Terjemah Jawa Q.S. (11) Hud (Kanjeng Nabi Hud). 123 Ayat

Qur’an Surah (11) Hud (Kanjeng Nabi Hud), 123 ayat

سُورَةُ هُوْدٍ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

الۤرٰۗ كِتٰبٌ اُحْكِمَتْ اٰيٰتُهٗ

Alif Laam Raa (Namung Allah Pribadi Ingkang Priksa Maksudipun huruf-huruf punika) Qur’an iki kitab kang ayat-ayate kukuh sarta ora bakal rusak,

ثُمَّ فُصِّلَتْ مِنْ لَّدُنْ حَكِيْمٍ خَبِيْرٍۙ﴿1﴾

Nuli isine dijelasake, yaiku dhawuh saka Ngarsane Pengeran Kang Mahawicaksana Tur Mahawaspada.(1)

اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللهَۗ

(Perlune dhawuh) Supaya sira kabeh aja manembah, kajaba manembah ing Allah.

اِنَّنِيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ وَّبَشِيْرٌۙ﴿2﴾

(Dhawuha Muhammad): “Sayektine aku iki mung juru pepeling saka Panjenengane Allah marang sira sarta juru aweh warta bebungah.”(2)

وَّاَنِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ

Lan maneh, sliramu didhawuhi nyuwun pangapura marang Pengeranmu, sarta padha mareni tindak kaluputan.

يُمَتِّعْكُمْ مَّتَاعًا حَسَنًا اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى

Allah bakal Paring Kabungahan kang becik marang sliramu, lestari nganti tekan wewangening patimu.

وَّيُؤْتِ كُلَّ ذِيْ فَضْلٍ فَضْلَهٗۗ

Mengkono maneh Allah mesthi maringi ganjaran marang wong kang bener pikantuk ganjaran.

وَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيْرٍ﴿3﴾

Dene manawa sira padha mlengos marang dhawuh iki, Ingsun kuwatir besuk dina qiyamat sira bakal pikantuk siksa kang gedhe.(3)

اِلَى اللهِ مَرْجِعُكُمْۚ

Sira bakal padha dikondurake sowan ana ing Ngarsane Allah.

وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿4﴾

Allah iku Ingkang Mahakuwasa marang kabeh samubarang.(4)

اَلَآ اِنَّهُمْ يَثْنُوْنَ صُدُوْرَهُمْ لِيَسْتَخْفُوْا مِنْهُۗ

Elinga, wong munafiq iku sejatine padha nutupi batine, pamrihe supaya aja nganti kasumurupan anggone mungsuhi RasululIah.

اَلَا حِيْنَ يَسْتَغْشُوْنَ ثِيَابَهُمْۙ

Elinga, wong munafiq mau anggone nutupi wewadine koyo wong mujung nganggo jarite. Pangrasane wis rapet banget.

يَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَۚ

Ewadene Allah Uninga samubarang kang dienggo wewadi lan kang dilahirake dening wong munafiq kabeh.

اِنَّهٗ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ﴿5﴾

Satemene Allah iku Maha Ngudaneni barang kang disimpen dadi krenteg ana ing ati. (5)

الجزء_12      وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللهِ رِزْقُهَا

Lan ora ana kang gumremet ana ing bumi, kajaba mesthi diparingi rezeki dening Allah.

وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَاۗ

Apa dene Allah Mahauninga ing ngendi panggonan, lan saka ngendi pinangkane (kedadeyan saka endhog utawa liyane).

كُلٌّ فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ﴿6﴾

Kabeh iku wis katulis terang ana ing Lauhil Mahfudz.(6)

وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ

Panjenengane Allah iku Ingkang Mahanitahake langit lan bumi, lan isen-isene kabeh,

فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ وَّكَانَ عَرْشُهٗ عَلَى الْمَاۤءِ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًاۗ

Suwene nem dina rampung, sajeroning Allah Nitahake langit lan bumi mau kanggo nyoba marang sira kabeh sapa kang tumindake Iuwih becik.

وَلَىِٕنْ قُلْتَ اِنَّكُمْ مَّبْعُوْثُوْنَ مِنْۢ بَعْدِ الْمَوْتِ

(Muhammad) menawa sira dhawuh marang para umatmu kang padha kafir: “Ing besuk sira padha ditangekake saka pati. “

لَيَقُوْلَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ﴿7﴾

Wong kafir mesthi padha ngucap: “Qur’an iku dudu apa-apa, kajaba mung barang sihir kang nyata.” (7)

وَلَىِٕنْ اَخَّرْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ اِلٰٓى اُمَّةٍ مَّعْدُوْدَةٍ

Menawa anggon Ingsun Kersa Ngukum marang wong kafir, Ingsun srantekake tumeka mangsa kang tinemtokake,

لَّيَقُوْلُنَّ مَا يَحْبِسُهٗۗ

Mesthi wong kafir mau padha matur mengkene: “Punapata ingkang murungaken dhawahing ukuman punika, mboten wonten punapa-punapa.”

اَلَا يَوْمَ يَأْتِيْهِمْ لَيْسَ مَصْرُوْفًا عَنْهُمْ

sumurupa, ukuman iku yen wis tumeka dina tumibane, ora kena disingkiri,

وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ﴿8﴾ع_1

minangka patrapane wong kafir anggone padha anggeguyu, kang nempuh marang awake dhewe (8)

وَلَىِٕنْ اَذَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنَّا رَحْمَةً

Menawa manungsa iku Ingsun paringi weruh rasaning nikmat Ingsun sarwa sempulur rezeki lan kuwasane,

ثُمَّ نَزَعْنٰهَا مِنْهُۚ

Sawise mengkono banjur koncatan saka kabeh mau,

اِنَّهٗ لَيَـُٔوْسٌ كَفُوْرٌ﴿9﴾

mesthi banjur padha ngenes, sirna pangarep-arepe marang baline peparing Ingsun, kabeh mau dianggep ilang, ora atur panuwun.(9)

وَلَىِٕنْ اَذَقْنٰهُ نَعْمَاۤءَ بَعْدَ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُ

Dene menawa maune Ingsun kersakake nandhang sangsara, banjur Ingsun paringi weruh rasane Kamurahan Ingsun,

لَيَقُوْلَنَّ ذَهَبَ السَّيِّاٰتُ عَنِّيْۗ اِنَّهٗ لَفَرِحٌ فَخُوْرٌۙ﴿10﴾

Mesthi banjur ngucap mengkene: “Lah, saiki sangsara wis ilang, mengkene iki wis lumrah, dadi ubengane jagad.” Temen dheweke padha bungah-bungah sarta ambeg kumalungkung.(10)

اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ

Kajaba wong kang padha sabar, teguh atine anggone nandhang sangsara, sarta padha atindak becik, lan syukur anggone nampa nikmat.

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ﴿11﴾

Wong kang mengkono iku tetep pikantuk pangapuraning Allah lan pikantuk ganjaran kang gedhe.(11)

فَلَعَلَّكَ تَارِكٌۢ بَعْضَ مَا يُوْحٰٓى اِلَيْكَ وَضَاۤىِٕقٌۢ بِهٖ صَدْرُكَ

(Muhammad) barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sliramu, supaya sira wratakna marang kabeh wong, mbok menawa ana sethithik kang kecer, ora katut sira wratakake, amarga atimu kuwatir

اَنْ يَّقُوْلُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ كَنْزٌ اَوْ جَاۤءَ مَعَهٗ مَلَكٌۗ

mbok menawa wong kafir padha mangsuli mengkene: “Kenging punapa Allah boten maringi bandha kathah dhateng Panjenengan, mekaten malih dumawahing Dhawuh punika mboten mawi dipun iring dening para Malaikat?”

اِنَّمَآ اَنْتَ نَذِيْرٌۗ

(Muhammad) sumurupa, sira iku mung kewajiban andhawuhake prentah lan memedeni larangan marang para umatmu. Sira iku mung juru-pepeling;

وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌۗ﴿12﴾

Lan Allah iku Ingkang Maharumeksa marang samubarang. (12)

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُۗ

Wong kafir mau apa malah ngucap mengkene: “Qur’an iku anggone gawe-gawe Muhammad dhewe.”

قُلْ فَأْتُوْا بِعَشْرِ سُوَرٍ مِّثْلِهٖ مُفْتَرَيٰتٍ

(Muhammad) dhawuha: “Menawa sira padha maido mara padha nganggita, gawe sepuluh surat wae kang madhani Qur’an iki, patitise lan sedep manis ukarane

وَّادْعُوْا مَنِ اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿13﴾

Sabisa-bisa nyambata tetulung saliyane Allah. Menawa pangucapmu bener bisa nganggit.”(13)

فَاِلَّمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَكُمْ فَاعْلَمُوْٓا

Dene menawa sira ora bisa nganggit, ing kono sira padha sumurup,

اَنَّمَآ اُنْزِلَ بِعِلْمِ اللهِ

menawa Qur’an iku tetela dudu gaweyane manungsa, sayektine Qur’an iku tinurunake kanthi Ngilmune Allah,

وَاَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ

Lan maneh sira sumurupa, satemene ora ana sesembahan kang sejati, kajaba mligi Allah piyambak.

فَهَلْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ﴿14﴾

Sarehne wis terang kaya mengkono iki, sira banjura padha Islam.(16)

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا وَزِيْنَتَهَا

Sing sapa nindakake kabecikan, mung dienggo ngarah kebungahan lan rerenggan ing ngalam donya,

نُوَفِّ اِلَيْهِمْ اَعْمَالَهُمْ فِيْهَا وَهُمْ فِيْهَا لَا يُبْخَسُوْنَ﴿15﴾

iku anggone nindakake kebecikan mau iya Ingsun tanjakake pikantuk pituwas kebungahan ana ing donya.(15)

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَيْسَ لَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا النَّارُۖ

Wong kang mengkono iku mbesuk ana ing akhirat, ora bakal pikantuk pitulungan apa-apa kajaba mung neraka.

وَحَبِطَ مَا صَنَعُوْا فِيْهَا وَبٰطِلٌ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿16﴾

Awit pituwasing kangelane wis ditampani nalika ana ing donya. Dene ana ing akhirat, ora duwe kebecikan apa-apa. Kabecikane nalika ana ing donya wis larut sirna kabeh.(16)

اَفَمَنْ كَانَ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖ

Apa wong kang kadunungan bukti terang saka Pengerane (iku padha karo wong sing mlengosake?)

وَيَتْلُوْهُ شَاهِدٌ مِّنْهُ

Sarta wis diwaca dening Malaikat Jibril kang nyekseni menawa Qur’an iku temen dhawuhe Allah,

وَمِنْ قَبْلِهٖ كِتٰبُ مُوْسٰٓى اِمَامًا وَّرَحْمَةًۗ

apadene biyen sadurunge Qur’an iku ana, kitabe Nabi Musa kang aran Taurat, kang dadi panutane wong bani lsrail minangka rahmat, iya wis maca lan nyekseni menawa Qur’an iku temen dhawuhe Allah. Wong kang sumungkem ngestokake Qur’an mau, apa padha wae karo wongkang ngarah kabungahan ing donya? Mesthi beda banget.

اُولٰۤىِٕكَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖۗ

Wong kang sumungkem ing Qur’an, mesthi ngestokake apa prentahe Qur’an.

وَمَنْ يَّكْفُرْ بِهٖ مِنَ الْاَحْزَابِ فَالنَّارُ مَوْعِدُهٗ

Dene wong kafir kang padha maido Qur’an, iku digadhang-gadhang mlebu neraka,

فَلَا تَكُ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْهُ اِنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ

kang mengkono iku sira aja mamang-mamang maneh awit iku temen dhawuhe Pengeranmu,

وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿17﴾

Ewadene manungsa iku akeh-akehe padha ora percaya.(17)

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللهِ كَذِبًاۗ

Ora ana wongkang luwih nganiaya marang awake dhewe tinimbangane wong kang gawe-gawe nyeriterak’ake sarirane Allah klawan goroh.

اُولٰۤىِٕكَ يُعْرَضُوْنَ عَلٰى رَبِّهِمْ

Wong kang mengkono iku ing besuk ana ing akhirat, padha disowanake marang Ngarsane Allah Pengerane, bakal ditetepake kaluputane,

وَيَقُوْلُ الْاَشْهَادُ هٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ كَذَبُوْا عَلٰى رَبِّهِمْۚ

dene kang maju dadi seksi, yaiku para Malaikat lan Nabi, kabeh padha munjuk ing Allah: “Tiyang punika sami ngrahosi sariraning Pengeranipun kaliyan dora.”

اَلَا لَعْنَةُ اللهِ عَلَى الظّٰلِمِيْنَۙ﴿18﴾

Ing kono bebenduning Allah mesthi nempuh marang wong kang ngrasani sariraning Pengeran kanthi goroh.(18)

الَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللهِ

Kang padha nyimpang saka dedalaning Allah

وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۗ

sarta padha pamrih menggoke iku.

وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كٰفِرُوْنَ﴿19﴾

Lan dheweke padha ora percaya marang akhirat.(19)

اُولٰۤىِٕكَ لَمْ يَكُوْنُوْا مُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِ

Wong-wong kang mengkono iku ora bisa ngalang-alangi marang Allah anggone Kersa Nandukake ukumane ana ing bumi,

وَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ مِنْ اَوْلِيَاۤءَۘ

Sarta padha ora duwe tetulung kang bisa nulak ukumane Allah, kajaba Allah Piyambak.

يُضٰعَفُ لَهُمُ الْعَذَابُۗ

Ing besuk ana ing akhirat, bakal dipatrapi ukuman kang tikel-matikel.

مَا كَانُوْا يَسْتَطِيْعُوْنَ السَّمْعَ

Wong kang mengkono iku prasasat pangrungune ora bisa krungu pitutur bener,

وَمَا كَانُوْا يُبْصِرُوْنَ﴿20﴾

lan mripate ora bisa sumurup tetuladhan kang prayoga. (20)

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ

Wong kang mengkono iku tetela gawe kapitunane awake dhewe, ora bisa tampa Welasasihe Allah.

وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ﴿21﴾

Dene anggone gawe-gawe ngarani menawa brahala iku besuk ana ing akhirat bakal mitulungi marang dheweke, ing dina iku tetela cidra.(21)

لَا جَرَمَ اَنَّهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ هُمُ الْاَخْسَرُوْنَ﴿22﴾

Wis mesthi wae wongkang mengkono iku besuk ana ing akhirat, ngalami luwih dening kapitunan lan cilaka.(22)

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

Sayektine wong-wong kang padha iman lan padha nindakake kabecikan,

وَاَخْبَتُوْٓا اِلٰى رَبِّهِمْۙ

apadene kang padha sumungkem konjem marang Pengerane,

اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِۚ

iku bakal padha pikantuk ganjaran suwarga,

هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿23﴾

Dheweke kabeh ing kono bakal padha langgeng.(23)

مَثَلُ الْفَرِيْقَيْنِ كَالْاَعْمٰى وَالْاَصَمِّ وَالْبَصِيْرِ وَالسَّمِيْعِۗ

Sanepane wong rong golongan (wong kafir lan wong mukmin), iku kaya upamane wong kang tunanetra lan tunapangrungu ditanding karo wong kang wutuh paningale lan pangrungune,

هَلْ يَسْتَوِيٰنِ مَثَلًاۗ

Apa iya padha wae, mesthi beda banget.

اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ﴿24﴾ع_2

Apa umatmu ora padha ngrasakake kang mengkono mau. (24)

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖٓ اِنِّيْ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۙ﴿25﴾

Lan Ingsun wus temen ngutus Nabi Nuh. Ingsun kersakake andhawubi para umate, dhawuhe Nabi Nub mengkene: “Ingsun iki memulang lan atur pepeleng marang sira kabeh.” (25)

اَنْ لَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللهَۖ

“Sira aja padha manembah, saliyane manembah ing Allah.

اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ اَلِيْمٍ﴿26﴾

Satemene Ingsun kuwatir, menawa sira nganti manembah saliyane Allah, mesthi besuk dina qiyamat bakal pikantuk siksa kang nglarani.” (26)

فَقَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ مَا نَرٰىكَ اِلَّا بَشَرًا مِّثْلَنَا

Para umate Nabi Nuh kang padha kafir banjur padha mangsuli: “Dhuh Nabi Nuh, pamanggih kula, panjenengan punika inggih tiyang kados kula kemawon,

وَمَا نَرٰىكَ اتَّبَعَكَ اِلَّا الَّذِيْنَ هُمْ اَرَاذِلُنَا بَادِيَ الرَّأْيِۚ

lan malih para tiyang ingkang sami purun nurut ndherek dhateng panjenengan punika namung kanca kula ingkang sami tiyang andhahan, sarta anggenipun ndherek panjenengan wau tanpa dipun penggalih.

وَمَا نَرٰى لَكُمْ عَلَيْنَا مِنْ فَضْلٍۢ

Punapa dene pamanggih kula, panjenengan punika boten kagungan kaluwihan punapa-punapa ingkang panjenengan damel ngungkuli dhateng kula,

بَلْ نَظُنُّكُمْ كٰذِبِيْنَ﴿27﴾

malah pamanggih kula, panjenengan punika dora.” (27)

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَاٰتٰىنِيْ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِهٖ

Nabi Nuh paring wangsulan: “He para umatku, kepriye panemumu, anggonku paring pitutur marang sliramu kanthi bukti kang terang saka Pengeranku, mratandhani menawa Ingsun temen diutus dening Pengeraninsun, sarta Allah paring rahmat marang ingsun,

فَعُمِّيَتْ عَلَيْكُمْۗ اَنُلْزِمُكُمُوْهَا وَاَنْتُمْ لَهَا كٰرِهُوْنَ﴿28﴾

Ewadene sira tetep padha ragu marang bukti kang terang mau. Apa ingsun kudu anjiyad sliramu, ing kamangka sira padha gething?” (28)

وَيٰقَوْمِ لَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مَالًاۗ

“He para umatku. Anggonku dhawuhake prentahe Allah marang sira ora pisan-pisan ngarah pituwas bandha saka sliramu.

اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللهِ

Kang maringi ganjaran marang ingsun mung Allah piyambak,

وَمَآ اَنَا۠ بِطَارِدِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ

lan ingsun ora gelem nulak sedhengah wong kang kudu percaya ing Allah,

اِنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَلٰكِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُوْنَ﴿29﴾

sanajan kang kudu percaya mau wong ina papa, awit wong kang percaya mau padha sowan ing Ngarsane Pangerane. Dadi panemuku sira sakancamu iku padha ora mangerti.” (29)

وَيٰقَوْمِ مَنْ يَّنْصُرُنِيْ مِنَ اللهِ اِنْ طَرَدْتُّهُمْۗ

“He para ummatingsun. Wong kang padha percaya ing Allah iku percayane padha terus ing ati kang suci. Menawa ingsun wani nulak marang wong kang padha percaya mau, dadi ingsun nemahi kaluputan, ing tembe sapa kang kaconggah nulungi ingsun, nulak siksaning Allah.

اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ﴿30﴾

Apa kang mengkono mau ora padha sira pikir?” (30)

وَلَآ اَقُوْلُ لَكُمْ عِنْدِيْ خَزَاۤىِٕنُ اللهِ

“Lan maneh ingsun ora ngendika marang sira menawa ingsun nyekel gudhanging rizki Allah,

وَلَآ اَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَآ اَقُوْلُ اِنِّيْ مَلَكٌ

lan ingsun ora ngaku weruh barang kang samar-samar (ghaib) mengkono maneh ingsun ora ngendika marang sira, menawa ingsun iki Malaikat

وَّلَآ اَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ تَزْدَرِيْٓ اَعْيُنُكُمْ لَنْ يُّؤْتِيَهُمُ اللهُ خَيْرًاۗ

sarta ora ngarani menawa wong kang padha sira arani ina papa iku bakal ora diparingi begja dening Allah.

اَللهُ اَعْلَمُ بِمَا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْۚ

Allah luwih dening Uninga marang sakrentegng atine wong kang padha percaya mau.

اِنِّيْٓ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ﴿31﴾

Menawa ingsun waniya ngendika mengkono mau, dadi ingsun klebu wong kang nganiaya awake dhewe.” (31)

قَالُوْا يٰنُوْحُ قَدْ جَادَلْتَنَا فَاَكْثَرْتَ جِدَالَنَا

Para umate Nabi Nuh kang padha kafir banjur mangsuli: “Dhuh Nabi Nuh, panjenengan sampun mabeni kathah-kathah dhateng kula.

فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ﴿32﴾

Menawa anggen panjenengan ngaken Utusaning Allah punika sayektos temen, sumangga panjenengan dhatengaken siksa ingkang panjenengan ancamaken dhateng kula punika.” (32)

قَالَ اِنَّمَا يَأْتِيْكُمْ بِهِ اللهُ اِنْ شَاۤءَ

Nabi Nuh paring wangsulan: “Kang bakal ndatengake azab marang sira iku Allah, menawa dadi Kepareng Kersane, dudu Ingsun.

وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ﴿33﴾

Sira mesthi padha ora bisa ngapesake marang Allah anggone kersa paring azab marang sira.” (33)

وَلَا يَنْفَعُكُمْ نُصْحِيْٓ اِنْ اَرَدْتُّ

“Lan ora migunani pitutur ingsun marang sliramu,

اَنْ اَنْصَحَ لَكُمْ اِنْ كَانَ اللهُ يُرِيْدُ اَنْ يُّغْوِيَكُمْۗ

menawa Allah wis nemtokake sliramu pinasthi kesasar.

هُوَ رَبُّكُمْۗ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَۗ﴿34﴾

Allah iku Pengeranmu. Ing tembe sira bakal padha digiring kondur marang Ngarsane Allah.” (34)

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُۗ

Yagene wong-wong padha ngucap menawa Nabi Nuh iku gawe-gawe.

قُلْ اِنِ افْتَرَيْتُهٗ فَعَلَيَّ اِجْرَامِيْ

(Nabi Nuh) dhawuha: “Menawa kepara nyata ingsun iku gawe-gawe, mesthi ingsun bakal nyangga patrapane wongkang gawe-gawe.

وَاَنَا۠ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُجْرِمُوْنَ﴿35﴾ ع_3

Dene anggonmu padha ndakwa marang ingsun gawe-gawe, iku ingsun babarpisan ora mengkono.” (35)

وَاُوْحِيَ اِلٰى نُوْحٍ

Nabi Nuh banjur diparingi wahyu dening Allah,

اَنَّهٗ لَنْ يُّؤْمِنَ مِنْ قَوْمِكَ اِلَّا مَنْ قَدْ اٰمَنَ

Pangandikane Allah: “He Nabi Nuh para umatmu iku wis mesthi ora bakal percaya marang sliramu, kajaba kang maune wis percaya.

فَلَا تَبْتَىِٕسْ بِمَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَۖ﴿36﴾

Mulane saiki sira wis aja sedih ngrasakake kang ditindakake dheweke. (36)

وَاصْنَعِ الْفُلْكَ بِاَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا

“Saiki sira gaweya prahu kanthi Panilikan lan pituduh wahyu saka Ingsun.

وَلَا تُخَاطِبْنِيْ فِى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۚ اِنَّهُمْ مُّغْرَقُوْنَ﴿37﴾

Wis ora usah matur marang Ingsun babagan para umatmu kang padha nganiaya, dheweke kabeh wis Ingsun temtokake rusak kanthi kinelem ing banjir.” (37)

وَيَصْنَعُ الْفُلْكَۗ

Nabi Nuh banjur gawe prahu kaya kang wis didhawuhake dening Allah.

وَكُلَّمَا مَرَّ عَلَيْهِ مَلَاٌ مِّنْ قَوْمِهٖ سَخِرُوْا مِنْهُۗ

Saben ana umate Nabi Nuh kang dadi pangarep liwat ana ing panggonan penggawening prahu mau, banjur padha memoyoki marang Nabi Nuh anggone gawe prahu.

قَالَ اِنْ تَسْخَرُوْا مِنَّا فَاِنَّا نَسْخَرُ مِنْكُمْ كَمَا تَسْخَرُوْنَۗ﴿38﴾

Nabi Nuh banjur paring wangsulan: “Sarehning sira padha memoyoki anggoningsun gawe prahu, ingsun iya memoyoki anggonira padha bodho, dene padha nindakake barang kang andadekake dedukaning Allah. Anggoningsun memoyoki marang sira padba wae karo anggonmu memoyoki marang ingsun. ” (38)

فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ

“Lah sira kabeh bakal padha weruh,

مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ

sapa kang bakal kataman azab kang angasorake,

وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ﴿39﴾

lan sapa kang bakal katiban azab kang awet.” (39)

حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَ اَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّوْرُۙ

Sarampunge anggone gawe prahu Nabi Nuh, bebendune Allah banjur teka, kang dadi kawitan, ana banyu mancur, metu saka pawone wong kang gawe roti,

قُلْنَا احْمِلْ فِيْهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَاَهْلَكَ

Pangandikaningsun marang Nabi Nuh: “Sira ngamota ing prahu sawarnaning kang mawa nyawa, sajodo-jodo, lanang lan wadon, lan uga ngamota para wargamu, anak lan batih,

اِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ وَمَنْ اٰمَنَۗ وَمَآ اٰمَنَ مَعَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلٌ﴿40﴾

kajaba wongkang wis Ingsun Pangandikakake pinasti bakal rusak. Mengkono maneh ngamota wong kang percaya marang Ingsun, nanging ora liya kang iman iku mung sethithik. (40)

وَقَالَ ارْكَبُوْا فِيْهَا

Nabi Nuh dhawuh marang wagane: “Mara padha nungganga perahu, kalawan nyebut mengkene:

بِسْمِ اللهِ مَجْرٰىهَا وَمُرْسٰىهَاۗ

“Lumakune lan mandege prahu kanthi Asmane Allah”.

اِنَّ رَبِّيْ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿41﴾

Satemene Pengeraningsun temen Maha Paring Pangapura, tur Ingkang Mahaasih. (41)

وَهِيَ تَجْرِيْ بِهِمْ فِيْ مَوْجٍ كَالْجِبَالِۗ

Prahu mau banjur lumaku kumambang, angemot Nabi Nuh dalah para wargane, nerjang ombak pirang pirang kang dhuwure persasat gunung.

وَنَادٰى نُوْحُ ِۨابْنَهٗ وَكَانَ فِيْ مَعْزِلٍ

Nabi Nuh angundhag putrane lanang, kang panggonane adoh saka ing perahu:

يّٰبُنَيَّ ارْكَبْ مَّعَنَا

“He anakingsun, ayo padha nunggang perahu karo ingsun.

وَلَا تَكُنْ مَّعَ الْكٰفِرِيْنَ﴿42﴾

Sira aja melu wong kang padha kafir (42)

قَالَ سَاٰوِيْٓ اِلٰى جَبَلٍ يَّعْصِمُنِيْ مِنَ الْمَاۤءِۗ

Putrane mangsuli: “Mangke kula badhe ngili dhateng puncak ing redi kemawon. Punika ingkang milujengaken kula saking toya banjir”.

قَالَ لَا عَاصِمَ الْيَوْمَ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ اِلَّا مَنْ رَّحِمَۚ

Nabi Nuh ngendika maneh: “Dhawuhing Allah ing dina iki ora ana kang bisa nyelametake wong saka ukumaning Allah kajaba mung Allah Pengeran kang sifat Asih.

وَحَالَ بَيْنَهُمَا الْمَوْجُ فَكَانَ مِنَ الْمُغْرَقِيْنَ﴿43﴾

Putrane Nabi Nuh banjur kaling-kalingan ombak gedhe, sabanjure mati kelem awor-wong kafir akeh. (43)

وَقِيْلَ يٰٓاَرْضُ ابْلَعِيْ مَاۤءَكِ

Banjur ana pangandikane Allah: “He bumi, sira nyesepa banyu kang ana ing lumahmu.

وَيَاسَمَاۤءُ اَقْلِعِيْ وَغِيْضَ الْمَاۤءُ

He langit, sira uwisa anggonmu nurunake udan”. Ing kono banyu banjur sangsaya asat.

وَقُضِيَ الْاَمْرُ

Ukuman kang diancamake dening Allah wis kaleksanan.

