Qur’an Surah (7) Al-Hijr (Redi Sela). 99 ayat
سُورَةُ الْحِجْرِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰۗ
Alif Laam Raa (Mligi Allah Pribadi Ingkang Priksa maksudipun hurf-huruf punika).
تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ وَقُرْاٰنٍ مُّبِيْنٍ﴿1﴾
Kang kasebut (ana ing Surat Hijr) iki ayate kitab Qur’an, kang nerangake samubarang kang bener lan samubarang kang luput. (1)
رُبَمَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ كَانُوْا مُسْلِمِيْنَ﴿2﴾
(Besuk ing dina qiyamat) wong kafir nalika padha sumurup ukuman, akeh kang padha kepengin dadi wong Islam. (2)
ذَرْهُمْ يَأْكُلُوْا وَيَتَمَتَّعُوْا
Wong kafir iku saiki tinggaIen wae, kareben padha dhahar lan bungah-bungah,
وَيُلْهِهِمُ الْاَمَلُ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ﴿3﴾
ilang kaprayitnane dening ketungkul nyawang bandhane, pikirane nglalek’ake marang iman. Besuk ing dina qiyamat, mesthi bakal weruh kawusanane awake.(3)
وَمَآ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ
Lan Ingsun ora ngrusak sawijining desa,
اِلَّا وَلَهَا كِتَابٌ مَّعْلُوْمٌ﴿4﴾
kajaba wis tinulis ana ing Lauhil Mahfuzh, pinasthi rusak, sarta wis ditemtokake dina lan wayahe (4)
مَا تَسْبِقُ مِنْ اُمَّةٍ اَجَلَهَا
Patine siji-sijining ummat, ora bisa andhisiki
وَمَا يَسْتَأْخِرُوْنَ﴿5﴾
utawa ngereni pepesthene kang wis tinulis ana ing Lauhil Mahfuzh. (5)
وَقَالُوْا يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْ نُزِّلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ
Wong-wong kafir padha matur (marang Nabi Muhammad): “Panjenengan ngaken manawi dipun paringi Qur’an, ngemban timbalanipun Allah,
اِنَّكَ لَمَجْنُوْنٌۗ﴿6﴾
pamanggih kita, panjenengan punika ewah.” (6)
لَوْمَا تَأْتِيْنَا بِالْمَلٰۤىِٕكَةِ
“Manawi crios panjenengan punika temen, kenging punapa panjenengan boten andhatengaken malaikat mriki,
اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ﴿7﴾
supados nyekseni bilih panjenengan punika temen utusanipun Allah.” (7)
مَا نُنَزِّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ اِلَّا بِالْحَقِّ
(Dhawuhing Allah): “Ingsun ora nurunake malaikat, kajaba menawa ana perlune, Ingsun utus nurunake ukuman.
وَمَا كَانُوْٓا اِذًا مُّنْظَرِيْنَ﴿8﴾
Menawa Ingsun nurunake malaikat, dadi ukumane wong kafir iku tanpa disrantakake.” (8)
اِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا الذِّكْرَ
Satemene Ingsun wis nurunake Qur’an,
وَاِنَّا لَهٗ لَحٰفِظُوْنَ﴿9﴾
satemene Qur’an iku Ingsun Reksa (ora ana wong bisa nambahi, nyuda utawa ngowahi). (9)
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ
Dek zaman kuna, sadurunge sliramu, sayekti Ingsun uga wis ngutus para rasul,
فِيْ شِيَعِ الْاَوَّلِيْنَ﴿10﴾
Ingsun kersakake mulang marang wong kana kang padha gegolongan. (10)
وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ
Wong-wong golongan kang diwulang mau, saben kerawuhan para rasul ora ana maneh tindakane,
اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ﴿11﴾
kajaba geguyu marang rasul mau (ora beda karo ummatmu anggone padha anggeguyu marang sliramu). (11)
كَذٰلِكَ نَسْلُكُهٗ فِيْ قُلُوْبِ الْمُجْرِمِيْنَۙ﴿12﴾
Kaya mangkono anggon Ingsun nglebokake sifat kekufuran marang atine ummatmu kang padha duraka, kaya anggon Ingsun nglebokake kekufuran marang atine wong golongan ing zaman kuna mau. (12)
لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَقَدْ خَلَتْ سُنَّةُ الْاَوَّلِيْنَ﴿13﴾
Para ummatmu padha ora percaya marang Qur’an, kang mangka wis cetha, menawa wong kuna kang ora ndherek marang Rasule iku padha Ingsun rusak. (13)
وَلَوْ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَابًا مِّنَ السَّمَاۤءِ
Saupama wong kafir mau Ingsun bukakake lawang langit (banjur sumurup Malaikat padha munggah mudhun) wong mau banjur padha munggah marang langit (sumurup kaelokan pirang pirang.
