Terjemah Jawa Q.S. (13) Ar-Ra’du (Bledheg). 43 Ayat

Qur’an Surah (13) Ar-Ra’du (Bledheg) 43 Ayat

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

الۤمّۤرٰۗ

Alif Laam Miem Raa (Mligi Allah Piyambak Ingkang priksa tegesipun huruf-huruf punika).

تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِۗ

Mungguh kang kasebut iki, ayate Al-Kitab, peperangane Qur’ an.

وَالَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ الْحَقُّ

(Muhammad) Qur’an kang didhawuhake dening Pangeranmu marang sira iku nyata bener,

وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿1﴾

ewadene para manungsa kang akeh padha ora percaya.(1)

اَللّٰهُ الَّذِيْ رَفَعَ السَّمٰوٰتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا

Panjenengane Allah iku Ingkang Nitahake langit (ana ing saduwure bumi) kang sira deleng tanpa cagak,

ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِ

sarta Amurbawisesa ing ‘ Arsy,

وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ

apadene Panjenengane Allah Mrentah srengenge lan rembulan (padha lumaku tanpa leren nganti tekan wektu kang tinemtokake, yaiku dina qiyamat, ing kono lakune srengenge Ian rembulan lagi kepareng leren),

يُدَبِّرُ الْاَمْرَ يُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ

mengkono uga Allah nitipriksa lan mernata laku-lakuning alam saisine kabeh sarta nerang-nera ngake ayat tandha bebener kang dadi keterangan menawa Allah iku Pengeran kang Maha Kuwasa. Kang mengkono mau, kersane Allah, supaya manungsa kabeh padha sampurna klawan terang,

لَعَلَّكُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّكُمْ تُوْقِنُوْنَ﴿2﴾

menawa ing tembe manungsa iku bakal padha bali disowanake ana Ngersane Allah Pangeranmu kabeh. (2)

وَهُوَ الَّذِيْ مَدَّ الْاَرْضَ وَجَعَلَ فِيْهَا رَوَاسِيَ وَاَنْهٰرًاۗ

Lan Panjenengane Allah iku Ingkang Angrata Njereng bumi lan Nitahake gunung pirang-pirang, apadene bengawan akeh lan kali-kali,

وَمِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ جَعَلَ فِيْهَا زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ

dene siji-sijining woh-wohan, kersane Allah digawe warna loro kang tetimbangan (kayata delima kecut lan legi, semangka jingga Ian semangka konyit lan sapadhane).

يُغْشِى الَّيْلَ النَّهَارَۗ

Mengkono uga Allah Nutupake padhanging rina kelawan pateng ing wengi, (lan Anyirnakake petenging wengi kelawan padhang ing rahina),

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ﴿3﴾

kang mengkono iku tumrap wong kang padha gelem mikir, dadi tandha bukti kang nerangke menawa Allah iku Mahakuwasa.(3)

وَفِى الْاَرْضِ قِطَعٌ مُّتَجٰوِرٰتٌ

Ing bumi ana pelemahan warna-warna kang padha sesandhingan,

وَّجَنّٰتٌ مِّنْ اَعْنَابٍ وَّزَرْعٌ وَّنَخِيْلٌ صِنْوَانٌ وَّغَيْرُ صِنْوَانٍ يُّسْقٰى بِمَاۤءٍ وَّاحِدٍۙ

apadene ana sawah lan kebon anggur, gandum lan pari, kurma epang lan kurma ora epang, kabeh iku disirami klawan banyu siji (banyu udan).

وَّنُفَضِّلُ بَعْضَهَا عَلٰى بَعْضٍ فِى الْاُكُلِۗ

Sawenehing woh-wohan ana kang Ingsun dunungi rasa enak, ngungkuli woh-wohan liyane.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ﴿4﴾

Kang mengkono iku dadi tandha bebener kang nerangake menawa Allah iku Mahakuwasa tumrap wong kang padha migunakake akale. (4)

وَاِنْ تَعْجَبْ فَعَجَبٌ قَوْلُهُمْ ءَاِذَا كُنَّا تُرٰبًا ءَاِنَّا لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ەۗ

(He Muhammad), menawa sira gumun (marang wong kang padha mangrotingal anggone maido marang sliramu, tur sira wis gawa tandha bebener pirang-pirang) mara sira mikira, apa ora sangsaya nggumunake dene wong kang mangro tingal mau teka duwe pengucap mengkene: “Besuk yen ingsun wis mati, awakingsun wis dadi lemah, apa iya bakal dibalekake dadi wong urip maneh, banjur dadi titah anyar?

