Qur’an Surah (17) Al-Isra’ (Lumaku Ing Wayah Wengi). 111 ayat
سُورَةُ الْاِسْرَاءِ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا
Mahasuci Panjenenga-Ne, kang kawula-Ne wus Digawe lumaku ing wayah wengi
مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا
Saka ing Masjid Suci (Haram) marang Masjid Kang Adoh (Aqsha),
الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ
Kang ing sakubenge wus Ingsun (Allah) Berkahi, supaya Ingsun Meruhake dheweke ing sawenehing tandha-tandha Ingsun;
اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ﴿1﴾
Sayekti Panjenengane Allah iku Ingkang Mahamidhanget, lan Ingkang Mahamirsani. (1)
وَاٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ
Lan Ingsun (Allah) wus Maringi Kitab marang Musa
وَجَعَلْنٰهُ هُدًى لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ
sarta iku Ingsun Dadekake tuntunan para turun bangsa Israil,
اَلَّا تَتَّخِذُوْا مِنْ دُوْنِيْ وَكِيْلًاۗ﴿2﴾
Pangandikan Ingsun: “Aja padha ngalap pangayoman saliyane Ingsun Allah”. (2)
ذُرِّيَّةَ مَنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۗ
“He turune wong kang padha Ingsun tunggangake perahu bareng karo Nabi Nuh biyen,”
اِنَّهٗ كَانَ عَبْدًا شَكُوْرًا﴿3﴾
“Sumurupa, menawa Nabi Nuh iku sawijining kawulaningsun kang syukur marang peparing Ingsun.” (3)
وَقَضَيْنَآ اِلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ فِى الْكِتٰبِ
Lan Ingsun Paring wahyu marang wong Bani Israil kasebut ing kitab,
لَتُفْسِدُنَّ فِى الْاَرْضِ مَرَّتَيْنِ
Ingsun Paringi pirsa manawa ing tembe para wong Bani Israil mau padha mbalela ing Allah, gawe kerusakan ana ing bumi tanah Syam, sarana duraka, nganti rambah kaping pindho,
وَلَتَعْلُنَّ عُلُوًّا كَبِيْرًا﴿4﴾
Jalaran saka padha gumedhe lan kumaluhur banget. (4)
فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ اُوْلٰىهُمَا
Bareng wis kelakon pepesthen kang sapisan, (yaiku wong bani Israil padha balela ing Allah kang sepisan),
بَعَثْنَا عَلَيْكُمْ عِبَادًا لَّنَآ اُولِيْ بَأْسٍ شَدِيْدٍ
Wong bani Israil banjur Ingsun tekani mungsuh kawulaningsun kang gagah prakosa tanpa lawan ing perang (yaiku Raja Jalut sawadyabalane),
فَجَاسُوْا خِلٰلَ الدِّيَارِۗ
iku padha dioyak-oyak ing negara lan padesan, bakal dipateni utawa diboyong.
وَكَانَ وَعْدًا مَّفْعُوْلًا﴿5﴾
Kang mengkono iku wis ditemtokake dening Allah kang mesthi tumindak Ian kelakon. (5)
ثُمَّ رَدَدْنَا لَكُمُ الْكَرَّةَ عَلَيْهِمْ
Wong Bani lsrail sawise keplayu anggone perang, (banjur padha tobat ing Allah).
وَاَمْدَدْنٰكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ
Ing kono banjur Ingsun balekake Panguwasane, sarta padha diparingi sugih bandha Ian anak,
وَجَعَلْنٰكُمْ اَكْثَرَ نَفِيْرًا﴿6﴾
lan Ingsun dadekake bebrayan luwih dening akeh. (6)
اِنْ اَحْسَنْتُمْ اَحْسَنْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْۗ
(Pangandikane Allah marang wong bani Israil): “Manawa sira nindakake panggawe becik, iya mung anggo awakmu dhewe
وَاِنْ اَسَأْتُمْ فَلَهَاۗ
Lan lamun sira agawe ala, iya mitunani marang awakmu.
فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ لِيَسٗۤـُٔوْا وُجُوْهَكُمْ
Bareng janji (siksa) kang pungkasan (kapindho) wis teka, Ingsun nuli ngutus musuh-musuhmu (Raja parsi lan Rum) supaya nginakake (ngalahake) sira (Bani Israil),
وَلِيَدْخُلُوا الْمَسْجِدَ كَمَا دَخَلُوْهُ اَوَّلَ مَرَّةٍ
Lan uga supaya wong-wong mau padha mlebu ing masjid (Baitul Muqaddas lan wewengkone) kaya anggone wis mlebu Ian ngobrak-abrik dhek biyen (kang sepisan).
وَّلِيُتَبِّرُوْا مَا عَلَوْا تَتْبِيْرًا﴿7﴾
Mengkono uga mungsuhmu supaya (ora leren-leren) ngrusak sira kabeh selagine dheweke isih kuwasa. (7)
عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يَّرْحَمَكُمْۚ
(He wong Bani Israil, sawise sira gawe kerusakan ana ing bumi kang kapindho iki, menawa sira banjur tobat temenan) muga-muga Pengeranmu Paring Pangapura Ian Kawelasan marang sira kabeh.
وَاِنْ عُدْتُّمْ عُدْنَاۘ
Dene menawa sira bali (gawe rusak ana ing bumi maneh), Ingsun mesthi uga bali Paring siksa marang sira.
وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ حَصِيْرًا﴿8﴾
Lan Ingsun Adamel Jahannam iku kanggo pakunjarane wong-wong kafir. (8)
اِنَّ هٰذَا الْقُرْاٰنَ يَهْدِيْ لِلَّتِيْ هِيَ اَقْوَمُ
Satemene Al-Qur’an iki nuduhake marang dalan kang luwih bener
وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ
lan dadi bebungah tumrap para wong kang padha iman, yaiku wong-wong kang nindakake kabecikan,
اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا كَبِيْرًاۙ﴿9﴾
Satemene dheweke iku bakal kaparingan ganjaran kang gedhe. (9)
وَّاَنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ
Lan satemene wong-wong kang ora percaya ing akhirat iku,
اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا﴿10﴾ع_1
Ingsun cawise azab kang nglarani (10)
وَيَدْعُ الْاِنْسَانُ بِالشَّرِّ دُعَاۤءَهٗ بِالْخَيْرِۗ
Manungsa iku menawa pinuju susah atine utawa pinuju nepsu, banjur nyuwun kang ala-ala marang Allah. Padha wae karo yen pinuju lega Ian bungah atine, banjur padha nyuwun kebecikan marang Allah.
