Terjemah Jawa Q.S (8) Al-Anfal (Barang Jarahan). 75 Ayat

Qur’an Surah (8) Al-Anfal (Barang Jarahan Perang), 75 ayat

سُورَةُ الْاَنْفَالِ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَنْفَالِۗ

(Muhammad), para ummatmu padha nyuwun katrangan perkara barang jarahan perang,

قُلِ الْاَنْفَالُ لِلّٰهِ وَالرَّسُوْلِۚ

Sira dhawuha: “Barang jarahan perang iku kagungane Allah lan kagungane rasul (kabage dening rasul miturut dhawuhe Allah).”

فَاتَّقُوا اللهَ

Mulane sira padhaa prayitna wajibmu ing Allah (aja padha pasulayan perkara jarahan),

وَاَصْلِحُوْا ذَاتَ بَيْنِكُمْۖ

Lan padha tumindaka kang becik ing antarane sira kabeh (padha atut runtuta marang para kancamu).

وَاَطِيْعُوا اللهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿1﴾

Lan padha ndhereka marang dhawuhe Allah lan utusane, yen nyata sira kabeh padha mukmin.(1)

اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِرَ اللهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ

Dene kang diarani wong-wong mukmin, yaiku wong-wong kang menawa Asmane Allah disebut, banjur konjem atine (tambah bektine ing Allah).

وَاِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ اٰيٰتُهٗ

Lan menawa krungu wong maca ayat-ayating AIIah,

زَادَتْهُمْ اِيْمَانًا وَّعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۙ﴿2﴾

Banjur tambah kenceng imane marang Allah. Lan dheweke padha pasrah marang Allah Pangerane(2)

الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ

Yaiku wong-wong kang padha anjumenengake sholat,

وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۗ﴿3﴾

lan padha nanjaake bandha kang Ingsun paringake. (3)

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ

Wong kang mengkono mau, tetep diarani wong mukmin temenan.

لَهُمْ دَرَجٰتٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ

Dheweke padha kaparingan pangkat mulya ana ngarsane Pengerane,

وَمَغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌۚ﴿4﴾

Lan pikantuk pangapura sarta rezeki kang mulya. (4)

كَمَآ اَخْرَجَكَ رَبُّكَ مِنْۢ بَيْتِكَ بِالْحَقِّۖ

Padha wae karo kersane Pengeran anggone dhawuh marang sira, ngendikakake metu saka ngomah netepi bener methukake mungsuh (wong kafir).

وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ لَكٰرِهُوْنَ﴿5﴾

Lan satemene sagoiongan saka wong mukmin ana uga kang padha gething (ora serujuk). (5)

يُجَادِلُوْنَكَ فِى الْحَقِّ بَعْدَ مَا تَبَيَّنَ

Wong-wong mau, senajan wis oleh keterangan saka wahyu, menawa anggone arep methukake mungsuh mesthi menang, ewadene iya meksa mbantah marang sira Muhammad, (arebut bener, apa methukake mungsuh apa nyimpang ngoyak jarahan).

كَاَنَّمَا يُسَاقُوْنَ اِلَى الْمَوْتِ وَهُمْ يَنْظُرُوْنَۗ﴿6﴾

Atine padha abot methukake mungsuh, rasane prasasat digiring bakal dipateni, ing mangka dheweke padha ndeieng. (6)

وَاِذْ يَعِدُكُمُ اللّٰهُ اِحْدَى الطَّاۤىِٕفَتَيْنِ

Lan sira padha elinga nalikane Allah paring janji, menawa sira bakal padha oleh kemenangan kelawan salah sijine golongan loro

اَنَّهَا لَكُمْ وَتَوَدُّوْنَ اَنَّ غَيْرَ ذَاتِ الشَّوْكَةِ تَكُوْنُ لَكُمْ

lan sira kabeh padha seneng menawa oleh kemenangan saka golongan kang ora duwe kekuwatan.

وَيُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّحِقَّ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ

Allah Kersa mbenerake lan netepake barang kang bener kelawan Pangandikane,

وَيَقْطَعَ دَابِرَ الْكٰفِرِيْنَۙ﴿7﴾

lan Panjenengane Kersa medhot pungkasane (kekalahane) wong-wong kafir. (7)

لِيُحِقَّ الْحَقَّ

Panjenengane Allah kersa mbenerake barang bener

وَيُبْطِلَ الْبَاطِلَ

lan mbatalake barang batal

وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُوْنَۚ﴿8﴾

senajan kang mengkono iku wong-wong kang dosa padha gething. (8)

اِذْ تَسْتَغِيْثُوْنَ رَبَّكُمْ فَاسْتَجَابَ لَكُمْ

Dhek semana sira padha nyuwun pitulungan marang Pengeran banjur disembadani panyuwunmu.

اَنِّيْ مُمِدُّكُمْ بِاَلْفٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُرْدِفِيْنَ﴿9﴾

Ing kono Ingsun Mitulungi marang sira kabeh, sarane tekane malaikat cacahe 1000 kang tekane gilir-gumanti. (9)

وَمَا جَعَلَهُ اللهُ اِلَّا بُشْرٰى وَلِتَطْمَىِٕنَّ بِهٖ قُلُوْبُكُمْۗ

Lan Panjenengane Allah anggone Paring Pitulungan mau Kersane ora liya dienggo mbebungah sira, supaya tentrem atimu.

وَمَا النَّصْرُ اِلَّا مِنْ عِنْدِ اللهِۗ

Dene pitulungan mau ora liya kajaba saka Ngarsane Allah Piyambak.

