Terjemah Jawa Q.S. (9) Al-Bara’ah. 129 Ayat

ٍQur’an Surah (9) Al-Bara’ah (Pangumuman Pamedhot Sesambungan). 129 ayat

سُورَةُ الْبَرَاۤءَةِ

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

بَرَاۤءَةٌ مِّنَ اللهِ وَرَسُوْلِهٖٓ

Iki dhawuh pangumuman pamedot sesambungan dening Allah Ian Utusane,

 اِلَى الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَۗ﴿1﴾

marang para wong-wong musyrik kang padha prajanjian karo sliramu. (1)

فَسِيْحُوْا فِى الْاَرْضِ اَرْبَعَةَ اَشْهُرٍ

(He wong-wong musyrik) sira padha nganglanga ana ing bumi lawase 4 sasi, miturut sakarepmu (yaiku sasi Syawal, Dzul Qaidah, Dzul Hijah lan sasi Muharrom).

 وَّاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِى اللهِۙ

Lan padha sumurupa, iku ora amarga sira wong kafir padha menang marang Allah.

 وَاَنَّ اللهَ مُخْزِى الْكٰفِرِيْنَ﴿2﴾

Satemene Allah iku ngasorake marang para wong kafir. (2)

وَاَذَانٌ مِّنَ اللهِ وَرَسُوْلِهٖٓ اِلَى النَّاسِ يَوْمَ الْحَجِّ الْاَكْبَرِ

Iki undang-undang saka Allah lan Utusane, diundangake ana ing mangsa Haji Akbar (tanggap kaping 10 sasi Dzul Hijah),

 اَنَّ اللهَ بَرِيْۤءٌ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ ەۙ وَرَسُوْلُهٗۗ

wedharna marang kabeh wong, paringa pirsa menawa Allah lan Utusane nyebratake (pisahan) wong musyrik kabeh.

 فَاِنْ تُبْتُمْ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۚ

Ewadene menawa wong musyrik padha gelem tobat iku luwih becik tumrap dheweke.

 وَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِى اللهِۗ

Dene yen padha ora gelem tobat, sumurupa yen sira ora bisa ngalahake Allah.

وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ﴿3﴾

Sliramu (Muhammad) mbebungaha marang para wong kafir kelawan azab kang nglarani. (3)

اِلَّا الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ ثُمَّ لَمْ يَنْقُصُوْكُمْ شَيْـًٔا

Kajaba para wong musyrik kang wis padha gawe perjanjian rukun karo sira kabeh, sarta ora padha nyidrani janjine,

 وَّلَمْ يُظَاهِرُوْا عَلَيْكُمْ اَحَدًا فَاَتِمُّوْٓا اِلَيْهِمْ عَهْدَهُمْ اِلٰى مُدَّتِهِمْۗ

lan ora mbiyantu marang mungsuh, padha lestarekna perjanjiane, nganti tumeka wewangene mangsa.

اِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ﴿4﴾

Satemene Allah Remen marang wong kang atur pangabekti ing Panjenengane (4)

فَاِذَا انْسَلَخَ الْاَشْهُرُ الْحُرُمُ فَاقْتُلُوا الْمُشْرِكِيْنَ حَيْثُ وَجَدْتُّمُوْهُمْ

Samangsa 4 sasi Haram mau wis kliwat, uberen para wong musyrik mau ing ngendi wae anggonmu ketemu.

 وَخُذُوْهُمْ وَاحْصُرُوْهُمْ وَاقْعُدُوْا لَهُمْ كُلَّ مَرْصَدٍۚ

Banjur cekelen, kepungen, injengen saka sarupaning panggonan pandhedhepan.

 فَاِنْ تَابُوْا وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ فَخَلُّوْا سَبِيْلَهُمْۗ

Dene menawa para wong kafir mau banjur padha tobat, Ian padha nglakoni sholat, lan padha mbayar zakat, bebasna dheweke kareben lumaku ing dalane.

اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿5﴾

Satemene Allah iku Mahaparing Pangapura sarta Mahaasih. (5)

وَاِنْ اَحَدٌ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ اسْتَجَارَكَ

Lan manawa ana sawijining wong musyrik njaluk pangayoman ing sira,

 فَاَجِرْهُ حَتّٰى يَسْمَعَ كَلٰمَ اللهِ ثُمَّ اَبْلِغْهُ مَأْمَنَهٗۗ

iku ayomana, nganti dheweke krungu Dhawuhe Allah, tumuli paringna kaslametane.

 ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْلَمُوْنَ﴿6﴾ ع_1

Mangkono iku amarga dheweke kalebu  wong kang durung mangerti. (6)

كَيْفَ يَكُوْنُ لِلْمُشْرِكِيْنَ عَهْدٌ عِنْدَ اللهِ وَعِنْدَ رَسُوْلِهٖٓ

Kepriye wong-wong musyrik iku kongsi kaparingan palilah (izin) gawe perjanjian ana ing ngersane Allah Ian Rasule, (jer dheweke iku mesthi ngrusak perjanjiane),

 اِلَّا الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِۚ

kajaba kang wis padha gawe perjanjian karo sira wong Islam ana ing Masjidil Haram.

 فَمَا اسْتَقَامُوْا لَكُمْ فَاسْتَقِيْمُوْا لَهُمْۗ

Iku sing sapa nuhoni perjanjiane marang sira, iya kudhu netepi perjanjiane uga.

 اِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ﴿7﴾

Satemene Allah iku remen marang wong kang padha ngabekti marang Panjenengane. (7)

كَيْفَ وَاِنْ يَّظْهَرُوْا عَلَيْكُمْ لَا يَرْقُبُوْا فِيْكُمْ اِلًّا وَّلَا ذِمَّةًۗ

Kepriye (sliramu kudu netepi janji karo para wong musyrik) kang mangka menawa dheweke bisa ngalahake sliramu, dheweke padha ora ngelingi tatalining kulawarga tuwin ora angelingi tatalining perjanjian.

 يُرْضُوْنَكُمْ بِاَفْوَاهِهِمْ وَتَأْبٰى قُلُوْبُهُمْۚ وَاَكْثَرُهُمْ فٰسِقُوْنَۚ﴿8﴾

Pangucape wong-wong mau pancen bisa gawe legane atimu, nanging sejatine atine wong-wong mau sumedya ngemohi, sarta akeh-akehe padha duraka. (8)

اِشْتَرَوْا بِاٰيٰتِ اللهِ ثَمَنًا قَلِيْلًا فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِهٖۗ

Para wong musyrik mau ngijoli ayat-ayating Allah dituku kanthi rega kang sithik, ngalang-ngalangi para wong kang padha tinimbalan ing dalane Allah.

 اِنَّهُمْ سَاۤءَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿9﴾

Pancen ala temen tindake wong mau. (9)

لَا يَرْقُبُوْنَ فِيْ مُؤْمِنٍ اِلًّا وَّلَا ذِمَّةًۗ

Dheweke iku ora bisa ngecakake peseduluran karo wong kang iman, lan ora padha netepi janjine.

 وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُعْتَدُوْنَ﴿10﴾

Mengkono iku wong kang padha nerak angger-angger. (10)

فَاِنْ تَابُوْا وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ فَاِخْوَانُكُمْ فِى الدِّيْنِۗ

Wong mengkono mau manawa banjur padha tobat, lan padha nglakoni sholat, Ian padha mbayar zakat, iku tetep dadi sedulurmu tunggal agama.

 وَنُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ﴿11﴾

Ingsun wis njlentrehake (mrinci-mrinci) marang para wong kang padha mangerteni. (11)

وَاِنْ نَّكَثُوْٓا اَيْمَانَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ عَهْدِهِمْ

Lan manawa dheweke padha nerak sepatane ing sawise perjanjiane,

وَطَعَنُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ

sarta padha ngala-ala agamamu,

 فَقَاتِلُوْٓا اَىِٕمَّةَ الْكُفْرِۙ

sira perangana para pengareping kakafiran mau.

 اِنَّهُمْ لَآ اَيْمَانَ لَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَنْتَهُوْنَ﴿12﴾

Sayekti, supaya para wong mau mareni anggone padha cidra ing janji. (12)

اَلَا تُقَاتِلُوْنَ قَوْمًا نَّكَثُوْٓا اَيْمَانَهُمْ

Apa sebabe yen sliramu ora gelem maju perang ngadepi wong kang padha nyidrani ing janjine, nerak sepatane,

وَهَمُّوْا بِاِخْرَاجِ الرَّسُوْلِ

ugo padha nundhung Rasulullah saka Mekkah,

 وَهُمْ بَدَءُوْكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ اَتَخْشَوْنَهُمْۚ

wong mau padha miwiti perang ing Perang Badar biyen? Menawa sira temen percaya marang Allah, ya gene sira wedi marang dheweke.

 فَاللهُ اَحَقُّ اَنْ تَخْشَوْهُ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿13﴾

Sabenere sira kudune luwih taat marang Allah tinimbang marang wong musyrik mau. (13)

قَاتِلُوْهُمْ يُعَذِّبْهُمُ اللهُ بِاَيْدِيْكُمْ وَيُخْزِهِمْ

Padha perangana wong-wong musyrik, Allah bakal ngalahake lan ngasorake wong-wong mau sarana tangan-tanganmu.

وَيَنْصُرْكُمْ عَلَيْهِمْ وَيَشْفِ صُدُوْرَ قَوْمٍ مُّؤْمِنِيْنَۙ﴿14﴾

Allah bakal Paring Pitulungan lan Njembarake atine para wong kang iman. (14)

وَيُذْهِبْ غَيْظَ قُلُوْبِهِمْۗ

Lan Panjenengane Allah bakal ngilangake kasusahane para wong kang iman,

وَيَتُوْبُ اللهُ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ

bakal Paring Pangapura marang wong kang dadi Kepareng Kersane.

 وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿15﴾

Dene Allah iku Mahauninga tur Mahawicaksana. (15)

اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تُتْرَكُوْا

Apa sliramu padha ngira manawa bakal padha ditog-ake wae,

 وَلَمَّا يَعْلَمِ اللهُ الَّذِيْنَ جَاهَدُوْا مِنْكُمْ

ora diwajibake maju perang, kamangka durung kabukten sapa wae sliramu kang nyata gumregah jihad

 وَلَمْ يَتَّخِذُوْا مِنْ دُوْنِ اللهِ وَلَا رَسُوْلِهٖ وَلَا الْمُؤْمِنِيْنَ وَلِيْجَةًۗ

lan ora ndadekake kanca setya tuhu kajaba Allah, Utusane lan wong-wong kang iman?

 وَاللهُ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ﴿16﴾ ع_2

Allah iku Maha Waspada marang samubarang kang padha sliramu tindakake. (16)

مَا كَانَ لِلْمُشْرِكِيْنَ اَنْ يَّعْمُرُوْا مَسٰجِدَ اللهِ

Ora bakal kelakon, wong-wong musyrik iku arep makmurake masjid-masijide Allah,

شٰهِدِيْنَ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ بِالْكُفْرِۗ

dheweke dhewe wis padha nyekseni marang kekafirane awake dhewe.

 اُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْۚ

Wong kang mengkono iku rusak kabeh amale,

 وَفِى النَّارِ هُمْ خٰلِدُوْنَ﴿17﴾

lan (sawise mati) dheweke bakal padha ana neraka. (17)

اِنَّمَا يَعْمُرُ مَسٰجِدَ اللهِ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ

Sejatine kang bakal bisa gawe rejane masjid-masjide Allah iku mung para wong kang percaya marang Allah lan dina akhir,

 وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ وَلَمْ يَخْشَ اِلَّا اللهَۗ

saha nindakake sholat lan mbayar zakat, ugo ora padha wedi kajaba mung marang Allah piyambak.

