Qur’an Surah (20) Al-Ankabut (Kemangga). 69 ayat
سُورَةُ اَلْاَنْكَبُوْتِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤۗ﴿1﴾
(1) Alif Lam Miem. Allah Piyambak Ingkang Wuninga Tegesipun (1)
اَحَسِبَ النَّاسُ اَنْ يُّتْرَكُوْٓا اَنْ يَّقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا
Apa para manungsa duwe pangira menawa wis ngucap: “Ingsun percaya ing Allah lan marang Rasul,”
وَهُمْ لَا يُفْتَنُوْنَ﴿2﴾
iku banjur ditogake wae, tanpa diparingi coba? (2)
وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ
Lan satemene wong-wong ing zaman sadurunge wis padha Ingsun Allah paringi coba.
فَلَيَعْلَمَنَّ اللهُ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكٰذِبِيْنَ﴿3﴾
Banjur Ingsun Meruhake antarane wong kang padha temen Ian wong kang padha goroh anggone iman (3)
اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِ اَنْ يَّسْبِقُوْنَاۗ
Apa para kang padha nglakoni panggawe ala padha ngira, yen bakal padha bisa angoncati pengawasan Ingsun?
سَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ﴿4﴾
Ala panemune iku! (4)
مَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ اللهِ
Sing sapa ngarep-arep ketemu marang kanugrahane Allah,
فَاِنَّ اَجَلَ اللهِ لَاٰتٍۗ
Ing tembe mesthi bakal kelakon,
وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿5﴾
lan Allah iku Maha-Midhanget tur Maha-Uninga. (5)
وَمَنْ جَاهَدَ
Lan sing sapa kang temen-temen nyengkut anggone nindhak-ake Perintahe Allah,
فَاِنَّمَا يُجَاهِدُ لِنَفْسِهٖۗ
Jan-jane iku kanggo kabegjane wong mau dhewe,
اِنَّ اللهَ لَغَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ﴿6﴾
satemene Allah iku Maha Sugih, Ora Mbutuhake marang alam saisine (6)
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Dene wong-wong kang iman, lan padha nindakake kabecikan,
لَنُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ
Iku kabeh tindak lakune kang ala wingi-wingi padha Ingsun paringi pangapura,
وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَحْسَنَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿7﴾
lan bakal Ingsun paringi ganjaran kang luwih becik tinimbang amal kang ditindakake (7)
وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًاۗ
Lan Ingsun wus Ndhawuhi manungsa, supaya laku becik marang wong tuwane,
وَاِنْ جَاهَدٰكَ لِتُشْرِكَ بِيْ
Tapi manawa dheweke meksa sliramu supaya nyakuthokake Ingsun
مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَاۗ
babagan kang sliramu ora duwe ngilmune, sakarone aja padha diturut.
اِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاُنَبِّئُكُمْ
Marang Ingsun balimu, tumuli Ingsun bakal Njelentrehake marang sira
بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿8﴾
ing barang kang wus padha sira lakoni. (8)
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Dene wong kang padha iman lan padha nindakake kabecikan,
لَنُدْخِلَنَّهُمْ فِى الصّٰلِحِيْنَ﴿9﴾
iku padha Ingsun golongake para wong becik. (9)
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ
Sawenehe manungsa ana kang ngucap: “Kita percaya ing Allah.”
فَاِذَآ اُوْذِيَ فِى اللهِ جَعَلَ فِتْنَةَ النَّاسِ كَعَذَابِ اللهِۗ
Nanging menawa dialani dening wong kafir, wedine marang brahalaning manungsa digawe padha karo wedine marang siksane Allah.
وَلَىِٕنْ جَاۤءَ نَصْرٌ مِّنْ رَّبِّكَ لَيَقُوْلُنَّ اِنَّا كُنَّا مَعَكُمْۗ
Dene menawa ana pitulungane Pengeranmu marang wong mukmin, banjur celathu: “Temen aku iki salawase bareng sira kabeh.