اِنَّ اللهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿10﴾

Allah iku Ingkang Mahamulya sarta Ingkang Mahawicaksana. (10)

اِذْ يُغَشِّيْكُمُ النُّعَاسَ اَمَنَةً مِّنْهُ

Nalikane sira perang dikersakake ngantuk dening Allah, saking dening anggonmu wis tentrem atimu, tanpa kuwatir,

وَيُنَزِّلُ عَلَيْكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً

sarta Allah Nurunake udan saka langit, supaya sira sesucia saka banyu udan

لِّيُطَهِّرَكُمْ بِهٖ وَيُذْهِبَ عَنْكُمْ رِجْزَ الشَّيْطٰنِ

supaya sira bisa sesuci lan ngilangake was-wasing setan,

وَلِيَرْبِطَ عَلٰى قُلُوْبِكُمْ وَيُثَبِّتَ بِهِ الْاَقْدَامَۗ﴿11﴾

sarta kanggo ngukuhake atimu, apadene kanggo netepake (nyantosakake) tumapaking delamakanmu. (11)

اِذْ يُوْحِيْ رَبُّكَ اِلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ

Nalika samana Pengeranmu Paring wahyu Pangandika marang para malaikat:

اَنِّيْ مَعَكُمْ فَثَبِّتُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ

“Ingsun Mbiyantu ing sira nulungi para wong mukmin, mulane padha sira tatagna atine.

سَاُلْقِيْ فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الرُّعْبَ

Dene wong-wong kafir bakal Ingsun Paringi ati wedi (giris).

فَاضْرِبُوْا فَوْقَ الْاَعْنَاقِ وَاضْرِبُوْا مِنْهُمْ كُلَّ بَنَانٍۗ﴿12﴾

Ing kono wong kafir banjur sira tugel gulune utawa sira prethelana drijine. (12)

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ شَاۤقُّوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۚ

Mulane wong-wong mau padha Ingsun sirnakake marga kabeh mau wani ing Allah lan Rasulullah.

وَمَنْ يُّشَاقِقِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ

Dene sapa wonge kang wani ing Allah lan Rasule, iku sumurupa, menawa siksa semono mau durung sepira, menawa tinimbang siksa besuk ana ing akhirat.

فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ﴿13﴾

Satemene Allah iku abot banget siksane. (13)

ذٰلِكُمْ فَذُوْقُوْهُ

(He wong kafir kabeh), siksa kang semono iku padha sira rasakna,

وَاَنَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابَ النَّارِ﴿14﴾

lan padha sumurupa menawa besuk ana akhirat, kabeh wong kafir bakal dipatrapi siksa neraka(14)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا

He wong kang padha mukmin,

اِذَا لَقِيْتُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا زَحْفًا

nalika sira padha kepethuk wong-wong kafir ana sajroning campuhing perang,

فَلَا تُوَلُّوْهُمُ الْاَدْبَارَۚ﴿15﴾

aja pisan-pisan banjur mlayu ngacir. (15)

وَمَنْ يُّوَلِّهِمْ يَوْمَىِٕذٍ دُبُرَهٗٓ اِلَّا مُتَحَرِّفًا لِّقِتَالٍ

Ing dina iku sing sapa mlayu mundur, kajaba manawa anggone bali karana perluning perang,

اَوْ مُتَحَيِّزًا اِلٰى فِئَةٍ

utawa ngumpul marang barisan Islam liyane.

فَقَدْ بَاۤءَ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ

Wong mengkono iku bakal kena bebendhuning Allah.

َمَأْوٰىهُ جَهَنَّمُۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ﴿16﴾

Dene panggonane wong mau ana ing neraka Jahannam, yaiku ala-alane panggonan bali. (16)

فَلَمْ تَقْتُلُوْهُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ قَتَلَهُمْۖ

Kang mateni mungsuh iku dudu sira. Sumurupa, Panjenengane Allah Piyambak Ingkang Mateni mungsuh kafir mau.

وَمَا رَمَيْتَ اِذْ رَمَيْتَ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ رَمٰىۚ

(Muhammad) nalika sira nglepas panah, sejatine kang manah dudu sira, sumurupa, Allah piyambak Ingkang Jemparing.

وَلِيُبْلِيَ الْمُؤْمِنِيْنَ مِنْهُ بَلَاۤءً حَسَنًاۗ

Nanging Pitulung mau dumunung peparinging Allah marang para wong mukmin, diparingi barang becik.

اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ﴿17﴾

Satemene Allah iku Ingkang Mahamidanget sarta Ingkang Mahangudaneni. (17)

ذٰلِكُمْ

Pitulung kang kasebut mau, wis kaleksanan,

وَاَنَّ اللّٰهَ مُوْهِنُ كَيْدِ الْكٰفِرِيْنَ﴿18﴾

sira padha sumurupa, menawa Panjenengane Allah iku ngapesake (ngremehake) pangrekadayane wong kang padha kafir. (18)

اِنْ تَسْتَفْتِحُوْا فَقَدْ جَاۤءَكُمُ الْفَتْحُۚ

He wong kafir, menawa sira padha ngupaya keputusan, yekti wis padha ketekan keputusan.

وَاِنْ تَنْتَهُوْا فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۚ

Dene menawa sira kabeh gelem leren anggonmu merangi Nabi, iku Iuwih becik,

وَاِنْ تَعُوْدُوْا نَعُدْۚ

nanging menawa mbaleni merangi Nabi, Ingsun uga bakal bali Nulungi dheweke.

وَلَنْ تُغْنِيَ عَنْكُمْ فِئَتُكُمْ شَيْـًٔا وَّلَوْ كَثُرَتْۙ

Lan golonganmu senajan akeh, ora bakal nyukupi sethithik-sethithika.

وَاَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿19﴾

Satemene Allah iku Ingkang Mahangantheni marang wong mukmin.(19)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ

He para wong mukmin kabeh, sira padha ndhereka manut ing Allah Ian Rasule.