فَعَسٰٓى اُولٰۤىِٕكَ اَنْ يَّكُوْنُوْا مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ﴿18﴾

Muga-muga para wong kang mengkono iku padha dadi golongane wong kang pinaringan pitedah. (18)

اَجَعَلْتُمْ سِقَايَةَ الْحَاۤجِّ

Yagene sira padha nganggep yen wong kang nyediyani omben-omben marang wong kang padha ngibadah haji

 وَعِمَارَةَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ

lan wong kang agawe makmur masjide Allah (Masji dil Haram)

 كَمَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَجَاهَدَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِۗ

iku kautamane madhani wong kang padha percaya ing Allah Ian dina akhir, sarta maju perang ana ing dalane Allah.

 لَا يَسْتَوٗنَ عِنْدَ اللهِۗ

Sira mangertia, mungguhing Allah iku ora padha. Luwih utama wong kang percaya ing Allah Ian dina akhir, banjur maju perang ana ing dalane Allah.

 وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَۘ﴿19﴾

Dene Allah iku ora kersa paring pitedah marang wong kang padha nganiaya marang awake dhewe. (19)

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۙ

Para wong kang padha percaya, ngestokake prentahing Allah, lan padha hijrah (ninggal bale omahe melu ngalih menyang Madinah), apadene padha maju perang ana ing dalane Allah, kanthi nganggo bandhane lan toh nyawane,

 اَعْظَمُ دَرَجَةً عِنْدَ اللهِۗ

iku mungguhing Allah luwih gedhe derajate.

وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ﴿20﴾

Lan wong kang tumindak mengkono iku wong kang padha pikantuk kabegjan. (20)

يُبَشِّرُهُمْ رَبُّهُمْ بِرَحْمَةٍ مِّنْهُ وَرِضْوَانٍ وَّجَنّٰتٍ لَّهُمْ فِيْهَا نَعِيْمٌ مُّقِيْمٌۙ﴿21﴾

Pengeran Paring gumbira lan Angganjar Kawelasan saha Karidhan. Kasumanggak-ake ana ing suwarga dadi panggonan tetep kebak kanikmatan. (21)

خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ

Dheweke bakal padha langgeng anggone manggon ana ing suwarga salawas-lawase.

 اِنَّ اللهَ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ﴿22﴾

Satemene Allah iku Kagungan ganjaran kang Agung. (22)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

He para wong mukmin kabeh,

 لَا تَتَّخِذُوْٓا اٰبَاۤءَكُمْ وَاِخْوَانَكُمْ اَوْلِيَاۤءَ اِنِ اسْتَحَبُّوا الْكُفْرَ عَلَى الْاِيْمَانِۗ

sira aja padha ngalap pangayoman marang bapakmu lan sedulurmu yen dheweke iku padha luwih dhemen marang kekafiran tinimbang marang iman.

 وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ مِّنْكُمْ

Dene sapa kang ngalap pangayoman marang wong kang padha dhemen marang kekafiran tinimbang marang iman mau,

 فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ﴿23﴾

dheweke iku dadi wong kang padha nganiaya.  (23)

قُلْ اِنْ كَانَ اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْ وَاِخْوَانُكُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيْرَتُكُمْ

(Muhammad) dhawuha: “Yen wong-wong tuwamu, anak-anakmu, sedulur-sedulurmu, garwa-garwamu, para krabat-krabatmu,

 وَاَمْوَالُ ِۨاقْتَرَفْتُمُوْهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسٰكِنُ تَرْضَوْنَهَآ

kabeh bandha kang sira lakokake, sarta dagangan kang padha sira kuwatirake rugine, sarta kabeh omah kang padha sira senengi iku luwih nengsemake (dhemenake) marang sira kabeh,

 اَحَبَّ اِلَيْكُمْ مِّنَ اللهِ وَرَسُوْلِهٖ وَجِهَادٍ فِيْ سَبِيْلِهٖ

tinimbang Allah lan utusane lan saka perang ing dalane Allah,

 فَتَرَبَّصُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللهُ بِاَمْرِهٖۗ

mangka sira padha ngentenana kongsi Allah matrapake azabe.

 وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ﴿24﴾ ع_3

Dene Allah iku ora kersa paring pitedah marang wong kang padha tumindak duraka (fasiq). (24)

لَقَدْ نَصَرَكُمُ اللهُ فِيْ مَوَاطِنَ كَثِيْرَةٍۙ وَّيَوْمَ حُنَيْنٍۙ

Allah temen wis kersa paring pitulungan marang wong Islam kabeh ana pirang-pirang panggonan, apadene nalika Perang Hunain.

 اِذْ اَعْجَبَتْكُمْ كَثْرَتُكُمْ فَلَمْ تُغْنِ عَنْكُمْ شَيْـًٔا

Dhek samana sira padha gumun, marga saka wadyabalamu luwih akeh, rumangsa bakal ora kalah, nanging temahan akehing wadyabalamu  mau ora bisa anjalari menang, malah kesasar.

 وَّضَاقَتْ عَلَيْكُمُ الْاَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ

Bumi kang jembar tumrap sliramu dhek samana katon rupeg,

 ثُمَّ وَلَّيْتُمْ مُّدْبِرِيْنَۚ﴿25﴾

sira banjur mlayu ngungkurake mungsuh. (25)

ثُمَّ اَنْزَلَ اللهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَعَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ

Panjenengane Allah banjur nurunake ketentreman marang utusane, lan marang para wong mukmin

 وَاَنْزَلَ جُنُوْدًا لَّمْ تَرَوْهَا

lan Panjenengane nurunake pirang-pirang prajurit kang sliramu ora padha mangerti,

 وَعَذَّبَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ

lan matrapake azab marang wong-wong kafir.

 وَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ﴿26﴾

Kang mengkono iku piwalese para wong kang padha kafir. (26)

ثُمَّ يَتُوْبُ اللهُ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ

Sawise mengkono, Allah banjur paring pangapura nampa tobate para wong kafir mau, ngendi kang tobat lan dadi Pareng Kersane.

وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿27﴾

Dene Allah iku Mahaparing Pangapura tur Mahaasih. (27)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّمَا الْمُشْرِكُوْنَ نَجَسٌ

Para mukmin kabeh satemene para wong musyrik iku kabeh padha najis (reged),

 فَلَا يَقْرَبُوا الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ بَعْدَ عَامِهِمْ هٰذَاۚ

mulane sawise tahun iki, aja pisan-pisan pikantuk cedhak-cedhak ing Masjidil Haram.

 وَاِنْ خِفْتُمْ عَيْلَةً فَسَوْفَ يُغْنِيْكُمُ اللهُ مِنْ فَضْلِهٖٓ اِنْ شَاۤءَۗ

Menawa sira padha kuwatir bakal kemlaratan, kang marga pepisahan karo wong musyrik kang padha laku dagang, Allah bakal maringi kecukupan (kasugihan) marang sira saka sih kanugrahan ing Allah, menawa dadi Kepareng Kersane.

 اِنَّ اللهَ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿28﴾

Satemene Allah iku Mahauninga sarta Mahawicaksana (28)

قَاتِلُوا الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَلَا يُحَرِّمُوْنَ مَا حَرَّمَ اللهُ وَرَسُوْلُهٗ

Padha perangana wong kang padha ora percaya ing Allah lan dina akhir, lan ora ngaramake barang kang wis diharamake dening Allah lan Rasule,

 وَلَا يَدِيْنُوْنَ دِيْنَ الْحَقِّ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ

lan ora ngrusak agama kang bener, yaiku saka golongane wong kang padha kaparingan kitab

 حَتّٰى يُعْطُوا الْجِزْيَةَ عَنْ يَّدٍ وَّهُمْ صَاغِرُوْنَ﴿29﴾ ع_4

nganti dheweke padha caos bulu bekti (pajeg) kanthi manut sarta dheweke padha ora asor. (29)

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ عُزَيْرُ ِۨابْنُ اللهِ وَقَالَتِ النَّصٰرَى الْمَسِيْحُ ابْنُ اللهِۗ

Wong Yahudi ngucap: “Uzer itu putrane Allah,” dene wong Nasrani ugo ngucap: “Isa iku putrane Allah.”

ذٰلِكَ قَوْلُهُمْ بِاَفْوَاهِهِمْۚ

Iki pangucape kalawan mulut-mulute, (tanpa nganggo weweton)

يُضَاهِـُٔوْنَ قَوْلَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْامِنْ قَبْلُۗ قَاتَلَهُمُ اللهُۚ

dheweke padha niru pangucape para kang padha kafir ing sadurunge; Allah anglebur dheweke;

 اَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ﴿30﴾

kapriye dene padha malengos! (30)

اِتَّخَذُوْٓا اَحْبَارَهُمْ وَرُهْبَانَهُمْ اَرْبَابًا مِّنْ دُوْنِ اللهِ وَالْمَسِيْحَ ابْنَ مَرْيَمَۚ

Para wong Yahudi lan Nasrani padha ngedegake pendhetane, ditetepake dadi Pengerane. Isa putrane Maryam uga ditetepake dadi Pengerane, ora mangeran marang Allah.

وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوْٓا اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ

Para wong Yahudi lan Nasrani ora diprentah dening para nabine, kajaba dipre tah manembah marang Allah Kang Maha Tunggal. Ora ana sesembahan kang bener, kajaba mung Allah.

 سُبْحٰنَهٗ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ﴿31﴾

Mahasuci Allah saka barang kang disekuthokake dening para wong kafir mau. (31)

يُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّطْفِـُٔوْا نُوْرَ اللهِ بِاَفْوَاهِهِمْ

Dheweke iku sumedya arep mateni pepadhang syari’ate Allah, dipateni sarana pangucap lesane,

 وَيَأْبَى اللهُ اِلَّآ اَنْ يُّتِمَّ نُوْرَهٗ

nanging Allah ora marengake. Panjenengane malah kepara Nyampurnakake Pepadhange,

 وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ﴿32﴾

senadyan para wong kafir mau padha gething. (32)

هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ

Panjenengane Allah Kang wus Ngutus Utusane kelawan tuntunan sarta agama sanyata,

 لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖۙ

supaya Panjenengane Anglindhihake iki ing saduwure kabeh agama,

 وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ﴿33﴾

sanajan para kang manembah brahala padha gething (33)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ الْاَحْبَارِ وَالرُّهْبَانِ لَيَأْكُلُوْنَ اَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ

Para wong mukmin kabeh, sliramu mangertia menawa pendhitane wong Yahudi lan Nasrani iku akeh-akehe kang padha nampani bandhane manungsa kelawan ora bener (bathal),

وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللهِۗ

sarta padha ngalangi manungsa anggone arep tumindak nglakoni dedalane Allah.

 وَالَّذِيْنَ يَكْنِزُوْنَ الذَّهَبَ وَالْفِضَّةَ

Dene wong kang padha nglumpukake emas lan selaka,

 وَلَا يُنْفِقُوْنَهَا فِيْ سَبِيْلِ اللهِۙ

lan ora padha gelem ngetokake zakat kang wis ditemtokake ing wewatoning Allah,

 فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ﴿34﴾

iku sira bebungaha (ancamen) kanthi azab kang nglarani. (34)

يَّوْمَ يُحْمٰى عَلَيْهَا فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ فَتُكْوٰى بِهَا جِبَاهُهُمْ وَجُنُوْبُهُمْ وَظُهُوْرُهُمْۗ

Besuk dina qiyamat, nalikane simpenane diobong dadi umpaning geni neraka, kanggo ngobong wajah, lambung lan gegere,

 هٰذَا مَا كَنَزْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْ

Ing kono ana dhawuh pangandika: “Iki sekabehe bandha kang padha sira klumpukake kanggo kebutuhanmu dhewe biyen.”

 فَذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَكْنِزُوْنَ﴿35﴾

mulane padha rasakna apa kang wus padha sira tumpuk-tumpuk (35)

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللهِ

Satemene wilangane sasi mungguhing Allah ing dalem setahun iku 12 sasi, wis tinulis ana ing kitabe Allah (Lauhil Mahfudz),

 يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ  ذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ

nalika dumadining langit lan bumi biyen, 12 sasi mau ana 4 kang diarani sasi Haram. Yaiku etungan kang bener.

 فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةًۗ

Sajerone 4 sasi mau sira aja padha nganiaya awakira sarana nglakoni kaluputan, lan sliramu padha merangana marang wong-wong musyrik, kaya anggone dheweke padha merangi sliramu kabeh.

وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ﴿36﴾

Lan sliramu padha mangertia, satemene Allah iku nganteni (ngewangi) marang para wong kang padha tunduk marang Panjenengane. (36)

اِنَّمَا النَّسِيْۤءُ زِيَادَةٌ فِى الْكُفْرِ يُضَلُّ بِهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا

Sejatine ngundurake sasi Haram iku nambahi kekafiran kang mengkono iku nyasarake marang wong-wong kafir.

 يُحِلُّوْنَهٗ عَامًا وَّيُحَرِّمُوْنَهٗ عَامًا لِّيُوَاطِـُٔوْا عِدَّةَ

Sawijine mongso dheweke padha muni halal, nanging ing mongso liyane padha ngarani haram, maksude arep genepi sasi kang diharamake dening Allah (ganep 4)

 مَاحَرَّمَ اللهُ فَيُحِلُّوْا مَا حَرَّمَ اللهُۗ

nuli dheweke padha ngalalake barang kang diharamake dening Allah,

 زُيِّنَ لَهُمْ سُوْۤءُ اَعْمَالِهِمْۗ

dheweke dipaesi kanthi tindak tanduke kang ala.

وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ﴿37﴾ ع_5

Dene Panjenengane Allah iku ora kersa Nedahake marang golongan kang padha kafir. (37)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَا لَكُمْ اِذَا قِيْلَ لَكُمُ انْفِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ اثَّاقَلْتُمْ اِلَى الْاَرْضِۗ

He para wong mukmin kabeh, yagene sira nalikane didhawuhake dening Rasulullah, mangkat Perang Sabilillah, padha kerasa abot, malahan ndheprok ana bumi kang sira nggoni?

 اَرَضِيْتُمْ بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَا مِنَ الْاٰخِرَةِۚ

Apa sira luwih dhemen marang kabungahan donya tinimbang kabungahan akherat?

 فَمَا مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا قَلِيْلٌ﴿38﴾

Sira mangertia, manawa kabungahan (kauripan) donya iku manawa katandhing karo kabungahan akhirat, mung sethithik lan sepele banget. (38)

اِلَّا تَنْفِرُوْا يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ

Manawa sliramu ora padha gelem enggal budhal perang, Allah bakal paring pasiksa marang sliramu kabeh kanthi siksa kang nglarani.

 وَّيَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْ وَلَا تَضُرُّوْهُ شَيْـًٔاۗ

Panjenengane Allah bakal paring ijol wadyabala minangka gantimu, kang luwih prayoga ngungkuli sliramu. Lan sira ora bakal bisa gawe kemlaratan apa-apa marang Allah.

 وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿39﴾

Dene Allah iku Mahakuwasa marang kabeh barang kang gumelar (39)

اِلَّا تَنْصُرُوْهُ فَقَدْ نَصَرَهُ اللهُ

Manawa sliramu padha ora gelem mbiyantu marang utusane Allah, Allah piyambak kang bakal paring pitulungan marang utusane.

 اِذْ اَخْرَجَهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ثَانِيَ اثْنَيْنِ اِذْ هُمَا فِى الْغَارِ اِذْ يَقُوْلُ لِصَاحِبِهٖ لَا تَحْزَنْ اِنَّ اللهَ مَعَنَاۚ

Dhek samana wis kaleksanan. Rasulullah anggone perang keseser, dioyak dening para wong kafir Mekkah. Rasulullah mung wong loro karo sahabat Abu Bakar dhek samana priyagung loro mau padha ndhelik ana guwa. Rasulullah ngendika marang sahabate: “Aja kuwatir satemene Allah mesthi ngrewangi kita.”

 فَاَنْزَلَ اللهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلَيْهِ وَاَيَّدَهٗ بِجُنُوْدٍ لَّمْ تَرَوْهَا وَجَعَلَ كَلِمَةَ الَّذِيْنَ كَفَرُوا السُّفْلٰىۗ

Allah mbanjur nurunake katentreman marang sahabat mau (Abu Bakar) lan banjur nyantosakake marang Muhammad sarana wadyabala malaikat kang ora katon manungsa, apadene kersane Allah ucapane wong kafir iku digawe asor.

 وَكَلِمَةُ اللهِ هِيَ الْعُلْيَاۗ

Dene kalimahe Allah iku (yaiku Agama Islam) luhur.

 وَاللهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿40﴾

Dene Panjenengane Allah Mahamulya tur Mahawicaksa (40)

اِنْفِرُوْا خِفَافًا وَّثِقَالًا وَّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِۗ

Sira padha budala perang Sabilillah, ora peduli kroso entheng utowo abot, kanthi ngetok-ake bandha lan nyawa.

 ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ﴿41﴾

Kang mengkono iku luwih becik tumrap sliramu kabeh, yen mangerti marang kawusanane. (41)

لَوْ كَانَ عَرَضًا قَرِيْبًا وَّسَفَرًا قَاصِدًا لَّاتَّبَعُوْكَ

(Muhammad) wong munafiq iku umpama diajak ngarah jarahan kang gampang kenane tur cedhak panggonane mesthi padha sumrinthil, (melu)

 وَلٰكِنْۢ بَعُدَتْ عَلَيْهِمُ الشُّقَّةُۗ وَسَيَحْلِفُوْنَ

nanging mungsuh iku adoh panggonane, mulane titenana. Wong Munafiq bakal padha sumpah:

بِاللّٰهِ لَوِاسْتَطَعْنَا لَخَرَجْنَا مَعَكُمْۚ

“Demi Allah, menawi kula saged, temtu ndherek Panjenengan nglurug perang.”

 يُهْلِكُوْنَ اَنْفُسَهُمْۚ

Sumpahe wong munafiq mengkono mau bakal ngrusak marang awake dhewe.

 وَاللهُ يَعْلَمُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ﴿42﴾ ع_6

Panjenengane Allah Uninga menawa para wong Munafiq mau padha goroh. (42)

عَفَا اللهُ عَنْكَۚ لِمَ اَذِنْتَ لَهُمْ حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَكَ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا

Mugiyo Allah Paring Pangapura marang sliramu, sebab ngizinake wong-wong mau, mangka durung jelas sabenere piye,

 وَتَعْلَمَ الْكٰذِبِيْنَ﴿43﴾

lan sliramu durung mangerti yen wong-wong mau podho goroh  (43)

لَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِاَنْ يُّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ

Wong-wong kang Iman marang Allah lan dina akhir, ora bakal kelakon yen dheweke arep padha pamit ora budhal perang kanthi nglabuhake ( ngetokake) bandha lan nyawane.

 وَاللهُ عَلِيْمٌۢ بِالْمُتَّقِيْنَ﴿44﴾

Lan Allah Priksa marang para wong kang taqwa. (44)

اِنَّمَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَارْتَابَتْ قُلُوْبُهُمْ

Sejatine kang kelakon nyuwun palilah (pamit) ing sira, ora arep ndherek perang, yaiku wong-wong kang padha ora Iman marang Allah Ian dina akhir Ian kang atine padha mamang,

 فَهُمْ فِيْ رَيْبِهِمْ يَتَرَدَّدُوْنَ﴿45﴾

mangka dheweke ana ing kemamanganane iku tansah padha bingung (endi kang prayoga didhereki, apa wong Islam apa wong kafir). (45)

وَلَوْ اَرَادُوا الْخُرُوْجَ لَاَعَدُّوْا لَهٗ عُدَّةً

Lan saupama dheweke (wong munafiq) iku kelakon maju perang, sayekti wis podho nyawisake pirantine,

 وَّلٰكِنْ كَرِهَ اللهُ انْۢبِعَاثَهُمْ فَثَبَّطَهُمْ

nanging Allah ora marengke gumregahe, Allah banjur paring rasa wegah marang wong-wong (munafiq) mau

 وَقِيْلَ اقْعُدُوْا مَعَ الْقٰعِدِيْنَ﴿46﴾

sarta dheweke padha didhawuhi: “Sira padha lungguha wae karo wong-wong kang padha lunguh. (46)

لَوْ خَرَجُوْا فِيْكُمْ مَّا زَادُوْكُمْ اِلَّا خَبَالًا

Manawa dheweke (wong munafiq) kelakon metu perang karo sliramu, dheweke ora nambahi apa-apa kajaba mung bakal nuwuhake karusakan,

 وَّلَاَوْضَعُوْا خِلٰلَكُمْ يَبْغُوْنَكُمُ الْفِتْنَةَۚ

lan temen dheweke padha rerikatan nyebarake wiji fitnah ing antaramu.

وَفِيْكُمْ سَمّٰعُوْنَ لَهُمْۗ

Lan sawenehe ana golongan kang isih gelem ngrungokake pangucape wong wong (munafiq) mau.

 وَاللهُ عَلِيْمٌۢ بِالظّٰلِمِيْنَ﴿47﴾

Dene Allah iku Mahauninga para wong kang padha nganiaya. (47)

لَقَدِ ابْتَغَوُا الْفِتْنَةَ مِنْ قَبْلُ وَقَلَّبُوْا لَكَ الْاُمُوْرَ

Wiwit biyen mula wong-wong munafik wis padha ngarah nyebar cecongkrahan sarta padha mbudidaya lumawan sira,

 حَتّٰى جَاۤءَ الْحَقُّ وَظَهَرَ اَمْرُ اللهِ وَهُمْ كٰرِهُوْنَ﴿48﴾

nganti tumekane kasunyatan wedhare bebener agama Allah, sanajan babagan iku dheweke padha gething (48)

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ ائْذَنْ لِّيْ وَلَا تَفْتِنِّيْۗ

Lan sawenehe wong-wong (munafiq) mau ana kang ngucap: “Muhammad, kula mugi kaparingana palilah boten dherek perang, sarta ampun kapetang tiyang ingkang mbangkang dhawuh panjenengan,”

اَلَا فِى الْفِتْنَةِ سَقَطُوْاۗ

Mangertia, wong munafiq apa ora wis tumiba ing fitnah, yaiku anggone padha nyingkiri perang.

وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيْطَةٌ ۢبِالْكٰفِرِيْنَ﴿49﴾

Satemene neraka Jahannam iku nglimputi marang wong-wong kafir.” (49)

اِنْ تُصِبْكَ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْۚ وَاِنْ تُصِبْكَ مُصِيْبَةٌ يَّقُوْلُوْا قَدْ اَخَذْنَآ اَمْرَنَا مِنْ قَبْلُ وَيَتَوَلَّوْا وَّهُمْ فَرِحُوْنَ﴿50﴾

Yen sliramu nemu kabungahan, iku ndadekake susahe dheweke, lan menawa kacilakan  ngenani sliramu, dheweke padha kandha: “Temen aku wis ngerti sadurunge bab urusanku iki (ora melu perang) nuli mlengos kanthi bungah dene sliramu nemu kasusahan. (50)

قُلْ لَّنْ يُّصِيْبَنَآ اِلَّا مَا كَتَبَ اللهُ لَنَاۚ

Dhawuha: “Ora ana bebaya kang angenani aku, kajaba kang wus tinamtu dening Allah.