اَوَلَيْسَ اللهُ بِاَعْلَمَ بِمَا فِيْ صُدُوْرِ الْعٰلَمِيْنَ﴿10﴾
Allah iku apa ora Wuninga marang sakrenteging atine sealam kabeh?” (10)
وَلَيَعْلَمَنَّ اللهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ﴿11﴾
Lan satemene Allah Wuninga marang wong kang temen-temen anggone Iman, sarta Ngudaneni marang para wong lamis. (11)
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّبِعُوْا سَبِيْلَنَا وَلْنَحْمِلْ خَطٰيٰكُمْۗ
Lan wong kafir padha celathu marang wong kang iman: Padha manuta dedalanku, kabeh kaluputanmu tak sanggane.
وَمَا هُمْ بِحَامِلِيْنَ مِنْ خَطٰيٰهُمْ مِّنْ شَيْءٍۗ
Ora pisan-pisan dheweke iku bisa nyangga kaluputan sethithik-thithika,
اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ﴿12﴾
satemene dheweke iku temen padha goroh. (12)
وَلَيَحْمِلُنَّ اَثْقَالَهُمْ وَاَثْقَالًا مَّعَ اَثْقَالِهِمْ
Lan benere wong kafir bakal mikul dosane dhewe kang ditindakake anggone kafir, sarta dosa anggone nasarake.
وَلَيُسْـَٔلُنَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ
Ing besuk dina qiyamat, bakal padha didangu
عَمَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ﴿13﴾ع_1
anggone padha gawe-gawe. (13)
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ
Lan yekti temen Ingsun wis ngutus Nuh, nuduhake marang para ummate.
فَلَبِثَ فِيْهِمْ اَلْفَ سَنَةٍ اِلَّا خَمْسِيْنَ عَامًاۗ
Dheweke anggone nerang-nerangake para umate mau nganti sewu tahun kurang seket, tansah dipadoni wae.
فَاَخَذَهُمُ الطُّوْفَانُ وَهُمْ ظٰلِمُوْنَ﴿14﴾
Bareng wis cetha para umate padha maido, banjur tinumpes sarana dikelem ing banyu banjir thufan, kabeh padha mati kafir. (14)
فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَصْحٰبَ السَّفِيْنَةِ
Nuh sakancane kang padha ana perahu, padha Ingsun paringi selamet, ora melu tumpes.
وَجَعَلْنٰهَآ اٰيَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ﴿15﴾
Perahune Nuh Ingsun dadekake tandha bebener tumrap wong sangalam kabeh. (15)
وَاِبْرٰهِيْمَ اِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ اعْبُدُوا اللهَ وَاتَّقُوْهُۗ
Lan maneh Ingsun ngutus Ibrahim, nalika samana Ibrahim maringi pitutur marang umate: “Sira padha manembaha ing Allah lan bektia ing Panjenengane.
ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ﴿16﴾
Kang kaya mengkono iku luwih becik tumrap ing sira menawa sira padha mangerti.” (16)
اِنَّمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ اَوْثَانًا وَّتَخْلُقُوْنَ اِفْكًاۗ
Sejatine sing padha sira sembah sliyane Allah iku brahala. Lan sira agawe gegorohan.
اِنَّ الَّذِيْنَ تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ لَا يَمْلِكُوْنَ لَكُمْ رِزْقًا
Lan kang sira sembah saliyane Allah iku ora duwe daya paring rizki marang sira.
فَابْتَغُوْا عِنْدَ اللهِ الرِّزْقَ وَاعْبُدُوْهُ وَاشْكُرُوْا لَهٗۗ
Mulane sira padha nyuwuna rezeki marang Allah, sarta gelema manembah lan syukur ing Allah.
اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ﴿17﴾
Ing tembe sira bakal disowanake bali ana ing ngarsane Allah. (17)
وَاِنْ تُكَذِّبُوْا فَقَدْ كَذَّبَ اُمَمٌ مِّنْ قَبْلِكُمْۗ
Lan manawa sira kabeh padha anggorohake kasunyatan, para umat ing sadurungmu iya wus padha anggorohake.
وَمَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ﴿18﴾
Lan tanggungjawabe utusan iku ora Iiya kajaba mung ngandharake ayahan kelawan terang. (18)
اَوَلَمْ يَرَوْا كَيْفَ يُبْدِئُ اللهُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗۗ
Wong kafir apa ora sumurup anggone Allah miwiti purwaning tumitah barang kang dumadi nuli angambali, besuk ana ing akhirat banjur disowanake marang ngarsane Allah
اِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللهِ يَسِيْرٌ﴿19﴾
Kang mengkono iku mungguhing Allah gampang wae.” (19)
قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ بَدَاَ الْخَلْقَ
Dhawuha: Padha lumakua ing bumi banjur delengen, kapriye Panjenengane Allah amiwiti purwaning tumitah,
ثُمَّ اللهُ يُنْشِئُ النَّشْاَةَ الْاٰخِرَةَۗ
tumekan Allah andadekake dumadi kang kari.
اِنَّ اللهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌۚ﴿20﴾
Sayekti Allah iku marang samubarang Kawasa (20)
يُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَرْحَمُ مَنْ يَّشَاۤءُۚ
Panjenengane Allah paring azab marang wong kang dadi Kersane, lan paring Sih Kawelasan marang kang dadi Kersane.
وَاِلَيْهِ تُقْلَبُوْنَ﴿21﴾
Kabeh mau padha dibalekake marang Kersane Allah. (21)
وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِۖ
Sira kabeh senadyan ana ing bumi utawa ana ing langit, padha ora bisa nguwasani pangadilane Allah,
وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ﴿22﴾ ع_2
Lan ora ana kang bisa nguwasani, utawa bisa menehi pitulungan marang sira, kajaba mung Allah Piyambak. (22)
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللهِ وَلِقَاۤىِٕهٖٓ
(Pangandikane Allah): “Kabeh wong kang maido ayate Allah lan maido bakal tangine wong kang wis mati,
اُولٰۤىِٕكَ يَىِٕسُوْا مِنْ رَّحْمَتِيْ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿23﴾
Iku kabeh padha adoh saka Kamurahan Ingsun, sarta padha diparingi patrapan siksa kang nglarani.” (23)
فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوا
Para ummate Ibrahim tanpa mangsuli apa-apa, mung padha ngucap mengkene:
اقْتُلُوْهُ اَوْ حَرِّقُوْهُ فَاَنْجٰىهُ اللهُ مِنَ النَّارِۗ
“Ibrahim iku patenana bae, utawa obongen, (wusana Ibrahim kelakon diobong), nanging dheweke lngsun paringi selamet saka geni, (geni mau tumrape Ibrahim dadi adhem),
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ﴿24﴾
kang mengkono mau mesthi dadi tandha bebener tumrap wong kang padha mukmin. (24)
وَقَالَ اِنَّمَا اتَّخَذْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ اَوْثَانًاۙ مَّوَدَّةَ بَيْنِكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ
(Ibrahim) ngendika: “Sira padha mengerani brahala kanggo lantaran anggonmu sih sinisihan karo kancamu ana ing donya iki,
ثُمَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكْفُرُ بَعْضُكُمْ بِبَعْضٍ وَّيَلْعَنُ بَعْضُكُمْ بَعْضًاۖ
Nanging sira padha sumurupa besuk ing dina qiyamat, wong kang dadi penuntun manembah brahala iku bakal mungkir (selak) marang kang dituntun, dheweke, iya bakal selak marang wong kang nuntun.
وَّمَأْوٰىكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَۖ﴿25﴾
Ora wurung panggonanmu bakal ana ing neraka, sarta ora ana kang bakal bisa nulungi sira.” (25)
فَاٰمَنَ لَهٗ لُوْطٌۘ وَقَالَ اِنِّيْ مُهَاجِرٌ اِلٰى رَبِّيْۗ
Luth banjur percaya marang Ibrahim. Pangucape Ibrahim: “Ingsun iki nglungani, ninggal para ummatiningsun, andherek marang Allah Pangeraningsun.
اِنَّهٗ هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ﴿26﴾
Satemene Allah iku Mahamulya tur Mahawicaksana. (26)
وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ
Ibrahim (sawise duwe putra lsma’ il) Ingsun paringi putra maneh aran Ishaq, lan Ya’qub.