وَاسْتَوَتْ عَلَى الْجُوْدِيِّ

Sa’asating banyu, perahu banjur nandhes ana ing gunung Judiyy.

وَقِيْلَ بُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ﴿44﴾

Banjur ana dhawuh maneh: “Saiki wong kang duraka marang Allah wis sirna kabeh”(44)

وَنَادٰى نُوْحٌ رَّبَّهٗ فَقَالَ رَبِّ اِنَّ ابْنِيْ مِنْ اَهْلِيْۚ

Nabi Nuh banjur monjuk atur ing Pengerane, ature: “Dhuh Allah Pengeran kawula, anak kawula kalebet warga kawula

وَاِنَّ وَعْدَكَ الْحَقُّ وَاَنْتَ اَحْكَمُ الْحٰكِمِيْنَ﴿45﴾

saestunipun dhawuh janji Paduka badhe maringi wilujeng dhumateng kawula, dalah para warga kawula punika temen nyata mboten cidra. Paduka punika langkung dening Mahawicaksana, sarta hukum Paduka punika sakalangkung adil.” (45)

قَالَ يٰنُوْحُ اِنَّهٗ لَيْسَ مِنْ اَهْلِكَۚ

Pangandikane Allah: “He Nuh, anakmu iku dudu wargamu.

اِنَّهٗ عَمَلٌ غَيْرُ صَالِحٍ

Awit kelakuane ora becik.

فَلَا تَسْـَٔلْنِ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌۗ

Sira aja wani-wani nyenyuwun marang Ingsun, nyuwunake selameting wong kang ora sira weruhi sajatine.

اِنِّيْٓ اَعِظُكَ اَنْ تَكُوْنَ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ﴿46﴾

Sira Ingsun penging, aja dadi ewone wong kang bodho, ora weruh bener luputing panyuwunmu” (46)

قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِكَ اَنْ اَسْـَٔلَكَ مَا لَيْسَ لِيْ بِهٖ عِلْمٌۗ

Nabi Nuh banjur monjuk atur ing Allah: “Dhuh Pengeran, kawula nyuwun Reksa Paduka, saha nyuwun pangapunten saking atur panyuwunan ingkang kawula mboten kadunungan kawruhipun

وَاِلَّا تَغْفِرْ لِيْ وَتَرْحَمْنِيْٓ اَكُنْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ﴿47﴾

Menawi mboten wonten sih Pangapunten Paduka dhumateng kawula saestu kawula punika dados tetiyang kapitunan utawi cilaka” (47)

قِيْلَ يٰنُوْحُ اهْبِطْ بِسَلٰمٍ مِّنَّا

Nabi Nuh banjur tampa dhawuh Pangandikaning Allah: “He Nabi Nuh, saiki sira mudhuna saka ing perahu, kelawan selamet lan tentrem awit saka Kersaningsun.

وَبَرَكٰتٍ عَلَيْكَ وَعَلٰٓى اُمَمٍ مِّمَّنْ مَّعَكَۗ

Berkah Ingsun Paringake marang sliramu lan para ummatmu kang padba ndherek sira ana ing perahu dalah anak putune.

وَاُمَمٌ سَنُمَتِّعُهُمْ

Dene ummat sapungkurmu besuk padha Ingsun paringi kabungahan ana ing donya.

ثُمَّ يَمَسُّهُمْ مِّنَّا عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿48﴾

Dene besuk ana ing akhirat, bakal padha nandhang siksa neraka kang nglarani.” (48)

تِلْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهَآ اِلَيْكَۚ

(Muhammad) lelakone Nabi Nuh kang Ingsun ceritakake marang sira, iku ewone cerita ghaib. Ingsun wedarake marang sira,

مَا كُنْتَ تَعْلَمُهَآ اَنْتَ وَلَا قَوْمُكَ مِنْ قَبْلِ هٰذَاۚ فَاصْبِرْۚ

Sadurunge Ingsun wedarake, sira ora mangerti. Sira shabara saka pialane ummatmu kang padha musyrik kaya shabate Nabi Nuh biyen.

اِنَّ الْعَاقِبَةَ لِلْمُتَّقِيْنَ﴿49﴾ ع_4

Satemene ganjaran ing akhirat iku tumrap wong kang wedi ing Allah. (49)

وَاِلٰى عَادٍ اَخَاهُمْ هُوْدًاۗ

Mangkono uga Ingsun ngutus Nabi Hud, Ingsun kersakake memulang marang para sedulure (kaume), yaiku goiongan kang aran ‘AAD.

قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ

Nabi Hud banjur ndhawuhake mangkene: “He para saduluringsun, sira padha manembaha ing Allah. Sira ora duwe Pengeran saliyane Allah.

اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا مُفْتَرُوْنَ﴿50﴾

Anggonmu padha manembah brahala iku luput. ” (50)

يٰقَوْمِ لَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًاۗ

He para kaum ingsun. Anggoningsun aweh pitutur marang sira iki, ingsun ora njaluk pituwas apa-apa marang sira.

اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى الَّذِيْ فَطَرَنِيْۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ﴿51﴾

Dene kang ngganjar marang ingsun mung Allah kang nitahake ingsun. Ya gene sira teka padha ora mikir kang mengkono iku. (51)

وَيٰقَوْمِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ

He para kaum ingsun, sira padha percayaa, lan padha nyuwuna pangapuraning Allah Pangeranmu, lan padha marenana anggonmu padha manembah brahala.

يُرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًا

Yen sira padha ngestokake pitutur iki, Allah bakal maringi udan saka ing Iangit kelawan lumintu.

وَّيَزِدْكُمْ قُوَّةً اِلٰى قُوَّتِكُمْ

Apadene bakal nambahi kasantosan lan gagah prakosamu,

وَلَا تَتَوَلَّوْا مُجْرِمِيْنَ﴿52﴾

lan maneh sira aja nulak dhawuhing Allah kang ingsun undangake iki. Aja mlengos, marenana anggonmu padha nglakoni duraka.” (52)

قَالُوْا يٰهُوْدُ مَا جِئْتَنَا بِبَيِّنَةٍ

Para kaume Nabi Hud banjur padha matur mangsuli: “He Nabi Hud, anggen panjenengan dhawuh punika teka boten mawi tandha yekti, ingkang mratandani menawi panjenengan punika temen Utusanipun Pengeran.

وَّمَا نَحْنُ بِتَارِكِيْٓ اٰلِهَتِنَا عَنْ قَوْلِكَ وَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِيْنَ﴿53﴾

Kula mangsa puruna mantuni anggen kula manembah Pengeran kawula brahala, kelu dhateng pitutur Panjenengan. Cekakipun, kula punika sami boten pitados dhateng panjenengan. (53)

اِنْ نَّقُوْلُ اِلَّا اعْتَرٰىكَ بَعْضُ اٰلِهَتِنَا بِسُوْۤءٍۗ

“Kita boten gadhah atur punapa maleh, kajawi namung mastani panjenengan punika tetela kenging sesikunipun Pengeran kula brahala. Mila lajeng wicanten mboten leres kados makaten punika.”

قَالَ اِنِّيْٓ اُشْهِدُ اللهَ وَاشْهَدُوْٓا اَنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ﴿54﴾

Nabi Hud mangsuli: “Saiki ingsun seksekake marang Allah, lan sira uga neksenana menawa ingsun ora melu-melu anggonmu padha mangro tingal.” (54)

مِنْ دُوْنِهٖ

Mangeran saliyane Allah, yaiku brahala.

فَكِيْدُوْنِيْ جَمِيْعًا ثُمَّ لَا تُنْظِرُوْنِ﴿55﴾

Lan mara saiki apa sakarepmu anggonmu arep nandukake piala marang ingsun, leksanana kanthi brahalamu, aja nganggo sira srantekake. (55)

اِنِّيْ تَوَكَّلْتُ عَلَى اللّٰهِ رَبِّيْ وَرَبِّكُمْۗ

Ingsun pasrah tawakal nyumanggakake apa sakersane Allah, iya iku Pengeraningsun lan Pengeranmu.

مَا مِنْ دَاۤبَّةٍ اِلَّا هُوَ اٰخِذٌۢ بِنَاصِيَتِهَاۗ

Ora ana samubarang kang gumremet ana ing bumi iki kabeh kajaba ana Panguwasane Allah sarta Panjenengane kang ngasta jambul kuncunge.

اِنَّ رَبِّيْ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿56﴾

Senajan mengkono, Pangeraningsun Anglenggahi dalan bener, kanthi Adil Ora Nindakake sawenang-wenang. (56)

فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ مَّآ اُرْسِلْتُ بِهٖٓ اِلَيْكُمْۗ

Menawa sira padha mlengos, ngemohi pitutur ingsun, ingsun ora bakal kahinan, wis andhawuhake anggoningsun diutus memulang marang sira.

وَيَسْتَخْلِفُ رَبِّيْ قَوْمًا غَيْرَكُمْۗ

Menawa mengkono, kersaning Pangeran ingsun, sira bakal padha disirnakake, disalini wong liyane.

وَلَا تَضُرُّوْنَهٗ شَيْـًٔاۗ

Pengeraningsun anggone nyirnakake sira ora kapitunan apa-apa.