وَلَا تَوَلَّوْا عَنْهُ وَاَنْتُمْ تَسْمَعُوْنَ﴿20﴾

Lan aja padha ambalik, lumuh ngestokake Prentahing Allah lan Rasule, ing kamangka sira wis padha krungu Dhawuhing Allah.(20)

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ قَالُوْا

Lan sira aja padha kaya wong munafik, kang padha matur:

سَمِعْنَا وَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَۚ﴿21﴾

“Kita sampun sami mirengaken dhawuhing Allah,” nanging sajatine wong-wong mau ora padha krungu. (21)

۞ اِنَّ شَرَّ الدَّوَاۤبِّ

Satemene ala-alaning makhluk gegremetan kang urip

عِنْدَ اللّٰهِ الصُّمُّ الْبُكْمُ الَّذِيْنَ

menggahing Allah, iku kang budheg (ora krungu pitutur kang bener), tur kang bisu (ora tahu ngucap kang bener)

لَا يَعْقِلُوْنَ ﴿22﴾

sarta padha ora duwe akal. (22)

وَلَوْ عَلِمَ اللّٰهُ فِيْهِمْ خَيْرًا لَّاَسْمَعَهُمْۗ

Lan saupama Allah Nguningani yen kang mengkono mau ana becike, mesthi Diparingi pangrungu, supaya kanggo ngrungokake pitutur bener.

وَلَوْ اَسْمَعَهُمْ لَتَوَلَّوْا وَّهُمْ مُّعْرِضُوْنَ﴿23﴾

Lan saupama wong-wong mau padha diparingi pangrungu, wis mesthi padha mlengos lan lunga kang adoh. (23)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَجِيْبُوْا لِلّٰهِ وَلِلرَّسُوْلِ اِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيْكُمْۚ

He para wong kang iman, menawa Allah lan utusane dhawuh nindakake prentahing Agama kang nguripi sira, banjur padha sendikanana.

وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَحُوْلُ بَيْنَ الْمَرْءِ وَقَلْبِهٖ

Lan sira padha sumurupa menawa Allah iku ngelet-eleti antarane manungsa lan atine,

وَاَنَّهٗٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ﴿24﴾

lan marang Panjenengane sira bakal padha diimpun marang pangayunaning Allah. (24)

وَاتَّقُوْا فِتْنَةً لَّا تُصِيْبَنَّ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْكُمْ خَاۤصَّةًۚ

Lan sira padha nyingkirana panggodha kang menawa sira nganti ketaman ing panggodha mau, patrapane ora ngemungke tumrap marang kang kena panggodha wae, malah mbrentek marang wong-wong liyane.

وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ﴿25﴾

Sarta padha sumurupa, yen satemene Allah iku abot banget ukumane. (25)

وَاذْكُرُوْٓا

Lan sira padha elinga,

اِذْ اَنْتُمْ قَلِيْلٌ مُّسْتَضْعَفُوْنَ فِى الْاَرْضِ

nalika golonganmu isih sethithik tur padha apes ana bumi Mekkah,

تَخَافُوْنَ اَنْ يَّتَخَطَّفَكُمُ النَّاسُ فَاٰوٰىكُمْ

padha kuwatir mbok menawa ditindhes wong kafir.

وَاَيَّدَكُمْ بِنَصْرِهٖ وَرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ

Banjur diparingi panggonan ana Medinah, apa dene Allah nyantosake marang sira kabeh, sarana diparingi pitulung nalika Perang Badar.

لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ﴿26﴾

Supaya sira padha syukur marang Allah. (26)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

He para wong mukmin kabeh,

لَا تَخُوْنُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ وَتَخُوْنُوْٓا اَمٰنٰتِكُمْ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ﴿27﴾

aja padha nyidrani Allah lan utusane, lan uga aja padha nyidrani barang titipan kang ana tanganmu, ing kamangka sira wis padha mangerti. (27)

وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌۙ

Lan padha mangertia menawa satemene kabeh bandha-bandhamu lan anak-anakmu iku kabeh dadi sarana coba.

وَّاَنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ ﴿28﴾

Lan satemene Allah iku kagungan ganjaran kang Agung. (28)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا

He para wong iman kabeh,

اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ

menawa sira padha bekti ing Allah,

يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا

Allah bakal maringi padhang atimu, dadi banjur bisa mbedakake kang bener lan kang luput,

وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ

Lan maneh Allah bakal Nyirnakake dosamu kang cilik, apadene paring pangapura dosamu kang gedhe.

وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ ﴿29﴾

Dene Allah iku Kagungan Kautaman Ingkang Agung. (29)

وَاِذْ يَمْكُرُ بِكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا

Lan sira elinga nalikane wong kafir padha ngrekadaya marang sira kabeh,

لِيُثْبِتُوْكَ اَوْ يَقْتُلُوْكَ اَوْ يُخْرِجُوْكَۗ

nedya arep ngunjara utawa mateni, utawa arep nundhung (saka Mekkah) padha nindakake pangreka kang alus.

وَيَمْكُرُوْنَ وَيَمْكُرُ اللّٰهُۗ

Allah iya nindakake pangreka marang dheweke mau.

وَاللّٰهُ خَيْرُ الْمٰكِرِيْنَ ﴿30﴾

Dene Allah iku luwih becik-becike Pengeran Ingkang Kagungan Pangrekadaya. (30)

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا قَالُوْا

Lan menawa wong-wong kafir mau diwacakake ayat-ayat Qur’an banjur padha matur mengkene:

قَدْ سَمِعْنَا لَوْ نَشَاۤءُ لَقُلْنَا مِثْلَ هٰذَآۙ

“Kula sampun mireng carios kados makaten punika. Upami kula purun, temtu kula saged ngandharaken kados Qur’an punika.

اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ ﴿31﴾

Pamanggih kula Qur’an punika namung carios-carios andora damelanipun para tiyang tiyang kuna.” (31)

وَاِذْ قَالُوا اللّٰهُمَّ اِنْ كَانَ هٰذَا هُوَ الْحَقَّ مِنْ عِنْدِكَ

Lan ana kalane wong kafir ing Mekkah padha munjuk atur mengkene: “Dhuh Allah, menawi Qur’an punika temen saking Ngarsa Paduka,

فَاَمْطِرْ عَلَيْنَا حِجَارَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ

kawula mugi Paduka krutug jawah sela saking langit,

اَوِ ائْتِنَا بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ ﴿32﴾

utawi kawula mugi Paduka dhawahi ukuman ingkang sakit sanget.” (32)

وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَاَنْتَ فِيْهِمْۚ

Ananging ora bakal Allah anyiksa dheweke ing sasuwene sira ana ing antarane,

وَمَا كَانَ اللّٰهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ﴿33﴾

lan ora bakal Allah anyiksa dheweke, manawa dheweke padha nyuwun pangapura. (33)

وَمَا لَهُمْ اَلَّا يُعَذِّبَهُمُ اللّٰهُ

Ya gene wong kafir mau ora diukum (mesthi wae diukum),

وَهُمْ يَصُدُّوْنَ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَمَا كَانُوْٓا اَوْلِيَاۤءَهٗۗ

awit wong kafir mau nyegah wong kang padha arep ngabekti ing Allah ana ing Masjidil Haram. Lan dheweke iku dudu kang njaga lan nguwasani Masjidil Haram?

اِنْ اَوْلِيَاۤؤُهٗٓ اِلَّا الْمُتَّقُوْنَ

Dene kang nguwasani lan njaga Masjidil Haram, iku wong-wong kang padha bekti ing Allah,

وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿34﴾

nanging akeh-akehe wong mau padha ora mangerti. (34)

وَمَا كَانَ صَلَاتُهُمْ عِنْدَ الْبَيْتِ اِلَّا مُكَاۤءً وَّتَصْدِيَةًۗ

Lan sholate wong-wong kafir ana ing Masjidil Haram iku sejatine dudu sholat, nanging mung mligi nyuwara singsot lan ke plok-keplok.

فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ﴿35﴾

Awit saka iku sira kabeh padha ngrasakna ukuman jalaran anggonmu padha kafir. (35)

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ لِيَصُدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِۗ

Satemene wong-wong kang padha kafir, dheweka padha nanjakake bandhane mung karana kanggo ngalang-ngalangi tumindake agamane Allah.

فَسَيُنْفِقُوْنَهَا ثُمَّ تَكُوْنُ عَلَيْهِمْ حَسْرَةً ثُمَّ يُغْلَبُوْنَ ەۗ

Wong wong mau iya bakal nanjakake bandhane kaya mengkono mau, ing tembe dheweke bakal pikantuk kapitunan lan keduwung, nuli dheweke bakal dikalahake.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى جَهَنَّمَ يُحْشَرُوْنَۙ﴿36﴾

Lan wong-wong kafir mau bakal padha dikumpulake ana ing neraka Jahannam. (36)

لِيَمِيْزَ اللّٰهُ الْخَبِيْثَ مِنَ الطَّيِّبِ

Panjenengane Allah kersa misahake barang kang jember saka kang becik,

وَيَجْعَلَ الْخَبِيْثَ بَعْضَهٗ عَلٰى بَعْضٍ فَيَرْكُمَهٗ جَمِيْعًا

Panjenengane bakal ngumpulake barang kang jember iku padha tumpuk-tumpuk, saweneh ana sandhuwure sawenehe,

فَيَجْعَلَهٗ فِيْ جَهَنَّمَۗ

nuli padha dicemplungake ana neraka Jahannam.

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَࣖ﴿37﴾

Wong kang mengkono mau iku padha kapitunan. (37)

قُلْ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ يَّنْتَهُوْا يُغْفَرْ لَهُمْ مَّا قَدْ سَلَفَۚ

(Muhammad), dhawuha marang wong-wong kafir: “Menawa dheweke padha gelem tobat (mareni tindake), dosane kang wis kelakon mesthi bakal diparingi pangapura.

وَاِنْ يَّعُوْدُوْا فَقَدْ مَضَتْ سُنَّتُ الْاَوَّلِيْنَ﴿38﴾

Dene menawa sawise tobat, banjur mbalik kafir maneh, bakal Ingsun tindakake kaya lelakone wong kafir zaman kuna, padha Ingsun rusak.” (38)

وَقَاتِلُوْهُمْ حَتّٰى لَا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ وَّيَكُوْنَ الدِّيْنُ كُلُّهٗ لِلّٰهِۚ

Lan supaya sira padha merangana wong-wong mau, kongsi ora ana fitnah, lan supaya agama iku kabeh mung kagungane Allah.

فَاِنِ انْتَهَوْا فَاِنَّ اللّٰهَ بِمَا يَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ ﴿39﴾

Menawa dheweke padha gelem leren (mareni), satemene Allah iku Ingkang Maha-Mirsani samubarang kang padha ditindakake. (39)

وَاِنْ تَوَلَّوْا

Dene yen wong-wong kafir mau padha ambalik,

فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَوْلٰىكُمْۗ

sira aja kuwatir, sumurupa, satemene Allah iku bandaramu Ingkang Angayomi.