وَكَانَ الْاِنْسَانُ عَجُوْلًا﴿11﴾
Kang mengkono iku jalaran kahanane manungsa iku pancen gawene anggege. (11)
وَجَعَلْنَا الَّيْلَ وَالنَّهَارَ اٰيَتَيْنِ
Lan Ingsun wus Ndadekake wengi Ian rahina dadi tandha loro,
فَمَحَوْنَآ اٰيَةَ الَّيْلِ وَجَعَلْنَآ اٰيَةَ النَّهَارِ مُبْصِرَةً
Tumuli Ingsun Nyirnakake petenge wengi kanthi Ndadekake tandha rahina arupa padhang,
لِّتَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْ
Supaya sliramu padha ngupaya lubering Peparinge Pengeranmu,
وَلِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ
Lan supaya sira padha mangerti wilanganing taun sarta petungan,
وَكُلَّ شَيْءٍ فَصَّلْنٰهُ تَفْصِيْلًا﴿12﴾
Lan samubarang iku wus Ingsun pertelakake kanthi gamblang.(12)
وَكُلَّ اِنْسَانٍ اَلْزَمْنٰهُ طٰۤىِٕرَهٗ فِيْ عُنُقِهٖۗ
Lan Ingsun Ngalungake saben-saben panggawene manusa ana ing gulune,
وَنُخْرِجُ لَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ كِتٰبًا
Lan ing dina kiyamat Ingsun wetokake marang dheweke awujud kitab,
يَّلْقٰىهُ مَنْشُوْرًا﴿13﴾
kang ginelar ngeblak. (13)
اِقْرَأْ كِتَابَكَۗ
Wacanen bukumu
كَفٰى بِنَفْسِكَ الْيَوْمَ عَلَيْكَ حَسِيْبًاۗ﴿14﴾
Ing dina iki wis cukup sliramu dhewe minangka juru petung nasibmu dhedwe-dhewe. (14)
مَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖۚ
Sapa sing ngambah dalan bener, pangambahe iku mekolehi marang awake dhewe,
وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَاۗ
Lan sapa sing tindak sasar, tindake sasar iku mitunani iya mung marang kang ginawe dhewe.
وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۗ
Sawijining uwong ora bakal nyangga sesangganing Iiyan,
وَمَا كُنَّا مُعَذِّبِيْنَ
Lan ora bakal Ingsun Patrapi azab
حَتّٰى نَبْعَثَ رَسُوْلًا﴿15﴾
kajaba yen Ingsun wus Njumenengake utusan (kang mangka utusan mau ora diestokake dhawuhe). (15)
وَاِذَآ اَرَدْنَآ اَنْ نُّهْلِكَ قَرْيَةً
Lan samangsa Ingsun Kersa Nglebur sawijining nagara,
اَمَرْنَا مُتْرَفِيْهَا فَفَسَقُوْا فِيْهَا فَحَقَّ عَلَيْهَا الْقَوْلُ
Ingsun Ndadekake wong-wonge kang uripe ing kono mung suka-pari-suka, padha murang pangabektine. Mulane kapesten tumiba ing kono
فَدَمَّرْنٰهَا تَدْمِيْرًا﴿16﴾
Tumuli nagara iku Ingsun Iebur babar pisan. (16)
وَكَمْ اَهْلَكْنَا مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْۢ بَعْدِ نُوْحٍۗ
Lan wis pira wae bangsa sapungkure Nuh kang wis Ingsun Iebur!
وَكَفٰى بِرَبِّكَ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا﴿17﴾
Lan Pengeranmu iku cukup Maspadaake lan Priksa marang kaluputaning para kawulane. (17)
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعَاجِلَةَ
Sapa sing kepingin kahuripan dikencengake ing donya iki,
عَجَّلْنَا لَهٗ فِيْهَا مَا نَشَاۤءُ
Ing kono Ingsun Nggelisake sak Keparenge Ingsun tumrap sapa wae kang Ingsun Karsakake.
لِمَنْ نُّرِيْدُ ثُمَّ جَعَلْنَا لَهٗ جَهَنَّمَۚ
Tumuli naraka Ingsun dadekake bageane,
يَصْلٰىهَا مَذْمُوْمًا مَّدْحُوْرًا﴿18﴾
dheweke bakal mlebu mrono, diinakake lan disebratake. (18)
وَمَنْ اَرَادَ الْاٰخِرَةَ
Dene sing sapa nyuwun ganjaran ana ing akhirat,
وَسَعٰى لَهَا سَعْيَهَا وَهُوَ مُؤْمِنٌ
lan dheweke nindakake pegaweyan kang tumuju mekolehi ana akhirat, tur percaya marang Allah,
فَاُولٰۤىِٕكَ كَانَ سَعْيُهُمْ مَّشْكُوْرًا﴿19﴾
wong-wong mengkono mau kang tumindake bakal ditrima dening Allah. (19)
كُلًّا نُّمِدُّ هٰٓؤُلَاۤءِ وَهٰٓؤُلَاۤءِ مِنْ عَطَاۤءِ رَبِّكَۗ
Kabeh wae padha Ingsun Paringi – iya sing siji Ian iya sing sijine,
وَمَا كَانَ عَطَاۤءُ رَبِّكَ مَحْظُوْرًا﴿20﴾
miyos saka Iubering Pengeranmu, Iubering Pengeran ora winates (20)
اُنْظُرْ كَيْفَ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ
Sliramu ndelenga kepriye anggon Ingsun ngluwihake Peparing marang sawenehing manungsa, ngungkuli tinimbang Iiyane.
وَلَلْاٰخِرَةُ اَكْبَرُ دَرَجٰتٍ وَّاَكْبَرُ تَفْضِيْلًا﴿21﴾
Dene Peparing Ingsun ana ing akhirat iku luwih gedhe derajate Ian luwih gedhe kautamane tinimbang donya. (21)
لَا تَجْعَلْ مَعَ اللهِ اِلٰهًا اٰخَرَ
Sliramu aja ndadekake Sesembahan saliyane Allah,
فَتَقْعُدَ مَذْمُوْمًا مَّخْذُوْلًا﴿22﴾ ع_2
sebab yen mengkono mesthi dadi wong kang cinacad tur dadi ina linirwakake. (22)
وَقَضٰى رَبُّكَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ
Lan Pangeranmu wus Ndhawuhake, supaya sira aja padha ngumawula sapa-sapa kajaba mung marang Panjenengane Allah
وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسٰنًاۗ
Sarta tindaka becik marang wong tuwamu.
اِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ اَحَدُهُمَآ اَوْ كِلٰهُمَا
Manawa salah sawijine utawa sakarone nyandhak umur tuwa,
فَلَا تَقُلْ لَّهُمَآ اُفٍّ وَّلَا تَنْهَرْهُمَا
Aja nganti sliramu ngucap marang sakarone, kayata tembung “Hus”. Sarta aja padha muring-muring.
وَقُلْ لَّهُمَا قَوْلًا كَرِيْمًا﴿23﴾
Ngucapa tembung kang mulya marang sakarone. (23)
وَاخْفِضْ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحْمَةِ
Lan diandhap asora marang sakarone kalawan welas,
وَقُلْ رَّبِّ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيٰنِيْ صَغِيْرًاۗ﴿24﴾
Sarta ngucapa: “Duh Pengeran kawula! mugi Paduka Paring Welas Asih dhumateng tiyang sepuh kawula kekalih, kados anggenipun ngopeni kawula wiwit alit. (24)
رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا فِيْ نُفُوْسِكُمْۗ
Pengeranmu Luwih Priksa marang apa-apa kang ana ing sajroning atimu.
اِنْ تَكُوْنُوْا صٰلِحِيْنَ
Manawa sliramu padha tumindak becik,
فَاِنَّهٗ كَانَ لِلْاَوَّابِيْنَ غَفُوْرًا﴿25﴾
satemene Panjenengane iku Mahaparing Pangapura marang wong-wong kang padha bali tobat. (25)
وَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ
Lan weweha marang sanak-kadang apa-apa kang dadi samestine,
وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِ
mangkono uga marang wong-wong miskin tuwin wong kang lelaku ana ing paran.
وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيْرًا﴿26﴾
Poma-dipoma sira aja ngebreh mbeborosake bondhomu kanthi nanjakake ing tindak ma’shi yat. (26)
اِنَّ الْمُبَذِّرِيْنَ كَانُوْٓا اِخْوَانَ الشَّيٰطِيْنِۗ
Satemene wong kang ngebreh mbeborosake bandhane iku dadi sedulure setan.
وَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِرَبِّهٖ كَفُوْرًا﴿27﴾
Ing kamangka kahanane syetan iku kafir marang Pengerane. (27)
وَاِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاۤءَ رَحْمَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ
Lan menawa sliramu nulak wong kang kudu diwenehi jalaran perlu arep golek dhisik kanugrahan kang siraarep-arep saka Pengeranmu,
تَرْجُوْهَا فَقُلْ لَّهُمْ قَوْلًا مَّيْسُوْرًا﴿28﴾
wangsulana kanthi pangucap kang becik. (28)
وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُوْلَةً اِلٰى عُنُقِكَ
Aja ndadekake tanganmu kablenggu ana ing gulumu (medhit),
وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُوْمًا مَّحْسُوْرًا﴿29﴾
Tapi ya aja ngegarake (keloman)banget-banget. Jalaran ing mengko sira dadi asor Ian papa. (29)
اِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُۗ
Satemene Pengeranmu Njembarake lan Ngrupegake rezeki marang wong kang dadi Kepareng Kersane.
اِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا﴿30﴾ ع_3
Satemene Panjenengane iku Mahawaspada Ian Mahamirsani marang para kawulane. (30)
وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَوْلَادَكُمْ خَشْيَةَ اِمْلَاقٍۗ
Lan poma-dipoma sliramu aja padha mateni anak-anakmu amarga kuwatir mlarat.
نَحْنُ نَرْزُقُهُمْ وَاِيَّاكُمْۗ
Ingsun Kang Paring rezeki marang dheweke Ian paring rejeki marang sliramu kabeh.
اِنَّ قَتْلَهُمْ كَانَ خِطْـًٔا كَبِيْرًا﴿31﴾
Satemene mateni anak-anak iku dosa kang gedhe. (31)
وَلَا تَقْرَبُوا الزِّنٰٓى
Lan sliramu aja pisan-pisan nyeraki Iaku zina.
اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةًۗ وَسَاۤءَ سَبِيْلًا﴿32﴾
Satemene zina iku njemberi Ian dalan urip kang ngluwihi ala. (32)
وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللهُ اِلَّا بِالْحَقِّۗ
Lan aja padha mateni wong kang diharamake (diajeni Ian dimulyakake) dening Allah, (menawa kepeksa dipateni) kajaba nganggo dalan kang bener.
وَمَنْ قُتِلَ مَظْلُوْمًا فَقَدْ جَعَلْنَا لِوَلِيِّهٖ سُلْطٰنًا
Lan sing sapa kang dipateni kanthi dikaniaya, satemene wong kang dadi waline wis Ingsun paringi wewenang marang wong kang mateni (arep males pati, dendha utawa arep ngapura iya kena).
فَلَا يُسْرِفْ فِّى الْقَتْلِۗ
Poma-dipoma waline mau aja kelabuh anggone males pati.
اِنَّهٗ كَانَ مَنْصُوْرًا﴿33﴾
Satemene wong kang mati dikaniaya iku ditulungi. (33)
وَلَا تَقْرَبُوْا مَالَ الْيَتِيْمِ
Lan aja padha wani-wani nganggo bandhane bocah yatim,
اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ حَتّٰى يَبْلُغَ اَشُدَّهٗۖ
kajaba kanthi dalan amrih becike, nganti tumeka mangsane dewasa (baligh).
وَاَوْفُوْا بِالْعَهْدِۖ اِنَّ الْعَهْدَ كَانَ مَسْـُٔوْلًا﴿34﴾
Lan sliramu padha netepana janji, jalaran satemene janji iku bakal ditagih. (34)
وَاَوْفُوا الْكَيْلَ اِذَا كِلْتُمْ
Lan sliramu padha-a nyampurnakake takeran manawa naker,
وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِۗ
sarta nimbanga kanthi timbangan kang jejeg.
ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا﴿35﴾
Kang mengkono iku luwih becik lan becik-becike ing pungkasan (akhirat). (35)
وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌۗ
Lan aja pisan-pisan manut apa wae kang durung sliramu sumurupi ilmune,
اِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ
jalaran -satemene pangrungu, pandeleng Ian ati iku
كُلُّ اُولٰۤىِٕكَ كَانَ عَنْهُ مَسْـُٔوْلًا﴿36﴾
kabeh bakal dipriksa kahanane. (36)
وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۚ
Lan aja lumaku ana ing bumi kanthi gembelengan utawa gumedhe.
اِنَّكَ لَنْ تَخْرِقَ الْاَرْضَ
Satemene sira ora bakal bisa mbotolake bumi,
وَلَنْ تَبْلُغَ الْجِبَالَ طُوْلًا﴿37﴾
apadene dedek-piadegmu ora bisa madhani gunung. (37)
كُلُّ ذٰلِكَ كَانَ سَيِّئُهٗ
Kabeh ala kang dicegah mau,
عِنْدَ رَبِّكَ مَكْرُوْهًا﴿38﴾
banget ora Direnani Ing Ngersane Pangeranmu. (38)
ذٰلِكَ مِمَّآ اَوْحٰٓى اِلَيْكَ رَبُّكَ مِنَ الْحِكْمَةِۗ
Iki ewone barang kang kawedharake Pengeranmu marang sliramu arupa kawicaksanan,
وَلَا تَجْعَلْ مَعَ اللهِ اِلٰهًا اٰخَرَ
Lan aja nganti sliramu ngedegake sesembahan Iiya ing sisihing Allah,
فَتُلْقٰى فِيْ جَهَنَّمَ مَلُوْمًا مَّدْحُوْرًا﴿39﴾
mundhak sira cinempiungake ing naraka, uga cinacad, sinebratake. (39)
اَفَاَصْفٰىكُمْ رَبُّكُمْ بِالْبَنِيْنَ
(He wong kafir) apa nyata kaya pangucapmu menawa Allah Pengeranmu iku nemtokake marang sliramu mung duwe anak lanang wae,
وَاتَّخَذَ مِنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنَاثًاۗ
dene Panjenengane Allah piyambak mung peputera-puteri, yaiku para malaikat.
اِنَّكُمْ لَتَقُوْلُوْنَ قَوْلًا عَظِيْمًا﴿40﴾ ع_4
Yen mengkono temen sira wis ngucapake omongan kang gedhe dosane. (40)
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِيَذَّكَّرُوْاۗ
Lan satemene Ingsun wis nerangake ana ing Al-Qur’an iki (ancaman-ancaman Ian perjanjian perjanjian) supaya wong wong mau padha eling,
وَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا نُفُوْرًا﴿41﴾
nanging keterangan-keterangan mau ora muwuhi apa-apa marang wong-wong mau, kajaba malah dadi tambah adoh (saka pitutur bener). (41)
قُلْ لَّوْ كَانَ مَعَهٗٓ اٰلِهَةٌ
He Muhammad, sliramu dhawuha: “Saupama ana Pengeran liya kang ngancani Allah,
كَمَا يَقُوْلُوْنَ
kaya kang diucapake dening wong-wong mau,
اِذًا لَّابْتَغَوْا اِلٰى ذِى الْعَرْشِ سَبِيْلًا﴿42﴾
yen mengkono Pengeran-Pangeran mau temen padha golek dalan menyang Pangeran kang kagungan ‘Arsy.” (42)
سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى
Maha Suci Panjenengane Allah, saha Maha Luhur
عَمَّا يَقُوْلُوْنَ عُلُوًّا كَبِيْرًا﴿43﴾
saka kabeh kang diucapake dening wong-wong mau (wong-wong musyrik), sarta Mahaluhur lan Mahaagung temenan. (43)
تُسَبِّحُ لَهُ السَّمٰوٰتُ السَّبْعُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ
Langit pitu Ian bumi pitu dalah saisine kabeh padha atur pangucap Maha Suci marang Panjenengane Allah.
