Terjemah Jawa Q.S. (2) Al-Baqarah. 286 Ayat

Qur’an Surah (2) Al-Baqarah (Lembu). 286 ayat. 

سُورَةُ الْبَقَرَةِ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

الۤمّۤ ﴿1﴾.الجزء

Alif Lam Miem. (Allah Piyambak Ingkang-Uninga Tegesipun huruf-huruf ing ayat punika) (1)

ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَۛ فِيْهِۛ

Kitab iki, ora ana kemamangan ing sajerone,

 هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ ﴿2﴾

kanggo pituduh tumrap kang  padha ngabekti (2)

الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ

Kang padha percaya marang  kang ora katon

 وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ

lan padha anjumenengke shalat,

 وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۙ ﴿٣﴾

sarta padha mewehake rizki peparing Ingsun (3)

وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ

Lan kang padha percaya ing pituduh kang kadhawuhake marang sliramu

 وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَۚ

lan kang kadhawuhake ing sadurungmu,

 وَبِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ ﴿٤﴾

lan marang akhirat padha yakin (4)

اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْۙ

Wong kang mangkono mau, kabeh padha oleh pituduh saka Pengerane,

 وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ ﴿٥﴾

lan wong kang mangkono mau kabeh padha begja (5)

 اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ

Dene wong kang padha maido  (kafir) iku padha wae tumrap dheweke kabeh

ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ ﴿٦﴾

sanadyan sira kandhani utawa ora sira kandhani, dheweke padha ora percaya (6)

 خَتَمَ اللهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَعَلٰى سَمْعِهِمْۗ

Allah wus nutup ing atine lan ing pangrungune,

 وَعَلٰٓى اَبْصَارِهِمْ غِشَاوَةٌ

sarta ing pandelenge ana kang ngalang-alangi,

 وَّلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ﴿٧﴾ ع_1

dheweke kabeh bakal oleh siksa kang gedhe (7)

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ

Sawenehing manungsa ana kang ngucap mangkene:

 اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ

“Kita  sami pitados ing Allah Ian pitados badhe wontenipun dinten akhir, “

 وَمَا هُمْ بِمُؤْمِنِيْنَۘ ﴿٨﴾

nanging satemene wong mau padha ora percaya (8)

يُخٰدِعُوْنَ اللهَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۚ

Wong-wong mau padha tindak lamis ing Allah lan tindak lamis marang wong mukmin kabeh.

 وَمَا يَخْدَعُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ

Ora liwat lelamisane mau mesthi ambalik marang awake dhewe, 

 وَمَا يَشْعُرُوْنَۗ ﴿٩﴾

nanging padha ora krasa (9)

فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌۙ فَزَادَهُمُ اللهُ مَرَضًاۚ

Ing atine padha ana Ielarane, nuli Allah anambahi Ielarane,

 وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۢ ەۙ

Ian dheweke bakal oleh ukuman kang nglarani, 

 بِمَا كَانُوْا يَكْذِبُوْنَ ﴿١٠﴾

amarga saka anggone padha goroh (10)

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِۙ

Lan nalika padha dipangandikani: “Aja padha agawe rusak ing bumi”,

 قَالُوْٓا اِنَّمَا نَحْنُ مُصْلِحُوْنَ ﴿١١﴾

malah padha ngucap: “Sanyatane aku iki malah wong kang padha agawe apik” (11)

اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ الْمُفْسِدُوْنَ

0, lah, satemene wong mau padha gawe rusak,

 وَلٰكِنْ لَّا يَشْعُرُوْنَ ﴿١٢﴾

ewa dene padha ora rumangsa (12)

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا كَمَآ اٰمَنَ النَّاسُ

Lan nalika dipangandikani: “Padha  iman-a kaya anggone iman wong-wong”,

 قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ كَمَآ اٰمَنَ السُّفَهَاۤءُۗ

malah dheweke padha ngucap: “Ngapaa aku padha iman kaya olehe iman wong bodho-bodho iku?”

 اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ السُّفَهَاۤءُ وَلٰكِنْ لَّا يَعْلَمُوْنَ ﴿١٣﴾

0, lah, satemene malah dheweke iku wong sing padha bodho, nanging padha ora ngerti. (13)

وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّاۚ

Lan nalikane wong mau ketemu karo wong kang iman, dheweke padha ngucap: “Kita punika injih sami iman  kados dene imanipun panjenengan,”

 وَاِذَا خَلَوْا اِلٰى شَيٰطِيْنِهِمْۙ

ananging bareng wis misah karo para wong kang iman, lan ketemu karo para setan konco-koncone,

 قَالُوْٓا اِنَّا مَعَكُمْۙ اِنَّمَا نَحْنُ مُسْتَهْزِءُوْنَ ﴿١٤﴾

nuli padha ngucap: “Kita punika jan-jane sami panjenengan, wicanten kula wau sayektosipun namung anggeguyu.”(14)

اَللهُ يَسْتَهْزِئُ بِهِمْ

Allah bakal males wong-wong kang anggeguyu mau,

 وَيَمُدُّهُمْ فِيْ  طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ ﴿١٥﴾

Ian nyrantekake anggone padha ndadra kelawan ngumbar bingunge (15)

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰىۖ

Wong-wong mau padha kulak sasar dituku kelawan pituduh,

 فَمَا رَبِحَتْ تِّجَارَتُهُمْ

mula dagangane ora bisa bathi. 

 وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ ﴿١٦﴾

Dheweke kabeh iku ora oleh pituduh (16)

مَثَلُهُمْ كَمَثَلِ الَّذِى اسْتَوْقَدَ نَارًاۚ

Sanepane wong-wong mau kaya upamane wong kang ngurubake geni ing pepeteng,

 فَلَمَّآ اَضَاۤءَتْ مَا حَوْلَهٗ

bareng urubing geni mau wis madhangi ing kiwa tengene,

 ذَهَبَ اللهُ بِنُوْرِهِمْ

Allah mateni geni mau, nuli pepadhang mau banjur sirna,

 وَتَرَكَهُمْ فِيْ ظُلُمٰتٍ لَّا يُبْصِرُوْنَ ﴿١٧﴾

Lan Allah ninggalke wong-wong mau ana ing pepeteng ndhedhet. Dheweke kabeh ora bisa weruh apa-apa.(17)

صُمٌّۢ بُكْمٌ عُمْيٌ

Wong-wong mau ora bisa krungu, ora biso ngucap, ora bisa nyawang,

فَهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَۙ ﴿١٨﴾

mulane padha ora bisa bali. (18)

 اَوْ كَصَيِّبٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ

Utawa kaya udan deres  kang tumurun saka mendhung,

 فِيْهِ ظُلُمٰتٌ وَّرَعْدٌ وَّبَرْقٌۚ

Sajrone kahanan peteng dhedhet dikantheni bledheg tuwin kilat,

 يَجْعَلُوْنَ اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ مِّنَ الصَّوَاعِقِ حَذَرَ الْمَوْتِۗ

wong mau padha nyumpelake drijine ing kupinge jalaran suwara jumeblesing bledheg, lan awit saka wedine mati,

 وَاللهُ مُحِيْطٌۢ بِالْكٰفِرِيْنَ ﴿١٩﴾

lan kuwasane Allah iku Nglimputi  wong kafir kabeh (19)

يَكَادُ الْبَرْقُ يَخْطَفُ اَبْصَارَهُمْۗ

Meh wae kilat mau nyamber  pandelenge,

كُلَّمَآ اَضَاۤءَ لَهُمْ مَّشَوْا فِيْهِۙ

saben kilat mau cumleret madhangi, banjur padha lumaku ana ing pepadhang.

 وَاِذَآ اَظْلَمَ عَلَيْهِمْ قَامُوْاۗ

Dene yen pinuju peteng banjur padha ngadeg jejer.

وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ لَذَهَبَ بِسَمْعِهِمْ وَاَبْصَارِهِمْۗ

Saupama Allah kersa Nyirna’ake pengrungu lan pandelenge, mesthi kelaksanan.

اِنَّ اللهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿٢٠﴾ع_2

Saktemene Allah iku kuasa marang sekabehing samubarang (20)

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ

He para manungsa kabeh, padha manembaha marang Pengeranmu kang wis Nitahake sira kabeh

 وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ﴿٢١﴾

lan ugo nitahake wong-wong sadurungmu, supaya padha kejaga saka ing ala. (21)

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ فِرَاشًا

Yaiku Ingkang wus Nitahake bumi dadi panggonan papan leren,

 وَّالسَّمَاۤءَ بِنَاۤءًۖ

lan Ingkang Nitahake langit dadi payon,

 وَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً

sarta numurunake banyu udan saka mendhung,

 فَاَخْرَجَ بِهٖ مِنَ الثَّمَرٰتِ رِزْقًا لَّكُمْۚ

diagem lantaran nukulake woh-wohan werna-werna minangka rezeki kangge sira kabeh.

 فَلَا تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ اَنْدَادًا

Mulane aja padha gawe sesembahan kanggo ngembari Allah.

 وَّاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ﴿٢٢﴾

Mangka sira kabeh jan-jane iya wis padha mangerti. (22)

 وَاِنْ كُنْتُمْ فِيْ رَيْبٍ مِّمَّا نَزَّلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا

Lan manawa sira padha mamang, durung percaya yen Qur‘an kang wis Ingsun dahuwake marang kawulaningsun terang saka Ingsun,

 فَأْتُوْا بِسُوْرَةٍ مِّنْ مِّثْلِهٖۖ

mara sira padha gaweya sak surat wae kang madhani Qur’an iki,

وَادْعُوْا شُهَدَاۤءَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ

Malahan sira nyambata panutanmu saliyane Allah,

 اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿٢٣﴾

yen sira padha temen bisa (23)

فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا وَلَنْ تَفْعَلُوْا

Nanging sira ora bakal bisa anindakake,  lan mesti wae pisan-pisan sira ora bakal bisa anindakake,

 فَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِيْ وَقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُۖ

Mulane padha ngati-atia sira marang geni neraka, kang urub-urube iku nganggo para manusa Ian watu,

اُعِدَّتْ لِلْكٰفِرِيْنَ﴿٢٤﴾

disadhiyakake kangge wong-wong kang mlengos saka bebener. (24)

وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

Lan menehana kabar bungah marang wong kang padha percaya marang Ingsun, lan anindhakake kelakuan becik,

 اَنَّ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۗ

saktemene besuk padha kaparingan suwarga kang sangisore ana bengawane mili.

 كُلَّمَا رُزِقُوْا مِنْهَا مِنْ ثَمَرَةٍ رِّزْقًاۙ

saben diladeni dhaharan  arupa woh wohaning suwarga,

 قَالُوْا هٰذَا الَّذِيْ رُزِقْنَا مِنْ قَبْلُ وَاُتُوْا بِهٖ مُتَشَابِهًاۗ

padha ngucap mengkene : “Iki  dhaharan tunggale kang  diladeake mau kae”, awit padha  diladeni dhaharan kang rupane  padha, nanging rasane beda-beda.

 وَلَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ

Lan wong kang ana ing suwarga padha diparingi jodho kang suci, sulistya ing warna.

 وَّهُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿٢٥﴾

Mangka manggone ing suwarga iku salawase. (25)

 اِنَّ اللهَ لَا يَسْتَحْيٖٓ اَنْ يَّضْرِبَ مَثَلًا مَّا بَعُوْضَةً فَمَا فَوْقَهَاۗ

Setuhune Allah ora lingsem adamel sadhengah sanepa, kayata Iemut utawa sabarang sadhuwure;

 فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْۚ

wondene wong kang iman, padha weruh, yen iku temen kasunyatan saka Pengerane.

 وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَيَقُوْلُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللهُ بِهٰذَا مَثَلًاۘ

Ewodene yen wong kang kafir padha ngucap: “Apata kersaning Allah ngagem sanepa iki?”.

 يُضِلُّ بِهٖ كَثِيْرًا وَّيَهْدِيْ بِهٖ كَثِيْرًاۗ

Sanpa Iku diagem nyasarake wong akeh sarta diagem nuntun wong akeh,

 وَمَا يُضِلُّ بِهٖٓ اِلَّا الْفٰسِقِيْنَۙ﴿٢٦﴾

lan ora diagem nyasarake siji-sijia wong kajaba kang padha rusak atine (fasiq) (26)

 الَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللهِ مِنْۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖۖ

Yoiku kang padha mbubrah dhawuh janjine marang Allah sak wise dikukuhake

 وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ

lan padha medhot barang kang wis diperintahake Allah supaya digathukake.

 وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ

Lan padha agawe rusak ana ing bumi.

 اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ﴿٢٧﴾

Wong kang mengkono mau kabeh padha kapitunan. (27)

كَيْفَ تَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ

Anggumunake yen sira padha kafir marang Allah,

وَكُنْتُمْ اَمْوَاتًا فَاَحْيَاكُمْۚ

mangka sira iku maune padha mati, banjur Ingsun uripake,

 ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْ

tumuli bakal agawe sira mati maneh, lan banjur nguripake sira kabeh?

 ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ﴿٢٨﴾

Nuli sira kabeh bakal padha dikondurake marang Allah (28)

 هُوَ الَّذِيْ خَلَقَ لَكُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا

Panjenenga-Ne Allah iku Ingkang wus  Anitahake samubarang kang ana ing bumi kanggo sira  kabeh,

 ثُمَّ اسْتَوٰٓى اِلَى السَّمَاۤءِ

sarta Panjenengane Allah tumuju marang langit,

 فَسَوّٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوٰتٍۗ

wasana nyampurnakake dadi langit pitu.

 وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿٢٩﴾ع_3

Allah Mahapriksa tumrap samubarang kabeh. (29)

وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ

Lan paringga pengenget nalika Pengeranmu ngendika marang para Malaikat:

 اِنِّيْ جَاعِلٌ فِى الْاَرْضِ خَلِيْفَةًۗ

“Ingsun arep nitahake sesulih ana ing  bumi.”

قَالُوْٓا اَتَجْعَلُ فِيْهَا مَنْ يُّفْسِدُ فِيْهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاۤءَۚ

Para malaikat banjur padha matur: “Kados pundi Paduka tega nitahaken wonten ing bumi makhluk ingkang bade adamel risak  saha muntahaken rah?

 وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَۗ

Ing kamangka kawula sami tansah atur tasbih saha tahmid dhumateng Paduka, saha angluhuraken Paduka Ingkang Mahasuci”

 قَالَ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ ﴿٣٠﴾

Allah Ngendika: “Setuhune Ingsun Mahapriksa babagan perkara kang sira ora mangerti.” (30)

وَعَلَّمَ اٰدَمَ الْاَسْمَاۤءَ كُلَّهَا

Allah paring sumurup marang Adam sawarnaning aran barang kabeh,

 ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ

nuli ngajok-ake arane barang-barang mau marang para malaikat.

 فَقَالَ اَنْۢبِـُٔوْنِيْ بِاَسْمَاۤءِ هٰٓؤُلَاۤءِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ ﴿31﴾

Allah ngendika: “Kandhakna marang Ingsun araning barang-barang iki, yen nyata sira temen mangerti” (31)

قَالُوْا سُبْحٰنَكَ لَا عِلْمَ لَنَآ اِلَّا مَا عَلَّمْتَنَاۗ

Para malaikat padha matur: “Mahasuci Paduka. Kawula sami boten gadhah seserepan, kajawi ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng kawula.