اِنَّ رَبِّيْ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَفِيْظٌ﴿57﴾

Satemene Pengeraningsun Allah iku Ingkang Maharumeksa marang kabeh samubarang. (57)

وَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا

Bareng ukuman Ingsun wis tumeka, wong ‘Ad kang padha kafir mau padha mati,

نَجَّيْنَا هُوْدًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّاۚ

nanging Nabi Hud dalah para kaume para wong kang iman padha Ingsun paringi selamet, pikantuk rahmat Ingsun,

وَنَجَّيْنٰهُمْ مِّنْ عَذَابٍ غَلِيْظٍ﴿58﴾

ora melu kambah ing siksa sarta Ingsun selametake saka siksa kang abot. (58)

وَتِلْكَ عَادٌۖ

Mara delengen iku patilasane wong ‘Ad,

جَحَدُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ وَعَصَوْا رُسُلَهٗ

biyen padha maido ayat-ayate Pengerane, apa dene padha ambangkang prentah Rasule

وَاتَّبَعُوْٓا اَمْرَ كُلِّ جَبَّارٍ عَنِيْدٍ﴿59﴾

lan padha nurut pangajaking panggedhe kang gumedhe tur angas (maido) ing Allah. (59)

وَاُتْبِعُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا لَعْنَةً وَّيَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ

Wong Ad mau padha dipatrapi ukuman matumpa-tumpa ana ing donya lan besuk ana ing akherat,

اَلَآ اِنَّ عَادًا كَفَرُوْا رَبَّهُمْۗ

awit wong Ad iku padha mlengosake bebener saka Pengerane.

اَلَا بُعْدًا لِّعَادٍ قَوْمِ هُوْدٍ﴿60﴾ ع_5

Mulane wis samesthine wong Ad kaume Nabi Hud iku didohake saka rahmate Allah. (60)

وَاِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًاۘ

Mengkono maneh Ingsun ngutus Nabi Shalih, Ingsun kersa’ake memulang marang para sedulure, yaiku wong golongan Tsamud.

قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ

Nabi Shalih banjur dhawuh mengkene: “He para sedulur ingsun, sira padha manembaha ing Allah, sira ora duwe Pengeran, kajaba mung Allah,

هُوَ اَنْشَاَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ وَاسْتَعْمَرَكُمْ فِيْهَا

Ingkang Nitahake sira saka lemah, sarta ndawa’ake umurmu minangka kanggo ngregengakake bumi.

فَاسْتَغْفِرُوْهُ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِۗ

Mulane padha nyuwuna pangapurane Allah sarta tobata marang Allah. Marenana anggonmu padha mangro tingal.

اِنَّ رَبِّيْ قَرِيْبٌ مُّجِيْبٌ﴿61﴾

Satemene Pengeran ingsun Allah iku Cedhak marang para wong mukmin, lan Nyembadani panyuwune.” (61)

قَالُوْا يٰصٰلِحُ قَدْ كُنْتَ فِيْنَا مَرْجُوًّا قَبْلَ هٰذَآ

Wong Tsamud banjur padha matur mangsuli: “Dhuh Nabi Shalih, ing saderengipun panjenengan punika dados pangajeng kita, nglestantunaken agami ingkang sampun kita lampahi salami-laminipun. Ewadene ingkang dados gething manah kita,

اَتَنْهٰىنَآ اَنْ نَّعْبُدَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَا

dene panjenengan teka ngawisi anggen kita sami manembah brahala, sesembahanipun para leluhur kita.

وَاِنَّنَا لَفِيْ شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُوْنَآ اِلَيْهِ مُرِيْبٍ﴿62﴾

Sayektosipun anggen panjenengan dhawuh manembah ing Allah punika kita taksih mamang, dereng pitados bilih dhawuh panjenengan punika leres.” (62)

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْۗ

Nabi Shalih banjur paring pangandikan maneh: “He para sedulur ingsun, kepriye panemumu, anggon ingsun paring pitutur marang sira iki kanthi tandha bebener kaelokan, saka Pangeran ingsun,

وَاٰتٰىنِيْ مِنْهُ رَحْمَةً

sarta Allah paring rahmat marang Ingsun, apa dene pangkat kenabiyan.

فَمَنْ يَّنْصُرُنِيْ مِنَ اللهِ اِنْ عَصَيْتُهٗۗ

Menawa ingsun nganti wani-wani nglirwa’ake Prentahing Allah, sapa kang bakal keconggah nulungi ingsun nulak siksaning Allah.

فَمَا تَزِيْدُوْنَنِيْ غَيْرَ تَخْسِيْرٍ﴿63﴾

Mulane, ora pisan sira iku padha ngundhaki apa-apa marang aku, saliyane kapitunan”. (63)

وَيٰقَوْمِ هٰذِهٖ نَاقَةُ اللهِ لَكُمْ اٰيَةً

“He para sadulur ingsun, mara padha delengen, iki ana unta kagungan Allah metu saka sajroning watu, patrape kaya biyung ngelahirake anakke, tetep kaya penjaluk ingsun, iku kaelokan kang mratandhani temene anggon ingsun dadi Utusane Allah.

فَذَرُوْهَا تَأْكُلْ فِيْٓ اَرْضِ اللهِ

Unta iku uculna wae, kareben memangsa ana ing bumi kagungane Allah.

وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ

Sira aja wani-wani ngarubiru nandukake pihala.

فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ قَرِيْبٌ﴿64﴾

Menawa sira wani-wani mateni unta iku mesthi padha diukum dening Allah padha sanalika.” (64)

فَعَقَرُوْهَا

Ananging wong Tsamud padha ambeleh unta iku,

فَقَالَ تَمَتَّعُوْا فِيْ دَارِكُمْ ثَلٰثَةَ اَيَّامٍۗ

tumuli Nabi Shalih ceiathu: “Sira padha bungah-bungaha ing omahmu telung dina.

ذٰلِكَ وَعْدٌ غَيْرُ مَكْذُوْبٍ﴿65﴾

Wewangen semono iku mesthi ora cidra. Sawise telung dina sira bakal sirna.” (65)

فَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا

Bareng wis genep telung dina, siksaningsun teka nempuh marang wong Tsamud.

نَجَّيْنَا صٰلِحًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَمِنْ خِزْيِ يَوْمِىِٕذٍۗ

Dene Nabi Shalih dalah para sedulure para wong mukmin, padha Ingsun paringi selamet, kanthi rahmatingsun, ora melu kambah ing ukuman mau kalis saka bebaya kang teka ing dina iku.

اِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيْزُ﴿66﴾

(He Muhammad) sumurupa, satemene Pangeranmu iku Maha Sentosa, Maha Mulya, tur Maha Kuwasa, Ngrusak para wong kafir sarta paring selamet marang para wong kang iman. (66)

وَاَخَذَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ

Kabeh wong kang padha duraka mau banjur padha disamber bledeg,

فَاَصْبَحُوْا فِيْ دِيَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ﴿67﴾

temahan padha mati ana ngomahe dhewe-dhewe. (67)

كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَاۗ

Anggone sirna wong Tsamud mau persasat biyen ora tau manggon ana ing kono.

اَلَآ اِنَّ ثَمُوْدَا۠ كَفَرُوْا رَبَّهُمْۗ

Wong Tsamud iku tetep maido ing Pengerane,

اَلَا بُعْدًا لِّثَمُوْدَ﴿68﴾ ع_6

wis benere wong Tsamud iku didohake saka rahmate Allah. (68)

وَلَقَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُنَآ اِبْرٰهِيْمَ

Utusaningsun (Malaikat telu: Jibril, Mikail lan Isrofiel) wis nindakake ayahan Ingsun sowan marang daleme Nabi Ibrahim

بِالْبُشْرٰى

ngampil dhawuh kang agawe bebungah.

قَالُوْا سَلٰمًاۖ

Malaikat tetelu mau padha uluk salam, tegese andongakake selamet marang Nabi Ibrahim.

قَالَ سَلٰمٌ

Nabi Ibrahim iya nuli mangsuli salame dhayoh tetelu mau.

فَمَا لَبِثَ اَنْ جَاۤءَ بِعِجْلٍ حَنِيْذٍ﴿69﴾

Ora antara suwe, Nabi Ibrahim ngladekake suguhan awujud daging pedhet kang wis mateng. (69)

فَلَمَّا رَآٰ اَيْدِيَهُمْ لَا تَصِلُ اِلَيْهِ

Bareng Nabi Ibrahim pirsa menawa astane dhayoh tetelu mau ora gelem (kersa) anggepok ing suguhe,

نَكِرَهُمْ وَاَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيْفَةًۗ

banjur gumun, panemune iku aneh, manawa dhayohe iku malaikat, sarta banjur wedi marang dhayohe.

قَالُوْا لَا تَخَفْ

Malaikat tetelu mau matur marang Nabi Ibrahim: “Panjenengan sampun mawi ajrih dhateng kita,

اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمِ لُوْطٍۗ﴿70﴾

sayektosipun kita punika Malaikat, dhateng kita ing ngriki dipun utus dening Allah kakersakaken nindakaken ukuman dhateng para ummatipun Nabi Luth.” (70)

وَامْرَاَتُهٗ قَاۤىِٕمَةٌ فَضَحِكَتْ

Ing nalika iku garwane Nabi Ibrahim aran Siti Sarah ngadeg nginjen aling alingan rana sarta gumuyu saka bungahe, marga garwane dipenging wedi,

فَبَشَّرْنٰهَا بِاِسْحٰقَۙ

mulane Ingsun banjur paring bebungah marang garwane Nabi Ibrahim, Ingsun paringi pirsa lumantar dhawuhe malaikat mau, menawa bakal kagungan putra kakung aran Ishaq,

وَمِنْ وَّرَاۤءِ اِسْحٰقَ يَعْقُوْبَ﴿71﴾

kang sabanjure Ishaq iku duwe putra aran Ya’qub. (71)

قَالَتْ يٰوَيْلَتٰٓى ءَاَلِدُ وَاَنَا۠ عَجُوْزٌ وَّهٰذَا بَعْلِيْ شَيْخًاۗ

Siti Sarah banjur matur marang Malaikat mau: “Adhuh, kawula punika sampun pikun, sarta semah kula punika inggih sampun sepuh, punapa inggih saged kalampahan kula gadhah anak,

اِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ عَجِيْبٌ﴿72﴾

punika elok sanget kelampahanipun!” (72)

قَالُوْٓا اَتَعْجَبِيْنَ مِنْ اَمْرِ اللهِ

Malaikat tetelu mau padha mangsuli: “Sampun mekaten kados pundi panjenengan gumun utawi mastani elok. Kula aturi pepenget, bilih Allah punika Ingkang Mahakuwaos. Samukawis ingkang Kakersakaken mesthi kelampahan.

