Terjemah Jawa Q.S. (10) Yunus. 109 Ayat

Qur’an Surah (10) Yunus (Kanjeng Nabi Yunus). 109 ayat

سُورَةُ يُوْنُسَ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

Awit Asmanipun Allah, Ingkang Mahamurah tur Mahaasih

الۤرٰۗ تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْحَكِيْمِ﴿1﴾

Alif. Laam, Raa. (Allah Piyambak Ingkang Uninga Tegesipun). Iki ayat-ayate Kitab Qur’an Kang Wicaksana (1)

اَكَانَ لِلنَّاسِ عَجَبًا اَنْ اَوْحَيْنَآ اِلٰى رَجُلٍ مِّنْهُمْ

Ya gene wong-wong padha gumun anggoningsun paring wahyu marang sawijining wong lanang kancane

اَنْ اَنْذِرِ النَّاسَ وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنَّ لَهُمْ قَدَمَ صِدْقٍ عِنْدَ رَبِّهِمْۗ

Dhawuh Ingsun: “(He Muhammad), sliramu paringa pepeling tumrap para manungsa, lan paringa bebungah marang wong-wong mukmin, ing besuk ana ing ngarsane Pengerane bakal padha tompo ganjarane penggawe becik.

قَالَ الْكٰفِرُوْنَ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ مُّبِيْنٌ﴿2﴾

Ing kono wong-wong kafir malahan banjur padha ngucap: “Satemene wong lanang iki (Muhammad), yekti ahli sihir kang nyata (2)

اِنَّ رَبَّكُمُ اللهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ

Satemene Pangeranmu iku Allah, kang nitahake langit lan bumi ing dalem enem dina lawase,

ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِ يُدَبِّرُ الْاَمْرَۗ

sawise dadi, Allah banjur Murba Wasesa kabeh perkara kang ana ing Panguwasane. Allah iku Niti Priksa kabeh perkara.

مَا مِنْ شَفِيْعٍ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ اِذْنِهٖۗ

Ora ana wong bisa pikantuk Pitulungane Allah, kajaba menawa wis Dikeparengake dening Panjenengane.

ذٰلِكُمُ اللهُ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ

Pengeran kang semono luhure iku, yaiku Allah Pangeranmu, mulane padha manembaha ing Allah.

اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ﴿3﴾

Apa sliramu kabeh padha gelem nampa pepeling? (3)

اِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًاۗ

Kawusanane awakmu iku, ing besuk bakal bali kabeh marang ngarsane Allah.

وَعْدَ اللهِ حَقًّاۗ

Janjine Allah kang mengkono iku mesthi kaleksanan.

اِنَّهٗ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ

Allah iku Kang Mahamurwani, Kang Nitahake kawula iki kabeh, sawise dititahake banjur disowanake marang ngarsa-Ne.

لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ بِالْقِسْطِۗ

Kang mengkono mau, kersane Allah dianggo lantaran anggone bakal paring ganjaran marang para wong mukmin kang padha tumindak becik klawan adil.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيْمٍ

Dene para wong kafir bakal padha diparingi omben-omben saka neraka,

وَّعَذَابٌ اَلِيْمٌۢ بِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ﴿4﴾

Lan padha kaparingan azab kang nglarani, pituwase anggone padha kafir. (4)

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاۤءً

Panjenengane Allah iku Kang Nitahake srengenge mawa cahya kang sumorot,

وَّالْقَمَرَ نُوْرًا وَّقَدَّرَهٗ مَنَازِلَ

lan nitahake rembulan mawa pepadhang, lan nemtokake lakuning srengenge lan rembulan mau ana ing Manazil

لِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ

supaya sira padha weruh wilangane tahun, lan weruh mrang ilmu etung.

مَا خَلَقَ اللهُ ذٰلِكَ اِلَّا بِالْحَقِّۗ

Allah anggone Nitahake mengkono iku, ora liya dianggo nyatakake Kuwasane.

يُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ﴿5﴾

Allah paring keterangan ayat-ayat pirang-pirang, marang wong wong kang padha bisa weruh. (5)

اِنَّ فِى اخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ

Satemene ing dalem gilir-gumantine wengi kalawan rahina,

وَمَا خَلَقَ اللهُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ

sarta ing dalem apa kang katitahake dening Allah ing langit lan bumi,

لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَّقُوْنَ﴿6﴾

iku temen minangka ayat-ayat tumrap wong kang padha anjaga dhirine saka ing ala. (6)

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا

Satemene wong kang padha ora ngarep-ngarep bakal disowanake marang Ngarsaningsun,

وَرَضُوْا بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَا

lan padha bungah ngrasakake kauripan ing donya,

وَاطْمَـَٔنُّوْا بِهَا

tentrem marang kabungahaning donya,

وَالَّذِيْنَ هُمْ عَنْ اٰيٰتِنَا غٰفِلُوْنَۙ﴿7﴾

Lan kabeh wong kang lali, ora padha merduli marang ayat ayat Ingsun, (7)

اُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمُ النَّارُ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ﴿8﴾

Wong kang mengkono iku, panggonane ana ing neraka, yaiku minangka piwalese barang kang wis ditindakake. (8)

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

Satemene wong mukmin lan padha tumindak becik,

يَهْدِيْهِمْ رَبُّهُمْ بِاِيْمَانِهِمْۚ

iku padha diparingi pitedah dalan bener dening Pengeran

تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُ فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ﴿9﴾

Kang ana bengawane mili ana ing sangisore, yaiku aran suwarga Na’iem) (9)

دَعْوٰىهُمْ فِيْهَا سُبْحٰنَكَ اللّٰهُمَّ

Dongane dheweke ing sajrone mengkene: ”Subhanakallahumma, Mahasuci Paduka, dhuh Allah!”,

وَتَحِيَّتُهُمْ فِيْهَا سَلٰمٌۚ

Pikantuk salam pakurmatan, “Salaam”,

وَاٰخِرُ دَعْوٰىهُمْ

Lan panutup dongane mengkene:

اَنِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ﴿10﴾ع_1

Alhamdulillaahi Rabbil ‘Alamiin”, sedaya Pangalembana katur konjuk dhumateng Allah, Pengeran sedaya ngalam”.(10)

وَلَوْ يُعَجِّلُ اللهُ لِلنَّاسِ الشَّرَّ اسْتِعْجَالَهُمْ بِالْخَيْرِ لَقُضِيَ اِلَيْهِمْ اَجَلُهُمْۗ

Saupama Allah enggal-enggal marengake panyuwune manungsa kang amrih becik, amasthi, putusane wus tinamtu marang dheweke

فَنَذَرُ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ﴿11﴾

“Mulane wong kang padha ora kepengin sowan ing Ngarsaningsun iku padha ingsun togake wae, anggone padha nasar, dadi padha kebanjur-banjur anggone bingung” (11)

وَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ الضُّرُّ دَعَانَا لِجَنْۢبِهٖٓ اَوْ قَاعِدًا اَوْ قَاۤىِٕمًاۚ

Menawa wong kafir iku padha nemahi reribed, banjur padha nyenyuwun marang Ingsun kanthi teturon miring, utawa karo linggih, ugo karo ngadeg, nyuwun supaya reribed mau Ingsun ilangi.

فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُ ضُرَّهٗ مَرَّ كَاَنْ لَّمْ يَدْعُنَآ اِلٰى ضُرٍّ مَّسَّهٗۗ

Bareng reribed wis Ingsun ilangi, wong kafir mau banjur bali nindakake tumindak ala kaya kang wis wis. Meh prasasat ora ngaku nyenyuwun marang Ingsun sirnaning reribed kang nempuh ing awake.

كَذٰلِكَ زُيِّنَ لِلْمُسْرِفِيْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿12﴾

Mengkono uga wong kang padha ndadra anggone kafir, iku padha digodha ing syetan, banjur padha demen netepi kafir kang wis ditindakake salawas-lawase. (12)

وَلَقَدْ اَهْلَكْنَا الْقُرُوْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَمَّا ظَلَمُوْاۙ

Lan satemene Ingsun wus anglebur umat ing sadurungemu, bareng padha atindak duraka,

وَجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ وَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْاۗ

lan para utusane wus padha anekani dheweke kalawan bukti-bukti terang, lan dheweke padha ora gelem iman,

كَذٰلِكَ نَجْزِى الْقَوْمَ الْمُجْرِمِيْنَ﴿13﴾

kaya mangkono anggon Ingsun males para wong duraka. (13)

ثُمَّ جَعَلْنٰكُمْ خَلٰۤىِٕفَ فِى الْاَرْضِ مِنْۢ بَعْدِهِمْ

Sawise mengkono, sira banjur Ingsun titahake, manggon ana ing bumi, dadi gegentine para ummat kang uwis sirna mau.

لِنَنْظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُوْنَ﴿16﴾

Ingsun bakal mirsani lan niteni kepriye tindakmu. (16)

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيَاتُنَا بَيِّنٰتٍۙ

Lan menawa diwacakake marang dheweke ayat-ayatingsun kang cetha,

قَالَ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا ائْتِ بِقُرْاٰنٍ غَيْرِ هٰذَآ اَوْ بَدِّلْهُۗ

Ingkono wong kang ora ngarep-arep disowanake ana ing ngarsaningsun, banjur padha matur: “(Dhuh Nabi Muhammad) Panjengan mbok inggih andhawuhaken Qur’ an sanesipun punika, utawi Qur’an punika mugi panjenengan ewahi sampun kados mekaten.

قُلْ مَا يَكُوْنُ لِيْٓ اَنْ اُبَدِّلَهٗ مِنْ تِلْقَاۤئِ نَفْسِيْۚ

(Muhammad) dhawuha: ”Ingsun ora wenang ngowahi Qur’an sakarepingsun dhewe,

اِنْ اَتَّبِعُ اِلَّا مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّۚ

wajibingsun mung manut, lugu kang wis diparingake marang ingsun,

اِنِّيْٓ اَخَافُ اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ﴿15﴾

menawa ingsun wani duraka lancang, andhisiki Kersaning Pangeran, ingsun wedi siksaning Allah besuk ing dina gedhe qiyamat (15)

قُلْ لَّوْ شَاۤءَ اللهُ مَا تَلَوْتُهٗ عَلَيْكُمْ وَلَآ اَدْرٰىكُمْ بِهٖۖ

(He Muhammad) dhawuha: Upama ana Kaparenge Kersaning Allah, kena uga ora dhawuh marang Ingsun macakake Qur’an marang sira,

فَقَدْ لَبِثْتُ فِيْكُمْ عُمُرًا مِّنْ قَبْلِهٖۗ

sadurunge iki anggon Ingsun bebarengan urip wis pirang-pirang tahun lawase, ingsun ora macakake Qur’an, marga ora ana dhawuh.

اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ﴿16﴾

Yagene sira padha ora kedunungan pikir menawa Qur’an iki temen dhawuhing Allah? (16)

فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ

Ora ana wong kang luwih nganiaya marang awake dhewe tinimbang wong-wong kang gawe-gawe, celathu goroh, ngarani menawa Allah iku ana kang madhani jumeneng Pengeran, utawa wong kang ora percaya ayating Allah.

اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْمُجْرِمُوْنَ﴿17﴾

Satemene ora bakal pikantuk kabegjan tumrap wong kang padha dosa (17)

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ مَا لَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْ

Wong-wong musyrik mau padha manembah saliyane Allah, yaiku brahala kang ora bisa gawe melarat utawa gawe manfangat marang dheweke mau.

وَيَقُوْلُوْنَ هٰٓؤُلَاۤءِ شُفَعَاۤؤُنَا عِنْدَ اللهِۗ

Dheweke mau padha ngucap mengkene: “Brahala iku kabeh ing besuk bakal padha ngaturake becikku ana ngarsane Allah.”

قُلْ اَتُنَبِّـُٔوْنَ اللهَ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِۗ

(Muhammad) dhawuha: “Yen mengkono, sira apa bakal monjuk ing Allah menawa brahala iku Pengeran kang ngunjukake becikmu ana ngarsane Allah, kang mangka Allah ora Uninga menawa ing langit lan ing bumi ana kang madhani ing Panjenengane.

سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ﴿18﴾

Allah iku Mahasuci tur Mahaluhur, adoh banget menawa kaya panemune wong kang padha musyrik. (18)

وَمَا كَانَ النَّاسُ اِلَّآ اُمَّةً وَّاحِدَةً فَاخْتَلَفُوْاۗ

Ora ana kahanane manungsa kajaba dhisik-dhisike dadi siji nganggo agama Islam, suwe-suwe banjur padha sulaya, nganggo agama warna-warna.

وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ فِيْمَا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ﴿19﴾

Saupama Pengeranmu durung ngendikake pepesthen yen patrapaning keluputan di srantekake besuk dina qiyamat, mesthi wong kang padha pasulayan perkara agama iku, endi kang luput dipatrapi padha sanalika. (19)

وَيَقُوْلُوْنَ لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۚ

Wong kafir padha ngucap: “Ya gene Nabi Muhammad teka ora diparingi mu’jizat kaelokan saka Pangerane kaya para nabi ing zaman kuna.

فَقُلْ اِنَّمَا الْغَيْبُ لِلّٰهِ فَانْتَظِرُوْاۚ

(Muhammad), dhawuha: “Mu’jizat mengkono perkara kang ghaib; iku kagungane Allah Piyambak, dudu wewenangku, mulane perkara kang Ingsun ajab iku entenana wae,

اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ﴿20﴾ ع_2

Setuhune Ingsun bebarengan marang sira uga melu ngenteni.” (20)

وَاِذَآ اَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً مِّنْۢ بَعْدِ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُمْ اِذَا لَهُمْ مَّكْرٌ فِيْٓ اٰيٰتِنَاۗ

Para wong kafir sawise padha kena ing reribet, menawa banjur Ingsun paringi rahmat (bungah lan katentreman) ingkono banjur padha ora percaya lan anggeguyu marang ayatingsun,

قُلِ اللهُ اَسْرَعُ مَكْرًاۗ

(Muhammad) dhawuha: “Allah iku menawa kersa paring siksa, luwih dening rikat.”

اِنَّ رُسُلَنَا يَكْتُبُوْنَ مَا تَمْكُرُوْنَ﴿21﴾

Utusan ingsun para malaikat padha nulisi anggonmu padha ora percaya lan anggeguyu ayatingsun. (21)

هُوَ الَّذِيْ يُسَيِّرُكُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ

Panjenengane Allah iku kang paring kekuwatan marang sira kabeh, dadi padha bisa mlaku ana ing daratan utawa mrahu anang segara.

حَتّٰٓى اِذَا كُنْتُمْ فِى الْفُلْكِۚ وَجَرَيْنَ بِهِمْ بِرِيْحٍ طَيِّبَةٍ وَّفَرِحُوْا بِهَا

Nalikane sira nunggang prahu ana ing segara, prahu mau mlaku ngemot wong akeh. Lakune angler sinentoring angin becik, wong ing sajrone prahu padha bungah.

جَاۤءَتْهَا رِيْحٌ عَاصِفٌ وَّجَاۤءَهُمُ الْمَوْجُ مِنْ كُلِّ مَكَانٍ

lng kono banjur ana angin lesus teka, aluning segara nempuh prahu saka ing ngendi-ngendi arah.

وَّظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ اُحِيْطَ بِهِمْۙ دَعَوُا اللهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ

Wong ing sajerone prahu padha ngira bakal ketungkeban ing belahi gedhe, banjur padha nyenyuwun selamet ing Allah, klawan ati gumolong suci ing Allah.

لَىِٕنْ اَنْجَيْتَنَا مِنْ هٰذِهٖ لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ﴿22﴾

Ature kanthi monjuk: “Dhuh Allah, menawi Panjenengan paring wilujeng dhumateng kawula, luwar saking bebaya punika, saeba anggen kawula sami syukur ing Paduka.” (22)

فَلَمَّآ اَنْجٰىهُمْ اِذَا هُمْ يَبْغُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ

Bareng Allah wis pareng selamet, wong mau banjur padha nyidrani kasaguhane, padha mbalela, gawe rusak ana ing bumi, nindakake penggawe kang ora bener.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّمَا بَغْيُكُمْ عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ مَّتَاعَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۖ

(Pangandikane Allah): “He para manungsa, anggonmu padha mbalela iku pituwase mung bungah sedela ana ing donya, nanging ora wurung bakal mlarati marang awakmu dhewe.

ثُمَّ اِلَيْنَا مَرْجِعُكُمْ فَنُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿23﴾

Ing tembe sira bakal padha digiring, kasowanake ing Ngarsaningsun, ing kono Ingsun melehake kabeh tindak kang wis sira tindakake. (23)

اِنَّمَا مَثَلُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَاۤءٍ اَنْزَلْنٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ فَاخْتَلَطَ بِهٖ نَبَاتُ الْاَرْضِ مِمَّا يَأْكُلُ النَّاسُ وَالْاَنْعَامُۗ

Satemene kabungahan donya anggone bakal sirna, sanepane kaya umpamane banyu udan kang Ingsun turunake saka ing langit, banjur disesep ing tethukulaning bumi kang dadi panganing manungsa lan rajakaya.

