Terjemah Jawa Q.S. (20) Tha-ha. 135 Ayat

Qur’an Surah (20) Tha-ha. 135 ayat

سُورَةُ طٰهٰ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

طٰهٰۚ ﴿1﴾

Tha Ha (Iku kabeh araning huruf Arab kang priksa tegese mung Allah piyambak). (1)

مَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ لِتَشْقٰٓىۙ﴿2﴾

Ingsun ora nurunake kitab Qur’an marang sira (Muhammad) supaya dadi rekasa (2)

اِلَّا تَذْكِرَةً لِّمَنْ يَّخْشٰىۙ﴿3﴾

Nanging Ingsun nurunake kitab Qur’an, supaya dadi pepenget marang wong kang ngabekti marang Allah. (3)

تَنْزِيْلًا مِّمَّنْ خَلَقَ الْاَرْضَ وَالسَّمٰوٰتِ الْعُلٰىۗ﴿4﴾

Kitab Qur’an iku tumurun saka ngarsane Allah, Pengeran Kang Nitahake bumi lan langit kang duwur. (4)

اَلرَّحْمٰنُ عَلَى الْعَرْشِ اسْتَوٰى﴿5﴾

Ingkang Mahamurah Ngasta Purbawisesa Kang Terus Ing Panguwasa (5)

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَمَا تَحْتَ الثَّرٰى﴿6﴾

Kagungane Panjenengane samubarang kang ana ing Iangit  lan ing bumi tuwin samubarang kang ana ing saantarane, lan uga samubarang kang ana ing sangisoring Iemah. (6)

وَاِنْ تَجْهَرْ بِالْقَوْلِ فَاِنَّهٗ يَعْلَمُ السِّرَّ وَاَخْفٰى﴿7﴾

Lan menawa sira anglairake pangucapmu, temen Panjenengane Allah iku Ngawuningani wewadi kang disidhem dalasan kang Iuwih sumingid pisan (7)

اَللهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ لَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰى﴿8﴾

Panjenengane Allah, ora ana Pengeran kajaba mung Panjenengane Piyambak. Ingkang Kagungan Asma Kang Adiluhung. (8)

وَهَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ مُوْسٰىۘ﴿9﴾

(Muhammad), apa sira wis sumurup ceritane Nabi Musa? (9)

اِذْ رَاٰ نَارًا فَقَالَ لِاَهْلِهِ

Nalika dheweke Nabi Musa sumurup geni, banjur ngendika marang kulawargane:

 امْكُثُوْٓا اِنِّيْ اٰنَسْتُ نَارًا لَّعَلِّيْٓ اٰتِيْكُمْ مِّنْهَا

“Sira padha lerena ana ing kene dhisik, geni kae tak paranane,

 بِقَبَسٍ اَوْ اَجِدُ عَلَى النَّارِ هُدًى﴿10﴾

tak nyumet obor, banjur tak bali mrene, utawa mbok menawa ing kana aku ketemu wong kang nuduhake dalan.” (10)

فَلَمَّآ اَتٰىهَا نُوْدِيَ

Bareng Nabi Musa wis tekan panggonane geni, ditimbali dening Allah. Pangandikane:

 يٰمُوْسٰٓىۙ﴿11﴾

 “He,Musa!” (11)

اِنِّيْٓ اَنَا۠ رَبُّكَ فَاخْلَعْ نَعْلَيْكَۚ

Saktemene Ingsun iki Pangeranmu. Mara copoten trumpahmu,

 اِنَّكَ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًىۗ﴿12﴾

jalaran saktemene sira saiki ana ing jurang sinuci kang aran jurang: THUWA. (12)

وَاَنَا اخْتَرْتُكَ

Lan Ingsun wis milih sliramu, Ingsun junjung dadi utusan Ingsun, lan Ingsun parengake imbal pangandika lan lngsun.

 فَاسْتَمِعْ لِمَا يُوْحٰى﴿13﴾

Sliramu ngestokna (ngrungokna) apa kang wis kawacakake marang sira. (13)

اِنَّنِيْٓ اَنَا اللهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدْنِيْۙ

Sayekti, Ingsun iki Allah, ora ana sesembahan kajaba Ingsun, mulane ngawulaa marang Ingsun

وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ لِذِكْرِيْ﴿14﴾

sarta anjumenengna shalat akarana eling marang Ingsun (14)

اِنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ اَكَادُ اُخْفِيْهَا

Sayekti, tumekaning titining mangsa dina qiyamat iku bakal Ingsun gawe nyata pratela,

 لِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا تَسْعٰى﴿15﴾

kanggo males sakabehing awak apa kang wis ditindakake (ala lan becik). (15)

فَلَا يَصُدَّنَّكَ عَنْهَا مَنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهَا

Awit saka iku, sira aja nganti kaelu (dienggok-ake) marang wong kang ora percaya marang bakal kelakone dina qiyamat

 وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ فَتَرْدٰى﴿16﴾

Manawa sira kaelu sarta nuruti karepe hawa nafsu, mesthi bakal rusak. (16)

وَمَا تِلْكَ بِيَمِيْنِكَ يٰمُوْسٰى﴿17﴾

Lan apa kang sira cekel ana ing tanganmu tengen iku, he Musa? (17)

قَالَ هِيَ عَصَايَۚ

Nabi Musa munjuk atur: “Punika teken kawula.

 اَتَوَكَّؤُا عَلَيْهَا وَاَهُشُّ بِهَا عَلٰى غَنَمِيْ

Kawula angge teteken, sarta kawula angge nggegepyok ron-ronan kangge pakanipun menda kawula,

 وَلِيَ فِيْهَا مَاٰرِبُ اُخْرٰى﴿18﴾

saha kangge sanes-sanesipun.” (18)

قَالَ اَلْقِهَا يٰمُوْسٰى﴿19﴾

Panjenengan Allah paring dhawuh: “He Musa, mara uncalna tekenmu iku.” (19)

فَاَلْقٰىهَا فَاِذَا هِيَ حَيَّةٌ تَسْعٰى﴿20﴾

Nabi Musa banjur nguncalake teken mau. Dumadakan teken iku dadi ula gedhe kang mlaku nlosor. (20)

قَالَ خُذْهَا وَلَا تَخَفْۗ

Allah paring pangandika: “Mara ula iku jupuken, aja wedi.  

سَنُعِيْدُهَا سِيْرَتَهَا الْاُوْلٰى﴿21﴾

Ingsun bakal balekake ula iku marang kahanane sekawit dadi teken maneh.” (21)

وَاضْمُمْ يَدَكَ اِلٰى جَنَاحِكَ

“Lan mara tangan epek epekmu kempitna ana ing ceklaanmu,

 تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍ

temen bakal malih dadi putih mencorong tanpa cacat (dudu putihing belang).

