Qur’an Surah (6) Al-An’am (Rajakaya). 165 ayat
سُورَةُ الْاَنْعَامِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ
Sakabehing Pangalembana iku konjuk ing Allah, kang wis Nitahake saindhenging langit Ian bumi
وَجَعَلَ الظُّلُمٰتِ وَالنُّوْرَ ەۗ
Lan kang Adamel peteng lan padhang,
ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ ﴿1﴾
Ananging wong-wong kafir iku padha agawe kekembaran marang Pengerane (1)
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ طِيْنٍ
Panjenengane Allah iku Inkang-Anitahake sliramu kabeh saka lemah,
ثُمَّ قَضٰٓى اَجَلًاۗ
Nuli Panjenengane nemtok’ake neptune patimu.
وَاَجَلٌ مُّسَمًّى عِنْدَهٗ ثُمَّ اَنْتُمْ تَمْتَرُوْنَ﴿2﴾
Dene katemtok’ane anggone bakal ditangekake saka ing pati iku mung ana astane Allah piyambak, ewadene sira kabeh (wong kafir) padha mamang. (2)
وَهُوَ اللهُ فِى السَّمٰوٰتِ وَفِى الْاَرْضِۗ
Lan Panjenengane Allah iku kang Jumeneng Pengeran ana ing saindhenging kabeh langit lan bumi.
يَعْلَمُ سِرَّكُمْ وَجَهْرَكُمْ وَيَعْلَمُ مَا تَكْسِبُوْنَ﴿3﴾
Panjenengane Mahauninga samubarang kang padha sira umpetake lan kang padha sira lahirake, sarta Panjenengane Mahauninga kabeh samubarang kang sira tindakake. (3)
وَمَا تَأْتِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ مِّنْ اٰيٰتِ رَبِّهِمْ
Para wong kafir mau menawa keparingan mapirang-pirang tandha bebener (ayat) saka Pengerane,
اِلَّا كَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَ﴿4﴾
Ora ana liya kejaba mung padha mlengos. (4)
فَقَدْ كَذَّبُوْا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْۗ
Para wong kafir podho maido, nalikane kaparingan ayat-ayat Al-Qur’an,
فَسَوْفَ يَأْتِيْهِمْ اَنْۢبٰۤؤُا
Mulane besok mesthi padha kinabarake
مَا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ﴿5﴾
kabeh tumindake agawe geguyon ayat-ayat Al-Qur’an. (5)
اَلَمْ يَرَوْا كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ قَرْنٍ
Wong-wong kafir mau apa padha ora sumurup yang para wong-wong ing sakdurunge
مَّكَّنّٰهُمْ فِى الْاَرْضِ مَا لَمْ نُمَكِّنْ لَّكُمْ
padha Ingsun paringi panggonan kang ora kaya kang Ingsun paringake marang sira kabeh,
وَاَرْسَلْنَا السَّمَاۤءَ عَلَيْهِمْ مِّدْرَارًاۖ
Ingsun paringi udan deres saka tangit,
وَّجَعَلْنَا الْاَنْهٰرَ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمْ
Ingsun ilekake bengawan ana sangisor panggonane.
فَاَهْلَكْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْ
Wusana wong-wong mau padha Ingsun sirnakake, marga dosa anggone padha maido para nabi.
وَاَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قَرْنًا اٰخَرِيْنَ﴿6﴾
Sawise Ingsun sirnakake, panggonan mau banjur Ingsun titahake wong liya minangka kanggo gentine. (6)
وَلَوْ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ
Lan saupama Ingsun nurunake kitab marang sliramu
كِتٰبًا فِيْ قِرْطَاسٍ
arupa tulisan ana ing kertas,
فَلَمَسُوْهُ بِاَيْدِيْهِمْ
sahengga dheweke kabeh bisa padha nggepok tulisan mau nganggo tangane,
لَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا
Mesthi wong-wong kafir banjur padha ngucap:
اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ﴿7﴾
“Iki tetela mung sihir kang nyata.” (7)
وَقَالُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ مَلَكٌۗ
Wong-wong kafir padha ngucap: “Yagene ora malaikat wae kang diutus nyekseni menawa Nabi Muhammad iku temen?”
وَلَوْ اَنْزَلْنَا مَلَكًا
Pangandikane Allah: “Umpama Ingsun ngutus malaikat kaya karepe si kafir mau.
لَّقُضِيَ الْاَمْرُ ثُمَّ لَا يُنْظَرُوْنَ﴿8﴾
mesthi kabeh urusan banjur rampung sanalika. Wekasane para wong kafir mau tanpa disrantekake tobate.” (8)
وَلَوْ جَعَلْنٰهُ مَلَكًا لَّجَعَلْنٰهُ رَجُلًا
Lan saumpama Ingsun Miji utusan iku arupa malaikat, mesthine malaikat kang Ingsun Piji ya arupa manungsa.
وَّلَلَبَسْنَا عَلَيْهِمْ مَّا يَلْبِسُوْنَ﴿9﴾
Yen mengkono manungsa anggone padha nyamarake marang utusan mau, uga Ingsun Gawe nyamar. (9)
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ
(Muhammad), satemene para rasul sadurungmu uga padha digeguyu dening para umate, kaya sliramu digeguyu.
فَحَاقَ بِالَّذِيْنَ سَخِرُوْا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ﴿10﴾ع_1
Dene wong kang padha nggeguyu mau padha kaparingan ukuman siksa, minangka patrapane anggone nggeguyu. (10)
قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ
Sliramu dhawuha: “Padha lumakua ing bumi,
ثُمَّ انْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ﴿11﴾
Banjur padha ndelenga kayangapa akibate wong kang padha maido para rasul.” (11)
قُلْ لِّمَنْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلْ لِّلّٰهِۗ
Sliramu dhawuha: “Kabeh isining langit lan bumi iku kagungane sapa?” (menawa wong kafir ora bisa mangsuli kang bener), sliramu dhahuwa: “Kabeh iku Kagungane Allah.”
كَتَبَ عَلٰى نَفْسِهِ الرَّحْمَةَۗ
Allah Majibake marang Panjenengan Dhewe bakal Paring Kemurahan marang kawulane.
لَيَجْمَعَنَّكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَا رَيْبَ فِيْهِۗ
Lan besuk ing dina qiyamat, Allah bakal Nglumpukake kabeh. Iku ora ragu maneh mesthi kelakone.
اَلَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿12﴾
Dene wong-wong kang wis Pinasthi cilaka mesthi padha ora Iman. (12)
وَلَهٗ مَا سَكَنَ فِى الَّيْلِ وَالنَّهَارِۗ
Samubarang kang gumelar ing wengi Ian rahina, iku kabeh Kagungane Allah.
وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿13﴾
Allah iku Maha Midhanget sarta Mahauninga. (13)
قُلْ اَغَيْرَ اللهِ اَتَّخِذُ وَلِيًّا فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ
Sliramu dhawuha: “Apa (pantes) Insun iman marang Pengeran saliyane Allah kang Nitahake saindhenging langit Ian bumi
وَهُوَ يُطْعِمُ وَلَا يُطْعَمُۗ
Sarta Panjenengane Kang Paring pangan, Ian ora wong-wong kang nyaosi dhahar?”
قُلْ اِنِّيْٓ اُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ اَوَّلَ مَنْ اَسْلَمَ
Dhawuha: “Satemene aku didhawuhi supaya dadi wiwitane wong kang Islam,
وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ﴿14﴾
Lan ora nganti dadi golongane wong kang padha nyekuthohake Pengerane.” (14)
قُلْ اِنِّيْٓ اَخَافُ
Sliramu dhawuha: “Satemene Insun ajrih banget
اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ﴿15﴾
menawa aku nganti duraka marang Pengeranku, temtu kataman azab kang banget abot ana dina kang gedhe pakewuhe (qiyamat)” (15)
مَنْ يُّصْرَفْ عَنْهُ يَوْمَىِٕذٍ فَقَدْ رَحِمَهٗۗ
Ing dina iku sapa didohake saka azab, tetela wong kang ditresnani dening Allah.
وَذٰلِكَ الْفَوْزُ الْمُبِيْنُ﴿16﴾
Kang mengkono iku aran pikantuk kabegjan kang ceta. (16)
وَاِنْ يَّمْسَسْكَ اللهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهٗٓ اِلَّا هُوَۗ
Menawa Allah nibakake azab marang sira, ora ana kang bisa ngilangake azab mau kajaba Panjenengane Piyambak.
وَاِنْ يَّمْسَسْكَ بِخَيْرٍ فَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿17﴾
Lan menawa Panjenengane Paring kabecikan marang sliramu, satemene Allah Maha Nguwasani samubarang apa wae. (17)
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهٖۗ
Lan Panjenengane Allah iku Ingkang Kagungan sifat Murba Wisesa marang kabeh kawulane.
وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ﴿18﴾
Lan Panjenengane iku Mahawicaksana sarta Mahawaspada. (18)
قُلْ اَيُّ شَيْءٍ اَكْبَرُ شَهَادَةًۗ قُلِ اللهُۗ
Sliramu dhawuha: “Sapa kang paling kuwat anggone nyekseni? Sumurupa, Kang Paling Kuwat Anggone Nyekseni iku Allah.
شَهِيْدٌۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۗ وَاُوْحِيَ اِلَيَّ هٰذَا الْقُرْاٰنُ
Allah Nyekseni satemene ingsun dadi utusane Allah. lngsun diparingi wahyu arupa Kitab Al-Qur’an,
لِاُنْذِرَكُمْ بِهٖ وَمَنْۢ بَلَغَۗ
Supaya kanggo pepeling marang sira, kanthi katekan kitab Al-Qur’an iki.
اَىِٕنَّكُمْ لَتَشْهَدُوْنَ اَنَّ مَعَ اللهِ اٰلِهَةً اُخْرٰىۗ
“Apa sira nyekseni manawa ana Pengeran saliyane Allah?”
قُلْ لَّآ اَشْهَدُۚ
Dhawuha: “Ingsun ora nyekseni”
قُلْ اِنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ وَّاِنَّنِيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ﴿19﴾
Dhawuha: “Pengeran iku mung siji, Allah. Satemene ingsun ora magepokan karo anggonmu padha musyrik.” (19)
اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْرِفُوْنَهٗ كَمَا يَعْرِفُوْنَ اَبْنَاۤءَهُمْۘ
Wong-wong kang Ingsun paringi Kitab (Taurat lan lnjil) iku padha mangerti marang Nabi Muhammad kaya anggone padha mangerti marang anak-anake dhewe.
اَلَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿20﴾ع_2
Dene wong kang padha gawe kapitunan marang awake dhewe, iku wong-wong kang ora padha iman. (20)
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ
Ora ana wong kang luwih nganiaya marang awake dhewe kajaba wong kang gawe-gawe celathu goroh diakokake terang saka Allah.
اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ﴿21﴾
Satemene wong kang padha nganiaya marang awake dhewe iku mesthi padha ora oleh kabegjan. (21)
وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا ثُمَّ نَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا
Lan ing dina qiyamat para titah padha Ingsun tangekake saka pati, Ingsun banjur ngendika marang wong musyrik
اَيْنَ شُرَكَاۤؤُكُمُ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ﴿22﴾
“Endi sesembahanmu kang padha sira anggep dadi kekembaran Ingsun? (22)
ثُمَّ لَمْ تَكُنْ فِتْنَتُهُمْ
Tumuli sawise mengkono, wong mau ora bisa munjuk atur apa-apa
اِلَّآ اَنْ قَالُوْا وَاللهِ رَبِّنَا مَا كُنَّا مُشْرِكِيْنَ﴿23﴾
kajaba mung “Demi Allah Pengeran kawula. Kawula punika boten sami musyrik.” (23)
اُنْظُرْ كَيْفَ كَذَبُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ
Mara delengen marang wong-wong kang padha musyrik anggone padha gegorohan marang awake dhewe.
وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ﴿24﴾
Dene anggone padha gawe-gawe nalika semana, saiki padha ilang (24)
وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُ اِلَيْكَۚ
Sawenehe wong kafir ana uga kang ngrungokake anggonmu maca kitab Al-Qur’ an,
وَجَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ
nanging atine padha lngsun tutupi, dadi padha ora mangerti surasane Al-Qur’an
وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ
Lan pangrungune padha Ingsun budhegake.
وَاِنْ يَّرَوْا كُلَّ اٰيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوْا بِهَاۗ
Dene yen sumurup siji-sijining tandha bebener padha ora percaya,
حَتّٰٓى اِذَاجَاۤءُوْكَ يُجَادِلُوْنَكَ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا
malah menawa sowan ana ngarepmu wong kafir mau padha matur maidoni:
اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ﴿25﴾
“Critane para wong kuna kang mengkene iki kabeh goroh.” (25)
وَهُمْ يَنْهَوْنَ عَنْهُ وَيَنْـَٔوْنَ عَنْهُۚ
Dheweke padha nyegah wong-wong ndherek Nabi Muhammad, lan nyegah ngestokake Al-Qur’an.
وَاِنْ يُّهْلِكُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَ﴿26﴾
Jan-jane kang mengkono iku ora kasil aganggu sapa-sapa, kajaba mung ngrusak awake dhewe, nanging padha ora rumangsa. (26)
وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ وُقِفُوْا عَلَى النَّارِ
He Muhammad, besuk sira bakal weruh nalika wong kafir padha digiring nang neraka,
فَقَالُوْا يٰلَيْتَنَا نُرَدُّ وَلَا نُكَذِّبَ بِاٰيٰتِ رَبِّنَا
ing kono padha munjuk atur: “Adhuh, mbok inggih kawula punika sami dipun wangsulaken dhateng ndonya malih, kawula sami sagah boten badhe maiben ayat-ayat Al-Qur’an,
وَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿27﴾
Lan kawula badhe dados golonganipun tiyang ingkang Iman.” (27)
بَلْ بَدَا لَهُمْ مَّا كَانُوْا يُخْفُوْنَ مِنْ قَبْلُۗ
Nanging dheweke wis nyata ngumpetake perkara nalika zaman semana,
وَلَوْ رُدُّوْا لَعَادُوْا لِمَا نُهُوْا عَنْهُ وَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ﴿28﴾
Lan saupama dheweke padha diparengake bali marang donya maneh, mesthi iya bali nerak maneh laranganing Pengeran. Dadi anggone saguh tundhone bakal goroh. (28)
وَقَالُوْٓا اِنْ هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا
Wong-wong kafir padha ngucap: “Kauripan iku iya mung urip ana ing donya iki wae.
وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوْثِيْنَ﴿29﴾
Ora bakal kita diuripake saka ing pati.” (29)
وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ وُقِفُوْا عَلٰى رَبِّهِمْۗ
Sliramu bakal weruh wong-wong kafir nalika padha disowanake ana ngarsa Pengerane,
قَالَ اَلَيْسَ هٰذَا بِالْحَقِّۗ
Ing kono Allah dhawuh: “Apa iki ora nyata-nyata ananing dina qiyamat?”
قَالُوْا بَلٰى وَرَبِّنَاۗ
Wong kafir padha matur: “Demi Allah Pengeran kawula, inggih sayektos sapunika dinten qiyamat sampun dados kasunyataan.”
قَالَ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ﴿30﴾ع_3
Allah Paring Dhawuh: “Saiki sira padha ngrasakna akibate, minangka dadi patrapane anggonmu biyen padha ora percaya.” (30)
قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ اللهِۗ
Temen kapitunan sarupaning wong kang padha maido menawa ing tembe bakal padha disowanake marang Ngarsane Allah.
حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَتْهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً قَالُوْا
Nganti tumekaning dina qiyamat kang ngagetake, dheweke padha ngucap:
يٰحَسْرَتَنَا عَلٰى مَا فَرَّطْنَا فِيْهَاۙ
“Adhuh, getun temenan Ingsun ana ing donya biyen padha kainan.”
وَهُمْ يَحْمِلُوْنَ اَوْزَارَهُمْ عَلٰى ظُهُوْرِهِمْۗ
Wong mau padha nyangga dosa ana ing gegere.
اَلَا سَاۤءَ مَا يَزِرُوْنَ﴿31﴾
Ala temen momotan dosa kang padha digawe dening wong-wong mau. (31)
وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَعِبٌ وَّلَهْوٌۗ
Panguripan donya iku ora ana liya kajaba mung dolanan lan kabungahan kang nglalekake.
وَلَلدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ
Dene padunungan akherat iku luwih becik tumrap wong kang padha ngabekti ing Allah.
اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ﴿32﴾
Apa sira kabeh padha ora nggunakake akal? (32)
قَدْ نَعْلَمُ اِنَّهٗ لَيَحْزُنُكَ الَّذِيْ يَقُوْلُوْنَ
Satemene Ingsun wus Uninga, menawa pangucape wong-wong kafir mau bakal ndadekake laraning atimu (Muhammad),
فَاِنَّهُمْ لَا يُكَذِّبُوْنَكَ وَلٰكِنَّ الظّٰلِمِيْنَ بِاٰيٰتِ اللهِ يَجْحَدُوْنَ﴿33﴾
nanging sejatine wong-wong mau ora padha nggorohake sliramu, mung wae wong-wong mau padha nganiaya awake dhewe, jalaran anggone padha maido marang ayat-ayate Allah. (33)
وَلَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَ
Para rasul sadurungmu biyen uga padha dipaido,
فَصَبَرُوْا عَلٰى مَا كُذِّبُوْا وَاُوْذُوْا حَتّٰٓى اَتٰىهُمْ نَصْرُنَاۚ
Dheweke kabeh padha sabar anggone dipaido Ian dilarakake atine, wusana padha Ingsun tulungi.
وَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِ اللهِۚ وَلَقَدْ جَاۤءَكَ مِنْ نَّبَإِ۟ى الْمُرْسَلِيْنَ﴿34﴾
Padha mangertia ora ana kang bisa ngowahi dhawuh Pangandikane Allah. Sira temen wis diparingi weruh wartane para rasul. (34)
وَاِنْ كَانَ كَبُرَ عَلَيْكَ اِعْرَاضُهُمْ
Dene menawa anggone mlengos wong-wong mau ngebot-ngeboti marang pangrasaning atimu,
فَاِنِ اسْتَطَعْتَ اَنْ تَبْتَغِيَ نَفَقًا فِى الْاَرْضِ اَوْ سُلَّمًا فِى السَّمَاۤءِ فَتَأْتِيَهُمْ بِاٰيَةٍۗ
iku menawa sliramu bisa, mara gawea luwangan kang nganti ambutulake bumi utawa gaweya andha kang dhuwure tumeka ing langit, ing kono banjur nekakna ayat saka sajroning bumi utawa saka dhuwuring langit (nanging mesthi ora bisa).
وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ لَجَمَعَهُمْ عَلَى الْهُدٰى
Umpama Keparenga Kersaning Allah, Allah mesthi kuwasa ngumpulake manungsa iku kabeh sayuk padha netepi pituduhing Allah.
فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ﴿35﴾
Awit saka iku sira aja dadi wong kang bodho, ora mangerti. (35)
اِنَّمَا يَسْتَجِيْبُ الَّذِيْنَ يَسْمَعُوْنَۗ
Satemene kang gelem njawab marang pangajakmu (banjur percaya) iku wong-wong kang padha gelem ngrungokake (sarta ngrasakake isine kitab Al-Qur’an).
وَالْمَوْتٰى يَبْعَثُهُمُ اللهُ ثُمَّ اِلَيْهِ يُرْجَعُوْنَ﴿36﴾
Dene wong kang padha mati kafir iku ing tembe padha ditangekake dening Allah saka ing pati banjur padha dikumpulake ana ing ngersane Pengeran. (36)
وَقَالُوْا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ
Lan dheweke (wong kafir mau) padha ngucap: “mBok iya Muhammad iku dituruni (diparingi) ayat saka Pengerane.”
قُلْ اِنَّ اللهَ قَادِرٌ عَلٰٓى اَنْ يُّنَزِّلَ اٰيَةً
Dhawuha (Muhammad): “Satemene Allah iku kuwasa maringi tandha bebener, kaya pangarep-arepe wong kafir,
وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ﴿37﴾
nanging dheweke kang akeh padha ora weruh.” (37)
وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا طٰۤىِٕرٍ يَّطِيْرُ بِجَنَاحَيْهِ اِلَّآ اُمَمٌ اَمْثَالُكُمْۗ
Samubarang kang gumremet ana bumi lan manuk kang mabur sarana suwiwine loro, ora liya, padha-padha titahing Pengeran kaya sliramu.
مَا فَرَّطْنَا فِى الْكِتٰبِ مِنْ شَيْءٍ ثُمَّ اِلٰى رَبِّهِمْ يُحْشَرُوْنَ﴿38﴾
Samubarang kahanane wis padha ditulis ana ing kitabing Allah (Kang aran Lauhil-Mahfudz). Ora ana sing kliwatan siji-sijiya. Ing tembe bakal padha diklumpukake ana ing Ngarsane Pengeran. (38)
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا صُمٌّ وَّبُكْمٌ فِى الظُّلُمٰتِۗ
Dene wong kang padha anggorohake marang ayat Ingsun (Kitab Al-Qur’an) iku sanepane wong kang budheg, bisu kang manggon ana ing panggonan kang peteng.
مَنْ يَّشَاِ اللهُ يُضْلِلْهُ وَمَنْ يَّشَأْ يَجْعَلْهُ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿39﴾
Sing sapa Dikersakake dening Allah dadi cilaka, banjur disasarake. Dene kang diparingi dadi begja, banjur dikersakake nganggo dalan kang bener (yaiku agama Islam). (39)
قُلْ اَرَءَيْتَكُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُ اللهِ
(Muhammad) sliramu dhawuha: “Kepriye panemumu anggonmu padha manembah saliyane Allah? Menawa sira ketekan azabe Allah ana ing donya,
اَوْ اَتَتْكُمُ السَّاعَةُ اَغَيْرَ اللهِ تَدْعُوْنَۚ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿40﴾
utawa ketekan dina qiyamat, ing kono apa sira padha nyuwun (donga) marang saliyane Allah? (mesthi ora). Sira nyuwuna marang saliyane Allah yen panemumu temen bener.” (40)
بَلْ اِيَّاهُ تَدْعُوْنَ
Nanging kasunyatane sliramu padha nyuwun marang Allah.
فَيَكْشِفُ مَا تَدْعُوْنَ اِلَيْهِ اِنْ شَاۤءَ
Allah banjur ngilangi bebaya, kaya kang padha sira suwun, menawa Kepareng Kersane Allah.
وَتَنْسَوْنَ مَا تُشْرِكُوْنَ﴿41﴾ع_4
Sira sabanjure padha lali marang kang sira anggo mangro tingal (musyrik) (41)
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَآ اِلٰٓى اُمَمٍ مِّنْ قَبْلِكَ
(Muhammad) Ingsun wis ngutus rasul marang para ummat zaman biyen sadurungmu
فَاَخَذْنٰهُمْ بِالْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُوْنَ﴿42﴾
(sarehning para ummat mau padha kafir) Ingsun banjur nurunake kemlaratan Ian lelara, supaya para ummat mau padha sumungkem, dedepe (42)
فَلَوْلَآ اِذْ جَاۤءَهُمْ بَأْسُنَا تَضَرَّعُوْا وَلٰكِنْ قَسَتْ قُلُوْبُهُمْ
Yagene para ummat mau nalikane padha katekan azab Ingsun, ora banjur dedepe (sumungkem) malah banjur padha wangkot (atos) atine?
وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿43﴾
Dene para setan iku angreka daya memahesi supaya para ummat mau padha kasengsem marang dosa kang padha ditindakake. (43)
فَلَمَّا نَسُوْا مَا ذُكِّرُوْا بِهٖ
Bareng para ummat mau wis padha lali, nglirwakake pitutur becik kang wis diwulangake dening Rasul,
فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ اَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍۗ
Ingsun banjur ngelulu sarana Ingsun bukak lawange kasenengan.
حَتّٰٓى اِذَا فَرِحُوْا بِمَآ اُوْتُوْٓا اَخَذْنٰهُمْ بَغْتَةً
Bareng wis padha bungah anggone padha katekan samubarang kang sinediya, banjur Ingsun patrapi azab kang ngegetake.
فَاِذَا هُمْ مُّبْلِسُوْنَ﴿44﴾
Ing kono wong-wong mau padha keduwung kang ora bisa dibaleni. (44)
فَقُطِعَ دَابِرُ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۗ
Wasana sarupane wong kang padha nganiaya awake dhewe padha disirnakake nganti sak oyod-oyode.
وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ﴿45﴾
Sakehing pangalembana iku konjuk atur ing Pengeran sekabehing ngalam. (45)
قُلْ اَرَاَيْتُمْ اِنْ اَخَذَ اللهُ سَمْعَكُمْ وَاَبْصَارَكُمْ وَخَتَمَ عَلٰى قُلُوْبِكُمْ
Dhawuha: “Kepriye panemumu, saupama Allah mundhut pangrungonmu lan paningalmu, Ian nutupi atimu?
مَّنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللهِ يَأْتِيْكُمْ بِهٖۗ
Ing kono, saliyane Allah, sapa kang sira anggep pengeran kang bisa mbalekake pangrungu, paningal kang wis kapundhut dening Allah mau?”
اُنْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ ثُمَّ هُمْ يَصْدِفُوْنَ﴿46﴾
Delengen, kapriye enggon Ingsun angambal-ambali tandha bebener, ewadene dheweke padha mlengos. (46)
قُلْ اَرَاَيْتَكُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُ اللهِ بَغْتَةً اَوْ جَهْرَةً
Dhawuha: “Kepriye panemumu marang awakmu dhewe, menawa sira padha ketekan azabe Allah, kelawan ngeget utawa kalawan ngeblak?
هَلْ يُهْلَكُ اِلَّا الْقَوْمُ الظّٰلِمُوْنَ﴿47﴾
Apa ora bakal dirusak, kajaba wong kang padha nganiaya marang awake dhewe? (47)
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّا مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۚ
Anggon Ingsun ngutus para Rasul iku ora liya mung supaya ambebungah lan aweh pepeling
فَمَنْ اٰمَنَ وَاَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿48﴾
Dene sing sapa percaya marang Allah sarta mbecik ake kelakuane, besuk ana akherat, bakal ora duweni rasa kuwatir Ian susah. (48)
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا
Dene wong kang padha anggorohake ayat-ayat Ingsun
يَمَسُّهُمُ الْعَذَابُ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ﴿49﴾
Mbesuk bakal kena azab, marga anggone padha tumindak duraka. (49)
قُلْ لَّآ اَقُوْلُ لَكُمْ عِنْدِيْ خَزَاۤىِٕنُ اللهِ
Dhawuha: “Aku ora ngendikakake marang sira kabeh, menawa aku nyekel gedhong pasimpenan kagungane Allah,
وَلَآ اَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَآ اَقُوْلُ لَكُمْ اِنِّيْ مَلَكٌۚ
Lan aku ora ngaku weruh marang kang ghoib, aku ugo ora ngendikake marang sira kabeh menawa aku iku sawijining malaikat,
اِنْ اَتَّبِعُ اِلَّا مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّۗ
Dene kang tak tindakake mung ngestokake barang kang wis didhawuhake dening Allah marang aku.”
قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُۗ
Dhawuha: “Apa wong kang wuta Ian wong kang weruh padha wae? (mesthi ora).
اَفَلَا تَتَفَكَّرُوْنَ﴿50﴾ع_5
Apa sira ora padha ora migunakake pikiran? (50)
وَاَنْذِرْ بِهِ الَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ اَنْ يُّحْشَرُوْٓا اِلٰى رَبِّهِمْ
Sliramu kanthi Al-Qur’an anggonen ngelingake marang wong kang padha kuwatir yen ing tembe padha disowanake marang ngarsane Allah Pangerane.
لَيْسَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ وَلِيٌّ وَّلَا شَفِيْعٌ
Rumangsa bakal ora ana kang bisa nulungi awake utawa ngganepi (nyampurnakake) kekurangane, kajaba mung Pengerane kang bisa.
لَّعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ﴿51﴾
Muga muga dheweke banjur padha gelem ngabekti ing Allah. (51)
وَلَا تَطْرُدِ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَدٰوةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَهٗۗ
Lan sliramu aja nundhung (nyingkang-nyingkang) wong-wong (miskin) kang ngibadah (dedonga) marang Pengerane ing wayah esuk Ian sore, kang ciptane suci mung nyenyandhong murih cedhak karo Pengeran,
مَا عَلَيْكَ مِنْ حِسَابِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ وَّمَا مِنْ حِسَابِكَ عَلَيْهِمْ مِّنْ شَيْءٍ
Awit menawa wong (miskin) mau nduweni batin kang ora bener sliramu ora bakal katutan apa-apa. Mengkono uga wong mau iya ora melu apa-apa kang katut saka lakumu.
فَتَطْرُدَهُمْ فَتَكُوْنَ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ﴿52﴾
Menawa sira nundhung, sira klebu wong kang nganiaya (52)
وَكَذٰلِكَ فَتَنَّا بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ
Mangkono uga Ingsun nyoba sawenehing umatmu (kang sugih) kanthi sawenehing umatmu (kang miskin),
لِّيَقُوْلُوْٓا اَهٰٓؤُلَاۤءِ مَنَّ اللهُ عَلَيْهِمْ مِّنْۢ بَيْنِنَاۗ
Kang padha ngucap: “Opo koyo mangkene iki (wong miskin) kang ditulungi dening Allah oleh pituduh kang bener?”
اَلَيْسَ اللهُ بِاَعْلَمَ بِالشّٰكِرِيْنَ﴿53﴾
(Pangandikane Allah): “Allah Mahauninga luwih ceta marang wong kang padha gelem syukur. (53)
وَاِذَا جَاۤءَكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِنَا فَقُلْ
Wong kang padha percaya marang ayat Ingsun menawa sowan marang sliramu, dhawuha mengkene:
سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلٰى نَفْسِهِ الرَّحْمَةَۙ
“Rahayu tumibaa ing sira, Pengeran wus anggaris Welas Asihe marang Sarira-Ne,
اَنَّهٗ مَنْ عَمِلَ مِنْكُمْ سُوْۤءًاۢ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَصْلَحَ
yaiku marang sira kang atindak ala amarga saka ora weruhe, sawise iku tumuli tobat sarta alaku becik,
فَاَنَّهٗ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿54﴾
Awit setuhune Allah iku Mahaparing Pangapura sarta Mahaasih.” (54)
وَكَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ
Mengkono uga Ingsun Nerang-Nerangake ayat Al-Qur’an (supaya barang kang nyata bener iku sumebar)
وَلِتَسْتَبِيْنَ سَبِيْلُ الْمُجْرِمِيْنَ﴿55﴾ ع_6
lan supaya dalane wong kang padha dosa iku dadi ceta. (55)
قُلْ اِنِّيْ نُهِيْتُ اَنْ اَعْبُدَ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِۗ
Dhawuha: “Sayektine aku iki dilarang leladi marang kang padha sira sembah saliyane Allah.”
قُلْ لَّآ اَتَّبِعُ اَهْوَاۤءَكُمْۙ قَدْ ضَلَلْتُ اِذًا وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ﴿56﴾
Dhawuha: “Aku ora manut hawa nafsumu, amarga yen mangkono, temen aku iki dadi sasar sarta ora kagolong wong kang padha oleh tuntunan.” (56)
قُلْ اِنِّيْ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَكَذَّبْتُمْ بِهٖۗ
Dhawuha: “Ingsun iku netepi printah Pengeraningsun kang wis dikukuhake kanthi yekti, lan sira padha nggorohake marang Pengeraningsun.
مَا عِنْدِيْ مَا تَسْتَعْجِلُوْنَ بِهٖۗ
Emane Ingsun ora nyekel siksa kang sira kesusokake.
اِنِ الْحُكْمُ اِلَّا لِلّٰهِۗ يَقُصُّ الْحَقَّ
Sumurupa kang Ngasta hukum iku ora ana maneh kajaba mung Allah Piyambak kang Mutusi perkara kanthi bener,
وَهُوَ خَيْرُ الْفَاصِلِيْنَ﴿57﴾
Lan Panjenengane iku becik-becike Kang Mutusi.” (57)
قُلْ لَّوْ اَنَّ عِنْدِيْ مَا تَسْتَعْجِلُوْنَ بِهٖ لَقُضِيَ الْاَمْرُ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۗ
Dhawuha: “Upama ingsun nyekel siksa kang padha sira kesusokake, mesthi perkaraningsun lan sira rampung sanalika (nanging karumpungan iku ana Astane Allah).
وَاللهُ اَعْلَمُ بِالظّٰلِمِيْنَ﴿58﴾
Dene Allah luwih Mahauninga marang wong kang padha nganiaya awake dhewe.” (58)
وَعِنْدَهٗ مَفَاتِحُ الْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَآ اِلَّا هُوَۗ
Lan Allah iku Kagungan kunci-kuncine gedhung pasimpan perkara ghoib. Gedhung mau ora ana kang Pirsa kajaba mung Allah piyambak.
وَيَعْلَمُ مَا فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ
Lan maneh Allah iku Mahauninga samubarang isining dharatan Ian isine segara,
وَمَا تَسْقُطُ مِنْ وَّرَقَةٍ اِلَّا يَعْلَمُهَا
senadyan godhong selembar kang tumiba saka ing pange,
وَلَا حَبَّةٍ فِيْ ظُلُمٰتِ الْاَرْضِ
utawa wiji saelas kang kapendhem ing bumi.
وَلَا رَطْبٍ وَّلَا يَابِسٍ
Wiji teles utawa garing,
اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ﴿59﴾
kabeh mau mesthi diuningani dening Allah, lan katulis ana ing Kitabing Allah kang terang. (59)
وَهُوَ الَّذِيْ يَتَوَفّٰىكُمْ بِالَّيْلِ
Dene Allah iku kang Mundhut nyawamu nalika turu ana wayah wengi,
وَيَعْلَمُ مَا جَرَحْتُمْ بِالنَّهَارِ ثُمَّ يَبْعَثُكُمْ فِيْهِ
lan Panjenengane Uninga samubarang kang padha sira tindakake ing wayah awan, bareng wis rahina, Allah mbalekake nyawa mau marang badan wadhagmu,
لِيُقْضٰٓى اَجَلٌ مُّسَمًّىۚ
Kang mangkono mau supaya genep pepesthening umur kang wis Ditemtokake.
ثُمَّ اِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ
Sira banjur padha bali sowan marang Pangayomaning Pengeran.
ثُمَّ يُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ﴿60﴾ ع_7
Ing kono Allah banjur anjlentrehake samubarang kang wis padha sira tindakake ana donya. (60)
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهٖ
Lan Panjenengane iku Kang Mahamurba Wasesa ngungkuli kabeh kawulane,
وَيُرْسِلُ عَلَيْكُمْ حَفَظَةًۗ حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ
Sarta Panjenengane uga Kang Ngutus pirang-pirang malaikat perlu njaga sliramu, nyatheti tindak-tandukmu, nganti tekan ing patimu. lng kono utusaningsun malaikat juru pati banjur njabut nyawamu.
تَوَفَّتْهُ رُسُلُنَا وَهُمْ لَا يُفَرِّطُوْنَ﴿61﴾
Lan para malaikat mau ora ana kang padha tledor anggone nindakake Prentah saka Pengerane. (61)
ثُمَّ رُدُّوْٓا اِلَى اللهِ مَوْلٰىهُمُ الْحَقِّۗ
Nuli bakal disowanake ana ngarsane Allah, yaiku Pengeran Kang Sejati.
اَلَا لَهُ الْحُكْمُ وَهُوَ اَسْرَعُ الْحَاسِبِيْنَ﴿62﴾
Lan Panjenengane piyambak Kang Ngasta hukum. Lan Panjenengane iku Luwih Rikat Pangitunge. (62)
قُلْ مَنْ يُّنَجِّيْكُمْ مِّنْ ظُلُمٰتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ تَدْعُوْنَهٗ تَضَرُّعًا وَّخُفْيَةًۚ
Dhawuha: “Sapa kang nyelametake sira saka bebaya ing daratan Ian segara, kang sira suwuni Iahir terusing batine.”
لَىِٕنْ اَنْجٰىنَا مِنْ هٰذِهٖ لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ﴿63﴾
(Panyuwune mengkene:) “Menawi Paduka Paringi wilujeng dhumateng kawula saking bebaya punika mesthi kawula pitados saha badhe syukur dateng Paduka.” (63)
قُلِ اللهُ يُنَجِّيْكُمْ مِّنْهَا وَمِنْ كُلِّ كَرْبٍ
Dhawuha: “Allah kang mesthi nyelametake sira kabeh saka bebayaning daratan Ian segara lan saka sarupaning kasusahan,
ثُمَّ اَنْتُمْ تُشْرِكُوْنَ﴿64﴾
tumuli sawise sira diselamateke sira banjur padha mangro tingal.” (64)
قُلْ هُوَ الْقَادِرُ عَلٰٓى اَنْ يَّبْعَثَ عَلَيْكُمْ عَذَابًا مِّنْ فَوْقِكُمْ اَوْ مِنْ تَحْتِ اَرْجُلِكُمْ
Dhawuha: “Allah iku Kuwasa menawa Nurunake azab marang sira kabeh saka ndhuwurmu, utawa sangisor sikil-sikilmu,
اَوْ يَلْبِسَكُمْ شِيَعًا وَّيُذِيْقَ بَعْضَكُمْ بَأْسَ بَعْضٍۗ
Utawa Panjenengane Adamel sira kabeh dadi pirang-pirang golongan, golongan siji gawe cilakane golongan liyane.
اُنْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّهُمْ يَفْقَهُوْنَ﴿65﴾
Sira kabeh padha ndeleng lan mikira kapriye Anggon Ingsun Nerang-Nerangake ayat-ayat Ingsun supaya wong wong mau padha migunakake akal. (65)
وَكَذَّبَ بِهٖ قَوْمُكَ وَهُوَ الْحَقُّۗ
Lan para ummatmu banjur padha nggorohake Al-Qur’an, kamangka Al-Qur’an iku bener temen saka Pangeran.
قُلْ لَّسْتُ عَلَيْكُمْ بِوَكِيْلٍۗ﴿66﴾
Dhawuha: “Ingsun iki ora pinasrahan ngreksa sira kabeh.” (66)
لِكُلِّ نَبَاٍ مُّسْتَقَرٌّ وَّسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ﴿67﴾
Kabeh pawarta kang ana ing kitab Al-Qur’an iki bakal ana kasunyatane Ian sira bakal padha weruh dhewe-dhewe. (67)
وَاِذَا رَاَيْتَ الَّذِيْنَ يَخُوْضُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ حَتّٰى يَخُوْضُوْا فِيْ حَدِيْثٍ غَيْرِهٖۗ
Lan menawa sira sumurup wong-wong kang padha ngolok-ngolok (angeguyu) ayat-ayat Ingsun, iku becik singkirana, nganti dheweke padha rerembugan perkara Iiyane.
وَاِمَّا يُنْسِيَنَّكَ الشَّيْطٰنُ
Yen sira dilaIekake dening setan (lelinggihan karo wong mau)
فَلَا تَقْعُدْ بَعْدَ الذِّكْرٰى مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ﴿68﴾
iku menawa sira wis kelingan (banjur singkirana), aja Ielinggihan karo wong kang padha nganiaya awake dhewe. (68)
وَمَا عَلَى الَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَ مِنْ حِسَابِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ
Wong kang padha ngabekti marang Allah ora bakal kepatrapan apa-apa saka kaluputane wong kang padha anggeguyu ayating Allah mau,
وَّلٰكِنْ ذِكْرٰى لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ﴿69﴾
nanging iya wajib ngelingake marang wong mau, muga-muga duwe bekti marang Allah. (69)
وَذَرِ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَهُمْ لَعِبًا وَّلَهْوًا
(Muhammad) tinggalan wae wong-wong kang padha nganggo dolanan utawa geguyon marang agama kang diwajibake marang dheweke (yaiku agama Islam)
وَّغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا
sarta wis kabujuk (keblinger) miIih panguripan donya.
وَذَكِّرْ بِهٖٓ اَنْ تُبْسَلَ نَفْسٌۢ بِمَا كَسَبَتْۖ
Lan sira mituturana marang para manungsa, apa surasane Al-Qur’an supaya aja ana sawijining manungsa kang kacemplung neraka jalaran saka tindak kang wis ditindakake.
لَيْسَ لَهَا مِنْ دُوْنِ اللهِ وَلِيٌّ وَّلَا شَفِيْعٌۚ
Ora ana kang bisa ngayomi utawa nulungi marang dheweke, kajaba mung Allah dhewe.
وَاِنْ تَعْدِلْ كُلَّ عَدْلٍ لَّا يُؤْخَذْ مِنْهَاۗ
Semono uga ora ana kang bisa ngganepi kekurangane kajaba mung Allah lan menawa wong mau bisa ngaturake tebusan sarana apa wae, mesthi ora bakal ditampani.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اُبْسِلُوْا بِمَا كَسَبُوْا
Kabeh wong kang padha nganggo dolanan Ian geguyon marang agama Islam, mau tetep bakal kecemplongake ana ing neraka, jalaran saka tindake dhewe.
لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيْمٍ وَّعَذَابٌ اَلِيْمٌۢ بِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ﴿70﴾ ع_8
Wong-wong mau bakal diombeni wedang kang umob, lan bakal disiksa kang nglarani, minangka patrapane anggone kafir. (70)
قُلْ اَنَدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللهِ مَا لَا يَنْفَعُنَا وَلَا يَضُرُّنَا
Dhawuha: “Apa iya pantes kita iki padha manembah saliyane Allah, marang kang ora bisa aweh manfaat marang kita lan ora bisa gawe kemlaratan?