نِعْمَ الْمَوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ ﴿40﴾

Panjenengane iku sabecik-becike Bendara Ingkang Maha-Paring Pitulung. (40)

۞ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَا غَنِمْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَاَنَّ لِلّٰهِ خُمُسَهٗ وَلِلرَّسُوْلِ وَلِذِى الْقُرْبٰى

(He wong Islam kabeh), padha sumurupa, satemene sawarnaning barang kang sira jarah ana peperangan iku kang sapraliman dadi kagungane Rasulullah, kang sabageyan maneh diparing ake marang para kerabate (Rasulullah),

وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِ

kang sabageyan marang bocah yatim, kang sabageyan marang wong miskin, dene kang sebageyan marang lbnu Sabil (wong kang pinuju lelungan kentekan sangu),

اِنْ كُنْتُمْ اٰمَنْتُمْ بِاللّٰهِ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا

menawa sira padha percaya ing Allah, sarta percaya marang ayat kang Ingsun kang tirunake marang kawulaningsun (Muhammad)

يَوْمَ الْفُرْقَانِ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِۗ

ing sajroning Perang Badar, nalika campuhing wadyabala loro Islam lan kafir, prentahing Allah bab pangeduming barang jarahan mau padha sira estokna.

وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ﴿41﴾

Dene Panjenengane Allah iku Ingkang-Maha-Nguwasani marang kabeh samubarang. (41)

اِذْ اَنْتُمْ بِالْعُدْوَةِ الدُّنْيَا وَهُمْ بِالْعُدْوَةِ الْقُصْوٰى وَالرَّكْبُ اَسْفَلَ مِنْكُمْۗ

Nalikane sira padha ana ing sacedhake pepereng ing jurang, sarta dheweke ana ing pepereng adoh, sarta untan-untan ana ing panggonan kang Iuwih endhek tinimbang sira,

وَلَوْ تَوَاعَدْتُّمْ لَاخْتَلَفْتُمْ فِى الْمِيْعٰدِۙ

lan saupama sira padha semayanana, masthi sira bakal padha nyulayani ing semayan,

وَلٰكِنْ لِّيَقْضِيَ اللّٰهُ اَمْرًا كَانَ مَفْعُوْلًا ەۙ

ananging supayane Allah anyidakna prakara kang wus masthi kudu kelakon,

لِّيَهْلِكَ مَنْ هَلَكَ عَنْۢ بَيِّنَةٍ وَّيَحْيٰى مَنْ حَيَّ عَنْۢ بَيِّنَةٍۗ

supaya sapa kang kudune Iebur Iebura kalawan bukti cetha sarta sapa kang kudune urip uripa kalawan bukti cetha.

وَاِنَّ اللّٰهَ لَسَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ﴿42﴾

Lan sayekti Allah iku temen Ingkang Maha-Amiyarsa, Ingkang Maha-Ngudaneni. (42)

اِذْ يُرِيْكَهُمُ اللّٰهُ فِيْ مَنَامِكَ قَلِيْلًاۗ

(Muhammad), sira dawuha nalika Allah paring pirsa, disumurupake mungsuhmu para wong kafir ana ing sajroningg pangimpenmu, kancane mung sethithik, iku banjur dadi panggugah ing kuwanenmu.

وَلَوْ اَرٰىكَهُمْ كَثِيْرًا لَّفَشِلْتُمْ وَلَتَنَازَعْتُمْ فِى الْاَمْرِ

Umpama lngsun paring pirsa, mungsuhmu wong kafir katon akeh, mesthi banjur wedi, sarta banjur padha kandheg anggonmu arep methukake perang ing mungsuh.

وَلٰكِنَّ اللّٰهَ سَلَّمَۗ

Ananging Panjenengane Allah Ngersakake Paring kasantosan marang sira.

اِنَّهٗ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ ﴿43﴾

Satemene Allah iku Maha Ngudaneni marang barang kang ana ing sajroning krenteging ati. (43)

وَاِذْ يُرِيْكُمُوْهُمْ اِذِ الْتَقَيْتُمْ فِيْٓ اَعْيُنِكُمْ قَلِيْلًا وَّيُقَلِّلُكُمْ فِيْٓ اَعْيُنِهِمْ

Lan maneh nalikane sira padha adu arep karo wong kafir, Allah paring sumurupmu yen mungsuh lan kancane mung sethithik. Mengkono uga sumurupe wong kafir marang wadyabalamu iya mung sethithik.

لِيَقْضِيَ اللّٰهُ اَمْرًا كَانَ مَفْعُوْلًاۗ

Kang mengkono iku kersane Allah Paring Pitulungan wong Islam lan Ngrusak wong kafir.

وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ﴿44﴾

Lan, iya mung marang Panjenengane Allah Piyambak samubarang iku bakal dibalekake. (44)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا

He para wong kang iman.

اِذَا لَقِيْتُمْ فِئَةً فَاثْبُتُوْا

Menawa sira adu arep ketemu mungsuh kang pepanthan, tetep lan tatagna atimu.

وَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَۚ﴿45﴾

Lan ngakeh-ngakehna eling marang Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan. (45)

وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ

Lan supaya sira padha ndherekake marang prentahe Allah lan utusane.

وَلَا تَنَازَعُوْا فَتَفْشَلُوْا وَتَذْهَبَ رِيْحُكُمْ

Lan aja padha kongsi pasulayan, sebab iku anjalari dadi apes (wedi) lan ilanging kekuwatan,

وَاصْبِرُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَۚ﴿46﴾

lan sira padha sabara (tatagna atimu). Satemene Allah iku Anjangkung wong kang padha sabar. (46)

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ خَرَجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ بَطَرًا وَّرِئَاۤءَ النَّاسِ

Lan aja padha kaya para kang padha metu saka panggonane kelawan umuk lan pamer marang manungsa,

وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِۗ

padha ngadoh saka dedalaning Allah,

وَاللّٰهُ بِمَايَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ ﴿47﴾

lan Allah iku Maha-Anglimputi ing samubarang panggawene. (47)

وَاِذْ زَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ

(He para wong kang iman) sira padha elinga nalikane setan nggodha marang wong-wong mau, murih padha ngantepana samubarang kang padha ditindakake, pangucape setan:

وَقَالَ لَا غَالِبَ لَكُمُ الْيَوْمَ مِنَ النَّاسِ وَاِنِّيْ جَارٌ لَّكُمْۚ

“Aja padha kuwatir, aku kang jampangi sira, ing mangsa saiki ora ana ma nungsa bisa ngalahake sira.”