حَتّٰٓى اِذَآ اَخَذَتِ الْاَرْضُ زُخْرُفَهَا وَازَّيَّنَتْ وَظَنَّ اَهْلُهَآ اَنَّهُمْ قٰدِرُوْنَ عَلَيْهَآ

Tethukulan mau banjur dadi rerengganing bumi, tethukulan sarta woh-wohan kang warna-warni dideleng asri. Wong kang manggon ana ing bumi padha rumangsa nguwasani tethukulan mau.

اَتٰىهَآ اَمْرُنَا لَيْلًا اَوْ نَهَارًا فَجَعَلْنٰهَا حَصِيْدًا كَاَنْ لَّمْ تَغْنَ بِالْاَمْسِۗ

Dumadakan banjur ana Keparenging Kersaningsun angrusak tethukulan mau ing wayah awan utawa bengi, tethukulan mau banjur Ingsun sirnakake dening ama, Larut kaya diliresik persasat biyen mula ora ana.

كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ﴿24﴾

Mengkono iku anggon Ingsun nerangake ayat-ayat Ingsun marang wong kang padha gelem mikir-mikir. (24)

وَاللهُ يَدْعُوْٓ اِلٰى دَارِ السَّلٰمِۚ

Dene Panjenengane Allah iku ngajak murih supaya para manungsa padha mlebu ing suwarga Darussalam,

وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿25﴾

Lan Paring pitedah marang wong kang dadi Kepareng Kersane, pitedah marang dalan kang jejeg-bener (25)

;”>لِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوا الْحُسْنٰى وَزِيَادَةٌۗ

Kabeh wong kang padha nindhakake kebecikan, ngabekti ing Allah, padha pikantuk penduman becik, yaiku suwarga, lan katambahan kepareng andeleng marang sariraning Allah,

وَلَا يَرْهَقُ وُجُوْهَهُمْ قَتَرٌ وَّلَا ذِلَّةٌۗ

wajahe wong mau ora kena bledug lan ora kusem, ora kataman asor,

اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿26﴾

wong mengkono dadi penduduk suwarga, lan bakal padha langgeng selawase. (26)

وَالَّذِيْنَ كَسَبُوا السَّيِّاٰتِ جَزَاۤءُ سَيِّئَةٍ ۢبِمِثْلِهَاۙ وَتَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌۗ

Dene wong-wong kang padha tumindak ala (kafir), iku patrapane mung samurwate keluputan, lan padha kena bledug dening remeh awake,

مَا لَهُمْ مِّنَ اللهِ مِنْ عَاصِمٍۚ كَاَنَّمَآ اُغْشِيَتْ وُجُوْهُهُمْ قِطَعًا مِّنَ الَّيْلِ مُظْلِمًاۗ

Lan ora duwe andel-andel (kang bisa mitulungi) kang bisa murungake siksane Allah. Rahine padha kusem prasasat dipupuri kuseming wengi kang peteng andhedhet.

اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿27﴾

Wong mengkono iku aran penduduk neraka, lan bakal padha langgeng selawase. (27)

وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا

Ing besuk dina qiyamat, Ingsun angimpun dheweke kabeh,

ثُمَّ نَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا مَكَانَكُمْ اَنْتُمْ وَشُرَكَاۤؤُكُمْۚ

tumuli Ingsun bakal angandika marang para kang padha anjejerake sesembahan (minangka sisihane Allah): Tetepa ing panggonanmu, sira sarta jejeranmu!

فَزَيَّلْنَا بَيْنَهُمْ وَقَالَ شُرَكَاۤؤُهُمْ مَّا كُنْتُمْ اِيَّانَا تَعْبُدُوْنَ﴿28﴾

Tumuli bakal Ingsun pisahake antarane dheweke, sarta jejerane celathu: “Rak ora marang aku anggonmu padha angawula.” (28)

فَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ اِنْ كُنَّا عَنْ عِبَادَتِكُمْ لَغٰفِلِيْنَ﴿29﴾

Wis cukup Allah minangka saksi antarane aku lan sira, yen aku marang pangawulamu temen ora ngrumangsani. (29)

هُنَالِكَ تَبْلُوْا كُلُّ نَفْسٍ مَّآ اَسْلَفَتْ وَرُدُّوْٓا اِلَى اللهِ مَوْلٰىهُمُ الْحَقِّ

Ingkono siji-sijining awak padha weruh barang kang wis padha ditindakake nalika ana ing donya. Dene putusane perkara disumanggakake marang Keparenging Allah, yaiku Pengerane wong kang padha mangrotingal mau kang sejatine.

وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ﴿30﴾ ع_3

Dene anggone padha gawe-gawe ngarani menawa brahala iku bakal mitulungi ngaturake kebecikan ana ing ngarsane Allah, ing dina iku tetela cidra. (30)

قُلْ مَنْ يَّرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ

(Muhammad) dhawuha marang para wong musyrik: “Kang paring rezeki marang sira metu saka banyu udan kang tumurun saka ing Iangit lan saka tethukulan ing bumi iku sapa,

اَمَّنْ يَّمْلِكُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ

lan kang paring pangrungu, apadene pendeleng marang sira iku sapa,

وَمَنْ يُّخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ

lan kang ngetokake barang kang urip saka barang kang mati, utawa ngetokake barang kang mati saka barang kang urip iku sapa.

وَمَنْ يُّدَبِّرُ الْاَمْرَۗ

Mengkono maneh kang nitipriksa Ian ngopeni bumi lan Iangit saisine iku sapa?

فَسَيَقُوْلُوْنَ اللهُۚ

Para wong musyrik mau mesthi padha mangsuli: “Boten sanes namung Allah.”

فَقُلْ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ﴿31﴾

Ing kono sira banjur dhawuha: “Ya gene sira padha ora wedi ing Allah?” (31)

فَذٰلِكُمُ اللهُ رَبُّكُمُ الْحَقُّۚ

Pangeran kang kaya mengkono Kuwasane, yaiku Allah Pangeranmu kang Haq (Sanyata).

فَمَاذَا بَعْدَ الْحَقِّ اِلَّا الضَّلٰلُۖ

Mara ta padha pikiren, liyane kang Haq iku pangeran apa, mesthi Pangeran gorohan.

فَاَنّٰى تُصْرَفُوْنَ﴿32﴾

Lan kepriye penemumu teka kudu milih Pangeran gegorohan? (32)

كَذٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِيْنَ فَسَقُوْٓا اَنَّهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿33﴾

Mengkono uga wis sanyata pepestening Pangeranmu kang Nemtokake menawa wong wong fasiq, kang padha ndadra anggone kafir iku padha ora gelem percaya ing Allah. (33)

قُلْ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗۗ

(Muhammad) dhawuha marang para wong musyrik: “BrahaIa kang padha sira anggep Pengeran iku, apa ana kang murwakani (miwiti) nganakake kang dumadi iki, sawise dianakake banjur dibalekake marang awake, mesthi ora ana.”

قُلِ اللهُ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ

Muhammad banjur dhawuha: “Kang murwakani nganakake kabeh kang dianakake banjur dibalekake dumadi iku Allah. Sawise dianaake banjur dibalekake marang ngarsane,

فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ﴿34﴾

banjur kepriye panemumu teka padha lumuh metu, malahan milih dalan kang ora bener? (34)

قُلْ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّهْدِيْٓ اِلَى الْحَقِّۗ

(Muhammad) dhawuha marang para wong musyrik: “BrahaIa kang padha sira anggep Pengeran iku apa ana kang bisa nuduhake dalan kang bener, mesthi ora ana.

قُلِ اللهُ يَهْدِيْ لِلْحَقِّۗ

(Muhammad) dhawuha: “Kang nuduhake dalan kang bener iku mung Allah, mara padha pikiren, Allah iku paring pitedah marang dalan kang bener.

اَفَمَنْ يَّهْدِيْٓ اِلَى الْحَقِّ اَحَقُّ اَنْ يُّتَّبَعَ اَمَّنْ لَّا يَهِدِّيْٓ اِلَّآ اَنْ يُّهْدٰىۚ فَمَا لَكُمْۗ

Pangarepe wong kafir iku ora bisa weruh dalan kang bener, kajaba yen dituduhake (brahala iya ora bisa obah dhewe, kajaba menawa diobahake). Kabeh iku endi kang benere kudu dituruti.