 اٰيَةً اُخْرٰىۙ﴿22﴾

Iku dadi tandha mukjizat maneh kang mratandhani menawa sira dadi utusan Ingsun.” (22)

لِنُرِيَكَ مِنْ اٰيٰتِنَا الْكُبْرٰىۚ﴿23﴾

(Kajaba mukjizat loro iku), sliramu Ingsun tuduhake mukjizat Ingsun kang luwih gedhe. (23)

اِذْهَبْ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰى﴿24﴾ع_1

“Saiki sira mangkata, ingsun utus ketemu Fir’aun. Satemene dheweke iku kebangeten anggone mbalela.” (24)

قَالَ رَبِّ اشْرَحْ لِيْ صَدْرِيْۙ﴿25﴾

Nabi Musa munjuk atur : “Dhuh Pengeran Pepundhen kawula, mugi Paduka Paring pepadhang kanthi anjembaraken manah kula” (25)

وَيَسِّرْ لِيْٓ اَمْرِيْۙ﴿26﴾

“Saha mugi Paduka Paring gampil anggen kawula nglampahi jejibahan kawula.” (26)

وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّنْ لِّسَانِيْۙ﴿27﴾

Lan mugi paduka paring luwar sedaya reribet ingkang mepalangi lisan kula,  (27)

يَفْقَهُوْا قَوْلِيْۖ﴿28﴾

“Supados Fir’aun dalah para kawulanipun sami mangertos wicanten kawula.” (28)

وَاجْعَلْ لِّيْ وَزِيْرًا مِّنْ اَهْلِيْۙ﴿29﴾

“Saha kawula mugi kaparingan pembantu ingkang klebet ahli kawula.” (29)

هٰرُوْنَ اَخِىۙ ﴿30﴾

“Inggih punika Harun, sedherek kawula piyambak.” (30)

اشْدُدْ بِهٖٓ اَزْرِيْۙ﴿31﴾

“Saha mugi Panjenengan ngiyataken geger kawula kaliyan piyambakipun.” (31)

وَاَشْرِكْهُ فِيْٓ اَمْرِيْۙ﴿32﴾

Saha anggathekaken piyambakipun (dhateng kawula) ing dalem prakawis kawula. (32)

كَيْ نُسَبِّحَكَ كَثِيْرًاۙ﴿33﴾

“Supados kita kekalih sami ngathah-ngathahaken anggen ngaturaken Tasbih dhateng Paduka” (33)

وَّنَذْكُرَكَ كَثِيْرًاۗ﴿34﴾

“Ugi malih anggen kita kekalih sami  ngathah-ngathahaken enget dhateng Paduka.” (34)

اِنَّكَ كُنْتَ بِنَا بَصِيْرًا﴿35﴾

“Saestunipun Paduka punika Ngawuningani dhateng kita sadaya.” (35)

قَالَ قَدْ اُوْتِيْتَ سُؤْلَكَ يٰمُوْسٰى﴿36﴾

Allah paring Pangandika: “He Musa, temen Ingsun ngabulake apa sing dadi panyuwunmu.” (36)

وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلَيْكَ مَرَّةً اُخْرٰٓىۙ﴿37﴾

(Liyane iki), temen Ingsun wis paring kanugrahan sepisan maneh marang sira, ing wektu liya. (37)

اِذْ اَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اُمِّكَ مَا يُوْحٰٓىۙ﴿38﴾

“Yaiku nalika Ingsun paring ilham marang ibumu, kaya kang wis Ingsun dhawuhake mengkene (38)

اَنِ اقْذِفِيْهِ فِى التَّابُوْتِ فَاقْذِفِيْهِ فِى الْيَمِّ

(Serehna sira kuwatir mbok menawa anakmu dipateni Fir’aun), anakmu iku sira wadhahana ing peti, nuli cemplungna ana ing bengawan Nil.

فَلْيُلْقِهِ الْيَمُّ بِالسَّاحِلِ يَأْخُذْهُ عَدُوٌّ لِّيْ وَعَدُوٌّ لَّهٗۗ

Bengawan iku bakal minggirake peti mau, bakal ditemu dening mungsuh Ingsun lan mungsuhmu (yaiku Fir’aun).

 وَاَلْقَيْتُ عَلَيْكَ مَحَبَّةً مِّنِّيْ ەۚ

Lan Ingsun paring asih marang sliramu (Musa), supaya sliramu kinasihan

 وَلِتُصْنَعَ عَلٰى عَيْنِيْۘ﴿39﴾

lan supaya diopeni kanthi pikantuk panjaganingsun.” (39)

اِذْ تَمْشِيْٓ اُخْتُكَ فَتَقُوْلُ

“Dhek samana sedulurmu wadon (Maryam) lumaku saperlu nggawa sliramu. Bareng sliramu ditemu dening para abdining Fir’aun, dheweke banjur celathu marang kang nemu:

هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰى مَنْ يَّكْفُلُهٗۗ

“Punapa panjenengan kersa kula tedahi tiyang ingkang saged ngopeni nyesepi bayi punika?”

فَرَجَعْنٰكَ اِلٰٓى اُمِّكَ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ ەۗ

Ingsun nuli mbalekake sira marang ibumu supaya atine seneng sarta ora sedhih.

 وَقَتَلْتَ نَفْسًا فَنَجَّيْنٰكَ مِنَ الْغَمِّ وَفَتَنّٰكَ فُتُوْنًاەۗ

Lan sira wis mateni sawijining wong (Qibthi), sira Ingsun paringi selamet saka kasusahan jalaran anggonmu mateni iku. Lan Ingsun maringi pirang-pirang coba mawarna-warna (lan uga Ingsun paringi selamet),

 فَلَبِثْتَ سِنِيْنَ فِيْٓ اَهْلِ مَدْيَنَ ەۙ

Sliramu nuli manggon ana ing ahli Madyan (dalane Nabi Syu’aib) pirang-pirang tahun (kurang luwih 10 tahun) sarta nikahi putrine,

ثُمَّ جِئْتَ عَلٰى قَدَرٍ يّٰمُوْسٰى﴿40﴾

Sliramu banjur bali maneh sawise tumeka mangsa kang wis Ingsun temtoake marang sliramu, hai Musa.” (40)

وَاصْطَنَعْتُكَ لِنَفْسِيْۚ﴿41﴾

“Lan sliramu wis Ingsun pilih supaya nampa wahyu lan risalah saka Ngarsaningsun.” (41)

اِذْهَبْ اَنْتَ وَاَخُوْكَ بِاٰيٰتِيْ

“Sliramu lan sedulurmu (Harun) padha mangkata, perlu ngundangake dhawuh Ingsun marang manungsa kabeh, kanthi ngampil ayat-ayat Ingsun.

وَلَا تَنِيَا فِيْ ذِكْرِيْۚ﴿42﴾

Lan sira sakloron aja kendhat-kendhat eling ngundangake dhawuhingsun.” (42)

اِذْهَبَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ

“Saiki sira sakloron mangkata, ingsun utus ketemu Fir’aun.

 اِنَّهٗ طَغٰىۚ﴿43﴾

Satemene dheweke iku kebangeten anggone mbalela.” (43)

فَقُوْلَا لَهٗ قَوْلًا لَّيِّنًا لَّعَلَّهٗ يَتَذَكَّرُ اَوْ يَخْشٰى﴿44﴾

Sira sakloron padha ndhawuhana Raja Fir’aun kanthi aris (andhap asor), muga-muga dhe weke gelem nampa pepeling utawa wedi marang Ingsun. (44)

قَالَا رَبَّنَآ اِنَّنَا نَخَافُ

Sak karone padha munjuk atur : “Dhuh Allah, Pangeran kawula, sayektosipun kawula punika kuwatos

اَنْ يَّفْرُطَ عَلَيْنَآ اَوْ اَنْ يَّطْغٰى﴿45﴾

mbokmenawi Fir’aun lajeng misakit utawi mejahi dhateng kawula, utawi mbok menawi sangsaya sanget anggenipun siya-siya dhateng kawula.” (45)

قَالَ لَا تَخَافَآ اِنَّنِيْ مَعَكُمَآ

Allah paring pangandika: “Sira aja padha kuwatir, saktemene Ingsun anjangkung marang sliramu,

 اَسْمَعُ وَاَرٰى﴿46﴾

Ingsun mireng aturmu lan mirsani marang sak solah tingkahmu.” (46)

فَأْتِيٰهُ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلَا رَبِّكَ

“Sira sak kloron tekoa marang Fir’aun sarta dhawuha mengkene: “Kula kekalih punika utusanipun Allah Pengeran panjenengan,

فَاَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ەۙ وَلَا تُعَذِّبْهُمْۗ

jalaran saking punika tiyang-tiyang bani lsrail sarta kula mugi kalepasna saking pandamelan sarta sampun panjenengan siksa.