 اِنَّكَ اَنْتَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ ﴿32﴾

Saestu Paduka punika Ingkang Mahapriksa, Ingkang Maha Wicaksana”. (32)

قَالَ يٰٓاٰدَمُ اَنْۢبِئْهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْۚ

Allah ngandika: “He Adam, sebutna arane barang-barang iku.

 فَلَمَّآ اَنْۢبَاَهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْۙ

Bareng Adam wis ngandak-ake arane barang-barang,

قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۙ

Allah ngendika: “Apa Ingsun ora wis Ngendika marang sira, yen Ingsun iki Mahapriksa wewadining kabeh langit lan bumi,

 وَاَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَ ﴿33﴾

sarta Ingsun Mahapriksa wewadi kang padha sira lahirake lan wewadi kang padha sira umpetake?” (33)

 وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ

Lan Muhammad, sira atura pengenget babagan pangandikan Ingsun marang para Malaikat: “Padha sumungkema marang Adam!” Nuli para Malaikat padha sumungkem, kajaba Iblis.

 اَبٰى وَاسْتَكْبَرَۖ وَكَانَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ ﴿34﴾

Iblis iku padha mbangkang sarta gumedhe. Lan dadi ewoning para wong kafir. (34)

وَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اسْكُنْ اَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ

Ingsun Allah Ngendika marang Adam: “He Adam! Sliramu lan garwamu manggona ing suwarga,

 وَكُلَا مِنْهَا رَغَدًا حَيْثُ شِئْتُمَاۖ

lan padha dhahara isining suwarga sakarepmu,

 وَلَا تَقْرَبَا هٰذِهِ الشَّجَرَةَ

Ananging, poma dipoma, aja padha cedhak-cedhak wit siji iki! 

 فَتَكُوْنَا مِنَ الظّٰلِمِيْنَ ﴿35﴾

Sira mundhak dadi ewoning wong kang atindak aniaya.(35)

فَاَزَلَّهُمَا الشَّيْطٰنُ عَنْهَا فَاَخْرَجَهُمَا مِمَّا كَانَا فِيْهِۖ

Ananging setan mlesedake Adam sakloron ing suwarga, wusana setan mau njalari Adam sagarwane metu saka suwarga kang dienggoni.

 وَقُلْنَا اهْبِطُوْا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّۚ

Ingsun ngendika: “He Adam sakloron! Sira padha mudhuna, saperangan keturuananmu bakal memungsuhan marang saperangan liyane.

 وَلَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَّمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ ﴿36﴾

Ana ing bumi sira duwe panggonan netep sawetara, lan ugo pikantuk kabungahan nganti tumeka mangsaning pati (36)

 فَتَلَقّٰٓى اٰدَمُ مِنْ رَّبِّهٖ كَلِمٰتٍ فَتَابَ عَلَيْهِۗ

Adam nuli nampa tuntunan kalimah taubat saka Pengerane. Lan karana iku dheweke taubat marang Allah.

 اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ ﴿37﴾

Satemene Allah iku Ingkang Kersa Nompo Taubat lan Ingkang Mahaasih. (37)

قُلْنَا اهْبِطُوْا مِنْهَا جَمِيْعًاۚ

Ingsun ngendika: “He Adam, sira sakloron padha mudhuna saka suwarga,

 فَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى فَمَنْ تَبِعَ هُدَايَ

ing tembe yen sira karawuhan pituduh saka Ingsun, lan sapa kang manut pituduh Ingsun iku,

فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿38﴾

ora bakal kuwatir lan ora bakal susah” (38)

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ

Wondene wong kang padha kafir lan ngemohi ayat-ayat Ingsun

اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ

wong mau panggonane ana ing neraka

 هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿39﴾ع_4

ing sajerone kono selawase (39)

 يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ

He para turuning Israil (bani Israil). Sira padha elinga nikmat peparing ingsun marang sira kabeh,

 وَاَوْفُوْا بِعَهْدِيْٓ اُوْفِ بِعَهْدِكُمْۚ

lan pada nuhanana janji perintah Ingsun. Ingsun uga nuhoni janji kesaguhan Ingsun marang sira kabeh.

 وَاِيَّايَ فَارْهَبُوْنِ ﴿40﴾

Lan padha wediya yen nyidrani Ingsun. (40)

وَاٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلْتُ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ

Lan sira padha percayaa marang Qur’an kang wis Ingsun dhawuhake, dumunung mbenerke kitab cecekelanmu kang Iawas,

 وَلَا تَكُوْنُوْٓا اَوَّلَ كَافِرٍۢ بِهٖۖ

lan sliramu aja padha dadi kawitane wong kang kafir ing Qur’ an.

 وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًاۖ

Sira aja padha tuku barang kang sithik regane kelawan ayat-ayat Ingsun,

 وَّاِيَّايَ فَاتَّقُوْنِ ﴿41﴾

lan mung marang Ingsun dhewe kudune bektimu. (41)

وَلَا تَلْبِسُوا الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ

Lan sira aja padha nyampur barang-barang kang bener kelawan barang kang ora bener,

 وَتَكْتُمُوا الْحَقَّ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ﴿42﴾

lan sira aja ngumpetake barang kang bener, kamangka kabeh wis padha mangerti (42)

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ

Lan padha njumenengna shalat, ugo awehna zakat.

 وَارْكَعُوْا مَعَ الرَّاكِعِيْنَ ﴿43﴾

Sarta padha tindakna ruku’ bareng karo wong kang padha ruku’ 43)

اَتَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبِرِّ وَتَنْسَوْنَ اَنْفُسَكُمْ

Yogene sira padha akon wong-wong nindhak’ake kabecikan, tapi malah anglirwakake awakmu dhewe,

 وَاَنْتُمْ تَتْلُوْنَ الْكِتٰبَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ﴿44﴾

ing kamangka sira padha maca Kitab. Lha apata sira padha ora anggunak’ake akal?(44)

 وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِۗ

Lan padha nyuwuna pitulung kelawan sabar lan anjumenengake sholat.

 وَاِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَۙ ﴿45﴾

Dene anjumenengake sholat iku dhasare pancen abot, kajaba tumrap wong kang padha konjem ing Allah. (45)

الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ

Yaiku kang padha ngrumangsani, yen bakal padha katemu Pengerane,

وَاَنَّهُمْ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَ ﴿46﴾ ع

pancen temen, kabeh iku bakal padha bali marang Pangayunaning Pengerane (46)

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ

Para turuning Israil (bani Israil)! Sliramu padha elinga marang nikmat kang wis Ingsun Paringake marang sira kabeh,

وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ﴿47﴾

lan elinga yen Ingsun wis ngluwihake sliramu ngungkuli wong sejagad. (47)

وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا

Lan sliramu wediya ing sawijining dina, ing kono ora ana uwong bisa ngukup tetulung sithik-sithika marang uwong liyane,

 وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا شَفَاعَةٌ

ora ana syafaat kang sinembadan,

وَّلَا يُؤْخَذُ مِنْهَا عَدْلٌ

ora ana tebusan kang tinarima,

 وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ ﴿48﴾

ora ana kang biso tulung-tinulung. (48)

وَاِذْ نَجَّيْنٰكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ

Lan padha elinga nalikane ingsun nylametake sliramu kabeh saka daksiyane wadyabala Fir’aun,

 يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِ

anggone podho matrapi siksa kang nggegirisi:

 يُذَبِّحُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْۗ

anyembeleh anak lanangmu, anguripi anak wadonmu,

وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ ﴿49﴾

kang mengkono iku pacoban kang gedhe saka Pangeranmu. (49)

وَاِذْ فَرَقْنَا بِكُمُ الْبَحْرَ

Lan padha elinga nalikane sliramu padha Ingsun piyakake segara,

 فَاَنْجَيْنٰكُمْ وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَ

Ingsun slametake sira kabeh lan nyilemake wadyabalane Fira’un

 وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ ﴿50﴾

kabeh sira padha andeleng. (50)

وَاِذْ وٰعَدْنَا مُوْسٰٓى اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً

Lan padha elinga nalikane Ingsun nemtokake pisowane Nabi Musa 40 wengi lawase,

ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ﴿51﴾

sawise mangkat, sira malah padha gawe-gawe ngedegake pengeran awujud sapi, sira padha atindak aniaya. (51)

 ثُمَّ عَفَوْنَا عَنْكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ

Sawise mengkono Ingsun nuli Ngapura dosamu kabeh

 لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ ﴿52﴾

supaya sira padha ngaturake panuwun(52)

وَاِذْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ

Lan padha elinga nalika Ingsun maringi kitab Taurat marang Nabi Musa

 وَالْفُرْقَانَ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ ﴿53﴾

lan Pamisah, tegese kang mbedakake ala lan becik, supaya sira oleh pituduh. (53)

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ

Lan padha elinga nalika (Nabi) Musa perentah marang para kaume:

 يٰقَوْمِ اِنَّكُمْ ظَلَمْتُمْ اَنْفُسَكُمْ بِاتِّخَاذِكُمُ الْعِجْلَ

“He para kaumku! Satemene sira iku padha nganiaya marang awakmu dhewe, amarga anggonmu padha gawe-gawe sesembahan awujud sapi.

 فَتُوْبُوْٓا اِلٰى بَارِىِٕكُمْ فَاقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ

Mulane padha tobata marang kang Nitahake awakmu, banjur sumaraha nyuwun diwafatake,

 ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ عِنْدَ بَارِىِٕكُمْۗ فَتَابَ عَلَيْكُمْۗ

kang mengkono iku luwih becik tumraping awakmu. Pengeran bakal nampani tobatmu.

 اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ﴿54﴾

Satemene Pengeran iku Gedhe Pangapurane, tur Ingkang Mahaasih. (54)

وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى نَرَى اللهَ جَهْرَةً

Lan padha elinga nalikane matur: “Dhuh (Nabi) Musa! Kula sami mboten pitados ing panjenengan kajawi manawi kula sami ningali Dzat Allah kalayan kasat mata.”

 فَاَخَذَتْكُمُ الصّٰعِقَةُ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ ﴿55﴾

Nuli ana bledhek nyamber mateni sira. Sira iya padha andeleng. (55)

ثُمَّ بَعَثْنٰكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَوْتِكُمْ

Nuli sawise iku sira padha Ingsun uripake maneh, sawise padha mati,

لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ ﴿56﴾

supaya sira ngaturake panuwun.(56)

وَظَلَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْغَمَامَ وَاَنْزَلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰىۗ

Lan maneh Ingsun mayungi sliramu kalawan mega. Ingsun ugo nurunake dhaharan arupa Manna lan Salwa.

 كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۗ

“Mara padha dhaharen Peparing Ingsun, rezeki kang enak.

 وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ﴿57﴾

Para turuning lsrail (bani lsrail) anggone padha duraka ora ateges nganiaya marang Ingsun, ananging sejatine padha nganiaya marang awake dhewe.” (57)

 وَاِذْ قُلْنَا ادْخُلُوْا هٰذِهِ الْقَرْيَةَ

Lan (padha elinga) nalika Ingsun Ngendika: “He para anak wayah turune lsrail! Sira padha melebua ing desa iki

 فَكُلُوْا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ رَغَدًا وَّادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا

banjur padha dhahara dhaharan ing kono sakarepmu, padha lumebua lawange desa mau kanthi sumujud,

وَّقُوْلُوْا حِطَّةٌ نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطٰيٰكُمْۗ

lan padha ngucapa mengkene: “Khiththah”. Ingsun mesthi ngapura sakehing kaluputanmu.

 وَسَنَزِيْدُ الْمُحْسِنِيْنَ ﴿58﴾

Dene wong kang becik pangabektine bakal Ingsun tambahi kabecikan”. (58)

فَبَدَّلَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا قَوْلًا غَيْرَ الَّذِيْ قِيْلَ لَهُمْ

Wong-wong kang aniaya padha nyalahi tembung Khiththah kelawan pangucap kang ora didhawuhake.

 فَاَنْزَلْنَا عَلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ﴿59﴾ع_5

Mulane Ingsun banjur nurunake azab saka langit kangge wong kang padha fasiq. (59)

وَاِذِ اسْتَسْقٰى مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ فَقُلْنَا اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْحَجَرَۗ

Lan padha elinga nalika Nabi Musa nyuwunake unjukan para kaume, Ingsun banjur dhawuh: “He Musa! Tekenmu jojohna ing watu,

 فَانْفَجَرَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًاۗ

sawise dijojohne sanalika watu mau nyumberake banyu dadi 12 pancuran,

 قَدْ عَلِمَ كُلُّ اُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْۗ

siji-sijine wong banjur padha weruh unjukan dhewe-dhewe.

 كُلُوْا وَاشْرَبُوْا مِنْ رِّزْقِ اللهِ

Pangandikaningsun: “Sira padaa dhahar lan ngunjuk rejeki peparinge Allah, 

 وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ﴿60﴾

ananging sira aja nglewati wates, lan aja padha gawe rusak ana ing bumi.” (60)

وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نَّصْبِرَ عَلٰى طَعَامٍ وَّاحِدٍ

Lan padha elinga nalikane sliramu padha matur: “Dhuh (Nabi) Musa! Kita sami mboten narimah nedha tetedhan namung warni setunggal kemawon,

 فَادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُخْرِجْ لَنَا مِمَّا تُنْۢبِتُ الْاَرْضُ

Mila kita sami panjenengan suwunaken dhateng Pengeran panjenengan, supados nedahaken tetuwuhaning bumi ingkang mikantuki dhateng kita sedaya,

 مِنْۢ بَقْلِهَا وَقِثَّاۤىِٕهَا وَفُوْمِهَا وَعَدَسِهَا وَبَصَلِهَاۗ

kadosta: sayuran, timun, bawang, kedhele, lan brambang.”

قَالَ اَتَسْتَبْدِلُوْنَ الَّذِيْ هُوَ اَدْنٰى بِالَّذِيْ هُوَ خَيْرٌۗ

(Nabi) Musa nuli ngendika: “Apa patut sira padha nyuwun salin barang kang luwih becik?”

 اِهْبِطُوْا مِصْرًا فَاِنَّ لَكُمْ مَّا سَاَلْتُمْۗ

Allah nuli ngendika: “He anak wayah turune Israil. Sira padha balia marang Negara Mesir wae, sira mesthi oleh samubarang kang padha sira suwun iku.”

وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ وَالْمَسْكَنَةُ وَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ مِّنَ اللهِۗ

Para anak turuning lsrail bakal padha didadekake asor, sengsara Ian padha tetep pikantuk bebenduning Allah,

 ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللهِ وَيَقْتُلُوْنَ النَّبِيّٖنَ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ

kang mengkono mau amarga saka anggone maido ayate Allah lan padha mateni para nabi kelawan ora bener.

 ذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ﴿61﴾

Kang mengkono mau saka anggone duraka Ian padha ndadra ngliwati wates. ” (61)

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

Sayektine wong kang padha iman,

 وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالنَّصٰرٰى وَالصَّابِـِٕيْنَ

Lan wong Yahudi, sarta wong Nasrani tuwin wong Sabiah,

 مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا

Sapa wae sing ngabekti ing Allah Ian percaya anane dina akhir sarta atindak becik,

 فَلَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿62﴾

bakal padha oleh ganjaran saka ngarsaning Pengerane, sarta padha ora perlu kataman wedi Ian ora bakal padha susah. (62)

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّوْرَۗ

Lan padha elinga nalikane Ingsun mundhut perjanjianmu, nganggo mBedhol gunung, Ingsun Unggahake ana ing dhuwurmu,

خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاذْكُرُوْا مَا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ﴿63﴾

Pangandikaningsun: “Samu barang kang wis lngsun dhawuhake marang sira kabeh padha sendikanana, Iakonana kelawan temen-temen, Ian padha elinga samu barang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha kareksa saka tumindak ala. (63)

ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ

Sawise sira padha janji, sira nuli padha ambalik,

 فَلَوْلَا فَضْلُ اللهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ لَكُنْتُمْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ ﴿64﴾

saupama ora ana Sih Nugrahaning Allah kang rumentah marang sira kabeh, mesti sira padha klebu ewoning wong kang padha kapitunan (64)

وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ الَّذِيْنَ اعْتَدَوْا مِنْكُمْ فِى السَّبْتِ

Satemene sliramu iya padha weruh kancamu kang padha nerak wewates ana ing dina Sabtu,

 فَقُلْنَا لَهُمْ كُوْنُوْا قِرَدَةً خَاسِـِٕيْنَ﴿65﴾

padha Ingsun paringi Pangandikan: “Sira padha dadiya (kaya) kethek kang digethingi.” (65)

فَجَعَلْنٰهَا نَكَالًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهَا

Ingsun ndadekake azab kang wis kasebut mau kanggo ngelikake wong dhek zaman samana

 وَمَا خَلْفَهَا وَمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَ﴿66﴾

lan wong sapungkure, Ian minangka piwulang marang wong kang padha ngabekti ing Allah. (66)

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖٓ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ اَنْ تَذْبَحُوْا بَقَرَةًۗ

Lan padha elinga nalika (Nabi) Musa prentah marang para kaume: “Satemene Allah dawuh marang sira kabeh padha ambeleha sapi.”

 قَالُوْٓا اَتَتَّخِذُنَا هُزُوًاۗ

Para wong mau banjur padha matur: “Punapa panjenengan damel gegujengan dhateng kula”

 قَالَ اَعُوْذُ بِاللّٰهِ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ﴿67﴾

Pangandikaning (Nabi) Musa: “Aku nyuwun reksa marang Allah muga-muga aja nganti klebu ewoning wong kang padha bodho.”(67)

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا هِيَۗ

Para anak wayah turune Israil (bani Israil) nuli padha matur: “Dhuh (Nabi) Musa! Panjenengan kula aturi matur dhateng Pengeran panjenengan, supados maringi katrangan dhumateng kula, lembu wau ingkang kados punapa?”

 قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ لَّا فَارِضٌ وَّلَا بِكْرٌۗ عَوَانٌۢ بَيْنَ ذٰلِكَۗ

(Nabi) Musa nuli ngendika: “Dhawuhing Pengeran sapi mau dudu sapi kang pikun Ian dudu sapi kang isih pedhet, goleka sapi kang sedhengan, tengah-tengah antaraning pikun lan pedhet,

 فَافْعَلُوْا مَا تُؤْمَرُوْنَ﴿68﴾

  Ian banjur tindakna anggonmu padha diprintahi mau.” (68)

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا لَوْنُهَاۗ

Para turuning Israil nuli padha matur maneh: “Dhuh (Nabi) Musa! Panjenengan mugi kersa matur malih dhateng Pengeran panjenengan supados paring katrangan dhumateng kita, lembu wau ingkang warni punapa?”

 قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ صَفْرَاۤءُ فَاقِعٌ لَّوْنُهَا تَسُرُّ النّٰظِرِيْنَ ﴿69﴾

 (Nabi) Musa nuli ngendika: “Dhawuhing Pengeran, sapi mau kang warna kuning tur kang mbungahake wong kang padha ndeleng.” (69)

 قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا هِيَۙ

Para turuning Israil nuli padha matur maneh: “Dhuh (Nabi) Musa! Panjengangan mugi matur malih dhateng Pengeran panjenengan supados paring katrangan malih, lembu wau punapa ingkang dereng dipun alap damelipun,

 اِنَّ الْبَقَرَ تَشٰبَهَ عَلَيْنَاۗ

awit lembu wau tumrapipun kita taksih peteng.

وَاِنَّآ اِنْ شَاۤءَ اللهُ لَمُهْتَدُوْنَ﴿70﴾

Menawi kepareng kersaning Allah, kita temtu sami angsal pitedah.” (70)

 قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ لَّا ذَلُوْلٌ تُثِيْرُ الْاَرْضَ وَلَا تَسْقِى الْحَرْثَۚ

(Nabi) Musa nuli ngendika: “Dhawuhing Pengeran, sapi mau kang durung nate kangeIan dianggo ngluku, lan durung nate dianggo nyirami tetanduran,

 مُسَلَّمَةٌ لَّا شِيَةَ فِيْهَاۗ

tur kang rupane mulus, ora ana blentong-blentonge.”

قَالُوا الْـٰٔنَ جِئْتَ بِالْحَقِّ فَذَبَحُوْهَا

Para wayah turune Israil nuli padha matur “Sakpunika panjenengan kersa mratelakaken kelayan terang.” Nuli padha mragat sapi kang kacetha mau,

 وَمَا كَادُوْا يَفْعَلُوْنَ﴿71﴾ع_6

Tur maune meh wae padha orang bisa nglakoni. (71)

وَاِذْ قَتَلْتُمْ نَفْسًا فَادّٰرَءْتُمْ فِيْهَاۗ

Lan (padha elinga) nalikane sira padha mateni sawijinging wong, sira nuli padha ora ngakoni perkara rajapati mau,

 وَاللهُ مُخْرِجٌ مَّا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَۚ﴿72﴾

ewadene Allah melehake sira mungguhing barang kang padha sira umpetake. (72)

 فَقُلْنَا اضْرِبُوْهُ بِبَعْضِهَاۗ

Ingsun nuli ngendika: “He wayah turune Israil, sabetna peranganing sapi iku marang wong kang mati,

كَذٰلِكَ يُحْيِ اللهُ الْمَوْتٰى

ing mbesok Allah anggone nguripake wong kang wis padha mati, iya kaya mengkene iki.

 وَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ﴿73﴾

Saiki Allah Meruhake ayat-ayate marang sliramu kabeh, supaya sira iku padha mikir.” (73)

 ثُمَّ قَسَتْ قُلُوْبُكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَهِيَ كَالْحِجَارَةِ اَوْ اَشَدُّ قَسْوَةًۗ

Sawise kelakon mengkono atimu nuli padha atos, nganti kaya watu utawa luwih atos maneh.

 وَاِنَّ مِنَ الْحِجَارَةِ لَمَا يَتَفَجَّرُ مِنْهُ الْاَنْهٰرُۗ

Saatos-atose watu isih ana kang mengo dadi sumber kali,

 وَاِنَّ مِنْهَا لَمَا يَشَّقَّقُ فَيَخْرُجُ مِنْهُ الْمَاۤءُۗ

lan ana kang pecah ngilekake banyu,

وَاِنَّ مِنْهَا لَمَا يَهْبِطُ مِنْ خَشْيَةِ اللهِۗ

lan ana maneh watu kang mlorot, saka konjeme marang Allah.

وَمَا اللهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ﴿74﴾

Allah Ora Pisan-Pisan Kesupen samubarang kang sira lakoni. (74)

اَفَتَطْمَعُوْنَ اَنْ يُّؤْمِنُوْا لَكُمْ

“(Muhammad): Apa sira kudu ngudi supaya wong Yahudi padha percaya marang sira?

 وَقَدْ كَانَ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ يَسْمَعُوْنَ كَلَامَ اللهِ

Kang mangka wis ana wong Yahudi sagolongan kang padha krungu pangandikaning Allah?”

 ثُمَّ يُحَرِّفُوْنَهٗ مِنْۢ بَعْدِ مَا عَقَلُوْهُ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ﴿75﴾

Sawise padha mikir-mikir banjur ngowahi Pangandikaning Allah mau, tur wong Yahudi mau wis padha mangerti. (75)

وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّاۚ

Wong Yahudi kang padha munafiq nalikane padha patemon karo wong mukmin, ngucapake: “Kita punika sami pitados ing Nabi Muhammad,”

 وَاِذَا خَلَا بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍ قَالُوْٓا

dene yen pinuju kekumpulan, para penggedhe Yahudi ngucap mengkene:

 اَتُحَدِّثُوْنَهُمْ بِمَا فَتَحَ اللهُ عَلَيْكُمْ لِيُحَاۤجُّوْكُمْ بِهٖ عِنْدَ رَبِّكُمْۗ

“Sebab dening apa sira padha amblakakake marang para wong mukmin bab dhawuhing Allah supaya dienggo mbantah ana ngarsaning Pangeranmu?

 اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ﴿76﴾

Apa sira padha ora ngerti?” (76)

اَوَلَا يَعْلَمُوْنَ اَنَّ اللهَ يَعْلَمُ

Wong Yahudi apa ora padha mangerti yen Allah iku Maha Pirsa

مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ﴿77﴾

samubarang kang padha dheweke sidhemake lan kang dilahirake? (77)

وَمِنْهُمْ اُمِّيُّوْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ الْكِتٰبَ

Sawenehing wong Yahudi ana kang bodho, ora weruh kitab Taurat,

 اِلَّآ اَمَانِيَّ وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ﴿78﴾

kaweruhe mau ora ana maneh kajaba mung kirakira wae. (78)

فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ يَكْتُبُوْنَ الْكِتٰبَ بِاَيْدِيْهِمْ ثُمَّ يَقُوْلُوْنَ هٰذَا مِنْ عِنْدِ اللهِ

Kacilakan tumrap wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe banjur ngucap: “Kitab iki saka ngersane Allah”,

 لِيَشْتَرُوْا بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًاۗ

pamrihe supaya payu dadi kanggo nuku barang kang sithik regane.

فَوَيْلٌ لَّهُمْ مِّمَّا كَتَبَتْ اَيْدِيْهِمْ

Kacilakan mergo apa kang ditulis tangane

 وَوَيْلٌ لَّهُمْ مِّمَّا يَكْسِبُوْنَ﴿79﴾

Lan kacilakan minangka dadi patrapaning tumindake (79)

وَقَالُوْا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ اِلَّآ اَيَّامًا مَّعْدُوْدَةًۗ

Wong Yahudi kang munafiq padha ngucap: “Aku mangsa kacemplunga neraka, kajaba mung sawatara dina wae. “

 قُلْ اَتَّخَذْتُمْ عِنْدَ اللهِ عَهْدًا

Muhammad sira dhawuha: “Pangucapmu iku apa oleh janji saka ngarsaning Allah,

 فَلَنْ يُّخْلِفَ اللهُ عَهْدَهٗٓ اَمْ تَقُوْلُوْنَ عَلَى اللهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ﴿80﴾

apa mung sira ngucapake barang kang ora disumerepi, nanging dikandhakake saka Allah?” (80)

بَلٰى مَنْ كَسَبَ سَيِّئَةً وَّاَحَاطَتْ بِهٖ خَطِيْۤـَٔتُهٗ

Malahan, sing sapa nglakoni ala, sarta tindake mau nglimputi awake, 

فَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿81﴾

wong kang mengkono mau bakal manggon ing neraka, manggon ing kono selawase. (81)

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

Dene wong kang padha percaya ing Allah sarta padha nglakoni kebecikan,

 اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿82﴾ع_7

wong kang mengkono mau padha pikantuk suwarga, manggon ing kono selawase. (82)

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ لَا تَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللهَ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا

Lan (padha elinga) nalikane lngsun mundhut kasaguhan para turuning lsrail, Pangandikaningsun: “Sira aja padha manembah saliane Allah, lan padha ambecikana wong tuwamu,

 وَّذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَقُوْلُوْا لِلنَّاسِ حُسْنًا

lan padha ambecikana para sedulurmu, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan becikana pangucapmu marang sapapadhanmu,

 وَّاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۗ

lan padha jejegna sholat, lan padha bayara zakat.

 ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْكُمْ وَاَنْتُمْ مُّعْرِضُوْنَ﴿83﴾

Sawise sira padha ngucap sanggup, sira banjur padha ambalik,  kajaba ana sethithik sing ora, sawatara sira padha mlengos. (83)

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ لَا تَسْفِكُوْنَ دِمَاۤءَكُمْ

Lan (padha elinga) nalikane Ingsun mundhut kasaguhanmu. Pangandhikaningsun: “Sira aja padha mutahake getih para kancamu,

 وَلَا تُخْرِجُوْنَ اَنْفُسَكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْۖ

aja nundhung para kancamu saka panggonanmu.

 ثُمَّ اَقْرَرْتُمْ وَاَنْتُمْ تَشْهَدُوْنَ﴿84﴾

Sira banjur padha saguh lan sira nekseni awakmu dhewe”. (84)

ثُمَّ اَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ تَقْتُلُوْنَ اَنْفُسَكُمْ وَتُخْرِجُوْنَ فَرِيْقًا مِّنْكُمْ مِّنْ دِيَارِهِمْۖ

(He anak turune Israil kabeh),  sira banjur padha mateni para kancamu, lan nundhung sagolongan para kancamu saka omahe,

 تَظٰهَرُوْنَ عَلَيْهِمْ بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِۗ

sira padha njarag kedadeyane dosa kanthi podho memungsuhan.

 وَاِنْ يَّأْتُوْكُمْ اُسٰرٰى تُفٰدُوْهُمْ وَهُوَ مُحَرَّمٌ عَلَيْكُمْ اِخْرَاجُهُمْۗ

Dene menawa ana tawanan pada teka, banjur padha sira tebusi, kang mangka sira padha diawisi nundhung wong mau,

 اَفَتُؤْمِنُوْنَ بِبَعْضِ الْكِتٰبِ وَتَكْفُرُوْنَ بِبَعْضٍۚ

yen mengkono apa sira percaya lan ngestokake saperangane kitab sarta maido marang saperangan liyane?

 فَمَا جَزَاۤءُ مَنْ يَّفْعَلُ ذٰلِكَ مِنْكُمْ اِلَّا خِزْيٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ

Para kancamu kang padha nglakoni mengkono iku piwalese ora ana maneh kajaba digawe asor ana zaman urip ing donya.

 وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يُرَدُّوْنَ اِلٰٓى اَشَدِّ الْعَذَابِۗ

Dene besuk dina qiyamat padha digiring marang siksa kang abot. 

 وَمَا اللهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ﴿85﴾

Allah Ora Pisan-pisan Kasupen samubarang kang padha sira lakoni.  (85)

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا بِالْاٰخِرَةِۖ

Wong kang padha mengkono iku kang nuku kabungahan ing donya, dituku kelawan kabungahan akhirat,

فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ

mulane bakal padha ora dienthengake azab-e,

 وَلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ﴿86﴾ع_8

lan padha ora ditulungi. (86)

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَقَفَّيْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ بِالرُّسُلِۖ

Lan Ingsun temen wis maringi kitab Taurat marang Nabi Musa, sarta sapungkure Nabi Musa Ingsun tungka pirang-pirang utusan (Rasul) Ingsun,

 وَاٰتَيْنَا عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنٰتِ وَاَيَّدْنٰهُ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ

lan Ingsun wis maringi mu’jizat marang lsa putrane Maryam sarta Ingsun wis nyantosakake Isa klawan roh suci.

