Qur’an Surah (3) Ali Imran (Kulawarga Imran). 200 Ayat
سُورَةُ آلِ عِمْرَانَ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ﴿١﴾
Alif Lam Miem. ( Allah Piyambak Ingkang Uninga tegesipun huruf-huruf niki) (1)
اَللهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ
Allah iku, ora ana sesembahan kajaba Panjenengane,
الْحَيُّ الْقَيُّوْمُۗ ﴿٢﴾
Ingkang Gesang-Langgeng, Ingkang-Jumeneng-Pribadi. (2)
نَزَّلَ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ
Allah wis nurunake marang sliramu kitab Qur’ an kelawan bener
مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَاَنْزَلَ التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَۙ ﴿٣﴾
kang mbenerake marang kitab sak durunge, lan Allah uga wis nurunake kitab Taurat lan lnjil. (3)
مِنْ قَبْلُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَاَنْزَلَ الْفُرْقَانَ ەۗ
Diturunake sak durunge Qur‘an minangka dadi pituduh marang manungsa, lan Allah Nurunake Kitab kang misah antarane barang bener saka kang Iuput.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ
Saktemene wong kang padha kufur (ora percaya) ing ayat-ayate Allah iku dheweke bakal kapatrapan siksa kang banget.
ۗ وَاللهُ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍۗ ﴿٤﴾
Lan Allah iku Mahamulya sarta Kagungan siksa kang abot. (4)
اِنَّ اللهَ لَا يَخْفٰى عَلَيْهِ شَيْءٌ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ﴿٥﴾
Saktemene ora ana kang samar mungguhing Allah, samubarang apa wae kang ana ing bumi lan kang ana ing Iangit. (5)
هُوَ الَّذِيْ يُصَوِّرُكُمْ فِى الْاَرْحَامِ كَيْفَ يَشَاۤءُۗ
Panjenengane kang nemtokake rupa sliramu ana guwo garbo miturut Kepareng Kersane.
لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ﴿٦﴾
Ora ana Pengeran Kang Sinembah kajaba mung Allah piyambak, Kang Mahapideksa sarta Mahawicaksana (6)
هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ
Allah kang nurunake kitab Qur’an marang sliramu,
مِنْهُ اٰيٰتٌ مُّحْكَمٰتٌ هُنَّ اُمُّ الْكِتٰبِ
Ing kono ana ayat-ayat kang cetha, yaiku dadi baboning Kitab,
وَاُخَرُ مُتَشٰبِهٰتٌۗ
Lan ana uga Iiyane ayat-ayat kang madha rupa.
فَاَمَّا الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ زَيْغٌ فَيَتَّبِعُوْنَ مَا تَشَابَهَ مِنْهُ ابْتِغَاۤءَ الْفِتْنَةِ وَابْتِغَاۤءَ تَأْوِيْلِهٖۚ
Dene wong kang atine menceng banjur padha manut ayat kang surasane madha rupa mau, pamrihe dienggo fitnah lan murih disurasa sakarepe dhewe.
وَمَا يَعْلَمُ تَأْوِيْلَهٗٓ اِلَّا اللهُۘ
Ing kamangka ora ana kang bisa mangerti surasane ayat kang sarupa mau, kajaba mung Allah piyambak.
وَالرَّاسِخُوْنَ فِى الْعِلْمِ يَقُوْلُوْنَ
Dhene wong kang padha kukuh kaweruhe padha matur:
اٰمَنَّا بِهٖۙ كُلٌّ مِّنْ عِنْدِ رَبِّنَاۚ
“Kita sami pidatos dhumateng Qur’an, sadaya punika terang saking ngarsanipun Allah, Pengeran kita.”
وَمَا يَذَّكَّرُ اِلَّآ اُولُوا الْاَلْبَابِ ﴿٧﴾
Lan ora padha gelem eling kajaba mung wong kang duwe akal (7)
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْ هَدَيْتَنَا
“Dhuh Pengeran kawula, ampun ngantos Paduka mlencengaken manah kula sasampunipun Paduka paringi pitedah.
وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةًۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ ﴿٨﴾
Mugi-mugi Paduka maringi dhumateng kawula, kawelasan saking ngarsa Paduka. Sayektos, Paduka punika Pengeran Ingkang Mahapeparing.”(8)
رَبَّنَآ اِنَّكَ جَامِعُ النَّاسِ لِيَوْمٍ لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ
“Dhuh Pengeran kawula, sayektos Paduka punika ingkang Ngimpun sadaya manungsa wonten ing dinten ingkang mboten tidha-tidha malih.
اِنَّ اللهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيْعَادَ ﴿٩﴾ع_1
Saestunipun Allah punika Boten Badhe Nulayani Janji.” (9)
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللهِ شَيْـًٔاۗ
Satemene wong kang padha kafir iku bandhane lan anak-anake ora bakal bisa nulak saka siksane Allah sethithik-thithika.
وَاُولٰۤىِٕكَ هُمْ وَقُوْدُ النَّارِۗ﴿١٠﴾
Wong kang mangkono iku bakal padha dadi urub-urubing neraka. (10)
كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ
Kaya adat sabene kulawargane Fir’aun, lan wong-wong kang sadurunge.
كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ فَاَخَذَهُمُ اللهُ بِذُنُوْبِهِمْۗ
iku padha anggorohake ayat-ayat ingsun. Allah banjur nyiksa marang wong-wong mau jalaran saka dosane.
وَاللهُ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ﴿١١﴾
Dene Allah iku abot panyiksane (11)
قُلْ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا
Dhawuha sira (Muhammad) marang wong kang padha kafir:
سَتُغْلَبُوْنَ وَتُحْشَرُوْنَ اِلٰى جَهَنَّمَۗ وَبِئْسَ الْمِهَادُ﴿١٢﴾
“Sira kabeh bakal padha dikalahake lan bakal padha digiring marang naraka Jahanam, iya iku sak ala-alaning panggonan”. (12)
قَدْ كَانَ لَكُمْ اٰيَةٌ فِيْ فِئَتَيْنِ الْتَقَتَاۗ
Yaiku wong rong golongan kang padha adhep-adhepan ing perang (Badar)
فِئَةٌ تُقَاتِلُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ وَاُخْرٰى كَافِرَةٌ
Kang sagoIongan perang ana ing dedalene Allah (Sabilillah) dene kang sagolongan liyane wong-wong kafir.
يَّرَوْنَهُمْ مِّثْلَيْهِمْ رَأْيَ الْعَيْنِۗ
Wong kafir mau ndeleng golongan wadyabala Islam kelawan pandeleng mripate, akehe tikel loro.
وَاللهُ يُؤَيِّدُ بِنَصْرِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Allah iku ngukuhake kanthi Pitulunge marang wong kang dadi Kersane.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّاُولِى الْاَبْصَارِ ﴿١٣﴾
Satemene iku dadi tepa tuladha tumrap wong kang padha nggunakake wawasan. (13)
زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوٰتِ
Manungsa iku dipaesi demen sarupane pepenginan,
مِنَ النِّسَاۤءِ وَالْبَنِيْنَ وَالْقَنَاطِيْرِ الْمُقَنْطَرَةِ
Yoiku: Wanita, anak-anak lan rajabrana kang akeh
مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالْاَنْعَامِ وَالْحَرْثِۗ
saka mas Ian perak, kendaraan kang becik, rajakaya lan tetanduran.
ذٰلِكَ مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ
Mengkono iku kesenengan panguripan donya.
وَاللهُ عِنْدَهٗ حُسْنُ الْمَاٰبِ ﴿١٤﴾
Dene Allah iku Kagungan becik-beciking papan kanggo bali. (14)
قُلْ اَؤُنَبِّئُكُمْ بِخَيْرٍ مِّنْ ذٰلِكُمْۗ
Dhawuha (Muhammad): “Apa sliramu kabeh gelem padha dak paringi weruh barang kang luwih becik ngungkuli kabeh mau?
لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا
Yaiku tumrap wong kang padha bekti (ing Allah) iku besuk ana ing ngarsane Allah Pengerane bakal padha duweni suwarga kang ing ngisore ana bengawan mili, anggone manggon ana ing suwarga padha langgeng
وَاَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَّرِضْوَانٌ مِّنَ اللهِۗ
Lan duweni jodho kang suci padha oleh karidhaning Allah.
وَاللهُ بَصِيْرٌۢ بِالْعِبَادِۚ ﴿١٥﴾
Dene Allah iku Mirsani para kawulane. (15)
اَلَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ
Yaiku wong-wong kang padha matur:
رَبَّنَآ اِنَّنَآ اٰمَنَّا
“Dhuh Pengeran kawula, saestu kawula sami pidatos
فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا
Kawula nyuwun Paduka paring pangapunten dosa-dosa kawula,
وَقِنَا عَذَابَ النَّارِۚ ﴿١٦﴾
tuwin mugi Paduka Ngreksa kawula saking siksaning neraka.” (16)
اَلصّٰبِرِيْنَ وَالصّٰدِقِيْنَ وَالْقٰنِتِيْنَ
Yaiku wong-wong kang padha sabar, padha temen, padha ngabekti,
وَالْمُنْفِقِيْنَ وَالْمُسْتَغْفِرِيْنَ بِالْاَسْحَارِ ﴿١٧﴾
padha gelem dermaake bandhane, lan padha nyuwun pangapura marang Allah ana ing wayah lingsir wengi. (17)
شَهِدَ اللهُ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۙ
Allah wis nyekseni, yen satemene ora ana Pengeran kang wajib sinembah kajaba mung Panjenengane Allah piyambak
وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَاُولُوا الْعِلْمِ قَاۤىِٕمًاۢ بِالْقِسْطِۗ
Ugo para malaikat Ian para wong kang padha duwe kaweruh wis padha nyekseni. Allah iku Jumeneng kelawan Adil.
لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ﴿١٨﴾
Ora ana Pengeran kang wajib sinembah kajaba mung Panjenengane Allah piyambak kang Mahagagah Ian Mahawicaksana. (18)
اِنَّ الدِّيْنَ عِنْدَ اللهِ الْاِسْلَامُۗ
Satemene agama kang bener mungguhing Allah iku mung agama Islam.
وَمَا اخْتَلَفَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْۗ
Lan wong-wong kang wis padha diparingi Kitab ora padha pasulayan kajaba sawise ketekan ilmu, pamrihe mung drengki panasten ana ing antarane wong-wong mau.
وَمَنْ يَّكْفُرْ بِاٰيٰتِ اللهِ فَاِنَّ اللهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ ﴿١٩﴾
Dene sapa kang maido ing ayat-ayate Allah, satemene Allah iku rikat Pengetunge. (19)
فَاِنْ حَاۤجُّوْكَ فَقُلْ اَسْلَمْتُ وَجْهِيَ لِلّٰهِ وَمَنِ اتَّبَعَنِۗ
Menawa wong kafir padha mbantah sliramu (Muhammad), paringa wangsulan: “Aku wis masrahake marang Allah, Ian wong kang manut ing aku uga wis padha masrahake.”
وَقُلْ لِّلَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَالْاُمِّيّٖنَ ءَاَسْلَمْتُمْۗ
Lan dhawuha (Muhammad) marang wong-wong Ahli Kitab lan marang wong-wong kang bodho: “Apa sira kabeh padha gelem nganut agama Islam?”
فَاِنْ اَسْلَمُوْا فَقَدِ اهْتَدَوْاۚ
Manawa dheweke wis padha nganut agama Islam, sayekti dheweke iku padha oleh pituduh.
وَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلٰغُۗ وَاللهُ بَصِيْرٌۢ بِالْعِبَادِ ﴿٢٠﴾ ع_2
Dene menawa dheweke padha mlengos, satemene kawajiban sliramu iku mung ngaturake pangajak-ajak. Allah iku Mahamirsani marang para kawulane. (20)
اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللهِ
Satemene wong-wong kang padha ora percaya (kafir) ing ayat-ayate Allah,
وَيَقْتُلُوْنَ النَّبِيّٖنَ بِغَيْرِ حَقٍّۖ
Kang padha merjaya para nabi kelawan ora bener,
وَّيَقْتُلُوْنَ الَّذِيْنَ يَأْمُرُوْنَ بِالْقِسْطِ مِنَ النَّاسِۙ
Lan kang padha mateni wong-wong kang padha ajak-ajak tumindak adil,
فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ﴿٢١﴾
dheweke kabeh bebungahana kelawan siksa kang nglarani. (21)
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۖ
Wong-wong kang mangkono iku padha rusak kabeh amal donya lan akhirate,
وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ ﴿٢٢﴾
lan tumrap wong-wong mau ora ana kang bakal mitulungi (22)
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ
(Muhammad) apa sira durung sumurup wong-wong kang padha diparingi panduman saka kitab (Taurat)?
يُدْعَوْنَ اِلٰى كِتٰبِ اللهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ
Dheweke padha diajak marang kitabe Allah, supaya kitab iku dianggo ngukumi ana ing antarane wong-wong mau.
ثُمَّ يَتَوَلّٰى فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ وَهُمْ مُّعْرِضُوْنَ ﴿٢٣﴾
Nuli sagolongan saka wong-wong mau ana kang mlengos lan dheweke iku padha ngungkurake. (23)
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ اِلَّآ اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍۖ
Kang mengkono iku amarga wong-wong mau padha ngucap: “Neraka iku ora bakal nggepok ing kita. Kajaba mung sawatara dina wae,”
وَّغَرَّهُمْ فِيْ دِيْنِهِمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ﴿٢٤﴾
dheweke wis padha kabujuk ana ing (perkara) agamane dening (pendhita-pendhita) kang gawe kabar goroh. (24)
فَكَيْفَ اِذَا جَمَعْنٰهُمْ لِيَوْمٍ لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ
Kepriye mungguh bakal kedadeyane wong-wong mau nalika Ingsun ngimpun marang dheweke ana ing dina kang ora mamang maneh,
وَوُفِّيَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ﴿٢٥﴾
Lan sawiji-wiji awak diwales miturut amal kang wis ditindakake lan dheweke ora bakal dianiaya (25)
قُلِ اللّٰهُمَّ مٰلِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِى الْمُلْكَ مَنْ تَشَاۤءُ
Munjuka atur: “Dhuh Allah, Ingkang Kagungan Sedaya Panguwaos, Paduka maringaken panguwaos dhateng tiyang ingkang Paduka kersakaken,
وَتَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ تَشَاۤءُۖ
tuwin Paduka njabel panguwaos saking tiyang ingkang Paduka kersakaken
وَتُعِزُّ مَنْ تَشَاۤءُ وَتُذِلُّ مَنْ تَشَاۤءُۗ
Paduka Ngluhuraken dhateng tiyang ingkang Paduka Kersakaken, punapa dene Paduka Ngasoraken dhateng tiyang ingkang Paduka Kersakaken.
بِيَدِكَ الْخَيْرُۗ
Wonten ing Asta Paduka sadaya kasaenan.
اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿٢٦﴾
Saestunipun Paduka punika Maha Kuwaos ing ngatasipun sadaya perkawis (26)
تُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ
Paduka ingkang nglebetaken dalu wonten ing siyang,
وَتُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ
Paduka ingkang nglebetaken siyang wonten ing dalu.
وَتُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ
Paduka ingkang ngedalaken barang gesang saking barang pejah,
وَتُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ
saha Paduka ingkang ngedalaken barang pejah saking barang gesang,
وَتَرْزُقُ مَنْ تَشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ ﴿٢٧﴾
Paduka injih paring rejeki dhateng tetiyang ingkang Paduka Kersakaken tanpa wicalan (27)
لَا يَتَّخِذِ الْمُؤْمِنُوْنَ الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۚ
Para wong kang iman aja padha ngalap wong-wong kafir dadi pangayomane, ngungkuli tinimbang wong-wong kang iman.
وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَلَيْسَ مِنَ اللهِ فِيْ شَيْءٍ
Sing sapa nindakake mengkono iku, dheweke ora bakal bisa oleh pangayoman saka ngarsane Allah sethithik-thithika,
اِلَّآ اَنْ تَتَّقُوْا مِنْهُمْ تُقٰىةًۗ
kajaba menawa sira mung temen-temen padha wedi saka piolone wong-wong kafir mau.
وَيُحَذِّرُكُمُ اللهُ نَفْسَهٗۗ وَاِلَى اللهِ الْمَصِيْرُ﴿٢٨﴾
Lan Allah paring rasa wedi ing sira kabeh marang sarirane lan marang ngarsane Allah wong-wong mau bakal padha bali (28)
قُلْ اِنْ تُخْفُوْا مَا فِيْ صُدُوْرِكُمْ
Dhawuha (sliramu Muhammad): “Manawa sira padha ngumpetake barang kang ana ing sajeroning atimu
اَوْ تُبْدُوْهُ
utawa sliramu padha nglahirake,
يَعْلَمْهُ اللهُۗ
Allah Uninga barang iku kabeh
وَيَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ
Allah Uninga samubarang kang ana ing langit Ian bumi .
وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ﴿٢٩﴾
Dene Allah iku Maha Kuwasa ing atase kabeh samubarang.” (29)
يَوْمَ تَجِدُ كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ مِنْ خَيْرٍ مُّحْضَرًاۛ
“(Supaya sira wedi) ing dina Qiyamat kang ing kono siji-sijining awak padha pikantuk (ganjarane) amal becik kang wis ditindakake, cumawis (ana ing sangarepe)
وَمَا عَمِلَتْ مِنْ سُوْۤءٍۛ
semono ugo laku ala kang wis ditindakake.
تَوَدُّ لَوْ اَنَّ بَيْنَهَا وَبَيْنَهٗٓ اَمَدًاۢ بَعِيْدًاۗ
Wong mau dhemen yen diedohake antarane (piwales) lan antarane mongsa kang adoh (suwe).
وَيُحَذِّرُكُمُ اللهُ نَفْسَهٗۗ
Lan Allah paring rasa wedi ing sliramu kabeh marang sarira-Ne.
وَاللهُ رَءُوْفٌۢ بِالْعِبَادِ﴿٣٠﴾ ع_3
Dene Allah iku Mahawelas marang para kawulane. (30)
قُلْ اِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللهَ فَاتَّبِعُوْنِيْ
Dhawuha (sliramu Muhammad): “Menawa sira kabeh padha dhemen ing Allah padha ngestokna marang aku,
يُحْبِبْكُمُ اللهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ
Allah mesthi remen sliramu kabeh lan Panjenengane mesthi bakal paring pangapura ing sakehing dosamu.”
وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿٣١﴾
Allah iku Maha Paring Pangapura sarta Mahaasih. (31)
قُلْ اَطِيْعُوا اللهَ وَالرَّسُوْلَۚ
Dhawuha (Muhammad): “Sira padha ngestokna ing dhawuhe Allah lan utusane.”
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّ اللهَ لَا يُحِبُّ الْكٰفِرِيْنَ﴿٣٢﴾
Menawa dheweke padha mlengos, satemene Allah iku ora remen marang wong-wong kafir. (32)
اِنَّ اللهَ اصْطَفٰٓى اٰدَمَ وَنُوْحًا
Saktemene Allah wis milih marang Adam lan Nuh,
وَّاٰلَ اِبْرٰهِيْمَ وَاٰلَ عِمْرَانَ عَلَى الْعٰلَمِيْنَۙ﴿٣٣﴾
lan kulawargane Ibrahim sarta kulawargane ‘Imran ngungkuli wong sak jagad. (33)
ذُرِّيَّةًۢ بَعْضُهَا مِنْۢ بَعْضٍۗ
Turune sawenehe, (lahir) saka sawenehe liyane (yaiku tedhak turune Adam).
وَاللهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۚ﴿٣٤﴾
Dene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni (34)
اِذْ قَالَتِ امْرَاَتُ عِمْرَانَ
(Muhammad) mangertia: nalika bojone ‘Imran, (aran Hannah) munjuk ing Allah:
رَبِّ اِنِّيْ نَذَرْتُ لَكَ مَا فِيْ بَطْنِيْ مُحَرَّرًا
“Dhuh Pangeran kawula, sayektosipun kawula nazar (sediya) dhumateng Paduka, badhe nglahiraken (bayi) ingkang wonten guwa garba kawula punika,
فَتَقَبَّلْ مِنِّيْۚ اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿٣٥﴾
Mugi Paduka kepareng nampi nazar kawula, saestu Paduka punika Mahamidhanget sarta Mahauninga. (35)
فَلَمَّا وَضَعَتْهَا قَالَتْ
Bareng garwane ‘Imran nglahirake anak wadon, dheweke munjuk atur ing Allah:
رَبِّ اِنِّيْ وَضَعْتُهَآ اُنْثٰىۗ
“Dhuh Pangeran kawula, sayektos kawula sampun nglahiraken lare estri.”
وَاللهُ اَعْلَمُ بِمَا وَضَعَتْۗ
Dene Allah iku luwih Uninga bayi kang wis dilahirake,
وَلَيْسَ الذَّكَرُ كَالْاُنْثٰىۚ
“Kang mangka lare jaler punika mboten kados Iare estri.
وَاِنِّيْ سَمَّيْتُهَا مَرْيَمَ
Dene anak kawula punika kula paringi asma Maryam,
وَاِنِّيْٓ اُعِيْذُهَا بِكَ وَذُرِّيَّتَهَا
saha kawula suwunaken Reksa ing Paduka dalah sak turunipun.
مِنَ الشَّيْطٰنِ الرَّجِيْمِ ﴿٣٦﴾
Mugi Paduka Reksa saking panggodaning setan ingkang rinanjam.” (36)
فَتَقَبَّلَهَا رَبُّهَا بِقَبُوْلٍ حَسَنٍ
Pengeran nuli Nampa panyuwune kelawan becik sarta dipernahake lelakon kang utama,
وَّاَنْۢبَتَهَا نَبَاتًا حَسَنًاۖ وَّكَفَّلَهَا زَكَرِيَّاۗ
apa dene Allah kepareng anggedhek-ake marang Maryam kanthi becik lan banjur diopeni dening Zakariya.
كُلَّمَا دَخَلَ عَلَيْهَا زَكَرِيَّا الْمِحْرَابَۙ وَجَدَ عِنْدَهَا رِزْقًاۚ
Saben-saben Zakariya mlebu ana ing pangimaman, panjenengane pirsa ing sandinge Maryam ana dhaharan,
قَالَ يٰمَرْيَمُ اَنّٰى لَكِ هٰذَاۗ
Pangandikane Zakariya: “He Maryam, saka ngendi tekane pangan iki?”
قَالَتْ هُوَ مِنْ عِنْدِ اللهِۗ
Ature Maryam: “Tetedhan punika saking ngarsanipun Allah.
اِنَّ اللهَ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ﴿٣٧﴾
Sayektosipun Allah punika paring rejeki dhateng tetiyang ingkang dipun Kersakaken tanpa wicalan.” (37)
هُنَالِكَ دَعَا زَكَرِيَّا رَبَّهٗۚ
Zakariya bareng pirsa kang mangkono mau banjur donga ing Pengeran:
قَالَ رَبِّ هَبْ لِيْ مِنْ لَّدُنْكَ ذُرِّيَّةً طَيِّبَةًۚ
“Dhuh Pangeran kawula! Paduka mugi paring turunan dhumateng kawula ingkang sae saking Ngarsa Paduka.
اِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاۤءِ﴿٣٨﴾
Sayektos Paduka punika Mahamidhanget ing sedaya panuwunan.” (38)
فَنَادَتْهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَهُوَ قَاۤىِٕمٌ يُّصَلِّيْ فِى الْمِحْرَابِۙ
Malaikat Jibril banjur ngaturi marang Zakariya, kang lagi sholat ana ing pangimaman,
اَنَّ اللهَ يُبَشِّرُكَ بِيَحْيٰى
Ature: “Sayektosipun Allah Paring bebungah dhumateng panjenengan badhe dipun paringi putra jaler keng nami Yahya
مُصَدِّقًاۢ بِكَلِمَةٍ مِّنَ اللهِ
Ingkang badhe ngimanaken dhumateng kalimah saking Allah,
وَسَيِّدًا وَّحَصُوْرًا وَّنَبِيًّا مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ﴿٣٩﴾
Tuwin badhe dados panutaning umat, saha kareksa saking wanita, tur badhe jumeneng Nabi, tuwin kalebet ewoning tiyang ingkang sami sholeh. (39)
قَالَ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ
Zakariya munjuk atur: “Dhuh Pengeran kawula, kados pundi anggen kawula saget anggadhahi anak,
وَّقَدْ بَلَغَنِيَ الْكِبَرُ وَامْرَاَتِيْ عَاقِرٌۗ
Kang mangka kawula punika sampun pikun, punapa dene simah kawula punika gabuk.”
قَالَ كَذٰلِكَ اللهُ يَفْعَلُ مَا يَشَاۤءُ ﴿٤٠﴾
Dhawuhe Allah: “Mengkono iku Allah kuwasa nindakake miturut apa sing Dikersakake.” (40)
قَالَ رَبِّ اجْعَلْ لِّيْٓ اٰيَةًۗ
Zakariya munjuk atur: “Dhuh Pengeran kawula, Paduka mugi paring tandha yekti dhumateng kawula.”
قَالَ اٰيَتُكَ اَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلٰثَةَ اَيَّامٍ اِلَّا رَمْزًاۗ
Dhawuhe Allah: “Tandha yektimu (manawa sira bakal duwe anak) yaiku sira bakal ora (bisa) guneman karo manungsa, lawase nganti telung dina, kajaba mung kelawan isyarah (tuding-tuding) wae.
وَاذْكُرْ رَّبَّكَ كَثِيْرًا وَّسَبِّحْ بِالْعَشِيِّ وَالْاِبْكَارِ﴿٤١﴾ ع_4
Lan ngakeh-ngakehna anggonmu nyebut asmane Pengeran lan ngucapna tasbih (sholat) ing wayah sore lan esuk.” (41)
وَاِذْ قَالَتِ الْمَلٰۤىِٕكَةُ
(Muhammad sliramu dhawuha crita) nalikane Malaikat Jibril ngendika marang Maryam:
يٰمَرْيَمُ اِنَّ اللهَ اصْطَفٰىكِ وَطَهَّرَكِ
“Maryam, sayektosipun Allah sampun milih dhateng panjenengan, njih punika dipun paringi nugraha kasucen
وَاصْطَفٰىكِ عَلٰى نِسَاۤءِ الْعٰلَمِيْنَ﴿٤٢﴾
saha dipun pilih nglangkungi para wanita ing sak ngalam donya.” (42)
يٰمَرْيَمُ اقْنُتِيْ لِرَبِّكِ
“Maryam, panjenengan mugi ngabektos dhumateng Pengeran
وَاسْجُدِيْ وَارْكَعِيْ مَعَ الرَّاكِعِيْنَ ﴿٤٣﴾
saha mugi sujud Ian ruku’ sesarengan kaliyan tetiyang ingkang sami ruku’” (43)
ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهِ اِلَيْكَۗ
Critane Zakariya Ian Maryam mau kalebu pamedharing ghoib kang Ingsun wahyokake marang sira (Muhammad)
وَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ اِذْ يُلْقُوْنَ اَقْلَامَهُمْ اَيُّهُمْ يَكْفُلُ مَرْيَمَۖ
Awit sira durung tumitah nalika para bani Israil nguncalke undian dienggo tandha yekti sapa kang dikeparengake ngupakara Maryam.
وَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ اِذْ يَخْتَصِمُوْنَ﴿٤٤﴾
Nalika wong bani lsrail padha rebutan Maryam mau, sira iya durung tumitah . (44)
اِذْ قَالَتِ الْمَلٰۤىِٕكَةُ
(Muhammad) sliramu dhawuha, nalikane Malaikat Jibril dhawuh marang Maryam:
يٰمَرْيَمُ اِنَّ اللهَ يُبَشِّرُكِ بِكَلِمَةٍ مِّنْهُۖ اسْمُهُ الْمَسِيْحُ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ
“Dhuh Maryam! Sayektosipun Allah Paring bebingah dhumateng panjenengan. Injih punika badhe pikantuk satunggal kalimah (badhe gadhah putra) anugerahipun Allah keng nami Al-Masih ‘Isa ibnu Maryam,
وَجِيْهًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ وَمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَۙ﴿٤٥﴾
piyambakipun badhe kagungan kamulyan wonten ing ngalam donya tuwin ing akherat, saha piyambakipun kalebet ewoning tetiyang ingkang sami kacelak dhateng ngersanipun Allah. (45)
وَيُكَلِّمُ النَّاسَ فِى الْمَهْدِ وَكَهْلًا
“Lan piyambakipun badhe saget ngendikan kaliyan para manungsa wonten ing bandhulan (rikala taksih bayi) saha nalika agengipun (sepuhipun)
وَّمِنَ الصّٰلِحِيْنَ﴿٤٦﴾
Saha piyambakipun kalebet ewoning tetiyang ingkang sami sholeh. (46)
قَالَتْ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ وَلَدٌ وَّلَمْ يَمْسَسْنِيْ بَشَرٌۗ
Maryam munjuk atur: “Dhuh Pengeran kawula, kados pundi kawula badhe saged nggadhahi anak, mangka kawula punika dereng nate kagepok dening tetiyang jaler.”
قَالَ كَذٰلِكِ اللهُ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُۗ
Malaikat Jibril ngandika: “Makaten punika menggahing Allah nitahaken barang ingkang dipun Kersakaken”
اِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ﴿٤٧﴾
Panjenenganipun menawi Kersa Mutus Perkawis, cekap Ngendika: “Ana-a” nuli ana.” (47)
وَيُعَلِّمُهُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ
Allah Mulang marang dheweke (Isa puterane Maryam) Kitab lan Kawicaksanaan
وَالتَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَۚ ﴿٤٨﴾
Taurat lan Injil. (48)
وَرَسُوْلًا اِلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ەۙ
Lan Isa iku bakal dadi utusan marang Bani lsrail.
اَنِّيْ قَدْ جِئْتُكُمْ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْۙ
(Bareng Nabi Isa wis katetepna dadi utusan) banjur dhawuh: “He wong Bani lsrail, satemene rawuh ku iki ngampil tandha yekti saka Pengeranmu.
اَنِّيْٓ اَخْلُقُ لَكُمْ مِّنَ الطِّيْنِ كَهَيْـَٔةِ الطَّيْرِ فَاَنْفُخُ فِيْهِ فَيَكُوْنُ طَيْرًاۢ بِاِذْنِ اللهِۚ
Satemene Ingsun bisa gawe saemper manuk saka lemah nuli tak sebul, dadi manuk temenan, kanthi idzining Allah.