 هُوَ مَوْلٰىنَا وَعَلَى اللهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ﴿51﴾

Panjenengane Pangayomanku, lan marang Allah anggone sumendhe para wong-wong kang Iman. (51)

قُلْ هَلْ تَرَبَّصُوْنَ بِنَآ اِلَّآ اِحْدَى الْحُسْنَيَيْنِۗ

(Muhammad) sira dhawuha maneh: “Para wong munafiq, mongsa bisaa ngarep-arep marang aku (ora liya) kajaba salah sijine becik ing perkara, (yaiku: (1) Menang lan pikantuk ghonimah, (2) Mati syahid lan pikantuk pangapura saka Pengeran.

 وَنَحْنُ نَتَرَبَّصُ بِكُمْ اَنْ يُّصِيْبَكُمُ اللهُ بِعَذَابٍ مِّنْ عِنْدِهٖٓ اَوْ بِاَيْدِيْنَاۖ

Nanging sira ingsun titeni, mesthi ketempuh salah sijine bebaya rong perkara, yaiku (1) bakal dipatrapi azab dening Allah piyambak utawa (2) dipatrapi ukuman saka tangan ingsun.

فَتَرَبَّصُوْٓا اِنَّا مَعَكُمْ مُّتَرَبِّصُوْنَ﴿52﴾

Ayo padha titen-titenan wae piye kedadeyane ingsun lan sira. (52)

قُلْ اَنْفِقُوْا طَوْعًا اَوْ كَرْهًا

(Muhammad) dhawuha marang wong munafiq: “Padha tanjakna bandhamu ing babagan kebecikan kanthi sucining ati utawa kelawan kepeksa.

 لَّنْ يُّتَقَبَّلَ مِنْكُمْۗ اِنَّكُمْ كُنْتُمْ قَوْمًا فٰسِقِيْنَ﴿53﴾

Allah ora bakal nganggep kebecikanmu awit satemene sira iku padha fasiq (duraka).” (53)

وَمَا مَنَعَهُمْ اَنْ تُقْبَلَ مِنْهُمْ نَفَقٰتُهُمْ اِلَّآ اَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَبِرَسُوْلِهٖ

Lan anggone nanjakake bandha wong munafiq ora ditampa dening Allah, sebabe ora liya jalaran padha kafir marang Allah lan Utusane

 وَلَا يَأْتُوْنَ الصَّلٰوةَ اِلَّا وَهُمْ كُسَالٰى

lan ora padha njumenengake sholat, kajaba kanthi aras-arasen,

 وَلَا يُنْفِقُوْنَ اِلَّا وَهُمْ كٰرِهُوْنَ﴿54﴾

lan anggone nanjakake bandhane marang kebecikan iku ora liya jalaran kepeksa. (54)

فَلَا تُعْجِبْكَ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْۗ

Mulane aja ngedab-ngedabake sliramu babagan bandha- bandhane lan anak-anake,

 اِنَّمَا يُرِيْدُ اللهُ لِيُعَذِّبَهُمْ بِهَا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا

iku Allah Ngersakake mung kagem Iantaran paring azab dheweke ana ing kahuripan donya iki

 وَتَزْهَقَ اَنْفُسُهُمْ وَهُمْ كٰفِرُوْنَ﴿55﴾

Lan (supaya) nyawane padha oncat sajrone dheweke isih padha kafir. (55)

وَيَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ اِنَّهُمْ لَمِنْكُمْۗ

Para wong munafiq mau wis padha sumpah nyebut asmane Allah, ngaku menawa dheweke kalebu kancamu, wong Islam,

 وَمَا هُمْ مِّنْكُمْ وَلٰكِنَّهُمْ قَوْمٌ يَّفْرَقُوْنَ﴿56﴾

nanging satemene dudu, satemene dheweke iku mung wong-wong kang padha jirih. (56)

لَوْ يَجِدُوْنَ مَلْجَاً اَوْ مَغٰرٰتٍ اَوْ مُدَّخَلًا

Para wong munafiq mau upama oleha pangungsen utawa guwa kanggo ndhelik, mesthi padha ngungsi mrono,

 لَّوَلَّوْا اِلَيْهِ وَهُمْ يَجْمَحُوْنَ﴿57﴾

Lan saeba rikate anggone arep mlayu ndhelik. (57)

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّلْمِزُكَ فِى الصَّدَقٰتِۚ

Sawenehe wong munafiq ana kang nacad sliramu bab anggonmu ngedum zakat.

 فَاِنْ اُعْطُوْا مِنْهَا رَضُوْا وَاِنْ لَّمْ يُعْطَوْا مِنْهَآ اِذَا هُمْ يَسْخَطُوْنَ﴿58﴾

Wong munafiq mau menawa diwenehi zakat padha seneng atine. Dene yen ora diwenehi banjur padha banget muring-muringe. (58)

وَلَوْ اَنَّهُمْ رَضُوْا مَآ اٰتٰىهُمُ اللهُ وَرَسُوْلُهٗۙ

Lan saumpama wong munafiq mau padha narima pandum Paringe Allah lan Utusane,

 وَقَالُوْا حَسْبُنَا اللهُ سَيُؤْتِيْنَا اللهُ مِنْ فَضْلِهٖ وَرَسُوْلُهٗٓ اِنَّآ اِلَى اللهِ رَاغِبُوْنَ﴿59﴾ ع_7

padha ngucap: “Kang nyukupi aku iki Allah,” ing tembe Panjenengane Allah lan Utusane bakal Paring kanugrahan, sayekti marang Allah anggonku padha nyenyuwun” (kaya mengkono iku luwih becik tumrap dheweke kabeh). (59)

اِنَّمَا الصَّدَقٰتُ لِلْفُقَرَاۤءِ وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْعَامِلِيْنَ عَلَيْهَا وَالْمُؤَلَّفَةِ قُلُوْبُهُمْ

Sejatine sodaqoh (zakat) iku diwenehake marang para wong faqir, wong miskin, lan para wong kang ngumpulake lan ngedum zakat, lan wong kang muallaf (wong kang mlebu Islam anyaran, kang atine durung teguh),

 وَفِى الرِّقَابِ وَالْغَارِمِيْنَ وَفِيْ سَبِيْلِ اللهِ وَابْنِ السَّبِيْلِۗ

lan kawula (bakal kangge nebus awake kanthi nicil) lan wong kang sugih utang (ora ana kang dijagakake kanggo nyaur) lan kanggo mbiyantu ing dedalane Allah, lan para wong kang Ielungan (kang kentekan sangu).

 فَرِيْضَةً مِّنَ اللهۗ وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿60﴾

Iku pranatan pembageyan tetep saka dhawuhe Allah. Allah iku Mahauninga lan Mahawicaksana. (60)

وَمِنْهُمُ الَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ النَّبِيَّ وَيَقُوْلُوْنَ هُوَ اُذُنٌۗ قُلْ اُذُنُ خَيْرٍ لَّكُمْ

Lan sawenehe wong munafiq ana kang banget ngribedake (nyerikake) Nabi,  padha celathu: ”Dheweke iku kang uwis, mung nganggep pengakuning wong kang dirungu pangrungune dhewe. (Muhammad) dhawuha: “Pangrungune (Nabi Muhammad) iku pangrungu kang becik kangge sliramu,

 يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَيُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَرَحْمَةٌ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۗ

Slirane iman marang Allah Ian percaya marang wong mukmin,  lan minangka rahmat tumrap sliramu kang padha mukmin.

 وَالَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ رَسُوْلَ اللهِ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿61﴾

Dene wong kang natoni (nyerik-nyerikake) Rasulullah bakal padha dipatrapi azab kang nglarani. (61)

يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ لَكُمْ لِيُرْضُوْكُمْ

Wong-wong munafiq mau padha sumpah kanthi nyebut asmane Allah, mung gawe legamu

 وَاللهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اَحَقُّ اَنْ يُّرْضُوْهُ اِنْ كَانُوْا مُؤْمِنِيْنَ﴿62﴾

Sejatine dheweke iku kudu luwih gawe lega marang Allah lan Utusane, yang nyata pada percaya. (62)

اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّهٗ مَنْ يُّحَادِدِ اللهَ وَرَسُوْلَهٗ

Wong-wong munafiq mau apa padha ora mangerti, menawa sing nyulayani Allah lan Rasulullah,

 فَاَنَّ لَهٗ نَارَ جَهَنَّمَ خَالِدًا فِيْهَاۗ

satemene bakal dipatrapi azab neraka Jahannam, langgeng ana ing kono,

ذٰلِكَ الْخِزْيُ الْعَظِيْمُ﴿63﴾

iku minangka piweleh kang gedhe. (63)

يَحْذَرُ الْمُنٰفِقُوْنَ اَنْ تُنَزَّلَ عَلَيْهِمْ سُوْرَةٌ تُنَبِّئُهُمْ بِمَا فِيْ قُلُوْبِهِمْۗ

Wong-wong munafiq iku padha kuwatir menawa dituruni surat kang nerang-nerangake barang kang ana sajeroning atine,

 قُلِ اسْتَهْزِءُوْاۚ

Sira (Muhammad) dhawuha: “Saiki padha ndodro-o anggenmu nggeguyu agama Islam.”

 اِنَّ اللهَ مُخْرِجٌ مَّا تَحْذَرُوْنَ﴿64﴾

” Satemene Allah bakal nerangake samubarang kang padha sira kuwatirake iku. (64)

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ لَيَقُوْلُنَّ اِنَّمَا كُنَّا نَخُوْضُ وَنَلْعَبُۗ

(Muhammad) menawa para wong munafiq didangu bab anggone nggeguyu marang sliramu, mesthi padha mangsuli mengkene: “Anggen kula wicanten makaten punika namung gegujengan kemawon, perlu kangge nylamur sayahing lampah.”

 قُلْ اَبِاللّٰهِ وَاٰيٰتِهٖ وَرَسُوْلِهٖ كُنْتُمْ تَسْتَهْزِءُوْنَ﴿65﴾

(Muhammad) sira dhawuha: “Ya gene sira padha nggeguyu Allah Ian Ayat Qur’an, ugo nggeguyu marang Utusane?” (65)

لَا تَعْتَذِرُوْا قَدْ كَفَرْتُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْۗ

(Para wong munafiq), sira aja padha ngunjukake njaluk pangapura, satemene sira wus padha kafir sawise iman.

 اِنْ نَّعْفُ عَنْ طَاۤىِٕفَةٍ مِّنْكُمْ نُعَذِّبْ طَاۤىِٕفَةً

(Dhawuhe Allah): “Menawa Ingsun ngapura sagolongan sliramu jalaran anggone tobat, Ingsun uga bakal matrapi azab golongan liyane,

 ۢبِاَنَّهُمْ كَانُوْا مُجْرِمِيْنَ﴿66﴾ ع_8

jalaran dheweke padha tumindak laku dosa” (66)

اَلْمُنٰفِقُوْنَ وَالْمُنٰفِقٰتُ بَعْضُهُمْ مِّنْۢ بَعْضٍۘ

Para wong lamis lanang lan para wong lamis wadon iku kabeh padha.

