, sawise kelakon tobat, Pengeranmu mesthi Paring Pangapura, sarta Paring Welas Asih marang wong kang padha tobat mau (153)
وَلَمَّا سَكَتَ عَنْ مُّوْسَى الْغَضَبُ اَخَذَ الْاَلْوَاحَۖ
Bareng Musa wis lilih anggone duka, banjur njupuk papan jumerut kang diuncalake mau,
وَفِيْ نُسْخَتِهَا هُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّلَّذِيْنَ هُمْ لِرَبِّهِمْ يَرْهَبُوْنَ﴿154﴾
ing kono wis isi pitedah marang dalan kang bener tumrap wong kang padha wedi marang Pengerane. (154)
وَاخْتَارَ مُوْسٰى قَوْمَهٗ سَبْعِيْنَ رَجُلًا لِّمِيْقَاتِنَاۚ
Musa banjur milih kaume, wong lanang cacah 70, padha disowanake marang ngarsa Ingsun, ana ing Gunung Tursina (perlu padha nyuwunake pangapura kaluputane para kancane kang padha manembah pedhet mau).
فَلَمَّآ اَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ قَالَ رَبِّ لَوْ شِئْتَ اَهْلَكْتَهُمْ مِّنْ قَبْلُ وَاِيَّايَۗ
Bareng wong 70 mau padha klenger, Musa banjur munjuk ing Allah: “Dhuh Pengeran kawula. Mbok bilih saderengipun kawula sowanaken ing Ngarsa Paduka wau. Tiyang 70 punika Paduka pejahi dalah kula pisan.
اَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ السُّفَهَاۤءُ مِنَّاۚ اِنْ هِيَ اِلَّا فِتْنَتُكَۗ
Upami kelampahan mekaten, punapa Paduka Kersa ngrusak dhumateng kula jalaran saking kalepatanipun para sedherek kula ingkang sami bodho, lepat anggenipun sami manembah brahala pedhet mas. Pamanggih kawula manembah dhateng brahala pedhet mas punika sanes punapa-punapa. Sayektosipun punika dumunung anggen Paduka Nyobi dhumateng kawula Paduka.
تُضِلُّ بِهَا مَنْ تَشَاۤءُ وَتَهْدِيْ مَنْ تَشَاۤءُۗ
Dados sarananipun anggen Paduka nasaraken tiyang ingkang Paduka Kersakaken sasar utawi sarananipun anggen Paduka paring pacoben dhumateng tiyang ingkang dados Keparengipun Kersa Paduka.
اَنْتَ وَلِيُّنَا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ﴿155﴾
Paduka punika Ingkang Paring Pitulungan dhateng kawula. Mila Paduka mugi Kersa Paring Pangapunten dhateng kalepatan kawula. Paduka punika saksae-saenipun Dzat Ingkang Paring Pangapunten dosanipun para tetiyang ingkang nandhang dosa.” (155)
وَاكْتُبْ لَنَا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ اِنَّا هُدْنَآ اِلَيْكَۗ
“Mugi Paduka netepaken kasaenan kawula wonten donya punika katrimah. Wonten akherat badhe pikantuk pangapunten Paduka.”
قَالَ عَذَابِيْٓ اُصِيْبُ بِهٖ مَنْ اَشَاۤءُۚ
Allah banjur paring pangandika: “Ingsun bakal nandukake azab marang wong kang Ingsun kersakake.
وَرَحْمَتِيْ وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍۗ
Lan Welas Asih Ingsun iku jembar, sumrambah marang kabeh barang.
فَسَاَكْتُبُهَا لِلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ
Iku bakal Ingsun tetepake marang wong kang padha bekti marang Ingsun, lan kang padha netepi bayar zakat,
وَالَّذِيْنَ هُمْ بِاٰيٰتِنَا يُؤْمِنُوْنَۚ﴿156﴾
lan kang padha percaya marang ayat-ayat lngsun. (156)
اَلَّذِيْنَ يَتَّبِعُوْنَ الرَّسُوْلَ النَّبِيَّ الْاُمِّيَّ
Yaiku wong-wong kang padha nderek marang utusan (Nabi Muhammad) Nabi kang ummi,
الَّذِيْ يَجِدُوْنَهٗ مَكْتُوْبًا عِنْدَهُمْ فِى التَّوْرٰىةِ وَالْاِنْجِيْلِ
kang wis diweruhe dening para wong bani lsrail amarga kasebut ana ing kitab Taurat lan kitab Injil.