وَجَعَلْنَا فِيْ ذُرِّيَّتِهِ النُّبُوَّةَ وَالْكِتٰبَ
Ingsun temtokake para turune Ibrahim dadi Rasul lan padha Ingsun paringi Kitab.
وَاٰتَيْنٰهُ اَجْرَهٗ فِى الدُّنْيَاۚ
Ibrahim Ingsun paringi ganjaran ana ing donya, (yaiku diaji-aji lan dialembana dening para wong agama).
وَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ﴿27﴾
Dene ana ing akhirat Ingsun golongake wong kang becik-becik. (27)
وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اِنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَۖ
(Muhammad) sira critakna lelakone Luth, nalikane paring pangandika marang para ummate: “Sira iku padha nindakake penggawe ala, (cumbana padha wong Ianang).
مَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ اَحَدٍ مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ﴿28﴾
Wong-wong kuna ing zaman iki durung nate kang nglakoni ala kaya mengkono iku.” (28)
اَىِٕنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ وَتَقْطَعُوْنَ السَّبِيْلَ ەۙ
“Ya gene sira teka cumbana padha wong lanang, sarta padha ambegal ana ing dalan,
وَتَأْتُوْنَ فِيْ نَادِيْكُمُ الْمُنْكَرَۗ
Apa dene padha tumindak ala ana ing pakumpulanmu.”
فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوا ائْتِنَا بِعَذَابِ اللهِ
Para ummate Luth wangsulane ora ana mung mengkene: “Dhuh Luth, cobi panjenengan andhatengaken azabipun Allah kajengipun dipun dhawahaken dhateng kita.
اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ﴿29﴾
Manawi pangandikan panjenengan punika leres,” (29)
قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ
Luth munjuk ing Allah: “Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi maringi pituIungan dhumateng kawula,
عَلَى الْقَوْمِ الْمُفْسِدِيْنَ﴿30﴾ ع_3
ngawonaken para tiyang ingkang sami damel kerisakan punika. ” (Para umate Nabi Luth banjur ditungka udan watu sarta diwalik bumine). (30)
وَلَمَّا جَاۤءَتْ رُسُلُنَآ اِبْرٰهِيْمَ بِالْبُشْرٰىۙ
Para malaikat utusaningsun (sadurunge numpes para umate Nabi Luth) teka ing daleme Ibrahim, paring khabar marang panjenengane, (menawa bakal keparingan putra lanang).
قَالُوْٓا اِنَّا مُهْلِكُوْٓا اَهْلِ هٰذِهِ الْقَرْيَةِۚ
Kajaba iku para Malaikat matur mengkene: “Kita punika badhe numpes para tiyang ing Sadzum, ummatipun Luth,
اِنَّ اَهْلَهَا كَانُوْا ظٰلِمِيْنَۚ﴿31﴾
awit piyambake sami nganiaya, duraka kafir.” (31)
قَالَ اِنَّ فِيْهَا لُوْطًاۗ
Ibrahim matur marang Malaikat utusan mau: “Ing Sadzum punika wonten tiyang ingkang sae, inggih punika Luth.”
قَالُوْا نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَنْ فِيْهَاۖ
Malaikat mangsuli: “Kita sampun sumerap para tiyang sae ingkang sami wonten ing Sadzum.
لَنُنَجِّيَنَّهٗ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ﴿32﴾
Luth dalah para pendherekipun temtu kita wilujengaken, namung semahipun Luth, sarehne piyambakipun ngombyongi tiyang awon, mila pinasthi tumut katumpes. (32)
وَلَمَّآ اَنْ جَاۤءَتْ رُسُلُنَا لُوْطًا سِيْۤءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا
Para malaikat utusaningsun mau bareng wis teka ing daleme Luth, dheweke sedhih lan bingung (amarga ketamunan wong-wong bagus, kuwatir ora wurung digrejeg dicumbana ing para ummate).