 قَدْ جِئْنٰكَ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكَۗ

Sayektosipun kula dhateng panjenengan punika ambekta tandha bebener saking Pengeran panjenengan.

 وَالسَّلٰمُ عَلٰى مَنِ اتَّبَعَ الْهُدٰى﴿47﴾

Lan kawilujengan tetep dhateng tiyang ingkang manut pitedah.” (47)

اِنَّا قَدْ اُوْحِيَ اِلَيْنَآ

“Sayektosipun kula sami kaparingan wahyu,

اَنَّ الْعَذَابَ عَلٰى مَنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰى﴿48﴾

bilih siksa punika kapatrapaken dhateng tiyang ingkang anggorohaken para utusan tuwin mlengos.” (48)

قَالَ فَمَنْ رَّبُّكُمَا يٰمُوْسٰى﴿49﴾

Fir’aun banjur pitakon: “He Musa lan Harun, sapa Pengeranmu iku?” (49)

قَالَ رَبُّنَا الَّذِيْٓ اَعْطٰى كُلَّ شَيْءٍ خَلْقَهٗ ثُمَّ هَدٰى﴿50﴾

Musa mangsuli: “Dene Pengeran kula inggih punika Allah ingkang sampun paring sedaya kabetahanipun para titah. Panjenenganipun Ingkang Anitahaken samukawis lajeng Ingkang Paring pitedah.”(50)

قَالَ فَمَا بَالُ الْقُرُوْنِ الْاُوْلٰى﴿51﴾

Fir’ aun pitakon maneh: “Kepriye kahanane umat kang wis kepungkur?”(51)

قَالَ عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّيْ فِيْ كِتٰبٍۚ

Musa banjur mangsuli: “Ingkang Wuninga lelampahanipun para umat ingkang sampun kapengker punika namung Allah Pengeran kula, perkawis punika sampun kaserat women Lauhil Mahfuzh.

 لَا يَضِلُّ رَبِّيْ وَلَا يَنْسَىۖ﴿52﴾

Pengeran kula boten badhe klentu lan boten kesupen.”(52)

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا

Panjenengane Allah Pengeran Kang wis Nitahake bumi iki jumeneng kanggo sira kabeh,

 وَّسَلَكَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا

sarta Panjenengane wis Ndalanake sliramu kabeh pirang-pirang dalan ana ing bumi,

 وَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۗ

Sarta Panjenengane Nurunake banyu saka ing langit.

 فَاَخْرَجْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْ نَّبَاتٍ شَتّٰى﴿53﴾

Ingsun nuli ngetokkake sawarnane thethukulan kang beda-beda rupane. (53)

كُلُوْا وَارْعَوْا اَنْعَامَكُمْۗ

He para manungsa, sliramu padha dhahara thethukulane bumi lan padha angona rajakayamu.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى﴿54﴾ ع_2

Saktemene kang mengkono iku temen dadi tanda bebener tumrap wong kang duwe akal. (54)

مِنْهَا خَلَقْنٰكُمْ

Sira padha Ingsun titahake saka ing bumi,

وَفِيْهَا نُعِيْدُكُمْ

Lan bakal Ingsun balekake ana ing bumi maneh,

 وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً اُخْرٰى﴿55﴾

sakbanjure sira bakal Ingsun wetokake sangka bumi sapisan maneh. (55)

وَلَقَدْ اَرَيْنٰهُ اٰيٰتِنَا كُلَّهَا فَكَذَّبَ وَاَبٰى﴿56﴾

Lan temen Ingsun wis meruhake kabeh ayat-ayat Ingsun marang Fir’aun nanging dheweke malah anggorohake lan ora gelem nampa. (56)

قَالَ اَجِئْتَنَا لِتُخْرِجَنَا مِنْ اَرْضِنَا بِسِحْرِكَ يٰمُوْسٰى﴿57﴾

Fir’aun banjur ngucap: “He Musa, apa tekamu iki tegel nundhung aku sak kukuban saka ing bumi negaraku kene (negara Mesir sarana sihirmu iku?)” (57)

فَلَنَأْتِيَنَّكَ بِسِحْرٍ مِّثْلِهٖ

“Temen aku bakal nekakake sihir marang sira kanggo nandingi.

 فَاجْعَلْ بَيْنَنَا وَبَيْنَكَ مَوْعِدًا

Jalaran saka iku mara gawea perjanjian

 لَّا نُخْلِفُهٗ نَحْنُ وَلَآ اَنْتَ مَكَانًا سُوًى﴿58﴾

ora kena disulayani dening aku lan sira ana ing panggonan kang adil.” (58)

قَالَ مَوْعِدُكُمْ يَوْمُ الزِّيْنَةِ

Musa mangsuli: “Panjenengan temtokaken binjing dinten ageng kemawon mangsanipun tiyang sami mangangge pameran,

 وَاَنْ يُّحْشَرَ النَّاسُ ضُحًى﴿59﴾

ing mriku para tiyang sami dipun klempakaken ing wanci injing.” (59)

فَتَوَلّٰى فِرْعَوْنُ فَجَمَعَ كَيْدَهٗ ثُمَّ اَتٰى﴿60﴾

Fir’aun nuli mlengos, dhawuh nglumpuk-ake juru sihir, sakwise nglumpuk banjur diirit marang panggonan kang ditem-tokake, ing dina kang wis ditemtokake. Ana ing kono tempuk karo Musa (60)

قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰى وَيْلَكُمْ لَا تَفْتَرُوْا عَلَى اللهِ كَذِبًا

Musa banjur celathu marang wong-wong ahli sihir mau: “He para juru sihir, cilaka temen sira, aja wani-wani gawe celathu goroh ngarani mukjizate Allah iku sihir.

 فَيُسْحِتَكُمْ بِعَذَابٍۚ

Allah bakal numpes sira kabeh kanthi siksa,

 وَقَدْ خَابَ مَنِ افْتَرٰى﴿61﴾

Lan wong kang agawe-gawe iku bakal nandhang kapitunan.” (61)

فَتَنَازَعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ

Para juru sihir mau banjur padha kumpul rerembugan padha papadhon (ana kang ngarani mu’jizat Nabi Musa iku sihir lan ana sing ngarani dudu sihir)

 وَاَسَرُّوا النَّجْوٰى﴿62﴾

sarta padha nyidhemake anggonane padha rerembugan. (62)

قَالُوْٓا اِنْ هٰذٰنِ لَسٰحِرَانِ يُرِيْدَانِ اَنْ يُّخْرِجٰكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهِمَا

Para juru sihir mau banjur padha ngucap: “Satemene wong loro iku (Musa lan Harun) yekti juru sihir kang arep nundhung sira saka bumimu kanthi ilmu sihire

 وَيَذْهَبَا بِطَرِيْقَتِكُمُ الْمُثْلٰى﴿63﴾

Lan arep ngilangake dedalane tata ngadatmu kang adiluhung. ” (63)

فَاَجْمِعُوْا كَيْدَكُمْ ثُمَّ ائْتُوْا صَفًّاۚ

Jalaran saka iku digolong anggonmu padha ngetokake keluwihanmu ing ilmu sihir, nuli padha majua aba-barisan.