وَاُبْرِئُ الْاَكْمَهَ وَالْاَبْرَصَ وَاُحْيِ الْمَوْتٰى بِاِذْنِ اللهِۚ
Sarta aku bisa marasake wong kang wuta lan wong kang sopak, apadene aku iya bisa nguripake wong kang wis padha mati kanthi idzining Allah.
وَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا تَأْكُلُوْنَ وَمَا تَدَّخِرُوْنَۙ فِيْ بُيُوْتِكُمْۗ
Aku uga bisa nerangake barang kang sira pangan lan barang kang sira simpen ana ing omahmu.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَۚ﴿٤٩﴾
Satemene kang mengkono iku dadi tandha yekti tumrap sira kabeh, manawa sira kabeh padha percaya ing Allah. (49)
وَمُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرٰىةِ
Lan maneh rawuhku iki mbenerake samubarang kang kasebut Kitab (Taurat) kang ana ing ngarepingsun,
وَلِاُحِلَّ لَكُمْ بَعْضَ الَّذِيْ حُرِّمَ عَلَيْكُمْ وَجِئْتُكُمْ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْۗ
Lan supaya Ingsun ngalalake marang sira kabeh barang kang maune diharamake tumrap sliramu kabeh, apa meneh rawuhku iki uga ngampil tandha yekti saka Pengeranmu.
فَاتَّقُوا اللهَ وَاَطِيْعُوْنِ﴿٥٠﴾
Awit saka iku sliramu kabeh padha bektia ing Allah, Ian padha ngestokna marang ingsun. (50)
اِنَّ اللهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ ﴿٥١﴾
“Satemene Allah iku Pengeraningsun Ian Pangeranmu kabeh. Sliramu padha manembaha marang Penjenengane Allah. Iki dalan kang jejeg. (51)
فَلَمَّآ اَحَسَّ عِيْسٰى مِنْهُمُ الْكُفْرَ قَالَ
Bareng Isa pirsa yen wong Bani Israil padha kafir, banjur paring pangandikan:
مَنْ اَنْصَارِيْٓ اِلَى اللهِۗ
“Sapa kang bakal mitulungi ingsun marang agamane Allah?”
قَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ نَحْنُ اَنْصَارُ اللهِۚ
Kaum Hawariyyin padha matur: “Kita sedaya ingkang sami bade ambiyantu nulungi dhateng agamaning Allah.
اٰمَنَّا بِاللّٰهِۚ وَاشْهَدْ بِاَنَّا مُسْلِمُوْنَ﴿٥٢﴾
Kita sami pitados ing Allah. Panjenengan mugi nyeksenana menawi kita sedaya punika sami Islam. ” (52)
رَبَّنَآ اٰمَنَّا بِمَآ اَنْزَلْتَ وَاتَّبَعْنَا الرَّسُوْلَ
“Dhuh Pengeran, kita sami pitados ing kitab (Injil) ingkang sampun Paduka turunaken, saha kita sami ngestokaken dhateng Utusan Paduka (Isa)
فَاكْتُبْنَا مَعَ الشّٰهِدِيْنَ ﴿٥٣﴾
Mila kita mugi Paduka serat dados golonganipun tetiyang ingkang sami nekseni temenipun para rasul.” (53)
وَمَكَرُوْا وَمَكَرَ اللهۗ
Wong-wong kafir iku padha gawe paekan, nanging Allah (uga) mbales gawe paekan.
وَاللهُ خَيْرُ الْمَاكِرِيْنَ﴿٥٤﴾ ع_5
Dene Allah iku luwih becik-becike Kang Nulak sekabehana paekan. (54)
اِذْ قَالَ اللهُ يٰعِيْسٰٓى اِنِّيْ مُتَوَفِّيْكَ وَرَافِعُكَ اِلَيَّ وَمُطَهِّرُكَ مِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا
(Muhammad) sliramu paringa cerita, nalika Allah dhawuh marang ‘Isa: “Satemene Ingsun bakal nyampurnakake sliramu Ian uga njunjung sliramu marang Ngarsaningsun, lan Ingsun uga bakal Agawe suci sliramu Ngedohake saka wong-wong kafir
وَجَاعِلُ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْكَ فَوْقَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۚ
Lan Ingsun Ndadekake sarupane wong kang padha dherek ing sira ngungkuli wong-wong kang padha kafir tumeka ing dina qiyamat.”
ثُمَّ اِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاَحْكُمُ بَيْنَكُمْ فِيْمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ﴿٥٥﴾
Nuli marang Ngarsa Ingsun panggonan bali sliramu. Ingsun banjur Mutusi ing antarane sliramu kabeh, ana ing perkara kang padha diangge pasulayan. (55)
فَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَاُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۖ
Dene wong kang padha kafir iku, lngsun bakal nyiksa kelawan siksa kang abot ana ing donya lan ana ing akherat,
وَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ﴿٥٦﴾
Lan ora ana kang bisa aweh pitulungan marang wong kafir mau (56)
وَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ
Dene wong kang padha iman lan nindhakake pakaryan becik,
فَيُوَفِّيْهِمْ اُجُوْرَهُمْۗ وَاللهُ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ﴿٥٧﴾
iku Allah mesthi Paring ganjaran kang sampurna. Dene Allah iku Ora Remen marang wong kang padha nganiaya. (57)
ذٰلِكَ نَتْلُوْهُ عَلَيْكَ
Lelakone ‘lsa kang lngsun ceritakake marang sliramu iku
مِنَ الْاٰيٰتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ﴿٥٨﴾
ewone dadi tandha yekti lan dadi pitutur kang wicaksana. (58)
اِنَّ مَثَلَ عِيْسٰى عِنْدَ اللهِ كَمَثَلِ اٰدَمَۗ
Satemene sanepane ‘lsa iku ana ing Ngarsane Allah kaya sanepane Adam.
خَلَقَهٗ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ قَالَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ﴿٥٩﴾
Panjenengane nitahake Adam mau saka lemah, nuli ngendika: “Ana-a” banjur ana temenan. (59)
اَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ
Barang kang bener babagan kahanane Nabi ‘lsa iku temen saka Ngersane Pengeranmu,
فَلَا تَكُنْ مِّنَ الْمُمْتَرِيْنَ﴿٦٠﴾
awit saka iku sliramu aja nganti kalebu ewone wong kang padha mamang. (60)
فَمَنْ حَاۤجَّكَ فِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ فَقُلْ
Manawa ana wong kang mbantah perkara anane ‘lsa, sawise sliramu kadunungan kaweruh, sira dhawuha:
تَعَالَوْا نَدْعُ اَبْنَاۤءَنَا وَاَبْنَاۤءَكُمْ وَنِسَاۤءَنَا وَنِسَاۤءَكُمْ وَاَنْفُسَنَا وَاَنْفُسَكُمْۗ
“He padha mrenea, becik ingsun padha nimbali anak-anakku !an anak-anakmu, garwaku Ian garwamu, Ian para golongan ingsun lan golonganmu,
ثُمَّ نَبْتَهِلْ فَنَجْعَلْ لَّعْنَتَ اللهِ عَلَى الْكٰذِبِيْنَ﴿٦١﴾
nuli kita kabeh padha nyuwun Pengadilan marang Allah, laknating Allah muga-muga tumuju marang wong-wong kang padha goroh. (61)
اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْقَصَصُ الْحَقُّۚ
Satemene cerita kang kasebut mau, cerita kang luwih bener.
وَمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّا اللهُۗ
Ora ana Pengeran kang wajib Sinembah kajaba mung Allah.
وَاِنَّ اللهَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ﴿٦٢﴾
Satemene Allah iku Mahagagah sarta Mahawicaksana. (62)
فَاِنْ تَوَلَّوْا
Dene menawa wong-wong mau padha mlengos,
فَاِنَّ اللهَ عَلِيْمٌۢ بِالْمُفْسِدِيْنَ ﴿٦٣﴾ ع_6
sliramu sumurupa, satemene Allah iku Mahauninga wong kang padha gawe rusak. (63)
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ تَعَالَوْا اِلٰى كَلِمَةٍ سَوَاۤءٍۢ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ
(Muhammad) sliramu dhawuha: “He wong ahli kitab, sira padha mreneya, ngumpulake kalimah kang adil antarane ingsun lan antarane sira kabeh,
اَلَّا نَعْبُدَ اِلَّا اللهَ
yaiku supaya kita kabeh ora manembah kajaba mung marang Allah piyambak
وَلَا نُشْرِكَ بِهٖ شَيْـًٔا
lan kita kabeh aja nyekuthokake Panjenengane marang apa wae saliya-Ne
وَّلَا يَتَّخِذَ بَعْضُنَا بَعْضًا
sarta kita kabeh aja ngalap marang saweneh liyane
اَرْبَابًا مِّنْ دُوْنِ اللهِۗ
dadi Pengeran saliyane Allah.”
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُوْلُوا
Dene manawa dheweke (Ahli Kitab) mau padha mlengos,
اشْهَدُوْا بِاَنَّا مُسْلِمُوْنَ﴿٦٤﴾
sliramu banjur dhawuha: “Sira padha nyeksenana yen kita iki padha Islam.” (64)
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تُحَاۤجُّوْنَ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ
“He Ahli Kitab, ya gene sliramu padha mbantah babagan Ibrahim,
وَمَآ اُنْزِلَتِ التَّوْرٰىةُ وَالْاِنْجِيْلُ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِهٖۗ
kang mangka Taurat Ian lnjil iku ora diturunake kajaba sawise Ibrahim.
اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ﴿٦٥﴾
Apa sira iku padha ora duwe akal?” (65)
هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ حَاجَجْتُمْ فِيْمَا لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌ
Kaya ngene sliramu iki: kudune padha padudon perkara kang wis padha sira sumurupi,
فَلِمَ تُحَاۤجُّوْنَ فِيْمَا لَيْسَ لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌۗ
nanging yogene padha bantah-binantah tumrap perkara kang durung padha sira sumurupi?
وَاللهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ ﴿٦٦﴾
Lan Allah iku Mahauninga, nanging sira ora padha weruh. (66)
مَا كَانَ اِبْرٰهِيْمُ يَهُوْدِيًّا وَّلَا نَصْرَانِيًّا
Ibrahim iku dudu wong Yahudi lan dudu wong Nasrani,
وَّلٰكِنْ كَانَ حَنِيْفًا مُّسْلِمًاۗ
nanging panjenengane iku condhong marang agama kang bener sarta sumarah marang Allah
وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ﴿٦٧﴾
Lan panjenengane iku dudu golongane wong kang padha musyrik. (67)
اِنَّ اَوْلَى النَّاسِ بِاِبْرٰهِيْمَ
Satemene wong kang luwih celak marang Ibrahim iku
لَلَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ وَهٰذَا النَّبِيُّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ
wong kang padha ndherek panjenengane, lan Nabi iki (Muhammad) Ian wong kang padha percaya.
وَاللهُ وَلِيُّ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿٦٨﴾
Dene Allah iku Pangayome wong kang padha percaya. (68)
وَدَّتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَوْ يُضِلُّوْنَكُمْۗ
Sagolongan saka ahli kitab ana kang ndhemen manawa nyasarake sira kabeh.
وَمَا يُضِلُّوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ
Ananging dheweke ora kuwawa nyasarake kajaba nyasarake marang awake dhewe,
وَمَا يَشْعُرُوْنَ﴿٦٩﴾
nanging dheweke ora padha krasa. (69)
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللهِ
He ahli kitab, yogene sliramu padha kafir ing ayat-ayate Allah,
وَاَنْتُمْ تَشْهَدُوْنَ ﴿٧٠﴾
kang mangka sira kabeh padha nyekseni manawa ayat-ayate Allah iku bener. (70)
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَلْبِسُوْنَ الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ
He Ahli Kitab, yogene sliramu padha nyampur-aduk perkara kang bener kelawan perkara kang bathil,
وَتَكْتُمُوْنَ الْحَقَّ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ﴿٧١﴾ ع_7
Lan sira padha ngumpetake perkara kang bener mau, ing mangka sira jan-jane padha mangerti? (71)
وَقَالَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ
Lan ana wong kafir saka sagolongan ahli kitab, celathu karo kancane:
اٰمِنُوْا بِالَّذِيْٓ اُنْزِلَ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَجْهَ النَّهَارِ
“Sira padha percayaa, nanging secara lamis, ing kitab Qur’an kang diturunake marang wong mukmin ing kawitaning dina (wayah esuk),
وَاكْفُرُوْٓا اٰخِرَهٗ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَۚ﴿٧٢﴾
nanging sira aja percaya ana ing pungkasane dina (wayah sore). Muga-muga dheweke (wong mukmin) banjur padha mbalik saka agama Islam.” (72)
وَلَا تُؤْمِنُوْٓا اِلَّا لِمَنْ تَبِعَ دِيْنَكُمْۗ
“Lan sira aja percaya, kajaba marang wong kang manut agamamu.” (Kang mangkono iku jalaran mung drengki).
قُلْ اِنَّ الْهُدٰى هُدَى اللهِۙ
Dhawuha (sira Muhammad): “Satemene pituduh (bener) iku pituduhing Allah.”
اَنْ يُّؤْتٰٓى اَحَدٌ مِّثْلَ مَآ اُوْتِيْتُمْ اَوْ يُحَاۤجُّوْكُمْ عِنْدَ رَبِّكُمْۗ
Manawa ana sawijining wong kang diparingi (wahyu) kaya kang wis diparingake marang sliramu, utawa dheweke padha mbantah marang sliramu ana ing ngersane Pengeranmu,
قُلْ اِنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللهِۚ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Dhawuha (sira Muhammad): “Satemene kanugrahan iku ana ing astane Allah, kaparingake marang wong kang Dikersakake. “
وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌۚ ﴿٧٣﴾
Lan Allah iku Mahajembar sarta Mahauninga (73)
يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Allah iku nemtokake kanthi Welas Asihe marang wong kang Dikersak-ake.
وَاللهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ ﴿٧٤﴾
Dene Allah iku Kagungan Kanugrahan Kang Agung. (74)
وَمِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مَنْ اِنْ تَأْمَنْهُ بِقِنْطَارٍ يُّؤَدِّهٖٓ اِلَيْكَۚ
Lan sawenehe ahli kitab ana wong manawa sira titipi bandha akeh, padha mbalekake bandha mau marang sliramu
وَمِنْهُمْ مَّنْ اِنْ تَأْمَنْهُ بِدِيْنَارٍ لَّا يُؤَدِّهٖٓ اِلَيْكَ اِلَّا مَا دُمْتَ عَلَيْهِ قَاۤىِٕمًاۗ
Lan sawenehe ahli kitab ana wong kang manawa sira titipi dhuwit sadina wae, ora gelem mbalekake marang sira, kajaba yen sira tansah ngujeg-ujeg.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لَيْسَ عَلَيْنَا فِى الْاُمِّيّٖنَ سَبِيْلٌۚ
Kang mangkono iku jalaran dheweke padha ngucap: “Ora dosa tumrap kita manawa kita padha ora nuhoni (ora mbalekake titipan) marang wong kang padha bodho (kang ora tunggal agama).”