 اَفَكُلَّمَا جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌۢ بِمَا لَا تَهْوٰٓى اَنْفُسُكُمُ اسْتَكْبَرْتُمْۚ

Ya gene saben sira padha katekan utusaningsun ndhawuhake barang kang ora condhong karepmu, sira banjur padha gumedhe,

فَفَرِيْقًا كَذَّبْتُمْ

malahan utusan mau kang sak golongan padha sira paido

 وَفَرِيْقًا تَقْتُلُوْنَ﴿87﴾

lan sak golongan padha sira pateni. (87)

وَقَالُوْا قُلُوْبُنَا غُلْفٌۗ

Para wong Yahudi kang munafiq padha matur: “Manah kula punika katutupan.”

 بَلْ لَّعَنَهُمُ اللهُ بِكُفْرِهِمْ

Allah Mbendu wong munafiq mau marga anggone padha kafir.

 فَقَلِيْلًا مَّا يُؤْمِنُوْنَ﴿88﴾

Dadi si munafiq mau padha sethithik percayane. (88)

وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ كِتٰبٌ مِّنْ عِنْدِ اللهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْۙ

Bareng wong Yahudi padha katekan kitab Qur’ an saka Ngarsane Allah, kang cocog Ian mbenerake kitab Taurat, cecekelane wong Yahudi,

وَكَانُوْا مِنْ قَبْلُ يَسْتَفْتِحُوْنَ عَلَى الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۚ

tur sadurunge katekan Qur’an wong Yahudi mau padha ngajab, olehe pitulung ngalahake para wong kafir,

 فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ مَّا عَرَفُوْا كَفَرُوْا بِهٖۖ

bareng Nabi kang wis diarep-arep mau jumeneng, dheweke malah padha kafir kanthi maido marang Nabi (Muhammad),

 فَلَعْنَةُ اللهِ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ﴿89﴾

bebenduning Allah tumuju marang wong kafir.  (89)

بِئْسَمَا اشْتَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْ اَنْ يَّكْفُرُوْا بِمَآ اَنْزَلَ اللهُ بَغْيًا

Ala banget wong Yahudi anggode padha ngedol jiwane, kanthi atindak kafir marang apa-apa kang wus diturunake Allah, jalaran saka kemropok atine kadunungan sifat dengki.

اَنْ يُّنَزِّلَ اللهُ مِنْ فَضْلِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۚ

Mangka Allah Kagungan Kepareng Nurunake Nuggrahane marang sapa wae kawula kang dikersakake.

 فَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ عَلٰى غَضَبٍۗ وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ﴿90﴾

Mulane tumrap wong kafir kataman bebendu matumpa-tumpa, lan pikantuk azab kang ina. (90)

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلَ اللهُ

Nalikane wong Yahudi padha didhawuhi: “Sira padha ngestokna Qur’ an kang wis didhawuhake dening Allah,”

 قَالُوْا نُؤْمِنُ بِمَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا

wangsulane: “Kita sami pitados ngistokaken kitab Taurat ingkang sampun dipun dhawuhaken dhumateng kita.”

 وَيَكْفُرُوْنَ بِمَا وَرَاۤءَهٗ وَهُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَهُمْۗ

Wong Yahudi mau padha maido kitab kang didhawuhake sawise Taurat, kang mangka kitab kang didhawuhake sawise Taurat iku kang bener, cocok karo wacane Taurat, cecekelane si Yahudi.

قُلْ فَلِمَ تَقْتُلُوْنَ اَنْۢبِيَاۤءَ اللهِ مِنْ قَبْلُ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿91﴾

 (Muhammad) sira dhawuha! “Yen temen sira padha percaya, ngestokake kitab Taurat sebab apa dhek biyen sira padha nyedani para nabine Allah yen ta temen sira iku wong kang padha iman?” (91)

وَلَقَدْ جَاۤءَكُمْ مُّوْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ

Satemene Nabi Musa wis ngrawuhi sira kanthi tanda nyata kenabian,

 ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ﴿92﴾

sapungkure Nabi Musa sowan ngarsaning Pengeran, sira banjur gawe-gawe Pengeran awujud sapi. Sira padha nganiaya marang awakmu dhewe (92)

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّوْرَۗ

(He wong Yahudi) Sira padha elinga! Nalikane Ingsun mundhut kesanggupanmu. Ingsun nganggo mbedhol gunung Tsur, Ingsun unggahake ana ing dhuwurmu.

 خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاسْمَعُوْاۗ

Pangandikaningsun: “Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira padha sanggupana kelawan temen-temen Ian padha sendikanana.

قَالُوْا سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاُشْرِبُوْا فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْعِجْلَ بِكُفْرِهِمْۗ

Sira banjur padha matur: “Kawula sampun mireng, nanging kawula sami mopo. ” Wong Yahudi anggone padha kesengsem manembah sapi wis manjing ana ing ati, marga satemene padha kafir.

قُلْ بِئْسَمَا يَأْمُرُكُمْ بِهٖٓ اِيْمَانُكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿93﴾

 (Muhammad) sira dhawuha: “Ala temen percayamu teka akon manembah sapi marang sira, yen nyata sira padha percaya ing Taurat. (93)

قُلْ اِنْ كَانَتْ لَكُمُ الدَّارُ الْاٰخِرَةُ عِنْدَ اللهِ خَالِصَةً مِّنْ دُوْنِ النَّاسِ

(Muhammad!) Sira dhawuha: “He wong Yahudi! Yen dhasar nyata terang mungguhing Allah yen kebungahan ing akhirat iku mung sira dhewe kang duwe,

 فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿94﴾

mara padha ngarep-arepa ing pati, yen sira iku padha temen.” (94)

وَلَنْ يَّتَمَنَّوْهُ اَبَدًاۢ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْۗ

Wong Yahudi salawase mesthi ora ngarep-arep pati, awit kelingan panggawening tangane kang uwis-uwis.

وَاللهُ عَلِيْمٌۢ بِالظّٰلِمِيْنَ﴿95﴾

Allah iku Maha Pirsa marang wong kang padha nganiaya awake dhewe. (95)

وَلَتَجِدَنَّهُمْ اَحْرَصَ النَّاسِ عَلٰى حَيٰوةٍۛ وَمِنَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْاۛ

Sira mesthi mangerti yen wong Yahudi iku dhemene marang urip ngungkuli manungsa kabeh, Ian ngungkuli manungsa kang padha musyrik.

 يَوَدُّ اَحَدُهُمْ لَوْ يُعَمَّرُ اَلْفَ سَنَةٍۚ

Sawenehing wong Yahudi ana kang kepengen urip nganti umur sewu (1.000) tahun,

 وَمَا هُوَ بِمُزَحْزِحِهٖ مِنَ الْعَذَابِ اَنْ يُّعَمَّرَۗ

senajan umur sewu tahun pisan wong mau iya ora bisa nyumingkiri azab,

وَاللهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ﴿96﴾ع_9

Allah iku Maha Mriksani samubarang kang padha dilakoni wong-wong. (96)

قُلْ مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِّجِبْرِيْلَ فَاِنَّهٗ نَزَّلَهٗ عَلٰى قَلْبِكَ بِاِذْنِ اللهِ

(Muhammad!) Sira dhawuha: “Sing sapa mungsuhi Malaikat Jibril satemene dheweke iku ndhawuhake Qur’an marang atimu Muhammad, klawan idzine Allah,

 مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَهُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ﴿97﴾

mbenerake surasane Kitab kang ana ing tangane wong kang mungsuhi mau, lan dadi pituduh tur bebungah marang para wong mukmin (97)

مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِّلّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَرُسُلِهٖ

Sing sapa mungsuhi Allah Ian mungsuhi Malaikate, Ian para Utusane,

 وَجِبْرِيْلَ وَمِيْكٰىلَ فَاِنَّ اللهَ عَدُوٌّ لِّلْكٰفِرِيْنَ﴿98﴾

apa dene mungsuhi Malaikat Jibril, Malaikat Mika’il, satemene Allah iku mungsuhe para wong kafir. (98)

وَلَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۚ

(Muhammad) Ingsun wis ndhawuhake ayat tandha bener marang sira,

 وَمَا يَكْفُرُ بِهَآ اِلَّا الْفٰسِقُوْنَ﴿99﴾

ora ana kang maido ayat mau kajaba wong kang padha fasiq (99)

اَوَكُلَّمَا عٰهَدُوْا عَهْدًا نَّبَذَهٗ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْۗ

Wong mau saben-saben padha saguh ngestokake perjanjianing Pengeran, kang sagolongan banjur ngudhari kesaguhan mau,

 بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ﴿100﴾

dadi wong mau akeh kang padha ora percaya. (100)

وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ عِنْدِ اللهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْ

Lan bareng ana utusan saka ngarsaning Allah anekani, dadi bebener tumrap barang cecekelane,

نَبَذَ فَرِيْقٌ مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَۙ كِتٰبَ اللّٰهِ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِهِمْ

saperangane wong kang padha karawuhan Kitab padha nyingkur Kitabe Allah ing buri gegere,

كَاَنَّهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۖ﴿101﴾

 kaya padha ora weruh-weruha. (101)

وَاتَّبَعُوْا مَا تَتْلُوا الشَّيٰطِيْنُ عَلٰى مُلْكِ سُلَيْمٰنَۚ

Wong Yahudi padha manut kitab sihir kang diwaca dening para setan nalika zaman Kerajaane Nabi Sulaiman biyen.

 وَمَا كَفَرَ سُلَيْمٰنُ وَلٰكِنَّ الشَّيٰطِيْنَ كَفَرُوْا يُعَلِّمُوْنَ النَّاسَ السِّحْرَ

Nabi Sulaiman ora kafir nanging setan-setan iku padha kafir, padha mulangake sihir mau marang para manungsa,

 وَمَآ اُنْزِلَ عَلَى الْمَلَكَيْنِ بِبَابِلَ هَارُوْتَ وَمَارُوْتَۗ

lan mulangake sihir kang diparingake marang malaikat loro kang padha jumeneng ratu kang ana ing negara Babil, iya iku Harut lan Marut.

 وَمَا يُعَلِّمٰنِ مِنْ اَحَدٍ حَتّٰى يَقُوْلَآ اِنَّمَا نَحْنُ فِتْنَةٌ فَلَا تَكْفُرْۗ

Malaikat loro mau ora kersa mulang sihir marang sawijing wong kajaba yen wis paring pepeling, dhawuhe: “Satemene aku iki cobaning Pangeran, mulane kang prayoga sira aja padha kafir,

 فَيَتَعَلَّمُوْنَ مِنْهُمَا مَا يُفَرِّقُوْنَ بِهٖ بَيْنَ الْمَرْءِ وَزَوْجِهٖۗ

para wong Babil adreng padha nggugu sihir kang bisa megatake wong anggone bebojoan, marang Malaikat loro mau.

 وَمَا هُمْ بِضَاۤرِّيْنَ بِهٖ مِنْ اَحَدٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللهِۗ

Dene wong kang wis padha bisa sihir iya ora bisa gawe sengsara apa-apa marang sawijining wong sarana sihir, kajaba kelawan idzine Allah.

 وَيَتَعَلَّمُوْنَ مَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْۗ

Para wong ing Babil padha anggeguru sihir kang bakal mlarati ing awake, ora mikolehake ing awake.

 وَلَقَدْ عَلِمُوْا لَمَنِ اشْتَرٰىهُ مَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍۗ

Satemene wong Yahudi wis padha mangerti, sing sapa tuku sarta milih kafir, ing besuk ana ing akhirat ora oleh panduman ganjaran suwarga.

 وَلَبِئْسَ مَا شَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ﴿102﴾

Mulane ala temen anggone padha tuku sihir dibayar awake, iku yen wong mau padha mangerti. (102)

وَلَوْ اَنَّهُمْ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَمَثُوْبَةٌ مِّنْ عِنْدِ اللهِ خَيْرٌۗ

Saupama wong Yahudi iku padha percaya ing Qur’ an Ian padha takwa ing Allah, mesthi mangerti yen ganjaran saka Allah iku luwih becik, tinimbang karo kaweruhe sihir

 لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ﴿103﴾ع_10

iku yen wong Yahudi mau padha mangerti (103)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقُوْلُوْا رَاعِنَا وَقُوْلُوا انْظُرْنَا

He wong kang padha percaya ing Qur’ an sira aja sok matur (marang Nabi Muhammad) “RAA’INAA” becik matura: “UNDHURNAA”

 وَاسْمَعُوْا وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿104﴾

Lan sira padha ngrungokna, dene wong kafir iku padha kapatrapan azab kang nglarani. (104)

مَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَلَا الْمُشْرِكِيْنَ

Wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab sarta wong musyrik kabeh

 اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ خَيْرٍ مِّنْ رَّبِّكُمْۗ

padha ora seneng yen wahyu becik saka Pengeranmu iku diparingake marang sira Muhammad.

وَاللهُ يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۗ

Allah nemtokake asihe marang wong kang dadi kaparenging Kersane,

 وَاللهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ﴿105﴾

Allah iku kagungan kanunggrahan Kang Agung (105)

مَا نَنْسَخْ مِنْ اٰيَةٍ اَوْ نُنْسِهَا نَأْتِ بِخَيْرٍ مِّنْهَآ اَوْ مِثْلِهَاۗ

Menawa lngsun nyuwak utawa ngendhakake ayat, mesthi Ingsun dhawuhake kang luwih becik utawa kang madhani ayat kang disuwak utawa diendhakake mau.

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿106﴾

Apa sira ora mangerti yen Allah iku Maha Nguwasani samubarang iki? (106)

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ

Apa sira ora mangerti yen Allah iku Kang Kagungan Panguwasaning langit lan bumi?

 وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ﴿107﴾

Lan ora ana kang bisa Ngasihi lan Mitulung sira saliyane Allah. (107)

اَمْ تُرِيْدُوْنَ اَنْ تَسْـَٔلُوْا رَسُوْلَكُمْ كَمَا سُىِٕلَ مُوْسٰى مِنْ قَبْلُۗ

Apa sira kudu nyuwun marang Rasulmu, kaya dhek biyen nalikane Nabi Musa dijaluki.

 وَمَنْ يَّتَبَدَّلِ الْكُفْرَ بِالْاِيْمَانِ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ﴿108﴾

Sing sapa nyalin Iman kelawan kafir, wong iku yekti kesasar saka dalan kang jejeg. (108)

وَدَّ كَثِيْرٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَوْ يَرُدُّوْنَكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ اِيْمَانِكُمْ كُفَّارًاۚ

Akeh-akehe wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab padha ngarep-arep supaya sira padha ambalik dadi kafir sawise iman,

 حَسَدًا مِّنْ عِنْدِ اَنْفُسِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْحَقُّۚ

krana drengkine kang thukul saka dhasar atine sawise padha terang gamblang yen Muhammad iku bener.

 فَاعْفُوْا وَاصْفَحُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللهُ بِاَمْرِهٖۗ

Saiki sira mung ngapura lan togna bae, ngentenana yen Allah wis dhawuhake Prentahe.