 وَقَدْ اَفْلَحَ الْيَوْمَ مَنِ اسْتَعْلٰى﴿64﴾

Ing dina iki mesthi begja sing sapa kang sihire unggul lan menang. (64)

قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِمَّآ اَنْ تُلْقِيَ

Para juru sihir banjur celathu: “He Nabi Musa, punapa panjenengan nguncalaken teken rumiyin

 وَاِمَّآ اَنْ نَّكُوْنَ اَوَّلَ مَنْ اَلْقٰى﴿65﴾

punapa kula ingkang rumiyin nguncalaken teken lan tampar kula?” (65)

قَالَ بَلْ اَلْقُوْاۚ

Musa banjur mangsuli: “Sira nguncalaken dhisik” (para juru sihir padha nguncalake teken lan tampare)

 فَاِذَا حِبَالُهُمْ وَعِصِيُّهُمْ يُخَيَّلُ اِلَيْهِ مِنْ سِحْرِهِمْ اَنَّهَا تَسْعٰى﴿66﴾

sak nalika iku sihire para juru sihir tumama marang Nabi Musa, tampar lan teken katon padha dadi ula, padha mlaku pating talesep. (66)

فَاَوْجَسَ فِيْ نَفْسِهٖ خِيْفَةً مُّوْسٰى﴿67﴾

Musa krasa wedi ana ing sakjroning atine. (67)

قُلْنَا لَا تَخَفْ اِنَّكَ اَنْتَ الْاَعْلٰى﴿68﴾

(Pangandikane Allah): Ingsun dhawuh marang Musa: “Sira aja wedi lan kuwatir, • jalaran satemene sira kang bakal luwih unggul lan menang.” (68)

وَاَلْقِ مَا فِيْ يَمِيْنِكَ تَلْقَفْ مَا صَنَعُوْاۗ

“Lan teken kang ana tangan tengenmu iku sira uncalna (mesthi dadi ula gedhe) banjur nguntali ulane para juru sihir mau,

اِنَّمَا صَنَعُوْا كَيْدُ سٰحِرٍۗ

awit ula mau dudu ula temenan, mung pangreka dayane juru sihir wae.

 وَلَا يُفْلِحُ السّٰحِرُ حَيْثُ اَتٰى﴿69﴾

Lan para juru sihir iku ana ing endi-endi panggonan ora bakal beja lan menang.” (69)

فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سُجَّدًا

(Sakwise tekene Musa diuncalake lan nguntal kabeh ulane para juru sihir mau), para juru sihir mau tumuli padha njungkel sujud ing Allah.

 قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ هٰرُوْنَ وَمُوْسٰى﴿70﴾

Bareng wis tangi banjur padha matur: “Kula sami pitados dhateng Pangeranipun Nabi Harun lan Nabi Musa.” (70)

قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۗ

(Fir’aun banget nefsune marang juru sihire) pangucape: “Ya gene kowe durung oleh palilahku teka banjur percaya rnarang Musa.

 اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ

Yen mengkono Musa iku panggedhemu kang mulang sihir marang kowe.

فَلَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ فِيْ جُذُوْعِ النَّخْلِۖ

Lan ya rasakna, kowe mesthi bakal tak junjang, tak kethok tanganmu tengen lan sikilmu kiwa, lan bakal tak penthang, ana wit kurma.

 وَلَتَعْلَمُنَّ اَيُّنَآ اَشَدُّ عَذَابًا وَّاَبْقٰى﴿71﴾

Ing kono kowe bakal sumurup sapa kang siksane luwih abot lan langgeng.” (71)

قَالُوْا لَنْ نُّؤْثِرَكَ عَلٰى مَا جَاۤءَنَا مِنَ الْبَيِّنٰتِ

Para juru sihir banjur padha matur: “Kula sami mboten badhe milih panjenengan, maiben tandha bebener ingkang sampun kula sumerapi kanthi terang punika babar pisan boten.

 وَالَّذِيْ فَطَرَنَا فَاقْضِ مَآ اَنْتَ قَاضٍۗ

Demi Allah ingkang sampun angawontenaken kula. Dene pangancam panjenengan dhateng kula kathah-kathah inggih sumangga panjenengan tindakaken.

 اِنَّمَا تَقْضِيْ هٰذِهِ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۗ﴿72﴾

anggen panjenengan badhe misakit dhateng kula punika namung tumrap wonten ing donya kemawon.” (72)

اِنَّآ اٰمَنَّا بِرَبِّنَا لِيَغْفِرَ لَنَا خَطٰيٰنَا

“Saestunipun kita punika iman dhateng Allah Pangeran kula, supados Allah paring pangapunten kalepatan kula sadaya

 وَمَآ اَكْرَهْتَنَا عَلَيْهِ مِنَ السِّحْرِۗ

Langkung-langkung malih anggen kula purun Panjenengan peksa sinau sarta nindaake sihir.

  وَٱللهُ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰٓ﴿73﴾

Dene ganjarannipun Allah punika lang kung sae ngungkuli ganjaran Panjenengan saha langgeng.” (73)

اِنَّهٗ مَنْ يَّأْتِ رَبَّهٗ مُجْرِمًا فَاِنَّ لَهٗ جَهَنَّمَۗ

Saktemene wong kang padha sowan (mati) marang Pengerane kalayan dosa (kafir) iku bakal kapatrapan neraka Jahannam.

 لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰى﴿74﴾

Ana ing kono dheweke iku ora mati lan ora urip. (74)

وَمَنْ يَّأْتِهٖ مُؤْمِنًا قَدْ عَمِلَ الصّٰلِحٰتِ

Dene wong kang sowan marang Ngarsane Pengerane kalayan percaya (iman) lan wis nindakake laku becik,

 فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الدَّرَجٰتُ الْعُلٰىۙ﴿75﴾

iku dheweke bakal pikantuk pangkat kang luhur (ana ing suwarga). (75)

جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ

Yaiku suwarga ‘Aden panggonan langgeng, kang sangisore ana bengawane mili, ana ing kono wong-wong mau padba Ianggeng.

 وَذٰلِكَ جَزٰۤؤُا مَنْ تَزَكّٰى﴿76﴾ ع_3

Mengkono iku ganjarane wong kang suci saka dosa. (76)

وَلَقَدْ اَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْ

(Pangandikane Allah): “Lan temen Ingsun wis paring wahyu marang Musa: “He Musa, lumakua ing wayah bengi (saka ing tanah Mesir) bareng karo kawulaningsun (wong bani Israil).