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْۚ

Wong kang mengkono mau tetep padha kafir, maido ing pangerane

وَاُولٰۤىِٕكَ الْاَغْلٰلُ فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْۚ

besuk ana ing akhirat wong mengkono iku padha ditaleni gulune,

وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿5﴾

sarta padha dicemplungake ing neraka, ana ing kono selawase. (5)

وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِ

Wong kafir padha anggeguyu marang sira Muhammad, malah padha nantang tekane ukuman, anyaritakna ing kabegjane,

وَقَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمُ الْمَثُلٰتُۗ

kang mangka wong kafir mau wis padha krungu crita lan sumurup patilasane wong ing zaman kuna kang padha diukum dening Allah marga anggone padha maido marang rasule.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ مَغْفِرَةٍ لِّلنَّاسِ عَلٰى ظُلْمِهِمْۚ

(He Muhammad) Pangeranmu sayekti Paring Pangapura marang kaluputane wong kafir mau semangsa banjur padha gelem taubat lan percaya marang rasul.

وَاِنَّ رَبَّكَ لَشَدِيْدُ الْعِقَابِ﴿6﴾

Lan satemene pangeranmu iku siksane luwih dening abot. (6)

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ

Wong-wong kafir mau padha ngucap mengkene: “Ya gene Muhammad teka ora diparingi mu’jizat kaelokan dening Pengerane?” (He Muhammad) kandhane wong kafir mau aja sira gatekake.

اِنَّمَآ اَنْتَ مُنْذِرٌ وَّلِكُلِّ قَوْمٍ هَادٍࣖ﴿7﴾

Kewajibanmu mligi mratakake dhawuh, siji-sijining ummat padha duwe Nabi kang nuduhake dalan bener. (7)

اَللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَحْمِلُ كُلُّ اُنْثٰى

Panjenengane Allah iku Ngudaneni kahananing bayi kang ana ing kandhungane kabeh wong wadon,

وَمَا تَغِيْضُ الْاَرْحَامُ وَمَا تَزْدَادُۗ

lan uga Ngudaneni bakal Iahir sangang sasi, kurang utawa Iuwih,

وَكُلُّ شَيْءٍ عِنْدَهٗ بِمِقْدَارٍ ﴿8﴾

apadene siji-siji kang gumelar ana ing alam iki kabeh padha ditemtokake dening Allah.(8)

عٰلِمُ الْغَيْبِ

Panjenengane Allah iku Ngudaneni barang kang ghaib (samar-samar)

وَالشَّهَادَةِ الْكَبِيْرُ الْمُتَعَالِ ﴿9﴾

lan barang kang Iahir (kasat mata). Allah iku kagungan sifat Ingkang Mahaagung tur Ingkang Mahaluhur. (9)

سَوَاۤءٌ مِّنْكُمْ مَّنْ اَسَرَّ الْقَوْلَ

Wong kang pangucape kawetu utawa mung dibatin wae,

وَمَنْ جَهَرَ بِهٖ وَمَنْ هُوَ مُسْتَخْفٍ ۢ بِالَّيْلِ وَسَارِبٌۢ بِالنَّهَارِ﴿10﴾

apa dene wong kang nindak’ake penggawe ala dhelikan, utawa ngedheng ana ing wayah wengi, utawa wayah rahina, iku ingatase Allah padha wae, kabeh Diwuningani kanthi terang.(10)

لَهٗ مُعَقِّبٰتٌ مِّنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖ يَحْفَظُوْنَهٗ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِۗ

(Malaikat) padha ngetutake dheweke, ana ing ngarepe sarta ana ing burine, kang padha rumeksa dheweke atas saking parentahing Allah.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۗ

Sayekti, Allah iku ora angowahi kahananing para manusa, nganti dheweke padha angowahi kahanane dhewe;

وَاِذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِقَوْمٍ سُوْۤءًا فَلَا مَرَدَّ لَهٗۚ

lan manawa Allah Ngersakake ala tumrap para manungsa, ora bakal ana panulake,

وَمَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّالٍ﴿11﴾

sarta saliyane Panjenengane dheweke padha ora duwe kekawalan.(11)

هُوَ الَّذِيْ يُرِيْكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَّطَمَعًا

Panjenengane Allah iku Ingkang Ngatonake kilat ing sira, Andadekake wedi lan pangarep-arep,

وَّيُنْشِئُ السَّحَابَ الثِّقَالَۚ﴿12﴾

sarta Ingkang Andadekake mendhung kang abot. (12)

وَيُسَبِّحُ الرَّعْدُ بِحَمْدِهٖ

Bledheg iya padha muji marang Allah, kanthi nyebut Maha Suci marang Panjenengane kanthi tembunge dhewe,

وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ مِنْ خِيْفَتِهٖۚ

samono uga para malaikat iya memuji marang Panjenengane Allah kanthi nyebut Maha Suci marang Allah.

وَيُرْسِلُ الصَّوَاعِقَ فَيُصِيْبُ بِهَا مَنْ يَّشَاۤءُ

Mengkono maneh Allah Nguculake bledheg, ngandikakake nyamber marang wong kang dikersakake.

وَهُمْ يُجَادِلُوْنَ فِى اللّٰهِۚ

Ewadene wong kang padha maido marang Rasulullah padha ambekunung mahoni marang dhawuhe Allah.

وَهُوَ شَدِيْدُ الْمِحَالِۗ﴿13﴾

Dene Allah iku anggone nyiksa marang wongkang dosa, disantosani temenan. (13)

لَهٗ دَعْوَةُ الْحَقِّۗ

Allah iku kagungan donga kang bener (yaiku dzikir: Laa ilaaha illallah, Muhammadur Rasuululllaah).

وَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَسْتَجِيْبُوْنَ لَهُمْ بِشَيْءٍ

Dene wong kang padha nyuwun marang saliyane Allah kabeh ora ana kang bisa mituruti (ngijabahi) marang wong kang padha nyenyuwun.

اِلَّا كَبَاسِطِ كَفَّيْهِ اِلَى الْمَاۤءِ لِيَبْلُغَ فَاهُ وَمَا هُوَ بِبَالِغِهٖۗ

Sanepane wong kang padha nyenyuwun marang brahala mau, kaya upamane wong kang ngadeg ana sapinggiring sumur kang jero, angegarake tangane, pengarep arepe supaya banyu ing sumur iku munggaha dhewe mlebu ing tutuke, tangeh menawa kelakon mengkono.

وَمَا دُعَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ﴿14﴾

Dadi penyuwune para wong kafir marang brahalane iku tetela kesasar. (16)

وَلِلّٰهِ يَسْجُدُ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ طَوْعًا وَّكَرْهًا

Para isining langit, apadene bumi, kabeh padha sumujud tunduk marang Allah kelalawan lila utawa kepeksa,

وَّظِلٰلُهُمْ بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ ۩﴿15﴾

mengkono maneh wewayangane jin lan manugsa mau padha sumujud tundhuk marang Allah ing wayah esuk lan sore. (15)

قُلْ مَنْ رَّبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلِ اللّٰهُۗ

(He Muhammad) Sira dhawuha: “Sapa Pengeran Ingkang Kagungan langit lan bumi?” Sira jawaba: “ALLAH!”.

قُلْ اَفَاتَّخَذْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَ لَا يَمْلِكُوْنَ لِاَنْفُسِهِمْ نَفْعًا وَّلَا ضَرًّاۗ

Sira dhawuha: “Sarehning Pengeran Ingkang Kagungan langit Ian bumi iku Allah, yagene sira padha mengeran marang saliyane Allah? Ya iku brahala, ing kamangka ora bisa nguwasani marang awake dhewe, ora bisa manfangati lan ora bisa mlarati marang awake dhewe.

قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ەۙ

Wong kang wuta lan wong kang awas (melek) iku apa padha wae?

اَمْ هَلْ تَسْتَوِى الظُّلُمٰتُ وَالنُّوْرُ ەۚ

Mengkono maneh padhang Ian peteng? Mesthi beda. (Wong kang wuta lan pepeteng iku sanepane wong kang kafir dene wong kang awas, weruh lan pepadhang iku sanepane wong kang iman,

اَمْ جَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَ خَلَقُوْا كَخَلْقِهٖ فَتَشَابَهَ الْخَلْقُ عَلَيْهِمْۗ

Yagene wong kafir mau teka padha ngedegake pengeran arupa brabala, dienggo tetimbangane Allah? Wong kafir mau apa padha sumurup menawa saIiyane Allah ora ana kang bisa nganakake langit Ian bumi, utawa srengenge lan rembulan, utawa liya-liyane. Mesthi ora.

قُلِ اللّٰهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُوَ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ﴿16﴾

(He Muhammad), sira dhawuha: “Sumurupa, kang nganakake kabeh barang kang dumadi iki, Allah piyambak, kang kagungan sifat Mahatunggai tur Ingkang Mahaamisesa.” (16)

اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَسَالَتْ اَوْدِيَةٌ ۢ بِقَدَرِهَا فَاحْتَمَلَ السَّيْلُ زَبَدًا رَّابِيًاۗ

Panjenengane Allah iku Ingkang Nurunake banyu udan saka ing langit, ing kono kabeh jurang selaning gunung banjur padha mili banyu samurwate. Banyu mau banjur metu unthuke kumambang ana ing banyu (dadi banyu mau reregede sumisih dadi unthuk).

وَمِمَّا يُوْقِدُوْنَ عَلَيْهِ فِى النَّارِ ابْتِغَاۤءَ حِلْيَةٍ اَوْ مَتَاعٍ زَبَدٌ مِّثْلُهٗۗ

Mengkono maneh pepelikan, kayata: mas, selaka lan tembaga sapanunggalane, kang dilebur ing manungsa kelawan geni, digawe dandanan pengango utawa piranti, iku reregede iya banjur gumambang, ora beda banyu mau, uga sumisih reregede.

كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ الْحَقَّ وَالْبَاطِلَ ەۗ

Pangandikane Allah kang wis kasebut mau ngumpamakake perkara kang bener lan Iuput (banyu kang resik iku senepane perkara kang bener, dene unthuke kang ora maedahi iku sanepane perkara kang Iuput).

فَاَمَّا الزَّبَدُ فَيَذْهَبُ جُفَاۤءًۚ

Unthuk iku disingkirake dening banyu marang pinggir kaIi.

وَاَمَّا مَا يَنْفَعُ النَّاسَ فَيَمْكُثُ فِى الْاَرْضِۗ

Dene barang kang maedahi marang manungsa iku tetep ana ing bumi, ora owah.

كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَۗ﴿17﴾

Dadi Pangandikane Allah kang wis kasebut mau, perlune anerangake sanepan. (17)

لِلَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِرَبِّهِمُ الْحُسْنٰىۗ

Kabeh wong kang ngestokake dhawuhe Pengerane, bakal padha pinaringan ganjaran suwarga.

وَالَّذِيْنَ لَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهٗ

Dene wong kang ora ngestokake dhawuhe Pengerane, iku bakal disiksa.

لَوْ اَنَّ لَهُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لَافْتَدَوْا بِهٖۗ

Upama wong mau duweya kasugihan saisining bumi iki kabeh, lan duwe tikelan maneh, mesthi saguh masrahake rajadarbeke semono mau, minangka kanggo nebusi awake, supaya aja nganti dipatrapi siksa (nanging Allah iya mesthi ora marengake).

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ سُوْۤءُ الْحِسَابِ ەۙ

Wong kang mengkono mau mesthi ditimbang ala banget

وَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ وَبِئْسَ الْمِهَادُࣖ﴿18﴾

sarta banjur dilebokake ing neraka Jahannam. Saeba alane panggonan ing neraka iku. (18)

۞ اَفَمَنْ يَّعْلَمُ اَنَّمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ الْحَقُّ كَمَنْ هُوَ اَعْمٰىۗ

Apata, wong kang sumurup menawa Qur’an kang diturunake dening Pengeranmu iku nyata bener, padha wae karo wong kang wuta?