وَيَقُوْلُوْنَ عَلَى اللهِ الْكَذِبَ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ﴿٧٥﴾
Dheweke padha ngucapake gegorohan ing atase Allah, ing kamangka jan-jane dheweke iku padha mangerti (yen pangucape iku goroh). (75)
بَلٰى مَنْ اَوْفٰى بِعَهْدِهٖ وَاتَّقٰى
Dene sing sapa nuhoni janjine Ian bekti marang Allah
فَاِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ ﴿٧٦﴾
iku padha mangertia yen Allah iku remen marang wong kang padha bekti ing Panjenengane. (76)
اِنَّ الَّذِيْنَ يَشْتَرُوْنَ بِعَهْدِ اللهِ وَاَيْمَانِهِمْ ثَمَنًا قَلِيْلًا
Satemene wong kang padha ngijoli janjine Allah lan sumpah-sumpahe kanthi rega kang sethithik,
اُولٰۤىِٕكَ لَا خَلَاقَ لَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ
dheweke bakal ora duwe bagian kabegjan besuk ana ing akherat,
وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللهُ وَلَا يَنْظُرُ اِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْۖ
Lan Allah ora kersa Pangandikan karo dheweke, sarta ora kersa Mirsani marang dheweke besuk ing dina qiyamat, sarta ora kersa Nucekake dheweke
وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ ﴿٧٧﴾
Lan bakal kapatrapan siksa kang lara. (77)
وَاِنَّ مِنْهُمْ لَفَرِيْقًا
Saktemene saweneh saka wong-wong mau (ahli kitab)
يَّلْوٗنَ اَلْسِنَتَهُمْ بِالْكِتٰبِ
ana sagolongan kang padha mlencengake pangucape nalika maca Kitab,
وَمَا هُوَ مِنَ الْكِتٰبِۚ لِتَحْسَبُوْهُ مِنَ الْكِتٰبِ
mangka sajatine dudu saka Kitab, supaya sira padha ngira yen kang diwaca iku saka Kitab
وَيَقُوْلُوْنَ هُوَ مِنْ عِنْدِ اللهِ
Dheweke padha ngucap: “Iku kitab terang saka ngarsane Allah”,
وَمَا هُوَ مِنْ عِنْدِ اللهِۚ
kang mangka sejatine iku mau dudu saka ngarsane Allah.
وَيَقُوْلُوْنَ عَلَى اللهِ الْكَذِبَ
Lan dheweke padha ngucapake gegorohan ing atase Allah,
وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ﴿٧٨﴾
ing mangka jan-jane dheweke iku mau padha mangerti (yen pangucape iku goroh) (78)
مَا كَانَ لِبَشَرٍ اَنْ يُّؤْتِيَهُ اللهُ الْكِتٰبَ
Ora ana wong kang diparingi dening Allah Kitab,
وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ
Kawicaksanan lan Kenabiyan,
ثُمَّ يَقُوْلَ لِلنَّاسِ
nuli dheweke ngucap marang para manungsa:
كُوْنُوْا عِبَادًا لِّيْ مِنْ دُوْنِ اللهِ
“Sira padha ngawula-a ing aku. Ora ngawula marang Allah,”
وَلٰكِنْ كُوْنُوْا رَبَّانِيّٖنَ
nanging dheweke mesthi ngucap: “Sira padha dadiya wong kang padha dhedhepe marang Allah,
بِمَا كُنْتُمْ تُعَلِّمُوْنَ الْكِتٰبَ وَبِمَا كُنْتُمْ تَدْرُسُوْنَۙ﴿٧٩﴾
jalaran sira padha mulang Kitab, apadene sira wis padha maca.” (79)
وَلَا يَأْمُرَكُمْ اَنْ تَتَّخِذُوا الْمَلٰۤىِٕكَةَ وَالنَّبِيّٖنَ اَرْبَابًاۗ
Lan dheweke mesthi ora printah marang sira kabeh, supaya sira ngalap para malaikat lan para nabi dadi Pengeran.
اَيَأْمُرُكُمْ بِالْكُفْرِ بَعْدَ اِذْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ﴿٨٠﴾ع_8
Apa dheweke printah ing sira kabeh supaya padha dadi kafir sawise padha Islam? (Iku mesthi ora). (80)
وَاِذْ اَخَذَ اللهُ مِيْثَاقَ النَّبِيّٖنَ
(Muhammad) sliramu paringa crita nalika Allah mundhut sesanggemane para nabi
لَمَآ اٰتَيْتُكُمْ مِّنْ كِتٰبٍ وَّحِكْمَةٍ
(Pangandikane Allah), samubarang kang wis Ingsun turunake marang sira ana ing Kitab lan kawicaksanaan kang Ingsun paringake marang sliramu kabeh, kudu sira estokake,
ثُمَّ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مُّصَدِّقٌ لِّمَا مَعَكُمْ لَتُؤْمِنُنَّ بِهٖ وَلَتَنْصُرُنَّهٗۗ
Nuli ing tembe banjur ana rasul diutus marang sira kabeh, cocok kaya kang kasebut ing kitab cecekelanmu, sira kudu padha percaya sarta mbiyantu marang rasul mau.
قَالَ ءَاَقْرَرْتُمْ وَاَخَذْتُمْ عَلٰى ذٰلِكُمْ اِصْرِيْۗ
Dhawuhe Allah: “Apa sira wis padha saguh lan wis padha nampa perjanjian Ingsun kang mangkono iku?”
قَالُوْٓا اَقْرَرْنَاۗ
Dheweke padha matur: “Kita sadaya sampun sami nyagahi.”
قَالَ فَاشْهَدُوْا وَاَنَا۠ مَعَكُمْ مِّنَ الشّٰهِدِيْنَ﴿٨١﴾
Allah nuli Ngendika: “Sira padha nyaksenana, Ingsun mbarengi sira klebu kang padha nyekseni. “(81)
فَمَنْ تَوَلّٰى بَعْدَ ذٰلِكَ
Sing sapa banjur mlengos, sawise dumadine kesaguhan iku,
فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ﴿٨٢﴾
dheweke wong kang fasiq. (82)
اَفَغَيْرَ دِيْنِ اللهِ يَبْغُوْنَ
Apa dheweke padha ngupaya saliyane agamane Allah?
وَلَهٗٓ اَسْلَمَ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ
Malahan sakurebing langit lan salumahing bumi padha sumarah marang Panjenengane,
طَوْعًا وَّكَرْهًا
Kanthi karepe dhewe utawa kelawan kapeksa.
وَّاِلَيْهِ يُرْجَعُوْنَ﴿٨٣﴾
Lan kabeh bakal disowanake marang Ngarsane Panjenengane. (83)
قُلْ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا
Dhawuha sira Muhammad : “Kita wis padha percaya ing Allah lan kitab kang wis diturunake marang kita,
وَمَآ اُنْزِلَ عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ
Marang Ibrahim, Ismail, lshaq, Ya’qub lan tedhak turune,
وَمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى وَعِيْسٰى وَالنَّبِيُّوْنَ مِنْ رَّبِّهِمْۖ
Lan marang Kitab kang diparingake marang Musa, ‘lsa lan sakehe para nabi saka Pangerane.
لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْۖ
Kita ora mbedakake antarane siji-sijine para Nabi mau
وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ ﴿٨٤﴾
Lan kita padha sumarah marang Panjenengane Allah.” (84)
وَمَنْ يَّبْتَغِ غَيْرَ الْاِسْلَامِ دِيْنًا
Dene sapa kang ngarepi agama saliyane Islam,
فَلَنْ يُّقْبَلَ مِنْهُۚ
dheweke ora bakal ditampa dening Allah
وَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ ﴿٨٥﴾
Lan dheweke ana ing akherat klebu golongane wong kang padha kapitunan. (85)
كَيْفَ يَهْدِى اللهُ قَوْمًا كَفَرُوْا بَعْدَ اِيْمَانِهِمْ
Kapriye Allah anggone Kersa Nuduhake wong-wong kang padha kafir sawise padha percaya
وَشَهِدُوْٓا اَنَّ الرَّسُوْلَ حَقٌّ وَّجَاۤءَهُمُ الْبَيِّنٰتُۗ
Lan dheweke ugo wis padha nyekseni manawa utusan iku temen. Uga wis padha ngasta tandha bebener pirang-pirang kang nyata.
وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ﴿٨٦﴾
Dene Allah iku ora pisan-pisan Kersa Nuduhake marang wong-wong kang padha nganiaya. (86)
اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ اَنَّ عَلَيْهِمْ
Wong kang mangkono mau piwalese bakal
لَعْنَةَ اللهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَۙ﴿٨٧﴾
tampa bebendu soko Allah, para malaikat lan para manungsa kabeh. (87)
خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۚ
Anggone ana sajroning bebendu mau padha langgeng,
لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَۙ﴿٨٨﴾
ora pisan-pisan diparingi kaenthengan siksane Ian ora bakal disrantekake panyiksane. (88)
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ
Kajaba wong-wong kang padha gelem tobat sawise tumindak kang mengkono iku
وَاَصْلَحُوْاۗ
sarta padha mbecikake kelakuane.
فَاِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿٨٩﴾
Satemene Allah iku Maha Paring Pangapura lan Maha Asih. (89)
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بَعْدَ اِيْمَانِهِمْ
Satemene wong-wong kang padha kafir sawise padha iman
ثُمَّ ازْدَادُوْا كُفْرًا
sarta banjur ndadra anggone kafir,
لَّنْ تُقْبَلَ تَوْبَتُهُمْۚ
ora pisan-pisan bakal padha ditampa tobate
وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الضَّاۤلُّوْنَ﴿٩٠﴾
Lan wong-wong kang mangkono mau padha kesasar (90)
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَمَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ
Satemene wong-wong kafir Ian padha mati ing kahanan kafir,
فَلَنْ يُّقْبَلَ مِنْ اَحَدِهِمْ مِّلْءُ الْاَرْضِ ذَهَبًا
sanajan padha nebusi awake kelawan mas kang ngebaki lumahing bumi,
وَّلَوِ افْتَدٰى بِهٖۗ
Ora bakal katarima.
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ
Wong iku bakal dipatrapi siksa kang nglarani,
وَّمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ ﴿٩١﴾ ع_9 الجزء
sarta ora ana kang bisa nulungi. (91)
لَنْ تَنَالُوا الْبِرَّ حَتّٰى تُنْفِقُوْا مِمَّا تُحِبُّوْنَۗ
Sira kabeh ora bakal bisa pikantuk kabecikan nganti sira padha gelem ndermakake barang kang padha sira senengi.
وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ شَيْءٍ
Dene barang apa wae kang padha sira dermakake,
فَاِنَّ اللهَ بِهٖ عَلِيْمٌ﴿٩٢﴾
saktemene Allah iku Mahapriksa ing barang mau. (92)
كُلُّ الطَّعَامِ كَانَ حِلًّا لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِلَّا مَا حَرَّمَ اِسْرَاۤءِيْلُ عَلٰى نَفْسِهٖ مِنْ قَبْلِ اَنْ تُنَزَّلَ التَّوْرٰىةُۗ
Sakabehing rerupan dhaharan iku halal tumrap wong Bani lsrail, kajaba mung panganan kang diharamake dening Israil (Ya’ qub) dhewe tumrap barang awake saka sadurunge tumurun kitab Taurat.
قُلْ فَأْتُوْا بِالتَّوْرٰىةِ فَاتْلُوْهَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿٩٣﴾
Sira dhawuha (Muhammad): “Mara sira padha datengna kitab Taurat, nuli padha wacanen, yen nyata sira kabeh iku padha temen (93)
فَمَنِ افْتَرٰى عَلَى اللهِ الْكَذِبَ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ﴿٩٤﴾
(Sawise diterangake yen larangan bab panganan iku sekawit saka sirikane Ya’qub dhewe) mula sing sapa kang gawe gegorohan (diakokake saka) ngarsane Allah, iya wong-wong mau padha nganiaya. (94)
قُلْ صَدَقَ اللهُۗ
Dhawuha (sira Muhammad): “Dhawuhe Allah iku kabeh bener
فَاتَّبِعُوْا مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ
Jalaran saka iku sira padha manuta agamane Ibrahim kang akeh condhonge marang bebener,
وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ﴿٩٥﴾
Lan panjenengane iku ora klebu wong kang padha musyrik.” (95)
اِنَّ اَوَّلَ بَيْتٍ وُّضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِيْ بِبَكَّةَ
Satemene padaleman kang disedhiyakake minangka (kanggo qiblate sholat) manungsa, kang dhisik dhewe yaiku Mekkah,
مُبٰرَكًا وَّهُدًى لِّلْعٰلَمِيْنَۚ﴿٩٦﴾
Kang akeh barkahe Ian dadi pituduh tumrap wong sak jagad. (96)
فِيْهِ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ مَّقَامُ اِبْرٰهِيْمَ ەۚ
Ana ing Ka’bah kono ana tandha yekti pirang-pirang kang cetha, kayata: “Maqam (lenggahane) Nabi Ibrahim.
وَمَنْ دَخَلَهٗ كَانَ اٰمِنًاۗ
Dene sapa kang mlebu ing kono mesthi bakal tentrem atine.
وَلِلّٰهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ اِلَيْهِ سَبِيْلًاۗ
Allah wis majibake marang para manungsa kang sembada (ragade Ian awake), supaya padha nindakake ibadah Haji ing Baitullah.
وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ﴿٩٧﴾
Dene sing sapa kang kafir, satemene Allah iku Maha Sugih saka wong sak jagad. (97)
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللهِ
Dhawuha (sira Muhammad): “He para Ahli Kitab, yagene sira padha kafir ing ayat-ayate Allah,
وَاللهُ شَهِيْدٌ عَلٰى مَا تَعْمَلُوْنَ﴿٩٨﴾
Kang mangka Allah iku Maha Mirsani ing samubarang kang sira tindakake?” (98)
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لِمَ تَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللهِ
Dhawuha (sira Muhammad): “He para Ahli Kitab, yagene sira padha ngalang-alangi wong kang padha percaya dedalane Allah.
مَنْ اٰمَنَ تَبْغُوْنَهَا عِوَجًا وَّاَنْتُمْ شُهَدَاۤءُۗ
Pamrihmu supaya agamane Allah iku mlenceng, kang mangka sira padha mangerti bebener,
وَمَا اللهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ﴿٩٩﴾
Dene Allah Ora Bakal Kesupen saka tindak kang padha sira tindakake. (99)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تُطِيْعُوْا فَرِيْقًا مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ
“He wong mukmin kabeh, manawa sira padha manut golongan kang wis padha diparingi Kitab,
يَرُدُّوْكُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ كٰفِرِيْنَ﴿١٠٠﴾
yekti dheweke bakal balekake sira dadi kafir sawise sira padha iman.” (100)
وَكَيْفَ تَكْفُرُوْنَ وَاَنْتُمْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ اٰيٰتُ اللهِ وَفِيْكُمْ رَسُوْلُهٗۗ
Anggumunake yen sliramu padha mlengosake bebener, awit sliramu wis diwacakake ayat-ayate Allah, sarta ditunggoni utusane Allah.