فَاضْرِبْ لَهُمْ طَرِيْقًا فِى الْبَحْرِ يَبَسًاۙ

Tekenira sira sabetna ing segara, mesthi banjur piyak, daIan gedhe, asat tur resik. (Bareng segara disabet banjur piyak, Nabi Musa dalah para wong bani lsraii cacah 370.000 padha Iumaku ana ing kono).”

 لَّا تَخٰفُ دَرَكًا وَّلَا تَخْشٰى﴿77﴾

Sira lumaku ing kono tanpa kuwatir kecandhak Fir’aun, lan ora kuwatir kerem ing segara. (77)

فَاَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ بِجُنُوْدِهٖ فَغَشِيَهُمْ مِّنَ الْيَمِّ مَا غَشِيَهُمْۗ﴿78﴾

Musa sarta sapendbereke nuli diuber  dening Fir’aun sawadyabalane, (miturut cerita cacahe 700.000 lan dipenggedheni dening opsir wadyabala kang tangguh padha melu mlebu ing segara) banjur padha tumpes tinungkepan ing banyu segara. (78)

وَاَضَلَّ فِرْعَوْنُ قَوْمَهٗ وَمَا هَدٰى﴿79﴾

Fir’aun mau tetep nasarake para kaume, kabeh mati kafir, padha ora pikantuk pituduh. (79)

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ قَدْ اَنْجَيْنٰكُمْ مِّنْ عَدُوِّكُمْ

(Pangendikane Allah): “He wong bani Israil. Temen Ingsun wis paring selamet marang sliramu, ucul saka mungsuhmu Fir’aun,

 وَوٰعَدْنٰكُمْ جَانِبَ الطُّوْرِ الْاَيْمَنَ

lan Ingsun wis aprajanjian karo sliramu ana ing lambunging gunung kang binarkahan (Thursina)

 وَنَزَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى﴿80﴾

Lan sira Ingsun paringi pangan arupa Manna lan Salwa.” (80)

كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۙ

(Dhawuh Ingsun): “Sliramu padha dhahara peparing Ingsun rejeki kang becik-becik,

 وَلَا تَطْغَوْا فِيْهِ فَيَحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبِيْۚ

lan poma-dipoma sira aja padha ngluwihi wates, mundhak kena bebenduningsun.

 وَمَنْ يَّحْلِلْ عَلَيْهِ غَضَبِيْ فَقَدْ هَوٰى﴿81﴾

Lan sapa kang kena ing bebenduningsun, amasthi Iebur. (81)

وَاِنِّيْ لَغَفَّارٌ لِّمَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا

Satemene Ingsun iku Mahaparing Pangapura marang wong kang gelem tobat, lan iman sarta nindakake kebecikan,

 ثُمَّ اهْتَدٰى﴿82﴾

Lestari netepi pituduh bener nganti tumeka ing waktune mati (82)

وَمَآ اَعْجَلَكَ عَنْ قَوْمِكَ يٰمُوْسٰى﴿83﴾

“He Musa, sebab apa sira teka kesusu anggonmu seba marang ingsun nganti ngelancangi para kancamu?” (83)

قَالَ هُمْ اُولَاۤءِ عَلٰٓى اَثَرِيْ

Nabi Musa matur: “Tetiyang wau wonten ing wingking kawula mboten tebih, persasat sareng kemawon kaliyan kawula.

وَعَجِلْتُ اِلَيْكَ رَبِّ لِتَرْضٰى﴿84﴾

Dhuh Pengeran kawula. Wondene anggen kawula kesesa kedhangkalan sowan ing Paduka punika sepados pirena karidhan Paduka dhateng kawula.” (84)

قَالَ فَاِنَّا قَدْ فَتَنَّا قَوْمَكَ مِنْۢ بَعْدِكَ

Allah Paring Pangandika: “Sapungkurmu, para kaummu padha Ingsun paringi coba,

 وَاَضَلَّهُمُ السَّامِرِيُّ﴿85﴾

padha disasarake dening wong golongan Samiry (padha diajak manembah pedhet mas).” (85)

فَرَجَعَ مُوْسٰٓى اِلٰى قَوْمِهٖ غَضْبَانَ اَسِفًا ەۚ

Nabi Musa (bareng wis patang puluh dina anggone ana ing gunung lan wis diparingi kitab Taurat) banjur bali marang panggonane para kaume, kanthi duka lan sedhih.  

 قَالَ يٰقَوْمِ اَلَمْ يَعِدْكُمْ رَبُّكُمْ وَعْدًا حَسَنًا ەۗ

Musa ngendika: “He para kaumku. Pangeranmu apa ora wis paring perjanjian becik marang sliramu (bakal diparingi kitab Taurat),

 اَفَطَالَ عَلَيْكُمُ الْعَهْدُ

lan apa kesuwen anggonmu padha ngenteni tekaningsun (saka ing gunung anggawa kitab Taurat kang wis dijanjekkake dening Allah)

 اَمْ اَرَدْتُّمْ اَنْ يَّحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ

utawa apa sira pancen njarag supaya kena bebenduning Allah Pangeranmu, (dene sira teka manembah pedhet mas)

 فَاَخْلَفْتُمْ مَّوْعِدِيْ﴿86﴾

nyidrani perjanjianmu marang ingsun?” (86)

قَالُوْا مَآ اَخْلَفْنَا مَوْعِدَكَ بِمَلْكِنَا

Para kaume Musa, (yaiku para kaum bani Israil) banjur padha matur: “Anggen kula ambalenjani janji ing sampeyan punika boten saking kajeng kula piyambak,

وَلٰكِنَّا حُمِّلْنَآ اَوْزَارًا مِّنْ زِيْنَةِ الْقَوْمِ

ananging amargi kula sami dipun momoti momotan rajabrananipun kaum punika,

فَقَذَفْنٰهَا فَكَذٰلِكَ اَلْقَى السَّامِرِيُّۙ﴿87﴾

lajeng sami kula selehaken, kados makaten punika pamrayoginipun Samiry.” (87)

فَاَخْرَجَ لَهُمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهٗ خُوَارٌ

Rajabrana wau dipun klempakaken, lajeng dipun cithak dados pedhet mas, ingkang mawi daging lan rah, tur saget nyuwanten,

فَقَالُوْا هٰذَآ اِلٰهُكُمْ وَاِلٰهُ مُوْسٰى ەۙ

pangucapipun (tiyang Samiry):  “Iki sesembahanmu lan sesembahane Musa uga,

 فَنَسِيَۗ﴿88﴾

dheweke kelalen.” (88)

اَفَلَا يَرَوْنَ اَلَّا يَرْجِعُ اِلَيْهِمْ قَوْلًا ەۙ

Wong kang padha manembah pedhet mas mau apa ora duwe panemu menawa pedhet mas iku ora bisa mangsuli pitakon apa-apa,

 وَّلَا يَمْلِكُ لَهُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا﴿89﴾ ع_4

Lan ora bisa agawe kemlaratan, apa dene piguno marang dheweke? (89)

وَلَقَدْ قَالَ لَهُمْ هٰرُوْنُ مِنْ قَبْلُ

Sedurunge iku, Harun wis paring  pitutur mengkene:

 يٰقَوْمِ اِنَّمَا فُتِنْتُمْ بِهٖۚ

“He para kaumku. Satemene sira iku padha kena coba pedhet mas.

وَاِنَّ رَبَّكُمُ الرَّحْمٰنُ

Lan satemene Pengeranmu iku Allah Kang Mahawelas.