اِنَّمَا يَتَذَكَّرُ اُولُوا الْاَلْبَابِۙ﴿19﴾

Pitutur kang mengkene iku mung bisa tumama marang wong kang duwe akal.(19)

الَّذِيْنَ يُوْفُوْنَ بِعَهْدِ اللّٰهِ

(Yaiku) wong kang padha teguh anggone satuhu kasaguhane marang Allah,

وَلَا يَنْقُضُوْنَ الْمِيْثَاقَۙ﴿20﴾

ora pisan-pisan ngrusak kasaguhane marang Panjenengane. (20)

وَالَّذِيْنَ يَصِلُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ

Lan wong kang padha nindak’ake kabeh samubarang kang didhawuhake dening Allah (kayata: percaya ing Allah, nyambung sih tulung-tinulung padha wong Islam sapadha-padhane).

وَيَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ وَيَخَافُوْنَ سُوْۤءَ الْحِسَابِۗ﴿21﴾

Lan padha awedi ing Allah Pengerane, lan padha kuwatir besuk ana ing akherat ditimbang ala. (21)

وَالَّذِيْنَ صَبَرُوا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ رَبِّهِمْ

Lan wong kang padha sabar (teguh atine anggone kangelan anglakoni prentahe Allah lan nyingkiri larangane Allah, apa dene anggone mikul sangsara). Anggone shabar mau murih keparenging Allah Pengerane,

وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ

sarta padha anjumenengake sholat apa dene padha nanjakake rejeki peparing Ingsun marang wong mau.

سِرًّا وَّعَلَانِيَةً

Anggone mewehake kelawan sideman utawa diweruhake wong akeh.

وَّيَدْرَءُوْنَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ

Mengkono maneh menawa nindakake penggawe ala, banjur disusuli penggawe kang becik.

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عُقْبَى الدَّارِۙ﴿22﴾

Wong kang mengkono mau bakal pikantuk ganjaran anggone nindakake kebecikan ana ing donya. (22)

جَنّٰتُ عَدْنٍ

Iya iku suwarga kang aran ‘Adnin,

يَّدْخُلُوْنَهَا وَمَنْ صَلَحَ مِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَاَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ

wong mau padha mlebu dalah para leluhure lan para garwane, apadene anak turune kang padha becik-becik kelakuwane (percaya marang Allah lan ngestokake prentahe).

وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يَدْخُلُوْنَ عَلَيْهِمْ مِّنْ كُلِّ بَابٍۚ﴿23﴾

Dene para malaikat padha sowan marang wong mau, metu kori-korining suwarga.(23)

سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ بِمَا صَبَرْتُمْ

Para malaikat mau padha ngurmati marang wong kang padha mlebu ing suwarga, pangucape: “Mugi-mugi sami pinanggih sugeng, margi anggen panjenengan sami kuwawi shabar kala wonten ing ngalam donya.

فَنِعْمَ عُقْبَى الدَّارِۗ﴿24﴾

Saeba endahipun suwarga ganjaraning Pengeran dhumateng panjenengan amargi anindakaken pendamel sae kala wonten ngalam donya.” (24)

وَالَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللّٰهِ مِنْ ۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖ

Lan para kang padha ngrusak janjining Allah ing sawise diugeri,

وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ

sarta medhot samubarang kang kadhawuhake dening Allah supaya disambunga,

وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۙ

tuwin padha agawe wisuna ing bumi,

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوْۤءُ الدَّارِ﴿25﴾

iki kang bakal padha oleh bagean bebendu sarta oleh bagean (kawusanan) padunungan kang ala. (25)

اَللّٰهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُۗ

Allah Anjembarake rezeki tumrap sapa kang dadi Keparenging Kersa-Ne sarta (iya) nyumpi.