رَحْمَتُ اللهِ وَبَرَكٰتُهٗ عَلَيْكُمْ اَهْلَ الْبَيْتِۗ

Mugi-mugi Allah maringana rahmat lan berkah dhateng panjenengan tetiyang saisi griyanipun Nabi Ibrahim.

اِنَّهُ حَمِيْدٌ مَّجِيْدٌ﴿73﴾

Sayektos Allah punika Ingkang Mahapinuji sarta Mahaagung. (73)

فَلَمَّا ذَهَبَ عَنْ اِبْرٰهِيْمَ الرَّوْعُ وَجَاۤءَتْهُ الْبُشْرٰى

Bareng Nabi Ibrahim wis ilang wedine, sarta wis pikantuk dhawuh kang gawe bungah,

يُجَادِلُنَا فِيْ قَوْمِ لُوْطٍ﴿74﴾

banjur wawansabda marang para malaikat utusan Ingsun, anggone arep nyirnakake para umate Nabi Luth.(74)

اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ لَحَلِيْمٌ

Satemene Nabi Ibrahim iku wong kang banget lembah-manahe,

اَوَّاهٌ مُّنِيْبٌ﴿75﴾

tur wong kang akeh tobate sarta banget anggone dedepe marang Allah. (75)

يٰٓاِبْرٰهِيْمُ اَعْرِضْ عَنْ هٰذَاۚ

Malaikat tetelu banjur padha mangsuli: “Dhuh Nabi Ibrahim. Panjenengan sampun wawan-rembag mabeni dhateng dhawuhi pun Allah punika.

اِنَّهٗ قَدْ جَاۤءَ اَمْرُ رَبِّكَۚ

Awit dhawuhipun Allah sampun dhateng, kita sami kakersakaken nyirnakaken para ummatipun Nabi Luth

وَاِنَّهُمْ اٰتِيْهِمْ عَذَابٌ غَيْرُ مَرْدُوْدٍ﴿76﴾

ingkang sampun pinasthi tinempuh ing ukuman, menggah kalampahanipun boten badhe katolak”. (76)

وَلَمَّا جَاۤءَتْ رُسُلُنَا لُوْطًا

Utusaning malaikat tetelu mau bareng rawuh ing ngomahe Nabi Luth,

سِيْۤءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا

andadekake sungkawa Nabi Luth, amarga kuwatir bok menawa dhayohe mau banjur digrejeg lan dicumbana dening para ummate. Nabi Luth rupeg lan jibeg penggalihe rumangsa ora kuwagang ngundurake,

وَّقَالَ هٰذَا يَوْمٌ عَصِيْبٌ﴿77﴾

pangandikane: “Iki dina kesusahan lan banget angele.” (77)

وَجَاۤءَهٗ قَوْمُهٗ يُهْرَعُوْنَ اِلَيْهِۗ

Para ummate Nabi Luth banjur pating jredhul teka ana ing daleme Nabi Luth.

وَمِنْ قَبْلُ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِۗ

Sadurunge Nabi Luth kedhayohan, para ummat mau wis padha kulina anggone padha tumindak ala, nyumbana padha wong lanang.

قَالَ يٰقَوْمِ هٰٓؤُلَاۤءِ بَنَاتِيْ هُنَّ اَطْهَرُ لَكُمْ

Bareng arep nggrejeg marang dhayoh mau Nabi Luth ngendika: “He para ummatku, putraningsun wadon pirang-pirang iki luwih prayoga, pilihen endi kang sira karepake, ingsun dhaupake karo sira,

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَلَا تُخْزُوْنِ فِيْ ضَيْفِيْۗ

Sira padha wediya ing Allah. Sira aja gawe susah ingsun, kumudu nggrejeg dhayoh ingsun.

اَلَيْسَ مِنْكُمْ رَجُلٌ رَّشِيْدٌ﴿78﴾

Apa ing antaranira iku ora ana kang bisa nuduhake dalan kang bener?” (78)

قَالُوْا لَقَدْ عَلِمْتَ مَا لَنَا فِيْ بَنٰتِكَ مِنْ حَقٍّۚ

Para ummate Nabi Luth mau banjur padha mangsuli: “Panjenengan mesthi sampun pirsa, menawa kita punika boten pisan-pisan kepengin dhateng putri panjenengan,

وَاِنَّكَ لَتَعْلَمُ مَا نُرِيْدُ﴿79﴾

malah panjenengan sampun terang menawi remenan kita punika nyumaban sesami jaler”. (79)

قَالَ لَوْ اَنَّ لِيْ بِكُمْ قُوَّةً

Nabi Nuh banjur mangsuli ngendika: ”He para ummatku, upama ingsun iku kaconggaha, ngayomi sira,

اَوْ اٰوِيْٓ اِلٰى رُكْنٍ شَدِيْدٍ﴿80﴾

utawa duwe kanca kang santosa, mesti sira padha ingsun ayomi.”(80)

قَالُوْا يٰلُوْطُ اِنَّا رُسُلُ رَبِّكَ لَنْ يَّصِلُوْٓا اِلَيْكَ

Malaikat tetelu mau banjur padha persaja pangandikane: “Dhuh Nabi Luth, sayektosipun kita punika malaikat utusanipun Pengeran panjenengan, kapurih tetulung dhateng panjenengan, supados para duraka punika sedyanipun boten tumama. Malaikat Jibril banjur teriwikrama, ngatonake rupane kang sejati. Para ummat mau sinabet ing suwiwi banjur padha wuta kabeh.

فَاَسْرِ بِاَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ الَّيْلِ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنْكُمْ اَحَدٌ اِلَّا امْرَاَتَكَۗ اِنَّهٗ مُصِيْبُهَا مَآ اَصَابَهُمْۗ

Malaikat Jibril banjur matur: “Dhuh Nabi Luth, ing dalu punika enggal panjenengan sakulawarga sumingkir saking ngriki, lampah panjenengan sampun mawi nolah-noleh, semah panjenengan badhe ketempuh ing siksa.

اِنَّ مَوْعِدَهُمُ الصُّبْحُۗ اَلَيْسَ الصُّبْحُ بِقَرِيْبٍ﴿81﴾

Dene anggen kita nindakaken ukuman, mangke wanci Subuh, mila dipun rikat kemawon, awit wanci Subuh sampun celak.” (81)

فَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا جَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا

Kaleksanane ukuman Ingsun mengkene, lemah kang dienggoni para ummate Nabi Luth mau Ingsun walik,

وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهَا حِجَارَةً مِّنْ سِجِّيْلٍ مَّنْضُوْدٍ﴿82﴾

sarta banjur Ingsun udani watu kang deres.(82)

مُسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَۗ

Tinengerane minangka ukuman ing Ngarsaning Pengeranmu.

وَمَا هِيَ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ بِبَعِيْدٍ﴿83﴾ ع_7

Lan iku ora adoh saka panggonane para kang padha mlengosake bebener. (83)

وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًاۗ

Lan maneh Ingsun wis ngutus Nabi Syu’aib, Ingsun utus memulang marang para sedulure, yoiku wong ing desa Madyan.

قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ

Nabi Syu’aib ndhawuhake mengkene: “He para sedulur ingsun wong Madyan kabeh, sira padha manembaha ing Allah, sira ora manembah kajaba manembah mligi marang Allah.”

وَلَا تَنْقُصُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ

“Sira aja padha nyuda takeran lan bobot timbangan.

اِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ بِخَيْرٍ وَّاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ مُّحِيْطٍ﴿84﴾

Sira ing dina iki padha becik-becik lan kacukupan, nanging ingsun kuwatir bok menawa sira diparingi patrapan ukuman dening Allah ana ing dina kang anglimputi” (84)

وَيٰقَوْمِ اَوْفُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ بِالْقِسْطِ

“He para sedulur ingsun, sira padha anggenepana lan nuhonana menawa sira padha naker lan bobot kelawan bener,

وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ

aja gawe kapitunan liyan, mblithuk bandhaning wong,

وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ﴿85﴾

lan aja gawe kerusakan ana ing bumi.” (85)

بَقِيَّتُ اللّٰهِ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ەۚ

Apa kang dumunung ing Allah iku Iuwih becik tumrap ing kowe, manawa kowe iku padha wong kang percaya,

وَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِحَفِيْظٍ﴿86﴾

lan aku dudu juru-rumeksa marang sira kabeh. (86)

قَالُوْا يٰشُعَيْبُ اَصَلٰوتُكَ تَأْمُرُكَ اَنْ نَّتْرُكَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَآ

Dheweke padha celathu: “He Nabi Syu’aib! apa salatmu iku marentahi sira, supaya ingsun kabeh padha ninggal kang padha sinembah dening bapak-bapak ingsun kabeh?