 اِنَّ اللهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿109﴾

Satemene Allah iku Maha Nguwasani samubarang. (109)

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۗ

Sliramu padha njejegna sholat, lan padha mbayara zakat.

 وَمَا تُقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوْهُ عِنْدَ اللهِۗ

Dene sedhengah kabecikan cecekelanmu kang wis sira lakoni dhisik iku bakal sira temu ganjarane ana ing Pangayonaning Allah.

 اِنَّ اللهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿110﴾

Satemene Allah iku Maha Mirsani samubarang kang padha sira lakoni. (110)

وَقَالُوْا لَنْ يَّدْخُلَ الْجَنَّةَ اِلَّا مَنْ كَانَ هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰىۗ تِلْكَ اَمَانِيُّهُمْۗ

Para wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab padha ngucap ora ana wong bisa mlebu suwarga kajaba wong Yahudi atawa Nasrani. Mengkono iku gagasane wong kafir mau.

 قُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ﴿111﴾

 (He Muhammad!) Sliramu prentaha: “Mara gelarna nyatane buktimu yen pangucapmu iku bener.” (111)

بَلٰى مَنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَلَهٗٓ اَجْرُهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۖ

O, jan-jane, sing sapa masrahake lan nyumanggakake awake marang Allah, kang mangka wong iku lakune becik mesthi tampa ganjaran ana ing Pangayunaning Pengerane,

 وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿112﴾ع_11

sarta padha ora kuwatir lan padha ora kataman kesusahan. (112)

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ لَيْسَتِ النَّصٰرٰى عَلٰى شَيْءٍۖ

Wong Yahudi padha ngucap: “Wong Nasrani iku ora ana barang becik kang dienut.

وَّقَالَتِ النَّصٰرٰى لَيْسَتِ الْيَهُوْدُ عَلٰى شَيْءٍۙ

Wong Nasrani uga padha ngucap: “Wong Yahudi iku ora ana barang becik kang dienut.”

وَّهُمْ يَتْلُوْنَ الْكِتٰبَۗ

Kang mangka kabeh mau padha maca kitabe dhewe-dbewe,

 كَذٰلِكَ قَالَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ مِثْلَ قَوْلِهِمْۚ

kaya mangkono uga wong kang padha ora mangerti ing kitab, iya padha ngucap becike dhewe, kaya pangucape wong Yahudi lan wong Nasrani mau,

 فَاللهُ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ﴿113﴾

ing besuk dina qiyamat Allah bakal Paring ukuman wong mau kabeh anggone padha pasulayan. (113)

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ مَّنَعَ مَسٰجِدَ اللهِ

Ora ana wong kang luweh nganiaya tinimbang wong kang nglarang tindak Masjide Allah,

 اَنْ يُّذْكَرَ فِيْهَا اسْمُهٗ وَسَعٰى فِيْ خَرَابِهَاۗ

ora ngolehake nyebut asmaning Allah ana ing kono, malahan banjur tumandang ngrusak masjid mau.

اُولٰۤىِٕكَ مَا كَانَ لَهُمْ اَنْ يَّدْخُلُوْهَآ اِلَّا خَاۤىِٕفِيْنَ ەۗ

Dene wong kang padha nglarangi tindak masjid mau iya padha ora bisa mlebu ing masjid kajaba padha kataman wedi.

 لَهُمْ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ وَّلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ﴿114﴾

Wong kang padha nglarang tindak masjid mau ana ing donya digawe asor, dene mbesuk ana akhirat padha kapatrapan azab kang gedhe. (114)

وَلِلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ

Lan Kagungane Allah wetan Ian kulon iku,

 فَاَيْنَمَا تُوَلُّوْا فَثَمَّ وَجْهُ اللهِۗ

mulane menyang ngendi wae ngadhepmu, iya mrono ketemu Allah;

 اِنَّ اللهَ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ﴿115﴾

sayekti Allah iku Maha Jembar Paparinge, lan Maha Pirsa. (115)

وَقَالُوا اتَّخَذَ اللهُ وَلَدًاۙ سُبْحٰنَهٗۗ

Wong Yahudi lan wong Nasrani padha ngucap: “Allah iku peputra,” Maha Suci Allah,

 بَلْ لَّهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلٌّ لَّهٗ قَانِتُوْنَ﴿116﴾

malahan samubarang isine langit lan bumi iku Kagungane Allah. Kabeh iku padha ngestokake ing Allah. (116)

بَدِيْعُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ

Allah iku Kang Nitahake langit lan bumi,

 وَاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا

Ian nalikane Allah Kersa Nitahake samubarang,

 فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ﴿117﴾

Satemene Allah mung ngendika: “Sira ana-a!” Samubarang kang Dikersaake mau nuli banjur ana sanalika. (117)

وَقَالَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ لَوْلَا يُكَلِّمُنَا اللهُ اَوْ تَأْتِيْنَآ اٰيَةٌۗ

(Wong kafir ing Mekkah kang padha ora ngerti ing kitab) padha matur: “Menawi Allah mboten ngendika piyambak dhateng kita, utawi mboten wonten mukjizat bukti bebener ingkang tumandhuk dhateng kita, mesthi manahipun para tiyang punika taksih sami bingung.”

 كَذٰلِكَ قَالَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّثْلَ قَوْلِهِمْۗ

Mengkono uga para wong kafir dhek zaman biyen, iya padha matur kaya panuturane wong-wong kafir ing Mekah mau.

 تَشَابَهَتْ قُلُوْبُهُمْۗ

Atine wong-wong mau padha memper.

 قَدْ بَيَّنَّا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ﴿118﴾

 Satemene Ingsun wis nggelarake ayat tandha bukti bebener pirang-pirang tumrap wong kang padha yakin (118)

اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًاۙ

Satemene Ingsun ngutus sira, Muhammad, kanthi bener, ngemban kasunyatan dadi juru-warta bebungah Ian jurupepeling,

 وَّلَا تُسْـَٔلُ عَنْ اَصْحٰبِ الْجَحِيْمِ﴿119﴾

Lan sira ora bakal ditutuh tumrap perkara para mitraning neraka Jahim. (119)

وَلَنْ تَرْضٰى عَنْكَ الْيَهُوْدُ وَلَا النَّصٰرٰى حَتّٰى تَتَّبِعَ مِلَّتَهُمْۗ

Lan para Yahudi lan para Nasrani ora sarujuk marang sliramu, kajaba yen sliramu wis manut agamane.

 قُلْ اِنَّ هُدَى اللهِ هُوَ الْهُدٰىۗ

Dhawuha: “”Pituduhe Allah iku pituduh kang nyata bener.”

 وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ بَعْدَ الَّذِيْ جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِۙ

Manawa sliramu manut pepenginane wong Yahudi lan Nasrani sawise ana kawruh tumeka marang sliramu,

مَا لَكَ مِنَ اللهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ﴿120﴾

sliramu ora bakal duwe pangayoman tuwin bebantu saka ing Allah. (120)

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَتْلُوْنَهٗ حَقَّ تِلَاوَتِهٖۗ

Sarupaning wong kang wis padha Ingsun paringi Kitab, banjur padha maca kitab mau, pamacane kelawan sakbenere,

اُولٰۤىِٕكَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖۗ وَمَنْ يَّكْفُرْ بِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ﴿121﴾ع_12

wong kang mengkono iku tetep padha percaya ing kitab mau. Dene sing sapa maido ing kitab mau iku kabeh padha kapitunan (121)

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ

He bani Israel, sira padha elinga nikmat kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh,

 وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ﴿122﴾

Satemene Ingsun wis ngluwihake sira ngungkuli wong sajagad. (122)

وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا

Lan padha-a siyaga babagan tumekaning dino kang ing dina iku ora ana wong bisa mitulungi Iiyane

 وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا عَدْلٌ وَّلَا تَنْفَعُهَا شَفَاعَةٌ

ora ana tebusan kang sembadan, ora ana syafa’at kang manfaat,

 وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ﴿123﴾

sarta tumrap wong-wong mau ora ana pitulungan (123)

وَاِذِ ابْتَلٰٓى اِبْرٰهٖمَ رَبُّهٗ بِكَلِمٰتٍ فَاَتَمَّهُنَّۗ

Elinga nalikane Ibrahim dicoba dening Pengeran kanthi dhawuh pirang-pirang warna. Ibrahim ngestokake kabeh  dhawuh mau kanthi sampurna.

 قَالَ اِنِّيْ جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ اِمَامًاۗ

Allah ngendika: “Ibrahim! Sliramu Ingsun dadekake panutaning manungsa.”

قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْۗ

Ibrahim banjur matur: “Dalah para anak turun kawula mekatena ugi.”

 قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِى الظّٰلِمِيْنَ﴿124﴾

Allah ngendika: “Janji Ingsun ora kanggo wong kang pada nganiaya. (124)

وَاِذْ جَعَلْنَا الْبَيْتَ مَثَابَةً لِّلنَّاسِ وَاَمْنًاۗ

Lan Ka’bah Ingsun dadekake pangimpunaning manungsa lan panggonan kang aman,

وَاتَّخِذُوْا مِنْ مَّقَامِ اِبْرٰهٖمَ مُصَلًّىۗ

Lan panggonan jumenenge Ibrahim, iku sira anggo panggonan sholat,

 وَعَهِدْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ اَنْ طَهِّرَا بَيْتِيَ

Ingsun prentah marang Ibrahim Ian Ismail supaya nyucekake Ka’bah

لِلطَّاۤىِٕفِيْنَ وَالْعٰكِفِيْنَ وَالرُّكَّعِ السُّجُوْدِ﴿125﴾

kanggo wong kang padha thawaf, i’ tikaf, ruku’, lan sujud. (125)

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا بَلَدًا اٰمِنًا

Elinga nalikane Ibrahim matur : “Dhuh Pengeran kawula, mugi Paduka dadosaken panggenan punika negeri ingkang aman,

وَّارْزُقْ اَهْلَهٗ مِنَ الثَّمَرٰتِ مَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ

Saha mugi paduka Paringi wargonipun rizki aripu woh-wohan, tumrap sintena ingkang pitados ing Allah saha dinten akhir.

 قَالَ وَمَنْ كَفَرَ فَاُمَتِّعُهٗ قَلِيْلًا ثُمَّ اَضْطَرُّهٗٓ اِلٰى عَذَابِ النَّارِۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ﴿126﴾

Allah dhawuh: “Lan wong kafir uga Ingsun paringi kabungahan sethithik, banjur lngsun peksa kepatrapan siksa neraka. Ala temen kawusanan kang mengkono mau.” (126)

وَاِذْ يَرْفَعُ اِبْرٰهٖمُ الْقَوَاعِدَ مِنَ الْبَيْتِ وَاِسْمٰعِيْلُۗ

Elinga nalikane Ibrahim Ian Ismail mbangun temboke Ka’bah, padha munjuk atur:

 رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّاۗ اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ﴿127﴾

“Dhuh Pangeran kawula, mugi Paduka Nampi amal kawula, saestu Paduka punika Ingkang Maha Midhangetaken saha Maha Uninga.” (127)

رَبَّنَا وَاجْعَلْنَا مُسْلِمَيْنِ لَكَ

“Dhuh Pengeran kawula. Mugi kawula Paduka dadosaken tetiyang ingkang sumarah dhumateng Paduka,

 وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَآ اُمَّةً مُّسْلِمَةً لَّكَۖ

ugi para wayah turun kawula Paduka dadosaken umat ingkang sumarah dhumateng Paduka

 وَاَرِنَا مَنَاسِكَنَا

Sarta kawula mugi Paduka paringi seserepan babagan lampahipun pangabektosan kula,

 وَتُبْ عَلَيْنَاۚ اِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ﴿128﴾

saha mugi Paduka Kersa Nampi tobat kawula. Sayektosipun Paduka punika Maha Penampi Taubat saha Maha Asih. ” (128)

رَبَّنَا وَابْعَثْ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِكَ

“Dhuh Pangeran kawula, mugi Paduka ngutus Rasul saking bangsanipun ingkang ndhawuhaken ayat Paduka,

 وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُزَكِّيْهِمْۗ

saha nedahaken suraosipun kitab Qur’an dalah hukum-hukum kawicaksanan, punapa dene nyucekaken manahipun,

 اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ﴿129﴾ع_13

Saestu Paduka punika Maha Mulya tur Maha Wicaksana.” (129)

وَمَنْ يَّرْغَبُ عَنْ مِّلَّةِ اِبْرٰهٖمَ اِلَّا مَنْ سَفِهَ نَفْسَهٗۗ

Ora ana wong kang ora dhemen marang agamane Ibrahim kajaba wong kang ora mangerti marang awake dhewe.

وَلَقَدِ اصْطَفَيْنٰهُ فِى الدُّنْيَاۚ

Ingsun temen wis milih Ibrahim mau ana ing donya

 وَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ﴿130﴾

lan satemene Ibrahim iku ana akhirat klebu wong becik. (130)

اِذْ قَالَ لَهٗ رَبُّهٗٓ اَسْلِمْۙ

Nalika Pengeran dhawuh marang Ibrahim: “Sira sumaraha!”

 قَالَ اَسْلَمْتُ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ﴿131﴾

Ibrahim nuli munjuk atur: “Kawula sumarah dhateng Pengeraning jagat sedaya.” (131)

وَوَصّٰى بِهَآ اِبْرٰهٖمُ بَنِيْهِ وَيَعْقُوْبُۗ

Ibrahim Ian Ya’qub padha paring wasiyat marang para anak turune:

 يٰبَنِيَّ اِنَّ اللهَ اصْطَفٰى لَكُمُ الدِّيْنَ

“He anak turunku kabeh, Allah wis milihake sira dikersakake padha nglakoni agama,

 فَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَۗ﴿132﴾

mulane aja padha tilar donya, kajaba ing dalem Islam.” (132)

اَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاۤءَ اِذْ حَضَرَ يَعْقُوْبَ الْمَوْتُۙ

(He wong Yahudi) nalikane sedane Ya’qub sira padha ora nyekseni,

 اِذْ قَالَ لِبَنِيْهِ مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْۢ بَعْدِيْۗ

Dhek semana Ya’qub ndangu kaantepane anak turune: “Besuk sakpungkurku sira padha manernbah sapa?”

 قَالُوْا نَعْبُدُ اِلٰهَكَ وَاِلٰهَ اٰبَاۤىِٕكَ

Anak turune mau padha matur: “Kita sami manembah Pengeran panjenengan, ugi Pengeranipun para leluhur penjenengan,

 اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ﴿133﴾

Ibrahim, Ismail, Ishaq Ian kita badhe sami sumarah dhateng Pengeran wau.” (133)

تِلْكَ اُمَّةٌ قَدْ خَلَتْۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ

Ibrahim Ian anak turune mau ummat kang wis kuna padha tampa ganjaran sakmurwate samubarang kang wis padha dilakoni.

 وَلَكُمْ مَّا كَسَبْتُمْۚ

Dene sira wong Yahudi kabeh iya padha tampa ganjaran sakmurwate samubarang kang wis sira padha lakoni.

وَلَا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ﴿134﴾

Sira ora bakal didangu perkara tindak lakune wong kang wis kuna mau. (134)

وَقَالُوْا كُوْنُوْا هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى تَهْتَدُوْاۗ

Wong Yahudi Ian wong Nasrani padha ngucap marang wong mukmin: “Sira padha mlebua agama Yahudi utawa agama Nasrani, mesthi sira padha oleh pituduh.”

