Terjemah Jawa Q.S. (14) Ibrahim (Kanjeng Nabi Ibrahim) 52 Ayat

Qur’an Surah (14) Ibrahim (Kanjeng Nabi Ibrahim) 52 Ayat

سُورَةُاِبْرَاهِيْم

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

الۤرٰۗ

Alif Laam Raa (Mligi Allah pribadi Ingkang Priksa tegesipun huruf-huruf punika).

كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ اِلَيْكَ

(Muhammad) Qur’an iki kitab Ingsun turunake marang sira,

لِتُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ ەۙ

supaya sira anggo ngluwarake manungsa saka pepetenging lelimengan marang pepadhanging iman,

بِاِذْنِ رَبِّهِمْ اِلٰى صِرَاطِ الْعَزِيْزِ الْحَمِيْدِۙ﴿1﴾

Kanthi idzining Pengeran tumuju dedalaning Karidhaning Pengeran Ingkang Maha-Mulya tur Maha-Pinuji. (1)

اللّٰهِ الَّذِيْ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Panjenengane Allah Ingkang kagungan saisining langit lan bumi.

وَوَيْلٌ لِّلْكٰفِرِيْنَ مِنْ عَذَابٍ شَدِيْدٍۙ﴿2﴾

Dene ukuman neraka kang luwih dene abot iku patrapane para wong kafir kabeh. (2)

ࣙالَّذِيْنَ يَسْتَحِبُّوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا عَلَى الْاٰخِرَةِ

Kang padha milih kabungahan ing donya, ora perduli marang kebungahan akhirat,

وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۗ

lan padha nyegah manungsa supaya aja padha leladi ana ing dalan agamane Allah. Pamrihe agamane Allah iku supaya mlenceng.

اُولٰۤىِٕكَ فِيْ ضَلٰلٍ ۢ بَعِيْدٍ﴿3﴾

Wong mengkono mau padha dumunung ana ing sasar kang adoh. (3)

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا بِلِسَانِ قَوْمِهٖ لِيُبَيِّنَ لَهُمْۗ

Menawa Ingsun ngutus sawijining rasul, ora nganggo tembunge wong ngendi-ngendi, kajaba nganggo tetembungane para ummate. supaya rasul mau nerangake dhawuh Ingsun kanthi cetha.

فَيُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ

Sawise Allah ngutus para rasul, Allah Nyasarake wong kang Dadi Pareng Kersane lan uga Paring Pitedah bener marang wong kang Dadi Pareng Kesane.

وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ﴿4﴾

Dene Allah iku Ingkang Maha-Mulya, Ingkang Maha-Wicaksana. (4)

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اَنْ اَخْرِجْ قَوْمَكَ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ ەۙ

Biyen temen Ingsun wis ngutus Nabi Musa, kanthi mu’jizat kaelokan pirang-pirang, dhawuh Ingsun: “He Musa, sira ngluwarna para ummatmu saka pepetenging kafir tumuju pepadhanging iman,

وَذَكِّرْهُمْ بِاَيّٰىمِ اللّٰهِۗ

lan padha elingna marang lelakoning para ummat zaman kuna kang padha dipatrapi ukumane Allah,

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ﴿5﴾

awit satemene pepeling iku dadi piwulang tumrap wong kang padha sabar tur kang gelem syukur marang Allah. (5)

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهِ اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ

(Muhammad) dhawuhna babagan lelakone Nabi Musa, nalika ajak-ajak marang para ummate: “Sira padha elinga Peparinge Allah arupa kabungahan,

اِذْ اَنْجٰىكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِ

kayata Allah wis paring keselametan marang sira, luwar saka panganiayame Fir’aun sapunggawane, kang padha nganiaya marang sira nindakake siksa kang siya-siya,

وَيُذَبِّحُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْۗ

apadene mateni anak-anakmu kang lanang, dene anakira kang wadon padha diuripi.

وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ﴿6﴾

Kang mengkono iku dadi coba kang gedhe saka Pengeranmu. (6)

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ

Lan sira padha elinga nalika Allah Pengeranmu, Ngundhangake Dhawuh mengkene:

لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ

“Menawa sira padha syukur, mesthi peparing arupa kabungahan Ingsun tambahi,

وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ ﴿7﴾

Ananging, menawa sira maido marang peparing Ingsun, sira bakal dipatrapi ukuman. Sumurupa, ukuman Ingsun iku luwih dening abot. (7)

وَقَالَ مُوْسٰٓى اِنْ تَكْفُرُوْٓا اَنْتُمْ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًاۙ

Nabi Musa banjur paring dhawuh: “He para sedulur ingsun bani Israil kabeh, menawa sira dalah wong saisining bumi iki kabeh padha maido kabungahan peparinge Allah, Allah ora bakal Eman utawa Kogel Anggone Matrapi ukuman.

فَاِنَّ اللّٰهَ لَغَنِيٌّ حَمِيْدٌ ﴿8﴾

Sumurupa, Allah iku ora butuh marang para kawulane, tur Allah iku Ingkang Maha-Pinuji.”(8)

اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَؤُا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ ەۗ

“Apa sira durung sumurup cerita lelakone para ummat kuna sadurunge sira, kayata: para ummate Nabi Nuh kang sirna kabeh marga dikeremake, apadene kaum ‘Ad lan kaum Tsamud, kabeh padha dilebur (Ian dirusak) dening Allah.

وَالَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْۗ لَا يَعْلَمُهُمْ اِلَّا اللّٰهُۗ

Dene sapungkure ummat telung warna mau, akeh para ummat kang tanpa wilangan, ora ana kang weruh cacahe kajaba mung Allah piyambak.

جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَرَدُّوْٓا اَيْدِيَهُمْ فِيْٓ اَفْوَاهِهِمْ وَقَالُوْٓا

Para ummat mau padha diwulang dening rasule dhewe-dhewe, kanthi mu’jizat kaelokan pirang-pirang. Para ummat mau saking banget anggone maido, nganti padha nyokot drijine, pangucape marang rasule mengkene:

اِنَّا كَفَرْنَا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ

“Sedaya ingkang panjenengan wedaraken punika panjenengan akenaken dhawuhing Allah, kita boten badhe pitados.

وَاِنَّا لَفِيْ شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُوْنَنَآ اِلَيْهِ مُرِيْبٍ﴿9﴾

Dene anggen panjenengan ajak-ajak dhateng kita supados pitados ing Allah, punika kita taksih mamang, dereng saged pitados dhateng piwulang panjenengan.”(9)

قَالَتْ رُسُلُهُمْ اَفِى اللّٰهِ شَكٌّ فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ

Para rasul mau banjur paring wangsulan: “Apa sira padha mamang menawa Allah iku kang Anitahake langit lan bumi sarta saisine kabeh?

يَدْعُوْكُمْ لِيَغْفِرَ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُؤَخِّرَكُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ

Allah nimbali sira kabeh, padha Dikersak’ake percaya marang Allah. Menawa wis padha percaya marang Allah, Allah bakal paring pangapura marang kaluputanmu sarta nyrantekake nganti tekan enteke umurmu, Allah ora matrapi kanthi kekencengan (kontan) marang sira”.

قَالُوْٓا اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۗ تُرِيْدُوْنَ اَنْ تَصُدُّوْنَا عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَا

Para ummat mau banjur padha matur: “Panjenengan punika sanes punapa-punapa kita. Dene anggen panjenengan ajak-ajak pitados dhateng Allah punika sedya, namung ngawisi anggen kita manembah dhateng brahala sesembahanipun para leluhur kita.

فَأْتُوْنَا بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ﴿10﴾

Ewadene menawi kersa panjenengan makaten leres saestu, cobi panjenengan dhatengaken mukjizat ingkang nyata.”(10)

قَالَتْ لَهُمْ رُسُلُهُمْ اِنْ نَّحْنُ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ

Para rasul mau banjur paring wangsulan marang para ummate: “Bener ingsun iki mung manungsa lumrah wae kaya sira,

وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَمُنُّ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۗ

Ewadene Allah paring kaluwihan marang kawulane kang Dikersakake.