وَاِنْ مِّنْ شَيْءٍ اِلَّا يُسَبِّحُ بِحَمْدِهٖ
Kabeh barang-barang kang dumadi padha atur pangucap Maha Suci marang Panjenengane kelawan tembunge dhewe-dhewe,
وَلٰكِنْ لَّا تَفْقَهُوْنَ تَسْبِيْحَهُمْۗ
nanging sliramu ora padha mangerti anggone padha atur pangucap Maha Suci sarta Memuji ing Allah.
اِنَّهٗ كَانَ حَلِيْمًا غَفُوْرًا﴿44﴾
Satemene Panjenengane iku Pengeran Kang Mahaasih tur Kang Mahaparing Pangapura. (44)
وَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ
Nalika sliramu maca Al-Qur’ an,
جَعَلْنَا بَيْنَكَ وَبَيْنَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ
Ingsun Ndadekake antarane sliramu Ian wong kang ora percaya anane akhirat
حِجَابًا مَّسْتُوْرًاۙ﴿45﴾
aling-aling kang nutupi. (45)
وَّجَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ
Lan Ingsun Ndadekake tutup ana ing atine wong-wong mau, dadine padha ora mangerti Al-Qur’an,
وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ
semono uga ana ing kupinge, Ingsun abotake supaya ora bisa krungu Al-Qur’an.
وَاِذَا ذَكَرْتَ رَبَّكَ فِى الْقُرْاٰنِ
Lan menawa sira nyebut Pengeranmu ana ing Al-Qur’an,
وَحْدَهٗ وَلَّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِهِمْ نُفُوْرًا﴿46﴾
dheweke banjur padha mlengos ngungkuri lan ngedohi. (46)
نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَسْتَمِعُوْنَ بِهٖٓ اِذْ يَسْتَمِعُوْنَ اِلَيْكَ وَاِذْ هُمْ نَجْوٰٓى
Ingsun Iuwih Uninga kahanane wong-wong kang ngrungokake waosan Al-Qur’an banjur padha bisik-bisik ngrasani sliramu.
اِذْ يَقُوْلُ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا﴿47﴾
Wong-wong kang nganiaya mau padha celathu: ” Kang sira turut iku ora ana liya kajaba wong lanang kang kena sihir.” (47)
اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ
Mara delengen, kapriye wong-wong mau anggone wis gawe upama kanggomu dipadhakake wong kang kena sihir,
فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا﴿48﴾
wong-wong mau padha kesasar saka dalan kang bener, padha ora bisa pikantuk dalan kang bener. (48)
وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا
Wong-wong kafir mau padha ngucap: “Besuk yen aku wis mati, wis dadi balung lan lemah,
ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا﴿49﴾
apa iya bakal ditangekake saka pati, banjur dadi titah anyar?” (49)
قُلْ كُوْنُوْا حِجَارَةً
(Muhammad) dhawuha: “Malahan sira padha dadiya watu
اَوْ حَدِيْدًاۙ﴿50﴾
utawa wesi.” (50)
اَوْ خَلْقًا مِّمَّا يَكْبُرُ فِيْ صُدُوْرِكُمْۚ
“Utawa dadi titah apa wae kang gedhe miturut rasaning atimu, mesthi bakal ditangekake uga sawise mati.”
فَسَيَقُوْلُوْنَ مَنْ يُّعِيْدُنَاۗ
Wong wong mau bakal padha ngucap: “Sapa kang bakal mbalekake aku urip maneh?”
قُلِ الَّذِيْ فَطَرَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ
Sira dhawuha (Muhammad): “Pengeran kang wis nitahake sira sekawit biyen.”
فَسَيُنْغِضُوْنَ اِلَيْكَ رُءُوْسَهُمْ وَيَقُوْلُوْنَ
Wong-wong mau bakal nggedek-gedkake sirahe marang sliramu, sarta ngucap maneh:
مَتٰى هُوَۗ
“Besuk kapan iku?”
قُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ قَرِيْبًا﴿51﴾
Sira dhawuha: “Muga-muga wae wis cepak.” (51)
يَوْمَ يَدْعُوْكُمْ فَتَسْتَجِيْبُوْنَ بِحَمْدِهٖ
Ing sawijining dina Panjenengane Allah Nimbali, tumuli sira bakal padha ngestoake kelawan ngalembana Panjenengane,
وَتَظُنُّوْنَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا﴿52﴾ ع_5
sira bakal padha nyana, manawa pamanggonmu ing donya mung sadhela (52)
وَقُلْ لِّعِبَادِيْ يَقُوْلُوا الَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۗ
Lan dhawuha marang para kawula Ningsun, supaya padha atur pangucap kang becik.
اِنَّ الشَّيْطٰنَ يَنْزَغُ بَيْنَهُمْۗ
Sabenere setan iku nyebar cocongkrahan ing antarane wong-wong,
اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلْاِنْسَانِ عَدُوًّا مُّبِيْنًا﴿53﴾
Lan sayektine setan iku mungsuh kang cetha tumrap manungsa. (53)
رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِكُمْ اِنْ يَّشَأْ يَرْحَمْكُمْ اَوْ اِنْ يَّشَأْ يُعَذِّبْكُمْۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا﴿54﴾
Allah Pengeranmu Kang Paling Priksa kahananmu. Manawa wis dadi Kepareng Kersane, mesthi paring Asih Kawelasan, utawa Panjenengane paring azab. Ingsun ora ngutus sira dadi juru pangreksa perkarane wong-wong mau. (54)
وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِمَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَلَقَدْ فَضَّلْنَا بَعْضَ النَّبِيّٖنَ عَلٰى بَعْضٍ وَّاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًا﴿55﴾
Lan Pengeranmu iku Paling Pirsa sapa-sapa kang ana ing Iangit Ian bumi. Lan sayekti Ingsun wus Ndadekake sawenehing para nabi ngungkuli Iiyane, Ian Ingsun wis Maringi kitab Zabur marang Dawud. (55)
قُلِ ادْعُوا الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ
Dhawuha: “ Sira njaluka pitulung marang apa wae kang sira anggep dadi pengeran saliyane Allah.
فَلَا يَمْلِكُوْنَ كَشْفَ الضُّرِّ عَنْكُمْ وَلَا تَحْوِيْلًا﴿56﴾
Yekti ora bakal padha bisa ngilangake riribed lan ora bisa agawe owah-owahan. (56)
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ يَبْتَغُوْنَ اِلٰى رَبِّهِمُ الْوَسِيْلَةَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ وَيَرْجُوْنَ رَحْمَتَهٗ وَيَخَافُوْنَ عَذَابَهٗۗ
Kabeh mau padha ngupaya supaya cerak marang Pengerane lan kabeh mau salawase uga ngarep-ngarep Welase Allah lan wedi marang azab.
اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ كَانَ مَحْذُوْرً﴿57﴾
Satemene azabe Pengeranmu) iku kudune luwih diwedeni. (57)
وَاِنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اِلَّا نَحْنُ مُهْلِكُوْهَا
Lan sarupaning negara, iku ora kena ora, masthi Ingsun Iebur
قَبْلَ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ اَوْ مُعَذِّبُوْهَا عَذَابًا شَدِيْدًاۗ
ing sadurunge dina kiyamat, utawa Ingsun siksa kalawan siksa kang keras,
كَانَ ذٰلِكَ فىِ الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا﴿58﴾
iku wus katulis ing sajerone Kitab. (58)
وَمَا مَنَعَنَآ اَنْ نُّرْسِلَ بِالْاٰيٰتِ اِلَّآ اَنْ كَذَّبَ بِهَا الْاَوَّلُوْنَۗ
Lan ora ana kang bisa angalang-alangi Ingsun Nurunake mukjizat-mukjizat, tapi wong-wong mau padha maido kayata kadadeyan ing zaman biyen.
وَاٰتَيْنَا ثَمُوْدَ النَّاقَةَ مُبْصِرَةً فَظَلَمُوْا بِهَاۗ
Lan Ingsun wus Maringi unta wadon marang Tsamud (kaume Nabi Shalih) minangka mukjizat, ananging dheweke padha tindak luput sarana mateni.
وَمَا نُرْسِلُ بِالْاٰيٰتِ اِلَّا تَخْوِيْفًا﴿59﴾
Lan ora Iiya Ingsun Nurunake mukjizat iku kajaba supaya padha ajrih. (59)
وَاِذْ قُلْنَا لَكَ اِنَّ رَبَّكَ اَحَاطَ بِالنَّاسِۗ
Lan elingna nalika Ingsun dhawuh: “Satemene Kuwasa lan Waspadane Pengeranmu iku nglimputi kabeh para manungsa.
وَمَا جَعَلْنَا الرُّءْيَا الَّتِيْٓ اَرَيْنٰكَ
Lan Ingsun ora ndadekake kabeh kang dikatonake marang sliramu ana ing wengine Mi’raj
اِلَّا فِتْنَةً لِّلنَّاسِ
kajaba dadi coba marang para manungsa,”
وَالشَّجَرَةَ الْمَلْعُوْنَةَ فِى الْقُرْاٰنِۗ
Sarta Ingsun ora nyritakake wit kang kabendon ana ing Al-Qur’an, kajaba dadi pacoban uga.
وَنُخَوِّفُهُمْۙ فَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا طُغْيَانًا كَبِيْرًا﴿60﴾ع_6
Lan Ingsun medeni wong-wong mau nanging ora nambahi apa-apa, kajaba saya tambah gedhe durakane. (60)
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ
Lan nalikane Ingsun Ngendika marang para Malaikat: “Padha sumungkema marang Adam, tumuli padha sumungkem, ananging iblis ora.
قَالَ ءَاَسْجُدُ لِمَنْ خَلَقْتَ طِيْنًاۚ﴿61﴾
Malah matur: “Punapa kawula kedah sumungkem dhateng tetiyang ingkang Paduka dadosaken saking lebu?”,(61)
قَالَ اَرَاَيْتَكَ هٰذَا الَّذِيْ كَرَّمْتَ عَلَيَّ
Ature: “Mugi Paduka Ndunungaken ing kawula, punapa punika, ingkang Paduka mulyakaken ngungkuli kawula?
لَىِٕنْ اَخَّرْتَنِ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ
Menawi Paduka kapareng paring wekdal kawula dumugi dinten kiyamat,
لَاَحْتَنِكَنَّ ذُرِّيَّتَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلًا﴿62﴾
mesthi saestu anak turunipun badhe kawula lebur, kejawi namung ingkang sekedhik.” (62)
قَالَ اذْهَبْ فَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ
Pangandikane Allah marang iblis: “He Iblis, sira enggala Iunga! Sira lngsun srantekake tumeka dina qiyamat. Sabanjure sapa wae, manut sira saka anak turune Adam,
فَاِنَّ جَهَنَّمَ جَزَاۤؤُكُمْ جَزَاۤءً مَّوْفُوْرًا﴿63﴾
satemene Jahannam iku dadi piwalese sira kabeh, minangka piwales kang sampurna. (63)
وَاسْتَفْزِزْ مَنِ اسْتَطَعْتَ مِنْهُمْ بِصَوْتِكَ
Lan mbujuka sapa wae kang bisa sira godha klawan suwaramu marang anak turune Adam,
وَاَجْلِبْ عَلَيْهِمْ بِخَيْلِكَ وَرَجِلِكَ وَشَارِكْهُمْ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِ وَعِدْهُمْۗ
lan undangen kanca-kancamu kang nunggang kendaraan ugo kang lumaku, lan sira bantunen klawan bandha Ian anak ing dalan haram, lan padha wenehana kesaguhan.
وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا﴿64﴾
Ora Iiya kesaguhane setan iku kajaba mung apus-apus. (64)
اِنَّ عِبَادِيْ لَيْسَ لَكَ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنٌۗ
Satemene tumrap sliramu, he Iblis, ora duwe wewenang meksa kawula Ningsun kang padha Iman,
وَكَفٰى بِرَبِّكَ وَكِيْلًا﴿65﴾
Lan cukup Pengeranmu iku Pinasrahan kabeh perkara. (65)
رَبُّكُمُ الَّذِيْ يُزْجِيْ لَكُمُ الْفُلْكَ فِى الْبَحْرِ
Pengeranmu Kang Nglakokake prahu ana ing segara,
لِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖۗ
supaya sliramu ngupaya lubering Kanugrahane.
اِنَّهٗ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا﴿66﴾
Satemene Allah iku Mahaasih marang sira kabeh. (66)
وَاِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فِى الْبَحْرِ ضَلَّ مَنْ تَدْعُوْنَ اِلَّآ اِيَّاهُۚ
Lan samangsa riribed ing sagara ngenani awakmu, kang padha sira sebuti sambat padha sirna kabeh kajaba Panjenengane Allah.
فَلَمَّا نَجّٰىكُمْ اِلَى الْبَرِّ اَعْرَضْتُمْۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ كَفُوْرًا﴿67﴾
Samangsa Allah wis Nylametake ing dharatan, sira padha malengos. Manungsa iku pancen ora weruh ing panarima. (67)
اَفَاَمِنْتُمْ اَنْ يَّخْسِفَ بِكُمْ جَانِبَ الْبَرِّ
Senajan wis ana ing daratan, apa sira duwe keyakinan bisa aman, manawa Ingsun ngamblesake ana ing sanding dharatan,
اَوْ يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا
utawa Ingsun ngudani watu saka langit,
ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ وَكِيْلًاۙ﴿68﴾
Sira banjur ora bisa pikantuk pitulungan. (68)
اَمْ اَمِنْتُمْ اَنْ يُّعِيْدَكُمْ فِيْهِ تَارَةً اُخْرٰى
Utawa apa sira duwe keyakinan bisa aman, yen Allah bakal Mbalekake awakmu neng segara maneh?