فَلَمَّا تَرَاۤءَتِ الْفِئَتٰنِ نَكَصَ عَلٰى عَقِبَيْهِ

Bareng wadyabala loro Islam lan kafir wis adhep-adhepan, setan banjur lumayu nggendreng,

وَقَالَ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّنْكُمْ اِنِّيْٓ اَرٰى مَا لَا تَرَوْنَ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَۗ

pangucape: “Aku saiki ora melu-melu perkaramu, aku weruh barang kang ora kok weruhi (yaiku wadyabala Allah) Satemene aku wedi ing Allah.”

وَاللّٰهُ شَدِيْدُ الْعِقَابِ﴿48﴾

Allah iku banget abot ukumane. (48)

اِذْ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ

Nalika semana wong kang padha munafiq (lamis)

وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ

lan wong kang atine ana lelarane (mamang), padha ngucap mengkene:

غَرَّ هٰٓؤُلَاۤءِ دِيْنُهُمْۗ

“Wong Islam iku padha kebujuk marga anggone ngantepi agama Islam (pangucap mangkono iku luput).”

وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ

Dene sing sapa pasrah marang Allah, Allah mesthi bakal nulungi marang wong mau.

فَاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ﴿49﴾

Satemene Allah iku Maha-Mulya tur Maha-Wicaksana. (49)

وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ يَتَوَفَّى الَّذِيْنَ كَفَرُوا الْمَلٰۤىِٕكَةُ يَضْرِبُوْنَ وُجُوْهَهُمْ وَاَدْبَارَهُمْۚ

(Muhammad) menawa sira padha sumurup malaikat pati, nalika mateni wong-wong kafir, malaikat mau gebugi saka ngarepe lan saka mburine.

وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ ﴿50﴾

Pangucape: “He wong kafir, padha rasakna ukuman kang nggosongake.” (50)

ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْكُمْ

Kang mengkono mau marga saka tumindake kang wis padha ditindakake marang tanganmu biyen.

وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِۙ﴿51﴾

Sira padha sumurupa, sejatine Allah iku ora nganiaya marang para kawulane. (51)

كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ

Mungguh lelakone wong kafir iku memper laku-lakune lelakone sawadyabalane lan wong kafir sadurunge (Fir’aun),

كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْۗ

kabeh padha ora percaya marang ayat ayate Allah. Allah banjur matrapi ukuman marang wong kafir mau kabeh.

اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ﴿52﴾

Satemene Allah iku Maha Santosa, lan banget abot ukumane. (52)

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ لَمْ يَكُ مُغَيِّرًا نِّعْمَةً اَنْعَمَهَا عَلٰى قَوْمٍ

Kelakone ngukum mau, Allah ora pisan-pisan ngowahi peparing kebungahan marang manungsa kang wis diparingake,

حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۙ

nanging manungsane dhewe kang ngowahi sesanggemane.

وَاَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ﴿53﴾

Lan satemene Allah iku Maha-Midhanget sarta Maha-Ngudaneni. (53)

كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۚ

Lelakune wong kafir kang mati nalika Perang Badhar, iku saemper lelakune Fir’aun sawadyabalane

كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ فَاَهْلَكْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْ

lan wong kafir sadurunge Fir’aun kabeh padha ora percaya marang ayat-ayate Pengeran. Mulane banjur padha Ingsun sirnakake marga saka dosane.

وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَۚ

Dene Fir’aun sawadyabalane padha Ingsun keremake ana ing segara.

وَكُلٌّ كَانُوْا ظٰلِمِيْنَ ﴿54﴾

Kabeh mau sejatine padha nganiaya awake dhewe. (54)

اِنَّ شَرَّ الدَّوَاۤبِّ

Satemene sakala-alaning gegremetan

عِنْدَ اللّٰهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا

mungguhing Allah (kang urip) iku wong-wong kafir.

فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَۖ﴿55﴾

Dheweke iku padha ora percaya marang Allah. (55)

الَّذِيْنَ عَاهَدْتَّ مِنْهُمْ

Yaiku wong-wong kang wis sira pundhut sesanggemane sawise sanggem,

ثُمَّ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَهُمْ فِيْ كُلِّ مَرَّةٍ

nuli nyidrani sesanggemane, nganti marambah-rambah,

وَّهُمْ لَا يَتَّقُوْنَ ﴿56﴾

wong mengkono iku sejatine ora prayitna marang wajibe. (56)

فَاِمَّا تَثْقَفَنَّهُمْ فِى الْحَرْبِ

Menawa ana peperangan sira ketemu wong-wong kang padha nyidrani sesanggeman,

فَشَرِّدْ بِهِمْ مَّنْ خَلْفَهُمْ

Sira pecaha golongane wong mau, minangka dadi tepa tuladha tumrap golongan kang ana sakmburine,

لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ ﴿57﴾

supaya dheweke padha eling. (57)

وَاِمَّا تَخَافَنَّ مِنْ قَوْمٍ خِيَانَةً

(Muhammad) menawa sliramu kuwatir mbokmenawa wong-wong kafir mau padha nyidrani sesanggemane, banjur mbuwang ora ngakoni sesanggemane.

فَانْۢبِذْ اِلَيْهِمْ عَلٰى سَوَاۤءٍۗ

Sira tumindaka kaya tumindake wong-wong kafir iku.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْخَاۤىِٕنِيْنَ ﴿58﴾

Allah ora remen marang wong-wong kang padha cidra. (58)

وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَبَقُوْاۗ

(Muhammad) sira aja ngira yen mungsuhmu wong kafir ana ing Perang Badar bisa oncat ngrebut uripe.