وَمَا كَانَ لَنَآ اَنْ نَّأْتِيَكُمْ بِسُلْطٰنٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِۗ

Ingsun ora bisa atur mukjizat kanthi pengawasan ingsun dhewe, kajaba kelawan Keparenging Allah.

وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ﴿11﴾

Lan mligi marang Allah padha tawakal kanthi konjem sekabehane wong kang iman.” (11)

وَمَا لَنَآ اَلَّا نَتَوَكَّلَ عَلَى اللّٰهِ وَقَدْ هَدٰىنَا سُبُلَنَاۗ

Apa sebab yen ingsun ora tawakkal marang Allah, ing kamangka Panjenengane Paring pitedah marang ingsun ing dalan keselametan,

وَلَنَصْبِرَنَّ عَلٰى مَآ اٰذَيْتُمُوْنَاۗ

Lan ingsun tansah sabar marang pangarubiru lan anggonmu padha nglarani ingsun.

وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُوْنَࣖ﴿12﴾

Lan mligi marang Allah padha tawakal kanthi konjem sekabehane wong kang tawakal. (12)

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِرُسُلِهِمْ لَنُخْرِجَنَّكُمْ مِّنْ اَرْضِنَآ اَوْ لَتَعُوْدُنَّ فِيْ مِلَّتِنَاۗ

Wong-wong kafir mau banjur padha ngancam marang para rasule, pangucape: “Panjenengan mesthi kita tundhung saking bumi kita ing ngriki, utawi kita peksa ambalik manut agami kita manembah brahala.”

فَاَوْحٰٓى اِلَيْهِمْ رَبُّهُمْ لَنُهْلِكَنَّ الظّٰلِمِيْنَۗ﴿13﴾

Pengeran banjur paring dhawuh marang para rasul mau: “Sira aja kuwatir, wong kang padha duraka kafir iku mesthi Ingsun tumpes.” (13)

وَلَنُسْكِنَنَّكُمُ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِهِمْۗ

Sapungkure wong kafir mau, sira Ingsun panggonake mengku ing bumi kene.

ذٰلِكَ لِمَنْ خَافَ مَقَامِيْ

Kang mengkono mau minangka welas asih Ingsun marang wong kang ajrih marang pengadilan Ingsun ing dina qiyamat,

وَخَافَ وَعِيْدِ﴿14﴾

lan ajrih marang pangancaming ukuman.(14)

وَاسْتَفْتَحُوْا وَخَابَ كُلُّ جَبَّارٍ عَنِيْدٍۙ﴿15﴾

Dheweke padha nyuwun pungkasaning putusan, saben-saben kang gumedhe kurang deduga padha kacuwan. (15)

مِّنْ وَّرَاۤىِٕهٖ جَهَنَّمُ

Wong kafir mau ana ing akhirat ngarepake neraka Jahannam,

وَيُسْقٰى مِنْ مَّاۤءٍ صَدِيْدٍۙ﴿16﴾

banjur dicemplungake ana ing kono dipeksa ngombe banyu panas. (16)

يَّتَجَرَّعُهٗ وَلَا يَكَادُ يُسِيْغُهٗ وَيَأْتِيْهِ الْمَوْتُ مِنْ كُلِّ مَكَانٍ وَّمَا هُوَ بِمَيِّتٍۗ

Anggone ngombe saka sethithik-sethithik sarta ora kalawan kapenak pangulune, apa dene kasusahan matumpa-tumpa bakal anekani dheweke saka sadhengah panggonan, ananging dheweke ora bakal mati,

وَمِنْ وَّرَاۤىِٕهٖ عَذَابٌ غَلِيْظٌ﴿17﴾

Malahan siksa ingkang anggegirisi cumepak ing sangarepe. (17)

مَثَلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ

Sanepane wong kafir kang maido ing Pengerane iku mengkene:

اَعْمَالُهُمْ كَرَمَادِ ࣙاشْتَدَّتْ بِهِ الرِّيْحُ فِيْ يَوْمٍ عَاصِفٍۗ

Tindake anggone padha gawe kabecikan, kaya umpamane awu kang katiyup angin ing dina sindhung riwut (kang akeh angine gedhe).