وَنُرَدُّ عَلٰٓى اَعْقَابِنَا بَعْدَ اِذْ هَدٰىنَا اللهُ
Umpama ingsun nglakoni mangkono dadi sawise ingsun diparingi pitedah dening Allah marang agama Islam, Ingsun njarak mbalik marang tungkak ingsun,
كَالَّذِى اسْتَهْوَتْهُ الشَّيٰطِيْنُ فِى الْاَرْضِ حَيْرَانَ لَهٗٓ اَصْحٰبٌ يَّدْعُوْنَهٗٓ اِلَى الْهُدَى ائْتِنَاۗ
padha bae wong kang padha disasarake dening setan, ana ing bumi banjur bingung, iya duwe kanca kang ajak-ajak marang pituduh bener, pangundange: “Sira mreneya” (nanging kang diajak lan diundang ora maelu).
قُلْ اِنَّ هُدَى اللهِ هُوَ الْهُدٰىۗ
Dhawuha: “Satemene pitedah Allah agama Islam iku pitedah kang bener.
وَاُمِرْنَا لِنُسْلِمَ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ﴿71﴾
Ingsun sakancaku wong Islam kabeh padha didhawuhi ngestokake prentahe Allah Pengeran saindhenging ngalam kabeh.” (71)
وَاَنْ اَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاتَّقُوْهُۗ
Lan supaya sira kabeh padha anjumenengake sholat Ian supaya padha ngabektia marang Panjenengane.
وَهُوَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ﴿72﴾ ع_9
Sira kabeh bakal ditangekake saka pati sarta disowanake (dikumpulake) ana ing pangayunaning Pengeran. (72)
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ
Lan Panjenengane Allah iku Kang Nitahake saindhenging Iangit Ian bumi kelawan bener,
وَيَوْمَ يَقُوْلُ كُنْ فَيَكُوْنُۚ قَوْلُهُ الْحَقُّۗ
Ana ing dina iku Allah mung dhawuh: “ANA-A,” banjur ana. Pangandikane Allah iku bener (hak) mesthi kaleksanan,
وَلَهُ الْمُلْكُ يَوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِۗ
Allah iku Kagungan Panguwasa, Nguwasani dina qiyamat, nalikane Malaikat Israil ndamu sempronge kang isi nyawane para tita kabeh,
عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ﴿73﴾
Allah iku Mahauninga samubarang kang ghaib lan kang kasat mata. Dene Allah iku Mahawicaksana lan Mahawaspada. (73)
وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ لِاَبِيْهِ اٰزَرَ اَتَتَّخِذُ اَصْنَامًا اٰلِهَةًۚ
Elinga nalikane Nabi Ibrahim matur marang ramane, aran Aazar: “Awit saking punapa panjenengan manembah dhateng brahala?
اِنِّيْٓ اَرٰىكَ وَقَوْمَكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ﴿74﴾
Pamanggih kula panjenengan dalah kaum panjenengan tetela ing margi ing kang sasar.” (74)
وَكَذٰلِكَ نُرِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ مَلَكُوْتَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ
Mengkono uga Ingsun wis nuduhake Nabi Ibrahim kaendhahane panguwaos ing saindhenging langit lan bumi,
وَلِيَكُوْنَ مِنَ الْمُوْقِنِيْنَ﴿75﴾
Lan supaya Nabi Ibrahim iku klebu ewone wong-wong kang padha percaya lan yakin. (75)
فَلَمَّا جَنَّ عَلَيْهِ الَّيْلُ رَاٰ كَوْكَبًاۗ
Nalikane ing wayah wengi kang peteng, Nabi Ibrahim mau ndeleng lintang,
قَالَ هٰذَا رَبِّيْۚ
banjur ngucap: “Lha yoiku Pangeranku”,
فَلَمَّآ اَفَلَ قَالَ لَآ اُحِبُّ الْاٰفِلِيْنَ﴿76﴾
nanging bareng lintang mau wis surup, Ibrahim ngucap maneh: “Ingsun ora dhemen marang barang kang bisa ilang.” (76)
فَلَمَّا رَاَ الْقَمَرَ بَازِغًا قَالَ هٰذَا رَبِّيْۚ
Bareng Nabi Ibrahim sumurup rembulan ndadari banjur ngucap maneh: “O, iki Pengeran Ingsun kang bener,”
فَلَمَّآ اَفَلَ قَالَ لَىِٕنْ لَّمْ يَهْدِنِيْ رَبِّيْ
nanging bareng rembulan mau wis surup, Nabi Ibrahim ngucap maneh: “Menawa Pangeran Insun Inkang Setuhune ora enggal Kersa Nuduhake marang Ingsun,
لَاَكُوْنَنَّ مِنَ الْقَوْمِ الضَّاۤلِّيْنَ﴿77﴾
yekti Ingsun bakal klebu ewone wong-wong kang kesasar.” (77)
فَلَمَّا رَاَ الشَّمْسَ بَازِغَةً قَالَ هٰذَا رَبِّيْ هٰذَآ اَكْبَرُۚ
Bareng Nabi Ibrahim sumurup srengenge mlethek saka wetan banjur ngucap: “Lha yaiki pengeraningsun, iki luwih gedhe.”
فَلَمَّآ اَفَلَتْ قَالَ يٰقَوْمِ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ﴿78﴾
Nanging barang srengenge mau angslup, banjur Ibrahim ngucap: “He kaumku. Satemene Ingsun lepas, (ora magepokan) saka brahala-brahala kang padha sira dadeake kekembaran, sekuthoning Allah.” (78)
اِنِّيْ وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِيْ فَطَرَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ
“Satemene Ingsun adhepake wajahku marang Pengeran Kang Nitahake saindhenging langit lan bumi kelawan sumeleh legawa,
حَنِيْفًا وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۚ﴿79﴾
Lan Ingsun dudu golongane wong-wong kang padha musyrik.” (79)
وَحَاۤجَّهٗ قَوْمُهٗۗ
Ing kono para kaume Nabi Ibrahim padha mbantah.
قَالَ اَتُحَاۤجُّوْۤنِّيْ فِى اللهِ وَقَدْ هَدٰىنِۗ
WangsuIane Nabi Ibrahim mengeke: “Yagene sira padha mbantah marang Ingsun babagan kapercayan marang Allah? Mangka Allah wis Paring Pitedah marang Ingsun,
وَلَآ اَخَافُ مَا تُشْرِكُوْنَ بِهٖٓ
Mulane Ingsun ora pisan pisan wedi marang brahala kang padha sira sembah,
اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ رَبِّيْ شَيْـًٔاۗ
Kajaba yen Pangeran ngersakake paring reribet marang Ingsun, iku Ingsun wedi.
وَسِعَ رَبِّيْ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًاۗ
Jembar banget anggone Pangeraningsun Anggone Uninga samubarang tlatah tanpa wekasan.
اَفَلَا تَتَذَكَّرُوْنَ﴿80﴾
Yagene sira kabeh ora padha gelem ngeling-eling?” (80)
وَكَيْفَ اَخَافُ مَآ اَشْرَكْتُمْ وَلَا تَخَافُوْنَ اَنَّكُمْ اَشْرَكْتُمْ بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ عَلَيْكُمْ سُلْطٰنًاۗ
Kepriye yen aku wedi marang brahala kang padha sinembah iku, lan sebab apa sira padha ora wedi anggonmu padha mangrotingal, manembah saliyane Allah, yaiku brahala kang ora bisa gawe tandha bebener marang sliramu.
فَاَيُّ الْفَرِيْقَيْنِ اَحَقُّ بِالْاَمْنِۚ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَۘ﴿81﴾
Mara terangna wong rong golongan, yaiku wong mukmin Ian wong kang mangrotingal (musyrik) endi kang oleh kesantosan, yen pancen sira mangerti (81)
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَمْ يَلْبِسُوْٓا اِيْمَانَهُمْ بِظُلْمٍ
Wong-wong mukmin kang imane ora kecampuran mangrotingal
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الْاَمْنُ وَهُمْ مُّهْتَدُوْنَ﴿82﴾
iku kabeh padha pikantuk kasentosan, kalis saka azab, sarta kabeh padha oleh pituduh. (82)
وَتِلْكَ حُجَّتُنَآ اٰتَيْنٰهَآ اِبْرٰهِيْمَ عَلٰى قَوْمِهٖۗ
Lan mangkono iku piwulang kang Ingsun Paringake marang Nabi Ibrahim kanggo mbantah para kaume.
نَرْفَعُ دَرَجٰتٍ مَّنْ نَّشَاۤءُۗ
Ingsun ngangkat drajat marang wong kang Ingsun Kersakake.
اِنَّ رَبَّكَ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ﴿83﴾
Satemene Pengeranmu iku Mahawicaksana sarta Mahauninga. (83)
وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ كُلًّا هَدَيْنَا
Lan lngsun paring anak marang Ibrahim, aran lshaq lan Ya’qub, siji-sijine padha Ingsun paringi pituduh bener.
وَنُوْحًا هَدَيْنَا مِنْ قَبْلُ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهٖ
Sadurunge iku Nuh iya Ingsun paringi pituduh lan turune Nuh sawetara iya Ingsun paringi pituduh bener,
دَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ وَاَيُّوْبَ وَيُوْسُفَ وَمُوْسٰى وَهٰرُوْنَۗ
Kayata Daud lan Sulaiman, Ayub, Yusuf, Musa lan Harun.
وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَۙ﴿84﴾
Mangkono uga Ingsun ngganjar wong kang padha gawe kabecikan. (84)
وَزَكَرِيَّا وَيَحْيٰى وَعِيْسٰى وَاِلْيَاسَۗ
Lan Zakariya, Yahya, Isa lan llyas,
كُلٌّ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَۙ﴿85﴾
kabeh iku klebu kawula Ingsun kang padha becik-becik. (85)
وَاِسْمٰعِيْلَ وَالْيَسَعَ وَيُوْنُسَ وَلُوْطًاۗ
Lan Isma’il, Al-Yasa’, Yunus lan Luth,
وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعٰلَمِيْنَۙ﴿86﴾
kabeh iku padha Ingsun dadeake wong kang linuwih, ngungkuli wong sak ngalam kabeh. (86)
وَمِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ وَاِخْوَانِهِمْۚ
Leluhure lan turune lan sedulure para nabi mau, ana sawetara kang Ingsun paringi pitedah bener.
وَاجْتَبَيْنٰهُمْ وَهَدَيْنٰهُمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿87﴾
Para nabi mau padha Ingsun Pilih lan Ingsun Tedahake dalan kang bener (jejeg) (87)
ذٰلِكَ هُدَى اللهِ يَهْدِيْ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۗ
Iki tuntunane Allah, diagem nuntun kawulane sapa kang dadi Kaparenge,
وَلَوْ اَشْرَكُوْا لَحَبِطَ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿88﴾
Lan manawa dheweke njejerake sisihan ing Panjenengane (musyrik), sayekti tumrap dheweke bakal tanpa guna apa kang wus padha dilakoni. (88)
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَۚ
Para nabi mau padha Ingsun paringi Kitab dhewe-dhewe lan Ingsun paringi Kawicaksanan, ugo Pangkat Kenabiyan.
فَاِنْ يَّكْفُرْ بِهَا هٰٓؤُلَاۤءِ فَقَدْ وَكَّلْنَا بِهَا قَوْمًا لَّيْسُوْا بِهَا بِكٰفِرِيْنَ﴿89﴾
Menawa wong kafir padha ora percaya peparing Ingsun 3 perkara mau sayekti Ingsun bakal maringake marang kaum kang bakal ora mlengos (ora tumindak kafir). (89)
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ هَدَى اللهُ فَبِهُدٰىهُمُ اقْتَدِهْۗ
Para nabi mau padha diparingi pitedah bener dening Allah, mulane (Muhammad) iya ngeluluri dalan kesabaran para nabi mau.
قُلْ لَّآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًاۗ
Dhawuha: “Anggoningsun nggelarake kitab Al-Qur’an iki, ora mundhut imbalan apa-apa,
اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٰى لِلْعٰلَمِيْنَ﴿90﴾ ع_10
awit satemene Al-Qur’an iki dadi pituduh becik marang wong sak ngalam kabeh.” (90)
وَمَا قَدَرُوا اللهَ حَقَّ قَدْرِهٖٓ اِذْ قَالُوْا مَآ اَنْزَلَ اللهُ عَلٰى بَشَرٍ مِّنْ شَيْءٍۗ
Wong Yahudi anggone padha ngaji-aji ing Allah durung sak murwate, nalika padha ngucap: “Allah ora dhawuh apa-apa marang para manungsa.”
قُلْ مَنْ اَنْزَلَ الْكِتٰبَ الَّذِيْ جَاۤءَ بِهٖ مُوْسٰى نُوْرًا وَّهُدًى لِّلنَّاسِ
Dhawuha: “Sapa kang dhawuhake kitab Taurat marang Musa biyen, minangka pepadhang Ian pitedah dalan kang bener para manungsa.”
تَجْعَلُوْنَهٗ قَرَاطِيْسَ تُبْدُوْنَهَا وَتُخْفُوْنَ كَثِيْرًاۚ
Panganggepe wong Yahudi, kitab Taurat iku mung dianggep kertas wae. Dene surasane endi kang condhong karo karepe banjur diterangake marang wong akeh,
وَعُلِّمْتُمْ مَّا لَمْ تَعْلَمُوْٓا اَنْتُمْ وَلَآ اٰبَاۤؤُكُمْۗ
ananging iya akeh kang diumpetake, marga ora condhong karepe. Ewadene nabi Muhammad wis jlentrahake surasane Al-Qur’an mau marang wong Yahudi, nerangake surasane Taurat kang mau sira lan para Ieluhure wong Yahudi padha durung sumurup.