يَأْمُرُهُمْ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهٰىهُمْ عَنِ الْمُنْكَرِ
Nabi mau dhawuh (prentah) marang para manungsa kabeh supaya padha nindakake kabecikan, lan ngawisi tumindak ala,
وَيُحِلُّ لَهُمُ الطَّيِّبٰتِ وَيُحَرِّمُ عَلَيْهِمُ الْخَبٰۤىِٕثَ
lan ngehalalake dhahar sarupaning dhaharan kang becik-becik, lan ngeharamake marang kabeh kang njemberi,
وَيَضَعُ عَنْهُمْ اِصْرَهُمْ وَالْاَغْلٰلَ الَّتِيْ كَانَتْ عَلَيْهِمْۗ
lan ngenthengake kabeh kuwajiban kang abot, kang tumrape marang wong prasasat dadi blenggu.
فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِهٖ وَعَزَّرُوْهُ وَنَصَرُوْهُ وَاتَّبَعُوا النُّوْرَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ مَعَهٗٓۙ
Kabeh wong kang ngestokake (ngimanake) lan ngluhurake utawa biyantu marang Nabi Muhammad, sarta nderek dhawuhe Qur’an kang katurunake marang Nabi Muhammad minangka pepadhang,
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ﴿157﴾ ع_19
dheweke kabeh dadi wong kang pikantuk kabegjan (157)
قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنِّيْ رَسُوْلُ اللهِ اِلَيْكُمْ جَمِيْعًا
(Muhammad) dhawuha: “He para manungsa. Satemene ingsun iki utusane Allah, dikersakake mulang marang sira kabeh.
ۨالَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۖ
Panjenengane Allah Kang Kagungan panguwasa langit lan bumi, ora ana sesembahan kang bener kajaba mung manembah Allah, Kang Gawe urip Ian pati.
فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهِ النَّبِيِّ الْاُمِّيِّ
Awit saka iku sira kabeh padha percaya-a lan ngestokna dhawuhe Allah sarta dhawuhe utusane Allah, yaiku Nabi kang ummi,
الَّذِيْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَكَلِمٰتِهٖ وَاتَّبِعُوْهُ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ﴿158﴾
kang percaya ing Allah Ian marang Pangandikane, Ian padha ndereka prentahe Rasul supaya sira kabeh pikantuk pituduh kang bener (158)
وَمِنْ قَوْمِ مُوْسٰٓى اُمَّةٌ يَّهْدُوْنَ بِالْحَقِّ وَبِهٖ يَعْدِلُوْنَ﴿159﴾
Lan saweneh kaume Musa ana sagolongan kang nuduhake umat marang bebener, kang uga tumindak adil (159)
وَقَطَّعْنٰهُمُ اثْنَتَيْ عَشْرَةَ اَسْبَاطًا اُمَمًاۗ
Lan Ingsun ndadek-ake wong bani lsrail 12 golongan utawa pancer (sak cacahe putrane Nabi Ya’kub) nalikane wong bani Israil padha sesambat nyuwun ngombe (ana ing ara-ara).
وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اِذِ اسْتَسْقٰىهُ قَوْمُهٗٓ اَنِ اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْحَجَرَۚ فَانْۢبَجَسَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًاۗ
Ingsun paring wahyu marang Musa: “He Musa tekenmu jojohna ing watu,” sanalika watu mau banjur mancarake banyu 12 panggonan. Sacacahe golongane wong bani Israil.
قَدْ عَلِمَ كُلُّ اُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْۗ
Ing kono siji-sijining golongan banjur padha mangerti pangombene dhewe-dhewe.
وَظَلَّلْنَا عَلَيْهِمُ الْغَمَامَ وَاَنْزَلْنَا عَلَيْهِمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰىۗ
Lan lngsun paring eyub-eyub wong bani lsrail kabeh kanthi mega, apadene Ingsun wis maringi Manna lan Salwa (madu lan manuk gemak).
كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۗ
Pangandikaningsun: “Sira padha dhahara peparing Ingsun rejeki kang becik (ngresepake).”
وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ﴿160﴾
Dene wong-wong bani lsrail kang padha nglirokake prentah Ingsun iku ora nganiaya marang Ingsun, nanging satemene nganiaya marang awake dhewe (160)
وَاِذْ قِيْلَ لَهُمُ اسْكُنُوْا هٰذِهِ الْقَرْيَةَ وَكُلُوْا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ
(Muhammad) sira crita-a nalikane wong-wong bani Israil padha didhawuhi dening Allah: “Sira padha manggona ana desa iki (sacedhake Madyan) lan padha dhahara isine bumi endi kang sira karepake.
وَقُوْلُوْا حِطَّةٌ وَّادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطِيْۤـٰٔتِكُمْۗ
Lan padha ngucapa tembung: KHITTAH, lan lumebua lawang negara, sarta sujuda, ing kono Ingsun paring pangapura kaluputanmu kabeh.