اِنَّهُمْ لَا يُعْجِزُوْنَ ﴿59﴾

Satemene wong kafir mau, ora bisa ngapesake Allah anggone kersa ngukum marang wong-wong mau. (59)

وَاَعِدُّوْا لَهُمْ مَّا اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ قُوَّةٍ وَّمِنْ رِّبَاطِ الْخَيْلِ

He para wong mukmin kabeh, anggonmu mapagake perang ing mungsuh (wong kafir) kang padha cidra ing janji, asikape gegaman lan piranti saanane sarta nunggang jaran kang dicawisake kanggo Perang Sabilillah.”

تُرْهِبُوْنَ بِهٖ عَدُوَّ اللّٰهِ وَعَدُوَّكُمْ وَاٰخَرِيْنَ مِنْ دُوْنِهِمْۚ لَا تَعْلَمُوْنَهُمْۚ

Anggonira samekta piranti iku dadi sarana medeni mungsuhing Allah, lan uga mungsuhmu, iya iku wong-wong kafir ing Mekah lan liya-liyane kang ora sira weruhi.

اَللّٰهُ يَعْلَمُهُمْۗ وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ شَيْءٍ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ يُوَفَّ اِلَيْكُمْ

Panjenengane Allah Nguningani marang mungsuh mau kabeh. Dene samubarang kang sira anggo ngragadi Perang Sabilillah, bakal pikantuk ganti dening Allah.

وَاَنْتُمْ لَا تُظْلَمُوْنَ﴿60﴾

Lan sira ora bakal dikaniaya. (60)

۞ وَاِنْ جَنَحُوْا لِلسَّلْمِ فَاجْنَحْ لَهَا

Dene menawa wong-wong kafir padha ngajak rukun, turutana (aja kuwatir).

وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿61﴾

Sira mligi pasraha ing Allah wae. Satemene Allah iku Maha-Midhanget sarta Maha-Ngudaneni. (61)

وَاِنْ يُّرِيْدُوْٓا اَنْ يَّخْدَعُوْكَ فَاِنَّ حَسْبَكَ اللّٰهُۗ

Dene menawa wong-wong kafir anggone padha ngajak rukun karepe mung nedya ngapusi wae, (aja kuwatir) satemene Allah piyambak kang mesthi nulungi,

هُوَ الَّذِيْٓ اَيَّدَكَ بِنَصْرِهٖ وَبِالْمُؤْمِنِيْنَۙ﴿62﴾

yaiku kang nyantosake sarana pitulungane lan sarana para wong mukmin. (62)

وَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْۗ لَوْاَنْفَقْتَ مَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا مَّآ اَلَّفْتَ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ

Saupama saisining jagad iki kabeh sira anggo ngragadi murih golong-gilig mantep atine wong mukmin, mesthi ora bisa golong-gilig mantep,

وَلٰكِنَّ اللّٰهَ اَلَّفَ بَيْنَهُمْۗ

mligi Panjenengane Allah piyamhak kang kuwasa golong-gilig mantepake.

اِنَّهٗ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ﴿63﴾

Satemene Allah iku Maha-Mulya sarta Maha-Wicaksana. (63)

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ حَسْبُكَ اللّٰهُ

(Muhammad) Allah wis nyukupi ing sliramu

وَمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَࣖ﴿64﴾

lan para pendherekmu saka wong-wong mukmin kabeh. (64)

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ حَرِّضِ الْمُؤْمِنِيْنَ عَلَى الْقِتَالِۗ

(Muhammad) sira gretehana para wong mukmin supaya padha wani maju perang.

اِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ عِشْرُوْنَ صٰبِرُوْنَ يَغْلِبُوْا مِائَتَيْنِۚ

Menawa wadyabalamu iku ana wong 20 kang padha sabar (atine teteg) mesthi bisa ngalahake wong kafir cacahe 200.

وَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ مِّائَةٌ يَّغْلِبُوْٓا اَلْفًا مِّنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا

Dene menawa wadyabalamu ana wong 100, mesthi bisa ngalahake wong kafir 1000.

بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ﴿65﴾

Jalaran wong kafir iku padha ora mangerti pitulunganing Allah. (65)

اَلْـٰٔنَ خَفَّفَ اللّٰهُ عَنْكُمْ وَعَلِمَ اَنَّ فِيْكُمْ ضَعْفًاۗ

Saiki Allah paring kemayaran marang sira wong Islam kabeh, sarta wis nguningani menawa sira iku apes (mulane saiki mung Ingsun temtokake bandhingan tikel loro wae),

فَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ مِّائَةٌ صَابِرَةٌ يَّغْلِبُوْا مِائَتَيْنِۚ

yaiku manawa wadyabalamu ana wong 100 kang padha sabar (teteg atine) mesthi menang mungsuh karo wong kafir 200.

وَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ اَلْفٌ يَّغْلِبُوْٓا اَلْفَيْنِ بِاِذْنِ اللّٰهِۗ

Dene yen wadyabalamu ana wong 1000 kang padha sabar, mesthi menang mungsuh karo wong kafir 2000. lku kabeh kelawan pikantuk Kepareng Izining Allah.

وَاللّٰهُ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ﴿66﴾

Dene Allah iku Anyartani wong kang padha sabar. (66)

مَاكَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّكُوْنَ لَهٗٓ اَسْرٰى

Nabi iku ora prayoga menawa panjenengane ngersakake barang jarahan,

حَتّٰى يُثْخِنَ فِى الْاَرْضِۗ

nganti panjenengane kebacut anggone ngrusak bumine wong-wong kafir.