 فَاتَّبِعُوْنِيْ وَاَطِيْعُوْٓا اَمْرِيْ﴿90﴾

Awit saka iku sira padha manuta marang agamaningsun lan manuta marang dhawuhingsun.” (90)

قَالُوْا لَنْ نَّبْرَحَ عَلَيْهِ عٰكِفِيْنَ

Wong-wong bani Israil padha mangsuli: “Inggih kajengipun. Kula boten badhe kendel anggen kula manembah pedhet mas,

حَتّٰى يَرْجِعَ اِلَيْنَا مُوْسٰى﴿91﴾

Kantenanipun benjing menawi Musa sampun kondur” (punapa duka, punapa lajeng tumut manembah pedhet mas). (91)

قَالَ يٰهٰرُوْنُ مَا مَنَعَكَ

Musa banjur pitaken: “Dhuh Kangmas Harun, punapa ingkang angalang-alangi nalika panjenengan

 اِذْ رَاَيْتَهُمْ ضَلُّوْٓاۙ﴿92﴾

Nalika panjenengan sumerep tiyang-tiyang bani Israil sami sasar (manembah pedhet mas)?” (92)

اَلَّا تَتَّبِعَنِۗ

Panjenengan boten enggal enggal manut kula (nerangaken kemusyrikanipun tiyang-tiyang bani lsrail).

 اَفَعَصَيْتَ اَمْرِيْ﴿93﴾

Punapa pancen panjenengan njarag sengaja nyulayani piweling kula?” (93)

قَالَ يَبْنَؤُمَّ

Harun mangsuli: “Dhuh putrane siibu.

لَا تَأْخُذْ بِلِحْيَتِيْ وَلَا بِرَأْسِيْۚ

Sira aja nyekeli jenggot lan sirahku.

 اِنِّيْ خَشِيْتُ اَنْ تَقُوْلَ

Satemene ingsun kuwatir yen sira ngucap mengkene:

 فَرَّقْتَ بَيْنَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ

“Dhuh Kangmas Harun. Satemene sira wis misahake kaum bani lsrail,

 وَلَمْ تَرْقُبْ قَوْلِيْ﴿94﴾

Lan sira ora ngreksa marang ucapaningsung.” (94)

قَالَ فَمَا خَطْبُكَ يٰسَامِرِيُّ﴿95﴾

Musa takon: “Apa kang nyebabake sira manembah pedhet iku, he Samiry?” (95)

قَالَ بَصُرْتُ بِمَا لَمْ يَبْصُرُوْا بِهٖ

Samiri matur: “Kawula sumerep satunggaling perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening tetiyang kathah (bani Israil).

 فَقَبَضْتُ قَبْضَةً مِّنْ اَثَرِ الرَّسُوْلِ فَنَبَذْتُهَا

Kawula lajeng ngepel siti sakepel saking tapakipun utusan (Malaikat Jibril), lajeng kawula lebetaken dhateng mulutipun pedhet (wekdal punika lajeng saget nyuwanten kados lembu sayektos)

وَكَذٰلِكَ سَوَّلَتْ لِيْ نَفْسِيْ﴿96﴾

Lan kados mekaten punika nafsu kawula sampun memaesi tumindak makaten punika” (96)

قَالَ فَاذْهَبْ

Musa banjur dhawuh: “He Samiry. Sira lungaa (aja mrene maneh salawase urip).

 فَاِنَّ لَكَ فِى الْحَيٰوةِ اَنْ تَقُوْلَ لَا مِسَاسَۖ

Satemene kanggo piwalesmu ana ing panguripan donya sira ngucap: ‘Ora gepok senggol’ (sira aja awor marang para manungsa lan sira ora kena dicampuri dening sapa wae).

 وَاِنَّ لَكَ مَوْعِدًا لَّنْ تُخْلَفَهٗۚ

Lan yekti sira duwe mangsa (bakal kapatrapan siksa kang luwih abot ana ing akhirat), kang ora bisa sira sulayani.

 وَانْظُرْ اِلٰٓى اِلٰهِكَ الَّذِيْ ظَلْتَ عَلَيْهِ عَاكِفًاۗ

Lan delengen pengeranmu kang salawase sira sembah,

لَنُحَرِّقَنَّهٗ ثُمَّ لَنَنْسِفَنَّهٗ فِى الْيَمِّ نَسْفًا﴿97﴾

yekti bakal ingsun obong, sarta awune bakal ingsun sawurake ana ing segara.” (97)

إِنَّمَآ إِلَٰهُكُمُ ٱللهُ ٱلَّذِى لَآ إِلَٰهَ إِلَّا هُوَۚ

Satemene Pangeranmu kabeh iku Allah, kang ora ana sesembahan Kang Bener kajaba mung Panjenengane Piyambak,

 وَسِعَ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا﴿ 98﴾

Kang Kawruhing Allah iku Jembar banget, Anglimputi kabeh perkara. (98)

كَذٰلِكَ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ مَا قَدْ سَبَقَۚ

Kaya mengkono anggone Ingsun nyeritakake lelakone umat ing zaman kuna marang sira (Muhammad).

وَقَدْ اٰتَيْنٰكَ مِنْ لَّدُنَّا ذِكْرًاۚ﴿99﴾

Lan temen Ingsun wis paring marang sira pitutur Qur’an saka Ngarsa Ingsun. (99)

مَنْ اَعْرَضَ عَنْهُ

Sing sapa mlengos, ora percaya marang Qur’an,

 فَاِنَّهٗ يَحْمِلُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وِزْرًا﴿100﴾

Temen dheweke iku besuk ing dina qiyamat bakal nggendhong dosa. (100)

خٰلِدِيْنَ فِيْهِۗ

Anggone padha nandhang siksa patrapaning dosa mau langgeng.

وَسَاۤءَ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ حِمْلًاۙ﴿101﴾

Lan ala temen anggone padha nggendhong dosa besuk ing dina qiyamat. (101)

يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ

Yaiku ana ing dina nalika slomprete Malaikat lsrafil kang isi sekehing nyawa disebul.

 وَنَحْشُرُ الْمُجْرِمِيْنَ يَوْمَىِٕذٍ زُرْقًاۖ﴿102﴾

Ing dina iku Ingsun nglumpukake wong-wong kang padha dosa, mripate padha wuta. (102)

يَّتَخَافَتُوْنَ بَيْنَهُمْ

Dheweke padha pating klesik crita marang kancane:

 اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا عَشْرًا﴿103﴾

“Anggonmu ana ing donya biyen, kira-kira apa mung 10 tahun lawase?” (103)

نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَقُوْلُوْنَ اِذْ يَقُوْلُ

Ingsun luwih Ngudaneni ing kabeh kang padha diucapake nalika wong kang luwih pinter dhewe mangsuli:

 اَمْثَلُهُمْ طَرِيْقَةً اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا يَوْمًا﴿104﴾ ع_5

“Anggonmu padha ana ing donya iku kira-kira mung sedina.” (104)

وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْجِبَالِ

Muhammad, dheweke padha pitakon marang sira saka kahanane gunung-gunung besuk ing dina qiyamat,

 فَقُلْ يَنْسِفُهَا رَبِّيْ نَسْفًاۙ﴿105﴾

sira dhawuha: “Besuk ing dina qiyamat, gunung-gunung iku padha dibedholi dening Pengeranku, bakal diawur-awurake dening Pengeranku, kadadekake lebu kang mawur.” (105)

فَيَذَرُهَا قَاعًا صَفْصَفًاۙ﴿106﴾

Ing kono bumi banjur warata ngenthak-ngenthak. (106)

لَّا تَرٰى فِيْهَا عِوَجًا وَّلَآ اَمْتًاۗ﴿107﴾

Sira ora sumurup ana ing bumi, Ing kono sira ora bakal andeleng kang menceng lan kang mendhak-mandhukul. (107)

يَوْمَىِٕذٍ يَّتَّبِعُوْنَ الدَّاعِيَ لَا عِوَجَ لَهٗۚ

Ana ing dina iku, kabeh wae padha manut marang pangajake Malaikat Israfil (kabeh padha didhawuhi nglumpuk sowan ing Ngarsane Pengeran) ora ana kang nyleweng.