وَمَنْ يَّعْتَصِمْ بِاللّٰهِ فَقَدْ هُدِيَ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿١٠١﴾ ع_10
Dene sing sapa gegondhelan agamane Allah, sumurupa, bakal diparingi pituduh dalan kang jejeg (101)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ
He wong iman kabeh, padha ngabektiya sliramu ing Allah, kelawan sejatining bekti,
وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ﴿١٠٢﴾
Aja padha pisan-pisan tilar donya, kajaba ana ing Agama Islam (102)
وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْاۖ
Padha gegondelono ing agamane Allah (piwulang Islam), aja nganti sliramu kabeh padha congkrah pisah-pisah,
وَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ
Padha ngelingana kanikmata-Ne Allah kang wis kaparingake marang sliramu kabeh, yaiku nalika sira padha memungsuhan, Allah nuli Gawe lembut atimu,
فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖٓ اِخْوَانًاۚ
Tumuli karana kanikmataning Allah, sira banjur dadi paseduluran.
وَكُنْتُمْ عَلٰى شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَاَنْقَذَكُمْ مِّنْهَاۗ
Mangka sakdurunge iku sira wis padha ancik-ancik ana ing pinggir jurang neraka, nuli Allah nylametake sira saka ing kono.
كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ﴿١٠٣﴾
Mangkono iku anggone Allah nerangake ayat-ayat-E marang sliramu, supaya padha pikantuk pituduh (103)
وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ
Prayogane ana-a wong sagolongan saka sliramu, kang ngajak-ajak nuntun marang kabecikan
وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِۗ
Lan padha printah nindakake penggawe becik lan nyegah saka panggawe ala.
وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ﴿١٠٤﴾
Wong kang mangkono iku padha begja. (104)
وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ تَفَرَّقُوْا وَاخْتَلَفُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْبَيِّنٰتُۗ
Lan sira aja padha dadi kaya wong kang padha pecah belah lan gegesehan sawise padha pikantuk pirang-pirang tandha kang terang.
وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۙ﴿١٠٥﴾
Wong kang mangkono iku bakal padha kepatrapan siksa kang gedhe (105)
يَّوْمَ تَبْيَضُّ وُجُوْهٌ وَّتَسْوَدُّ وُجُوْهٌۚ
Ing dinane wajah-wajah ana kang padha dadi putih lan ana kang padha dadi ireng.
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اسْوَدَّتْ وُجُوْهُهُمْۗ
wondene para kang wajahe padha dadi ireng, padha diweleheke:
اَكَفَرْتُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ
“Ya gene sliramu padha mbalik kafir, sawise iman,
فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ﴿١٠٦﴾
Saiki padha ngicipana siksa minangka piwalese anggonmu padha kafir. (106)
وَاَمَّا الَّذِيْنَ ابْيَضَّتْ وُجُوْهُهُمْ
Dene wong kang padha putih wajahe iku
فَفِيْ رَحْمَةِ اللهِۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ﴿١٠٧﴾
padha pikantuk Welas-Asihing Allah, ana ing suwarga padha langgeng (107)
تِلْكَ اٰيٰتُ اللهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّۗ
Kang kasebut mau ayat-ayat-E Allah, Ingsun wacakake marang sliramu (Muhammad) kelawan bener.
وَمَا اللهُ يُرِيْدُ ظُلْمًا لِّلْعٰلَمِيْنَ﴿١٠٨﴾
Allah Ora Kersa nganiaya marang wong sajagad kabeh. (108)
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ
Samubarang isining langit lan bumi kabeh kagungane Allah,
وَاِلَى اللهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ﴿١٠٩﴾ ع_11
Lan kabeh perkara bakal dikondurake marang Allah. (109)
كُنْتُمْ خَيْرَ اُمَّةٍ اُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ
Sliramu kabeh dadia wong-wong kang agawe udhar rewete manungsa,
تَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ
Kanthi printah nindakake penggawe becik lan padha anyegah ananing tindak ala,
وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللهِۗ
Kanthi dilambari bathin kang padha percaya ing Allah.
وَلَوْ اٰمَنَ اَهْلُ الْكِتٰبِ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْۗ
Lan saupama wong Ahli Kitab iku padha gelem percaya, yekti luwih becik.
مِنْهُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ وَاَكْثَرُهُمُ الْفٰسِقُوْنَ﴿١١٠﴾
Sawenehe wong mau ana kang iman, nanging akeh-akehe padha duraka (110)
لَنْ يَّضُرُّوْكُمْ اِلَّآ اَذًىۗ
Para wong wong Ahli Kitab ora bisa gawe cilaka marang sliramu, kajaba mung bisa gawe larane atimu.
وَاِنْ يُّقَاتِلُوْكُمْ يُوَلُّوْكُمُ الْاَدْبَارَۗ ثُمَّ لَا يُنْصَرُوْنَ﴿١١١﴾
Dene yen padha merangi sliramu, dheweke bakal padha tinggal gelanggang colong playu nuli dadi kalah ora tinulungan. (111)
ضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ اَيْنَ مَا ثُقِفُوْٓا
Ana ing ngendi wae wong Yahudi mau padha digawe asor,
اِلَّا بِحَبْلٍ مِّنَ اللهِ وَحَبْلٍ مِّنَ النَّاسِ
Kajaba yen banjur padha gegondhelan piwulanging Allah (Islam) lan sesandhingan becik marang sapadha manungsa,
وَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ مِّنَ اللهِ
Ning wekasane wong Yahudi mau padha kena bebenduning Allah
وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الْمَسْكَنَةُۗ
Lan padha nandang kemiskinan.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللهِ
Kang mengkono iku jalaran dheweke padha ora percaya marang Allah
وَيَقْتُلُوْنَ الْاَنْبِۢيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّۗ
Lan padha merjaya para Nabi kelawan ora bener,
ذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ﴿١١٢﴾
Kang mengkono iku jalaran saka anggone padha duraka (maksiyat) lan padha ngliwati wates. (112)
لَيْسُوْا سَوَاۤءًۗ مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ
Ora kabeh wong Ahli Kitab iku padha.
اُمَّةٌ قَاۤىِٕمَةٌ يَّتْلُوْنَ اٰيٰتِ اللهِ
Sawenehe ana sagolongan kang jejeg nyekel bebener lan tansah maca ayat-ayate Allah
اٰنَاۤءَ الَّيْلِ وَهُمْ يَسْجُدُوْنَ﴿١١٣﴾
ana ing wayah bengi, sarta padha sujud. (113)
يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ
Dheweke padha iman ing Allah lan dina akhir (qiyamat)
وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ
Lan padha printah nglakoni penggawe becik lan padha nyegah penggawe ala,
وَيُسَارِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِۗ
Lan padha gegancangan rikat anggone nglakoni sakehing kabecikan.
وَاُولٰۤىِٕكَ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ﴿١١٤﴾
Kang mangkono iku klebu ewone wong kang padha becik. (114)
وَمَا يَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَلَنْ يُّكْفَرُوْهُۗ
Dene samubarang kabecikan kang padha ditindakake iku ora bakal diilangake ganjarane.
وَاللهُ عَلِيْمٌۢ بِالْمُتَّقِيْنَ ﴿١١٥﴾
Lan Allah iku Mahauninga marang wong kang padha bekti ing Panjenengane. (115)
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا
Satemene tumrape wong-wong kang ora percaya (kafir),
لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ
Sekabehane bandhane
وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللهِ شَيْـًٔاۗ
Lan ugo anak-anake, ora bakal bisa maedahi apa-apa marang dheweke anggone ngadhepi azabe Allah.
وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿١١٦﴾
Wong kang mangkono iku bakal padha dadi ahli neraka kang langgeng. (116)
مَثَلُ مَا يُنْفِقُوْنَ فِيْ هٰذِهِ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا
Sanepane barang kang ditanjakake (didermakake) dening wong-wong mau ana ing panguripan donya iki,
كَمَثَلِ رِيْحٍ فِيْهَا صِرٌّ اَصَابَتْ حَرْثَ قَوْمٍ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَاَهْلَكَتْهُۗ
Kaya dene angin kang mawa adhem banget nempuh tandurane wong kang padha nganiaya awake dhewe, nuli ngrusak marang tetandurane mau.
وَمَا ظَلَمَهُمُ اللهُ
Allah ora pisan-pisan nganiaya marang wong-wong mau,
وَلٰكِنْ اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ﴿١١٧﴾
nanging dheweke dhewe kang padha nganiaya marang awake. (117)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوْا بِطَانَةً مِّنْ دُوْنِكُمْ لَا يَأْلُوْنَكُمْ خَبَالًاۗ
He wong mukmin kabeh, sira aja padha ngalap mitra saka sak liyane kancamu (Islam), dheweke padha ora leren-leren tansah pamrih kecilakan marang sliramu.
وَدُّوْا مَا عَنِتُّمْ
Dheweke padha seneng barang kang nyusahake sliramu,
ۚ قَدْ بَدَتِ الْبَغْضَاۤءُ مِنْ اَفْوَاهِهِمْۖ وَمَا تُخْفِيْ صُدُوْرُهُمْ اَكْبَرُۗ
satemene wis nganti kawetu saka lisane anggone gething marang sira lan barang kang diendhem ana ing atine wong-wong mau luwih gedhe.
قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْاٰيٰتِ اِنْ كُنْتُمْ تَعْقِلُوْنَ ﴿١١٨﴾
Temen Ingsun wis nerangake pirang-pirang tandha bener marang sliramu kabeh, yen pancen padha gelem anggunakake akal.(118)
هٰٓاَنْتُمْ اُولَاۤءِ تُحِبُّوْنَهُمْ وَلَا يُحِبُّوْنَكُمْ
He wong mukmin kabeh, sira padha dhemen marang wong kang dudu kancamu (Islam), ing mangka dheweke padha ora demen marang sliramu.
وَتُؤْمِنُوْنَ بِالْكِتٰبِ كُلِّهٖۚ
Sliramu padha percaya marang sakehing kitab (nanging wong-wong mau padha ora percaya marang Qur’an).
وَاِذَا لَقُوْكُمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّاۖ
Manawa wong-wong mau padha ketemu sliramu padha ngucap: “Kita padha iman marang kitab Qur’an,
وَاِذَا خَلَوْا عَضُّوْا عَلَيْكُمُ الْاَنَامِلَ مِنَ الْغَيْظِۗ
nanging bareng wis dhewekan lan amor kancane, saking bangete nafsune marang sliramu, persasat padha kerot (padha nyokot drijine dhewe).
قُلْ مُوْتُوْا بِغَيْظِكُمْۗ
Dhawuha (Muhammad): “Sira padha matiya kagawa saka nafsumu (muringmu).”
اِنَّ اللهَ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ﴿١١٩﴾
Satemene Allah Maha Pirsa barang kang ana sajroning ati. (119)
اِنْ تَمْسَسْكُمْ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْۖ
Manawa sira kabeh padha pikantuk kabecikan, ndadekake susahe wong kafir,
وَاِنْ تُصِبْكُمْ سَيِّئَةٌ يَّفْرَحُوْا بِهَاۗ
dene yen sira kabeh pikantuk kacilakan (keribetan) wong kafir padha bungah.
وَاِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا لَا يَضُرُّكُمْ كَيْدُهُمْ شَيْـًٔاۗ
Lan manawa sira padha sabar sarta padha bekti ing Allah, sakehing paeka (pialane) wong kafir mau ora bakal mbebayani sira kabeh sethithika.
اِنَّ اللهَ بِمَا يَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ﴿١٢٠﴾ ع_12
Satemene Allah Nglimputi samubarang kang sira tindakake. (120)
وَاِذْ غَدَوْتَ مِنْ اَهْلِكَ تُبَوِّئُ الْمُؤْمِنِيْنَ مَقَاعِدَ لِلْقِتَالِۗ
” (He Muhammad) elinga nalika sira metu saka negaramu (Madinah) ing wayah esuk, nata barise para wong mukmin bakal mangkat perang.
وَاللهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ ﴿١٢١﴾
Dene Allah iku Maha Midhanget sarta Mahapirsa. (121)
اِذْ هَمَّتْ طَّاۤىِٕفَتٰنِ مِنْكُمْ اَنْ تَفْشَلَاۙ
Ing nalikane ana kancamu rong golongan kang sumedya arep mundur jalaran padha wedi,
وَاللهُ وَلِيُّهُمَاۗ
mangka Allah Sing-Ngreksa sakarone;
وَعَلَى اللهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ ﴿١٢٢﴾
mulane marang Allah kudune sira sumendhe hai para kang padha iman. (122)
وَلَقَدْ نَصَرَكُمُ اللهُ بِبَدْرٍ وَّاَنْتُمْ اَذِلَّةٌۚ
Temen Allah wis nulungi sira kabeh ana ing peperangan Badhar (yaiku panggonan antarane Mekkah lan Madinah) nalika sira kabeh pinuju sarwa apes (kalah sentosa).
فَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ﴿١٢٣﴾
Mulane sira padha bektia ing Allah. Muga-muga sira kabeh padha ngaturna rasa syukur marang Allah. (123)
اِذْ تَقُوْلُ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
Nalika sliramu (Muhammad) ngendika marang para wong mukmin:
اَلَنْ يَّكْفِيَكُمْ اَنْ يُّمِدَّكُمْ رَبُّكُمْ بِثَلٰثَةِ اٰلَافٍ
“Apa durung nyukupi anggone Pengeranmu maringi 3.000 wadyabala
مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُنْزَلِيْنَۗ﴿١٢٤﴾
saka para malaikat kang diturunake?” (124)
بَلٰٓىۙ اِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا وَيَأْتُوْكُمْ مِّنْ فَوْرِهِمْ
O, manawa sliramu padha tatag lan padha bekti, lan mungsuh padha nempuh sanalika iku
هٰذَا يُمْدِدْكُمْ رَبُّكُمْ بِخَمْسَةِ اٰلَافٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُسَوِّمِيْنَ﴿١٢٥﴾
ing kono Allah bakal maringi wadyabala cacahe 5.000 malaikat, padha mawa tetenger. (125)
وَمَا جَعَلَهُ اللهُ اِلَّا بُشْرٰى لَكُمْ وَلِتَطْمَىِٕنَّ قُلُوْبُكُمْ بِهٖۗ
Lan Allah ora andadeake kabeh kedadeyan iki, kajaba minangka dadi bebungah kanggo sliramu kabeh, lan supaya atimu dadi tentrem,
وَمَا النَّصْرُ اِلَّا مِنْ عِنْدِ اللهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِۙ﴿١٢٦﴾
Lan ora ana pitulungan kajaba mung saka ngarsane Allah Kang Mahagagah lan Mahawicaksana. (126)
لِيَقْطَعَ طَرَفًا مِّنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَوْ يَكْبِتَهُمْ
Amrih Allah Medhot tuwin Ngasorake saperangan wong kang padha kafir,
فَيَنْقَلِبُوْا خَاۤىِٕبِيْنَ﴿١٢٧﴾
banjur dadi padha bali, ora kalakon karepe. (127)
لَيْسَ لَكَ مِنَ الْاَمْرِ شَيْءٌ
Sethithik-thithika dudu urusanmu (Muhammad) perkara wong kafir mau,
اَوْ يَتُوْبَ عَلَيْهِمْ اَوْ يُعَذِّبَهُمْ فَاِنَّهُمْ ظٰلِمُوْنَ ﴿١٢٨﴾
apadene nganggep tobate utawa nyiksa marang dheweke. Satemene wong-wong kafir mau wong kang nganiaya. (128)
وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ
Samubarang isining langit lan bumi iku kagungane Allah.
يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ
Allah paring pangapura marang wong kang dikersakake, lan nyiksa marang wong kang dikersakake uga.
وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿١٢٩﴾ ع_13
Dene Allah iku Maha Paring Pangapura sarta Maha Asih (129)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
He para wong mukmin kabeh.
لَا تَأْكُلُوا الرِّبٰٓوا اَضْعَافًا مُّضٰعَفَةًۖ
Sira aja padha dhahar riba (barang kang keladuk saka wong liya) kanthi tikel-matikel (anakan kang dianakake maneh)
وَّاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَۚ ﴿١٣٠﴾
Lan sira padha bektia ing Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan. (130)
وَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِيْٓ اُعِدَّتْ لِلْكٰفِرِيْنَۚ﴿١٣١﴾
Lan sliramu padha wediya neraka kang dicawisake tumrap wong kafir (131)
وَاَطِيْعُوا اللهَ وَالرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۚ﴿١٣٢﴾
Lan sliramu padha ngestokna (dhawuhe) Allah lan utusane. Muga-muga sliramu kabeh padha diwelasi dening Allah. (132)
وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ
Sliramu padha-a gegancangana kanthi rikat nyuwun pangapura saka Pengeranmu
وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ
Lan nyuwun suwarga kang jembare madhani ambane langit Ian bumi,
اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ ﴿١٣٣﴾
dicawisake marang wong kang bekti ing Allah. (133)
الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ
Yaiku wong kang padha dermakake (nanjakake) bandhane sajeroning kacukupan lan sajeroning nandhang kemlaratan
وَالْكَاظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِۗ
Lan kang padha ngampet nafsune, lan kang padha ngapura kaluputane sapadha-padhaning manungsa.
وَاللهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَۚ﴿١٣٤﴾
Dene Allah iku remen marang wong kang padha gawe kabecikan. (134)
وَالَّذِيْنَ اِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً اَوْ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ
Lan para wong kang nalika nglakoni ala utawa nganiaya marang awake dhewe
ذَكَرُوا اللهَ فَاسْتَغْفَرُوْا لِذُنُوْبِهِمْۗ
Banjur padha gelem eling marang Allah, nuli padha nyuwun pangapura jalaran saka dosane.
وَمَنْ يَّغْفِرُ الذُّنُوْبَ اِلَّا اللهُۗ
Ora ana kang bisa paring pangapura kabeh dosa kajaba mung Allah Piyambak.
وَلَمْ يُصِرُّوْا عَلٰى مَا فَعَلُوْا
Sarta wong-wong mau ora kabanjur-banjur tumindak dosa kaya kang wis dilakoni.
وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ﴿١٣٥﴾
Ing mangka dheweke padha mangerti (ing dosane). (135)
اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ مَّغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ
Wong kang mengkono mau (bakal diparingi) ganjaran saka Pengerane yaiku pangapura
وَجَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ
Lan suwarga kang ngisore ana bengawane mili,
خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ
tur padha langgeng ana ing kana.
وَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَۗ﴿١٣٦﴾
Saiba prayoga lan endahe ganjarane wong kang padha nglakoni printahing Allah. (136)
قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِكُمْ سُنَنٌۙ
Temen wis kelakon pirang-pirang lelakone wong zaman biyen saka sadurungmu,
فَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ
mulane padhaa lelungan saperlu niti priksa ana ing salumahing bumi,
فَانْظُرُوْا كَيْفَ
nuli padha gatekna petilasane, kapriye pungkasane
كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ﴿١٣٧﴾
wong kang padha nggorohake (marang utusane Allah). (137)
هٰذَا بَيَانٌ لِّلنَّاسِ
Kang kasebut iki dadi keterangan marang para manungsa
وَهُدًى وَّمَوْعِظَةٌ لِّلْمُتَّقِيْنَ﴿١٣٨﴾
Lan pituduh, lan dadi piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah. (138)
وَلَا تَهِنُوْا
Sliramu aja padha ngrasa apes
وَلَا تَحْزَنُوْا
lan aja padha sedih,
وَاَنْتُمُ الْاَعْلَوْنَ
Sejatine sliramu iku padha luwih unggul,
اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿١٣٩﴾
manawa sliramu padha percaya ing Allah (iman) (139)
اِنْ يَّمْسَسْكُمْ قَرْحٌ
Menawa sira padha ketaton (nalika perang ana ing Gunung Uhud),
فَقَدْ مَسَّ الْقَوْمَ قَرْحٌ مِّثْلُهٗۗ
wong kafir ya padha nate ketaton (nalika ing Perang Badr).
وَتِلْكَ الْاَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ النَّاسِۚ
Dina-dina mangkono iku (kalah utawa menang) Ingsun gilir-gumanti antarane para manungsa.
وَلِيَعْلَمَ اللهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
Lan maneh kang mangkono mau supaya Allah Meruhake wong kang padha percaya,
وَيَتَّخِذَ مِنْكُمْ شُهَدَاۤءَۗ
lan Kersa Netepake wong kang padha mati syahid saka sliramu kabeh.
وَاللهُ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَۙ﴿١٤٠﴾
Dene Allah iku Ora Remen marang wong kang padha nganiaya. (140)
وَلِيُمَحِّصَ اللهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
Lan supaya Allah ngresikake wong kang padha mukmin saka ing dosane
وَيَمْحَقَ الْكٰفِرِيْنَ ﴿١٤١﴾
sarta ngrusak wong kang padha kafir kanthi dosa-dosane. (141)
اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ
Apa sliramu padha duwe pangira manawa bakal padha mlebu suwarga,
وَلَمَّا يَعْلَمِ اللهُ الَّذِيْنَ جَاهَدُوْا مِنْكُمْ
kang mangka Allah durung Meruhake wong kang padha ngupaya temen-temen (jihad)
وَيَعْلَمَ الصّٰبِرِيْنَ﴿١٤٢﴾
Lan Panjenengane durung Meruhake wong kang padha sabar tetep atine. (142)
وَلَقَدْ كُنْتُمْ تَمَنَّوْنَ الْمَوْتَ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَلْقَوْهُۖ
Lan satemene sliramu padha ngajab-ajab pati ing sadurunge tumiba,
فَقَدْ رَاَيْتُمُوْهُ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ﴿١٤٣﴾ ع_14
satemene sliramu bakal padha weruh lan padha mirsani. (143)
وَمَا مُحَمَّدٌ اِلَّا رَسُوْلٌۚ
Muhammad iku ora liya kajaba mung dadi Utusaning Allah,
قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِ الرُّسُلُۗ
sadurunge uga wis ana pirang-pirang utusan.
اَفَا۟ىِٕنْ مَّاتَ اَوْ قُتِلَ انْقَلَبْتُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْۗ
Apa manawa Muhammad seda utawa disedani sira padha mbalik padha murtad?
وَمَنْ يَّنْقَلِبْ عَلٰى عَقِبَيْهِ فَلَنْ يَّضُرَّ اللّٰهَ شَيْـًٔاۗ
Lan sapa kang mbalik padha murtad, iku ora bakal mbebayani apa-apa mungguhing Allah.
وَسَيَجْزِى اللهُ الشّٰكِرِيْنَ ﴿١٤٤﴾
Allah bakal ngganjar marang wong kang padha syukur. (144)
وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ اَنْ تَمُوْتَ اِلَّا بِاِذْنِ اللهِ
Sawijining awak ora bisa mati kajaba kelawan idzining Allah,
كِتٰبًا مُّؤَجَّلًاۗ
miturut tulisan kang wis ditamtokake,
وَمَنْ يُّرِدْ ثَوَابَ الدُّنْيَا نُؤْتِهٖ مِنْهَاۚ
Lan sapa wonge kang ngarep-arep ganjaran ana donya, Ingsun bakai maringi,
وَمَنْ يُّرِدْ ثَوَابَ الْاٰخِرَةِ نُؤْتِهٖ مِنْهَاۗ
Dene sapa kang ngarep-arep ganjaran ing akherat, Ingsun uga bakal maringi.
وَسَنَجْزِى الشّٰكِرِيْنَ ﴿١٤٥﴾
Lan ingsun bakal angganjar wong-wong kang padha syukur. (145)
وَكَاَيِّنْ مِّنْ نَّبِيٍّ قَاتَلَۙ مَعَهٗ رِبِّيُّوْنَ كَثِيْرٌۚ
Pira wae akehing para nabi kang padha mangkat perang kang didherekake dening wadyabala kang akeh.
فَمَا وَهَنُوْا لِمَآ اَصَابَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ
Dheweke iku ora padha apes jalaran anggone padha kena bebaya ana ing sajeroning peperangan ngrungkebi agamane Allah (Sabilillah),
وَمَا ضَعُفُوْا
Ugo ora padha lembek
وَمَا اسْتَكَانُوْاۗ
sarta ora padha tundhuk kalah,
وَاللهُ يُحِبُّ الصّٰبِرِيْنَ ﴿١٤٦﴾
Lan Allah iku remen marang wong kang padha sabar. (146)
وَمَا كَانَ قَوْلَهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوْا
Wong-wong mau ora padha duwe pangucap, kajaba matur:
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا
“Dhuh Pangeran kula, mugi Paduka Paring Pangapunten dhumateng dosa kawula,
وَاِسْرَافَنَا فِيْٓ اَمْرِنَا
ugi Paring Pangapunten babagan kawula sami kesangeten tuwin pandadra.
وَثَبِّتْ اَقْدَامَنَا
Mugi Paduka Kersa Ngathahaken tumapaking delamakan kawula wonten ing payudan,
وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ﴿١٤٧﴾
punapa dene Paduka mugi Maringi pitulungan dhateng kawula ngawonaken tiyang-tiyang kafir.” (147)
فَاٰتٰىهُمُ اللهُ ثَوَابَ الدُّنْيَا وَحُسْنَ ثَوَابِ الْاٰخِرَةِۗ
Allah nuli maringi marang wong-wong mau ganjaran donya lan becik-becike ganjaran akhirat.
وَاللهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ ﴿١٤٨﴾ ع_15
Dene Allah iku Remen marang kang padha tumindak becik. (148)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا
He para wong mukmin kabeh,
اِنْ تُطِيْعُوا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَرُدُّوْكُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ
manawa sliramu padha manut marang wong kafir, dheweke bakal mbalekake ana ing kekafiran
فَتَنْقَلِبُوْا خٰسِرِيْنَ﴿١٤٩﴾
wasana sira padha bali nandhang kapitunan. (149)
بَلِ اللهُ مَوْلٰىكُمْۚ
Nanging Allah iku Bendaramu Kang Nulung sliramu
وَهُوَ خَيْرُ النّٰصِرِيْنَ ﴿١٥٠﴾
Lan Panjenengane iku Sabecik-becike Kang Paring Pitulungan. (150)
سَنُلْقِيْ فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الرُّعْبَ
Ingsun bakal ngiseni rasa jirih ana ing atine wong kafir,
بِمَآ اَشْرَكُوْا بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًاۚ
jalaran anggone padha agawe kekembaran marang Allah karo barang kang ora diturunake kanthi bebener.
وَمَأْوٰىهُمُ النَّارُۗ وَبِئْسَ مَثْوَى الظّٰلِمِيْنَ ﴿١٥١﴾
Dene panggonane wong mau ana neraka, yaiku ala-alaning panggonan wong kang padha nganiaya.(151)
وَلَقَدْ صَدَقَكُمُ اللهُ وَعْدَهٗٓ اِذْ تَحُسُّوْنَهُمْ بِاِذْنِهٖۚ
Lan Allah temen wis nuhoni janjine marang sliramu kabeh, rikala sliramu kabeh padha diizinke Panjenengane merangi wong wong mau,
حَتّٰٓى اِذَا فَشِلْتُمْ وَتَنَازَعْتُمْ فِى الْاَمْرِ وَعَصَيْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَآ اَرٰىكُمْ مَّا تُحِبُّوْنَۗ
Nganti sliramu tanpa daya jalaran padha pasulayan lan mbangkang dhawuhe (Nabi Muhammad), sakwise diweruhake barang kang sira dhemeni.
مِنْكُمْ مَّنْ يُّرِيْدُ الدُّنْيَا وَمِنْكُمْ مَّنْ يُّرِيْدُ الْاٰخِرَةَۚ
Sawenehmu ana kang ngarepake bandha donya lan sawenehmu ana kang ngarepake ganjaran akherat.
ثُمَّ صَرَفَكُمْ عَنْهُمْ لِيَبْتَلِيَكُمْۚ
Nuli Allah agawe sliramu kabeh dikalahake dening wong-wong kafir, jalaran Allah Kersa Nyoba.
وَلَقَدْ عَفَا عَنْكُمْۗ
Sabanjure Allah temen wis Paring Pangapura.
وَاللهُ ذُوْ فَضْلٍ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ ﴿١٥٢﴾
Dene Allah iku Kagungan Kanugrahan Kang Kaparingake marang wong kang padha iman. (152)
اِذْ تُصْعِدُوْنَ وَلَا تَلْوٗنَ عَلٰٓى اَحَدٍ
Sira padha elinga nalika padha keplayu, ing kono ora ana sawijining wong kang noleh utawa ngadeg ngenteni kancane.
وَّالرَّسُوْلُ يَدْعُوْكُمْ فِيْٓ اُخْرٰىكُمْ
Dene Rasulullah ana ing burimu nimbali.
فَاَثَابَكُمْ غَمًّاۢ بِغَمٍّ لِّكَيْلَا تَحْزَنُوْا
Allah banjur paring piwales marang sira, padha diparingi kasusahan keplayu, marga anggonira padha nglirwakake dhawuhing rasul.
عَلٰى مَا فَاتَكُمْ وَلَا مَآ اَصَابَكُمْۗ
Mangkono iku supaya sira padha getuna anggone ora sida oleh jarahan lan anggonmu padha kena coba.
وَاللهُ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ﴿١٥٣﴾
Dene Allah iku Mahawaspada marang samubarang kang sira tindakake. (153)
ثُمَّ اَنْزَلَ عَلَيْكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ الْغَمِّ اَمَنَةً نُّعَاسًا يَّغْشٰى طَاۤىِٕفَةً مِّنْكُمْۙ
Nuli sawise sira padha nandhang kasusahan, Allah banjur nurunake katentreman, ati ayem tumeka kancamu wong sak golongan kang iman,
وَطَاۤىِٕفَةٌ قَدْ اَهَمَّتْهُمْ اَنْفُسُهُمْ يَظُنُّوْنَ بِاللّٰهِ غَيْرَ الْحَقِّ ظَنَّ الْجَاهِلِيَّةِۗ
Lan ana wong sak golongan liyane kang munafiq isih padha ngandhut susah, padha ngira sing ora bener, yoiku panyana bodho,
يَقُوْلُوْنَ هَلْ لَّنَا مِنَ الْاَمْرِ مِنْ شَيْءٍۗ قُلْ اِنَّ الْاَمْرَ كُلَّهٗ لِلّٰهِۗ
Pangucape: “Aku padha ora duwe dum-duman sathithik-thithika”. (Muhammad) sira dhawuha: “Samubarang perkara iku kabeh kagungane Allah “.
يُخْفُوْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ مَّا لَا يُبْدُوْنَ لَكَۗ
Wong munafiq mau padha mbatin ing sajroning atine, ora kawetu marang sira (Muhammad),
يَقُوْلُوْنَ لَوْ كَانَ لَنَا مِنَ الْاَمْرِ شَيْءٌ مَّا قُتِلْنَا هٰهُنَاۗ
Dheweke padha ngucap: “Saupama aku padha duwe panduman barang-barang, amasthi ora bakal kaprajaya ing kene”.