سَنَزِيْدُ الْمُحْسِنِيْنَ﴿161﴾
Ingsun bakal nambahi ganjarane wong kang tumindak kabecikan (161)
فَبَدَّلَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ قَوْلًا غَيْرَ الَّذِيْ قِيْلَ لَهُمْ
Wong-wong (bani lsrail) kang padha nganiaya iku padha nyalini dhawuh kang didhawuhake Allah, disalini tembung liyane (ora gelem ngucap KHITTAH, diucapake: KHINTATHUN FI SA’IRAH, tegese gandung numpangi juwawut)
فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَظْلِمُوْنَ﴿162﴾ ع_20
Tundhone wong-wong mau banjur padha Ingsun patrapi azab pagebluk saka langit, marga anggone padha nganiaya. (162)
وَسْـَٔلْهُمْ عَنِ الْقَرْيَةِ الَّتِيْ كَانَتْ حَاضِرَةَ الْبَحْرِۘ اِذْ يَعْدُوْنَ فِى السَّبْتِ
(Muhammad), wong Yahudi padha sira kandhanana bab lelakone wong padesan sapinggire segara (desa Ailah lan Madyan), nalikane padha sengaja nerak larangane Allah, mlangkah wewaler ing dina Sabtu.
اِذْ تَأْتِيْهِمْ حِيْتَانُهُمْ يَوْمَ سَبْتِهِمْ شُرَّعًا وَّيَوْمَ لَا يَسْبِتُوْنَۙ لَا تَأْتِيْهِمْۛ كَذٰلِكَۛ
Dhek semono saben dina Sabtu iwak segara padha ngambang, nanging yen dudu dina Sabtu, ora ana iwak kang katon.
نَبْلُوْهُمْ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ﴿163﴾
Mengkono iku anggen Ingsun nyoba marang wong-wong mau (bani Israil) marga anggone padha tumindak duraka. (163)
وَاِذْ قَالَتْ اُمَّةٌ مِّنْهُمْ لِمَ تَعِظُوْنَ قَوْمًاۙ ۨاللهُ مُهْلِكُهُمْ اَوْ مُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًاۗ
Lan nalikane ana wong desa (Ailah lan Madyan kang padha ora melu mlangkah wewaler) padha mituturi marang wong kang padha menging mlangkah wewaler, tembunge mengkene: “Apa gunane sira padha mituturi marang wong kang mesthi dirusak dening Allah utawa disiksa kanthi siksa kang abot.”
قَالُوْا مَعْذِرَةً اِلٰى رَبِّكُمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ﴿164﴾
Wong kang menging mau banjur padha mangsuli: “Anggoningsun mituturi iki mung dumunung ngresikake awakingsun. Kawuningana ing Pengeranmu, utawa bok menawa wong kang padha sengaja mlangkah wewaler iku banjur padha bekti ing Allah (164)
فَلَمَّا نَسُوْا مَا ذُكِّرُوْا بِهٖٓ
Bareng dheweke kabeh pada nglirwakake samubarang kang wis dielingake,
اَنْجَيْنَا الَّذِيْنَ يَنْهَوْنَ عَنِ السُّوْۤءِ
Ingsun nylametake para kang padha nyegah tindak ala
وَاَخَذْنَا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا
sarta matrapi para kang padha atindak nistho,
بِعَذَابٍۢ بَـِٔيْسٍۢ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ﴿165﴾
kelawan azab kang banget alane, marga anggone ing kahanan tindak duraka. (165)
فَلَمَّا عَتَوْا عَنْ مَّا نُهُوْا عَنْهُ
Sarta bareng wong-wong mau padha gumedhe, kadlarung mlangkah wewaler ing dina Sabtu,
قُلْنَا لَهُمْ كُوْنُوْا قِرَدَةً خَاسِـِٕيْنَ﴿166﴾
Ingsun banjur paring pangandika marang wong mau: “Saiki sira padha dadiya kaya kethek kang ina. (166)
وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكَ لَيَبْعَثَنَّ عَلَيْهِمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ
(Muhammad) dhawuha: “Ingsun bakal nitahake wong kang bakal ngalahake wong bani lsrail, nganti tekan dina qiyamat,
مَنْ يَّسُوْمُهُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِۗ
wong-wong iku bakal mrentah marang wong bani lsrail klawan siya-siya prasasat siksa.
اِنَّ رَبَّكَ لَسَرِيْعُ الْعِقَابِۖ
Satemene Pengeranmu iku Rikat Temen panyiksane
وَاِنَّهٗ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿167﴾
Ian satemene Allah iku Maha Paring Pangapura saha Maha Welas Asih. (167)
وَقَطَّعْنٰهُمْ فِى الْاَرْضِ اُمَمًاۚ
Lan Ingsun wis mbage wong bani lsrail ana ing bumi, dadi pirang-pirang golongan.