تُرِيْدُوْنَ عَرَضَ الدُّنْيَاۖ وَاللّٰهُ يُرِيْدُ الْاٰخِرَةَۗ

Sira kabeh padha ngarepake bandha donya, nanging Panjenengane Allah ngersakake ing sira ganjaran akherat

وَاللّٰهُ عَزِيْزٌحَكِيْمٌ ﴿67﴾

Dene Allah iku Maha-Mulya tur Maha-Wicaksana. (67)

لَوْلَاكِتٰبٌ مِّنَ اللّٰهِ سَبَقَ

Saupama luwih dhisik ora ana hukum saka Ngarsane Allah, kang ngalalake barang jarahan,

لَمَسَّكُمْ فِيْمَآ اَخَذْتُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ﴿68﴾

yekti sira bakal padha kapatrapan ukuman kang gedhe jalaran anggonmu padha ngalap barang jarahan iku. (68)

فَكُلُوْا مِمَّاغَنِمْتُمْ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ

Mula sira padha dhahara barang saka anggonmu njarah kelawan halal sarta becik,

وَّاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ﴿69﴾

lan sira padha bektia ing Allah. Satemene Allah iku Maha-Pangapura sarta Maha-Asih. (69)

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّمَنْ فِيْٓ اَيْدِيْكُمْ مِّنَ الْاَسْرٰٓىۙ

(Muhammad). Sira dhawuha marang para wong boyongan kang ana ing panguwasanmumu:

اِنْ يَّعْلَمِ اللّٰهُ فِيْ قُلُوْبِكُمْ خَيْرًا يُّؤْتِكُمْ خَيْرًا مِّمَّآ اُخِذَ مِنْكُمْ

“Menawa Panjenengane Allah Nguningani ana kabecikan ing atimu, Allah mesthi iya bakal maringi marang sira barang kang luwih becik, tinimbang barang kang wis dijarah,

وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ﴿70﴾

uga Paring Pangapura marang sira. Dene Allah iku Maha-Pangapura sarta Maha-Asih. (70)

وَاِنْ يُّرِيْدُوْا خِيَانَتَكَ

Lan manawa dheweke padha arep nyidrani sliramu,

فَقَدْ خَانُوا اللّٰهَ مِنْ قَبْلُ

pancen temen dheweke iku ing sadurunge iya wis nyidrani Allah,

فَاَمْكَنَ مِنْهُمْ

nanging Panjenengane maringi sliramu nguwasani dheweke.

وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿71﴾

Lan Allah iku Maha-Ngudaneni, Maha-Wicaksana. (71)

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ

Satemene wong kang padha percaya lan padha hijrah (menyang Madinah), lan setya tuhu kelawan ngetokake bandhane sarta nyawane, kanggo mulyakake agamane Allah,

وَالَّذِيْنَ اٰوَوْا وَّنَصَرُوْٓا اُولٰۤىِٕكَ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ

lan wong kang padha nyaosi pondhokan lan tetulung marang Nabi lan para sahabate, wong kang mengkono iku padha tulung-tinulung.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَمْ يُهَاجِرُوْا مَا لَكُمْ مِّنْ وَّلَايَتِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ حَتّٰى يُهَاجِرُوْاۚ

Dene wong kang mung mligi mukmin wae, ora melu hijrah (menyang Madinah), iku ora pikantuk pandhuman waris, kajaba menawa banjur nyusul (melu hijrah menyang Madinah).

وَاِنِ اسْتَنْصَرُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ فَعَلَيْكُمُ النَّصْرُ اِلَّا عَلٰى قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌۗ

Wong kang mengkono mau menawa nyuwun tulung marang sira perkara tumindaking agama, sira kabeh wajib nulungi, kajaba yen memungsuhan lan wong kafir kang wis perjanjian karo sira, iku sira ora wajib mitulungi.

وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿72﴾

Dene Allah iku Maha-Priksa marang kabeh samubarang kang sira tindakake. (72)

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ

Lan wong-wong kafir iku padha tulung-tinulung lan waris-winaris padha kancane.

اِلَّا تَفْعَلُوْهُ تَكُنْ فِتْنَةٌ فِى الْاَرْضِ وَفَسَادٌ كَبِيْرٌۗ﴿73﴾

Menawa sira ora nindakake kaya prentah Ingsun, waris-winaris padha wong Islam wae, ora kena waris-winaris karo wong kafir, iku bakal nganakake pangreka gedhe, lan agawe rusak ana ing bumi. (73)

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ

Dene wong kang padha percaya lan ngestokake prentahing Allah lan padha hijrah (menyang Madinah) sarta setyatuhu anggone perang ana ing dalane Allah,

وَالَّذِيْنَ اٰوَوْا وَّنَصَرُوْٓا

apadene wong kang padha aweh pondokan lan tetulung marang rasul dalah para sahabate,

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ

kang mengkono iku tetep wong mukmin temenan,

لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ ﴿74﴾

mesthi pikantuk pangapuraning Allah, lan ing tembe ana ing suwarga padha diparingi rejeki kang mulya. (74)

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْۢ بَعْدُ

Lan wong-wong kang padha nyusul percaya lan ngestokake prentahing Allah,

وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا مَعَكُمْ

apadene banjur nyusul Hijrah menyang Madinah, lan banjur setyatuhu melu perang karo sliramu.

فَاُولٰۤىِٕكَ مِنْكُمْۗ وَاُولُوا الْاَرْحَامِ بَعْضُهُمْ اَوْلٰى بِبَعْضٍ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِۗ

Wong kang mengkono iku tetep kegolong dadi mitramu, wong mau lan Dzawil Arham (sedulur kang ora duwe pandhuman waris) padha pikantuk panduman waris. Karo karone undha-usuk pandumane, kasebut ana ing kitabe Allah Al Qur’an.

اِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌࣖ﴿75﴾

Satemene Panjenengane Allah iku Maha-Nguningani marang kabeh samubarang. (75)

***

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!