لَا يَقْدِرُوْنَ مِمَّا كَسَبُوْا عَلٰى شَيْءٍۗ

Ing besuk dina qiyamat, ora bisa ngukuhi tindake kabecikan sathithik-thithika.

ذٰلِكَ هُوَ الضَّلٰلُ الْبَعِيْدُ ﴿18﴾

Mengkono iku tetela kesasar saka dalan kang bener nganti adoh banget.(18)

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ

(He manungsa), apa sira ora sumurup menawa Allah iku Ingkang Nitahake tangit lan bumi saisine kabeh kelawan bener?

اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيْدٍۙ﴿19﴾

Menawa ana Keparenging Kersane Allah, sira iku disirnakake kabeh, banjur diganti titah liyane kang anyar, mesthi kaleksanan saka kuwasane Allah. (19)

وَّمَا ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ بِعَزِيْزٍ﴿20﴾

Dene kelakone nyirnakake sira kabeh lan diganti titah anyar iku ingatasi Allah ora angel.(20)

وَبَرَزُوْا لِلّٰهِ جَمِيْعًا فَقَالَ الضُّعَفٰۤؤُا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا

Ing besuk dina qiyamat wong kafir padha dijejer katon kabeh ana ngarsane Allah. Ing kono wong kafir kang apes padha celathu marang wong kafir kang gumedhe,

اِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ اَنْتُمْ مُّغْنُوْنَ عَنَّا مِنْ عَذَابِ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍۗ

Tembunge: “Sarehne kita iki apes, biyen mula kita iku mung manut wae marang sira, saiki sira apa bisa nulak siksane Allah kang bakal tumiba marang awak kita sethithik wae.”

قَالُوْا لَوْ هَدٰىنَا اللّٰهُ لَهَدَيْنٰكُمْۗ

Wong kafir kang gumedhe mau banjur mangsuli: “Umpama nalika. ana ing donya biyen Allah paring pitedah lan keselametan marang kita, kita iya bisa nedahake dalan keselametan marang sira, nanging ora.

سَوَاۤءٌ عَلَيْنَآ اَجَزِعْنَآ اَمْ صَبَرْنَا مَا لَنَا مِنْ مَّحِيْصٍࣖ﴿21﴾

Mulane saiki padha wae tumrap kita, susah utawa sabar padha wae, ora maedahi.” (21)

وَقَالَ الشَّيْطٰنُ لَمَّا قُضِيَ الْاَمْرُ اِنَّ اللّٰهَ وَعَدَكُمْ وَعْدَ الْحَقِّ وَوَعَدْتُّكُمْ فَاَخْلَفْتُكُمْۗ

Lan setan banjur celathu marang wong kang ana ing neraka: “Satemene biyen Allah wis ngundhangake perjanjian marang sira kabeh, saiki dituhoni, ora ana kang cidra. Ingsun uga aweh janji marang sira (bakal ora ana dina qiyamat, lan ora ana ganjaran suwarga utawa ukuman neraka). Saiki ingsun nyidrani janji ingsun marang sira

وَمَا كَانَ لِيَ عَلَيْكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍ اِلَّآ اَنْ دَعَوْتُكُمْ فَاسْتَجَبْتُمْ لِيْۚ

Lan saiki ingsun ora kuwasa meksa apa-apa marang sira. Ewadene ingsun ngajak sasar marang sira sarta sira wis padha gelem lan manut,

فَلَا تَلُوْمُوْنِيْ وَلُوْمُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ مَآ اَنَا۠ بِمُصْرِخِكُمْ وَمَآ اَنْتُمْ بِمُصْرِخِيَّۗ اِنِّيْ كَفَرْتُ بِمَآ اَشْرَكْتُمُوْنِ مِنْ قَبْلُۗ

Iya wis sira aja padha nutuh marang ingsun, nutuha marang awakmu dhewe, ingsun ora bisa nulungi sira, sira iya ora bisa nulungi ingsun. Anggonmu padha ngadegake ingsun dadi kekembarane Allah biyen, saiki ingsun selaki.

اِنَّ الظّٰلِمِيْنَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿22﴾

Satemene wong kang duraka kafir (nganiaya) iku wis samesthine padha tampa siksa kang anglarani.” (22)

وَاُدْخِلَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

Dene kabeh wong kang padha percaya ing Allah sarta padha nindakake kabecikan,

جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۗ

padha dilebokake ing suwarga, kang ana bengawane mili ing sangisore wit-witan, ana ing kono padha langgeng. Saka Keparenging Pengeran.

تَحِيَّتُهُمْ فِيْهَا سَلٰمٌ﴿23﴾

Dene pakurmatane siji-sijining wong marang liyani ana ing kono, sarana uluk salam, pangucape: “Mugi-mugi sami ginanjar ing kawilujengan”. (23)

اَلَمْ تَرَ كَيْفَ ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا كَلِمَةً طَيِّبَةً

(He manungsa) Sira apa ora sumurup anggone Allah ngumpamakake kalimah kang suci (yaiku Laa ilaaba ilallaah, tegese ora ana sesembahan kanthi bener, kajaba mung Allah),

كَشَجَرَةٍ طَيِّبَةٍ اَصْلُهَا ثَابِتٌ وَّفَرْعُهَا فِى السَّمَاۤءِۙ﴿24﴾

diumpamakake kaya wit-witan kang wohe enak didhahar, oyode tumancep ana ing bumi lan pange jergagah ana ing langit.(24)

تُؤْتِيْٓ اُكُلَهَا كُلَّ حِيْنٍ ۢ بِاِذْنِ رَبِّهَاۗ

Wit mau saka prentahe Pengerane, saben kala mangsa setahun sepisan, metu wohe.

وَيَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ﴿25﴾

Allah Agawe sanepa pirang-pirang marang para manungsa, supaya para manungsa mau padha gelem eling. (25)

وَمَثَلُ كَلِمَةٍ خَبِيْثَةٍ

Dene sanepane kalimah kang ala (yaiku kabeh kang surasane mangro tingal, mengeran saliyane Allah)

كَشَجَرَةٍ خَبِيْثَةِ ࣙاجْتُثَّتْ مِنْ فَوْقِ الْاَرْضِ مَا لَهَا مِنْ قَرَارٍ﴿26﴾

iku kaya umpamane wit-witan kang wohe ora enak didhahar, wite rungkat saka ing bumi lan ora tetep ana ing panggonane.(26)

يُثَبِّتُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۚ

Panjenengane Allah Ngukuhake atine para wong mukmin anggone ngantepi surasane kalimah kang suci, kang wis tetep diantepi nalikane urip ana ing donya lan besuk ana ing akhirat.

وَيُضِلُّ اللّٰهُ الظّٰلِمِيْنَۗ

Lan Allah Paring dalan sasar tumrap wong kang padha atindak nganiaya.

وَيَفْعَلُ اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُࣖ﴿27﴾

Lan Allah iku Nindakake samubarang Ingkang Dadi Kepareng Kersane. (27)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ بَدَّلُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ كُفْرًا

Sira apa durung sumurup wong kang padha Diparingi nikmat kabungahan dening Allah, nanging banjur males ala, maido marang Allah

وَّاَحَلُّوْا قَوْمَهُمْ دَارَ الْبَوَارِۙ﴿28﴾

sarta mernahake kaume ana ing panggonan kerusakan? (28)

جَهَنَّمَۚ يَصْلَوْنَهَاۗ

Yaiku neraka Jahannam. Wong kafir padha kecemplung ing neraka Jahannam,

وَبِئْسَ الْقَرَارُ﴿29﴾

saeba ala panggonan ing neraka Jahannam iku! (29)

وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ اَنْدَادًا لِّيُضِلُّوْا عَنْ سَبِيْلِهٖۗ

Wong kafir mau padha ngedegake tetimbanganing Allah yaiku brahala, pamrihe supaya manungsa padha kesasara saka dalan kang bener.