قُلْ بَلْ مِلَّةَ اِبْرٰهٖمَ حَنِيْفًاۗ

(Muhammad!) Sira maringana wangsulan: “Kita malah padha ndherek agamane Ibrahim kang jejeg benere,

 وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ﴿135﴾

Lan Ibrahim dudu wong kang musyrik.” (135)

قُوْلُوْٓا اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْنَا

Sira padha ngucap: “Kita padha percaya ing Allah lan ngestokake kang wis didhawuhake marang kita

 وَمَآ اُنْزِلَ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ

lan kang wis didhawuhake marang Ibarahim, Ismail, Ishaq, Ya’qub lan para anak turune,

 وَمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى وَعِيْسٰى وَمَآ اُوْتِيَ النَّبِيُّوْنَ مِنْ رَّبِّهِمْۚ

lan kang wis didhawuhake marang Musa, ‘Isa, lan kang wis didhawuhake marang para nabi saka Pengerane.

لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْۖ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ﴿136﴾

Kita ora mbedak-mbedakake siji-sijine Nabi mau, lan kita sumarah ing Allah.”(136)

فَاِنْ اٰمَنُوْا بِمِثْلِ مَآ اٰمَنْتُمْ بِهٖ فَقَدِ اهْتَدَوْاۚ

Menawa wong Yahudi lan wong Nasrani mau padha percaya kaya sira percaya, iku mesthi padha oleh pituduh,

وَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا هُمْ فِيْ شِقَاقٍۚ

nanging yen padha mlengos mesthi padha tumiba ing cecongkrahan.

 فَسَيَكْفِيْكَهُمُ اللهُۚ

(He Muhammad!) Allah bakal nylametake (ngedohake) sira saka panggawe alane wong Yahudi lan Nasrani mau.

 وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُۗ﴿137﴾

 Allah iku Maha Midhanget lan Maha Uninga. (137)

صِبْغَةَ اللهِۚ

(Wong mukmin padha ngucap): “Kita wis padha kababar klawan babaring Allah,

 وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللهِ صِبْغَةًۖ

ora ana babaran kang luwih becik tinimbang babarane Allah.

وَّنَحْنُ لَهٗ عٰبِدُوْنَ﴿138﴾

Kita padha manembah ing Allah.” (138)

قُلْ اَتُحَاۤجُّوْنَنَا فِى اللهِ وَهُوَ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْۚ

(Muhammad!) Sira dhawuha: “(Wong Yahudi lan wong Nasrani) yagene sira padha maido marang kita bab perkara agamane Allah, kang mangka Allah iku Pengeran kita lan Pengeranmu.

 وَلَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْۚ

Kita bakal tampa ganjaraning laku kita, lan sira uga padha tampa samurwate lakumu.

 وَنَحْنُ لَهٗ مُخْلِصُوْنَۙ﴿139﴾

Kita padha ngresikake laku kita kanthi ikhlas marang Allah.” (139)

اَمْ تَقُوْلُوْنَ اِنَّ اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطَ كَانُوْا هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰىۗ

Ya gene wong Yahudi lan Nasrani padha ngucap ngarani Ibrahim lan Ismail lan Ishaq Ian Ya’qub Ian turuning Israil iku kabeh padha dadi Yahudi Ian Nasrani.

 قُلْ ءَاَنْتُمْ اَعْلَمُ اَمِ اللهُۗ

(Muhammad!) Sira dhawuha: “Luwih Pirsa endi sira karo Allah?

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَتَمَ شَهَادَةً عِنْدَهٗ مِنَ اللهِۗ

Ora ana wong kang Iuwih nganiaya tinimbang wong kang ngumpetake dhawuhing Allah anggone nyekseni, kasebut ing Kitab kang ana ing astane wong mau,

 وَمَا اللهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ﴿140﴾

 Allah mesthi Ora Kesupen samubarang kang padha sira lakoni.” (140)

تِلْكَ اُمَّةٌ قَدْ خَلَتْۚ

Ibrahim lan anak turune iku padha ummat kang kuna,

 لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَّا كَسَبْتُمْۚ

padha tampa ganjaran samurwate samubarang kang wis padha ditindakake, dene sira wong Yahudi lan Nasrani iya padha pikantuk samurwate samubarang kang wis sira tindakake.

 وَلَا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ﴿141﴾ع_14 الجزء

Sira ora bakal padha didangu perkara tindake wong kuna mau. (141)

سَيَقُوْلُ السُّفَهَاۤءُ مِنَ النَّاسِ مَا وَلّٰىهُمْ عَنْ قِبْلَتِهِمُ الَّتِيْ كَانُوْا عَلَيْهَاۗ

Sawenehing wong (Yahudi) kang bodho padha ngucap: “Apa sebabe (Muhammad lan sahabate) padha ngalih saka qiblat kang wis padha diadhepake salawas-lawase). 

قُلْ لِّلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُۗ

(Muhammad) sira dhawuha: “Wetan Ian Kulon iku kagungane Allah,

 يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿142﴾

 Allah nuduhake wong kang Dadi Keparenging kersane, dituduhake dalan kang bener.” (142)

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنٰكُمْ اُمَّةً وَّسَطًا

Mengkono uga sira (para ummat Muhammad) padha Ingsun dadekake ummat pilihan,

 لِّتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْكُمْ شَهِيْدًاۗ

supaya ing mbesok sira padha nyekseni para manungsa,

 وَمَا جَعَلْنَا الْقِبْلَةَ الَّتِيْ كُنْتَ عَلَيْهَآ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يَّتَّبِعُ الرَّسُوْلَ مِمَّنْ يَّنْقَلِبُ عَلٰى عَقِبَيْهِۗ

dene anggonmu mbalekake qiblat lawas biyen iku supaya weruha sapa wong kang padha kajungkel marang tungkake, iku sapa kang banjur taat marang Rasul.

وَاِنْ كَانَتْ لَكَبِيْرَةً اِلَّا عَلَى الَّذِيْنَ هَدَى اللهُۗ

Lan ngolah-ngalihe qiblat iku pancen abot kajaba tumrap wong kang padha oleh pituduhing Allah.

 وَمَا كَانَ اللهُ لِيُضِيْعَ اِيْمَانَكُمْۗ

Lan Allah ora pisan-pisan bakal ngilang-ngilangake imanmu.

 اِنَّ اللهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ﴿143﴾

Satemene Allah iku Maha Welas lan Maha Asih marang para manungsa. (143)

قَدْ نَرٰى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِى السَّمَاۤءِۚ

Temen Ingsun Amriksani pasuryamu tumenga marang langit.

 فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضٰىهَاۖ

MuIane Ingsun alih madheping qiblat tumuju Ka’bah kang sira senengi.

فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗۗ

Saiki anggonmu sholat madhepa ing pernahing Ka’bah Masjidil Haram. lng ngendi manggonmu sholat padha madhepa marang pernahing Ka’bah mau.

وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ لَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْۗ

Dene sarupaning wong kang padha nyekel Kitab mesthi padha weruh yen madhep ing Ka’bah iku kang nyata terang saka ing Pengerane.

 وَمَا اللهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ﴿144﴾

Allah Ora Pisan-Pisan Kesupen samubarang kang padha sira tindakake. (144)

وَلَىِٕنْ اَتَيْتَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ بِكُلِّ اٰيَةٍ مَّا تَبِعُوْا قِبْلَتَكَۚ

Saumpama wong kang padha duwe cecekelan Kitab iku sira wenehi sarupaning tandha bukti kang bener, mesthi padha ora gelem manut qiblatmu.

 وَمَآ اَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْۚ

Sira uga ora gelem manut qiblate dheweke.

 وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍۗ

Wong kang padha duwe cecekelan Kitab mau iya ora gelem manut qiblating salah sawijine.

 وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِۙ

Ing sawise sira katekan wahyu kaweruh, saupama sira manut karepe wong mau

 اِنَّكَ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَۘ﴿145﴾

ing kono sira mesti klebu ewoning wong kang padha nganiaya. (145)

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْرِفُوْنَهٗ كَمَا يَعْرِفُوْنَ اَبْنَاۤءَهُمْۗ

Sarupane wong kang padha Ingsun paringi cecekelan Kitab iku jan-jane wis padha weruh (marang kenabian Muhammad) kaya weruhe marang anak-anake dhewe,

 وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنْهُمْ لَيَكْتُمُوْنَ الْحَقَّ

ewodene wong mau ana sagolongan kang ngumpetake barang kang bener,

 وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ﴿146﴾

ing mangka wong-wong mau padha mangerti. (146)

اَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ

Samubarang kang nyata bener iku saka Pengeranmu (Muhammad),

 فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَ﴿147﴾ع_15

awit saka iku sliramu aja nganti dadi ewoning wong kang padha mamang. (147)

وَلِكُلٍّ وِّجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيْهَا

Siji-sijine ummat padha duwe qiblat dhewe-dhewe kang padha diadhepake nalikane sholat,

 فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ

mulane padha-a lelumban anindakake kabecikan.

 اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يَأْتِ بِكُمُ اللهُ جَمِيْعًاۗ

Ana ing ngendi wae Allah (mesthi) bakal ngumpulake sliramu kabeh.

اِنَّ اللهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿148﴾

Satemene Allah iku Maha Kuwasa marang samubarang. (148)

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِۗ

Saka arah ngendi wae sira metu, adhepna pasuryanmu marang pernahing Ka’bah Masjidil Haram,

 وَاِنَّهٗ لَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَۗ

iya iku kang mesthi nyata terang saka Pengeranmu.

 وَمَا اللهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ﴿149﴾

Allah Ora Kasupen samubarang kang padha sira tindakake. (149)

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِۗ

Lan saka ngendi wae sliramu metu, mangka adhepna pasuryanmu marang pernahing Ka’bah Masjidil Haram,

وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗۙ

Ian ana ing ngendi wae panggonanmu, sira padha ngadhepna pasuryannu marang pernahing Ka’bah,

لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَيْكُمْ حُجَّةٌ

supaya para manungsa aja nganti bisa mbantah marang sliramu,

 اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِيْ

kajaba wong-wong (Ahli Kitab) kang padha nganiaya. Sira aja padha wedi marang wong-wong mau kabeh, nanging wediya marang Ingsun.

 وَلِاُتِمَّ نِعْمَتِيْ عَلَيْكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَۙ﴿150﴾

Lan supaya Ingsun nyampurnak-ake kenikmatan Ingsun marang sliramu, Ian supaya sliramu kabeh padha oleh pituduh. (150)

كَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْكُمْ رَسُوْلًا مِّنْكُمْ

Kaya dene anggon Ingsun ngutus Rasul (utusan) saka golonganmu,

 يَتْلُوْا عَلَيْكُمْ اٰيٰتِنَا

Ingsun utus ndhawuhake ayat Ingsun marang sliramu kabeh,

وَيُزَكِّيْكُمْ وَيُعَلِّمُكُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ

Anyucekake sliramu, mulang Kitab (Qur’an) lan kawicaksanaan,

 وَيُعَلِّمُكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَۗ﴿151﴾

Ian mulang marang sira babagan samubarang kang durung sira mangerti. (151)

فَاذْكُرُوْنِيْٓ اَذْكُرْكُمْ

Padha elinga sira marang Ingsun, Ingsun mesti eling marang sira kabeh.

 وَاشْكُرُوْا لِيْ وَلَا تَكْفُرُوْنِ﴿152﴾ع_16

Caos-a raos syukur, aja nganti padha atindak kufur. (152)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِۗ

He wong kang padha Iman kabeh, sira padha nyuwuna pitulung marang Allah kelawan sabar Ian sholat,

 اِنَّ اللهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ﴿153﴾

satemene Allah iku Nganteni wong kang padha sabar. (153)

وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ يُّقْتَلُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ اَمْوَاتٌۗ

Lan sira aja padha ngarani menawa wong kang gugur ana ing perang Sabil iku padha tilar donya,

 بَلْ اَحْيَاۤءٌ وَّلٰكِنْ لَّا تَشْعُرُوْنَ﴿154﴾

sejatine dheweke iku padha urip, nanging sira ora padha weruh. (154)

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ

Satemene Ingsun mesthi nyoba marang sliramu kabeh kelawan karibetan sawatara:

 مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ

awujud rasa kuwatir, ngelih, kekurangan bandha, gonjange jiwa, lan kekurangan woh-woban.

وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ﴿155﴾

Lan sira kabara bungah marang wong-wong kang padha sabar. (155)

اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌۗ قَالُوْٓا

Yaiku wong-wong kang menawa ketaman bebaya, padha ngucap:

 اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ﴿156﴾

“Satemene kita kabeh iku kagungane Allah lan kita kabeh bakal padha bali sowan marang Panjenengane.” (156)

اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ صَلَوٰتٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرَحْمَةٌۗ

Wong kang mengkono iku padha pinaringan sholawat saka Pengerane, lan uga kanugrahan Kawelasan,

وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُهْتَدُوْنَ﴿157﴾

lan wong kang mengkono iku padha pikantuk pituduh. (157)

اِنَّ الصَّفَا وَالْمَرْوَةَ مِنْ شَعَاۤىِٕرِ اللهِۚ

Satemene Gunung Shafa lan Marwah iku klebu syi’are (tetengere) Allah.

فَمَنْ حَجَّ الْبَيْتَ اَوِ اعْتَمَرَ

Sapa kang nindakake haji ing Baitullah utawa nindakake umrah,

 فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِ اَنْ يَّطَّوَّفَ بِهِمَاۗ

mangka ora ana pekewuhe menawa arep mider-midera antaraning gunung loro mau.

 وَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًاۙ فَاِنَّ اللهَ شَاكِرٌ عَلِيْمٌ﴿158﴾

Dene sing sapa nindakake kebecikan (saka kerepe dhewe) satemene Allah iku Maha Nampa Syukur sarta Maha Uninga. (158)

اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْتُمُوْنَ مَآ اَنْزَلْنَا

Satemene wong kang padha ngumpetake barang kang lngsun turunake

 مِنَ الْبَيِّنٰتِ وَالْهُدٰى مِنْۢ بَعْدِ مَا بَيَّنّٰهُ لِلنَّاسِ فِى الْكِتٰبِۙ

arupa tandha kang terang lan pituduh sawise Ingsun terangake marang para manungsa kesebut ing kitab Qur’an,

 اُولٰۤىِٕكَ يَلْعَنُهُمُ اللهُ وَيَلْعَنُهُمُ اللّٰعِنُوْنَۙ﴿159﴾

wong-wong mau bakal dibendu dening Allah, lan ugo disuwunake bebendu dening wong akeh (159)

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا وَاَصْلَحُوْا وَبَيَّنُوْا

Kajaba wong kang banjur padha tobat, Ian banjur mbecikake kelakuwane, lan nerangake samubarang kang diumpetake mau.