قُلِ اللهُۙ ثُمَّ ذَرْهُمْ فِيْ خَوْضِهِمْ يَلْعَبُوْنَ﴿91﴾
(Muhammad) sira dhawuha: “Sumurupa, kang Dhawuhake kitab Taurat iku Allah. Wong Yahudi mau sawise didhawuhi mengkono, anggone padha nggeguyu Qur’an padha tinggalen wae.” (91)
وَهٰذَا كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ مُبٰرَكٌ مُّصَدِّقُ الَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِ
Al-Qur’an iki Kitab kang Ingsun dhawuhake kang diberkahi, mbenerake Kitab-Kitab kang diturunke sadurunge,
وَلِتُنْذِرَ اُمَّ الْقُرٰى وَمَنْ حَوْلَهَاۗ
Supaya sira ngelingake marang wong-wong penduduk Mekkah (Ummul Qura) lan sakiwa tengene.
وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَهُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ يُحٰفِظُوْنَ﴿92﴾
Wong kang padha Iman marang akherat, mesthi padha percaya marang Al-Qur’an mau, sarta banjur padha ngreksa netepi sholat. (92)
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللهِ كَذِبًا اَوْ قَالَ اُوْحِيَ اِلَيَّ وَلَمْ يُوْحَ اِلَيْهِ شَيْءٌ
Ora ana wong kang luwih nganiaya marang awake dhewe, kajaba wong kang gawe-gawe, celathune goroh diakokake saka dhawuhe Allah, utawa ngucap: “Ingsun tampa dhawuhing Pengeran”, nanging satemene ora tampa dhawuh apa-apa,
وَّمَنْ قَالَ سَاُنْزِلُ مِثْلَ مَآ اَنْزَلَ اللهُۗ
Lan maneh wong kang ngucap: “Sedhela engkas aku bakal ndhawuhake tetimbangane Al-Qur’an kang wis didhawuhake dening Allah. “
وَلَوْ تَرٰٓى اِذِ الظّٰلِمُوْنَ فِيْ غَمَرٰتِ الْمَوْتِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ بَاسِطُوْٓا اَيْدِيْهِمْۚ
(Muhammad) enggal sumurupa wong kang padha nganiaya awake dhewe mau nalika sekarat pati (ing kono sira sumurup barang kang nggegirisi, yaiku) para maIaikat padha tumandang tangane nyiksa marang wong mau.
اَخْرِجُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ
Pangucape rikat: “Wetokna nyawamu kabeh.”
اَلْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُوْنِ
Ing dina iki sira padha dipatrapi siksa kang ngasorake,
بِمَا كُنْتُمْ تَقُوْلُوْنَ عَلَى اللهِ غَيْرَ الْحَقِّ وَكُنْتُمْ عَنْ اٰيٰتِهٖ تَسْتَكْبِرُوْنَ﴿93﴾
marga anggonmu padha celathu ora temen, diakokake saka dhawuhing Allah, lan padha gumedhe saka ayat-ayate Pangeran. (93)
وَلَقَدْ جِئْتُمُوْنَا فُرَادٰى كَمَا خَلَقْنٰكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّتَرَكْتُمْ مَّا خَوَّلْنٰكُمْ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِكُمْۚ
Satemene besuk ana ing akherat sira padha sowan ana ing Pangayuningsun, ijen tanpa sandhangan, kaya nalikane sira Ingsun titahake sakawit (metu saka guwa garbaning biyung) samubarang peparingingsun marang sira nalika ana ing donya padha keri ana ing burimu.
وَمَا نَرٰى مَعَكُمْ شُفَعَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ اَنَّهُمْ فِيْكُمْ شُرَكٰۤؤُاۗ
Lan Ingsun ora mirsani sira ditutake brahala kapercayanmu kang dikira bakal anjangkung dadi tetimbangane Allah. Ing dina iku paguyubanmu wis buyar.
لَقَدْ تَّقَطَّعَ بَيْنَكُمْ وَضَلَّ عَنْكُمْ مَّا كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ﴿94﴾ ع_11
Samubarang kang diestu nalika ana ing donya, kabeh padha nyidrani. (94)
اِنَّ اللهَ فَالِقُ الْحَبِّ وَالنَّوٰىۗ
Satemene Allah iku kang mlethek-ake wiji lan isining who-wohan, thukul dadi wit-witan,
يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَمُخْرِجُ الْمَيِّتِ مِنَ الْحَيِّۗ
lan ngetokake barang kang urip saka barang kang mati (kayata manuk diwetokake saka endhog, Ian manungsa saka ing mani) Ian ngetokake barang kang mati saka barang kang urip.
ذٰلِكُمُ اللهُ فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ﴿95﴾
Kang kawasa mengkono kang Asma Allah. Saiki kepriye anggonmu padha ora percaya? (95)
فَالِقُ الْاِصْبَاحِۚ وَجَعَلَ الَّيْلَ سَكَنًا وَّالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ حُسْبَانًاۗ
Allah iku kang nyilak-ake pepeteng nalika tumarontonging wayah bangun esuk, lan dadekake wengi kanggo nentremake, lan nitahake srengenge lan rembulan kanggo petungan kang tetep.
ذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِ﴿96﴾
Kang mangkono iku kuwasaning Pengeran Kang Kagungan sifat Mahamulya tur kang Mahauninga. (96)
وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ النُّجُوْمَ لِتَهْتَدُوْا بِهَا فِيْ ظُلُمٰتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ
Lan Panjenengane Allah iku kang Nitahake sakabehing lintang, migunani marang sliramu kabeh (kanggo tetenger) supaya padha sumurup dalan ana ing pepeteng ing daratan lan pepeteng ing segara.
قَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ﴿97﴾
Ingsun wis nerangake tandha bebener Kuwasaningsun marang wong kang padha gelem mangerti. (97)
وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ
Lan Panjenengane Allah kang Nitahake sliramu kabeh, wiwite saka awak siji wae (yaiku Nabi Adam).
فَمُسْتَقَرٌّ وَّمُسْتَوْدَعٌۗ
Tumuli ana enggon palenggahan sarta panyimpenan.
قَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّفْقَهُوْنَ﴿98﴾
Ingsun wis Nerang-Nerangake tandha bebener Kuwasaningsun marang wong kang padha gelem paham. (98)
وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۚ
Lan Panjenengane Allah Kang Nurunake banyu udan saka langit.
فَاَخْرَجْنَا بِهٖ نَبَاتَ كُلِّ شَيْءٍ فَاَخْرَجْنَا مِنْهُ خَضِرًا نُّخْرِجُ مِنْهُ حَبًّا مُّتَرَاكِبًاۚ
Banyu udan mau banjur Ingsun Anggo Ngetokake sarupaning tethukulan, nuli Ingsun Anggo Ngetokake barang ijon-ijon saka ing tethukulan mau. Ingsun banjur Ngetokake woh kang tumpa-tumpa saka barang ijon-ijon mau, nganti mancung walaning kurma nrecel,
وَمِنَ النَّخْلِ مِنْ طَلْعِهَا قِنْوَانٌ دَانِيَةٌ وَّجَنّٰتٍ مِّنْ اَعْنَابٍ وَّالزَّيْتُوْنَ وَالرُّمَّانَ مُشْتَبِهًا وَّغَيْرَ مُتَشَابِهٍۗ
Lan maneh banyu udan mau Ingsun Anggo Nguripake lemah kang isi wit anggur, Ian Ingsun Anggo Ngetokake woh zaetun Ian woh delima. Kang godhonge padha, nanging wohe ora padha. Nalika zaetun lan delima mau padha awoh,
اُنْظُرُوْٓا اِلٰى ثَمَرِهٖٓ اِذَآ اَثْمَرَ وَيَنْعِهٖۗ
Sliramu padha delenga wohe nalika wis mateng.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكُمْ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ﴿99﴾
Kang wis kasebut mau kabeh tumrape wong mukmin mesthi dadi tandha bebener Kuwasaning Allah. (99)
وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَ الْجِنَّ وَخَلَقَهُمْ
Lan dheweke padha nganggep jin-jin dadi sekuthoning Allah, mangka jin-jin iku mung titahe Allah, lan wong-wong (kafir) iku padha gawe gegorohan babagan Panjenengane Allah.
وَخَرَقُوْا لَهٗ بَنِيْنَ وَبَنٰتٍۢ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ
Panyanane wong-wong mau manawa Allah mundhut putra kakung lan putri iku tanpa ilmu.
سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يَصِفُوْنَ﴿100﴾ ع_11
Mahasuci Allah, lan Mahaluhur. Panjenengane adoh saka pamawase wong-wong mau. (100)
بَدِيْعُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Panjenengane Allah Mahamurwani Nitahake saindhenging langit lan bumi.
اَنّٰى يَكُوْنُ لَهٗ وَلَدٌ وَّلَمْ تَكُنْ لَّهٗ صَاحِبَةٌۗ
Kepriye bisane Allah kagungan putra, kang mongko Panjenengane iku ora kagungan garwa
وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍۚ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿101﴾
Lan Panjenengane iku Mahauninga ing kabeh samubarang. (101)
ذٰلِكُمُ اللهُ رَبُّكُمْۚ
Kang mangkono iku Allah Pengeranmu.
لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ
Ora ana Sesembahan klawan bener kajaba mung Allah,
خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ فَاعْبُدُوْهُۚ
Kang Nitahake kabeh samubarang, mulane sira padha manembaha Allah.
وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ﴿102﴾
Dene Allah Maha Nguwasani samubarang kang Dititahake. (102)
لَا تُدْرِكُهُ الْاَبْصَارُ
Pandelenge para manungsa ora bisa sumurup marang Allah,
وَهُوَ يُدْرِكُ الْاَبْصَارَۚ
Nanging Allah Mahauninga sakabehing pandeleng.
وَهُوَ اللَّطِيْفُ الْخَبِيْرُ﴿103﴾
Allah iku Mahalembut sarta Mahawaspada. (103)
قَدْ جَاۤءَكُمْ بَصَاۤىِٕرُ مِنْ رَّبِّكُمْۚ
Sira kabeh padha ketekan tandha bebener saka Pengeranmu.
فَمَنْ اَبْصَرَ فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ عَمِيَ فَعَلَيْهَاۗ
Dene sing sapa pikantuk pitedah bener saka anggone sumurup tandha bebener mau, bakal pikantuk kabegjan. Nanging sing sapa wuta atine, kesasar marga anggone deleng tandha bebener mau bakal nemu pakewuh.
وَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِحَفِيْظٍ﴿104﴾
Ingsun iku mung Ndhawuhake ora kudu anjaga marang laku-lakumu. (104)
وَكَذٰلِكَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ
Lan mangkono uga Ingsun angambali nerangake ayat-ayat Ingsun, supaya (wong-wong kang iman pikantuk pituduh)
وَلِيَقُوْلُوْا دَرَسْتَ
lan supaya wong-wong musyrik padha matur: “Pantes kemawon panjenengan sampun maos kitabipun para Nabi ing zaman kuna.”
وَلِنُبَيِّنَهٗ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ﴿105﴾
Lan supaya Ingsun nerangake Al-Qur’an marang wong kang bisa mangerti. (105)
اِتَّبِعْ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَۚ
Muhammad) Sliramu ngestokna wahyu kang kawahyokake saka Pengeranmu,
لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ
Ora ana Pengeran kajaba mung Panjenengane Allah piyambak,
وَاَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِيْنَ ﴿106﴾
Lan sliramu ora usah perduli marang wong kang padha mangro tingal (musyrik). (106)
وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ مَآ اَشْرَكُوْاۗ
Lan upama ana karsane Allah, wong-wong kang padha mangro tingal (musyrik) iku dikersakake dadi ora mangro tingal, mesthi kelakon.
وَمَا جَعَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًاۚ
Sliramu (Muhammad) ora Ingsun wajibake ngreksa wong-wong mau,
وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ﴿107﴾
Awit sliramu dudu pamomonging wong-wong mau. (107)
وَلَا تَسُبُّوا الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللهِ فَيَسُبُّوا اللهَ عَدْوًاۢ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ
(He wong kang Iman kabeh) aja padha misuhi (celathu elek-elek) bab brahala-brahala kang dipundhi-pundhi dening wong-wong kafir mau, yaiku sesembahan saliyane Allah, sababe mundhak wong-wong kafir banjur males misuhi Ian memungsuhi marang Allah, jalaran anggone ora mangerti.
كَذٰلِكَ زَيَّنَّا لِكُلِّ اُمَّةٍ عَمَلَهُمْۖ
Mengkono uga Ingsun wis maes-maesi marang kabeh ummat supaya dhemen marang barang kang ditindakake.
ثُمَّ اِلٰى رَبِّهِمْ مَّرْجِعُهُمْ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿108﴾
Sawise mangkono, besuk ana akherat kabeh padha bali ing ngarsane Allah. lng kono Allah njelentrehake marang wong wong mau samubarang kang wis ditindakake. (108)
وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ
Wong-wong (kafir) Mekkah padha supata kanthi temen-temen nganggo nyebut Asmane Allah.
لَىِٕنْ جَاۤءَتْهُمْ اٰيَةٌ لَّيُؤْمِنُنَّ بِهَاۗ
Supatane yaiku: “Sawektu-wektu dheweke ketekan tandha bebener, mesthi padha ngimanake.”
قُلْ اِنَّمَا الْاٰيٰتُ عِنْدَ اللهِ
(Muhammad) dhawuha: “Satemene tandha bebener iku mung ana Ngersane Allah.”
وَمَا يُشْعِرُكُمْ اَنَّهَآ اِذَا جَاۤءَتْ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿109﴾
Balik sira wong mukmin kabeh padha Ingsun takoni, sapa kang anjelasake marang sira yen wong-wong mau temen kesaguhane percaya, sumurupa, tandha bebener iku sanajan kelakon ditekakake marang wong-wong kafir mau tetep anggone padha ora gelem percaya. (109)
وَنُقَلِّبُ اَفْـِٕدَتَهُمْ وَاَبْصَارَهُمْ
Lan lngsun molak-malikake atine Ian pendelenge wong-wong kafir mau kabeh (dadi ora weruh ing bener),
كَمَا لَمْ يُؤْمِنُوْا بِهٖٓ اَوَّلَ مَرَّةٍ
kaya anggone padha ora gelem percaya sekawit.
وَّنَذَرُهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ﴿110﴾ ع_12 الجزء
Lan Ingsun bakal ngejarke wong-wong mau ben padha bingung ana ing tindak sasare. (110)
وَلَوْ اَنَّنَا نَزَّلْنَآ اِلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ وَكَلَّمَهُمُ الْمَوْتٰى
Saupama Ingsun nurunake utusan malaikat marang wong kafir mau Ian nguripake wong kang wis padha mati, banjur padha mituturi marang dheweke,
وَحَشَرْنَا عَلَيْهِمْ كُلَّ شَيْءٍ قُبُلًا مَّا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْٓا
Ugo menawa Ingsun nglumpukake samubarang isining jagad kang adu arep (kang banjur padha nyekseni menawa sliramu iku temen dadi utusan Ingsun). Dheweke mau iya meksa padha ora geIem percaya,
اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللهُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ يَجْهَلُوْنَ﴿111﴾
Kajaba menawa dikersakake percaya dening Allah. Nanging akeh-akehe wong kafir mau padha bodho. (111)
وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا شَيٰطِيْنَ الْاِنْسِ وَالْجِنِّ
Lan kaya mangkono uga siji-sijining nabi iku padha Ingsun cawisi mungsuh setan manungsa Ian setan jin.
يُوْحِيْ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍ زُخْرُفَ الْقَوْلِ غُرُوْرًاۗ
Siji-sijining setan mau padha bantu-binantu, migunakake manising pangucap, pamrihe arep nyasarake.
وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ مَا فَعَلُوْهُ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُوْنَ﴿112﴾
Upama Pengeranmu ngersakake setan mau ora padha bantu- binantu nggoda mesthi kelakon. Jalaran saka iku dheweke togno wae anggone nindakake laku goroh. (112)
وَلِتَصْغٰٓى اِلَيْهِ اَفْـِٕدَةُ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ
Lan maneh pamrihe supaya wong-wong kang padha ora Iman marang akherat,
وَلِيَرْضَوْهُ وَلِيَقْتَرِفُوْا مَا هُمْ مُّقْتَرِفُوْنَ﴿113﴾
atine dadi kesengsem Ian kaelu marang pangucap mau Ian supaya padha rila anggone padha nglakoni dosa kang wis padha ditindakake salawas-Iawase. (113)
اَفَغَيْرَ اللهِ اَبْتَغِيْ حَكَمًا وَّهُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ اِلَيْكُمُ الْكِتٰبَ مُفَصَّلًاۗ
(Lan sira dhawuha Muhammad): “Kepriye panemumu, apa ingsun njaluk hukum marang liyane Allah, Allah iku kang ndawuhake kitab Al-Qur’an marang sira kabeh luwih cetha.”
وَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْلَمُوْنَ اَنَّهٗ مُنَزَّلٌ مِّنْ رَّبِّكَ بِالْحَقِّ
(Dhawuhing Allah): “Kabeh wong kang wis Ingsun paringi kitab, kabeh mesthi padha weruh yen Al-Qur’an iku temen Dhawuh saka Pengeran.
فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَ﴿114﴾
Sira aja klebu wong kang padha mamang.” (114)
وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ صِدْقًا وَّعَدْلًاۗ
Lan wis sampurna Firman Pangandikane Pengeran, kanthi temen lan adil,
لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِهٖۚ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿115﴾
Ora ana kang bisa ngowahi Pangandikane Allah. Lan Panjenengane iku Maha Midhanget lan Maha Ngudaneni. (115)
وَاِنْ تُطِعْ اَكْثَرَ مَنْ فِى الْاَرْضِ يُضِلُّوْكَ عَنْ سَبِيْلِ اللهِۗ
Menawa sliramu (Muhammad) manut akeh-akehe wong kang ana ing bumi, yekti dheweke kabeh mau bakal nyasarake sliramu saka dedalane Allah,
اِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ
jalaran dheweke ora padha manut kajaba mung panyana
وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَ﴿116﴾
lan dheweke iku ora ana liya kajaba mung padha goroh. (116)
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ مَنْ يَّضِلُّ عَنْ سَبِيْلِهٖۚ
Satemene Pengeranmu Luwih Uninga marang wong kang nyimpang saka dalane Allah,
وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ﴿117﴾
lan uga luwih Ngudaneni marang wong kang padha netepi pituduh (117)
فَكُلُوْا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللهِ عَلَيْهِ
Sliramu padha dhahara hewan kang anggone mragat nganggo nyebut Asmane Allah. (Aja dhahar hewan kang panyembelehe nganggo nyebut asma liyane Allah).
اِنْ كُنْتُمْ بِاٰيٰتِهٖ مُؤْمِنِيْنَ﴿118﴾
Manawa sliramu temen padha percaya marang ayat-ayate Allah (118)
وَمَا لَكُمْ اَلَّا تَأْكُلُوْا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللهِ عَلَيْهِ
Marga apa sira padha ora gelem dhahar hewan kang panyembelehane nganggo nyebut Asmane Allah?
وَقَدْ فَصَّلَ لَكُمْ مَّا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ
Allah wis mrinci-mrinci samubarang laranganing Allah marang sira kabeh,
اِلَّا مَا اضْطُرِرْتُمْ اِلَيْهِۗ
kajaba yen sira kapeksa kudu dhahar barang larangan mau (iku dadi kena).
وَاِنَّ كَثِيْرًا لَّيُضِلُّوْنَ بِاَهْوَاۤىِٕهِمْ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ
Satemene akeh wong kang kesasar marga nuruti hawa nepsune dhewe, gondhelane mung ngawur tanpa kawruh.
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِالْمُعْتَدِيْنَ﴿119﴾
Satemene Pangeranmu iku Mahauninga wong kang padha ngliwati wates, njarak dhahar haram. (119)
وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗۗ
Padha-a nyingkirana penggawe dosa kang katon lan kang ora katon.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ﴿120﴾
Satemene wong-wong kang padha nindakake tindak dosa iku bakal padha diwales miturut dosa kang wis ditindakake. (120)
وَلَا تَأْكُلُوْا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ اسْمُ اللهِ عَلَيْهِ وَاِنَّهٗ لَفِسْقٌۗ
Lan sira aja padha dhahar hewan kang anggone nyembeleh tanpa nyebut Asmane Allah (nanging nyebut liyane Allah). Dene dhahar hewan kang disembelih kang mengkono iku mesthi duraka.
وَاِنَّ الشَّيٰطِيْنَ لَيُوْحُوْنَ اِلٰٓى اَوْلِيَاۤىِٕهِمْ لِيُجَادِلُوْكُمْۚ
Satemene para setan iku padha anggoda marang kekasihe (iya iku wong-wong kafir) supaya padha maidoni sliramu.
وَاِنْ اَطَعْتُمُوْهُمْ اِنَّكُمْ لَمُشْرِكُوْنَ﴿121﴾ ع_13
Manawa sliramu banjur padha manut marang dheweke, mesthi sira dadi wong kang musyrik. (121)
اَوَمَنْ كَانَ مَيْتًا فَاَحْيَيْنٰهُ وَجَعَلْنَا لَهٗ نُوْرًا يَّمْشِيْ بِهٖ فِى النَّاسِ
Umpamane wong kang maune mati banjur Ingsun uripake, sarta diparingi pepadang kanggo madangi anggone mlaku ana sandhinging manungsa akeh,
كَمَنْ مَّثَلُهٗ فِى الظُّلُمٰتِ لَيْسَ بِخَارِجٍ مِّنْهَاۗ
lan wong kang ana sajroning pepeteng, ora bisa metu saka pepeteng mau. Wong rong golongan mau apa padha wae?
كَذٰلِكَ زُيِّنَ لِلْكٰفِرِيْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿122﴾
Mangkono iku para wong kafir padha didhemenake marang kang padha dilakoni. (122)
وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا فِيْ كُلِّ قَرْيَةٍ اَكٰبِرَ مُجْرِمِيْهَا لِيَمْكُرُوْا فِيْهَاۗ
Lan semono uga Ingsun Nitahake saben-saben panggonan penggedhe-penggedhe wong duraka, ing kono padha ambebujuk wong akeh, diajak mbudi-daya lelaku duraka.
وَمَا يَمْكُرُوْنَ اِلَّا بِاَنْفُسِهِمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَ﴿123﴾
Wusana kang kena ing bujuk mau dudu sapa-sapa malahan awake dhewe, ewa dene padha ora rumongso. (123)
وَاِذَا جَاۤءَتْهُمْ اٰيَةٌ قَالُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ حَتّٰى نُؤْتٰى مِثْلَ مَآ اُوْتِيَ رُسُلُ اللهِۘ
Wong-wong kafir mau nalikane padha ketekan tandha bebener manawa rasul iku temen, kabeh padha ngucap mangkene: “Ingsun padha emoh percaya (marang Nabi Muhammad), kajaba yen Ingsun .diparingi wahyu dhewe dhewe dening Allah, kaya kang diparingake marang para utusane
اَللهُ اَعْلَمُ حَيْثُ يَجْعَلُ رِسٰلَتَهٗۗ
(Pangendikane Allah) “Allah iku luwih Priksa kanthi cetha, sapa kang pantes diangkat dadi utusan.
سَيُصِيْبُ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْا صَغَارٌ عِنْدَ اللهِ وَعَذَابٌ شَدِيْدٌۢ
Besuk ing akherat wong kang padha kafir, bakal padha dipatrapi azab kang abot lan ana ngarsane Allah padha dadi wong asor
بِمَا كَانُوْا يَمْكُرُوْنَ﴿124﴾
Marga anggone padha duwe pangreka ambebujuk. (124)
فَمَنْ يُّرِدِ اللهُ اَنْ يَّهْدِيَهٗ يَشْرَحْ صَدْرَهٗ لِلْاِسْلَامِۚ
Sapa sing dikersakake dening Allah bakal katuntun ing dalan kang bener, Panjenengane Allah anjembarake atine wong mau marang Islam,
وَمَنْ يُّرِدْ اَنْ يُّضِلَّهٗ يَجْعَلْ صَدْرَهٗ ضَيِّقًا حَرَجًا
Lan sapa sing dikersakke kasasar, Panjenengane Allah andadekake atine wong mau rupak Ian sesak, abot nglakoni agama Islam,
كَاَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِى السَّمَاۤءِۗ
anggone ora keconggah kaya sumengkaa diprintah menek langit.
كَذٰلِكَ يَجْعَلُ اللهُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿125﴾
Kaya mangkono anggone Allah Andadekake lelethek para kang padha ora Iman. (125)
وَهٰذَا صِرَاطُ رَبِّكَ مُسْتَقِيْمًاۗ
(He Muhammad), Agama Islam kang sira asta iku dalan bener, dalane Pengeranmu.
قَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّذَّكَّرُوْنَ﴿126﴾
Ingsun wis njlentrehake tandha-tandha bebener marang wong-wong kang padha gelem nampa pitutur becik. (126)
لَهُمْ دَارُ السَّلٰمِ
Wong mengkono mau padha diparingi suwarga aran Daarussalaam.
عِنْدَ رَبِّهِمْ وَهُوَ وَلِيُّهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿127﴾
Ana ngersane Pengerane Kang Paring Pitulung, dumunung ganjaran anggone padha nindakake agama Islam. (127)
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًاۚ
Elinga ing kadadeyan ana dina qiyamat, nalikane Ingsun nglumpukake kabeh para titah
يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ قَدِ اسْتَكْثَرْتُمْ مِّنَ الْاِنْسِۚ
(banjur padha Ingsun dangu): He Jin kabeh, wis akeh temen anggonmu padha njlomprongake para manungsa.
وَقَالَ اَوْلِيَاۤؤُهُمْ مِّنَ الْاِنْسِ
Ing kono para manungsa kang dadi kancane setan banjur padha munjuk atur:
رَبَّنَا اسْتَمْتَعَ بَعْضُنَا بِبَعْضٍ وَّبَلَغْنَآ اَجَلَنَا الَّذِيْٓ اَجَّلْتَ لَنَاۗ
“Dhuh Pangeran kawuia, setan punika sampun tampi kabungahan saking kawula. Kawula ugi sampun tampi kabungahan saking setan, nggih punika kadumugen pepenginan-pepenginan kawula. Ing samangke sampun dumugi ing wekdalipun anggen Paduka Panggenaken kawula ing dinten qiyamat punika.
قَالَ النَّارُمَثْوٰىكُمْ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اِلَّا مَا شَاۤءَاللهُۗ
Dhawuhing Allah: “Panggonanmu ana neraka. Ana kono sira padha langgeng, kajaba yen ana Kepareng Kersane Allah.”
اِنَّ رَبَّكَ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ﴿128﴾
Satemene Pengeranmu iku Mahawicaksana Ian Mahauninga. (128)
وَكَذٰلِكَ نُوَلِّيْ بَعْضَ الظّٰلِمِيْنَ بَعْضًاۢ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ﴿129﴾ ع_14
Mengkono uga wong kang padha duraka nganiaya awake dhewe mau ana kang Ingsun Titahake mimpin kanca-kancane wong kang padha durhaka, sarana anggone nindakake panganiayane. (129)
يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ اَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ يَقُصُّوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِيْ
He jin lan manungsa kabeh, apa sliramu ora kerawuhan para utusan Ingsun saka jenismu, kang padha medharake pirang-pirang ayat Ingsun?
وَيُنْذِرُوْنَكُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۗ
Lan ngelingake bakal kelakone dina qiyamat iki?
قَالُوْا شَهِدْنَا عَلٰٓى اَنْفُسِنَا
Jin Ian manungsa kang kafir banjur munjuk atur: “Kawula sami ngakeni kelapatan kawula,”
وَغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا
(Allah paring pangandika): “Kauripan ana donya wis njlomprongake wong kafir kabeh.
وَشَهِدُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰفِرِيْنَ﴿130﴾
Satemene wis padha ngaku yen dheweke iku kafir. (130)
ذٰلِكَ اَنْ لَّمْ يَكُنْ رَّبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرٰى
Mangkono iku amarga Pengeranmu ora bakai angrusak kutha-kutha
بِظُلْمٍ وَّاَهْلُهَا غٰفِلُوْنَ﴿131﴾
kalawan nganiaya, kang mangka wonge padha lena. (131)
وَلِكُلٍّ دَرَجٰتٌ مِّمَّا عَمِلُوْاۗ
Siji-sijining wong padha pikantuk derajat dhewe-dhewe, minangka piwalese barang kang wis ditindakake, ala utawa becik.
وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ﴿132﴾
Pangeranmu mesthi ora kasupen samubarang kang wis dilakoni para manungsa. (132)
وَرَبُّكَ الْغَنِيُّ ذُو الرَّحْمَةِۗ
Lan Panjengane Allah Maha Sugih (ora mbutuhake ing Iiyan) sarta kagungan Welas Ian Asih).
اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَسْتَخْلِفْ مِنْۢ بَعْدِكُمْ
Saupama ana Kepareng Kersane Allah, sira disirnakake kabeh, sawise iku banjur disalini titah
مَّا يَشَاۤءُ كَمَآ اَنْشَاَكُمْ مِّنْ ذُرِّيَّةِ قَوْمٍ اٰخَرِيْنَ﴿133﴾
miturut Kersane Allah, kaya anggone nitahake sira saka turun wong Iiya. (133)
اِنَّ مَا تُوْعَدُوْنَ لَاٰتٍۙ وَّمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ﴿134﴾
Satemene barang kang dijanjekake marang sira kabeh iku mesti bakal kelakon, Ian sliramu kabeh ora bisa oncat nyingkirake. (134)
قُلْ يٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌۚ
(He Muhammad) Dhawuha mangkene: “He kaumku, sira padha tumindaka miturut sak bisamu. Satemene lngsun uga tumindak sak bisaku,
فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ تَكُوْنُ لَهٗ عَاقِبَةُ الدَّارِۗ
jalaran sira kabeh bakal padha weruh dhewe sapa kang bakal oleh pungkasan kang becik ana ing akherat.
اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ﴿135﴾
Satemene wong-wong kang padha nganiaya iku ora padha pikantuk kabegjan. (135)
وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ مِمَّا ذَرَاَ مِنَ الْحَرْثِ وَالْاَنْعَامِ نَصِيْبًا
Lan dheweke padha nyisihake saperangan kanggo Allah saka barang kang Katitahake dening Panjenengane kang arupa tatanduran Ian rajakaya,
فَقَالُوْا هٰذَا لِلّٰهِ بِزَعْمِهِمْ وَهٰذَا لِشُرَكَاۤىِٕنَاۚ
Banjur padha celathu: “Iki Kagungane Allah. lki duweke para kaumku.”
فَمَا كَانَ لِشُرَكَاۤىِٕهِمْ فَلَا يَصِلُ اِلَى اللهِۚ
Dene kang dadi pandumane para kaume, ora bakal konjuk ing Allah (ora ditindakake kaya keparenge Allah),
وَمَا كَانَ لِلّٰهِ فَهُوَ يَصِلُ اِلٰى شُرَكَاۤىِٕهِمْۗ
nanging kang dadi kagungane Allah iku warata marang para kaume.
سَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ﴿136﴾
Ala temen wong-wong kafir iku anggone padha mutusi. (136)
وَكَذٰلِكَ زَيَّنَ لِكَثِيْرٍ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ قَتْلَ اَوْلَادِهِمْ
Mengkono maneh, pemimpin-pemimpine wong-wong mau ndadekake akeh-akehe wong musyrik padha nganggep becik mateni anak-anake dhewe, (yaiku anake kang wadon padha dipendhem urip uripan, kang lanang padha dibeleh)
شُرَكَاۤؤُهُمْ لِيُرْدُوْهُمْ وَلِيَلْبِسُوْا عَلَيْهِمْ دِيْنَهُمْۗ
Kang mangkono iku saka pangojok-ojoke jin lan setan, kang padha dianggep konca, anggone ngojok-ojoki mau pamrihe supa ya wong musyrik mau padha rusak lan supaya agamane padha kisruh.
وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ مَا فَعَلُوْهُ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُوْنَ﴿137﴾
Saupama Allah ngersakake jin lan setan mau ora ngojok ojoki mesthi ya kelakon. (He Muhammad) wong-wong mau tinggalen anggone padha agawe gegorohan. (137)
وَقَالُوْا هٰذِهٖٓ اَنْعَامٌ وَّحَرْثٌ حِجْرٌ لَّا يَطْعَمُهَآ اِلَّا مَنْ نَّشَاۤءُ بِزَعْمِهِمْ وَاَنْعَامٌ
Pangucape wong kafir kang metu saka penemu utawa gagasan: “lki rajakaya lan tetanduran kang disengker, ora ana kang wenang dhahar, kajaba wong kang padha rumeksa brahala kang tak karepake.
حُرِّمَتْ ظُهُوْرُهَا وَاَنْعَامٌ لَّا يَذْكُرُوْنَ اسْمَ اللهِ عَلَيْهَا افْتِرَاۤءً عَلَيْهِۗ
Lan maneh rajakaya anggone mragat ora kena nyebut asmane Allah, kudu nyebut brahala. Pangucape wong kafir mengkono mau diakokake dhawuhing Allah, dadi tetep wong gawe-gawe.
سَيَجْزِيْهِمْ بِمَا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ﴿138﴾
Ing tembe Allah bakal matrapi wong-wong mau marga anggone padha gawe gegorohan. (138)
وَقَالُوْا مَا فِيْ بُطُوْنِ هٰذِهِ الْاَنْعَامِ خَالِصَةٌ لِّذُكُوْرِنَا وَمُحَرَّمٌ عَلٰٓى اَزْوَاجِنَاۚ وَاِنْ يَّكُنْ مَّيْتَةً فَهُمْ فِيْهِ شُرَكَاۤءُۗ
Lan maneh wong-wong mau padha ngucap: “Opo kang ana jeron wetenge raja kaya iki yen metu urip kena didhahar para kaumku kang padha lanang ora kena didhahar para kaumku kang wadon. Dene yen wis mati, para kaumku lanang utawa wadon kabeh padha kena dhahar.
سَيَجْزِيْهِمْ وَصْفَهُمْۗ اِنَّهٗ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ﴿139﴾
Ing tembe Allah bakal matrapi wong-wong mau marga anggone padha ngarani: “Iku larangan, lan iki sing kena.” Satemene Allah iku Maha Wicaksana sana Maha Ngudaneni. (139)
قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ قَتَلُوْٓا اَوْلَادَهُمْ سَفَهًاۢ بِغَيْرِ عِلْمٍ
Temen kapitunan tumrape wong-wong kang padha mateni anak-anake kagawa saka bodhone, sarta tanpa kaweruh,
وَّحَرَّمُوْا مَا رَزَقَهُمُ اللهُ افْتِرَاۤءً عَلَى اللهِۗ
lan temen kapitunan tumrape wong-wong kang padha ngeharamake rezeki kang wis diparingake dening Allah marang dheweke, sumedya gawe goroh marang ngarsane Allah,
قَدْ ضَلُّوْا وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ﴿140﴾ ع_15
sayektine wong mau wis padha kesasar sarta padha ora pi kantuk pituduh. (140)
وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَ جَنّٰتٍ مَّعْرُوْشٰتٍ وَّغَيْرَ مَعْرُوْشٰتٍ
Lan Panjenengane Allah iku Kang Nitahake kebon-kebon kang thethukulane ana sing padha mrambat lan kang ora mrambat,
وَّالنَّخْلَ وَالزَّرْعَ مُخْتَلِفًا اُكُلُهٗ
lan wit kurma lan tetanduran kena beda-beda rasane,
وَالزَّيْتُوْنَ وَالرُّمَّانَ مُتَشَابِهًا وَّغَيْرَ مُتَشَابِهٍۗ
lan zaitun lan delima kang madharupa lan kang ora madharupa,
كُلُوْا مِنْ ثَمَرِهٖٓ اِذَآ اَثْمَرَ
Sira kabeh padha dhahara wohwohane wit mau manawa wis uwoh.
وَاٰتُوْا حَقَّهٗ يَوْمَ حَصَادِهٖۖ
Sarta padha manehna zakate ana ing wektu panene
وَلَا تُسْرِفُوْاۗ اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَۙ﴿141﴾
Lan sira aja padha leluwihan anggone padha dhahar jalaran. Setuhune Allah ora remen marang wong kang padha leluwihan (141)
وَمِنَ الْاَنْعَامِ حَمُوْلَةً وَّفَرْشًاۗ
Lan Panjenengane Allah wis Nitahake rajakaya kang santosa kanggo momotan barang-barang lan kanggo sembelihan.
كُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللهُ
Sliramu padha dhaharo rezeki kang wis Diparingake dening Allah marang sliramu kabeh,
وَلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌۙ﴿142﴾
Lan aja padha manut tindak-tanduke setan, jalaran satemene setan iku mungsuh kang nyata tumrap sliramu kabeh. (142)
ثَمٰنِيَةَ اَزْوَاجٍۚ مِنَ الضَّأْنِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْمَعْزِ اثْنَيْنِۗ
Rajakaya kang kasebut ana 8 (wolu) aje jodhohan (dadi 4 jodho), wedhus gembel sak jodho, wedhus kacangan sak jodho.
قُلْ ءٰۤالذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ اَمِ الْاُنْثَيَيْنِ اَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ اَرْحَامُ الْاُنْثَيَيْنِۗ
(Muhammad) sira ndangua: “Wedus rong jodho iku endi kang diharamake dening Allah, kang lanang apa kang wadon, utawa apa kang ana ing sajroning wetenge wedhus wadon loro iku?”
نَبِّئُوْنِيْ بِعِلْمٍ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿143﴾
Mara coba sira kabeh padha ngabarna marang Ingsun kelawan ilmu yen sira nyata padha temen. (143)
وَمِنَ الْاِبِلِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْبَقَرِ اثْنَيْنِۗ
Lan rajakaya kang kasebut iku uga, yaiku onta sak jodho.
قُلْ ءٰۤالذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ اَمِ الْاُنْثَيَيْنِ اَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ اَرْحَامُ الْاُنْثَيَيْنِۗ
(Muhammad) sira ndangua: “Kewan rong jodho iku endi kang diharamake dening Allah kang lanang apa kang wadon, utawa apa kang ana ing sajroning wetenge hewan wadon loro iku?
اَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاۤءَ اِذْ وَصّٰىكُمُ اللهُ بِهٰذَاۚ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللهِ كَذِبًا لِّيُضِلَّ النَّاسَ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ
Utawa apa sira kabeh dadi seksi nalika Allah ndhawuhake bab iki (marang para wong tuwamu kabeh)?” Lan sapa kang luwih nganiaya marang awake dhewe ngungkuli wong kang gawe goroh marang Allah, perlune arep nyasarake para manungsa tanpa kawruh.
اِنَّ اللهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ﴿144﴾ ع_16
Satemene Allah iku Ora Kersa Paring Pituduh marang wong-wong kang padha nganiaya. (144)
قُلْ لَّآ اَجِدُ فِيْ مَآ اُوْحِيَ اِلَيَّ مُحَرَّمًا عَلٰى طَاعِمٍ يَّطْعَمُهٗٓ
(Muhammad) Dhawuha: “Dhawuhing Allah kang wis didhawuhake marang aku ora mrangguli larangan dhahar panganan tumrap wong kang dhahar,
اِلَّآ اَنْ يَّكُوْنَ مَيْتَةً اَوْ دَمًا مَّسْفُوْحًا اَوْ لَحْمَ خِنْزِيْرٍ فَاِنَّهٗ رِجْسٌ
kajaba mung bangke utawa getih kang bisa mili apa dene daging celeng iku haram,
اَوْ فِسْقًا اُهِلَّ لِغَيْرِ اللهِ بِهٖۚ
mangkono maneh barang kang mawa duraka, yaiku hewan kang pamragate nyebut liyane asma Allah (kabeh iku haram).
فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ
Dene sing sapa kepaksa kudu dhahar barang larangan mau, ora klawan njarag utawa ngluwihi wates iku kena.
فَاِنَّ رَبَّكَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿145﴾
Satemene Pangeranmu iku Maha Paring Pangapura dosa sarta Maha Asih. (145)
وَعَلَى الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا كُلَّ ذِيْ ظُفُرٍۚ
Lan tumrap wong Yahudi nalika samana padha Ingsun larangi dhahar hewan kang duweni kuku (kang tracake ora sigar).
وَمِنَ الْبَقَرِ وَالْغَنَمِ حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ شُحُوْمَهُمَآ
Dene sapi Ian wedhus iku padha lnsun larangi ora kena dipangan gajihe,
اِلَّا مَا حَمَلَتْ ظُهُوْرُهُمَآ اَوِ الْحَوَايَآ اَوْ مَا اخْتَلَطَ بِعَظْمٍۗ
Kajaba gajih kang ana ing geger utawa gajih kang ana ing usus kang awor balung, iku kena didhahar.
ذٰلِكَ جَزَيْنٰهُمْ بِبَغْيِهِمْۚ
Larangan mengkono mau minangka patrapan anggone wong Yahudi padha mbalela (nganiaya).
وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ﴿146﴾
Lan satemene Ingsun sayektine Luwih Temen. (146)
فَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقُلْ رَّبُّكُمْ ذُوْ رَحْمَةٍ وَّاسِعَةٍۚ
Jalaran saka iku, menawa wong kafir mau padha nggorohake, sliramu dhawuha: “Allah Pengeranmu iku, kang kagungan Welas Asih Kang Jembar,
وَلَا يُرَدُّ بَأْسُهٗ عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِيْنَ﴿147﴾
Lan azabe Allah iku ora bakal bisa ditulak saka wong-wong kang padha tumindak dosa.” (147)
سَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا لَوْ شَاۤءَ اللهُ مَآ اَشْرَكْنَا وَلَآ اٰبَاۤؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ شَيْءٍۗ
Wong-wong kang padha mangro tingal (musyrik) bakal padha ngucap mangkene: “Kula saha para leluhur kula sedaya punika upami dipun kersaaken dening Allah mboten badhe musyrik, mesthi kaleksanan sarta mboten ngeharamaken barang ing kang mboten dipun haramaken dening Allah.”
كَذٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ حَتّٰى ذَاقُوْا بَأْسَنَاۗ قُلْ هَلْ عِنْدَكُمْ مِّنْ عِلْمٍ فَتُخْرِجُوْهُ لَنَاۗ
Mangkono maneh wong zaman sadurunge, ya padha ora percaya marang para rasul, nganti padha ngrasakake azab Ingsun. (Muhammad) dhawuha: “Sira apa padha duwe kaweruh (keterangan) kang bisa nggelarake marang Ingsun? (mesthi ora duwe).
اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا تَخْرُصُوْنَ﴿148﴾
Kang padha sira turut iku ora ana maneh kajaba mung manut marang panyanamu dhewe Ian ora ana maneh kajaba mung tumindak goroh.” (148)
قُلْ فَلِلهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُۚ
(Muhammad) dhawuha: “Allah iku Kagungan Hujjah, wewaton kang patitis tur sempurna.
فَلَوْ شَاۤءَ لَهَدٰىكُمْ اَجْمَعِيْنَ﴿149﴾
Upama ana Kersane Allah Nuduhake dalan bener marang sira kabeh, mesthi kelakon kabeh padha netepi pituduh bener.” (149)
قُلْ هَلُمَّ شُهَدَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ يَشْهَدُوْنَ اَنَّ اللهَ حَرَّمَ هٰذَاۚ
(Muhammad) dhawuha: “Padha ngundanga para saksimu kang padha ngaku weruh manawa Allah ngeharamake kaya kang sira haramake.
فَاِنْ شَهِدُوْا فَلَا تَشْهَدْ مَعَهُمْۚ
Dene manawa seksine wong musyrik mau teka temenan sarta banjur nyekseni kaya karepe wong musyrik, sliramu aja percaya marang seksi mau
وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا
Lan aja manut sakarepe wong kang padha kafir marang ayat Ingsun
وَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ
tur padha ora percaya bakal anane akherat,
وَهُمْ بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ﴿150﴾ ع_17
wong musyrik mau padha amadhakake apa-apa karo Pengerane.” (150)
قُلْ تَعَالَوْا اَتْلُ مَا حَرَّمَ رَبُّكُمْ عَلَيْكُمْ اَلَّا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًاۚ
(Muhammad) dhawuha: “Sliramu kabeh padha mreneya, Ingsun wacakake kitab Al-Qur’an kang mratelakake samubarang larangane Pengeranmu marang awakmu.” Dhawuhe Allah : “Sira aja padha musyrik, mengerani marang liyane Allah, lan padha ngabektiya marang wong tuwamu saloron kanthi agawe kabecikan,
وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَوْلَادَكُمْ مِّنْ اِمْلَاقٍۗ
Lan aja mateni anakmu marga khawatir manawa bakal nemahi urip mlarat.
نَحْنُ نَرْزُقُكُمْ وَاِيَّاهُمْۚ
Ingsun kang mesthi maringi rezeki marang sliramu lan para anakmu kabeh.
وَلَا تَقْرَبُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَۚ
Lan aja padha cedhak-cedhak laku nistha kang katon utowo ora katon.
وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللهُ اِلَّا بِالْحَقِّۗ
Lan aja mateni wong kang diharamake dening Allah, kajaba kanthi dalan kang bener.
ذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ ﴿151﴾
Mangkono iku dhawuhe Allah marang sira kabeh supaya sliramu anggunakake akalmu.” (151)
وَلَا تَقْرَبُوْا مَالَ الْيَتِيْمِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ حَتّٰى يَبْلُغَ اَشُدَّهٗۚ
Lan maneh sira aja padha nyedhaki (milik) bandhane bocah yatim, kajaba kelawan dalan kang murih becik marang bocah yatim mau, nganti tumeka dewasane (baligh) bocah yatim mau. (lng kono banjur pasrahna).
وَاَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيْزَانَ بِالْقِسْطِۚ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۚ
Lan sira padha netepana (nggenepana) takeran utawa bobot kelawan sakbenere. Ingsun ora kersa meksa marang wong-wong kajaba mung sak kuwasane kang dilakoni.
وَاِذَا قُلْتُمْ فَاعْدِلُوْا وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۚ
Menawa sira padha ngucap, ngucapa kanthi temen, sanajan kang sira ucapake iku klebu kanggo ngukumi marang sanakmu dhewe, ya kudu ngucap kelawan temen.
وَبِعَهْدِ اللهِ اَوْفُوْاۗ ذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَۙ﴿152﴾
Lan sira padha netepana kasaguhanmu marang Allah. Dene kang wis kasebut mau, iku dhawuhing Allah marang sliramu kabeh, kersaning Allah supaya sira kabeh padha eling. (152)
وَاَنَّ هٰذَا صِرَاطِيْ مُسْتَقِيْمًا فَاتَّبِعُوْهُۚ
Lan satemene iki dalan Ingsun kang jejeg, awit saka iku, sliramu kabeh padha manuta ngambah dalan iku,
وَلَا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَنْ سَبِيْلِهٖۗ
Lan aja padha manut ngambah dalan liyane, jalaran yen mangkono, sira tetep wong kang nyimpang saka dalan agamaning Allah.
ذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ﴿153﴾
Mangkono iku dhawuhe Allah marang sira kabeh supaya padha bekti ing Allah, ngestokake Dhawuhe. (153)
ثُمَّ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ تَمَامًا عَلَى الَّذِيْٓ اَحْسَنَ وَتَفْصِيْلًا
(Sawise mengkono) Ingsun nyritakake: “Nalika samono Ingsun wis Maringi Kitab Taurat marang Nabi Musa, minangka nyampurnakake Peparingingsun tumrap wong kang gelem nindakake laku becik Ian kang nerangake
لِّكُلِّ شَيْءٍ وَّهُدًى وَّرَحْمَةً لَّعَلَّهُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُوْنَ﴿154﴾ ع_18
Sekabebing perkara lan dadi pitedah sarta rahmat, supaya wong mau padha percaya anggone bakal padha sowan ana ing ngarsane Pengeran. (154)
وَهٰذَا كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ مُبٰرَكٌ
Dene Qur’ an iki kitab kang wis Ingsun turunake, kang diberkahi.
فَاتَّبِعُوْهُ وَاتَّقُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۙ﴿155﴾
Awit saka iku sliramu padha manuta marang kitab mau Ian sliramu padha ngabektia marang Allah supaya padha diparingi rahmat. (155)
اَنْ تَقُوْلُوْٓا اِنَّمَآ اُنْزِلَ الْكِتٰبُ عَلٰى طَاۤىِٕفَتَيْنِ مِنْ قَبْلِنَاۖ
(Ingsun nurunake Al-Qur’an iki) supaya ora bakal padha angucap, “Kitab iku mung kawedharake marang rong golongan ing sadurungku
وَاِنْ كُنَّا عَنْ دِرَاسَتِهِمْ لَغٰفِلِيْنَۙ﴿156﴾
sarta Ingsun lena marang kang padha diwaca.” (156)
اَوْ تَقُوْلُوْا لَوْ اَنَّآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا الْكِتٰبُ لَكُنَّآ اَهْدٰى مِنْهُمْۚ
Utawa sliramu aja nganti padha ngucap: “Upama Ingsun iki diparingi kitab dhewe dening Allah, mesthi luwih sumurup marang pituduh bener tinimbang wong Islam.
فَقَدْ جَاۤءَكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌۚ
Sliramu wis padha ketekan tandha bebener saka Pengeranmu, ugo diparingi pituduh bener saha rahmat tumrap wong kang ngestokake printah.
فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِ اللهِ وَصَدَفَ عَنْهَاۗ
Ora ana wong kang luwih duraka nganiaya marang awake dhewe katimbang wong kang kafir lan mlengos marang ayate Allah.
سَنَجْزِى الَّذِيْنَ يَصْدِفُوْنَ عَنْ اٰيٰتِنَا سُوْۤءَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوْا يَصْدِفُوْنَ﴿157﴾
Ing tembe Ingsun bakal matrapi wong kang padha mlengos marang ayat-ayat Ingsun kelawan azab kang abot, marga anggone padha mlengos mau. (157)
هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ
Wong-wong kafir mau padha ora ngenteni Ian ora nyana bakal ketekan azab mau, kajaba menawa wis padha ditekani malaikat pati,
اَوْ يَأْتِيَ رَبُّكَ اَوْ يَأْتِيَ بَعْضُ اٰيٰتِ رَبِّكَۗ
utawa ketekan siksaning Pangeranmu, utawa ketekan sawi jining ayat saka Pengeranmu
يَوْمَ يَأْتِيْ بَعْضُ اٰيٰتِ رَبِّكَ لَا يَنْفَعُ نَفْسًا اِيْمَانُهَا
Kang aweh weruh bakal tekane dina qiyamat (yaiku srengenge metu saka kulon) ing kono lagi weruh tekaning siksa. Ing besuk nalikane katekan ayat kang aweh weruh tekaning dina qiyamat teka saka Pengeranmu
لَمْ تَكُنْ اٰمَنَتْ مِنْ قَبْلُ اَوْ كَسَبَتْ فِيْٓ اِيْمَانِهَا خَيْرًاۗ
wiwit dina iku kabeh wong kang maune ora percaya marang rasul banjur nyusul percaya, iku kapercayane ora dianggep. Apadene wong mukmin kang maune ora nindakake kabecikan, iku ya ora dianggep.
قُلِ انْتَظِرُوْٓا اِنَّا مُنْتَظِرُوْنَ﴿158﴾
(Muhammad) sliramu dhawuha: ” Padha ngentenana, mangkono uga aku iya ngenteni.” (158)
اِنَّ الَّذِيْنَ فَرَّقُوْا دِيْنَهُمْ وَكَانُوْا شِيَعًا لَّسْتَ مِنْهُمْ فِيْ شَيْءٍۗ
Satemene wong-wong kang padha mbage-mbage agamane lan banjur padha dadi pirang-pirang golongan iku, sliramu ora klebu golongane wong-wong mau.
اِنَّمَآ اَمْرُهُمْ اِلَى اللهِ ثُمَّ يُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ﴿159﴾
Satemene perkarane wong-wong mau bakal bali ana ing Ngarsane Allah, nuli Panjenengane Allah bakal njlentrehake marang wong-wong mau amal kang wis padha ditindakake. (159)
مَنْ جَاۤءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهٗ عَشْرُ اَمْثَالِهَاۚ
Sing sapa nindakake kabecikan, dheweke bakal nompa piwalese kabecikan mau tikel sepuluhe.
وَمَنْ جَاۤءَ بِالسَّيِّئَةِ فَلَا يُجْزٰٓى اِلَّا مِثْلَهَا وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ﴿160﴾
Dene sing sapa nindakake tindak ala, dheweke ora tompa piwales, kajaba mung setimbang karo tumindak ala kang wis katindakake mau, sarta dheweke ora bakal dikaniaya. (160)
قُلْ اِنَّنِيْ هَدٰىنِيْ رَبِّيْٓ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ ەۚ
(Muhammad) sliramu dhawuha: “Satemene Ingsun wis diparingi pitedah dening Pengeran ingsun marang dalan kang jejeg, agama kang bener,
دِيْنًا قِيَمًا مِّلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۚ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ﴿161﴾
Yaiku agamane Nabi Ibrahim kang condhong (marang bebener) sarta panjenengane iku dudu golongane wong-wong kang padha musyrik.” (161)
قُلْ اِنَّ صَلَاتِيْ وَنُسُكِيْ وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِيْ
(Muhammad) sliramu dhawuha: “Satemene shalatku Ian lakune ibadahku Ian uripku sarta patiku,
لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ﴿162﴾
iku (dak pasrahake) marang Allah kang mangerani saindhenging ngalam kabeh.” (162)
لَا شَرِيْكَ لَهٗۚ
Panjenengane iku tanpa sekuthon lan kekembaran babagan sekabehe samubarang,
وَبِذٰلِكَ اُمِرْتُ وَاَنَا۠ اَوَّلُ الْمُسْلِمِيْنَ﴿163﴾
Lan iki didhawuhake marang aku, Ian aku wiwitane wong kang padha sumarah. (163)
قُلْ اَغَيْرَ اللهِ اَبْغِيْ رَبًّا وَّهُوَ رَبُّ كُلِّ شَيْءٍۗ
(Muhammad) dhawuha: “Ngapa aku perlu golek Pengeran saliyane Allah, ing kamongka Allah iku Pengerane kabeh samubarang.
وَلَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍ اِلَّا عَلَيْهَاۚ
Saben wong kang nindakake keluputan, kang dipatrapi ora ana liya kang nglakoni keluputan iku.
وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۚ
Lan maneh wong kang nandhang keluputan ora bakal nyonggo patrapane wong liyane anggone nglakoni dosa.
ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ مَّرْجِعُكُمْ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ﴿164﴾
lng besuk ana akherat sira bakal disowanake marang pangayomaning Pengeranmu. Ing kono Pengeranmu njlentrehake Ian ngadili anggonmu padha pasulayan.” (164)
وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَكُمْ خَلٰۤىِٕفَ الْاَرْضِ
Lan Panjenengane kang Adamel sira kabeh dadi khalifah (sesulih) ana ing bumi
وَرَفَعَ بَعْضَكُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجٰتٍ
Lan kang ngluhurake pangkat sawenehmu ngungkuli marang saweneh liyane,
لِّيَبْلُوَكُمْ فِيْ مَآ اٰتٰىكُمْۗ
Perlune kanggo nyoba ing sliramu kabeh tumrap barang kang diparingake.
اِنَّ رَبَّكَ سَرِيْعُ الْعِقَابِۖ
Satemene Allah Pengeranmu iku rikat panyiksane
وَاِنَّهٗ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿165﴾ ع_19
Lan satemene Panjenengane iku Mahapangapura lan Mahaasih (165)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.