 يَأْمُرُوْنَ بِالْمُنْكَرِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمَعْرُوْفِ وَيَقْبِضُوْنَ اَيْدِيَهُمْۗ

Yoiku padha ngajak tumindak ala sarta ngalang-alangi tumindak becik, tuwin padha nggenggem tangan-tangane.

 نَسُوا اللهَ فَنَسِيَهُمْۗ

Padha nglirwak-ake Allah. mulane Allah uga nglirwak-ake dheweke.

اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ﴿67﴾

Satemene wong lamis  iku padha duraka. (67)

وَعَدَ اللهُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْكُفَّارَ نَارَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ

Allah wis janji kanggo para wong munafiq lanang, wadon lan wong kafir, kanthi dipatrapi azab neraka Jahannam, ana ing kono padha langgeng salawase,

 هِيَ حَسْبُهُمْۚ وَلَعَنَهُمُ اللهُۚ

neraka iku nyukupi tumrap dheweke, lan Allah bakal paring bebendu (laknat).

 وَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيْمٌۙ﴿68﴾

Sarta dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang langgeng. (68)

كَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ كَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْكُمْ قُوَّةً وَّاَكْثَرَ اَمْوَالًا وَّاَوْلَادًاۗ

(Wong munafiq, sira padha nglakoni ala) kaya wong-wong kafir sadurungmu, kang gagah prakosane lan bandha-bandha sarta sugih anak, padha ngungkuli sira, kabeh padha bungah-bungah, sabab keturutan sabarang karepe.

فَاسْتَمْتَعُوْا بِخَلَاقِهِمْ فَاسْتَمْتَعْتُمْ بِخَلَاقِكُمْ كَمَا اسْتَمْتَعَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ بِخَلَاقِهِمْ وَخُضْتُمْ كَالَّذِيْ خَاضُوْاۗ

Sira uga padha bungahbungah, marga padha keturutan kakarepanira, padha. uga wong kafir sadurunge sira anggone padha bungah-bungah marga katurutan kekarepane. Mengkono uga sira padha nekad nglakoni barang kang ora bener kaya wong kafir sadurunge sira.

 اُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۚ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ﴿69﴾

Wong kafir mau kabecikane muspra sirna larut kabeh ana donya lan akherat, Ian padha tetep dadi wong cilaka. (69)

اَلَمْ يَأْتِهِمْ نَبَاُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ

Para wong munafiq mau apa durung nate krungu cerita lelakone wong-wong zaman biyen, kang padha dipatrapi siksane Allah

 قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ ەۙ وَقَوْمِ اِبْرٰهِيْمَ وَاَصْحٰبِ مَدْيَنَ وَالْمُؤْتَفِكٰتِۗ اَتَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۚ

Kayata: para ummate Nuh, ‘Ad,  lan Tsamud, para ummate Ibrahim, para wong ing Madyan. Para ummate Luth kang bumine diwalik, kabeh mau wis padha ditekani utusane Allah, kanthi tandha bebener kaelokan pirang-pirang, ewadene padha ora percaya.

 فَمَا كَانَ اللهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ﴿70﴾

MuIane Allah anggone matrapi siksa ora aran nganiaya. Satemene wong kang padha kapatrapan siksa mau aran nganiaya marang awake dhewe. (70)

وَالْمُؤْمِنُوْنَ وَالْمُؤْمِنٰتُ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۘ

Dene wong-wong mukmin priya lan wanita saperangan dadi katresnan saperangan liyane.

 يَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَيُطِيْعُوْنَ اللهَ وَرَسُوْلَهٗۗ

Dheweke padha prentah tindak becik, lan padha nyegah laku ala, lan padha njumenengake sholat sarta padha aweh zakat, apadene padha ngestokake dhawuhe Allah lan utusane.

 اُولٰۤىِٕكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللهُۗ اِنَّ اللهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿71﴾

Wong kang mengkono iku bakai padha kaparingan Sih Kawelasane Allah. Satemene Allah iku Mahagagah sarta Mahawicaksana. (71)

وَعَدَ اللهُ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا

Allah wis Janji kanggo para wong iman priya lan wanita kelawan suwarga kang ing sangisore ana bengawan mili, dheweke padha langgeng ana ing kono selawase,

 وَمَسٰكِنَ طَيِّبَةً فِيْ جَنّٰتِ عَدْنٍۗ

Lan bakal padha manggon ana papan kang becik ing, kang aran suwarga ‘Aden.

 وَرِضْوَانٌ مِّنَ اللهِ اَكْبَرُۗ

Lan pikantuk karidhan saka Ngarsane Allah iku luwih gedhe

ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ﴿72﴾ ع_9

 Mengkono iku Kabegjan Kang  Agung. (72)

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْۗ

He para Nabi! Perangana wong-wong kafir lan wong-wong munafiq, lan sira kudu tumindak kereng (keras tegas) marang dheweke.

 وَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ﴿73﴾

Dheweke kabeh bakal manggon ana ing neraka Jahannam. Saeba alane panggonan  bali kang mengkono iku. (73)

يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ مَا قَالُوْاۗ وَلَقَدْ قَالُوْا كَلِمَةَ الْكُفْرِ وَكَفَرُوْا بَعْدَ اِسْلَامِهِمْ وَهَمُّوْا بِمَا لَمْ يَنَالُوْاۚ

Wong-wong munafiq iku padha sumpah kanthi nyebut asmane Allah (babagan dheweke anggone nyatur ala marang Rasulullah). Nanging satemene dheweke wis padha ngucapake ucapan kafir (angala-ala  marang Rasulullah), lan padha  kafir sawuse padha Islam, sarta  padha sumedya nindakake barang  kang ora bakal kelakon (mrajaya  nabi),

 وَمَا نَقَمُوْٓا اِلَّآ اَنْ اَغْنٰىهُمُ اللهُ وَرَسُوْلُهٗ مِنْ فَضْلِهٖۚ

Dheweke padha gething  anggone Allah lan Rasule wis  nyukupake marang para wong  mukmin saka kanugrahane.

 فَاِنْ يَّتُوْبُوْا يَكُ خَيْرًا لَّهُمْۚ

Dene  sekirane dheweke padha gelem  tobat, iku luwih becik tumrap dheweke,

 وَاِنْ يَّتَوَلَّوْا يُعَذِّبْهُمُ اللهُ عَذَابًا اَلِيْمًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۚ

Nanging menawa mlengos,  Allah bakal paring pasiksan marang dheweke klawan siksa kang nglarani ana donya lan akherat,  

 وَمَا لَهُمْ فِى الْاَرْضِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ﴿74﴾

Lan ana bumi ora bakal ana wong  kang ngayomi lan nulungi marang dheweke. (74)

وَمِنْهُمْ مَّنْ عٰهَدَ اللهَ

Lan sawenehe wong munafiq  ana kang prasetya marang Allah,  

 لَىِٕنْ اٰتٰىنَا مِنْ فَضْلِهٖ

ature: “Menawi Allah kersa paring kanugrahan dhateng kita,  

لَنَصَّدَّقَنَّ وَلَنَكُوْنَنَّ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ﴿75﴾

yektos kita sami badhe sedhekah  tuwin badhe dados golonganing tiyang ingkang sami saleh.” (75)

فَلَمَّآ اٰتٰىهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖ

Bareng wong munafiq mau kaleksanan diparingi kanugrahan,

 بَخِلُوْا بِهٖ وَتَوَلَّوْا وَّهُمْ مُّعْرِضُوْنَ﴿76﴾

banjur padha nyidrani prasetyane marang Allah, yoiku tetep padha kumedid lan padha mlengos. Wong-wong mau padha ngungkiri kesaguhane. (76)

فَاَعْقَبَهُمْ نِفَاقًا فِيْ قُلُوْبِهِمْ

Para wong munafiq mau banjur ketungka didunungi ati lelamisane dening Allah,

 اِلٰى يَوْمِ يَلْقَوْنَهٗ بِمَآ اَخْلَفُوا اللهَ مَا وَعَدُوْهُ

Lestari tumeka ing patine, yaiku dina anggone padha sowan ana Ngersane Allah,

 وَبِمَا كَانُوْا يَكْذِبُوْنَ﴿77﴾

lan marga anggone nggorohi marang Allah. (77)

اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ يَعْلَمُ سِرَّهُمْ وَنَجْوٰىهُمْ

Apa dheweke (wong munafiq) durung padha mangerti menawa Allah iku Priksa barang kang diumpetake lan kang padha digunem dening wong-wong mau,

 وَاَنَّ اللهَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ﴿78﴾

Lan satemene Allah iku Mahapriksa barang ghoib. (78)

اَلَّذِيْنَ يَلْمِزُوْنَ الْمُطَّوِّعِيْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ

Para wong kang padha nacad lan nggeguyu marang wong mukmin

 فِى الصَّدَقٰتِ وَالَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ اِلَّا جُهْدَهُمْ فَيَسْخَرُوْنَ مِنْهُمْۗ

Ing babagan sedhekah saperlu ndherek dhawuhe Nabi, malahan kang ora kuwat sedekah kajaba kelawan ngrekasa, iya padha dicacad,

 سَخِرَ اللهُ مِنْهُمْۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿79﴾

mangka Allah bakal males gegujengane wong-wong mau, sarta dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang nglarani. (79)

اِسْتَغْفِرْ لَهُمْ اَوْ لَا تَسْتَغْفِرْ لَهُمْۗ

(Muhammad) para wong munafiq iku sira suwunake pangapura utawa ora padha wae,

 اِنْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ سَبْعِيْنَ مَرَّةً فَلَنْ يَّغْفِرَ اللهُ لَهُمْۗ

Senadyan sira suwunake pangapura rambah kaping 70, Allah ora kersa paring pangapura marang wong munafiq mau.

 ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ

Mengkono iku merga wong munafiq iku padha ora percaya marang Allah lan Rosule.

وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ﴿80﴾ ع_10

Allah Ora Kersa nuduhake dalan kang bener marang wong fasiq.(80)

فَرِحَ الْمُخَلَّفُوْنَ بِمَقْعَدِهِمْ

Para wong munafiq padha bungah marga ora melu maju perang, keri linggih ana ngomah wae,

خِلٰفَ رَسُوْلِ اللهِ وَكَرِهُوْٓا اَنْ يُّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

nyulayani kersane Rasulullah sarta padha ora gelem setya tuhu maju Perang Sabilillah, ngetokake bandhane lan nyawane, kanggo mbelani agamane Allah

 وَقَالُوْا لَا تَنْفِرُوْا فِى الْحَرِّۗ

kanthi padha ngucap: “Sira kabeh aja padha melu mangkat perang ana ing mangsa panas.