قُلْ تَمَتَّعُوْا فَاِنَّ مَصِيْرَكُمْ اِلَى النَّارِ﴿30﴾

(He Muhammad) sira dhawuha: “Iya padha bungah-bungaha sedhela, mumpung ana ing ngalam donya, ing tembe sira ora wurung kecemplung ing neraka.” (30)

قُلْ لِّعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ

Dhawuha marang para kawula-Ningsun kang padha iman lan padha anjumenengake salat

وَيُنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً

sarta amewehake barang Peparing-Ingsun marang dheweke, kalawan sesidheman utawa kalawan terang-terangan,

مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا بَيْعٌ فِيْهِ وَلَا خِلٰلٌ﴿31﴾

Sadurunge tekaning dina, kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana mimitran.(31)

اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ

Panjenengane Allah iku Ingkang Nitahake langit lan bumi,

وَاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَخْرَجَ بِهٖ مِنَ الثَّمَرٰتِ رِزْقًا لَّكُمْۚ

sarta Ingkang Nurunake banyu udan saka ing langit, banjur dienggo Ngetokake wohing wit-witan, kang dadi rezeki diparingake marang sira,

وَسَخَّرَ لَكُمُ الْفُلْكَ لِتَجْرِيَ فِى الْبَحْرِ بِاَمْرِهٖۚ وَسَخَّرَ لَكُمُ الْاَنْهٰرَ﴿32﴾

Apa dene Mrentahi kapal supaya manut marang sira, lumaku ana ing segara, lan uga maringake bengawan-bengawan marang sira. (32)

وَسَخَّرَ لَكُمُ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ دَاۤىِٕبَيْنِۚ

Lan Panjenengane Andadekake srengenge lan rembulan leladi marang sira, sakarone padha lumaku manut dalane,

وَسَخَّرَ لَكُمُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۚ﴿33﴾

Apa dene Panjenengane Andadekake wengi lan rahina uga leladi marang sira.(33)

وَاٰتٰىكُمْ مِّنْ كُلِّ مَا سَاَلْتُمُوْهُۗ وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ

Panjenengene Allah Maringi kabeh barang kang sira suwun. Lan menawa sira ngetung-ngetung marang peparinging Allah kenikmatan lan kabungahan apa wae marang sira, mesthi ora bisa, saking akeh tanpa wilangan,

اِنَّ الْاِنْسَانَ لَظَلُوْمٌ كَفَّارٌࣖ﴿34﴾

Ewadene para manungsa iku padha duraka lan nganiaya marang awake dhewe jalaran ora padha gelem syukur (34)

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ اٰمِنًا

(He Muhammad) dhawuhna ceritane Nabi Ibrahim, nalikane nyuwun marang Pengerane, ature: “Dhuh Pengeran kawula, negari Mekkah punika mugi Paduka Dadosaken negeri ingkang tata tentrem,

وَّاجْنُبْنِيْ وَبَنِيَّ اَنْ نَّعْبُدَ الْاَصْنَامَۗ﴿35﴾

sarta kawula dalah para turun keluwarga kawula mugi Paduka tinebihaken saking manembah brahala.” (35)

رَبِّ اِنَّهُنَّ اَضْلَلْنَ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِۚ

“Dhuh Pengeran kawula, sejatosipun brahala punika anjalari kesasaripun tiyang kathah sami manembah piyambakipun.

فَمَنْ تَبِعَنِيْ فَاِنَّهٗ مِنِّيْۚ

Sinten ingkang manut dhateng agami kawula, inggih punika kanca kawula.

وَمَنْ عَصَانِيْ فَاِنَّكَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿36﴾

Dene sinten ingkang boten manut agami kawula, mugi Paduka Paringi pangapunten. Awit sajatosipun Paduka punika Ingkang Maha-Paring Pangapunten tur Ingkang Maha-Welas-Asih.”(36)

رَبَّنَآ اِنِّيْٓ اَسْكَنْتُ مِنْ ذُرِّيَّتِيْ بِوَادٍ غَيْرِ ذِيْ زَرْعٍ عِنْدَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِۙ

“Duh Pengeran kawula, sejatosipun kawula punika manggenaken para turun kawula wonten ing sacelakipun pidalem Paduka ingkang Mulya dumununging jurang saselaning redi, ingkang boten wonten tetuwuhanipun babar pisan,

رَبَّنَا لِيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ فَاجْعَلْ اَفْـِٕدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِيْٓ اِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُمْ مِّنَ الثَّمَرٰتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُوْنَ﴿37﴾

Duh Pengeran kawula, mugi turun kawula sami nindakaken sholat saha manahipun sumujud dhumateng Paduka, pun Paringi rizki woh-wohan supados sami syukur dhumateng Paduka.”(37)

رَبَّنَآ اِنَّكَ تَعْلَمُ مَا نُخْفِيْ وَمَا نُعْلِنُۗ

“Duh Pengeran kawula, Paduka punika Ingkang Maha-Ngudaneni samukawis ingkang kawula batos lan ingkang kawula lahiraken.

وَمَا يَخْفٰى عَلَى اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ﴿38﴾

Gusti Allah babarpisan boten kasamaran dhateng isen-isenipun bumi saha langit.(38)

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ وَهَبَ لِيْ عَلَى الْكِبَرِ اِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَۗ

“Sadaya puji-pangalembana punika kagunganipun Allah, Ingkang sampun maringi anak dhumateng kawula, namipun Ismail, kaliyan pun lshaq, tur kawula punika sampun sepuh sanget.

اِنَّ رَبِّيْ لَسَمِيْعُ الدُّعَاۤءِ﴿39﴾

Saestunipun Allah Pengeran kawula punika Amaringi Anyembadani panyuwuning para kawulanipun.” (39)

رَبِّ اجْعَلْنِيْ مُقِيْمَ الصَّلٰوةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْۖ

“Duh Pengeran kawula, mugi kawula saha turun kawula Paduka Dadosaken tetiyang ingkang tetep jumeneng sholatipun.

رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاۤءِ﴿40﴾

Duh Pengeran kawula, mugi Amarengna panyuwun kawula, saha nampi pangabektos kawula.”(40)

رَبَّنَا اغْفِرْ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ

“Duh Pangeran kawula, mugi Paduka paringa pangapunten dhumateng kawula, saha dhumateng tiyang sepuh kawula kekalih

وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ يَوْمَ يَقُوْمُ الْحِسَابُ ﴿41﴾

punapa dene dhumateng para tetiyang ingkang iman, ing dinten penghitungan amal.” (41)

وَلَا تَحْسَبَنَّ اللّٰهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ الظّٰلِمُوْنَ ەۗ

(He Muhammad) Sira aja ngira menawa Allah iku kesupen marang tumindake wong kang padha nganiaya.

اِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيْهِ الْاَبْصَارُۙ﴿42﴾

Sumurupa, Allah anggone bakal matrapi ukuman marang wong, ing kono kabeh pendeleng padha tansah ningali tanpa kedhep. (42)

مُهْطِعِيْنَ مُقْنِعِيْ رُءُوْسِهِمْ لَا يَرْتَدُّ اِلَيْهِمْ طَرْفُهُمْۚ

Dheweke padha rerikatan anggone padha ngadhep marang panggonan kang nimbali, sarta tumenga tanpa kedhep,

وَاَفْـِٕدَتُهُمْ هَوَاۤءٌۗ﴿43﴾

apadene padha entek atine (deg-degan).(43)

وَاَنْذِرِ النَّاسَ يَوْمَ يَأْتِيْهِمُ الْعَذَابُۙ

(He Muhammad), para manungsa padha sira wedenana dina qiyamat, yaiku nalikane para wong kafir padha ketekanan ukumaning Allah.

فَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا رَبَّنَآ اَخِّرْنَآ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۙ نُّجِبْ دَعْوَتَكَ وَنَتَّبِعِ الرُّسُلَۗ

Ing kono kabeh wong kang padha nganiaya padha monjuk atur ing Allah: “Dhuh Pengeran kawula, kawula mugi Paduka wangsulaken dhateng donya, sarta Paduka srantosaken sekedhap kemawon, kawula badhe ngestokaken dhawuh Paduka, sarta badhe ndherek dhateng rasul.”