مِنْهُمُ الصّٰلِحُوْنَ وَمِنْهُمْ دُوْنَ ذٰلِكَۖ
Sawenehing golongan mau ana kang becik tumindake (shaleh), Ian liyane maneh ora mengkono.
وَبَلَوْنٰهُمْ بِالْحَسَنٰتِ وَالسَّيِّاٰتِ
Lan dheweke mau padha Ingsun paringi coba kabecikan (mujur) lan kesusahan (kojur),
لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ﴿168﴾
supaya dheweke iku padha bali (marang Allah) (168)
فَخَلَفَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ وَّرِثُوا الْكِتٰبَ
Sapungkure wong-wong bani lsrail mau banjur digenteni para turune kang padha oleh tinggalan kitab Taurat saka leluhure (nanging padha ora ngestohake kitab Taurat).
يَأْخُذُوْنَ عَرَضَ هٰذَا الْاَدْنٰى وَيَقُوْلُوْنَ سَيُغْفَرُ لَنَاۚ
kang asor ing donya iki, pangucape: Besuk ingsun mesthi pikantuk pangapura.
وَاِنْ يَّأْتِهِمْ عَرَضٌ مِّثْلُهٗ يَأْخُذُوْهُۗ
Bareng ana kebungahan asor kang teka, iya banjur ditampani maneh.
اَلَمْ يُؤْخَذْ عَلَيْهِمْ مِّيْثَاقُ الْكِتٰبِ
Yagene wong mau nganti ora Ingsun tetepake sesanggemane kang wis kasebut ana ing kitab Taurat? (Mesthi ingsun tetepake)
اَنْ لَّا يَقُوْلُوْا عَلَى اللهِ اِلَّا الْحَقَّ وَدَرَسُوْا مَا فِيْهِۗ
anggone padha sanggem ora bakal ngedegake ngendikane Allah kejaba klawan satemene, utawa sejatine anggone padha maca kitab Taurat.
وَالدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ﴿169﴾
Dene panggonan ing akherat iku luwih becik tumrap wong kang padha bekti ing Allah, apa sira ora padha migunak-ake akal? (169)
وَالَّذِيْنَ يُمَسِّكُوْنَ بِالْكِتٰبِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَۗ
Dene wong kang padha ngestokake anggone padha gegondhelan kitab sarta padha nindakake sholat (iku becik).
اِنَّا لَا نُضِيْعُ اَجْرَ الْمُصْلِحِيْنَ﴿170﴾
Ingsun ora bakal ngilangake ganjarane wong kang padha tumindak ing kabecikan. (170)
وَاِذْ نَتَقْنَا الْجَبَلَ فَوْقَهُمْ كَاَنَّهٗ ظُلَّةٌ وَّظَنُّوْٓا اَنَّهٗ وَاقِعٌۢ بِهِمْۚ
(Muhammad), dhawuha: Nalikane Ingsun mbedhol gunung, diungkulake ana sandhuwure wong-wong bani Israil kang padha emoh nyanggemi prentah ing kitab Taurat. Gunung mau nganti kaya payon. Panyanane wong bani lsrail, gunung mau bakal nindhihi dheweke.
خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاذْكُرُوْا مَا فِيْهِ
(Pangandika Ingsun: “He wong bani Israil, yen sira nyuwun ora ketiban gunung iki), padha sanggema ngestokake prentahing kitab Taurat kang wis Ingsun dhawuhake, sira tindakna kanthi setyatuhu sakuwatmu, padha elinga apa-apa kang disebutake ana kitab Taurat,
لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ﴿171﴾ ع_12
Supaya sira padha bekti ing Allah. (171)
وَاِذْ اَخَذَ رَبُّكَ مِنْۢ بَنِيْٓ اٰدَمَ مِنْ ظُهُوْرِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَاَشْهَدَهُمْ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْۚ
Lan nalikane Pangeranira andadekake turuning anak -anak Adam saka ing gegere (wong tuwane) sarta aneksekake marang jiwa-jiwane dhewe:
اَلَسْتُ بِرَبِّكُمْۗ قَالُوْا بَلٰىۛ شَهِدْنَاۛ
Allah ngendika: “Apa Ingsun iki dudu Pangeranmu?” Para turuning Adam banjur padha matur: “Inggih Gusti, Paduka punika Pengeran kawula. Kawula sedaya anyekseni “
اَنْ تَقُوْلُوْا يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اِنَّا كُنَّا عَنْ هٰذَا غٰفِلِيْنَۙ﴿172﴾
Supaya sira ing dina kiyamat ora bakal angucap: ““Kawula sami kesupen yen gadhah kesagahan utawi pangakenan ingkang mekaten punika.” (172)
اَوْ تَقُوْلُوْٓا اِنَّمَآ اَشْرَكَ اٰبَاۤؤُنَا مِنْ قَبْلُ وَكُنَّا ذُرِّيَّةً مِّنْۢ بَعْدِهِمْۚ
Utawa (supaya) sira ora bakal padha ngucap: Namung bapak-bapak kawula ingkang kala rumiyin anglampahi lelaku musyrik, sarta kawula punika turun ing sapengkeripun.
اَفَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ الْمُبْطِلُوْنَ﴿173﴾
Punapa Paduka badhe Paring azab kawula amargi saking pandamelipun para leluhur ingkang atindak lepat? (173)
وَكَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ
Kaya mengkono iku Ingsun mrinci pirang-pirang ayat
وَلَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ﴿174﴾
supaya dheweke padha bali saka kesasare. (174)
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ الَّذِيْٓ اٰتَيْنٰهُ اٰيٰتِنَا
(Muhammad), sliramu wacakna (marang wong-wong Yahudi) ing bab ceritane wong kang wis Ingsun paringi ayat (Umayah lbnu Abi Shit) kang ngarep-arep rawuhe Nabi penutup.
فَانْسَلَخَ مِنْهَا فَاَتْبَعَهُ الشَّيْطٰنُ فَكَانَ مِنَ الْغٰوِيْنَ﴿175﴾
(Nanging bareng Nabi Muhammad mau rawuh temenan) dheweke ora gelem iman, sarta dheweke banjur kena panggodhane setan, jalaran saka iku dheweke klebu golong ane wong-wong kang padha kesasar. (175)
وَلَوْ شِئْنَا لَرَفَعْنٰهُ بِهَا وَلٰكِنَّهٗٓ اَخْلَدَ اِلَى الْاَرْضِ وَاتَّبَعَ هَوٰىهُۚ
Lan saupama ana Kepareng ing Kersaningsun, kena uga dheweke mau Ingsun junjung pangkate marga ngestokake ayat ingsun, ewadene ora mengkono. Nanging dheweke mau kesengsem anggone dhemen ing donya lan nguja kekarepane hawa nafsune.
فَمَثَلُهٗ كَمَثَلِ الْكَلْبِۚ
Dadi sanepane mau kaya umpamane segawon,
اِنْ تَحْمِلْ عَلَيْهِ يَلْهَثْ اَوْ تَتْرُكْهُ يَلْهَثْۗ
menawa sira cancang iya melet-melet, utawa sira umbar iya melet-melet uga.
ذٰلِكَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ
Mengkono iku sanepane wong kang padha maido ayat Ingsun.
فَاقْصُصِ الْقَصَصَ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُوْنَ﴿176﴾
Mulane sira nyritakna lelakone pendhita mau supaya dheweke padha gelem mikir-mikir. (176)
سَاۤءَ مَثَلًا ۨالْقَوْمُ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا
Ala temen sanepane wong kang padha nggorohake marang ayat-ayatingsun,
وَاَنْفُسَهُمْ كَانُوْا يَظْلِمُوْنَ﴿177﴾
lan padha nganiaya marang awake dhewe. (177)
مَنْ يَّهْدِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِيْۚ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ﴿178﴾
Sing sapa diparingi pitedah dalan bener dening Allah, mesthi pikantuk pitedah dalan bener. Dene sing sapa kabendu ing dalan kesasar, wong iku mesthi kapitunan (178)
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيْرًا مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِۖ
Lan Ingsun sayekti wis Nitahake calon isen-isene neraka Jahannam, yaiku jin lan manungsa pirang-pirang,
لَهُمْ قُلُوْبٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ بِهَاۖ
padha duwe ati nanging ora dienggo mangerteni,
وَلَهُمْ اَعْيُنٌ لَّا يُبْصِرُوْنَ بِهَاۖ
lan padha duwe mripat, nanging ora dienggo ndheleng,
وَلَهُمْ اٰذَانٌ لَّا يَسْمَعُوْنَ بِهَاۗ
lan padha duwe pengrungu, nanging ora dienggo ngrungokake.
اُولٰۤىِٕكَ كَالْاَنْعَامِ بَلْ هُمْ اَضَلُّۗ
Kabeh mau sanepane kaya rajakaya (anggone ora mangerti marang perkara kang bener). Malah ngungkuli rajakaya anggone sasar (nunjang-nunjang).
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْغٰفِلُوْنَ﴿179﴾
lya wong kang mengkono mau kabeh tetep padha lali. (179)
وَلِلّٰهِ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰى فَادْعُوْهُ بِهَاۖ
Lan Panjenengane Allah iku Kagungan Asma-Asma Kang Minulya (Nuduhake Kaluhurane). Sliramu padha nyenyuwuna marang Allah nganggo nyebut Asma mau.