قُلْ لَّوْ كُنْتُمْ فِيْ بُيُوْتِكُمْ لَبَرَزَ الَّذِيْنَ كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقَتْلُ اِلٰى مَضَاجِعِهِمْۚ
(Muhammad) sira dhawuha: “Sanajan sira padha ngunder ana ngomah, yen tinakdirake mati iku mesthi kelakon metu marang panggonan kang wis ditemtokake bakal mati.
وَلِيَبْتَلِيَ اللهُ مَا فِيْ صُدُوْرِكُمْ وَلِيُمَحِّصَ مَا فِيْ قُلُوْبِكُمْۗ
Kersane Allah dhawuh perang mau dienggo nyoba temen lan lamise atimu.
وَاللهُ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ﴿١٥٤﴾
Lan Allah iku Mahapirsa kang ana ing sajroning ati. (154)
اِنَّ الَّذِيْنَ تَوَلَّوْا مِنْكُمْ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِۙ
Satemene para kancamu kang padha mlayu ngucir nalika tempuking golongan Ioro (wadyabala Islam Ian kafir)
اِنَّمَا اسْتَزَلَّهُمُ الشَّيْطٰنُ بِبَعْضِ مَا كَسَبُوْاۚ
iku mesthi saka panggodhaning setan, jalaran saka dosa sawetara kang wis ditindakake.
وَلَقَدْ عَفَا اللهُ عَنْهُمْۗ
Sayekti Allah wis paring pangapura marang wong mau.
اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ﴿١٥٥﴾ ع_16
Satemene Allah iku Mahaparing Pangapura sarta Mahasantun. (155)
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا
He para wong iman,
لَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَقَالُوْا لِاِخْوَانِهِمْ
Sliramu aja kaya wong kafir, kang padha ngucap marang kanca-kancane
اِذَا ضَرَبُوْا فِى الْاَرْضِ اَوْ كَانُوْا غُزًّى
Nalika padha lelungan ana bumi (banjur mati ana paran) utawa kang padha mangsah perang (banjur kasambut ing payudan)
لَّوْ كَانُوْا عِنْدَنَا مَا مَاتُوْا وَمَا قُتِلُوْاۚ
Pangucape: “Saupama wong-wong mau ana kene wae, mesthine ora mati lan ora kesambut ing payudan.”
لِيَجْعَلَ اللهُ ذٰلِكَ حَسْرَةً فِيْ قُلُوْبِهِمْۗ
Wusana kersane Allah pangucap mangkono mau dienggo sebab keduwung ing atine si kafir kabeh.
وَاللهُ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۗ
Dene Allah iku Kang Maha Nguripake lan Mahaparing pati.
وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿١٥٦﴾
Allah Mahamirsani samubarang kang sira tindakake. (156)
وَلَىِٕنْ قُتِلْتُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ اَوْ مُتُّمْ
Lan manawa sira kaprajaya ing dedalaning Allah utawa mati ana paran,
لَمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللهِ وَرَحْمَةٌ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ﴿١٥٧﴾
Mesthi Pangapura lan Asihing Allah luwih becik tinimbang bandha donya kang padha dikumpulake. (157)
وَلَىِٕنْ مُّتُّمْ اَوْ قُتِلْتُمْ
Lan manawa sira mati utawa kaprajaya,
لَاِلَى اللهِ تُحْشَرُوْنَ﴿١٥٨﴾
sayekti marang Allah anggonmu padha diimpun. (158)
فَبِمَا رَحْمَةٍ مِّنَ اللهِ لِنْتَ لَهُمْۚ
Marga saka asihing Allah sliramu asesikap lembah manah marang dheweke kabeh,
وَلَوْ كُنْتَ فَظًّاغَلِيْظَ الْقَلْبِ لَانْفَضُّوْا مِنْ حَوْلِكَۖ
Saupama sliramu laku kasar wengis ing ati, amasthi dheweke kabeh padha bubar saka ing sakukubanmu
فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمْ وَشَاوِرْهُمْ فِى الْاَمْرِ
Mulane padha wenehana pangapura sarta suwuna pangayomanan kelawan ngajak pirembugan perkara iku.
ۚ فَاِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللهِۗ
Yen wis padha mupakakat, sumelehna atimu kanthi sumendhe marang Allah
اِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ ﴿١٥٩﴾
Sayektine Allah remen marang wong-wong sing padha sesendhen marang Panjenengane. (159)
اِنْ يَّنْصُرْكُمُ اللهُ فَلَا غَالِبَ لَكُمْۚ
Manawa Allah nulungi sliramu, mesthi ora ana kang bisa ngalahake.
وَاِنْ يَّخْذُلْكُمْ فَمَنْ ذَا الَّذِيْ يَنْصُرُكُمْ مِّنْۢ بَعْدِهٖۗ
Lan manawa Allah ngalahake, ora ana kang kuwagang nulungi sliramu.
وَعَلَى اللهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ﴿١٦٠﴾
Para wong iman kudune padha sumende sesenden marang Allah. (160)
وَمَا كَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّغُلَّۗ
Nabi (Muhammad) iku ora bakal kersa cidra (ing pangeduming jarahan).
وَمَنْ يَّغْلُلْ يَأْتِ بِمَا غَلَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۚ
Awit sing sapa cidra, besuk dina qiyamat barang kang dicidrakake mau diwujudake nuli disunggekake marang wong kang cidra.
ثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ
Sabanjure sarupane awak padha diwales apa benere, miturut apa kang wis padha ditindakake
وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ﴿١٦١﴾
Tur kabeh iku ora ana kang dianiaya (161)
اَفَمَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَ اللهِ كَمَنْۢ بَاۤءَ بِسَخَطٍ مِّنَ اللهِ
Apa iya wong kang dherek keparenging Allah (ora cidra) iku padha wae karo wong kang nrajang dedukaning Allah (cidra) (mesthi ora padha).
وَمَأْوٰىهُ جَهَنَّمُۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ﴿١٦٢﴾
Panggonane wong kang cidra iku ana neraka jahannam, yaiku sak ala-alaning panggonan bali. (162)
هُمْ دَرَجٰتٌ عِنْدَ اللهِۗ
Padha ana pilah-pilahing darajate ana ngarsaning Allah;
وَاللهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ﴿١٦٣﴾
Lan Allah iku Mahamirsani samubarang kang padha dilakoni. (163)
لَقَدْ مَنَّ اللهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ
Allah tetela wis paring kanugrahan nikmat marang para wong iman
اِذْ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ
Awit Allah wis ngutus sawijining utusan saka kalangane dhewe
يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِهٖ وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَۚ
Kang macak-ake ayat-ayate Allah, sarta ngresik-ake saka dosane, mengkono uga mulang kitab (Al-Qur’an) lan kawicaksanan.
وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلُ لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ ﴿١٦٤﴾
Senajan sadurunge wong-wong mau isih ana ing sajroning kesasar kang terang. (164)
اَوَلَمَّآ اَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةٌ قَدْ اَصَبْتُمْ مِّثْلَيْهَاۙ
Apa menawa bebaya ngenani sliramu kabeh (ana ing Perang Uhud) kang mangka sira wis padha gawe bebaya (ana Perang Badar) tikel lorone
قُلْتُمْ اَنّٰى هٰذَاۗ
Ya gene sliramu padha matur: “Sebab dening punapa teka mekaten punika?”
قُلْ هُوَ مِنْ عِنْدِ اَنْفُسِكُمْۗ
Sliramu dhawuha: “Kang mengkono iku amarga saka tindakmu dhewe (awit sira padha kurang setia, ninggal pembarisan).
اِنَّ اللهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ﴿١٦٥﴾
Satemene Allah iku Maha Kuasa marang kabeh samubarang. (165)
وَمَآ اَصَابَكُمْ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِ
Lan bebaya kang ngenani sira kabeh ana campuhing golongan loro
فَبِاِذْنِ اللهِ
Iku kelawan pikantuk kersane Allah
وَلِيَعْلَمَ الْمُؤْمِنِيْنَۙ ﴿١٦٦﴾
Kanggo Meruhake wong-wong kang padha iman. (166)
وَلِيَعْلَمَ الَّذِيْنَ نَافَقُوْاۖ وَقِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا قَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ اَوِ ادْفَعُوْاۗ
Lan Allah ngersakke uninga wong-wong kang padha munafiq, wong kang padha wis didhawuhi: “Sliramu kabeh padha mrenea, padha perang sabilillah, menawa padha ora gelem perang, iya mung padha dadiya weweden wae murih ngundurake mungsuh.
قَالُوْا لَوْ نَعْلَمُ قِتَالًا لَّاتَّبَعْنٰكُمْۗ
Ature wong-wong munafiq: “Saupami ing wau kula sumerepa yen wonten perang mesthi kula sami ndherek perang sesarengan panjenengan.
هُمْ لِلْكُفْرِ يَوْمَىِٕذٍ اَقْرَبُ مِنْهُمْ لِلْاِيْمَانِۚ
(Pangandikane Allah): “Ing dina iki tetela wong munafiq iku luwih cedhak marang kafir katimbang marang iman.”
يَقُوْلُوْنَ بِاَفْوَاهِهِمْ مَّا لَيْسَ فِيْ قُلُوْبِهِمْۗ
Wong munafiq padha matur lamis kanthi lisane barang kang ora ana ing sajroning atine.
وَاللهُ اَعْلَمُ بِمَا يَكْتُمُوْنَۚ﴿١٦٧﴾
Dene Allah iku luwih Uninga barang kang diumpetake dening wong-wong mau (167)
اَلَّذِيْنَ قَالُوْا لِاِخْوَانِهِمْ وَقَعَدُوْا لَوْ اَطَاعُوْنَا مَا قُتِلُوْاۗ
Wong munafiq kang padha ngucap marang kanca-kancane mung padha lungguh wae, ora melu perang: “Saupama dheweke iku padha manut kita, dheweke wis mesthi ora padha dipateni,”
قُلْ فَادْرَءُوْا عَنْ اَنْفُسِكُمُ الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ ﴿١٦٨﴾
Dhawuha (sira Muhammad): “Yen dhasar temen pangucapmu, mara tulaken pati iku saka awakmu.” (168)
وَلَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ قُتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ اَمْوَاتًاۗ
Lan sira aja padha ngira marang wong-wong kang wafat ana Perang Sabil iku padha mati,
بَلْ اَحْيَاۤءٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ يُرْزَقُوْنَۙ ﴿١٦٩﴾
Nanging kabeh mau padha urip, ana ngarsane Pangeran padha diparingi rejeki. (169)
فَرِحِيْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمُ اللهُ مِنْ فَضْلِهٖۙ
Wong-wong mau padha bungah-bungah gumbira saka pikantuk kanugrahane Allah, Kang kaparingake marang wong-wong kang wafat ana ing sajroning perang mau,
وَيَسْتَبْشِرُوْنَ بِالَّذِيْنَ لَمْ يَلْحَقُوْا بِهِمْ مِّنْ خَلْفِهِمْۙ
Lan padha gumbira marga ngrasakake kanca-kancane kang sapungkure padha durung wafat ana peperangan.
اَلَّا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۘ ﴿١٧٠﴾
Kabeh mau dilakoni tanpa rasa wedi lan ora bakal padha susah. (170)
يَسْتَبْشِرُوْنَ بِنِعْمَةٍ مِّنَ اللهِ وَفَضْلٍۗ
Dheweke padha bungah-bungah marga padha tampa ganjaran saka Allah Ian padha oleh kanugrahan.
وَاَنَّ اللهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُؤْمِنِيْنَ ﴿١٧١﴾ع_17
Satemene Allah ora ngilang-ngilangake ganjarane wong kang padha mukmin. (171)
اَلَّذِيْنَ اسْتَجَابُوْا لِلّٰهِ وَالرَّسُوْلِ مِنْۢ بَعْدِ مَآ اَصَابَهُمُ الْقَرْحُۖ
Kang sawise padha ketaton, malah banjur padha ngestokake netepi dhawuhe Allah lan dhawuhe Rasulullah mengsah perang maneh.
لِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا مِنْهُمْ وَاتَّقَوْا اَجْرٌ عَظِيْمٌۚ﴿١٧٢﴾
Para wong kang padha nindakake kabecikan ndherek ing Allah lan bekti ing Panjenengane pikantuk ganjaran kang agung. (172)
اَلَّذِيْنَ قَالَ لَهُمُ النَّاسُ اِنَّ النَّاسَ قَدْ جَمَعُوْا لَكُمْ فَاخْشَوْهُمْ فَزَادَهُمْ اِيْمَانًاۖ
Yaiku para wong mukmin kang padha diwenehi kabar mengkene: “Satemene para wong kafir wis padha kumpul numpes ing sira, mula sira padha wedia ing dheweke.” Wusana pangucape wong-wong mau malah nambahi imane para wong mukmin marang Allah,
وَّقَالُوْا حَسْبُنَا اللهُ وَنِعْمَ الْوَكِيْلُ﴿١٧٣﴾
Banjur padha ngucap mengkene: ” Cukup ing kita Pinasrahan marang Pitulungane Allah” (173)
فَانْقَلَبُوْا بِنِعْمَةٍ مِّنَ اللهِ وَفَضْلٍ لَّمْ يَمْسَسْهُمْ سُوْۤءٌۙ
Nalikane dheweke padha bali kanthi nampa nikmat saka Allah lan kanugrahan, dheweke padha ora ketaman ing sambikala (ora kataton lan ora mati)
وَّاتَّبَعُوْا رِضْوَانَ اللهۗ
Sarta padha ndherek karidhaning Allah.
وَاللهُ ذُوْ فَضْلٍ عَظِيْمٍ﴿١٧٤﴾
Dene Allah iku Kagungan Kanugrahan Kang Agung. (174)
اِنَّمَا ذٰلِكُمُ الشَّيْطٰنُ يُخَوِّفُ اَوْلِيَاۤءَهٗۖ
Satemene kang ngucap kaya mangkono mau setan, dheweke padha memedeni sira supaya padha wedi marang para pemimpine.
فَلَا تَخَافُوْهُمْ وَخَافُوْنِ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿١٧٥﴾
Aja padha wedi marang dheweke, nanging padha wediya marang Ingsun, yen nyata sira padha iman marang Ingsun (175)
وَلَا يَحْزُنْكَ الَّذِيْنَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْكُفْرِۚ
Para wong kang padha age-age dadi kafir aja ndadekake susahmu (Muhammad).
اِنَّهُمْ لَنْ يَّضُرُّوا اللهَ شَيْـًٔاۗ
Satemene kabeh mau ora mbebayani apa-apa marang Allah.
يُرِيْدُ اللهُ اَلَّا يَجْعَلَ لَهُمْ حَظًّا فِى الْاٰخِرَةِ
Allah anggone Nitahake mengkono iku, Kersane ora bakal maringi panduman kabegjan marang wong mau ana akhirat
وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۚ﴿١٧٦﴾
malah bakal pikantuk kapatrapan siksa kang gedhe . (176)
اِنَّ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الْكُفْرَ بِالْاِيْمَانِ لَنْ يَّضُرُّوا اللهَ شَيْـًٔاۚ
Satemene wong-wong kang padha nuku kafir kelawan iman, iku ora bebayani apa-apa marang Allah sethithik-thithika,
وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ ﴿١٧٧﴾
Lan padha kapatrapan siksa kang lara (177)
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّمَا نُمْلِيْ لَهُمْ خَيْرٌ لِّاَ نْفُسِهِمْۗ
Wong kang padha kafir aja padha duwe panyana yen anggonmu nyrantakake marang dheweke iku becik tumrap dheweke.