اَوْ اَنْ نَّفْعَلَ فِيْٓ اَمْوَالِنَا مَا نَشٰۤؤُاۗ

Utawa nglarang tumindak marang bandhaku sakarepku?

اِنَّكَ لَاَنْتَ الْحَلِيْمُ الرَّشِيْدُ﴿87﴾

Mangka janjane sira iku wong kang lembah manah sarta pinter”. (87)

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَرَزَقَنِيْ مِنْهُ رِزْقًا حَسَنًا

Nabi Syu’aib banjur paring dhawuh maneh: “He para sedulurku kepriye mungguh pangrasamu, ingsun iki diparingi tandha bebener nyata dening Pengeran ingsun, lan diparingi rezeki kang halal tur akeh.

وَّمَآ اُرِيْدُ اَنْ اُخَالِفَكُمْ اِلٰى مَآ اَنْهٰىكُمْ عَنْهُۗ

Dene cecegahingsun marang sira iku ora pisan-pisan bakal ingsun tindakake dhewe.

اِنْ اُرِيْدُ اِلَّا الْاِصْلَاحَ مَا اسْتَطَعْتُۗ

Anggoningsun nglarangi nyuda taker lan bobot iku, pamrihku ora ana maneh mung sebisaku murih becik.

وَمَا تَوْفِيْقِيْٓ اِلَّا بِاللّٰهِۗ

Dene kelakone tumindak dadi becik temenan, iku ora saka tumindake sapa-sapa, nanging amarga Kersane Allah Piyambak

عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَاِلَيْهِ اُنِيْبُ﴿88﴾

Lan ora Iiya, pitulung kalaksanane becik prakaraku iki, kajaba ana ing Allah. Ing Panjenengane sumendheku sarta marang Panjenengane anggonku adhedhepe.” (88)

وَيٰقَوْمِ لَا يَجْرِمَنَّكُمْ شِقَاقِيْٓ اَنْ يُّصِيْبَكُمْ

“He para sedulurku, anggonku nulak marang panggawemu iki, aja njalari anggonmu nandhang ukuman.

مِّثْلُ مَآ اَصَابَ قَوْمَ نُوْحٍ اَوْ قَوْمَ هُوْدٍ اَوْ قَوْمَ صٰلِحٍۗ

Kaya nandhang ukumane para ummate Nabi Nuh, utawa ummate Nabi Hud, utawa para ummate Nabi Shalih biyen.

وَمَا قَوْمُ لُوْطٍ مِّنْكُمْ بِبَعِيْدٍ﴿89﴾

Dene para ummate Nabi Luth, anggone disirnakake dening Allah, iku ora adoh panggonane saka sliramu kabeh.” (89)

وَاسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِۗ

Sarta padha nyuwuna pangapura marang Pengeranmu, tumuli padha atura taubat.

اِنَّ رَبِّيْ رَحِيْمٌ وَّدُوْدٌ﴿90﴾

Sayekti Pangeranku iku Ingkang Mahaasih, Ingkang Mahasutresna. (90)

قَالُوْا يٰشُعَيْبُ مَا نَفْقَهُ كَثِيْرًا مِّمَّا تَقُوْلُ

Padha celathu: “Hai, Syu’aib! Aku padha ora mangerti marang apa celathumu kang akeh-akeh iku,

وَاِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْنَا ضَعِيْفًاۗ

lan sayekti, panyawangku, ana ing golonganku kene, sira iku temen apes,

وَلَوْلَا رَهْطُكَ لَرَجَمْنٰكَۖ

lan aja angelingi kulawangsamu amasthi sira wis dak bandhemi watu,

وَمَآ اَنْتَ عَلَيْنَا بِعَزِيْزٍ﴿91﴾

lan mangsa menanga sira ngelawan aku.”(91)

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَهْطِيْٓ اَعَزُّ عَلَيْكُمْ مِّنَ اللّٰهِۗ

Nabi Syu’aib banjur dhawuh: “He para kaum ingsun, apa sira luwih eling marang golonganigsun, tinimbang marang Allah?

وَاتَّخَذْتُمُوْهُ وَرَاۤءَكُمْ ظِهْرِيًّاۗ

Allah banjur sira singkur, ana ing burine gegermu?

اِنَّ رَبِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ﴿92﴾

Satemene Allah Pengeraningsun, Ingkang Mahaangiimputi Kelawan Sampurna marang kabeh samubarang kang sira tindakake.” (92)

وَيٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌۗ سَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ

Lan maneh, hai umatku! Padha tumindaka ing sabisa-bisamu, aku dhewe iya dak tumindak.

مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَمَنْ هُوَ كَاذِبٌۗ

Sira bakal enggal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasorake awake, lan sapa sing goroh,

وَارْتَقِبُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ رَقِيْبٌ﴿93﴾

lan padha ngawasana, sayekti aku iki iya ngawasake, barenganmu.” (93)

وَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا

Dene kaleksanane peniksan Ingsun,

نَجَّيْنَا شُعَيْبًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّاۚ

Nabi Syu’aib sagolongane para wong mukmin kalis saka ing ukuman, amarga pikantuk Welasasih Ingsun.

وَاَخَذَتِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دِيَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ﴿94﴾

Para kaume Nabi Syu’aib kang duraka padha kasamber bledheg. Sanalika padha mati ngenggon (94)

كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَاۗ

Kaya-kaya dheweke kabeh ora pernah angenggoni.

اَلَا بُعْدًا لِّمَدْيَنَ كَمَا بَعِدَتْ ثَمُوْدُ﴿95﴾ع_8

Sayekti lebur Madyan, kaya lebure Tsamud.(95)

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى

Lan maneh Ingsun temen wis ngutus Nabi Musa,

بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ﴿96﴾

kanthi mu’jizat kaelokan, minangka tandha bebener, sarta wisesa kang cetho. (96)

اِلٰى فِرْعَوْنَ وَملَا۟ىِٕهٖ فَاتَّبَعُوْٓا اَمْرَ فِرْعَوْنَۚ

Marang Fir’aun sarta para panggedhe-panggedhene, ananging malah padha manut parentahing Fir’aun,

وَمَآ اَمْرُ فِرْعَوْنَ بِرَشِيْدٍ﴿97﴾

kang mangka prentahe Fir’aun iku ora prayoga. (97)

يَقْدُمُ قَوْمَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فَاَوْرَدَهُمُ النَّارَۗ

Ana ing dina kiyamat dheweke bakal angirid golongane, sarta padha digiring marang geni,

وَبِئْسَ الْوِرْدُ الْمَوْرُوْدُ﴿98﴾

lan ndaheba ala papanthan kang digiring iku!(98)

وَاُتْبِعُوْا فِيْ هٰذِهٖ لَعْنَةً وَّيَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ

Lan ana ing (donya) iki sarta ing dina kiyamat dheweke padha ditutake ing laknat.

بِئْسَ الرِّفْدُ الْمَرْفُوْدُ﴿99﴾

Ala banget peparing kang bakal pinaringake! (99)

ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْقُرٰى نَقُصُّهٗ عَلَيْكَ

Kang wis kasebut ing dhuwur mau, ceritera lelakone wong pedesan ing zaman kuna, Ingsun wedharake marang sira Muhammad supaya sira ceritakake marang para ummatmu, mbok menawa padha bisa ngrasak’ake.

مِنْهَا قَاۤىِٕمٌ وَّحَصِيْدٌ﴿100﴾

Dene pedesan kang wonge Ingsun sirnakake mau, ana kang patilasane isih, lan ana kang wis sirna babar pisan. (100)

وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ

Anggoningsun nyritakake wong ing padesan mau ora saka panganiayan Ingsun, balik wong padesan mau padha nganiaya awake dhewe.

فَمَآ اَغْنَتْ عَنْهُمْ

Nalika tekane siksaningsun,

اٰلِهَتُهُمُ الَّتِيْ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ لَّمَّا جَاۤءَ اَمْرُ رَبِّكَۗ

brahala pirang-pirang kang padha diaku Pengeran liyane Allah iku ora ana kang bisa tetulung murungake ukumane Pengeranmu,

وَمَا زَادُوْهُمْ غَيْرَ تَتْبِيْبٍ﴿101﴾

anane mung nambahi kacilakan. (101)

وَكَذٰلِكَ اَخْذُ رَبِّكَ اِذَآ اَخَذَ الْقُرٰى وَهِيَ ظَالِمَةٌۗ

Mengkono uga Pangeranmu anggone nindakake ukuman marang wong ing padesan kang padha nindakake duraka, iku iya ora kena ditulak.

اِنَّ اَخْذَهٗٓ اَلِيْمٌ شَدِيْدٌ﴿102﴾

Dene satemene ukumane Allah iku nglarani tur abot. (102)

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّمَنْ خَافَ عَذَابَ الْاٰخِرَةِۗ

Crita kang wis kasebut mau tumrape wong kang wedi ukuman ing akhirat, dadi pepeling gedhe.