كَيْفَ تَحْكُمُوْنَ﴿35﴾

Yagene sira padha duwe panganggep kang ora bener? (35)

وَمَا يَتَّبِعُ اَكْثَرُهُمْ اِلَّا ظَنًّاۗ

Wong musyrik iku wewatone kang diturut, ora liya mung gagasan lan awur-awuran panyana,

اِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِيْ مِنَ الْحَقِّ شَيْـًٔاۗ

kang mengkono iku ora kena dikencengi dienggo nulak barang kang nyata lan bener.

اِنَّ اللهَ عَلِيْمٌۢ بِمَا يَفْعَلُوْنَ﴿36﴾

Satemene Allah iku Ngudaneni barang kang ditindakake dening wong musyrik. (36)

وَمَا كَانَ هٰذَا الْقُرْاٰنُ اَنْ يُّفْتَرٰى مِنْ دُوْنِ اللهِ

Qur’an iki ora saka gawe-gawene saliyane Allah. Satemene Qur’an iki diturunake dening Allah,

وَلٰكِنْ تَصْدِيْقَ الَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيْلَ الْكِتٰبِ

surasane cocok lan kitab-kitabe para nabi ing zaman kuna, anerangake lan mijangake surasane kitab mau

لَا رَيْبَ فِيْهِ مِنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ﴿37﴾

Qur’an iki temen pangandikane Allah, Pengerane ngalam kabeh, ora kena sumelang utawa maido apadene mamang-mamang maneh. (37)

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُۗ

Wong musyrik apa padha ngucap, ngarani menawa Qur’an iku gawe gaweyane (Nabi Muhammad) dhewe.

قُلْ فَأْتُوْا بِسُوْرَةٍ مِّثْلِهٖ

(Muhammad) dhawuha: “Menawa pangucapmu iku temen bener, mara padha nganggita surat kang madhani Qur’an iki ing patitise, lan sedep manise ukurane,

وَادْعُوْا مَنِ اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ

malah nyambata liyane Allah, miliha wong kang pinter ing babagan ngolah tembung.

اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿38﴾

Yen pancen sira kabeh iku bener bisa (38)

بَلْ كَذَّبُوْا بِمَا لَمْ يُحِيْطُوْا بِعِلْمِهٖ وَلَمَّا يَأْتِهِمْ تَأْوِيْلُهٗۗ

Wong musyrik malah banjur padha maido surasaning Qur’an, kang ora tekan digayuh dening pangertene, tur durung dipikir lan durung weruh karepe.

كَذٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ

Meng kono uga para ummat kuna sadurunge wong musyrik, iya padha maido marang Nabine.

فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الظّٰلِمِيْنَ﴿39﴾

(Muhammad) sira delenga, kepriye wekasane wong kang padha duraka nganiaya (39)

وَمِنْهُمْ مَّنْ يُّؤْمِنُ بِهٖ وَمِنْهُمْ مَّنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهٖۗ

(Muhammad), para ummatmu iku ana kang bakal percaya ing Qur’an, lan ana uga kang ora percaya.

وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِالْمُفْسِدِيْنَ﴿40﴾ ع_4

Dene Pengeranmu iku Ngudaneni wong kang padha gawe rusak, tulus anggone ora percaya ing Qur’an. (40)

وَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقُلْ لِّيْ عَمَلِيْ وَلَكُمْ عَمَلُكُمْۚ

Para ummatmu padha nggorohake marang sliramu, banjur dhawuha: “Ganjarane anggoningsun tumindak ngabekti ing Allah, dadi darbekingsun dhewe. Dene patrapane anggonmu padha mangro tingal, iya bakal sira sangga dhewe.

اَنْتُمْ بَرِيْۤـُٔوْنَ مِمَّآ اَعْمَلُ وَاَنَا۠ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ﴿41﴾

Sira ora melu-melu perkara tindakingsun. Ingsun uga ora melu-melu perkara tindakmu.” (41)

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُوْنَ اِلَيْكَۗ

Para wong musyrik iku iya ana kang ngrungokake anggonmu maca Qur’an (nanging mung mligi ngrungokake wae, ora ngestokake isine, dadi padha wae lan budeg).

اَفَاَنْتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ وَلَوْ كَانُوْا لَا يَعْقِلُوْنَ﴿42﴾

Sira apa kepengin bisane tumama pituturmu marang wong budeg tur tanpa aqal? (42)

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّنْظُرُ اِلَيْكَۗ

Para wong musyrik uga ana kang andeleng marang sliramu (weruh mu’jizat kaelokan pirang-pirang, nanging mung mligi weruh wae, ora ngestokake, dadi padha wae karo wuta),

اَفَاَنْتَ تَهْدِى الْعُمْيَ وَلَوْ كَانُوْا لَا يُبْصِرُوْنَ﴿43﴾

sira apa kepengen kudu meruhake wong wuta tur atine iya ora bisa ndeleng? (43)

اِنَّ اللهَ لَا يَظْلِمُ النَّاسَ شَيْـًٔا

Satemene Allah iku ora nganiaya marang manungsa sethithik-sethithika,

وَّلٰكِنَّ النَّاسَ اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ﴿44﴾

nanging manungsa iku kang nganiaya marang awake dhewe. (44)

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ كَاَنْ لَّمْ يَلْبَثُوْٓا اِلَّا سَاعَةً مِّنَ النَّهَارِ

(Muhammad) dhawuha bab dina qiyamat, nalikane Allah ngimpun para wong musyrik, ing kono wong musyrik mau rumangsa anggone urip nalika ana ing donya presasat mung sejam ing wayah awan.

يَتَعَارَفُوْنَ بَيْنَهُمْۗ قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ اللّٰهِ وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ﴿45﴾

Nalika padha metu saka ing kubur, siji-siji ning wong padha weruh marang kancane (nanging ora ana kang cecaturan, saking dening wedine). Ing kono kabeh wong kang maido menawa ing dina qiyamat, bakal disowanake ana ing ngersane Allah, tetela padha cilaka (kapitunan), lan padha ora weruh apa kang dadi mergane bisa luwar saka kacilakan. (45)

وَاِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ

(Muhammad), menawa saiki sira Ingsun weruhake wujuding siksa sawatara, kang Ingsun ancamake marang para wong kafir,

اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَاِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ

sira banjur iya weruh utawa menawa sira ingsun pundhut nyawa sira sadurunge wong kafir ingsun siksa, ing besuk ana ing akhirat, sira iya bakal weruh ing tembe wong-wong kafir bakal padha bali ing ngarsaningsun.

ثُمَّ اللهُ شَهِيْدٌ عَلٰى مَا يَفْعَلُوْنَ﴿46﴾

Ing kono Allah kang bakal dadi saksi melehake kabeh barang kang padha ditindakake dening wong kafir nalika ana ing donya(46)

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ رَّسُوْلٌۚ

Ing besuk dina qiyamat, siji sijining ummat iku padha kawengku ing Rosule dhewe-dhewe

فَاِذَا جَاۤءَ رَسُوْلُهُمْ

semangsa ummate mau Rasule wis teka mratelakake ala beciking ummate,

قُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِ

ummat mau banjur diputusi perkarane kanthi adil

وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ﴿47﴾

sabanjure ora disiksa kanthi panganiaya. (47)

وَيَقُوْلُوْنَ

Para wong kafir banjur padha matur (ing Kanjeng Nabi Muhammad):

مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ

“Benjing punapa kalampahanipun dinten qiyamat ingkang kadhawuhan punika,

اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿48﴾

Menawi pangandika panjenengan punika temen? (48)

قُلْ لَّآ اَمْلِكُ لِنَفْسِيْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا اِلَّا مَا شَاۤءَ اللهُۗ

(Muhammad) dhawuha marang wong kafir mau: “Ingsun ora bisa nguwasani marang awakingsun dhewe, ora bisa nulak bebaya kang pinasti teka utawa nekakake. manfangat (pikoleh) kang pinasti ora teka, ora liwat mung sumangga apa Kersaning Allah iku mesthi keleksanan.”

لِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌۚ

Siji-sijining wong padha diwangeni dawa cedhaking umure dhewe-dhewe,

اِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ فَلَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ﴿49﴾

Samangsa wis tekan wangening patine, ora bisa maju lan ora bisa mundur sadhela wae.” (49)

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُهٗ

(Muhammad) dhawuha marang wong kafir kang padha nantang siksa: “Menawa siksaning Allah iku teka, nungkebi marang sira,

بَيَاتًا اَوْ نَهَارًا

ing wayah wengi utawa awan, ing kono sira padha keduwung

مَّاذَا يَسْتَعْجِلُ مِنْهُ الْمُجْرِمُوْنَ﴿50﴾

Para wong kafir banjur padha nantang apa maneh, mara padha matura marang ingsun (50)

اَثُمَّ اِذَا مَا وَقَعَ اٰمَنْتُمْ بِهٖۗ

Apa sira padha ngenteni menawa siksa wis tumiba, ingkono sira lagi percaya ing Allah?