وَذَرُوا الَّذِيْنَ يُلْحِدُوْنَ فِيْٓ اَسْمَاۤىِٕهٖۗ
Ninggala para kang padha nerak kasucianing Asma-Asma-Ne.
سَيُجْزَوْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَۖ﴿180﴾
Dheweke kabeh bakal padha winales apa kang wus padha dilakoni (180)
وَمِمَّنْ خَلَقْنَآ اُمَّةٌ يَّهْدُوْنَ بِالْحَقِّ
Lan saweneh ummat Ingsun ana kang padha nuduhake manungsa marang dalan kang bener,
وَبِهٖ يَعْدِلُوْنَ﴿181﴾ع_22
sarta dheweke padha tumindak adil (jejeg). (181)
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا
Dene wong kang padha gorohake ayat-ayat Ingsun
سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿182﴾
iku bakal padha Ingsun cedhakake marang kerusakan sethithik saka sethithik kang dheweke padha ora mangerti. (182)
وَاُمْلِيْ لَهُمْۗ اِنَّ كَيْدِيْ مَتِيْنٌ﴿183﴾
Lan ingsun paring sumene marang dheweke kabeh; sayektine Rancangan Ingsun iku kukuh (183)
اَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوْا مَا بِصَاحِبِهِمْ مِّنْ جِنَّةٍۗ
Apa dheweke padha ora mikir menawa mitrane (kang aran Muhammad) iku ora owah.
اِنْ هُوَ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ﴿184﴾
Ora liya dheweke iku kajaba dadi juru pepeling kang terang. (184)
اَوَلَمْ يَنْظُرُوْا فِيْ مَلَكُوْتِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا خَلَقَ اللهُ مِنْ شَيْءٍ
Apa wong-wong mau uga durung ndeleng marang panguwasa ing langit Ian bumi lan samubarang kang dititahake dening Allah .
وَّاَنْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ قَدِ اقْتَرَبَ اَجَلُهُمْۖ
mBok manawa waktu matine wong-wong mau wis cedhak (perlu dheweke hanjur padha nindhakake bebener).
فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَهٗ يُؤْمِنُوْنَ﴿185﴾
Mangka (menawa wong-wong mau wis ora padha gelem percaya marang Qur’an) arep percaya marang kitab apa, saliyane Qur’an (185)
مَنْ يُّضْلِلِ اللهُ فَلَا هَادِيَ لَهٗۖ
Dene sing sapa kang wis kabendu dening Allah ing dalan sasar, mesthi ora ana kang bisa nuduhake dheweke,
وَيَذَرُهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ﴿186﴾
lan Panjenengane Allah ninggalake wong-wong mau, banjur padha bingung ana ing sejrone tumindake kang sasar mau. (186)
يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ السَّاعَةِ اَيَّانَ مُرْسٰىهَاۗ
(Muhammad) dheweke padha takon, besok apa tumibane dina qiyamat?
قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّيْۚ
Sliramu dhawuha: “Tumibane dina qiya mat iku kang pirsa mung Allah Pengeran ingsun,
لَا يُجَلِّيْهَا لِوَقْتِهَآ اِلَّا هُوَۘ ثَقُلَتْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
ora ana kang bisa nganakake dina qiyamat, kajaba mung Allah Piyambak. Tumekane dina qiyamat iku ndadekake rekasane wong-wong kang ana ing langit lan bumi,
لَا تَأْتِيْكُمْ اِلَّا بَغْتَةًۗ
Tekane besuk mesthi kanthi dadakan.
يَسْـَٔلُوْنَكَ كَاَنَّكَ حَفِيٌّ عَنْهَاۗ
Dheweke padha pitakon bab dina qiyamat mau jalaran padha ngira yen sliramu mangerti bakal tumurune
قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ اللهِ
awit saka iku sira dhawuha: “Dene sing pirsa marang tumibane dina qiyamat iku mung Allah Piyambak,
وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿187﴾
nanging akeh-akehe manungsa padha ora mangerti.” (187)
قُلْ لَّآ اَمْلِكُ لِنَفْسِيْ نَفْعًا وَّلَا ضَرًّا اِلَّا مَا شَاۤءَ اللهُۗ
(Muhammad, sliramu dhawuha marang wong-wong kafir): “Ingsun ora nguwasani marang pribadiningsun dhewe, padha uga aweh manfaat lan nulak bebaya, kajaba mung saka Kersane Allah.
وَلَوْ كُنْتُ اَعْلَمُ الْغَيْبَ لَاسْتَكْثَرْتُ مِنَ الْخَيْرِۛ وَمَا مَسَّنِيَ السُّوْۤءُۛ
Lan saupamane ingsun sumurup marang barang ghaib, sayekti ingsun ngakeh-akehake tumindak becik, sahengga ingsun ora bisa ketaman bebaya.