اَوَلَمْ تَكُوْنُوْٓا اَقْسَمْتُمْ مِّنْ قَبْلُ

Para wong kafir mau banjur tampa dhawuh: “Nalika sira ana ing donya biyen, apa ora wis sapata,

مَا لَكُمْ مِّنْ زَوَالٍۙ﴿44﴾

ngarani menawa para manungsa iku ora bakal oncat saka ing donya, ora ana dina qiyamat?” (44)

وَّسَكَنْتُمْ فِيْ مَسٰكِنِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ

Saiki sira mesthi manggon awor ana panggonane wong kafir kang padha nganiaya marang awake dhewe

وَتَبَيَّنَ لَكُمْ كَيْفَ فَعَلْنَا بِهِمْ وَضَرَبْنَا لَكُمُ الْاَمْثَالَ﴿45﴾

Lan saiki sira sumurup kanthi terang samubarang kang Ingsun tindakake marang wong kafir mau. Biyen Ingsun Nerangake tepa palupi pirang-pirang. (45)

وَقَدْ مَكَرُوْا مَكْرَهُمْ وَعِنْدَ اللّٰهِ مَكْرُهُمْۗ

Wong kafir mau wis nindakake pengreka marang Rasulullah, dene piwalese anggone gawe pengreka mau, ana Astane Allah Piyambak,

وَاِنْ كَانَ مَكْرُهُمْ لِتَزُوْلَ مِنْهُ الْجِبَالُ﴿46﴾

Senadyan pangrekane wong kafir iku mau bisa ambedhot gunung upamane, nanging ora, ewadene ora bisa anjugarake agamane Nabi Muhammad. (46)

فَلَا تَحْسَبَنَّ اللّٰهَ مُخْلِفَ وَعْدِهٖ رُسُلَهٗۗ

Sira aja ngira menawa Allah iku nyidrani janjine Anggone Bakal Paring Pitulungan para utusane.

اِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍۗ﴿47﴾

Satemene Allah iku Ingkang Maha-Mulya saha Ingkang Kagungan ukuman. (47)

يَوْمَ تُبَدَّلُ الْاَرْضُ غَيْرَ الْاَرْضِ وَالسَّمٰوٰتُ

Lan mangertiya ing dina qiyamat iku bumi disalini liyane bumi, sarta langit iya diowahi tatanane.

وَبَرَزُوْا لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ﴿48﴾

Ing kono kabeh wong mati padha ditangekake, metu saka ing qubure, padha disowanake ana Ngarsane Allah Ingkang Maha-Esa tur Ingkang Maha-Amisesa. (48)

وَتَرَى الْمُجْرِمِيْنَ

Ing kono sira padha sumurup para wong kang duraka

يَوْمَىِٕذٍ مُّقَرَّنِيْنَ فِى الْاَصْفَادِۚ﴿49﴾

padha ditaleni kanthi direnteng. (49)

سَرَابِيْلُهُمْ مِّنْ قَطِرَانٍ

Sandhangane ginawe saka kuningan kang panas,

وَّتَغْشٰى وُجُوْهَهُمُ النَّارُۙ﴿50﴾

sarta rahine katutupan urubing geni. (50)

لِيَجْزِيَ اللّٰهُ كُلَّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْۗ

Amrih Allah Ambales siji-sijining jiwa samurwat karo samubarang panggawene,

اِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ﴿51﴾

sayektine Allah iku Rikat Ing Pangetung.(51)

هٰذَا بَلٰغٌ لِّلنَّاسِ

Iki panerangan ingkang anyukupi tumrap para manungsa,

وَلِيُنْذَرُوْا بِهٖ

Lan supaya dheweke padha dipepelingi sarana iki,

وَلِيَعْلَمُوْٓا اَنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ

Lan supaya padha weruha, yen Panjenengane Allah iku Sesembahan Maha-Tunggal

وَّلِيَذَّكَّرَ اُولُوا الْاَلْبَابِࣖ﴿52﴾

sarta supaya para kang angguna’ake akal padha eling. (52)

***

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!