 وَخَشَعَتِ الْاَصْوَاتُ لِلرَّحْمٰنِ فَلَا تَسْمَعُ اِلَّا هَمْسًا ﴿108﴾

Suwara-suwara padha meneng, konjem karana wedi marang Pengeran Kang Mahawelas. Sliramu ora krungu suwara apa-apa, kajaba mung suwara kleset-kleset. (108)

يَوْمَىِٕذٍ لَّا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ

Ing dina iku ora ana syafa’at (pitulung) kang migunani,

 اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ

kajaba syafa’ate wong kang pikantuk idzine Pengeran Kang Mahawelas,

 وَرَضِيَ لَهٗ قَوْلًا﴿109﴾

sarta kang disyafa’ati mau diridhani ngucapake pangucap kang njalari oleh syafa’at (yaiku pangucap: ‘La ilaaha IlalIah, Muhammaddur Rasulullah’). (109)

يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ

Panjenengane Ngudaneni kabeh kahanane para kawulane, padha uga kang wis kelakon lan kang durung kelakon.

 وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِهٖ عِلْمًا﴿110﴾

Lan ilmune wong-wong iku ora bisa nglimputi marang perkara kang kalimputan dening ilmune Allah. (110)

وَعَنَتِ الْوُجُوْهُ لِلْحَيِّ الْقَيُّوْمِۗ

Lan kabeh wajah padha konjem sujud marang Pengeran Kang Sugeng lan Kang Jumeneng Pribadi.

 وَقَدْ خَابَ مَنْ حَمَلَ ظُلْمًا﴿111﴾

Lan yekti nandhang kapitunan wong kang padha mikul dosa (111)

وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ

Dene wong kang nindakake kabecikan sarta dheweke iku iman,

 فَلَا يَخٰفُ ظُلْمًا وَّلَا هَضْمًا﴿112﴾

ora perlu kuwatir yen ta dikaniaya (klawan ditambah alane) lan ora perlu sumelang (kanthi dikurangi kebecikane). (112)

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا

Lan mengkono iku Ingsun wis nurunake kitab Qur’an kanthi basa Arab,

 وَّصَرَّفْنَا فِيْهِ مِنَ الْوَعِيْدِ

lan Ingsun nerangake ancaman ana ing kitab Qur’ an iku.

 لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ اَوْ يُحْدِثُ لَهُمْ ذِكْرًا﴿113﴾

Muga-muga wong-wong mau padha wedi marang Allah utawa dadi pepeling marang dheweke (113)

فَتَعٰلَى اللهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ

Panjenengane Allah Panguwasa Kang Sejati iku Mahaluhur.

 وَلَا تَعْجَلْ بِالْقُرْاٰنِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّقْضٰٓى اِلَيْكَ وَحْيُهٗۖ

(Muhammad), sira aja age-age ndhawuhake Qur’an, yen durung nampani saka Maiaikat Jibril klawan Iahir kang nganti terang tegese.

وَقُلْ رَّبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا﴿114﴾

Lan sira nyenyuwuna marang Allah mengkene: “Dhuh Pengeran kawula, mugi Paduka  Kersa nambahi kawruh dhumateng kawula.” (114)

وَلَقَدْ عَهِدْنَآ اِلٰٓى اٰدَمَ مِنْ قَبْلُ

Lan sadurunge kadadeyan wong-wong mau ngudari perjanjian, yekti Ingsun luwih dhisik wus Paring perjanjian marang Nabi Adam yaiku Ingsun larang cedhak-cedhak, (luwih maneh mangan sawenehing wohing wit)

 فَنَسِيَ وَلَمْ نَجِدْ لَهٗ عَزْمًا﴿115﴾ ع_

Dheweke nuli lali marang janjine, lan Ingsun ora nemu dheweke iku duwe kesabaran (115)

وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا

Nalikane Ingsun Ngendika marang para malaikat: “Padha sumungkema marang Adam, banjur padha sumungkem

 اِلَّآ اِبْلِيْسَ اَبٰىۗ﴿116﴾

Nanging iblis ora, dheweke mopo. (116)

فَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اِنَّ هٰذَا عَدُوٌّ لَّكَ وَلِزَوْجِكَ

Tumuli Ingsun Ngandika: He, Adam! Sayekti iki mungsuh tumrapmu lan tumrap garwamu,

 فَلَا يُخْرِجَنَّكُمَا مِنَ الْجَنَّةِ فَتَشْقٰى﴿117﴾

Mulane aja nganti sira sakaloron diwetokake saka ing suwarga, mundhak cilaka. (117)

اِنَّ لَكَ اَلَّا تَجُوْعَ فِيْهَا وَلَا تَعْرٰىۙ﴿118﴾

Sayekti ana ing kono sira tinamtu, yen ora bakal kaluwen lan ora bakal kawudan. (118)

وَاَنَّكَ لَا تَظْمَؤُا فِيْهَا وَلَا تَضْحٰى﴿119﴾

Lan ana ing kono tinamtu, yen sliramu ora bakal kesatan lan ora bakal kapanasan. (119)

فَوَسْوَسَ اِلَيْهِ الشَّيْطٰنُ

Ing kono setan banjur anggodha marang Adam,

 قَالَ يٰٓاٰدَمُ هَلْ اَدُلُّكَ عَلٰى شَجَرَةِ الْخُلْدِ

Ature: “Dhuh Adam. Punapa panjenengan kersa kula tedahaken wit langgeng

 وَمُلْكٍ لَّا يَبْلٰى﴿120﴾

sarta kraton ingkang boten saget risak? (Manawi panjenengan dhahar woh wit wau panjenengan langgeng wonten ing suwarga boten pejah). (120)

فَاَكَلَا مِنْهَا فَبَدَتْ لَهُمَا سَوْاٰتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفٰنِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَّرَقِ الْجَنَّةِۚ

Adam sakloron karo garwane banjur padha dhahar woh mau, sanalika banjur rumangsa wuda, katon kawirangane, nuli padha nganggo tutup (awer-awer) ron-ronan suwarga.

 وَعَصٰٓى اٰدَمُ رَبَّهٗ فَغَوٰىۖ﴿121﴾

Marga saka iku Adam kadukan ing Allah, lan luput pangarep-arepe. (121)

ثُمَّ اجْتَبٰىهُ رَبُّهٗ

Sawise kadukan banjur kapilih maneh dening Allah Pengerane,

 فَتَابَ عَلَيْهِ وَهَدٰى﴿122﴾

sarta diapura kaluputane, lan dituduhake dalan bener. (122)

قَالَ اهْبِطَا مِنْهَا جَمِيْعًاۢ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّۚ

Panjenengane Allah paring pangandika: “Sira sakloron padha mudhuna saka suwarga. Sira saturun-turunmu dadi mungsuhe iblis saturun-turune.

 فَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى ەۙ

Ing mengko menawa ana pituduh saka Ngarsa Ingsun,

 فَمَنِ اتَّبَعَ هُدٰيَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشْقٰى﴿123﴾

sing sapa manut pituduh Ingsun, yekti dheweke ora bakal kesasar lan cilaka. (123)

وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا

Dene sing sapa mlengos saka pepeling Ingsun (kitab Qur’an) yekti dheweke bakal nduweni penguripan kang rupeg.

 وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى﴿124﴾

Ing besuk dina qiyamat, wong mau Ingsun kelumpukake, nanging mripate wuta. (124)

قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرْتَنِيْٓ اَعْمٰى

Wong mau munjuk ing Allah: “Dhuh Pengeran kawula, kados pundi Paduka anglempakaken kawula kanthi mripat wuta,

 وَقَدْ كُنْتُ بَصِيْرًا﴿125﴾

ing mangka rumiyinipun kawula punika awas boten wuta?” (125)

قَالَ كَذٰلِكَ اَتَتْكَ اٰيٰتُنَا فَنَسِيْتَهَاۚ

Panjenengane Allah ngendika : “Iya mengkono Kersane Ingsun. Awit nalika ana ing donya, sira wis katekan ayat-ayat Ingsun, nanging sira lirwakake.

 وَكَذٰلِكَ الْيَوْمَ تُنْسٰى﴿126﴾

Mula ing dina iki sira uga dilalekake (ana ing neraka).” (126)

وَكَذٰلِكَ نَجْزِيْ مَنْ اَسْرَفَ وَلَمْ يُؤْمِنْۢ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖۗ

Lan mengkono iku Ingsun Paring piwales marang wong kang ngluwihi wates lan ora percaya (ora iman) marang ayat-ayat Pengerane.

 وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَشَدُّ وَاَبْقٰى﴿127﴾

Yekti siksa ing akhirat iku luwih banget lan luwih langgeng. (127)

اَفَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ يَمْشُوْنَ فِيْ مَسٰكِنِهِمْۗ

Apa Qur’an durung nedahake, wis kaping pira Ingsun ngrusak sadurunge wong-wong mau saka umat kang wis kuna kang negarane sok diliwati dening wong-wong mau?

 اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى﴿128﴾ ع_7

Satemene kang mengkono mau iku temen dadi tandha bebener tumrap wong kang duwe akal. (128)

وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ

Lan saupama luwih dhisik ora wis diputusake saka Ngarsa Pengeranmu (yaiku ngakhirake siksa)

 لَكَانَ لِزَامًا وَّاَجَلٌ مُّسَمًّىۗ ﴿129﴾

Lan ora ditetepake mangsane kang kasebut (ing dina qiyamat), satemene siksa iku kapatrapake marang dheweke ana ing donya iki. (129)

فَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ

Mulane (sliramu Muhammad) shabara yen krungu pangucape wong-wong kafir

 وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوْعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ غُرُوْبِهَاۚ

lan matura Tasbih  sarta sholata kelawan ngunjukake Pangalembana marang Pengeranmu ing wektu sadurunge mlethek lan sadurunge surup srengenge (yaiku sholat Shubuh lan ‘Ashar)

وَمِنْ اٰنَاۤئِ الَّيْلِ فَسَبِّحْ

Lan ing wayah wengi (Magrib lan lsa) sholata ngaturna Tasbih,

وَاَطْرَافَ النَّهَارِ لَعَلَّكَ تَرْضٰى﴿130﴾

Lan shalata ing wayah awan (Dzuhur), supaya sliramu nampa ganjaran Karidhan Peparinge Pengeran. (130)

وَلَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ اِلٰى مَا مَتَّعْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْهُمْ زَهْرَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ەۙ

Lan maneh mripatmu loro aja ndheleng marang peparing Ingsun kabungahan ing donya marang wong-wong kafir werna-werna.

 لِنَفْتِنَهُمْ فِيْهِۗ

Sumurupa, kabeh mau minangka kanggo nyoba marang wong-wong kafir.

 وَرِزْقُ رَبِّكَ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى﴿131﴾

Dene rezekine Allah kang wujud suwarga iku luwih becik sarta langgeng, ngungkuli peparing Ingsun marang wong- wong kafir mau. (131)

وَأْمُرْ اَهْلَكَ بِالصَّلٰوةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَاۗ

Lan sira prentaha marang kulawargamu supaya padha sholat, kanthi mantep lan telaten.

لَا نَسْـَٔلُكَ رِزْقًاۗ

Ingsun ora mundhut rezeki marang sliramu,

نَحْنُ نَرْزُقُكَۗ

ananging Ingsun Kang Paring rezeki.

 وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوٰى﴿132﴾

Dene wekasan kang becik utawa ganjaran suwarga, iku kaparingake marang wong kang ngabekti marang Panjenengane Allah. (132)

وَقَالُوْا لَوْلَا يَأْتِيْنَا بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖۗ

Lan wong-wong kafir (musyrik) padha ngucap mangkene: “Geneye (Muhammad) ora nekakake mukjizat marang ingsun saka Pengerane?”

 اَوَلَمْ تَأْتِهِمْ بَيِّنَةُ مَا فِى الصُّحُفِ الْاُولٰى﴿133﴾

Apa wong-wong mau durung ketekan keterangan-keterangan kang ana ing kitab kang dhisik (Taurat & Injil)? (133)

وَلَوْ اَنَّآ اَهْلَكْنٰهُمْ بِعَذَابٍ مِّنْ قَبْلِهٖ لَقَالُوْا

Lan saupama Ingsun numpes wong kafir iku kanthi siksa, tanpa ngutus Rasul dhisik, lan tanpa nurunake Qur’an, wong kafir mau besuk ing dina qiyamat, mesthi sesambat mengkene:

 رَبَّنَا لَوْلَآ اَرْسَلْتَ اِلَيْنَا رَسُوْلًا

“Dhuh Pengeran kawula. Awit saking punapa Paduka mboten kersa ngutus Rasul, ingkang nerang-nerangken dhumateng kawula.

 فَنَتَّبِعَ اٰيٰتِكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ نَّذِلَّ وَنَخْزٰى﴿134﴾

Upami Paduka ngutus Rasul, kawula temtu ngestokaken dhawuh lan prentah Paduka, saderengipun kawula dipun remehaken lan dipun siksa wonten ing neraka Jahannam.” (134)

قُلْ كُلٌّ مُّتَرَبِّصٌ فَتَرَبَّصُوْاۚ

(Muhammad) dhawuha: “Kabeh (aku Ian kowe) iki padha ngenteni (giliranne zaman). Jalaran saka iku sira padha ngentenana,

 فَسَتَعْلَمُوْنَ مَنْ اَصْحٰبُ الصِّرَاطِ السَّوِيِّ وَمَنِ اهْتَدٰى ﴿135﴾ ع_8 الجزء

Satemene sliramu bakal sumurup, sapa kang nduweni dalan kang bener lan sapa kang pikantuk pitedah.” (135)

***

 

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

 

 

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!