اِنْ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ وَّبَشِيْرٌ
Ora ana liya Ingsun iki kajaba mung sarana kang ngabarake pepeling lan bebungah ganjaran saka Allah
لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ﴿188﴾ ع_23
marang wong-wong kang padha mukmin. (188)
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ
Panjenengane Allah iku kang wus Nitahake sira kabeh, saka awak siji (yaiku Adam)
وَّجَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا لِيَسْكُنَ اِلَيْهَاۚ
sarta nitahake garwane saka awak siji mau, supaya Adam tentrem atine, welas asih marang garwane.
فَلَمَّا تَغَشّٰىهَا حَمَلَتْ حَمْلًا خَفِيْفًا فَمَرَّتْ بِهٖۚ
Bareng Adam saresmi lan garwane banjur wiwit mbobot, kelawan padharane kang isih anom iki dheweke isih kongang mlaku,
فَلَمَّآ اَثْقَلَتْ دَّعَوَا اللهَ رَبَّهُمَا
bareng padharane mau wis abot, sakarone padha nyuwun marang Allah Pengerane:
لَىِٕنْ اٰتَيْتَنَا صَالِحًا
“Menawi Paduka maringi dhateng kita anak ingkang shaleh,
لَّنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ﴿189﴾
sayektos kita badhe klebet golonganipun tiyang ingkang sami syukur. (189)
فَلَمَّآ اٰتٰىهُمَا صَالِحًا جَعَلَا لَهٗ شُرَكَاۤءَ فِيْمَآ اٰتٰىهُمَاۚ
Bareng Allah wis marengake panyuwune wong sak keloron mau, diparingi putra metu becik, dheweke banjur padha ndadekake jeneng anake mau dadi sekutuning Allah.
فَتَعٰلَى اللهُ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ﴿190﴾
Allah iku Maha Luhur saka barang kang dianggep dadi sekutuning Allah. (190)
اَيُشْرِكُوْنَ مَا لَا يَخْلُقُ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَۖ﴿191﴾
Apata dheweke iku padha nyekutukake barang kang ora bisa nitahake apa-apa? Malah brahalane dhewe padha dititahake. (191)
وَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ لَهُمْ نَصْرًا وَّلَآ اَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُوْنَ﴿192﴾
Lan brahala-brahala iku padha ora bisa aweh pitulungan marang dheweke, lan uga ora bisa nulungi marang awake dhewe. (192)
وَاِنْ تَدْعُوْهُمْ اِلَى الْهُدٰى لَا يَتَّبِعُوْكُمْۗ
Lan menawa sliramu ajak nglakoni pituduh bener marang wong-wong kang padha mangro tingal (musyrik), dheweke iku mesthi ora padha gelem manut.
سَوَاۤءٌ عَلَيْكُمْ اَدَعَوْتُمُوْهُمْ اَمْ اَنْتُمْ صَامِتُوْنَ﴿193﴾
Padha wae, dheweke iku sira ajak supaya nindakake pituduh utawa sliramu meneng wae. (193)
اِنَّ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ عِبَادٌ اَمْثَالُكُمْ
Satemene brahala-brahala kang padha sira sembah saliyane Allah iku iya mung titah kaya sira.
فَادْعُوْهُمْ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿194﴾
Mara padha njejaluka marang brahala-brahala iku, supaya dheweke padha nuruti panjalukmu, yen nyata temen. (194)
اَلَهُمْ اَرْجُلٌ يَّمْشُوْنَ بِهَآۖ
Brahala mau apa duwe sikil kang kena dienggo lumaku,
اَمْ لَهُمْ اَيْدٍ يَّبْطِشُوْنَ بِهَآۖ
lan apa duwe tangan kang kena di enggo nyekel,
اَمْ لَهُمْ اَعْيُنٌ يُّبْصِرُوْنَ بِهَآۖ
lan apa duwe mripat kang kena dienggo ndeleng,
اَمْ لَهُمْ اٰذَانٌ يَّسْمَعُوْنَ بِهَاۗ
lan apa duwe pangrungu kang kena dienggo ngrungokake?
قُلِ ادْعُوْا شُرَكَاۤءَكُمْ ثُمَّ كِيْدُوْنِ فَلَا تُنْظِرُوْنِ﴿195﴾
Mesthi ora. (Muhammad) sliramu dhawuha marang dheweke: “Padha jaluka lan wadula marang brahala kang padha sira sembah, nuli padha ngupaya ngreka daya, Ian aja aweh sumene marang aku. (195)
اِنَّ وَلِيِّ َۧ اللهُ الَّذِيْ نَزَّلَ الْكِتٰبَۖ
Satemene Dzat Kang Ngreksa ingsun iku Allah Kang wis Nurunake kitab Al-Qur’ an.