 قُلْ نَارُ جَهَنَّمَ اَشَدُّ حَرًّاۗ لَوْ كَانُوْا يَفْقَهُوْنَ﴿81﴾

” Muhammad dhawuha: “Geni neraka Jahannam iku Juwih panas menawa dheweke padha mangerti. ” (81)

فَلْيَضْحَكُوْا قَلِيْلًا وَّلْيَبْكُوْا كَثِيْرًاۚ

Mula dheweke padha ngguyu sethithik lan nangis kang akeh,

جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ﴿82﴾

minangka piwalese laku kang padha ditindakake. (82)

فَاِنْ رَّجَعَكَ اللهُ اِلٰى طَاۤىِٕفَةٍ مِّنْهُمْ فَاسْتَأْذَنُوْكَ لِلْخُرُوْجِ

Ing tembe menawa Allah wis mbalekake sira mulih saka perang, ketemu wong kang ora padha melu maju perang mau, menawa ing tembe wong mau banjur matur arep melu perang,

 فَقُلْ لَّنْ تَخْرُجُوْا مَعِيَ اَبَدًا وَّلَنْ تُقَاتِلُوْا مَعِيَ عَدُوًّاۗ

Sira wangsulana: “Wiwit saiki tekan selawase, sira ora kena melu maju perang dadi kancaku, lan ora kena ngrewangi perang mapagake mungsuhku,

 اِنَّكُمْ رَضِيْتُمْ بِالْقُعُوْدِ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ

Awit ing kawitan, wis padha bungah linggih ana ngomah wae,

فَاقْعُدُوْا مَعَ الْخَالِفِيْنَ﴿83﴾

mulane saiki dilestarekake anggonmu padha keri, ora melu maju perang, karo para wong wadon lan wong lara kang padha keri.  (83)

وَلَا تُصَلِّ عَلٰٓى اَحَدٍ مِّنْهُمْ مَّاتَ اَبَدًا وَّلَا تَقُمْ عَلٰى قَبْرِهٖۗ

Selawase aja nganti nyalatake salah sawijining wong kang mati saka dheweke lan aja nganti ngadeg ana kuburane,

اِنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ

jalaran dheweke wis padha kafir ing Allah lan utusane

 وَمَاتُوْا وَهُمْ فٰسِقُوْنَ﴿84﴾

lan padha mati isih tetep ana sajeroning kefasiqan. (84)

وَلَا تُعْجِبْكَ اَمْوَالُهُمْ وَاَوْلَادُهُمْۗ

Sliramu aja anggumunake marang wong-wong mau babagan kasugihan donyabrana lan anak-anake.

اِنَّمَا يُرِيْدُ اللهُ اَنْ يُّعَذِّبَهُمْ بِهَا فِى الدُّنْيَا

Sejatine Allah kersa nyiksa marang dheweke klawan donyabranane iku ana ing panguripan saiki,

 وَتَزْهَقَ اَنْفُسُهُمْ وَهُمْ كٰفِرُوْنَ﴿85﴾

Lan sawektu nyawane oncat, dheweke isih padha tetep kafir. (85)

وَاِذَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ اَنْ اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَجَاهِدُوْا مَعَ رَسُوْلِهِ

Lan menawa diturunake sesurat wae marang dheweke (wong munafiq) kang dhawuhake: “Sira padha percaya marang Allah lan padha peranga ndherek karo utusane Allah.”

اسْتَأْذَنَكَ اُولُوا الطَّوْلِ مِنْهُمْ وَقَالُوْا ذَرْنَا نَكُنْ مَّعَ الْقٰعِدِيْنَ﴿86﴾

Sawenehing wong kafir kang padha duwe kemulyan padha nyuwun pamit, lan padha matur: “Panjenengan kula aturi nilar kemawon, kita badhe kentun kaliyan tiyang ingkang sami lenggahan.” (86)

رَضُوْا بِاَنْ يَّكُوْنُوْا مَعَ الْخَوَالِفِ

Para wong munafiq wis padha marem yen dadi golongane wong kang padha keri,

 وَطُبِعَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُوْنَ﴿87﴾

Lan atine wis dicap, nanging dheweke padha ora mangerti. (87)

لٰكِنِ الرَّسُوْلُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ جَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ

Nanging senajan mengkono, utusane Allah (Nabi Muhammad) sarta para wong kang percaya iku padha perang kanthi ngetokake bandhane lan nyawane.

 وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الْخَيْرٰتُۖ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ﴿88﴾

Wong kang mengkono bakal kaparingan kabecikan. Lan dheweke iku wong kang padha pikantuk kabegjan. (88)

اَعَدَّ اللهُ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ

Panjenengane Allah wis nyedhiyani  kanggo wong mau suwarga kang ngisore ana kaline mili, ing kono bakal padha langgeng,

ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ﴿89﴾ ع_11

kang mengkono iku kabegjan kang Agung. (89)

وَجَاۤءَ الْمُعَذِّرُوْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ لِيُؤْذَنَ لَهُمْ

Lan wong-wong padesan Mekkah kang temen-temen padha ora bisa maju perang wis padha sowan, padha ngaturake alangan, padha pamit dikeparengke ora ndherek maju perang (Rasulullah iya marengake).

 وَقَعَدَ الَّذِيْنَ كَذَبُوا اللهَ وَرَسُوْلَهٗۗ

Dene kang munafiq, kang anggorohi marang Allah Ian Rasule, padha kari linggih ana ing ngomahe wae.

 سَيُصِيْبُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿90﴾

Ing tembe wong-wong kang padha kafir padha kapatrapan siksa kang nglarani. (90)

لَيْسَ عَلَى الضُّعَفَاۤءِ وَلَا عَلَى الْمَرْضٰى وَلَا عَلَى الَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ مَا يُنْفِقُوْنَ حَرَجٌ اِذَا نَصَحُوْا لِلّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ

Tumrap wong-wong kang apes, kang lara, sakabehe wong kang padha ora duwe wragad, ora dosa anggone padha ora budhal ndherek perang, mengkono iku menawa dheweke padha tetep ngestokake marang Allah lan Rasule

 مَا عَلَى الْمُحْسِنِيْنَ مِنْ سَبِيْلٍۗ

lan ora ana dalan kanggo nyalahake marang wong-wong kang padha tumindak becik,

 وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۙ﴿91﴾

jalaran Allah iku Mahangapura sarta Mahaasih. (91)

وَّلَا عَلَى الَّذِيْنَ اِذَا مَآ اَتَوْكَ لِتَحْمِلَهُمْ قُلْتَ لَآ اَجِدُ مَآ اَحْمِلُكُمْ عَلَيْهِۖ

Lan ora ana pakewuhe (ora dosa) pamit ora melu ndherek perang, tumrap wong kang nalikane padha sowan ing sira, matur supaya sira maju perang, ingkono sira banjur paring wangsulan: Ingsun ora duwe wragad kang ingsun anggo nggawa sira.

 تَوَلَّوْا وَّاَعْيُنُهُمْ تَفِيْضُ مِنَ الدَّمْعِ حَزَنًا اَلَّا يَجِدُوْا مَا يُنْفِقُوْنَۗ﴿92﴾

Wong padha mundur kelawan mbrebes mili mripate, cuwa ora duwe wragad dienggo perang. (92)

اِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَسْتَأْذِنُوْنَكَ وَهُمْ اَغْنِيَاۤءُۚ

Sejatine dalan kang njalari dosa iku mung tumrap wong-wong kang padha nyuwun pamit marang sliramu, kang mangka satemene dheweke iku sugih,

 رَضُوْا بِاَنْ يَّكُوْنُوْا مَعَ الْخَوَالِفِۙ

nanging mung padha marem keri ana ing omah karo wong-wong kang padha keri.

 وَطَبَعَ اللهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿93﴾الجزء_11

Panjenengane Allah wis ngecap ing atine wong-wong mau, mulane ora padha mangerti ganjarane Perang Sabilillah. (93)

يَعْتَذِرُوْنَ اِلَيْكُمْ اِذَا رَجَعْتُمْ اِلَيْهِمْۗ

(He Muhammad), para wong munafiq padha njaluk dingapura kanthi mratelakake alangane.

 قُلْ لَّا تَعْتَذِرُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ لَكُمْ قَدْ نَبَّاَنَا اللهُ مِنْ اَخْبَارِكُمْ

Wangsulana “Sira aja padha nyuwun dingapura, ingsun ora percaya anggonmu padha mratelakake alanganmu. Satemene Allah wis paring sumurup marang ingsun ing bab kahanane awakmu.

وَسَيَرَى اللهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُوْلُهٗ

Ing tembe Allah lan Rasulullah bakal mirsani sanyatane lakumu.

 ثُمَّ تُرَدُّوْنَ اِلٰى عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ

Sira bakal padha disowanake ana ing ngarsane Allah Kang Nguningani barang kang ghoib-ghoib (samar-samar) lan kang kasat mata.

 فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿94﴾

Ing kono Allah melehake lan matrapi marang sira samurwate keluputan kang wis sira tindakake.” (94)

سَيَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ لَكُمْ اِذَا انْقَلَبْتُمْ اِلَيْهِمْ لِتُعْرِضُوْا عَنْهُمْۗ

Wong-wong munafiq mau bakai padha supata marang sira (kelawan nyebut) asmane Allah (mratelakake alangane padha ora melu maju peperangan), pamrihe supaya sira togake wae.

فَاَعْرِضُوْا عَنْهُمْۗ اِنَّهُمْ رِجْسٌۙ

Ing kono para wong munafiq iku padha sira togake wae. Satemene wong munafiq mau padha njemberi,

 وَّمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ جَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ﴿95﴾

ing besuk panggonane ana ing neraka Jahannam, minangka piwalese penggawene kang wis padha ditindakake. (95)

يَحْلِفُوْنَ لَكُمْ لِتَرْضَوْا عَنْهُمْۚ

Wong-wong munafiq padha supata marang sira. pamrihe supaya sira lega lila marang dheweke mau.

 فَاِنْ تَرْضَوْا عَنْهُمْ فَاِنَّ اللهَ لَا يَرْضٰى عَنِ الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ﴿96﴾

Dene menawa sira gelem lega lila, iku luput. Awit Allah ora pisan-pisan ridha marang wong wong munafiq kang duraka (fasiq). (96)

اَلْاَعْرَابُ اَشَدُّ كُفْرًا وَّنِفَاقًا

Wong-wong Arab pegunungan, iku anggone kafir lan munafiq Iuwih banget, ngungkuli wong kutha Ian padesan,

 وَّاَجْدَرُ اَلَّا يَعْلَمُوْا حُدُوْدَ مَآ اَنْزَلَ اللهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖۗ وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿97﴾

marga padha ora sumurup angger-anggere agama kang didhawuhake dening Allah marang Rasule. Dene Allah iku Maha Ngudaneni tur Mahawicaksana. (97)

وَمِنَ الْاَعْرَابِ مَنْ يَّتَّخِذُ مَا يُنْفِقُ مَغْرَمًا وَّيَتَرَبَّصُ بِكُمُ الدَّوَاۤىِٕرَۗ

Sawenehing wong pegunungan, ana kang duwe penganggep menawa anggone ngetokake bandhane minangka kanggo zakat sapanunggalane iku tumanja dadi dhendhan, lan ngarep-arep, besuk tumibaning giliran (rusak Ian dipateni), nanging luput pengarep-arepe.

عَلَيْهِمْ دَاۤىِٕرَةُ السَّوْءِۗ وَاللهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ﴿98﴾

Kersane Allah giliran zaman ala tetep marang wong munafiq mau. Dene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni (98)

وَمِنَ الْاَعْرَابِ مَنْ يُّؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ

Lan sawenehe wong pegunungan maneh ana kang percaya ing Allah lan dina Akhir (dina qiyamat),

 وَيَتَّخِذُ مَا يُنْفِقُ قُرُبٰتٍ عِنْدَ اللهِ وَصَلَوٰتِ الرَّسُوْلِۗ اَلَآ اِنَّهَا قُرْبَةٌ لَّهُمْۗ

lan nganggep anggone ngetokake bandhane minangka zakat sapanunggalane iku kabeh dadi margane kecerak ing Allah, apadene pikantuk dongane (pangestune) Rasulullah iku tumrap dheweke uga dadi margane kecerak marang Allah.