وَفَرِحُوْا بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ

Dheweke padha seneng-seneng marang kauripan kadonyan,

وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا فِى الْاٰخِرَةِ

lan kauripan donya iku katandhing karo kauripan akhirat

اِلَّا مَتَاعٌ ﴿26﴾

ora liya kajaba mung kabungahan sawatara mangsa. (26)

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ

Lan para kang padha kafir padha celathu: Yagene ora ana mukjizat saka Pangerane kang katurunake marang dheweke?

قُلْ اِنَّ اللّٰهَ يُضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْٓ اِلَيْهِ مَنْ اَنَابَۖ﴿27﴾

Dhawuha: “Sayekti, Allah iku anasarake sapa kang karep, sarta nuntun marang Panjenengane sapa kang bali marang Panjenengane.(27)

الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

Yaiku kabeh wong kang padha percaya marang Allah,

وَتَطْمَىِٕنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللّٰهِۗ

lan tentrem anteng atine marga anggone tansah eling marang Allah.

اَلَا بِذِكْرِ اللّٰهِ تَطْمَىِٕنُّ الْقُلُوْبُۗ﴿28﴾

Den elinga, kanthi eling marang Allah, iku bisa nentremake lan agawe ati dadi jinjem. (28)

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

Dene kabeh wong kang padha percaya marang Allah

وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

sarta nindakake penggawe becik,

طُوْبٰى لَهُمْ وَحُسْنُ مَاٰبٍ﴿29﴾

iku bakal pikantuk kabegjan gedhe lan kawusanan kang becik. (29)

كَذٰلِكَ اَرْسَلْنٰكَ فِيْٓ اُمَّةٍ

Kaya mangkono anggon Ingsun Ngutus sliramu ing dalem sawijining umat,

قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهَآ اُمَمٌ

ing sadurunge iku temen pira-pira umat wis kepungkur,

لِّتَتْلُوَا۟ عَلَيْهِمُ الَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ

supaya sira macak’ake marang dheweke apa kang Ingsun wedharake marang sliramu,

وَهُمْ يَكْفُرُوْنَ بِالرَّحْمٰنِۗ

ewadene dheweke padha ngafiri marang Ingsun Ingkang Mahamurah.

قُلْ هُوَ رَبِّيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ

Dhawuha: “Panjenengane iku Pangeranku, ora ana sesembahan kajaba Panjenengane,

عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَاِلَيْهِ مَتَابِ﴿30﴾

mligi marang Panjenengane sumarahku sarta marang Panjenengane baliku”. (30)

وَلَوْ اَنَّ قُرْاٰنًا سُيِّرَتْ بِهِ الْجِبَالُ اَوْ قُطِّعَتْ بِهِ الْاَرْضُ اَوْ كُلِّمَ بِهِ الْمَوْتٰىۗ

Lamun ta ana Qur’an iku dianggo mbedhol gunung utawa dianggo mbelah bumi nganti dadi bengawan, apadene dianggo saranane wong mati padha bisa ngucap sarta kelakon mengkono temenan,

بَلْ لِّلّٰهِ الْاَمْرُ جَمِيْعًاۗ اَفَلَمْ يَا۟يْـَٔسِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ لَّوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ لَهَدَى النَّاسَ جَمِيْعًاۗ

ewadene wong kang pinasthi kafir iya meksa ora gelem percaya marang Allah. Samubarang perkara iku kagungane Allah, apa kang Dikersakake mesthi kelakone. Para wong mukmin apa wis ora padha sumurup upama ana Kepareng Kersane Allah, wong kabeh iki dikersakake pikantuk pitedah bener kabeh, mesthi keIakon mengkono.

وَلَا يَزَالُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا تُصِيْبُهُمْ بِمَا صَنَعُوْا قَارِعَةٌ اَوْ تَحُلُّ قَرِيْبًا مِّنْ دَارِهِمْ حَتّٰى يَأْتِيَ وَعْدُ اللّٰهِۗ

Para wong kafir iku tansah nandhang reribed kang gedhe, marga saka tindake dhewe anggone ora gelem percaya marang Allah, kayata: sira kepung ana sacedhaking omahe, kang mengkono iku nganti kalaksanan janjining Allah bakal Paring Pitulungan ing sira (Muhammad) ngalahake wong-wong kafir.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيْعَادَࣖ﴿31﴾

Satemene Allah iku ora kersa nyidrani janji.(31)

وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ

Para rasul ing zaman kuna sadurunge iya padha digeguyu dening ummate, ora beda karo sliramu (Muhammad).