وَّقَالُوْا لَا تَخَفْ وَلَا تَحْزَنْۗ
Ature: “Dhuh Luth, panjenengan sampun sisah utawi kuwatos,
اِنَّا مُنَجُّوْكَ وَاَهْلَكَ
panjenengan dalah pendherek panjenengan, kita wilujengaken,
اِلَّا امْرَاَتَكَ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ﴿33﴾
Namung garwa panjenengan, punika pinasthi kantun, tumut katumpes.” (Awit piyam bakipun ngrojongi tiyang awon). (33)
اِنَّا مُنْزِلُوْنَ عَلٰٓى اَهْلِ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ
“(Sapunika panjenengan kula aturi sumingkir tebih saking mriki), kita lajeng nurunaken dhateng para tiyang Sadzum punika,
رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ﴿34﴾
siksa (jawah sela) saking langit, (sarta lajeng kita walik bumini pun), amargi anggenipun sami duraka.” (34)
وَلَقَدْ تَّرَكْنَا مِنْهَآ
Dene patilasane (wong ing Sadzum kang tinumpes mau), Ingsun lestarekake anane,
اٰيَةً ۢبَيِّنَةً لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ﴿35﴾
Minangka dadi tandha bebener kang cetha tumrap wong kang padha gelem migunakake akale. (35)
وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًاۙ
Ingsun wis ngutus Syu’aib, Ingsun kersakake nekakake lan nerang-nerangake marang para sedulure, yaiku wong-wong ing Madyan.
فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللهَ وَارْجُوا الْيَوْمَ الْاٰخِرَ
Syu’aib ngendika mengkene: “Para sedulur ingsun kabeh, sira padha manembaha ing Allah, wediya bakal tekane dina qiyamat.
وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَۖ﴿36﴾
Lan aja padha gawe kerusakan ana ing bumi.” (36)
فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ
Wong ing Madyan anggorohake marang Syu’aib, wusana padha tumpes dening lindu gedhe
فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ﴿37﴾
anempuh ing kono padha mati ing ngenggon, ana ing padunungane. (37)
وَعَادًا وَّثَمُوْدَا۟ وَقَدْ تَّبَيَّنَ لَكُمْ مِّنْ مَّسٰكِنِهِمْۗ
Lan maneh Ingsun wis numpes wong ‘Ad lan wong Tsamud, sira wis padha sumurup cetha patilasan panggonane.
وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ
Setan anggodha marang wong ‘Ad lan Tsamud mau, padha demen marang tindake dhewe, anggone duraka lan nasarake banjur nyimpang saka dalan keselametan,
وَكَانُوْا مُسْتَبْصِرِيْنَۙ﴿38﴾
tur dheweke mau padha duwe akal kang waskitha (38)
وَقَارُوْنَ وَفِرْعَوْنَ وَهَامٰنَۗ
Lan maneh Ingsun wis numpes Qarun lan Fir’aun sarta Haman,
وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مُّوْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ فَاسْتَكْبَرُوْا فِى الْاَرْضِ
kabeh mau sadurunge Ingsun tumpes, wis ditekakake dening Musa, kanthi tandha bebener pirang-pirang nanging meksa padha gumedhe ana ing bumi.
وَمَا كَانُوْا سَابِقِيْنَۚ﴿39﴾
Kabeh mau ora bisa ngoncati saka siksa Ingsun. (39)
فَكُلًّا اَخَذْنَا بِذَنْۢبِهٖۙ
Siji-sijine wong kafir kasebut mau kabeh, padha Ingsun paringi patrapan siksa, amarga dosane.
فَمِنْهُمْ مَّنْ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِ حَاصِبًاۚ
Saweneh ana kang Ingsun udani watu,
وَمِنْهُمْ مَّنْ اَخَذَتْهُ الصَّيْحَةُۚ
lan ana kang dirusak kanthi suara kang banter banget,
وَمِنْهُمْ مَّنْ خَسَفْنَا بِهِ الْاَرْضَۚ
lan ana kang diuntal ing bumi,
وَمِنْهُمْ مَّنْ اَغْرَقْنَاۚ
lan ana kang Ingsun kelem ing banyu banjir.
وَمَا كَانَ اللهُ لِيَظْلِمَهُمْ
Lan Allah iku ora pisan-pisan nganiaya marang para wong kafir mau.
وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ﴿40﴾
Nanging wong kafir mau sing nganiaya marang awake dewe . (40)
مَثَلُ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللهِ اَوْلِيَاۤءَ
Sanepane wong kang padha Mengeran marang liyane Allah,
كَمَثَلِ الْعَنْكَبُوْتِۚ اِتَّخَذَتْ بَيْتًاۗ
iku kaya upamane khewan kemangga gawa omah.
وَاِنَّ اَوْهَنَ الْبُيُوْتِ لَبَيْتُ الْعَنْكَبُوْتِۘ
Sumurupa, omah kang asor lan ringkih dhewe iku omah kemangga,
لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ﴿41﴾
lamun ta dheweke padha weruha. (41)
اِنَّ اللهَ يَعْلَمُ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ مِنْ شَيْءٍۗ
Satemene Allah iku Uninga brahala kang padha disembah dening wong kafir.
وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ﴿42﴾
Dene Allah iku Mahamulya tur Mahawicaksana. (42)
وَتِلْكَ الْاَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِۚ
Gegambaran kang padha kasebut ing Qur’an iki Ingsun terang-terangake marang para manungsa kabeh.
وَمَا يَعْقِلُهَآ اِلَّا الْعَالِمُوْنَ﴿43﴾
Nanging ora ana kang bisa mangerti kajaba wong kang anduweni kawruh saka Allah. (43)
خَلَقَ اللهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ
Panjenengane Allah wis nitahake langit lan bumi iku kelawan bener lan nyata,
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَ﴿44﴾ ع_1 جزء_21
satemene kang mengkono iku, mesthi dadi tandha bebener kasampurnane Allah tumrap wong-wong mukmin. (44)
اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ
(Muhammad) sliramu macaa kang wis diwahyuake marang sira yaiku Kitab Al-Qur’an,
وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِۗ
sarta anjumenengna sholat, awit sholat iku ngalang-alangi laku jahat lan duraka,
وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُۗ
Lan dadi eling ing Allah iku (luwih gedhe ganjarane) ngungkuli kabecikan liyane.
وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ﴿45﴾
Allah Uninga samubarang kang padha sira lakoni. (45)
وَلَا تُجَادِلُوْٓا اَهْلَ الْكِتٰبِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۖ
Sira aja pasulayan (rembug) karo wong ahlul kitab (Yahudi lan Nasrani), kajaba yen luwih becik, (hiya iku nganggo wewaton Al Qur’ an)
اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ
kajaba ana kang ngelawan perang (banjur sira layanana).
وَقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا بِالَّذِيْٓ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَاُنْزِلَ اِلَيْكُمْ
Lan ucapna mengkene: “Aku percaya marang Al-Qur’ an kang wis didhawuhake marang aku, lan uga percaya marang kitab kuna kang wis didhawuhake marang sira,
وَاِلٰهُنَا وَاِلٰهُكُمْ وَاحِدٌ وَّنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ﴿46﴾
Pengeranku tunggal karo Pengeranmu, iya iku Allah Mahaesa (Siji). Kita kabeh padha pasrah sumarah marang Allah.” (46)
وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَۗ
Mangkono uga Ingsun nurunake kitab Al-Qur’an marang sira (Muhammad)
فَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖۚ
Dene wong kang padha Ingsun paringi cecekelan kitab Taurat padha ngestokake Al-Qur’ an.
وَمِنْ هٰٓؤُلَاۤءِ مَنْ يُّؤْمِنُ بِهٖۗ
Sawenehe wong Mekkah iya ana kang ngestokake.
وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا الْكٰفِرُوْنَ﴿47﴾
Dene wong kang maido ayat ingsun iku ora ana maneh kajaba wong kafir. (47)
وَمَا كُنْتَ تَتْلُوْا مِنْ قَبْلِهٖ مِنْ كِتٰبٍ
Sira ora pisan-pisan maca kitab kuna sadurunge Al-Qur’an,
وَّلَا تَخُطُّهٗ بِيَمِيْنِكَ
Lan uga ora nulis Qur’an kelawan tangan tengenmu.
اِذًا لَّارْتَابَ الْمُبْطِلُوْنَ﴿48﴾
Upama sira bisa maca lan nulis, patut wong Yahudi kang padha maido iku mamang. (48)
بَلْ هُوَ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ
Qur’an iku tandha bebener kang terang,
فِيْ صُدُوْرِ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَۗ
Ing atine para wong kang iman kang padha pinaringan ilmu.
وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا الظّٰلِمُوْنَ﴿49﴾
Dene wong kang maido Qur’an iku ora liya kajaba wong kafir. Dheweke nganiaya awake dhewe. (49)
وَقَالُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيٰتٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ
Wong kafir padha ngucap: “Ya gene dheweke ora diparingi tandha bebener kaelokan dening Pengerane kaya Nabi kang mbiyen-mbiyen?”
قُلْ اِنَّمَا الْاٰيٰتُ عِنْدَ اللهِۗ
Sira dhawuha: “Kaelokan iku ana Astane Allah. Diturunake miturut Keparenging Allah.
وَاِنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ﴿50﴾
Wajibku mung ngelingake wae.” (50)
اَوَلَمْ يَكْفِهِمْ اَنَّآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ يُتْلٰى عَلَيْهِمْۗ
Apa wis cukup Ingsun nurunake Kitab Qur’an marang sira sabanjure wong padha diwacakake.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَرَحْمَةً وَّذِكْرٰى لِقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ﴿51﴾ ع_5
Satemene Qur’an iku isine rahmat lan piwulangan marang para wong mukmin. (51)
قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ شَهِيْدًاۚ
(Muhammad) sira dhawuha mengkene: “Anggonku pasulayan marang sira cukup disekseni dening Allah piyambak.”
يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Allah Uninga kabeh isining samubarang kang ana ing langit lan bumi.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِالْبَاطِلِ وَكَفَرُوْا بِاللّٰهِ
Dene serupane wong kang percaya marang samubarang kang luput, nyembah liyane Allah sarta maido,
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ﴿52﴾
iku tetep wong kang padha kapitunan.” (52)
وَيَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِۗ
Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege tekane siksa.
وَلَوْلَآ اَجَلٌ مُّسَمًّى لَّجَاۤءَهُمُ الْعَذَابُۗ
Lamun ora wis tinamtu mangsane kang pinasthi, sayekti wong kafir mesthi katekan siksa
وَلَيَأْتِيَنَّهُمْ بَغْتَةً
Sanalika tur ngagetake.
وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ﴿53﴾
Nganti padha ora nglegewa. (53)
يَسْتَعْجِلُوْنَكَ بِالْعَذَابِۗ
Wong kafir padha nantang marang sira(Muhammad) anggege siksa ana ing donya,
وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيْطَةٌ ۢبِالْكٰفِرِيْنَۙ﴿54﴾
satemene besuk dina qiyamat, neraka Jahannam ngrungkebi wong kafir. (54)
يَوْمَ يَغْشٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ اَرْجُلِهِمْ
Ing dina qiyamat iku, siksa neraka nempuh marang wong kafir saka dhuwur lan ngisore sikile.
وَيَقُوْلُ ذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿55﴾
Allah ngendika: “Padha rasakna wewalese barang kang wis padha sira lakoni biyen.” (55)
يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا
Para kawulaningsun kang padha iman,
اِنَّ اَرْضِيْ وَاسِعَةٌ
Bumi iku jembar,
فَاِيَّايَ فَاعْبُدُوْنِ﴿56﴾
Mulane padha-a manembaha marang Ingsun. (56)
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ
Sarupane awak kang urip mesthi ngrasakake mati,
ثُمَّ اِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ﴿57﴾
tumuli banjur padha dibalekake marang Ngarsa Ingsun. (57)
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik,
لَنُبَوِّئَنَّهُمْ مِّنَ الْجَنَّةِ غُرَفًا
Mesthi Ingsun panggonake ana ing panggonan kang luhur ing suwarga,
تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ
Kang ana banyune mili ana sangisore kekayon kang langgeng.
نِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَۖ﴿58﴾
Becik temen ganjarane wong kang padha ngelakoni bekti. (58)
الَّذِيْنَ صَبَرُوْا
Iya iku wong kang teguh atine anggone ketaman pihalane wong kafir
وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ﴿59﴾
Sarta padha pasrah ing Allah. (59)
وَكَاَيِّنْ مِّنْ دَاۤبَّةٍ لَّا تَحْمِلُ رِزْقَهَاۖ اللهُ يَرْزُقُهَا
Pira wae kewan kang ora nggawa rizkine, nanging Allah paring rezeki marang kewan mau.