اٰۤلْـٰٔنَ وَقَدْ كُنْتُمْ بِهٖ تَسْتَعْجِلُوْنَ﴿51﴾

Kang mesthi sira banjur padha diparingi pangandika: “Apa-apamu, iki sira lagi percaya. Tibaning siksa iki saka sira dhewe kang anggege tekane.” (51)

ثُمَّ قِيْلَ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذُوْقُوْا عَذَابَ الْخُلْدِۚ

Wong kang padha nganiaya awake dhewe sarana tumindak kafir, banjur padha didhawuhi “Saiki sira padha ngrasakna siksa kang langgeng,

هَلْ تُجْزَوْنَ اِلَّا بِمَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ﴿52﴾

anggonmu nandhang piwales kang semono iku ora saka panganiaya, tumanja patraping keluputan kang wis padha sira tindakake (52)

وَيَسْتَنْۢبِـُٔوْنَكَ اَحَقٌّ هُوَۗ

Wong kafir padha nyuwun pitakon marang sira Muhammad: “Ingkang panjenengan ngendikakaken bab dinten qiyamat utawi kawontenanipun siksa punika punapa sayektos?”

قُلْ اِيْ وَرَبِّيْٓ اِنَّهٗ لَحَقٌّۗ

(Muhammad) dhawuha: “Mesthi temen demi Pangeraningsun. Dina qiyamat lan ananing siksa iku kabeh haq.

وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ﴿53﴾ ع_5

Sira padha ora bisa sumingkir saka siksa mau.” (53)

وَلَوْ اَنَّ لِكُلِّ نَفْسٍ ظَلَمَتْ مَا فِى الْاَرْضِ لَافْتَدَتْ بِهٖۗ

Lan manawa siji-sijining jiwa kang nandhang dosa jalaran kafire iku andarbenana sabarang kang ana ing bumi, iku mesthi arep dienggo nebusi

وَاَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَۚ

Sarta angatonake piduwunge kalane andeleng siksa

وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ﴿54﴾

lan ing kono prakara iku diputus kelawan jejeg, tuwin dheweke padha ora dianiaya. (54)

اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ

Elinga satemene kabeh barang kang ana ing langit lan bumi apa dudu kagungane Allah (sanajan awake wong kafir iku uga kagungane Allah)?

اَلَآ اِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ

Elinga satemene janjine Allah iku nyata,

وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿55﴾

Nanging kang mengkono mau manungsa akeh kang padha ora weruh. (55)

هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ

Panjenengane Allah iku kuwasa Agawe urip lan kuwasa Agawe pati.

وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ﴿56﴾

Ing besuk ana ing akhirat, manungsa padha diimpun bali ana ing ngarsane Allah.(56)

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَتْكُمْ مَّوْعِظَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ

He para manungsa, sira wis padha pikantuk pitutur piwulang saka Pangeranmu, yaiku Al-Qur’an,

وَشِفَاۤءٌ لِّمَا فِى الصُّدُوْرِۙ

Lan uga pikantuk usadaning memala lelara saka ing sajroning ati.

وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ﴿57﴾

AL-Qur’an iku dadi Pitedah, lan Kawelasan tumrap para wong mukmin (57)

قُلْ بِفَضْلِ اللهِ وَبِرَحْمَتِهٖ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ

(Muhammad) dhawuha: “Amarga saka sih kanugrahane Allah lan Kawelasane, wong mukmin padha bungah,

هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ﴿58﴾

iku luwih becik tinimbang bandha kang padha diklumpukake.” (58)

قُلْ اَرَءَيْتُمْ مَّآ اَنْزَلَ اللهُ لَكُمْ مِّنْ رِّزْقٍ

(Muhammad) dhawuha marang wong kafir: “Mara padha matura marang ingsun perkara rejeki kang wis diparingake dening Allah marang sira kabeh.

فَجَعَلْتُمْ مِّنْهُ حَرَامًا وَّحَلٰلًاۗ

Ana kang sira anggep larangan, ora kena dipangan, ana kang sira anggep wenang lan kena dipangan.

قُلْ اٰۤللهُ اَذِنَ لَكُمْ

Panganggepmu mengkono iku, apa wis pikantuk izining Allah,

اَمْ عَلَى اللهِ تَفْتَرُوْنَ﴿59﴾

apa mung gawe-gawe lan sira akokake terang saka ngarsaning ing Allah?” (59)

وَمَا ظَنُّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللهِ الْكَذِبَ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ

Kepriye panyanane wong kang padha gawe-gawe, celathu goroh, diakokake terang saka Allah. Apa duwe panyana besuk ing dina qiyamat wong mau ora bakal diapak-apakke.

اِنَّ اللهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ

Satemene Allah iku paring kanugrahan marang manungsa (ngutus para Rasule nuduhake dalan bener)

وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُوْنَ﴿60﴾ ع_6

nanging manungsa iku akeh kang ora gelem atur panuwun. (60)

وَمَا تَكُوْنُ فِيْ شَأْنٍ وَّمَا تَتْلُوْا مِنْهُ مِنْ قُرْاٰنٍ

(Muhammad) ora kena ora kahananmu ing ndalem sawijing urusan, lan anggonmu maca Qur’an, akeh utawa sethithik,

وَّلَا تَعْمَلُوْنَ مِنْ عَمَلٍ اِلَّا كُنَّا عَلَيْكُمْ شُهُوْدًا اِذْ تُفِيْضُوْنَ فِيْهِۗ

apadene kabeh tindak kang sliramu tindakake utawa ditindakake dening ummatmu iku kabeh Ingsun mesthi Mirsani

وَمَا يَعْزُبُ عَنْ رَّبِّكَ مِنْ مِّثْقَالِ ذَرَّةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ وَلَآ اَصْغَرَ مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْبَرَ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ﴿61﴾

Pangeranmu ora pisan-pisan kesamaran marang isining bumi lan langit, senadyan mung saboboting semut kang cilik banget, utawa cilik maneh, utawa luwih gedhe, ora ana kang kecer, kabeh mesthi katulis ana ing Kitab kang Nyata (Laukhil Mahfudz) (61)

اَلَآ اِنَّ اَوْلِيَاۤءَ اللهِ

Elinga, satemene para kekasihing Allah iku

لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۚ﴿62﴾

ora padha duwe rasa kuwatir apa-apa lan uga ora duwe sedih. (62)

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَۗ﴿63﴾

Dene wong kang aran kekasihing Allah iku kabeh wong kang padha percaya sarta wedi ing Allah. (63)

لَهُمُ الْبُشْرٰى فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۗ

Para kekasihing Allah mau ana ing donya padha pikantuk kabungahan, ing besuk ana ing akhirat padha pikantuk suwarga.

لَا تَبْدِيْلَ لِكَلِمٰتِ اللهِۗ

Dhawuh pangandikane Allah mesthi ora cidra.

ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۗ﴿64﴾

Kang mengkono mau tumrap para kekasihing Allah, aran pikantuk kabegjan kang agung. (64)

وَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْۘ

(Muhammad). Sira aja sedih dening pangucape para wong musyrik,

اِنَّ الْعِزَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًاۗ

Weruha, kamulyan kemenangan iku kabeh kagungane Allah piyambak.

هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿65﴾

Allah iku Maha Midhanget tur Maha Ngudaneni. (65)

اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِۗ

Elinga, satemene kabeh kang ana ing langit lan bumi, manungsa, jin lan malaikat iku kabeh kagungane Allah.

وَمَا يَتَّبِعُ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ شُرَكَاۤءَۗ

Dene wong kang padha manembah brahala, ora manembah ing Allah, iku tetep tanpa wewaton,

اِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ

kajaba mung wewaton panyana, brahala dinyana Pengeran madhani Allah.

وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَ﴿66﴾

Dene anggone padha ngarani brahala diarani Pengeran, iku tetela goroh. (66)

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًاۗ

Panjenengane Allah iku kang Andadekake wengi peteng minangka kanggo palerenmu, sarta Nganakake awan kang padhang, kanggo pangupajiwamu.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ﴿67﴾

Kang mengkono iku tumrap wong kang padha krungu surasaning Qur’an, mesthi minangka dadi tandha bebener. (67)

قَالُوا اتَّخَذَ اللهُ وَلَدًا سُبْحٰنَهٗۗ هُوَ الْغَنِيُّۗ

Wong-wong musyrik padha ngucap: “Allah iku peputra.” Pangucap mengkono iku goroh. Allah iku Mahasuci, ora butuh apa-apa, uga ora butuh putra.