فَاَمْلَيْتُ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا

Anggoningsun arep maringi pasiksan marang para ummat kang kafir iku nganggo Ingsun srantekake, bokmenawa banjur padha gelem tobat,

ثُمَّ اَخَذْتُهُمْ فَكَيْفَ كَانَ عِقَابِ ﴿32﴾

bareng wis tiba padha ora gelem tobat, tumuli banjur padha Ingsun turuni ukuman. Lan kapriye kahanane siksaningsun. (32)

اَفَمَنْ هُوَ قَاۤىِٕمٌ عَلٰى كُلِّ نَفْسٍ ۢ بِمَا كَسَبَتْۚ

Allah Pangeran Inkang Maha-Waspada, ora kasamaran marang tindake kabeh wong, apa padha karo brahala kang ora bisa apa-apa?

وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَۗ قُلْ سَمُّوْهُمْۗ

Wong kafir padha ngedegake brahala, dienggo ngembari Allah. (Muhammad) dhawuha: “Mara padha aranana, brahala iku apa, sira apa bisa nerangake sajatining brahala?

اَمْ تُنَبِّـُٔوْنَهٗ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِى الْاَرْضِ اَمْ بِظَاهِرٍ مِّنَ الْقَوْلِۗ

Yen temen dadi kembaring (tetimbangane) Allah ana ing bumi, Allah mesthi priksa, nanging anggonmu nganggep brahala dadi kembaraning Allah iku mung kelawan pangucap lan panyana kang luput.

بَلْ زُيِّنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مَكْرُهُمْ وَصُدُّوْا عَنِ السَّبِيْلِۗ

(He Muhammad) wong kafir iku wis padha lanyah anggone dhemen dadi kafir, lan padha kapepetan dalaning pitedah bener.

وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ﴿33﴾

Dene sing sapa disasarake dening Allah, mesthi ora bisa pikantuk pitedah bener. (33)

لَهُمْ عَذَابٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا

Wong kafir iku mau ana ing donya padha diparingi ukuman kelawan ditawan marga kalah perang,

وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَشَقُّۚ

dene ukumane besuk ana ing akherat, dilebokake ing neraka, iku siksa kang Iuwih abot,

وَمَا لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ وَّاقٍ﴿34﴾

sarta ora ana kang bisa nulak utawa murungake ukumane Allah mau. (34)

۞ مَثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَۗ

Mungguh kahananing suwarga kang disediakake bakal dadi ganjarane wong kang wedi ing Allah,

تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۗ

ana bengawane mili ana sangisore wit-witan,

اُكُلُهَا دَاۤىِٕمٌ وَّظِلُّهَاۗ

pepanganan ing kono iku tanpa entek, apa dene eyube Ianggeng,

تِلْكَ عُقْبَى الَّذِيْنَ اتَّقَوْاۖ

yaiku ganjarane wong kang padha wedi ing Allah,

وَّعُقْبَى الْكٰفِرِيْنَ النَّارُ ﴿35﴾

dene patrapane para wong kafir iku padha dicemplungake ing neraka. (35)

وَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَفْرَحُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ

Dene para wong kang wis Ingsun paringi kitab iku padha bungah dening tumuruning Qur’an kang wis didhawuhake marang sira (Muhammad).

وَمِنَ الْاَحْزَابِ مَنْ يُّنْكِرُ بَعْضَهٗۗ

Ewadene ana sawenehing golongan kang maido surasane Qur’an sawatara.