فَظَلُّوْا فِيْهِ يَعْرُجُوْنَۙ﴿14﴾
Sanajan mengkono pisan, iya meksa ora gelem percaya marang Qur’an). (14)
لَقَالُوْٓا اِنَّمَا سُكِّرَتْ اَبْصَارُنَا بَلْ نَحْنُ قَوْمٌ مَّسْحُوْرُوْنَࣖ﴿15﴾
Wong-wong kafir mau malah padha ngucap mengkene: “Ang oningsun rumangsa weruh ing langit iku, satemene penyawang ingsun disulap dadi ingsun iki dumunung kena ing sihir.” (15)
وَلَقَدْ جَعَلْنَا فِى السَّمَاۤءِ بُرُوْجًا وَّزَيَّنّٰهَا لِلنّٰظِرِيْنَۙ﴿16﴾
Lan temen Ingsun wis nganakake lintang Buruj, Ingsun selehake ana ing langit, minangka rerenggane langit, asri disawang ing saben wong. (16)
وَحَفِظْنٰهَا مِنْ كُلِّ شَيْطٰنٍ رَّجِيْمٍۙ﴿17﴾
Lan Ingsun angreksa langit mau, aja nganti diunggahi setan, kanthi dibalangi dening malaikat, dadi padha ora wani munggah langit. (17)
اِلَّا مَنِ اسْتَرَقَ السَّمْعَ فَاَتْبَعَهٗ شِهَابٌ مُّبِيْنٌ﴿18﴾
Kajaba setan-setan kang nyolong pangrungu saka malaikat, iku ana kang wani munggah, ewadene banjur dibalangi dening para malaikat kelawan geni lan lintang. (18)
وَالْاَرْضَ مَدَدْنٰهَا وَاَلْقَيْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ
Lan maneh Ingsun anggelar bumi, sarta Ingsun adegi pirang-pirang gunung,
وَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَّوْزُوْنٍ﴿19﴾
apadene Ingsun kersakake metu thuthukulane warna-warna lan pelikan kang ditimbang (kayata mas, selaka lan sapanunggalane). (19)
وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيْهَا مَعَايِشَ وَمَنْ لَّسْتُمْ لَهٗ بِرٰزِقِيْنَ﴿20﴾
Mengkono uga bumi Ingsun paringi barang kang dadi dhaharanmu, lan uga pangane rajakaya sapadhane, kang saktemene ora dadi ingonmu (Allah piyambak kang paring pangan). (20)
وَاِنْ مِّنْ شَيْءٍ اِلَّا عِنْدَنَا خَزَاۤىِٕنُهٗ وَمَا نُنَزِّلُهٗٓ اِلَّا بِقَدَرٍ مَّعْلُوْمٍ﴿21﴾
Gudhang pasimpenaning kabeh samubarang kang dumadi, iku ana Astaningsun, dene anggon Ingsun maringake barang mau marang sawijining manungsa, iku manut pepesthen kang wis terang kawuningan marang Ingsun. (21)
وَاَرْسَلْنَا الرِّيٰحَ لَوَاقِحَ فَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَسْقَيْنٰكُمُوْهُۚ وَمَآ اَنْتُمْ لَهٗ بِخٰزِنِيْنَ ﴿22﴾
Lan Ingsun angutus angin kang gawa mega, banyu ginawa mendhuwur, Ingsun banjur nurunake banyu udan saka langit, banjur Ingsun anggo nyiram manungsa kabeh. Dene kang nyekel penguwasa gedhonge banyu udan iku dudu sira, nanging Ingsun pribadi. (22)
وَاِنَّا لَنَحْنُ نُحْيٖ وَنُمِيْتُ وَنَحْنُ الْوٰرِثُوْنَ﴿23﴾
Lan satemene Ingsun iki agawe urip lan agawe pati, lan sawise ahline padha mati, iku Ingsun kang kagungan). (23)