ذٰلِكَ يَوْمٌ مَّجْمُوْعٌۙ لَّهُ النَّاسُ

Dene dina qiyamat iku, dina anggone para manungsa diklumpukake dadi siji,

وَذٰلِكَ يَوْمٌ مَّشْهُوْدٌ﴿103﴾

dina keklumpukan iku bakal disekseni dening wong saisining bumi, lan para Malaikat saisining langit. (103)

وَمَا نُؤَخِّرُهٗٓ اِلَّا لِاَجَلٍ مَّعْدُوْدٍۗ﴿104﴾

Anngon Ingsun ora ngundurake dina qiyamat iku ora krana apa-apa, mung krana ngenteni ajal kang wis Ingsun temtokake. Ajal iku mau kang priksa mung Ingsun pribadi. (104)

يَوْمَ يَأْتِ لَا تَكَلَّمُ نَفْسٌ اِلَّا بِاِذْنِهٖۚ

Ing besuk tekane dina qiyamat kabeh wong kang padha meneng, ora ana kang padha ngucap, kajaba wong kang diparengake dening Allah kalilah ngucap,

فَمِنْهُمْ شَقِيٌّ وَّسَعِيْدٌ﴿105﴾

ing kono manungsa kena diperang dadi loro, kang siji wong kang cilaka sijine wong kang begja. (105)

فَاَمَّا الَّذِيْنَ شَقُوْا فَفِى النَّارِ

Dene wong kang cilaka, iku padha disiksa ana ing neraka,

لَهُمْ فِيْهَا زَفِيْرٌ وَّشَهِيْقٌۙ﴿106﴾

ana ing kono padha menggeh-menggeh jejeritan ngaru ara. (106)

خٰلِدِيْنَ فِيْهَا مَا دَامَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اِلَّا مَا شَاۤءَ رَبُّكَۗ

Dheweke mau anggone ana ing neraka padha langgeng saumure langit lan bumi ing akhirat, kajaba menawa ana kepareng Ing Pengeranmu wong mau dientasake saka ing neraka.

اِنَّ رَبَّكَ فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيْدُ﴿107﴾

Satemene Pengeranmu iku Ingkang Mahawenang Nindakake Apa Kang Dikersakake. (107)

وَاَمَّا الَّذِيْنَ سُعِدُوْا فَفِى الْجَنَّةِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا مَا دَامَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ

Dene wong-wong kang padha begja, iku padha bungah-bungah ana ing suwarga, ana ing kono padha langgeng sangumure langit lan bumi ing akhirat,

اِلَّا مَا شَاۤءَ رَبُّكَۗ

kajaba menawa ana Keparenge Pengeranmu wong mau sadurunge diparengake ana ing suwarga nganggo disiksa dhisik ana ing neraka, samurwate keluputane.

عَطَاۤءً غَيْرَ مَجْذُوْذٍ﴿108﴾

Suwarga iku ganjaran kang ora ana enteke. (108)

فَلَا تَكُ فِيْ مِرْيَةٍ مِّمَّا يَعْبُدُ هٰٓؤُلَاۤءِۗ

(He Muhammad) sira aja mamang menawa brahala kang disembah dening wong kafir iku ora bisa nyilakani utawa mikolehi.

مَا يَعْبُدُوْنَ اِلَّا كَمَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُهُمْ مِّنْ قَبْلُۗ

Wong kafir anggone padha manembah brahala iku ora duwe waton apa-apa, mung ngluluri para leluhure biyen kang padha manembah brahala.

وَاِنَّا لَمُوَفُّوْهُمْ نَصِيْبَهُمْ غَيْرَ مَنْقُوْصٍ﴿109﴾ع_9

Ingsun iya bakal nuhoni paring pasiksa marang dheweke mau padha karo bageyan siksane para leluhure kang dileluluri, siksa mau tetep tanpa disuda. (109)

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَاخْتُلِفَ فِيْهِۗ

Lan sayekti temen Ingsun wis maringi kitab Taurat marang Nabi Musa. Para ummate Nabi Musa banjur padha beda-beda panemune, ana kang percaya lan ana kang kafir, ora beda karo ummatmu

وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْۗ

Muhammad, upama Pengeranmu durung kebanjur andhawuhake menawa siksaning para ummatmu iku disrantekake tekan dina qiyamat, mesthi ummatmu kang kafir iku dipatrapi siksa sanalika.

وَاِنَّهُمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ﴿110﴾

Para ummatmu iku padha mamang marang Qur’an lan marang ananing siksa. (110)

وَاِنَّ كُلًّا لَّمَّا لَيُوَفِّيَنَّهُمْ رَبُّكَ اَعْمَالَهُمْۗ

Pangeranmu mesthi iya nuhoni paring piwales marang siji-sijining wong kang percaya lan kang kafir mau, minangka piwalesing penggawe kang wis padha ditindakake dhewe-dhewe.

اِنَّهٗ بِمَا يَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ﴿111﴾

Satemene Pengeranmu iku Ingkang Mahawaspada marang barang kang ditindakake kawulane. (111)

فَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَ وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْاۗ

(He Muhammad) mulane sira lan kabeh wong kafir kang padha tobat, banjur dadiya kancamu Islam padha tulusa jejeg anggonmu nindakake agamane Allah ngestokake prentahe Allah, aja banjur padha nasar.

اِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿112﴾

Satemene Allah iku Ingkang Mahamirsani kabeh barang kang padha sira tindakake. (112)

وَلَا تَرْكَنُوْٓا اِلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا فَتَمَسَّكُمُ النَّارُۙ

Lan maneh sira wong Islam aja padha kelu condhong marang wong kang padha nganiaya. Menawa sira nganti mengkono, mesthi bakal kecemplung ing neraka,

وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ ثُمَّ لَا تُنْصَرُوْنَ﴿113﴾

Lan sira ora duwe kekasih kang bisa ngentasake sira saka ing neraka, kajaba mung Allah Piyambak Ingkang Saged Ngentasake. Wusana sira padha ora oleh pitulung. (113)

وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ الَّيْلِۗ

Lan anjumenengna shalat ing rong peranganing rahina sarta ana ing wiwitaning wengi,

اِنَّ الْحَسَنٰتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّاٰتِۗ

sayekti panggawe becik iku ambirat panggawe ala.

ذٰلِكَ ذِكْرٰى لِلذَّاكِرِيْنَ﴿116﴾

Iki pepeling tumrap para kang padha ngalap eling. (116)

وَاصْبِرْ فَاِنَّ اللهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ﴿115﴾

Sliramu sing sabar wae. Satemene Allah ora bakal ngilang-ngilangake ganjaran tindak kabecikanmu (115)

فَلَوْلَا كَانَ مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْ قَبْلِكُمْ اُولُوْا بَقِيَّةٍ

Para umat sadurungmu biyen, ora ana kang duwe kautaman,

يَّنْهَوْنَ عَنِ الْفَسَادِ فِى الْاَرْضِ

ngelarang gawe karusakan ana ing bumi,

اِلَّا قَلِيْلًا مِّمَّنْ اَنْجَيْنَا مِنْهُمْۚ

kajaba mung sethithik, yaiku wong-wong kang padha Ingsun paringi selamet.

وَاتَّبَعَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَآ اُتْرِفُوْا فِيْهِ وَكَانُوْا مُجْرِمِيْنَ﴿116﴾

Dene wong kang padha zalim mau padha nguja kekarep lan pepenginane, sarta padha duraka (116)

وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرٰى بِظُلْمٍ وَّاَهْلُهَا مُصْلِحُوْنَ﴿117﴾

Pengeranmu ora nyirnakake kanthi sawiyah-wiyah sawijining desa kang penduduke nindhakake kelakuan kang becik-becik. (117)

وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ لَجَعَلَ النَّاسَ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلَا يَزَالُوْنَ مُخْتَلِفِيْنَۙ﴿118﴾

Upama ana keparenging Pengeranmu, bisa uga kelakon manungsa dadi umat kang siji, ananging tansah seje-seje. (118)

اِلَّا مَنْ رَّحِمَ رَبُّكَۗ

Kajaba kang pikantuk Asihe Pengeranmu,

وَلِذٰلِكَ خَلَقَهُمْۗ

Kaya mangkono iku anggone Allah Nitahake dheweke kabeh

وَتَمَّتْ كَلِمَةُ رَبِّكَ

Lan mesthi kalaksananan Sabdaning Pengeranmu

لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَ﴿119﴾

Sayekti naraka bakal dikebaki kumpulane jin lan manungsa. (119)

وَكُلًّا نَّقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الرُّسُلِ

Lan sarupa pawartane para utusan kang Ingsun caritakake marang sliramu,

مَا نُثَبِّتُ بِهٖ فُؤَادَكَ وَجَاۤءَكَ فِيْ هٰذِهِ الْحَقُّ

iku minangka sarana aneguhake atimu, lan ing sajrone surat iki, sira kepranan samubarang kang haq,

وَمَوْعِظَةٌ وَّذِكْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ﴿120﴾

iku minangka piwulang lan pepeling marang para wong kang iman. (120)

وَقُلْ لِّلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْۗ اِنَّا عٰمِلُوْنَۙ﴿121﴾

Lan dhawuha sira marang wong kang ora iman : padha anindakna miturut kahananmu, sayekti aku iya anindakake miturut kahananku. (121)

وَانْتَظِرُوْاۚ اِنَّا مُنْتَظِرُوْنَ﴿122﴾

Sarta padha ngentenana, sayekti aku iya padha angenteni. (122)

وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ

Panjenengane Allah ora samar marang kahanane langit lan bumi lan seisine kabeh, kang ghaib-ghaib diwuningani kabeh dening Allah.

وَاِلَيْهِ يُرْجَعُ الْاَمْرُ كُلُّهٗ

Lelakone sakehing dumadi iki kabeh bali karana keparenging Allah.

فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِۗ

Mulane sira padha manembaha ing Allah lan sumaraha ing Allah.

وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ﴿123﴾ ع_10

Pengeranmu mesthi ora kesupen marang kabeh samubarang kang padha sira tindakake. (123)

 

***

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!