وَاِيَّاكُمْ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿60﴾
Apa maneh marang sliranu. Allah Mahamidhanget tur Mahauninga. (60)
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ
Menawa sliramu takon marang wong kafir: “Sapa kang agawe bumi lan langit. Kang mrentah srengenge lan rembulan?”
لَيَقُوْلُنَّ اللهُۗ
Padha mangsuli: “Inggih Allah.”
فَاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ﴿61﴾
Yen mangkono apa kang makewuhi anggone arep percaya ing Allah? (61)
اَللهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ وَيَقْدِرُ لَهٗۗ
Allah paring rezeki marang para kawulane kang dadi Kepareng Kersane, lan ana uga kang diparingi rezeki kurang,
اِنَّ اللهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿62﴾
satemene Allah Mahauninga tumrap samubarang. (62)
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ نَّزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِ مَوْتِهَا
Menawa sira takon marang dheweke: “Sapa kang nurunake banyu udan saka langit, banjur dianggo nguripake bumi kang wis mati ?”
لَيَقُوْلُنَّ اللهُۙ
Padha mangsuli: “Inggih Allah.”
قُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِۗ
Dhawuha: “Sakabehing puji iku konjuk Allah.” (Aku bungah dene kowe padha weruh kuwasaning Allah).
بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ﴿63﴾ع_6
Ewa dene akeh wong padha ora anggunakake akal.” (63)
وَمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَهْوٌ وَّلَعِبٌۗ
Kahuripan donya iki kena dibahasa-ake dholanan lan tanpa guna.
وَاِنَّ الدَّارَ الْاٰخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُۘ
Menawa padha weruh yen pomahan akhirat iku panguripan kang sejati,
لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ﴿64﴾
Kudune banjur padha mangerti (64)
فَاِذَا رَكِبُوْا فِى الْفُلْكِ دَعَوُا اللهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ
Nalikane nunggang kapal (ana satengahing segara), kuwatir kelem banjur padha sumungkem nyuwun selamet ing Allah kaya wong kang suci atine, anggone ngelakoni agama konjem ing Allah
فَلَمَّا نَجّٰىهُمْ اِلَى الْبَرِّ اِذَا هُمْ يُشْرِكُوْنَۙ﴿65﴾
Bareng wis selamet tekan dharatan, Banjur padha bali musyrik. (65)
لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۙ وَلِيَتَمَتَّعُوْاۗ
Wusana wong kafir mahu tanpa panarima anggone diparingi kabungahan. Padha bungah-bungah anggone pakumpulan nyembah brahala.
فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ﴿66﴾
Ing tembe bakal weruh kawusanane. (66)
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا جَعَلْنَا حَرَمًا اٰمِنًا
Apa padha ora weruh yen Ingsun dadekake tanah suci Mekkah negara santosa lan tata tentrem.
وَّيُتَخَطَّفُ النَّاسُ مِنْ حَوْلِهِمْۗ
Lan negara kiwatengene padha ngrebut ngrampas?
اَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُوْنَ
Apa dheweke percaya perkara kang batil
وَبِنِعْمَةِ اللهِ يَكْفُرُوْنَ﴿67﴾
lan maido marang kabungahan Peparinge Allah? (67)
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهٗۗ
Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang gawe-gawe celathu goroh dikandhakake dhawuhing Allah. Lan maido barang kang bener sawuse didhawuhake (dening Muhammad).
اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْكٰفِرِيْنَ﴿68﴾
Apa ora ana panggonan neraka Jahannam kanggo wong sing ora percaya? (68)
وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فِيْنَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَاۗ
Lan para kang padha nyrempeng nindaki parintah Ingsun, satemene bakal padha Ingsun tuntun ing dedalan Ingsun.
وَاِنَّ اللهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِيْنَ﴿69﴾ ع_7
Lan satemene Allah iku temen anyengkuyung para kang padha agawe becik. (69)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.