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ اِنْ عِنْدَكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍۢ بِهٰذَاۗ

Allah iku Kang kagungan saisining langit lan bumi. (He wong musyrik), pangucapmu kang mengkono iku, dudu tandha yekti apa-apa.

اَتَقُوْلُوْنَ عَلَى اللهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ﴿68﴾

Yagene sira wani ngucapake Panjenengane Allah kanthi awur-awuran. (68)

قُلْ اِنَّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُوْنَۗ﴿69﴾

(Muhammad) dhawuha: “Satemene wong-wong kang padha gawe-gawe, ngucapake Panjenengane Allah kelawan goroh, iku padha ora pikantuk kabegjan.” (69)

مَتَاعٌ فِى الدُّنْيَا

Wong kang mengkono iku pikantuk kabungahan ana ing donya sawatara suwene.

ثُمَّ اِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ

Sawise mati, banjur padha Ingsun impun bali sowan ana ing Ngarsaningsun.

ثُمَّ نُذِيْقُهُمُ الْعَذَابَ الشَّدِيْدَ بِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ﴿70﴾ ع_7

Ingkono banjur Ingsun dhawuhi ngrasakake siksa kang abot, minangka patrapane anggone padha kafir. (70)

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ نُوْحٍۘ اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اِنْ كَانَ كَبُرَ عَلَيْكُمْ مَّقَامِيْ وَتَذْكِيْرِيْ بِاٰيٰتِ اللهِ

(Muhammad) para umatmu padha sira wacakna cerita Nabi Nuh, nalikane dhawuh marang para ummate mengkene: “He para ummatingsun, menawa anggoningsun srawung karo sira iki, utawa anggoningsun juweh-aweh pitutur marang sira, mulangke ayat-ayate Allah iki andadekake susahmu, iya apa sakarepmu kang wis golong lan kancamu tekakna marang ingsun,

فَعَلَى اللهِ تَوَكَّلْتُ

ingsun mung pasrah marang Allah.

فَاَجْمِعُوْٓا اَمْرَكُمْ وَشُرَكَاۤءَكُمْ ثُمَّ لَا يَكُنْ اَمْرُكُمْ عَلَيْكُمْ غُمَّةً ثُمَّ اقْضُوْٓا اِلَيَّ وَلَا تُنْظِرُوْنِ﴿71﴾

Sira aja padha ngendhem perkara becik, wetokna kanthi terang, sawise mengkono apa karepmu marang ingsun, ala utawa becik, lekasana, aja ndadak nganggo sira srantekake.” (71)

فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَمَا سَاَلْتُكُمْ مِّنْ اَجْرٍۗ

Menawa sira padha mlengos (nampik) saka pituturingsun, sumurupa, menawa ingsun iku ora murih pituwas apa-apa saka ing sira.

اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللهِۙ

Kang maringi pituwas anggoningsun mratakake dhawuhe Allah iki dudu sapa-sapa, nanging Allah Piyambak.

وَاُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ﴿72﴾

Ingsun didhawuhi nindakake ayahaning Allah, supaya aku dadi golongane wong sing padha sumarah (72)

فَكَذَّبُوْهُ فَنَجَّيْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ فِى الْفُلْكِ وَجَعَلْنٰهُمْ خَلٰۤىِٕفَ

Para ummate Nabi Nuh padha anggoroh-ake Nabi Nuh. Ingsun mitulungi Nabi Nuh lan pendhereke kang ana ing prahu, lan Ingsun Dadekake ganti lelakone wong kang padha sirna.

وَاَغْرَقْنَا الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ

Kabeh wong kang padha anggorohake ayatingsun mau banjur Ingsun sirnakake kanthi kelem.

فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنْذَرِيْنَ﴿73﴾

Mara delengen kepriye katemahane wong kang wis padha dielingake. (73)

ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ رُسُلًا اِلٰى قَوْمِهِمْ فَجَاۤءُوْهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ

Sapungkure Nabi Nuh Ingsun banjur ngutus para rasul, padha Ingsun kersakake memulang para ummate dhewe-dhewe, kanthi mu’jizat kaelokan pirang-pirang,

فَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْا بِمَا كَذَّبُوْا بِهٖ مِنْ قَبْلُۗ

nanging para umate padha ora percaya marang kabeh barang kang wis dipaido dening para umate Nabi Nuh biyen.

كَذٰلِكَ نَطْبَعُ عَلٰى قُلُوْبِ الْمُعْتَدِيْنَ﴿74﴾

Ingsun ngecap atine wong kang padha njarak maido marang rasul, kaya anggon-Ingsun ngecap atine umate Nabi Nuh. (74)

ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ مُّوْسٰى وَهٰرُوْنَ

Sapungkure para Rasul mau, Ingsun banjur ngutus Nabi Musa lan Nabi Harun,

اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ بِاٰيٰتِنَا فَاسْتَكْبَرُوْا

padha Ingsun kersakake andhawuhi tumindak syari’at marang Raja Fir’aun sapunggawane (para kaume), kanthi mu’jizat kaelokan pirang pirang. Raja Fir’aun dalah para kaume padha gumedhe, ora gelem percaya

وَكَانُوْا قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ﴿75﴾

dadi kahanane kabeh mau padha duraka. (75)

فَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ مِنْ عِنْدِنَا

Bareng Fir’aun sakaume mau padha weruh menawa kang didhawuhake dening Nabi Musa lan Nabi Harun iku bener, terang saka Kapareng Ingsun,

قَالُوْٓا اِنَّ هٰذَا لَسِحْرٌ مُّبِيْنٌ﴿76﴾

banjur padha ngucap: “Kaelokan kang mengkene iku tetela sihir.” (76)

قَالَ مُوْسٰٓى اَتَقُوْلُوْنَ لِلْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَكُمْۗ

Musa banjur pitakon: “Awit saking punapa sareng panjenengan kadhatengan barang ingkang nyata, lajeng panjenengan mastani sihir? Saestu barang ingkang kula gelaraken punika sampun kasunyatan terang, anjugaraken sihiripun para juru sihir, ingkang sami lajeng anuceni sarira?

اَسِحْرٌ هٰذَاۗ وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُوْنَ﴿77﴾

Punapa inggih sihir ugi? Temtu sanes.” Lan para ahli sihir iku ora bakal nemahi begja. (77)

قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا لِتَلْفِتَنَا عَمَّا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا

Fir’aun dalah para kaume banjur padha ngucap: “He Musa lan Harun, sira padha sumedya ngowahi tumindake para leluhur ingsun kang wis ingsun sumurupi, anggone padha manembah brahala.

وَتَكُوْنَ لَكُمَا الْكِبْرِيَاۤءُ فِى الْاَرْضِۗ

Pamrihmu supaya sira dadinya penggedhe ana ing negara Mesir.

وَمَا نَحْنُ لَكُمَا بِمُؤْمِنِيْنَ﴿78﴾

Ingsun mangsa gelema percaya marang sira.” (78)

وَقَالَ فِرْعَوْنُ

Fir’aun banjur dhawuh marang kaume:

ائْتُوْنِيْ بِكُلِّ سٰحِرٍ عَلِيْمٍ﴿79﴾

“Para kawula Ingsun kang lebda marang ilmu sihir padha timbalana.” (79)

فَلَمَّا جَاۤءَ السَّحَرَةُ

Para juru sihir kang bareng wis padha seba, anggawa tampar lan teken,

قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰٓى

Nabi Musa banjur prentah marang para juru sihir:

اَلْقُوْا مَآ اَنْتُمْ مُّلْقُوْنَ﴿80﴾

“Mara padha nguncalna tampar lan tekenmu.” (80)

فَلَمَّآ اَلْقَوْا قَالَ مُوْسٰى

Bareng juru sihir wis padha nguncalake tampar lan tekene (tampar lan teken mau banjur dadi ula), Musa banjur ngendika:

مَا جِئْتُمْ بِهِۙ السِّحْرُۗ

“Kang temen sihir iya kang sira tekakake iki.”

اِنَّ اللهَ سَيُبْطِلُهٗۗ

“Sedhela maneh Allah anjugarake sihirmu kabeh.”