 سَيُدْخِلُهُمُ اللهُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿99﴾ ع_12

Ing besuk Allah bakal nglebokake dheweke kang mukmin ana ing suwargane Satemene Allah iku Mahaparing Pangapura sarta Maha Asih. (99)

وَالسّٰبِقُوْنَ الْاَوَّلُوْنَ مِنَ الْمُهٰجِرِيْنَ وَالْاَنْصَارِ وَالَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُمْ بِاِحْسَانٍۙ

Para sahabate Rasulullah kang padha melu pindhah (hijrah) utawa kang padha mbiyantu tetulung (Anshor) tur kang dhisik utawa kang wiwitan utawa kabeh wong kang padha ndherek (thaat) padha nelad kebecikane

رَّضِيَ اللهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ

Iku Allah wis kepareng nganggep kebecikane. Dene para sahabat mau iya padha lega lila anggone padha tampa nikmat peparinge Allah .

 وَاَعَدَّ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ تَحْتَهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ﴿100﴾

Allah nyagahi marang para sababat mau, bakal padha diparingi suwarga kang ana bengawane mili ana ing sangisore wit-witan. Para sahabat mau anggone ana ing suwarga padha langgeng salawase. Kang mengkono iku aran kabegjan kang agung. (100)

وَمِمَّنْ حَوْلَكُمْ مِّنَ الْاَعْرَابِ مُنٰفِقُوْنَۗ

Lan sawenehe wong pegunungan ing sakiwa tengenmu (ing Madinah) ana kang munafiq,

 وَمِنْ اَهْلِ الْمَدِيْنَةِ مَرَدُوْا عَلَى النِّفَاقِۗ

apadene wong ing Madinah iya ana kang tumindak munafiq.

 لَا تَعْلَمُهُمْۗ نَحْنُ نَعْلَمُهُمْۗ

Sira ora weruh marang wong munafiq mau, nanging Ingsun Nguningani.

 سَنُعَذِّبُهُمْ مَّرَّتَيْنِ ثُمَّ يُرَدُّوْنَ اِلٰى عَذَابٍ عَظِيْمٍۚ﴿101﴾

lng tembe Ingsun bakal nyiksa marang wong-wong munafiq mau rong rambahan (kang sepisan mati perang, kang kapindho siksa ana ing sajroning qubur). Sawise iku banjur digiring marang siksa kang gedhe. (101)

وَاٰخَرُوْنَ اعْتَرَفُوْا بِذُنُوْبِهِمْ خَلَطُوْا عَمَلًا صَالِحًا وَّاٰخَرَ سَيِّئًاۗ

Dene liyan-liyane padha ngakoni dosane, padha nyampur tindak becik lan ala (tumindak becik anggone ngaku keluputane, tumindak ala anggone ora melu maju perang).

عَسَى اللهُ اَنْ يَّتُوْبَ عَلَيْهِمْۗ اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿102﴾

Muga-muga Allah bakal paring pangapura marang wong-wong mau. Satemene Allah iku Mahaparing Pangapura tur Mahaasih. (102)

خُذْ مِنْ اَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيْهِمْ بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْۗ

(He Muhammad), bandhane wong munafiq kang wis padha tobat iku sira tampanana, minangka dadi sadaqah kanggo nucekake lan ngresikake awake. Sabanjure wong mau sira dongakna becik.

 اِنَّ صَلٰوتَكَ سَكَنٌ لَّهُمْۗ

Satemene dongamu iku bisa nentremake atine wong kang sadaqah (rumangsa wis diparingi pangapura dosane).

 وَاللهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ﴿103﴾

Dene Allah iku Maha Midhanget tur Maha Ngudaneni. (103)

اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ هُوَ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهٖ

Wong kang padha kewajiban tobat apa ora sumurup menawa Allah iku Nampa tobate para kawulane

 وَيَأْخُذُ الصَّدَقٰتِ

lan Kersa nampani sadaqahe wong kang atine suci?

وَاَنَّ اللهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ﴿104﴾

Satemene Allah iku Nampa tobate para kawulane sarta Mahaasih (104)

وَقُلِ اعْمَلُوْا فَسَيَرَى اللهُ عَمَلَكُمْ

(He Muhammad), dhawuha: “Saiki sira padha nglakonana kabecikan, Allah bakal Mirsani kabeh tindakmu,

 وَرَسُوْلُهٗ وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ

Apadene Rasulullah lan para wong mukmin iya padha pirsa lan sumurup.

 وَسَتُرَدُّوْنَ اِلٰى عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ

Ing tembe sira bakal padha disowanake marang Ngarsane Allah, kang Nguningani barang kang ghoib (samar-samar) lan barang kang cetha (kang kasat mata)

فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۚ﴿105﴾

Ing kono Allah anjlentrehake (maringi sumurup) kabeh barang kang wis padha sira tindakake.” (105)

وَاٰخَرُوْنَ مُرْجَوْنَ لِاَمْرِ اللهِ

Lan ana maneh (wong munafiq) liyane, kang perkarane lagi meneng. Disumanggakake marang Allah karampungane ngenteni dhawuhe Allah,

اِمَّا يُعَذِّبُهُمْ وَاِمَّا يَتُوْبُ عَلَيْهِمْۗ

Disiksa utawa diparingi pangapura gumantung apa Ing Dadi Keparenge Allah.

 وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿106﴾

Dene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Mahawicaksana. (106)

وَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مَسْجِدًا ضِرَارًا وَّكُفْرًا وَّتَفْرِيْقًاۢ بَيْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ

Dene wong munafiq kang padha ngedekake masjid, dianggo panggonan milara wong Islam sarta dianggo nyantosakake anggone kafir lan munafiq, apadene dianggo lantaran mbubarake pakumpulane wong mukmin,

 وَاِرْصَادًا لِّمَنْ حَارَبَ اللهَ وَرَسُوْلَهٗ مِنْ قَبْلُۗ

lan dianggo nyadiyani panggonan marang kancane kang ing biyen keplayu anggone ngayomi Allah lan Rasule,

 وَلَيَحْلِفُنَّ اِنْ اَرَدْنَآ اِلَّا الْحُسْنٰىۗ

Wong-wong munafiq padha supata, celathune anggone ngedekake masjid iku karepku ora liya mung amrih becik.

 وَاللهُ يَشْهَدُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ﴿107﴾

Allah wis Nguningani menawa pengakune para wong munafiq iku goroh. (107)

لَا تَقُمْ فِيْهِ اَبَدًاۗ لَمَسْجِدٌ

(He Muhammad), sliramu aja pisan-pisan njumeneke sholat ana ing masjid gaweyane wong munafiq iku salawase.

 اُسِّسَ عَلَى التَّقْوٰى مِنْ اَوَّلِ يَوْمٍ اَحَقُّ اَنْ تَقُوْمَ فِيْهِۗ

Dene masjid kang benere kudu sira anggo njumeneke sholat, iku masjid biyen mula (sakawit) dibangun kelawan dhasar taqwa ing Allah.

 فِيْهِ رِجَالٌ يُّحِبُّوْنَ اَنْ يَّتَطَهَّرُوْاۗ

Ing kono pirang-pirang wong lanang kang padha dhemen suci lahir lan bathine.

وَاللهُ يُحِبُّ الْمُطَّهِّرِيْنَ﴿108﴾

Dene Allah iku remen marang wong kang padha suci. (108)

اَفَمَنْ اَسَّسَ بُنْيَانَهٗ عَلٰى تَقْوٰى مِنَ اللهِ وَرِضْوَانٍ خَيْرٌ

Wong kang nganggo dhasar anggone agawe bangunan masjid, kanthi wedi (taqwa) marang Allah lan ngarep-arep Karidhane Allah iku luwih becik tinimbang wong kang mbangun masjid kang sediyane dienggo nglakoni barang kang ora bener.

 اَمْ مَّنْ اَسَّسَ بُنْيَانَهٗ عَلٰى شَفَا جُرُفٍ هَارٍ فَانْهَارَ بِهٖ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَۗ

Adeging masjid mau prasasat mengkreng-mengkreng ana ing pinggiring jurang neraka, nguwatiri yen ta bakal longsor, katemahane iya longsor temenan, banjur kecemplung ing neraka Jahannam, apa ora mengkono?

 وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ﴿109﴾

Dene Allah iku ora kersa Paring hidayah marang wong kang padha duraka, nganiaya marang awake dhewe. (109)

لَا يَزَالُ بُنْيَانُهُمُ الَّذِيْ بَنَوْا رِيْبَةً فِيْ قُلُوْبِهِمْ

Anggone mbangun masjid wong munafiq mau anjalari dadi mamang atine ing selawase.

 اِلَّآ اَنْ تَقَطَّعَ قُلُوْبُهُمْۗ

Marine menawa wis dicacah-cacah atine (mati).

 وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿110﴾ ع_13

Dene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Mahawicaksana. (110)

اِنَّ اللهَ اشْتَرٰى مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ اَنْفُسَهُمْ وَاَمْوَالَهُمْ بِاَنَّ لَهُمُ الْجَنَّةَۗ

Satemene Allah iku wis mundhut (nuku) jiwa ragane sarta bandhane para wong mukmin, yaiku ing tembe bakal diparingi suwarga.

 يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ فَيَقْتُلُوْنَ وَيُقْتَلُوْنَ

Para wong mukmin mau padha maju perang ana ing dedalane Allah, ing sawenehe ana kang mateni lan ana kang dipateni.

 وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا فِى التَّوْرٰىةِ وَالْاِنْجِيْلِ وَالْقُرْاٰنِۗ

Mungguh kesagahane Allah bakal maringi suwarga mau mesthi nyata, sarta wis kasebut ing kitab Taurat lan Injil, apadene Qur’an.

 وَمَنْ اَوْفٰى بِعَهْدِهٖ مِنَ اللهِ

Sumurupa, ora ana kang Luwih Tuhu Netepi janji tinimbang Allah.

 فَاسْتَبْشِرُوْا بِبَيْعِكُمُ الَّذِيْ بَايَعْتُمْ بِهٖۗ

Mula sliramu bungaha (gumbiraha) anggonmu wis diparingi Kesaguhan dening Allah.

 وَذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ﴿111﴾

Awit iku wis arupa kabegjan kang agung. (111)

اَلتَّاۤىِٕبُوْنَ الْعٰبِدُوْنَ الْحَامِدُوْنَ السَّاۤىِٕحُوْنَ الرَّاكِعُوْنَ السَّاجِدُوْنَ

Para wong mukmin kang kasebut mau yaiku wong kang padha tobat saka kaluputane, kang padha ngabekti lan memuji ing Allah, kang padha pasa, kang padha sholat rukuk Ian sujud,

 الْاٰمِرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَالنَّاهُوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ

Kang padha ajak-ajak nindakake penggawe becik, lan padha menging tumindak ala,

 وَالْحٰفِظُوْنَ لِحُدُوْدِ اللهِۗ

lan kang padha netepi syarat pranataning Allah.

 وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿112﴾

 (He Muhammad), bebungahana para wong mukmin kang padha netepi tumindak-tumindak kasebut mau. (112)

مَا كَانَ لِلنَّبِيِّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ يَّسْتَغْفِرُوْا لِلْمُشْرِكِيْنَ

Ingatase Nabi lan para wong mukmin, iku ora wenang nyuwunake pangapura tumrap dosane wong musyrik

 وَلَوْ كَانُوْٓا اُولِيْ قُرْبٰى مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمْ اَنَّهُمْ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ﴿113﴾

senajan dheweke iku sedulur cedhak kang wis tetela bakal kacemplung ing neraka Jahim. (113)

وَمَا كَانَ اسْتِغْفَارُ اِبْرٰهِيْمَ لِاَبِيْهِ

Dene Nabi Ibrahim anggone wani-wani nyuwunake pangapura ramane,

 اِلَّا عَنْ مَّوْعِدَةٍ وَّعَدَهَآ اِيَّاهُۚ

iku ora liya jalaran ramane mau saguh marang Nabi Ibrahim arep mlebu agama Islam.

 فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهٗٓ اَنَّهٗ عَدُوٌّ لِّلّٰهِ تَبَرَّاَ مِنْهُۗ

Mulane bareng Nabi Ibrahim wis pirsa terang menawa ramane mau mungsuhe Allah, iya banjur ora sida nyuwunake pangapura.

اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ لَاَوَّاهٌ حَلِيْمٌ﴿114﴾

Satemene Nabi Ibrahim wong kang lembah manah lan santun (welasan). (114)

وَمَا كَانَ اللهُ لِيُضِلَّ قَوْمًاۢ بَعْدَ اِذْ هَدٰىهُمْ

Dene Allah sawise paring pitedah bener marang wong mukmin, ora pisan-pisan netepake kaluputane wong mukmin,

حَتّٰى يُبَيِّنَ لَهُمْ مَّا يَتَّقُوْنَۗ

Kajaba menawa wis ngundhangake larangan kang wajib disingkiri, kang mangka wong mukmin mau meksa nerak larangan.

 اِنَّ اللهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿115﴾

Satemene Allah iku Ngudaneni marang kabeh barang apa wae.  (115)

اِنَّ اللهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ

Satemene Allah iku Kagungan lan Nguwasani sekabehe panguwaose langit lan bumi.

 يُحْيٖ وَيُمِيْتُۗ

Kuwasa Nguripake lan mateni.

 وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ﴿116﴾

Sira kabeh ora padha duwe andel-andel, lan ora ana kang kuwasa tetulung kajaba mung Allah pribadi Kang Kuwasa (116)

لَقَدْ تَّابَ اللهُ عَلَى النَّبِيِّ وَالْمُهٰجِرِيْنَ وَالْاَنْصَارِ

Satemene Allah wis nampa tobate Nabi (Muhammad) anggone banjur nglilani pamite wong munafiq ora melu maju perang, lan nampa tobate para sahabat (Muhajirin) kang padha ndherek ngalih marang Madinah (lan sahabat Anshor) kang padha tetulung marang Rasuiullah,

 الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ فِيْ سَاعَةِ الْعُسْرَةِ مِنْۢ بَعْدِ مَا كَادَ يَزِيْغُ قُلُوْبُ فَرِيْقٍ مِّنْهُمْ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْۗ

kang padha maju perang kanthi rekasa lan sangsara. Malah nganti ana sahabat sawatara meh kendho setyatuhune, keduwung anggone melu maju perang. Sawise mengkono Allah nampa tobate lan paring pangapura marang para sahabat mau (marang isih padha teguh setyane).

اِنَّهٗ بِهِمْ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌۙ﴿117﴾

Satemene Allah iku Mahawelasasih marang para sahabat mau (117)

وَّعَلَى الثَّلٰثَةِ الَّذِيْنَ خُلِّفُوْاۗ

Allah uga wis paring pangapura marang para sahabat telu kang wis padha tetulung marang Rasuiullah, anggone padha keluputan ora melu maju perang.

حَتّٰٓى اِذَا ضَاقَتْ عَلَيْهِمُ الْاَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ وَضَاقَتْ عَلَيْهِمْ اَنْفُسُهُمْ

Sahabat telu mau Iuwih dening susah, rumangsa sesak (rupeg) marga disirik dening kanca-kancane, pangrasa sajembare bumi iki rupeg dienggoni.

 وَظَنُّوْٓا اَنْ لَّا مَلْجَاَ مِنَ اللهِ اِلَّآ اِلَيْهِۗ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْ لِيَتُوْبُوْاۗ

Ciptane: Ora ana pangungsen kang dienggo nyingkiri dedukane Allah, kajaba mung ngungsi marang Allah. Sawise katog panlangsane, Allah banjur paring pangapura marang sahabat telu mau, supaya padha tulusa tobate ing selawase, puliha tentrem kaya mau-maune,

اِنَّ اللهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ﴿118﴾ ع_

Satemene Allah iku kersa nampa tobate lan panyuwunan pangapurane kawulane sarta Maha Asih. (118)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا

He para wong kang iman kabeh

 اتَّقُوا اللهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ﴿119﴾

Sliramu padha ngabektia ing Allah lan padha dadiya kancane sapadha-padha wong kang setya tuhu. (119)

مَا كَانَ لِاَهْلِ الْمَدِيْنَةِ

Para sahabat kang padha manggon ana ing Madinah,

 وَمَنْ حَوْلَهُمْ مِّنَ الْاَعْرَابِ اَنْ يَّتَخَلَّفُوْا عَنْ رَّسُوْلِ اللهِ وَلَا يَرْغَبُوْا بِاَنْفُسِهِمْ عَنْ نَّفْسِهٖۗ

apa dene wong pegunungan kang padha manggon ana ing sakiwa tengen Madinah iku menawa Rasulullah maju perang, ora kena keri ana ngomah wae, lan ora kena dhemen ngepenakake awake dhewe, ora ngrewes marang rekasane Rasulullah.

 ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ لَا يُصِيْبُهُمْ ظَمَاٌ وَّلَا نَصَبٌ وَّلَا مَخْمَصَةٌ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ وَلَا يَطَـُٔوْنَ مَوْطِئًا يَّغِيْظُ الْكُفَّارَ

Anggone padha diawisi keri iku marga para sahabat lan wong pegunungan mau samangsa nglakoni rekasa ngrasakake ngelak, kangelan, luwe, ngambah ing panggonan kang njalari muringe wong kafir,

 وَلَا يَنَالُوْنَ مِنْ عَدُوٍّ نَّيْلًا اِلَّا كُتِبَ لَهُمْ بِهٖ عَمَلٌ صَالِحٌۗ

lan ngrasakake abot gitiking mungsuh, ana ing sajeroning Perang Sabilillah, iku mesthi ditulis dening Allah wis nglakoni penggawe becik.

 اِنَّ اللهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ﴿120﴾

Satemene Allah iku ora bakal ngilang-ngilangake ganjaran wong kang padha nindakake kabecikan. (120)

وَلَا يُنْفِقُوْنَ نَفَقَةً صَغِيْرَةً وَّلَا كَبِيْرَةً

Dene menawa para sahabat utawa wong pegunungan mau ngragadi perang, akeh utawa sethithik,

 وَّلَا يَقْطَعُوْنَ وَادِيًا اِلَّا كُتِبَ لَهُمْ

Apadene menawa lakune ngliwati jurang, iku mesthi tinulis becik tumrap dheweke,

 لِيَجْزِيَهُمُ اللهُ اَحْسَنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿121﴾

Allah Paring Wewales Kang Luwih Becik marang dheweke, amarga saka apa kang wus padha ditindhakake. (121)

وَمَا كَانَ الْمُؤْمِنُوْنَ لِيَنْفِرُوْا كَاۤفَّةًۗ

Para wong kang iman ora kena maju  perang sekabehane.

 فَلَوْلَا نَفَرَ مِنْ كُلِّ فِرْقَةٍ مِّنْهُمْ

Mung mangkata maju perang saperangan wae.

 طَاۤىِٕفَةٌ لِّيَتَفَقَّهُوْا فِى الدِّيْنِ

Dene kang sagolongan tinggala mersudi kawruh  perkara agama.

وَلِيُنْذِرُوْا قَوْمَهُمْ اِذَا رَجَعُوْٓا اِلَيْهِمْ

Kang tinggal mau banjur bisa ngabarake dhawuhing Allah, samangsa kang maju perang mau kondur.

 لَعَلَّهُمْ يَحْذَرُوْنَ﴿122﴾ ع_15

Supaya kabeh padha ngati-ati(122)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

He sira kang padha iman!

 قَاتِلُوا الَّذِيْنَ يَلُوْنَكُمْ مِّنَ الْكُفَّارِ وَلْيَجِدُوْا فِيْكُمْ غِلْظَةًۗ

Padha serbunen para wong kafir kang ana ing sacedhake panggonanmu, supaya padha ngerti antebing tekad ing sajeroning atimu.

 وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ﴿123﴾

Padha weruha yen Allah iku Nyartani para wong kang padha prayitna (123)

وَاِذَا مَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ

Nalika ana sawijining surat Al-Qur’an didhawuhake,

 فَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ اَيُّكُمْ زَادَتْهُ هٰذِهٖٓ اِيْمَانًاۚ

Ana sawenehe wong munafiq kang padha rerasan karo kancane, celathune: “Para kancaku kabeh, apa ana kang banjur tambah percayane marang Nabi Muhammad marga ana surat Al-Qur’an kang mengkene iki?”

 فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَزَادَتْهُمْ اِيْمَانًا وَّهُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَ﴿124﴾

 (Dhawuhing Allah): “Kabeh wong mukmin mesthi padha tambah percayane, sarta padha bungah.” (124)

وَاَمَّا الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ

Wondhene para kang ing jeroning ati-atine ana lelarane, (mamang Ian munafiq),

 فَزَادَتْهُمْ رِجْسًا اِلٰى رِجْسِهِمْ

Iku mung ngundhakake jejember marang jejembere, Ayat-ayat  Al-Qur’an bakal njalari tambahing kafire,

 وَمَاتُوْا وَهُمْ كٰفِرُوْنَ﴿125﴾

Sarta wong mau bakal padha tilar donya kanthi kafir (125)

اَوَلَا يَرَوْنَ اَنَّهُمْ يُفْتَنُوْنَ فِيْ كُلِّ عَامٍ مَّرَّةً اَوْ مَرَّتَيْنِ

Wong munafiq mau padha ora rumangsa anggone saben setahun kambah ing reribet sepisan utawa kaping pindho,

 ثُمَّ لَا يَتُوْبُوْنَ وَلَا هُمْ يَذَّكَّرُوْنَ﴿126﴾

Ewadene padha ora gelem tobat, lan ora eling sumungkem ing Allah. (126)

وَاِذَا مَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ نَّظَرَ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍۗ

Nalika ana ayat-ayat Al-Qur’an didhawuhake, wong munafiq mau padha pandeng-pinandeng karo kancane, surasane:

 هَلْ يَرٰىكُمْ مِّنْ اَحَدٍ ثُمَّ انْصَرَفُوْاۗ

“Samangsa wong Islam iku padha kalimpe, ora ana wong siji kang weruh, ayo padha amblas saka ngarsane Rasulullah”. Bareng wong Islam kalimpe wong-wong munafiq padha mbolos,

 صَرَفَ اللهُ قُلُوْبَهُمْ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ﴿127﴾

Mulane Allah banjur nasarake penemune wong munafiq iku, amarga ora gelem mangerti. (127)

لَقَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ

Sayekti ing sira kabeh wis dirawuhi utusane Allah (aran Nabi Muhammad), panjenegane  iku saka kancamu dhewe,

عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ

Banget anggone mrihatinake sliramu kabeh, supaya aja nganthi tumiba ing kasusahan,

 بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ﴿128﴾

Marang wong kang iman banget santun lan welas asih. (128)

فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ

Dene menawa dheweke padha mlengos saka sliramu, banjura dhawuh:

 حَسْبِيَ اللهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ

“Kang nyukupi lan nulungi ingsun iku Allah. Ora ana sesembahan kajaba mung Allah.

 عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ﴿129﴾ع_16

Perkara iki ingsun sumanggakake ing Allah. Allah iku Pengerane Panguwasa, tur  Kang Maha Agung. (129)

***

 

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!