وَهُوَ يَتَوَلَّى الصّٰلِحِيْنَ﴿196﴾
Lan Panjenengane Mitulungi marang wong-wong kang shaleh (196)
وَالَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ
Dene brahala-brahala kang padha sira sembah saliyane Allah,
لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَكُمْ وَلَآ اَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُوْنَ﴿197﴾
dheweke ora bisa nulungi sira kabeh sarta ora bisa nulungi marang awake dhewe. (197)
وَاِنْ تَدْعُوْهُمْ اِلَى الْهُدٰى لَا يَسْمَعُوْاۗ
Menawa wong kang padha mangro tingal (musyrik) padha sira ajak nindakake pituduh bener, mesthi padha ora gelem ngrungokake pangajakmu.
وَتَرٰىهُمْ يَنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ وَهُمْ لَا يُبْصِرُوْنَ﴿198﴾
Sira sumurup dhewe iku padha ndeleng marang awakmu, nanging sajatine dheweke iku padha ora weruh. (198)
خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَاَعْرِضْ عَنِ الْجَاهِلِيْنَ﴿199﴾
Dadia wong kang menehi pangapura lan printaha tumindak becik, sarta nyingkira saka wong kang padha bodho-bodho. (199)
وَاِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطٰنِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللهِۗ
Lan menawa ana setan godha sliramu, nyuwuna reksa marang Allah.
اِنَّهٗ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ﴿200﴾
Satemene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni. (200)
اِنَّ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا اِذَا مَسَّهُمْ طٰۤىِٕفٌ مِّنَ الشَّيْطٰنِ
Satemene wong-wong kang padha ngabekti ing Allah iku menawa ketaman panggodhaning setan,
تَذَكَّرُوْا فَاِذَا هُمْ مُّبْصِرُوْنَۚ﴿201﴾
banjur padha eling dhawuhe Allah, jalaran elinge iku, dheweke banjur padha awas pandelenge. (201)
وَاِخْوَانُهُمْ يَمُدُّوْنَهُمْ فِى الْغَيِّ ثُمَّ لَا يُقْصِرُوْنَ﴿202﴾
Dene para sedulure setan iku tansah padha diarah dening setan, supaya padha tetep kesasare, mengkono maneh dheweke iya ora pisan-pisan mandheg anggone nyasarake. (202)
وَاِذَا لَمْ تَأْتِهِمْ بِاٰيَةٍ
Wong kang padha mangro tingal (musyrik) iku menawa ora sira tekani kanthi tandha bebener, mesthi padha ngucap maidoni mengkene:
قَالُوْا لَوْلَا اجْتَبَيْتَهَاۗ
“Punapaa panjenengan mrentahaken sakersa panjenengan piyambak?”
قُلْ اِنَّمَآ اَتَّبِعُ مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّ مِنْ رَّبِّيْۗ
Wangsulana (Muhammad): “Ingsun iki mung saderma ndhawuhake apa kang didhawuhake dening Pengeran.
هٰذَا بَصَاۤىِٕرُ مِنْ رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ﴿203﴾
Lan Al-Qur’an iki bukti bebener saka ngersane Pengeran lan dadi pitedah sarta rahmat tumrap wong-wong kang padha Iman. (203)
وَاِذَا قُرِئَ الْقُرْاٰنُ فَاسْتَمِعُوْا لَهٗ وَاَنْصِتُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ﴿204﴾
Samongsa Al-Qur’an diwaca, sliramu padha mirengna, sabanjure padha ngestokna supaya padha pikantuk Welas Asihing Allah (204)
وَاذْكُرْ رَّبَّكَ فِيْ نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَّخِيْفَةً
(Muhammad) nyebuta Asmane Pengeranmu ing sajeroning atimu, kelawan konjem lan ajrih,
وَّدُوْنَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ
lan panyebutmu aja nganti kawetu seru, ing wayah esuk lan sore.
وَلَا تَكُنْ مِّنَ الْغٰفِلِيْنَ﴿205﴾
Lan aja kalebu ewone wong kang padha lali. (205)
اِنَّ الَّذِيْنَ عِنْدَ رَبِّكَ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِهٖ
Satemene para malaikat kang padha ana ngarsane Allah iku kabeh padha ora gumedhe anggone padha manembah marang Panjenengane,
وَيُسَبِّحُوْنَهٗ وَلَهٗ يَسْجُدُوْنَ ۩﴿206﴾ ع_24
lan padha ngucap tasbih lan sumujud marang Panjenengane. (206)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.