اِنَّ اللهَ لَا يُصْلِحُ عَمَلَ الْمُفْسِدِيْنَ﴿81﴾ ع_8

Satemene Allah ora nglestarekake (netepake) penggawene wong kang gawe kerusakan.” (81)

وَيُحِقُّ اللهُ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ

Panjenengane Allah Kersa Ngluhurake agama kang Haq, kelawan Pangandikane Kang Bener (iya iku sihire para juru sihir padha jugar),

وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُوْنَ﴿82﴾

senadyan wong-wong musyrik padha gething. (82)

فَمَآ اٰمَنَ لِمُوْسٰٓى اِلَّا ذُرِّيَّةٌ مِّنْ قَوْمِهٖ عَلٰى خَوْفٍ

Sanadyan mu’jizat kaelokane Nabi Musa semono gedhene, ewadene wong-wonge Fir’aun kang banjur padha percaya marang Nabi Musa mung sethithik banget, percaya mau kanthi kuwatir mbok menawa kasumurupan (konangan) Fir’aun,

مِّنْ فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهِمْ اَنْ يَّفْتِنَهُمْۗ

Banjur padha dikaniaya dening Raja Fir’aun utawa para punggawane.

وَاِنَّ فِرْعَوْنَ لَعَالٍ فِى الْاَرْضِۚ

Amarga Fir’aun mau ana ing negara Mesir luhur lan menang banget,

وَاِنَّهٗ لَمِنَ الْمُسْرِفِيْنَ﴿83﴾

sarta nindakake atindak kang sewenang-wenang. (83)

وَقَالَ مُوْسٰى يٰقَوْمِ اِنْ كُنْتُمْ اٰمَنْتُمْ بِاللّٰهِ فَعَلَيْهِ

Nabi Musa ngendika marang para umate: “He para umat ingsun, menawa sira temen padha percaya ing Allah, lan nindhakake prentahe Allah,

تَوَكَّلُوْٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّسْلِمِيْنَ﴿84﴾

padha ngandela lan pasraha ing Allah, aja pasrah marang saliyane Allah. (84)

فَقَالُوْا عَلَى اللهِ تَوَكَّلْنَاۚ

Para umate Nabi Musa banjur padha matur mangsuli: “Kula sami pitados lan sumarah ing Allah,”

رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ﴿85﴾

(nuli padha nyenyuwun ing Allah, unjuke): “Dhuh Allah, Pengeran kawula, kawula mugi sampun Panjenengan damel kawon kaliyan para tiyang kafir, salajengipun kelu dhateng para tetiyang aniaya. (85)

وَنَجِّنَا بِرَحْمَتِكَ مِنَ الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ﴿86﴾

“Kaliyan malih, mugi Paduka Milujengaken kula sedaya kanthi Kawelasan Paduka, saking tetiyang ingkang kafir” (86)

وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰى وَاَخِيْهِ اَنْ تَبَوَّاٰ لِقَوْمِكُمَا بِمِصْرَ بُيُوْتًا

Ingsun banjur Paring Dhawuh marang Nabi Musa lan sedulure (yaiku Nabi Harun) “Para umatmu padha sira gawekna omah dhewe-dhewe ana ing negara Mesir.

وَّاجْعَلُوْا بُيُوْتَكُمْ قِبْلَةً وَّاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَۗ

Omah mau anggonen pasholatan, lan padha anjumenengna sholat ana ngomahe dhewe-dhewe.

وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿87﴾

Apadene para wong mukmin padha sira paring bebungah yaiku bakal ditulungi dening Allah sarta bakal padha pikantuk suwarga.” (87)

وَقَالَ مُوْسٰى رَبَّنَآ اِنَّكَ اٰتَيْتَ فِرْعَوْنَ وَمَلَاَهٗ زِيْنَةً وَّاَمْوَالًا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ

Nabi Musa banjur matur ing Allah: “Dhuh Pengeran kawula. Saestunipun Paduka sampun maringi rerenggan sarta bandha kathah dhumateng Fir’aun dalah para kaumipun, minangka kabingahan wonten ing donya punika.

رَبَّنَا لِيُضِلُّوْا عَنْ سَبِيْلِكَۚ

Dhuh Pengeran, sedaya kalawahu dados sarana Fir’aun sakaumipun wau sami sasar saking margi Paduka,

رَبَّنَا اطْمِسْ عَلٰٓى اَمْوَالِهِمْ

mugi Paduka nyirnakna bandhanipun Fir’aun sakaumipun,

وَاشْدُدْ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْا

saha mugi ngunciya manahipun, dados sami boten pitados dhateng Paduka,

حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ﴿88﴾

ngantos sumerep utawi katempuh ing siksa ingkang nyakiti.” (88)

قَالَ قَدْ اُجِيْبَتْ دَّعْوَتُكُمَا

Allah paring pangandika: “Panyuwunmu wong loro (Nabi Musa lan Nabi Harun) wis Kepareng,

فَاسْتَقِيْمَا وَلَا تَتَّبِعٰۤنِّ سَبِيْلَ

sira padha lestariya nglakoni ayahan Ingsun, lan sira aja padha ngambah dalane wong ka fir

الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿89﴾

kang padha ora weruh sejatine janji Ingsun.” (89)

وَجَاوَزْنَا بِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْبَحْرَ

Ingsun paring dalan marang para wong Bani lsrail, banjur padha liwat ana ing segara kang banyune piyak.

فَاَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ وَجُنُوْدُهٗ بَغْيًا وَّعَدْوًاۗ

Dene Fir’aun sakaume padha ngoyak wong Bani lsrail, klawan sengit lan nyatru, melu metu ing segar apiyak.

حَتّٰٓى اِذَآ اَدْرَكَهُ الْغَرَقُ قَالَ

Bareng katungkeban ing banyu segara kang ngerem ing awake, banjur ngucap:

اٰمَنْتُ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا الَّذِيْٓ اٰمَنَتْ بِهٖ بَنُوْٓا اِسْرَاۤءِيْلَ

“Saiki lngsun percaya, satemene ora ana Pengeran kang sinembah kelawan bener, kajaba mung Pengeran kang dipercaya lan disembah dening para wong bani lsrail.

وَاَنَا۠ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ﴿90﴾

Dene saiki ingsun mlebu ewone wong Islam.” (90)

اٰۤلْـٰٔنَ وَقَدْ عَصَيْتَ

Fir’aun banjur didhawuhi dening Malaikat Jibril: “Anggonmu tobat saiki wis kasep.

قَبْلُ وَكُنْتَ مِنَ الْمُفْسِدِيْنَ﴿91﴾

Sadurunge kasep biyen, sira anjarag tumindak duraka kafir, lan maneh sira klebu ewone wong kang gawe rusak.” (91)

فَالْيَوْمَ نُنَجِّيْكَ بِبَدَنِكَ لِتَكُوْنَ لِمَنْ خَلْفَكَ اٰيَةًۗ

Ing dina iki uga, bangkemu Ingsun entasake marang daratan, supaya kaweruhan ing wong ngakeh, lan supaya dadiya tepa tutadha tumrap para wong sapungkurmu.

وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ عَنْ اٰيٰتِنَا لَغٰفِلُوْنَ﴿92﴾

Pangandikane Allah: “Manungsa iku kang akeh padha lali marang ayat Ingsun.” (92)

وَلَقَدْ بَوَّأْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مُبَوَّاَ صِدْقٍ وَّرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِۚ

Ingsun wis ngenggonake wong-wong bani Israil ana ing panggonan kang mulya (yaiku tanah Syam lan Mesir), sarta padha Ingsun paringi rezeki kang ngresepake.

فَمَا اخْتَلَفُوْا حَتّٰى جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُۗ

Ing kono wong bani lsrail ora ana kang pasulayan perkara agamane (kabeh padha percaya golong gilig marang Nabi Muhammad, kang wis dimot ana ing kitab Taurat, bakal dadi rasul kang pungkasan), nganti tumeka Nabi Muhammad Kakersak-ake dadi rasul mancarake Qur’ an. Ing kono bani Israit banjur padha sulaya (ana kang percaya marang Nabi Muhammad, lan ana kang maido).

اِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ﴿93﴾

Ing besuk dina qiyamat, Pengeranmu mesthi mutusi perkarane wong bani Israil anggone padha pasulayan. (93)

فَاِنْ كُنْتَ فِيْ شَكٍّ مِّمَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ

Menawa sira mamang-mamang marang perkara kang wis Ingsun dhawuhake marang sira iki,

فَسْـَٔلِ الَّذِيْنَ يَقْرَءُوْنَ الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكَۚ

mara sira takona marang wong kang padha maca kitab kuna sadurunge sira (mesthi mratelakake jenengmu lan kahananmu, kabeh wis kasebut ana ing kitab Taurat).