قُلْ اِنَّمَآ اُمِرْتُ اَنْ اَعْبُدَ اللّٰهَ وَلَآ اُشْرِكَ بِهٖۗ

(He Muhammad) sira dhawuha: “Ingsun iki diprentah dening Allah, ngendikakake supaya manembah ing Allah wae, lan Ingsun ora kepareng mangro tingaI,

اِلَيْهِ اَدْعُوْا وَاِلَيْهِ مَاٰبِ﴿36﴾

menawa ingsun nyenyuwun, mesthi kudu nyenyuwun ing Allah. Ing besuk dina qiyamat, ingsun bakal bali marang ngersane Allah.” (36)

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ حُكْمًا عَرَبِيًّاۗ

Ingsun anurunake hukuming Qur’an mawa tembung Arab, padha lan anggoningsun anurunake kitab marang para Nabi ing zaman kuna mawa tembunge dhewe-dhewe.

وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ بَعْدَمَا جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِۙ

Lan manawa sira manut pepenginane dheweke kang asor-asor ing sawise ana kawruh tumeka marang sira,

مَا لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا وَاقٍ ﴿37﴾

sira ora bakal duwe pangayoman utawa panjaga minangka panulaking Allah. (37)

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلًا مِّنْ قَبْلِكَ

(He Muhammad), sadurungmu, Ingsun wis ngutus para rasul,

وَجَعَلْنَا لَهُمْ اَزْوَاجًا وَّذُرِّيَّةًۗ

kang padha mengku garwa sarta nurunake putra wayah,

وَمَا كَانَ لِرَسُوْلٍ اَنْ يَّأْتِيَ بِاٰيَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِۗ

siji-sijining Rasul mau ora kena andhawuhake keterangan, kejaba kanthi Keparenging Kersane Allah.

لِكُلِّ اَجَلٍ كِتَابٌ﴿38﴾

Saben pepesthen iku ana mangsane kang tinamtu. (38)

يَمْحُوا اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُ وَيُثْبِتُۚ

Allah Angilangi sarta Anetepake apa Ingkang Dadi Keparenging Karsa-Ne,

وَعِنْدَهٗٓ اُمُّ الْكِتٰبِ﴿39﴾

dene pokoking tulisan iku ana Astane Pangeran Piyambak (39)

وَاِنْ مَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ

(He Muhammad) Menawa sliramu Ingsun weruhake kaleksanane ukuman kang Ingsun Ancamake marang wong kafir,

اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ

utawa nyawamu Ingsun pundhut sadurunge kaleksanan ukumaningsun marang para wong kafir mau, iku ora dadi apa.

فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُ وَعَلَيْنَا الْحِسَابُ﴿40﴾

Awit kewajibanmu mung maringake dhawuhingsun, dene kang nimbang lan mutusi ala beciking wong iku mung Ingsun pribadi dhewe. (40)

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا نَأْتِى الْاَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ اَطْرَافِهَاۗ

Apa ora sumurup anggon Ingsun Angrawuhi bumine wong kafir mau, Ingsun suda saka ing pinggir, nganti entek?

وَاللّٰهُ يَحْكُمُ لَا مُعَقِّبَ لِحُكْمِهٖۗ

Dene kang kuwasa netepake hukum iku mung Allah, ora ana kang bisa anjugarake hukuming Allah.

وَهُوَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ﴿41﴾

Allah iku Panimbange lan Panyiksane rikat banget. (41)

وَقَدْ مَكَرَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلِلّٰهِ الْمَكْرُ جَمِيْعًاۗ

Para ummat sadurunge ummate Nabi Muhammad iki padha nganakake pangreka marang para Nabine, nanging pangreka iku kabeh ana ing Panguwasane Allah.

يَعْلَمُ مَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍۗ

Allah iku Ngudaneni kabeh barang kang ditindakake dening saben-saben wong.

وَسَيَعْلَمُ الْكُفّٰرُ لِمَنْ عُقْبَى الدَّارِ﴿42﴾

Ing besuk para wong kafir bakal padha sumurup sapa kang duwe bagean kang pungkasane pinuji. (42)

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَسْتَ مُرْسَلًاۗ

Lan para kang padha kafir padha celathu: “Sira iku dudu utusan.

قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا ۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۙ

Dhawuha: “Allah iku wis cukup minangka saksi antarane aku Ian sira,

وَمَنْ عِنْدَهٗ عِلْمُ الْكِتٰبِ ﴿43﴾

Lan sapa kang kadunungan kawruh Kitab.(43)

***

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!