اِنَّمَا نُمْلِيْ لَهُمْ لِيَزْدَادُوْٓا اِثْمًاۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ﴿١٧٨﴾
Nanging anggoningsun nyrantakake iku supaya dheweke tambah-tambah dosane, lan bakal dipatrapi siksa kang ngasorake . (178)
مَا كَانَ اللهُ لِيَذَرَ الْمُؤْمِنِيْنَ عَلٰى مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِ حَتّٰى يَمِيْزَ الْخَبِيْثَ مِنَ الطَّيِّبِۗ
Allah ora bakal ngendelake marang wong kang padha mukmin ana ing barang kang sira padha ana ing kana, nganti Panjenengane misah (wong) kang ‘ala saka kang becik.
وَمَا كَانَ اللهُ لِيُطْلِعَكُمْ عَلَى الْغَيْبِ وَلٰكِنَّ اللهَ يَجْتَبِيْ مِنْ رُّسُلِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۖ
Lan Allah ora bakal meruhake ing sira marang barang kang ghaib, nanging Allah milih saka para utusane kang dikersakake.
فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖۚ
Awit saka iku sira padha percaya-a ing Allah lan utusane.
وَاِنْ تُؤْمِنُوْا وَتَتَّقُوْا فَلَكُمْ اَجْرٌ عَظِيْمٌ﴿١٧٩﴾
Lan menawa sira percaya lan bekti ing Allah, sira bakal kaparingan ganjaran kang agung. (179)
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمُ اللهُ مِنْ فَضْلِهٖ هُوَ خَيْرًا لَّهُمْۗ
Lan wong-wong kang padha cethil ora gelem bayar zakat barang kang wis diparingake dening Allah saking sih kanugrahaning, iku aja padha ngira yen anggone padha cethil mau becik tumrap dheweke,
بَلْ هُوَ شَرٌّ لَّهُمْۗ
Satemene malah ala.
سَيُطَوَّقُوْنَ مَا بَخِلُوْا بِهٖ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ
Besuk ing dina qiyamat, barang mau bakal dikalungake marang wong sing cethil mau.
وَلِلّٰهِ مِيْرَاثُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Dene Allah iku kagungan (warisan) saisining langit Ian bumi.
وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ ﴿١٨٠﴾ ع_18
Allah iku Maspadaake marang samubarang kang sira tindakake. (180)
لَقَدْ سَمِعَ اللهُ قَوْلَ الَّذِيْنَ
Allah temen wis midhanget marang pangucape wong kang padha ngucap:
قَالُوْٓا اِنَّ اللهَ فَقِيْرٌ وَّنَحْنُ اَغْنِيَاۤءُۘ
“Satemene Allah iku mlarat lan kita iku sugih.”
سَنَكْتُبُ مَا قَالُوْا وَقَتْلَهُمُ الْاَنْۢبِيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّۙ
Pangucape wong Yahudi mengkono mau Ingsun tulisi, sarta anggone padha mateni para nabi klawan ora samesthine, iya Ingsun tulisi uga.
وَّنَقُوْلُ ذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ﴿١٨١﴾
Ing mbesok ana ing akherat wong mangkono mau bakal Ingsun dhawuhi: “Sira padha ngicipana siksane neraka kang nggosongake.” (181)
ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْكُمْ
Kang mengkono iku marga saka tindak lakumu kang wis kelakon biyen.
وَاَنَّ اللهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِۚ﴿١٨٢﴾
Satemene Allah ora bakal nganiaya marang para kawulane. (182)
اَلَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللهَ عَهِدَ اِلَيْنَآ
Yaiku wong Yahudi kang padha duwe atur: “Sayektosipun Allah sampun paring janji dhateng kita,
اَلَّا نُؤْمِنَ لِرَسُوْلٍ حَتّٰى يَأْتِيَنَا بِقُرْبَانٍ تَأْكُلُهُ النَّارُۗ
kita boten kepareng pitados dhumateng sadhengaha para rasul, kajawi menawi sampun saget ndhatengaken Qurban. Ingkang dipun mangsa latu saking langit.”
قُلْ قَدْ جَاۤءَكُمْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِيْ بِالْبَيِّنٰتِ وَبِالَّذِيْ قُلْتُمْ
Dhawuha sira (Muhammad): “Dhek biyen sak durunge Ingsun, sira wis padha katekan para rasul kang uga ngasta tandha yekti kaelokan, lan nekakake Qurban dimangsa geni kaya sing sira ucapake.”
فَلِمَ قَتَلْتُمُوْهُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ ﴿١٨٣﴾
Yen aturmu temen, lan yagene sira padha nyedani marang para rasul mau. (183)
فَاِنْ كَذَّبُوْكَ
Ananging, manawa dheweke padha ngemohi sliramu,
فَقَدْ كُذِّبَ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَ جَاۤءُوْ بِالْبَيِّنٰتِ وَالزُّبُرِ وَالْكِتٰبِ الْمُنِيْرِ﴿١٨٤﴾
Temen dheweke ugo ngemohi para utusan ing sadurunge sliramu kang wus rawuh kalawan tandha-tandha yekti kang terang sarta Kitab kang sumunar madhangake ati. (184)
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ
Kabeh jiwa iku mesthi bakal nemahi pati.
وَاِنَّمَا تُوَفَّوْنَ اُجُوْرَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ
Lan satemene sira kabeh bakal padha dituhoni ganjaranmu besuk ana ing dina qiyamat.
فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ
Dene wong kang padha didohake saka neraka
وَاُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَۗ
Lan dilebokake suwarga, temen dheweke iku bagja,
وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ﴿١٨٥﴾
Lan panguripan donya iku ora ana liya kajaba mung kasenengan kang njalomprongake. (185)
لَتُبْلَوُنَّ فِيْٓ اَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْۗ
Sayekti sira bakal cinoba ing dalem bandhamu Ian jiwamu,
وَلَتَسْمَعُنَّ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَمِنَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا اَذًى كَثِيْرًاۗ
Lan mesthi sliramu bakal krungu pangucap nyerikake sapirang-pirang saka para kang wus padha kaparingan Kitab ing sadurungmu sarta saka para kang musyrik.
وَاِنْ تَصْبِرُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ﴿١٨٦﴾
Menawa sliramu sabar lan wedi ing Allah, satemene kang mengkono iku klebu sakbecik-becike perkara (186)
وَاِذْ اَخَذَ اللهُ مِيْثَاقَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ
(Muhammad) sira paringa crita nalikane Allah mundhut perjanjiane para wong kang padha diparingi Kitab Taurat,
لَتُبَيِّنُنَّهٗ لِلنَّاسِ وَلَا تَكْتُمُوْنَهٗۖ
dhawuhing Allah: “Supaya sira padha nerang-nerangake (isine) kitab iku marang para manungsa lan aja padha ngumpetake,”
فَنَبَذُوْهُ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِهِمْ
Wong Yahudi sawise padha nampa perjanjian, banjur padha mbuang perjanjian ana ing mburi gegere,
وَاشْتَرَوْا بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًاۗ
Lan padha milih donya kang sethithik ajine.
فَبِئْسَ مَا يَشْتَرُوْنَ﴿١٨٧﴾
Lan iku ala-alane barang kang padha dipilih dening wong-wong mau. (187)
لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ يَفْرَحُوْنَ بِمَآ اَتَوْا
Sliramu aja duwe pangira marang wong kang padha bungah-bungah jalaran kaleksanan apa kang diupaya,
وَّيُحِبُّوْنَ اَنْ يُّحْمَدُوْا بِمَا لَمْ يَفْعَلُوْا
lan padha seneng menawa dialem kebecikan kang ora dilakoni
فَلَا تَحْسَبَنَّهُمْ بِمَفَازَةٍ مِّنَ الْعَذَابِۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ ﴿١٨٨﴾
Kabeh mau aja mbok kira yen slamet, dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang lara. (188)
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ
Panguwasane bumi lan langit iku kagungane Allah.
وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿١٨٩﴾
Dene Allah iku Maha Kuwasa marang samubarang. (189)
اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ
Satemene ing sejerone tumitahing langit lan bumi lan ing gilir-gumantine wengi Ian rahina,
لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ ﴿١٩٠﴾
iku ana tandha-tandha tumrap wong kang padha kagungan akal (190)
الَّذِيْنَ يَذْكُرُوْنَ اللهَ قِيَامًا وَّقُعُوْدًا وَّعَلٰى جُنُوْبِهِمْ
Yoiku wong-wong kang enget marang Allah, kelawan jumeneng, kalawan linggih lan kalawan sesarean,
وَيَتَفَكَّرُوْنَ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ
Banjur padha mikirake kedadeyane langit lan bumi.
رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هٰذَا بَاطِلًاۚ
(Banjur padha matur): “Duh Pengeran kawula! Boten muspra anggen Paduka Nitahaken sedaya punika.
سُبْحٰنَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ ﴿١٩١﴾
Maha Suci Paduka, mugi Paduka Milujengaken kawula saking azab neraka.” (191)
رَبَّنَآ اِنَّكَ مَنْ تُدْخِلِ النَّارَ فَقَدْ اَخْزَيْتَهٗۗ
Dhuh Pangeran kawula, estu leres Kersa Paduka, sinten ingkang Paduka lebetaken dhateng neraka, punika ingkang Paduka asoraken.
وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ ﴿١٩٢﴾
Dene tetiyang ingkang nganiaya punika mesthi boten wonten ingkang saged nulungi. (192)
رَبَّنَآ اِنَّنَا سَمِعْنَا مُنَادِيًا يُّنَادِيْ لِلْاِيْمَانِ
“Dhuh Pangeran kawula, kita sampun sami mireng tetiyang ingkang ajak-ajak dhateng iman.
اَنْ اٰمِنُوْا بِرَبِّكُمْ فَاٰمَنَّاۖ
Pangajakipun: “Sira padha percayaa ing Pengeranmu”. Kita inggih lajeng sami pitados.
رَبَّنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا
“Dhuh Pangeran kawula, mugi Paduka Paring Pangapunten dhateng sakathaning dosa kawula,
وَكَفِّرْ عَنَّا سَيِّاٰتِنَا
Mugi Paduka Nyirnaaken sakathahing piawon kawula.
وَتَوَفَّنَا مَعَ الْاَبْرَارِۚ ﴿١٩٣﴾
Kawula nyuwun kawafataken kagolong para tiyang ingkang sae.” (193)
رَبَّنَا وَاٰتِنَا مَا وَعَدْتَّنَا عَلٰى رُسُلِكَ
Duh Pangeran kawula! Mugi Paduka maringaken punapa ingkang sampun Paduka janjekaken dhateng kawula lumantar para utusan Paduka,
وَلَا تُخْزِنَا يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ
Saha mugi ing dinten kiyamat Paduka mboten ngasoraken kawula.
اِنَّكَ لَا تُخْلِفُ الْمِيْعَادَ﴿١٩٤﴾
Saestu Paduka punika boten nulayani janji. (194)
فَاسْتَجَابَ لَهُمْ رَبُّهُمْ
Mulane Pengerane Nyembadani panuwune.
اَنِّيْ لَآ اُضِيْعُ عَمَلَ عَامِلٍ مِّنْكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰىۚ
Pangandikane: “Ingsun ora bakal ngilang-ilangake kangelane wong kang padha ngupaya nglakoni prentahingsun, lanang, utawa wadon,
بَعْضُكُمْ مِّنْۢ بَعْضٍۚ
Sawene sliramu saka sewenehe liyane ora ana beda-bedane,
فَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَاُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاُوْذُوْا فِيْ سَبِيْلِيْ
Dene wong kang padha keplayu hijrah amarga padha ditundhung saka ngomahe sarta kang padha dipilara jalaran ngrungkebi dalan Ingsun,
وَقٰتَلُوْا وَقُتِلُوْا لَاُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَاُدْخِلَنَّهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۚ
Lan padha budhal perang lan banjur dipateni, temen-temen Ingsun Allah mesti bakal ngilangi kesalahane, lan mesthi Ingsun bakal unggahake ana ing suwarga kang ana bengawane mili ing sangisore,
ثَوَابًا مِّنْ عِنْدِ اللهِۗ
Yoiku minangka dadi ganjaran saka ngarsane Allah.
وَاللهُ عِنْدَهٗ حُسْنُ الثَّوَابِ ﴿١٩٥﴾
Allah iku kagungan ganjaran kang luwih saka becik. (195)
لَا يَغُرَّنَّكَ تَقَلُّبُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِى الْبِلَادِۗ﴿١٩٦﴾
Aja pisan-pisan atimu dadi kaperjaya nyawang kemajuane wong kang padha mlengos saka bebener ing salumahe bumi iki. (196)
مَتَاعٌ قَلِيْلٌۗ
Kabeh iku mung kesenangan sethithik.
ثُمَّ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ وَبِئْسَ الْمِهَادُ﴿١٩٧﴾
Nuli wong-wong mau padha dipanggonake ana ing neraka jahanam, yaiku sak ala-alane panggonan. (197)
لٰكِنِ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ
Nanging wong kang tetep padha bekti ing Pengerane.
لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ
Iku dheweke padha bakal diparingi suwarga kang sangisore ana bengawane kang mili.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا نُزُلًا مِّنْ عِنْدِ اللهِۗ
Ana ing kono manggon selawase, cinawisake kangge sliramu minangka pasugatan saka ngarsane Allah .
وَمَا عِنْدَ اللهِ خَيْرٌ لِّلْاَبْرَارِ﴿١٩٨﴾
Dene ganjaran kang dicawisake dening Allah iku luwih becik tumrap wong kang padha tumindak kebecikan, ngungkuli kebungahan donya. (198)
وَاِنَّ مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَمَنْ يُّؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِمْ خٰشِعِيْنَ لِلّٰهِۙ
Satemene sawenehe wong Ahli Kitab Kuna, ana kang percaya marang Allah, Ian percaya marang Kitab Al-Qur’ an, kang wis diturunake marang wong-wong mau sarta padha sumungkem ing Allah,
لَا يَشْتَرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللهِ ثَمَنًا قَلِيْلًاۗ
dheweke padha ora nuku ayat-ayate Allah klawan rega kang murah.
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۗ
Wong-wong kang mengkono iku bakal nampani ganjarane ana ngarsane Allah Pengerane.
اِنَّ اللهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ﴿١٩٩﴾
Satemene Allah iku Maharikat Pangetunge. (199)
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ
He para wong mukmin kabeh.
اصْبِرُواْ وَصَابِرُواْ
Sira padha sabara Ian tansah kuwatna kasabaranmu.
وَرَابِطُواْ وَاتَّقُواْ اللهَ
Lan padha sumadya sediya-a, lan padha bektia ing Allah,
لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ ﴿٢٠٠﴾ ع_19
supaya sira kabeh padha pikantuk kabegjan. (200)
DAFTAR PUSTAKA
Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.
Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus
Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI
Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.