لَقَدْ جَاۤءَكَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ

Sira wis diparingi kasunyatahan saka Pengeranmu kang dadi tandha bebener menawa sira iku Utusaningsun.

فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَۙ﴿94﴾

Mulane sira aja was sumelang maneh. (94)

وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللهِ

Lan maneh sira aja dadi ewone wong kang padha nggorohake saka ayat-ayat dhawuhe Allah.

فَتَكُوْنَ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ﴿95﴾

Menawa sira nggorohake, mesthi dadi ewone kang cilaka (95)

اِنَّ الَّذِيْنَ حَقَّتْ عَلَيْهِمْ كَلِمَةُ رَبِّكَ

Satemene wong kang wis tinamtokake dening pangandikan ing pangeranmu, pinasthi ora iman,

لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿96﴾

iku mesthi ora gelem percaya ing Allah. (96)

وَلَوْ جَاۤءَتْهُمْ كُلُّ اٰيَةٍ

Sanajan wong mau wis ditekani pirang-pirang tandha bebener, iya meksa ora padha gelem percaya,

حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ﴿97﴾

nganti padha weruh siksa kang nglarani, iku lagi gelem percaya. (97)

فَلَوْلَا كَانَتْ قَرْيَةٌ اٰمَنَتْ فَنَفَعَهَآ اِيْمَانُهَآ

Wong-wong padesan ing ngendi wae menawa anggone padha percaya marang rasul, sawise padha weruh siksa, mesthi ora tinarima imane,

اِلَّا قَوْمَ يُوْنُسَۗ

kejaba para umate Nabi Yunus.

لَمَّآ اٰمَنُوْا كَشَفْنَا عَنْهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا

Bareng padha weruh siksa, banjur padha percaya marang Nabi Yunus. Kanthi gumolonging ati, ing kono Ingsun banjur murungake siksa kang arep nempuh marang para umate Nabi Yunus ana ing donya,

وَمَتَّعْنٰهُمْ اِلٰى حِيْنٍ﴿98﴾

sarta padha Ingsun paringi kabungahan, nganti tekan wayahe anggone mati. (98)

وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ لَاٰمَنَ مَنْ فِى الْاَرْضِ كُلُّهُمْ جَمِيْعًاۗ اَفَاَنْتَ تُكْرِهُ النَّاسَ حَتّٰى يَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَ﴿99﴾

Lan saupama ana Kaparenge Pengeranmu, wong salumahing bumi iki kabeh percaya marang sira, mesthi kaleksanan, nanging kersane Allah ora mengkono. Apa sira sedih anggone manungsa padha ora percaya, apa sira meksa wong sadonya iki padha dadi wong mukmin kabeh (iku ora mesthi kelakon, awit iku Kuwasaning Allah). (99)

وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ اَنْ تُؤْمِنَ اِلَّا بِاِذْنِ اللهِۗ

Siji-sijining awak ora bisa percaya marang Allah kajaba kanthi diparengake dening Allah.

وَيَجْعَلُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِيْنَ لَا يَعْقِلُوْنَ﴿100﴾

Allah ngancam siksa andhawahake jejember marang kabeh wong kang akale ora migunani kanggo mikir ayat-ayate Allah (100)

قُلِ انْظُرُوْا مَاذَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ

(Muhammad) dhawuha marang para wong musyrik kang padha takon tandha-tandha Kuwasaning Allah: “Sira padha andelenga lan ngrasak-ngrasakna kabeh barang isen-isening langit lan bumi,

وَمَا تُغْنِى الْاٰيٰتُ وَالنُّذُرُ عَنْ قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ﴿101﴾

Kabeh iku minangka dadi tandha-tandha Kuwasaning Allah. Kabeh mau wewulanging para rasul kang padha ngelingake, nanging ora migunani tumrap wong kang pinasthi ora duwe iman. (101)

فَهَلْ يَنْتَظِرُوْنَ اِلَّا مِثْلَ اَيَّامِ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِهِمْۗ

Para wong musyrik iku tansah maido sliramu (Muhammad). Anggone arep mari maido ngenteni dina apa? Ora liwat mung ngenteni menawa wis padha ndeleng siksa, kaya anggoningsun nyiksa marang para ummat kuna sadurunge wong musyrik mau.

قُلْ فَانْتَظِرُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ﴿102﴾

(Muhammad) dhawuha: “Lha, iya padha ngentenana, Ingsun uga melu ngenteni lan niteni.” (102)

ثُمَّ نُنَجِّيْ رُسُلَنَا وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كَذٰلِكَۚ

Ingsun banjur Paring selamet marang para Utusaningsun lan kabeh wong mukmin, kalis saka siksa mau.

حَقًّا عَلَيْنَا نُنْجِ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿103﴾ ع_9

Mengkono uga Ingsun iya mesthi paring selamet marang sira Muhammad lan para wong-wong kang padha mukmin. (103)

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنْ كُنْتُمْ فِيْ شَكٍّ مِّنْ دِيْنِيْ

(Muhammad) dhawuha: “He para manungsa, menawa sira padha mamang marang agama kang Ingsun dhawuhake iki (isih kudu nglestarekake anggonmu padha manembah brahala),

فَلَآ اَعْبُدُ الَّذِيْنَ تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ

iku sumurupa menawa ingsun ora pisan-pisan gelem manembah marang sesembahanira saliyane Allah.

وَلٰكِنْ اَعْبُدُ اللهَ الَّذِيْ يَتَوَفّٰىكُمْۖ

Nanging ingsun mesthi manembah ing Allah kang kuwasa mateni sira kabeh.

وَاُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَۙ﴿104﴾

Apa dene ingsun didhawuhi dening Allah, angendikakake dadi wong mukmin. (104)

وَاَنْ اَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ حَنِيْفًاۚ وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ﴿105﴾

Lan maneh dhawuhing Allah: “Awakmu jejegna nglakoni agama Islam, kelawan gemolonging ati, lahir lan bathin, lan sira aja dadi wong musyrik. (105)

وَلَا تَدْعُ مِنْ دُوْنِ اللهِ مَا لَا يَنْفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَۚ

Lan sira aja manembah marang liyane Allah, kang ora bisa paring manfaat lan gawe kemlaratan marang sira.

فَاِنْ فَعَلْتَ فَاِنَّكَ اِذًا مِّنَ الظّٰلِمِيْنَ﴿106﴾

Menawa sira tumindak mengkono, sira dadi klebu ewone wong kang nganiaya marang awakmu dhewe. (106)

وَاِنْ يَّمْسَسْكَ اللهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهٗٓ اِلَّا هُوَۚ

Menawa sira dikersakake dening Allah kena lan nandhang ing pakewuh utawa sangsara, mesthi ora ana kang bisa nyingkirake, kajaba mung Allah.

وَاِنْ يُّرِدْكَ بِخَيْرٍ فَلَا رَاۤدَّ لِفَضْلِهٖۗ

Dene yen sira dikersakake manggih kanugrahan lan pikantuk kabegjan, iya ora ana kang bisa ngalang-alangi tumibaning kabegjan lan kanugrahan saka Allah mau.

يُصِيْبُ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۗ

Allah Nundukakake ala lan becik mau marang para kawulane, endi kang dadi Keparenging Kersane.

وَهُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ﴿107﴾

Allah iku Mahaparing Pangapura tur Mahaasih. (107)

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكُمْۚ

(Muhammad) dhawuha: “He para manungsa, sira padha wis ketekan barang kang bener (yaiku Qur’an Ian agama Islam) saka Pangeranmu.

فَمَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖۚ

Ing kono sing sapa netepi utawa ngestokake pituduhing Qur’an, pituduh mau iya kanggo sarirane iku.

وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَاۚ

Dene sing sapa kesasar, nampik pitedah bener, iku bakal mlarati marang awake dhewe uga.

وَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِوَكِيْلٍۗ﴿108﴾

(Perkara begja lan cilakamu gumantung ing tumindakmu dhewe), Ingsun ora wajib nanggung tindak lakumu. (108)

وَاتَّبِعْ مَا يُوْحٰٓى اِلَيْكَ

(Muhammad) estokna kabeh piwulang kang wis didhawuhake marang sliramu,

وَاصْبِرْ حَتّٰى يَحْكُمَ اللهُۚ

Lan shobara anggonmu dipaido dening para umatmu. Ngentenana menawa Allah wis nibakake hukume nulungi sliramu.

وَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ﴿109﴾ ع_10

Dene Allah iku Anggone Nibak-ake hukum luwih dening becik, ngungkuli liya-liyane. (109)

***

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!