فَيُرْسِلَ عَلَيْكُمْ قَاصِفًا مِّنَ الرِّيْحِ فَيُغْرِقَكُمْ بِمَا كَفَرْتُمْۙ
Ing kono Allah banjur ngutus angin gedhe sarta ngeremake sliramu jalaran kekafiranmu.
ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ عَلَيْنَا بِهٖ تَبِيْعًا﴿69﴾
Sira ora bakal entuk rewang ngelawan Ingsun ing dalem prakara iku. (69)
وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِيْٓ اٰدَمَ وَحَمَلْنٰهُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ
Lan sayektine Ingsun wus Mulyakake para anak Adam sarta padha ingsun Paringi tetumpakan ing dharatan Ian sagara,
وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ
tuwin padha Ingsun paringi rupa-rupa rizki kang apik kang ngresepake ati,
وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلٰى كَثِيْرٍ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيْلًا﴿70﴾ ع_7
Ugo padha Ingsun dadekake pinunjul Iinuwih ngungkuli saakeh-akehe samubarang kang Ingsun Titahake. (70)
يَوْمَ نَدْعُوْا كُلَّ اُنَاسٍۢ بِاِمَامِهِمْۚ
Ngelingana ing dina anggon Ingsun bakal Nimbali umat kalawan pimpinane.
فَمَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖ
Ing kono sapa sing dielungi kitabe kelawan tangan tengen,
فَاُولٰۤىِٕكَ يَقْرَءُوْنَ كِتٰبَهُمْ
yaiku bakal pikantuk kabegjan padha bisa maca kitabe
وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا﴿71﴾
Lan ora bakal padha kianiaya sathithik-thithika. (71)
وَمَنْ كَانَ فِيْ هٰذِهٖٓ اَعْمٰى
Lan sapa sing ana ing kene iki wuta,
فَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ اَعْمٰى وَاَضَلُّ سَبِيْلًا﴿72﴾
ana ing akhirat dheweke iya bakal wuta, sarta banget sasar saka dalane. (72)
وَاِنْ كَادُوْا لَيَفْتِنُوْنَكَ عَنِ الَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ
Lan meh-meh wong kafir mau gawe fitnah marang sliramu (Muhammad) supaya sira mlengos saka dhawuh Ingsun,
لِتَفْتَرِيَ عَلَيْنَا غَيْرَهٗۖ
supaya sliramu gawe-gawe pangucapan kang beda karo kang Ingsun Dhawuhake, diakokake saka ngarsaningsun.
وَاِذًا لَّاتَّخَذُوْكَ خَلِيْلًا﴿73﴾
Menawa sira nganthi tumindak mengkono (manut karepe wong-wong mau) mesthi dheweke padha gelem ngalap kekancan raket marang awakmu. (73)
وَلَوْلَآ اَنْ ثَبَّتْنٰكَ
Lan saupama sliramu ora Ingsun paringi teguh tetep ing atimu anggon nyekel dalan kang bener,
لَقَدْ كِدْتَّ تَرْكَنُ اِلَيْهِمْ شَيْـًٔا قَلِيْلًاۙ﴿74﴾
meh-meh wae sira neja arep kapelu sethithik marang dheweke. (74)
اِذًا لَّاذَقْنٰكَ
Menawa sliramu kaelu, yaiku nindakake penjaluke wong-wong mau,
ضِعْفَ الْحَيٰوةِ وَضِعْفَ الْمَمَاتِ
mesthi Ingsun Ngicipake sliramu supaya ngrasakake siksa donya kanthi tikel-matikel, mengkono uga siksa sabubare mati,
ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ عَلَيْنَا نَصِيْرًا﴿75﴾
sira banjur ora pikantuk kang mitulungi saka nulak siksaningsun.(75)
وَاِنْ كَادُوْا لَيَسْتَفِزُّوْنَكَ مِنَ الْاَرْضِ لِيُخْرِجُوْكَ مِنْهَا
Lan satemene dheweke (wong-wong Yahudi) meh wae nundhung sira (Muhammad) saka bumi Madinah, amrih sira metu saka kono.
وَاِذًا لَّا يَلْبَثُوْنَ خِلٰفَكَ اِلَّا قَلِيْلًا﴿76﴾
Lan menawa dheweke nundhung sliramu, temen dheweke ora padha bisa tetep manggon ing kono sapungkurmu, kejaba mung ana ing wektu sedhela wae. (76)
سُنَّةَ مَنْ قَدْ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنْ رُّسُلِنَا
Kaya mengkono iku uga lelakone para utusaningsun sadurungmu,
وَلَا تَجِدُ لِسُنَّتِنَا تَحْوِيْلًا﴿77﴾ ع_8
Lan sira ora nemu owah-owahan ana ing dalan Ingsun. (77)
اَقِمِ الصَّلٰوةَ لِدُلُوْكِ الشَّمْسِ اِلٰى غَسَقِ الَّيْلِ
Lan njumenengna sholat ana ing sawise lingsir srengenge lan sawise wiwitan wengi,
وَقُرْاٰنَ الْفَجْرِۗ اِنَّ قُرْاٰنَ الْفَجْرِ كَانَ مَشْهُوْدًا﴿78﴾
Njumenengna uga sholat Fajar. Satemene sholat Fajar iku disekseni (dening malaikat rina lan malaikat wengi). (78)
وَمِنَ الَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهٖ نَافِلَةً لَّكَۖ
Lan ana ing wektu wengi njumenengna sholat Tahajud, kang dadi kautaman tumrap sliramu.
عَسٰٓى اَنْ يَّبْعَثَكَ رَبُّكَ مَقَامًا مَّحْمُوْدًا﴿79﴾
Muga-muga Pengeranmu nangekake sliramu lan Mapanake ana ing panggonan kang pinuji. (79)
وَقُلْ رَّبِّ اَدْخِلْنِيْ مُدْخَلَ صِدْقٍ
Lan nyenyuwuna kanthi matur: “Dhuh Pengeran kula, mugi-mugi Paduka nglebetaken kula ing panggenan ingkang Paduka Ridha,
وَّاَخْرِجْنِيْ مُخْرَجَ صِدْقٍ
Lan mugi-mugi Paduka Ngedalaken kula ing panggenan ingkang Paduka Ridha,
وَّاجْعَلْ لِّيْ مِنْ لَّدُنْكَ
Lan Paduka mugi paring dhateng kula saking ngarsa Paduka
سُلْطٰنًا نَّصِيْرًا﴿80﴾
kekiyatan ingkang saged nulungi kula. (80)
وَقُلْ جَاۤءَ الْحَقُّ وَزَهَقَ الْبَاطِلُۖ
Lan dhawuha: “Saiki wis teka perkara kang bener, lan sirna perkara kang rusak.
اِنَّ الْبَاطِلَ كَانَ زَهُوْقًا﴿81﴾
Satemene perkara kang rusak iku mesthi lebur.” (81)
وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْاٰنِ
Lan Ingsun Nurunake Al-Qur’an iku
مَا هُوَ شِفَاۤءٌ وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۙ
minangka tamba sarta Welas Asih Ingsun kangge wong kang iman.
وَلَا يَزِيْدُ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا خَسَارًا﴿82﴾
Lan ora bakal tambah marang wong-wong kang nganiaya kajaba mung kapitunan. (82)
وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ
Lan menawa Ingsun paring kenikmatan marang manungsa, dheweke banjur mlengos ora eling marang Ingsun, sarta ngedohake awake saka remen marang Ingsun.
وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ كَانَ يَـُٔوْسًا﴿83﴾
Lan menawa dheweke padha ketaman ala, banjur padha mutung lan nglokro saka Welas Asihing Allah. (83)
قُلْ كُلٌّ يَّعْمَلُ عَلٰى شَاكِلَتِهٖۗ
Dhawuha: “Kabeh padha nindakake miturut kahanan jiwane.
فَرَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَنْ هُوَ اَهْدٰى سَبِيْلًا﴿84﴾ع_9
Lan Pangeranmu iku luwih Priksa marang wong kang luwih pikantuk pituduh ing dalan kang bener (84)
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الرُّوْحِۗ
Lan dheweke padha pitakon marang sliramu babagan perkara ruh,
قُلِ الرُّوْحُ مِنْ اَمْرِ رَبِّيْ
Dhawuha: “Ruh iku ewoning perkara kang magepokan karo Allah Pengeran ingsun.
وَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنَ الْعِلْمِ اِلَّا قَلِيْلًا﴿85﴾
Lan sliramu kabeh ora diparingi ilmu kajaba mung sithik. (85)
وَلَىِٕنْ شِئْنَا لَنَذْهَبَنَّ بِالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ
Lan manawa Ingsun Ngersakake, mesthi Ingsun pundhut apa kang wus Ingsun Wedharake marang sira.
ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ بِهٖ عَلَيْنَا وَكِيْلًاۙ﴿86﴾
Yen wis mengkono sira ora bisa pikantuk kang Ingsun Wadharake mau saka Ngarsaningsun. (86)
اِلَّا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۗ
Kajaba kanthi Welas Asihing Pengeranmu,
اِنَّ فَضْلَهٗ كَانَ عَلَيْكَ كَبِيْرًا﴿87﴾
satemene Kanugrahane Pengeran kang Diparingake marang sira iku gedhe. (87)
قُلْ لَّىِٕنِ اجْتَمَعَتِ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ
Dhawuha: “Saupama manungsa lan jin kumpul
عَلٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِمِثْلِ هٰذَا الْقُرْاٰنِ
arep agawe anggitan kaya Al-Qur’an iki,
لَا يَأْتُوْنَ بِمِثْلِهٖ
ora bakal bisa kelakon nekakake kang padha karo Al-Qur’an iki,
وَلَوْ كَانَ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ ظَهِيْرًا﴿88﴾
senajan sawenehe padha mitulungi marang saweneh liyane.” (88)
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۖ
Sayektine Ingsun wis bola-bali nerangake marang para manungsa sekabehing sanepa kang ana ing Al-Qur’an iki,
فَاَبٰٓى اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا﴿89﴾
nanging akeh-akehe padha ora gelem nrima, malah banget anggone mungkir. (89)
وَقَالُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ
Malahan wong-wong kafir padha ngucap: “Kula boten badhe pitados dhateng panjenengan Muhammad,
حَتّٰى تَفْجُرَ لَنَا مِنَ الْاَرْضِ يَنْۢبُوْعًاۙ﴿90﴾
kajawi menawi panjenengan sampun mancuraken toya saking bumi kangge kita sadaya.” (90)
اَوْ تَكُوْنَ لَكَ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّعِنَبٍ
“Utawi menawi panjenengan kagungan kebun kurma utawi kebun anggur,
فَتُفَجِّرَ الْاَنْهٰرَ خِلٰلَهَا تَفْجِيْرًاۙ﴿91﴾
lajeng panjenengan mancuraken lepen-lepen wonten ing sela-sela kebon wau.” (91)
اَوْ تُسْقِطَ السَّمَاۤءَ كَمَا زَعَمْتَ عَلَيْنَا كِسَفًا
“Utawi menawi panjenengan ndhawahaken langit dhateng kita pecah sacuwil kemawon kados ingkang sampun panjenengan ngendikakaken,
اَوْ تَأْتِيَ بِاللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ قَبِيْلًاۙ﴿92﴾
utawi panjenengan rawuhaken Allah sarta malaikat ingkang nyekseni kaleresaning pangandikan panjenengan.” (92)
اَوْ يَكُوْنَ لَكَ بَيْتٌ مِّنْ زُخْرُفٍ
“Utawi menawi panjenengan kagungan griya ingkang kadamel saking emas,
اَوْ تَرْقٰى فِى السَّمَاۤءِۗ
utawi menawi panjenengan minggah dhateng langit.
وَلَنْ نُّؤْمِنَ لِرُقِيِّكَ حَتّٰى تُنَزِّلَ عَلَيْنَا كِتٰبًا نَّقْرَؤُهٗۗ
Kita mboten pitados anggen panjenengan minggah punika kajawi menawi panjenengan nurunaken kitab dhateng kita ingkang badhe kita waos.”
قُلْ سُبْحَانَ رَبِّيْ هَلْ كُنْتُ اِلَّا بَشَرًا رَّسُوْلًا﴿93﴾ ع_10
Dhawuha: “Maha Suci Pengeraningsun. Ora ana liya Ingsun iki kajaba mung manungsa kang kautus.” (93)
وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰٓى
Lan ora ana kang ngalang-alangi para manungsa arep percaya nalika wong-wong mau katekan pituduh,
اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَبَعَثَ اللّٰهُ بَشَرًا رَّسُوْلًا﴿94﴾
kajaba padha ngucap: “Apa ya iya Allah ngangkat manungsa dadi utusan?” (94)
قُلْ لَّوْ كَانَ فِى الْاَرْضِ مَلٰۤىِٕكَةٌ يَّمْشُوْنَ مُطْمَىِٕنِّيْنَ
Dhawuha: “Saupama ing bumi iki ana malaikat-malaikat kang padha mlaku dadi isen-isening bumi,
لَنَزَّلْنَا عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَلَكًا رَّسُوْلًا﴿95﴾
temen Ingsun nurunake malaikat saka langit dadi utusan marang dheweke.” (95)
قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۗ
Dhawuha: “Cukup Allah Kang Dadi Saksi antaraning aku Ian sliramu kabeh.
اِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا﴿96﴾
Satemene Allah iku Mahawelas tur Mahamirsani kabeh kahanan para kawulane. ” (96)
وَمَنْ يَّهْدِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِۚ
Lan sapa wong kang kaparingan pitedah dalan bener dening Allah, sayekti dheweke pikantuk pitedah,
وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِهٖۗ
Lan sapa wonge disasarake, sayekti sliramu ora bisa pikantuk pitulung kang bisa nulungi dheweke saliyane Allah.
وَنَحْشُرُهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ
Lan Ingsun bakal ngumpulake wong-wong mau besuk ana ing dina qiyamat,
عَلٰى وُجُوْهِهِمْ عُمْيًا وَّبُكْمًا وَّصُمًّاۗ
padha mlaku nganggo wajah-wajahe kanthi ora bisa ndeleng, ora bisa ngucap, lan ora bisa ngrungokake.
مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ
Dene panggonane wong-wong mau ing neraka Jahannam,
كُلَّمَا خَبَتْ زِدْنٰهُمْ سَعِيْرًا﴿97﴾
saben-saben suda urube, banjur Ingsun tambah mulad-muIade.(97)
ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ بِاَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا
Mengkono iku piwalese kangge wong-wong kafir, anggone mungkiri ayat-ayat Ingsun.
وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا
Lan wong-wong mau padha ngucap: “Apa menawa aku wis dadi balung ajur ing Iemah,
ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا﴿98﴾
apa bener aku bakal ditangekake dadi makhluk anyar?” (98)
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللهَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ قَادِرٌ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ
Apa ta padha ora nimbang-nimbang, manawa Allah, kang wus nitahake saindhenging Iangit Ian bumi, iku kuwasa yen ta anitahna papadhane dheweke?
وَجَعَلَ لَهُمْ اَجَلًا لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ
Lan Panjenengane ndamel wektu kang ora dimamangake maneh kanggo dheweke,
فَاَبَى الظّٰلِمُوْنَ اِلَّا كُفُوْرًا﴿99﴾
nanging wong wong kang dzalim banjur ora geIem, kajaba malahan saya tambah kufure. (99)
قُلْ لَّوْ اَنْتُمْ تَمْلِكُوْنَ خَزَاۤىِٕنَ رَحْمَةِ رَبِّيْٓ
Upama sira kabeh padha nduweni gedhong-gedhong kanggo nyimpen Kamurahane Pengeran ingsun,
اِذًا لَّاَمْسَكْتُمْ خَشْيَةَ الْاِنْفَاقِۗ
sayekti sira medhit, jalaran wedi mlarat,
وَكَانَ الْاِنْسَانُ قَتُوْرًا﴿100﴾ ع_11
Lan asline watak manungsa iku kumedhit. (100)
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى تِسْعَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ
Lan sayekti temen Ingsun Allah wus Maringi Musa tandha kang terang kabehe sanga,
فَسْـَٔلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِذْ جَاۤءَهُمْ
mulane para turun Israil takonana nalika padha ditekani dheweke,
فَقَالَ لَهٗ فِرْعَوْنُ اِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰمُوْسٰى مَسْحُوْرًا﴿101﴾
banjur calathune Fir’aun marang dheweke: “Sayekti aku ngira, he Musa, sira iku wong kang kelangan akal. (101)
قَالَ لَقَدْ عَلِمْتَ مَآ اَنْزَلَ هٰٓؤُلَاۤءِ اِلَّا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ بَصَاۤىِٕرَۚ
Nabi Musa mangsuli marang Fir’aun: “Sayektos panjenengan (Fir’ aun) sampun sumerep menawi mboten wonten ingkang nurunaken mu’jizat, kajawi Pengeraning saindhenging langit lan bumi, supados dados katerangan ingkang cetho.
وَاِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰفِرْعَوْنُ مَثْبُوْرًا﴿102﴾
Lan miturut pemanggih kula, panjenengan punika Fir’aun, tiyang ingkang sampun dipun tebihaken saking rahmat.” (102)
فَاَرَادَ اَنْ يَّسْتَفِزَّهُمْ مِّنَ الْاَرْضِ
Fir’aun banjur duwe karep numpes Nabi Musa lan wong-wong Bani Israil saka Mesir,
فَاَغْرَقْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ جَمِيْعًاۙ﴿103﴾
awit saka iku Ingsun banjur ngeremake Fir’aun sarta wong kang dadi pendhereke kabeh. (103)
وَّقُلْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ لِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اسْكُنُوا الْاَرْضَ
Sapungkure Fir’aun, Ingsun banjur paring pangandika marang wong Bani Israil: “Sira padha tetep manggona ana ing Mesir,
فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ جِئْنَا بِكُمْ لَفِيْفًاۗ﴿104﴾
menawa wis teka janji kang akhir, Ingsun mesthi nekakake sira kabeh.” (104)
وَبِالْحَقِّ اَنْزَلْنٰهُ وَبِالْحَقِّ نَزَلَۗ
Lan Ingsun nurunake Al-Qur’an iku kelawan bener sarta tumurune uga kelawan bener.
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۘ﴿105﴾
Lan Ingsun ora ngutus sira Muhammad kajaba dadi juru bebungah
lan dadi juru pepeling. (105)
وَقُرْاٰنًا فَرَقْنٰهُ لِتَقْرَاَهٗ عَلَى النَّاسِ
Lan Ingsun Mejangake lan Njlentrehake Al-Qur’ an, supaya sira waca lan sira dhawuhake marang para manungsa
عَلٰى مُكْثٍ وَّنَزَّلْنٰهُ تَنْزِيْلًا﴿106﴾
kanthi alon lan Iumintu. Lan Qur’an iku Ingsun Turunake mbaka sethithik. (106)
قُلْ اٰمِنُوْا بِهٖٓ اَوْ لَا تُؤْمِنُوْاۗ
Dhawuha: “Sira (menawa kepingin begja) padha gelema percaya marang Al-Qur’an, utawa (yen sira pingin nemahi cilaka) aja percaya marang Qur’an.
اِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهٖٓ
Satemene wong-wong kang wis diparingi ilmu sadurunge tumurune Al-Qur’an,
اِذَا يُتْلٰى عَلَيْهِمْ يَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ سُجَّدًاۙ﴿107﴾
menawa Al-Qur’an iku diwacakake marang dheweke, banjur padha sumungkem, bathuke banjur padha disujudake, sumujud marang Allah.” (107)
وَّيَقُوْلُوْنَ سُبْحٰنَ رَبِّنَآ
Lan wong-wong mau padha matur: “Maha Suci Pengeran kawula,
اِنْ كَانَ وَعْدُ رَبِّنَا لَمَفْعُوْلًا﴿108﴾
sayektos janjinipun Pengeran kawula punika mesthi kelampahan.” (108)
وَيَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ يَبْكُوْنَ وَيَزِيْدُهُمْ خُشُوْعًا﴿109﴾
Lan wong-wong mau padha nyumungkemake bathuke kelawan nangis, sarta Qur’ an iku muwuhi tumungkule Ian konjeme ati marang Allah. (109)
قُلِ ادْعُوا اللهَ اَوِ ادْعُوا الرَّحْمٰنَۗ
Dhawuha: “Sira padha nyenyuwuna ing Allah, utawa nganggo sebutan Pengeran Kang Mahawelas (Ya Rakhman),
اَيًّا مَّا تَدْعُوْا فَلَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰىۚ
endi Asma kang sira sebut, satemene kabeh Asma Kang Becik (Asmaul Husna) iku Kagungane Allah.”
وَلَا تَجْهَرْ بِصَلَاتِكَ وَلَا تُخَافِتْ بِهَا
Lan sira aja nyerokake waosanmu ana ing shalatmu (nganti keprungu dening wong musyrik), uga aja nglirihake (nganti ora keprungu para sahabatmu)
وَابْتَغِ بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًا﴿110﴾
Lan pilihen antarane seru sarta lirih iku.
(110)
وَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ لَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا
Munjuka atur: “Sakathahing puji konjuk dhumateng Allah, Pengeran Ingkang Mboten Peputra
وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ
sarta Mboten Wonten Ingkang Nyekuthoni Wonten Ing Panguwaosipun,
وَلَمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلِيٌّ مِّنَ الذُّلِّ
ugi Mboten Mbetahake Pitulungan margi saking kasoran.”
وَكَبِّرْهُ تَكْبِيْرًا﴿111﴾ ع_12
Lan sira Angagungna Marang Asma Pengeranmu kanthi temen-temen. (111)
***
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.