فَاُولٰۤىِٕكَ اَتُوْبُ عَلَيْهِمْۚ وَاَنَا التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ﴿160﴾

Wong kang mengkono iku bakal Ingsun tampa tobate. Lan Ingsun iku Rena Nampa Tobat sarta Maha Asih.(160)

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَمَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ

Satemene wong-wong kang padha kafir lan padha tilar donya mangka dheweke isih tetep kafir,

 اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ لَعْنَةُ اللهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَۙ﴿161﴾

wong kang mengkono iku bakal padha oleh Iaknate Allah, Ian laknate para malaikat, Ian laknate para manungsa kabeh. (161)

خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۚ لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ

Dheweke padha langgeng ana ing sajroning laknat, ora bakal padha diparingi kemayaran saka azab,

 وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ﴿162﴾

sarta ora bakal disrantekake. (162)

وَاِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ

Lan Sesembahanmu iku, Sesembahan Kang Maha Tunggal,

 لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الرَّحْمٰنُ الرَّحِيْمُ﴿163﴾ع_17

ora ana sesembahan kajaba mung Panjenengane Piyambak, Kang Maha Murah sarta Maha Asih. (163)

اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ

Satemene ana ing tumitahing saindenging langit lan bumi, lan beda-bedaning wengi lan rahina,

 وَالْفُلْكِ الَّتِيْ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِمَا يَنْفَعُ النَّاسَ

lan prahu kang lelayaran ana ing segara kang migunani marang manungsa,

 وَمَآ اَنْزَلَ اللهُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ مَّاۤءٍ

lan anggone Allah wis nurunake banyu udan saka mendhung,

 فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَبَثَّ فِيْهَا مِنْ كُلِّ دَاۤبَّةٍۖ

banjur banyu mau dienggo nguripake bumi kang wis mati, lan anggone mratakake udan mau marang sarupaning kewan gegremetan ana ing bumi,

 وَّتَصْرِيْفِ الرِّيٰحِ وَالسَّحَابِ الْمُسَخَّرِ بَيْنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ

lan anggone nglakokake angin lan mega kang manut Maha Kuwasane Allah ana ing antarane saindenging langit lan bumi,

 لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ﴿164﴾

iku kabeh dadi tandha kang bener nyata tumrap wong kang padha gelem nggunakake akal. (164)

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّتَّخِذُ مِنْ دُوْنِ اللهِ اَنْدَادًا

Lan sawenehing manungsa ana kang ngedegake sesembahan saliyane Allah.

 يُّحِبُّوْنَهُمْ كَحُبِّ اللهِۗ

Wong-wong mau padha seneng ing sesembahan mau kaya dene senenge marang Allah.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَشَدُّ حُبًّا لِّلّٰهِۙ

Ananging wong-wong kang padha Iman luwih banget senenge marang Allah

وَلَوْ يَرَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اِذْ يَرَوْنَ الْعَذَابَۙ

lan saupama wong-wong kang padha nganiaya iku padha weruh nalika dheweke padha ndeleng azab,

 اَنَّ الْقُوَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًاۙ

dheweke padha mangerti menawa kekuwatan kabeh iku kagungane Allah piyambak

 وَّاَنَّ اللهَ شَدِيْدُ الْعَذَابِ﴿165﴾

lan satemene Allah iku abot azabe. (165)

اِذْ تَبَرَّاَ الَّذِيْنَ اتُّبِعُوْا مِنَ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْا

Nalikane wong-wong kang padha diturut padha selak ora ngakoni saka wong-wong kang padha manut,

 وَرَاَوُا الْعَذَابَ وَتَقَطَّعَتْ بِهِمُ الْاَسْبَابُ﴿166﴾

lan dheweke padha weruh azab, tuwin sasambungane pedhot (166)

وَقَالَ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْا لَوْ اَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَتَبَرَّاَ مِنْهُمْۗ كَمَا تَبَرَّءُوْا مِنَّاۗ

Lan ature wong-wong kang padha manut: “Saupami kita sedaya punika sami saged wangsul dhateng donya malih, temtu kita sadaya badhe selak saking piyambakipun, kados piyambakipun selak saking kula sadaya.”

كَذٰلِكَ يُرِيْهِمُ اللهُ اَعْمَالَهُمْ حَسَرٰتٍ عَلَيْهِمْۗ

Mengkono iku Allah meruhake ing wong-wong mau kabeh amaIe,

 وَمَا هُمْ بِخَارِجِيْنَ مِنَ النَّارِ﴿167﴾ع_18

wong-wong mau padha getun Ian ora bisa metu saka ing neraka. (167)

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ كُلُوْا مِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ

He para manungsa! Sira padha dhahara kabeh dedhaharan kang ana ing bumi kang halal sarta becik,

 وَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ

Lan sira aja padha manut tindak-tanduking setan,

 اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ﴿168﴾

jalaran setan iku mungsuh kang terang tumrap sira kabeh. (168)

اِنَّمَا يَأْمُرُكُمْ بِالسُّوْۤءِ وَالْفَحْشَاۤءِ

Satemena dheweke para setan merintah sliramu supaya padha nindakake laku ala lan panggawe jember,

 وَاَنْ تَقُوْلُوْا عَلَى اللهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ﴿169﴾

Lan supaya sira padha ngucapake ing Allah samubarang kang sira ora padha mangerti.(169)

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّبِعُوْا مَآ اَنْزَلَ اللهُ

Lan nalikane wong kafir padha didhawuhi: “Sira pada ndhereka piwulangan kang wis diturunake dening Allah.

 قَالُوْا بَلْ نَتَّبِعُ مَآ اَلْفَيْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَاۗ

Wong-wong mau padha wangsulan: “Kita sami ndherek punapa ingkang sampun kita panggihi, sarta dipun tindakaken dening para tetiyang sepuh kita sedaya rumiyin.

اَوَلَوْ كَانَ اٰبَاۤؤُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَهْتَدُوْنَ﴿170﴾

Dhawuhing Allah: “Apa senajan wong tuwane mau ora mangerti apa-apa sarta padha ora pikantuk pituduh?” (170)

وَمَثَلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا كَمَثَلِ الَّذِيْ يَنْعِقُ بِمَا لَا يَسْمَعُ اِلَّا دُعَاۤءً وَّنِدَاۤءًۗ

Lan sanepan pangajak wong wong kang padha kafir iku kaya sanepane wong angon kang ngundang kewan kang diengon, ora krungu kajaba mung suwaraning undangan pangajak.

 صُمٌّۢ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ﴿171﴾

Wongwong mau padha budheg, bisu, wuta, lan padha ora duwe akal. (171)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ

He para wong mukmin kabeh, sira padha dhahara sakbecik-beciking dhaharan kang uwis Ingsun Paringake marang sira,

 وَاشْكُرُوْا لِلّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ﴿172﴾

Ian padha syukura marang Allah, yen nyata sira iku padha manembah marang Panjenengane. (172)

اِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةَ وَالدَّمَ وَلَحْمَ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ بِهٖ لِغَيْرِ اللهِۚ

Temen Allah wis nglarang sliramu kabeh dahar bangkai, getih, daging celeng, Ian hewan kang panyembelehe nganggo nyebut liyane Asmane Allah.

 فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِۗ

Dene sing sapa kepeksa ora klawan karepe dhewe, Ian ora ngliwati wates; mangka wong mau ora kepatrapan dosa.

 اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿173﴾

Satemene Allah iku Maha Paring Ngapura sarta Maha Asih. (173)

اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْتُمُوْنَ مَآ اَنْزَلَ اللهُ مِنَ الْكِتٰبِ

Satemene wong kang padha ngumpetake samubarang kang wis diturunake dening Allah,

 وَيَشْتَرُوْنَ بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًاۙ

banjur padha dienggo tuku kanthi reregan kang sethithik,

 اُولٰۤىِٕكَ مَا يَأْكُلُوْنَ فِيْ بُطُوْنِهِمْ اِلَّا النَّارَ

mangka deweke ora padha dhahar  ing padharane kajaba mung geni,

وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللهُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ

Lan mbesok ing dina qiyamat Allah ora kersa ngendika marang wong-wong mau,

وَلَا يُزَكِّيْهِمْۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿174﴾

Lan ora kersa ngresiki wong-wong mau, lan bakal padha kapatrapan azab kang nglarani. (174)

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰى

Wong-wong kang mengkono iku padha tuku sasar kelawan pituduh,

 وَالْعَذَابَ بِالْمَغْفِرَةِۚ

lan tuku siksa kelawan pangapura.

فَمَآ اَصْبَرَهُمْ عَلَى النَّارِ﴿175﴾

Mangka saiba sabare wong-wong mau ana ing siksa neraka. (175)

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللهَ نَزَّلَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّۗ

Mengkono mau, jalaran Allah wis nurunake Kitab kelawan nyata.

 وَاِنَّ الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِى الْكِتٰبِ لَفِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ﴿176﴾ع_19

Lan satemene wong kang padha sulaya marang Kitab iku, temen wong mau padha ana ing sajroning cecongkrahan kang adoh (176)

لَيْسَ الْبِرَّ اَنْ تُوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ قِبَلَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ

Kang aran kebecikan iku dudu anggonmu ngadhepake wajahmu mangetan lan mengulon,

 وَلٰكِنَّ الْبِرَّ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالْكِتٰبِ وَالنَّبِيّٖنَۚ

nanging kang aran becik iku wong kang percaya marang Allah, lan marang Malaikat, lan marang Kitab, lan marang para Nabi,

 وَاٰتَى الْمَالَ عَلٰى حُبِّهٖ ذَوِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِۙ

lan menehake bandhane kang banget disenengi marang sanak sedulure, Ian marang bocah yatim, Ian marang wong miskin, lan marang wong kang pinuju lelungan (kentekan sangu),

 وَالسَّاۤىِٕلِيْنَ وَفِى الرِّقَابِۚ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَۚ وَالْمُوْفُوْنَ بِعَهْدِهِمْ اِذَا عَاهَدُوْاۚ

Lan weweh marang wong kang padha njejaluk, lan kanggo nebusi batur-batur tukon, lan nglakoni sholat lan aweh zakat, lan wong kang padha nuhoni perjanjian menawa padha janji,

وَالصّٰبِرِيْنَ فِى الْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ وَحِيْنَ الْبَأْسِۗ

lan wong kang padha sabar ana ing sajroning kekurangan lan nandhang kasangsaran, lan nalikane wektu perang,

 اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ صَدَقُوْاۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُتَّقُوْنَ﴿177﴾

wong kang mengkono mau kang padha temen-temen, Ian wong-wong kang mengkono mau kang padha ngabekti ing Allah. (177)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِصَاصُ فِى الْقَتْلٰىۗ

He wong Iman kabeh! Sira diwajibake ukuman Qishash ing rajapati,

 اَلْحُرُّ بِالْحُرِّ وَالْعَبْدُ بِالْعَبْدِ وَالْاُنْثٰى بِالْاُنْثٰىۗ

wong merdika dipateni sebab mateni padha wong merdika, kawula padha kawula, wong wadon padha wadon.

 فَمَنْ عُفِيَ لَهٗ مِنْ اَخِيْهِ شَيْءٌ فَاتِّبَاعٌ ۢبِالْمَعْرُوْفِ وَاَدَاۤءٌ اِلَيْهِ بِاِحْسَانٍۗ

Dene sapa sing diapura sithik dening sadulure kang dipateni, iku wajibe kang ngapura kudu njaluk diyat marang kang mateni kelawan aris, lan kang mateni kudu mbayar tetempuh marang kang ngapura kelawan becik.

 ذٰلِكَ تَخْفِيْفٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَرَحْمَةٌۗ فَمَنِ اعْتَدٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَلَهٗ عَذَابٌ اَلِيْمٌ﴿178﴾

Mengkono iku kemayaran lan kemurahan saka Pangeranmu. Maka sing sapa ngliwati wates, bakal kapatrapan azab kang nglarani (178)

وَلَكُمْ فِى الْقِصَاصِ حَيٰوةٌ يّٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ

Lan tumrap sliramu kabeh ana ing ukuman Qishash iku malah ana panguripan, he wong kang padha duwe akal,

 لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ﴿179﴾

supaya sira kabeh padha kareksa saka ala. (179)

كُتِبَ عَلَيْكُمْ اِذَا حَضَرَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ اِنْ تَرَكَ خَيْرًاۖ ۨالْوَصِيَّةُ

Diwajibake tumrap sliramu kabeh, yen salah sawijining arep tilar donya, menawa duwe tinggalan bandha supaya wasiyat

 لِلْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ بِالْمَعْرُوْفِۚ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِيْنَۗ﴿180﴾

marang wong tuwane loro lan marang para sedulure kelawan becik, iki kewajiban tumrap wong kang padha ngabekti lng Allah (180)

فَمَنْۢ بَدَّلَهٗ بَعْدَ مَا سَمِعَهٗ فَاِنَّمَآ اِثْمُهٗ عَلَى الَّذِيْنَ يُبَدِّلُوْنَهٗۗ

Dene sing sawise krungu wasiyat mau banjur nglirwakake, mesti dosane tumrap kang padha nglirwakake wasiyat mau.

 اِنَّ اللهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۗ﴿181﴾

Satemene Allah iku Maha Midhanget saha Maha Uninga. (181)

فَمَنْ خَافَ مِنْ مُّوْصٍ جَنَفًا اَوْ اِثْمًا

Sing sapa nguwatirake mbok menawa wong kang wasiyat mau luput anggone wasiyat utawa njarag dosa,

 فَاَصْلَحَ بَيْنَهُمْ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِۗ

wong mau banjur mbecikake wasiyat murih becike sakabehe, wong iku iyo ora dosa.

اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿182﴾ع_20

Satemene Allah iku Maha Paring Ngapura Ian Maha Asih. (182)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ

He wong kang padha Iman. Sliramu kabeh diwajibake pasa,

 كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ

kaya kang wis diwajibake marang umat sadurungmu.

 لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ﴿183﴾

Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah. (183)

اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍۗ

(Kudu puasa) sawatara dina kang kaweruhan cacahe.

 فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَۗ

Dene sira kabeh sing lagi nandhang lara utawa pinuju Ielungan, anggone puasa ing liya dina wae sacacahe kang Iowong.

وَعَلَى الَّذِيْنَ يُطِيْقُوْنَهٗ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِيْنٍۗ

Dene wong kang padha ora kuwat puasa padha bayara fidyah wae, iya iku aweh dhaharan marang wong miskin.

 فَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهٗۗ

Dene sing sapa nambahi pangabekti gawe kabecikan, iku luwih becik.

وَاَنْ تَصُوْمُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ﴿184﴾

Lan menawa sliramu padha pasa iku Iuwih becik, menawa sira padha mangerti. (184)

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ

Sasi Ramadhan iku sasi ing sajerone tumuruning AI-Qur’an,

 هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ

Minangka dadi pituduh marang para manungsa Ian kang anjelasake  pituduh, ambedakake (samubarang kang bener lan kang ora bener)

 فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُۗ

Dene sira kabeh sing menangi sasi Ramadhan supaya puasa.

 وَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَۗ

Lan sing Iagi lara utawa pinuju leIungan, supaya ngganti pasa ing seje dina.

 يُرِيْدُ اللهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَۖ

Kaparenge Allah supaya gampanga anggonmu padha nindakake, Ian ora gawe rekasa.

 وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ

Lan sira kabeh wajib padha nyampurnakake pasa sacacahe dina ing sasi Ramadhan, lan sira padhaa ngagungake Allah Kang wis Paring Pituduh marang sira,

 وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ﴿185﴾

Supaya sira padha syukur marang Allah. (185)

وَاِذَا سَاَلَكَ عِبَادِيْ عَنِّيْ فَاِنِّيْ قَرِيْبٌۗ

Lan nalikane para kawulaningsun padha nyuwun pirsa marang sira (Muhammad) bab Sariraningsun, satemene Ingsun iku cedak.

 اُجِيْبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ اِذَا دَعَانِۙ

lngsun Maringi panuwunane wong kang padha anenuwun, nalikane kawulaningsun mau padha nyuwun,

 فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لِيْ وَلْيُؤْمِنُوْا بِيْ

MuIane padha nyembadanana dhawuh Ingsun, Ian padha percaya marang Ingsun,

لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُوْنَ﴿186﴾

Supaya sliramu kabeh padha pikantuk pituduh. (186)

اُحِلَّ لَكُمْ لَيْلَةَ الصِّيَامِ الرَّفَثُ اِلٰى نِسَاۤىِٕكُمْۗ

Ana ing wengine sasi Ramadhan sira padha dikeparengke makempal garwomu.

هُنَّ لِبَاسٌ لَّكُمْ وَاَنْتُمْ لِبَاسٌ لَّهُنَّۗ

Dheweke iku minangka sandhanganmu, lan sliramu iku minangka sandhangane dheweke.

 عَلِمَ اللهُ اَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَخْتَانُوْنَ اَنْفُسَكُمْ فَتَابَ عَلَيْكُمْ وَعَفَا عَنْكُمْۚ

Allah wis Pirsa yen sira iku padha cidra marang awakmu dhewe. Allah wis paring pangapura marang sira kabeh.

 فَالْـٰٔنَ بَاشِرُوْهُنَّ وَابْتَغُوْا مَا كَتَبَ اللهُ لَكُمْۗ

Mula saiki sira padha ngumpulana garwamu lan padha ngupaya barang kang wis diwajibake dening Allah marang sira kabeh.

وَكُلُوْا وَاشْرَبُوْا حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَكُمُ الْخَيْطُ الْاَبْيَضُ مِنَ الْخَيْطِ الْاَسْوَدِ مِنَ الْفَجْرِۖ

Sira padha dhahara Ian padha ngunjuka, nganti cetha benang kang putih saka benang kang ireng, yaiku waktu fajar,

 ثُمَّ اَتِمُّوا الصِّيَامَ اِلَى الَّيْلِۚ

Tumuli sira nyampurnakna pasamu nganti tekan ing wengi.

 وَلَا تُبَاشِرُوْهُنَّ وَاَنْتُمْ عَاكِفُوْنَۙ فِى الْمَسٰجِدِۗ

Lan sira aja ngumpuli garwamu, yen sira pinuju i’tikaf ing masjid,

 تِلْكَ حُدُوْدُ اللهِ فَلَا تَقْرَبُوْهَاۗ

kang mengkono iku larangane Allah, sira aja wani cedhak-cedhak.

كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللهُ اٰيٰتِهٖ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ﴿187﴾

Kaya mengkono iku Allah nerangake ayat-ayat marang para manungsa supaya padha taqwa ing Panjenengane. (187)

وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ

Lan sliramu aja dhahar bandhane kancamu kelawan ora samesthine.

 وَتُدْلُوْا بِهَآ اِلَى الْحُكَّامِ

Lan sliramu aja padha beseli bandha mau marang pengadilan,

 لِتَأْكُلُوْا فَرِيْقًا مِّنْ اَمْوَالِ النَّاسِ بِالْاِثْمِ

kang pamrihe supaya sira bisa dhahar sebagian bandhane liyan kelawan laku dosa,

وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ﴿188﴾ع__21

ing kamangka sira kabeh padha mangerti. (188)

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَهِلَّةِۗ

(Muhammad!) Para ummatmu padha takon marang sliramu perkara ananing tanggal.

 قُلْ هِيَ مَوَاقِيْتُ لِلنَّاسِ وَالْحَجِّۗ

Sira dhawuha: “Tanggal iku panengeran wektu tumrap kaperluaning manungsa lan tumrap waktuning haji.”

 وَلَيْسَ الْبِرُّ بِاَنْ تَأْتُوا الْبُيُوْتَ مِنْ ظُهُوْرِهَا

Lan dudu kang aran becik iku anggonmu mlebu ing omah saka mburi,

 وَلٰكِنَّ الْبِرَّ مَنِ اتَّقٰىۚ

Nanging kang aran becik iku wong kang ngabekti marang Allah,

 وَأْتُوا الْبُيُوْتَ مِنْ اَبْوَابِهَاۖ

Lan padha mlebuwa ing omah saka Iawange,

وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ﴿189﴾

lan padha ngabektiya ing Allah, supaya sliramu kabeh padha pikantuk kabegjan. (189)

وَقَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ الَّذِيْنَ يُقَاتِلُوْنَكُمْ

Lan sliramu padha peranga karana ngrungkebi agamane Allah (Sabilillah) yoiku marang wong kang padha merangi sliramu,

وَلَا تَعْتَدُوْاۗ

Lan aja padha ngliwati wates.

 اِنَّ اللهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ﴿190﴾

Satemene Allah iku ora remen marang wong kang padha ngliwati wates. (190)

وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوْهُمْ

Lan sira padha merangana wong kafir kabeh, ing ngendi wae anggonmu ketemu,

وَاَخْرِجُوْهُمْ مِّنْ حَيْثُ اَخْرَجُوْكُمْ

Padha tundhungen saka panggonan kang sira ditundung.

 وَالْفِتْنَةُ اَشَدُّ مِنَ الْقَتْلِۚ

Dene fitnah iku Iuwih banget alane tinimbang perang (memateni).

 وَلَا تُقَاتِلُوْهُمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ حَتّٰى يُقٰتِلُوْكُمْ فِيْهِۚ

Lan sira aja padha merangi wong-wong mau ana ing Masjidil Haram, kajaba yen dheweke iku merangi luwih dhisik ana ing kono.

 فَاِنْ قٰتَلُوْكُمْ فَاقْتُلُوْهُمْۗ

Dene manawa dheweke padha merangi sliramu,  mangka perangana,

 كَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ﴿191﴾

kang mangkono mau dumunung piwalese marang wong-wong kafir (191)

فَاِنِ انْتَهَوْا

Dene manawa wong kafir mau wis padha mareni anggone kafir,

 فَاِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿192﴾

setemene Allah iku Maha Paring Pangapura Ian Maha Asih (192)

وَقٰتِلُوْهُمْ حَتّٰى لَا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ

Lan sira padha merangana wong kafir kabeh, nganti ora ana fitnah maneh,

وَّيَكُوْنَ الدِّيْنُ لِلّٰهِۗ

Lan nganti agama iku mung marang Allah piyambak.

 فَاِنِ انْتَهَوْا

Nanging manawa wong-wong kafir mau padha gelem leren,

 فَلَا عُدْوَانَ اِلَّا عَلَى الظّٰلِمِيْنَ﴿193﴾

Ing kono wis ora ana sesatron maneh kajaba mung marang para wong kang padha nganiaya. (193)

اَلشَّهْرُ الْحَرَامُ بِالشَّهْرِ الْحَرَامِ

Sasi Haram iku ditimbangi (diganti) kelawan sasi Haram uga,

 وَالْحُرُمٰتُ قِصَاصٌۗ

dene barang kang bener iku kudu diajeni, iku uga pranataning piwales.

 فَمَنِ اعْتَدٰى عَلَيْكُمْ فَاعْتَدُوْا عَلَيْهِ بِمِثْلِ مَا اعْتَدٰى عَلَيْكُمْۖ

Mulane sing sapa nindakake piolo marang sliramu, sira iya malesa nindaake piolo marang wong mau padha anggone gawe piolo marang sira,

وَاتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ﴿194﴾

Lan sira becik wediya marang Allah, lan padha sumurupa yen Allah iku Nyalirani marang wong kang padha wedi ing Panjenengane. (194)

وَاَنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

Lan sliramu padha nanjakna bandhamu ana ing dedalane Allah (sabilillah) 

وَلَا تُلْقُوْا بِاَيْدِيْكُمْ اِلَى التَّهْلُكَةِۛ

Lan aja negakake awakmu marang karusakan,

 وَاَحْسِنُوْاۛ اِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ﴿195﴾

Lan sira padha gaweya kabecikan, satemene Allah iku remen marang wong kang padha gawe kabecikan. (195)

وَاَتِمُّوا الْحَجَّ وَالْعُمْرَةَ لِلّٰهِۗ

Lan padha nyampurnakna ziyarah haji Ian ‘umrah karana Allah,

 فَاِنْ اُحْصِرْتُمْ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِۚ

ananging manawa sira alangan, aweha dhendhan kanthi apa kang gampang olehe,

 وَلَا تَحْلِقُوْا رُءُوْسَكُمْ حَتّٰى يَبْلُغَ الْهَدْيُ مَحِلَّهٗۗ

sarta aja nyukur rambut ing sirahmu nganti dhendhan iku tumeka ing panggonane;

 فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ بِهٖٓ اَذًى مِّنْ رَّأْسِهٖ فَفِدْيَةٌ مِّنْ صِيَامٍ اَوْ صَدَقَةٍ اَوْ نُسُكٍۚ

ananging sapa sing lara utawa duwe reribed ing sirahe, kena ing panebus sarana pasa utawa shadaqah utawa qurban;

 فَاِذَآ اَمِنْتُمْۗ فَمَنْ تَمَتَّعَ بِالْعُمْرَةِ اِلَى الْحَجِّ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِۚ

manawa sira padha aman, sapa sing ngalap paedah ngumpulake ‘umrah karo ziyarah haji,  ya nggawaa dhendhan apa sing gampang olehe

 فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلٰثَةِ اَيَّامٍ فِى الْحَجِّ وَسَبْعَةٍ اِذَا رَجَعْتُمْۗ

Nanging sapa sing ora bisa oleh (padhendhan apa wae) mangka pasaa telung dina ing sajrone jiyarah haji sarta pitung dina yen sira wis padha bali.

 تِلْكَ عَشَرَةٌ كَامِلَةٌۗ ذٰلِكَ لِمَنْ لَّمْ يَكُنْ اَهْلُهٗ حَاضِرِى الْمَسْجِدِ الْحَرَامِۗ

Iku dumunung puasa 10 dina kang sempurna. Kang mangkono iku tumrap wong kang ora dadi pendhudhuk Masjidil Haram.

 وَاتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ﴿196﴾ع_22

Lan sira padha bektiya ing Allah lan sira mangertiya satemene Allah iku Banget Panyiksane. (196)

اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌۚ

Mangsa haji iku sasi kang wis kinaweruhan.

 فَمَنْ فَرَضَ فِيْهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ

Sing sapa nglakoni rukune haji ana ing sasi mau, ora kena ngumpuli wadone,

 وَلَا فُسُوْقَ وَلَا جِدَالَ فِى الْحَجِّۗ

Ian ora kena nerak printah lan ora kena padudon sajeroning nindakake haji.

وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ يَّعْلَمْهُ اللهُۗ

Dene kabecikan kang padha sira tindakake iku Allah Maha Mirsani.

وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ

Lan sira padha cecawisa sangu, satemene becik-beciking sangu iku ngabekti ing Allah.

 وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ﴿197﴾

Padha-a taqwa marang ingsun he wong kang padha duwe akal. (197)

لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْۗ

Ora dosa tumrap sira kabeh padha ngupaya kanugrahaning Pengeranmu.

 فَاِذَآ اَفَضْتُمْ مِّنْ عَرَفَاتٍ فَاذْكُرُوا اللهَ عِنْدَ الْمَشْعَرِ الْحَرَامِۖ

Dene yen sira wis padha balik saka Arafah nuli padha nyebuta asmane Allah ana ing sandhinge Masy’ aril Haram

وَاذْكُرُوْهُ كَمَا هَدٰىكُمْۚ

Lan sira padha elinga marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis paring pituduh marang sira kabeh,

 وَاِنْ كُنْتُمْ مِّنْ قَبْلِهٖ لَمِنَ الضَّاۤلِّيْنَ﴿198﴾

kang mangka sadurunge iku sira padha kalebu ewoning wong kang padha kesasar. (198)

ثُمَّ اَفِيْضُوْا مِنْ حَيْثُ اَفَاضَ النَّاسُ

Tumuli padha anggelak-a Iakumu saka ing panggonane wong-wong padha anggelak Iakune

 وَاسْتَغْفِرُوا اللهَۗ اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿199﴾

Lan padha nyuwuna pangapura ing Allah; sayekti Allah iku Maha Paring Ngapura lan Maha Asih (199)

فَاِذَا قَضَيْتُمْ مَّنَاسِكَكُمْ

Nalikane wis rampung anggonmu padha nindakake ‘Ibadah Haji,

فَاذْكُرُوا اللهَ كَذِكْرِكُمْ اٰبَاۤءَكُمْ اَوْ اَشَدَّ ذِكْرًاۗ

sliramu banjur nyebuta Asmane Allah kaya panyebutmu ing bapakmu, malah kepara luwih akeh maneh.

 فَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ

Sawenehing manungsa matur:

 رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا

“Dhuh Pengeran kawula, mugi Paduka Kersa Paring kabingahan dhateng kawula wonten ing donya,”

 وَمَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ﴿200﴾

dene besuk ana ing akhirat, wong mau ora pikantuk panduman kabegjan (200)

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ

Lan sawenehing manungsa maneh ana kang matur:

 رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً

“Dhuh Pengeran kawula, mugi Paduka Kersa Paring kesaenan dhateng kawula wonten ing donya,

وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً

makaten ugi benjing wonten ing akhirat, kawula nyuwun dipun paringi kesaenan.

 وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ﴿201﴾

saha mugi kawula kareksa saking azab neraka.” (201)

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ نَصِيْبٌ مِّمَّا كَسَبُوْاۗ

Wong kang mengkono mau padha pikantuk bagian saka samubarang kang wis katindakake.

 وَاللهُ سَرِيْعُ الْحِسَابِ﴿202﴾

Dene Allah iku rikat banget pangetunge. (202)

وَاذْكُرُوا اللهَ فِيْٓ اَيَّامٍ مَّعْدُوْدٰتٍۗ

Lan sira padha nyebuta Asmane Allah ana ing dina kang cetha wilangane.

 فَمَنْ تَعَجَّلَ فِيْ يَوْمَيْنِ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِۚ

Dene sing sapa age-age budhal saka ing ara-ara Mina ing dina kang kapindho (dina Tasyrik) iku ora dosa,

 وَمَنْ تَاَخَّرَ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِۙ لِمَنِ اتَّقٰىۗ

lan sing sapa ngakhirake iya ora dosa tumrap wong kang ngabekti ing Allah.

 وَاتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ﴿203﴾

Sira padha ngabektiya marang Allah lan sira padha weruha manawa sira kabeh iku bakal disowanake ana ing ngersane Allah. (203)

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّعْجِبُكَ قَوْلُهٗ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا

Sawenehing wong ana sing guneme ing babagan kauripan donya nggumunake sliramu,

 وَيُشْهِدُ اللهَ عَلٰى مَا فِيْ قَلْبِهٖۙ

sarta wani aneksekake ing Allah apa kang ana ing sajroning atine,

 وَهُوَ اَلَدُّ الْخِصَامِ﴿204﴾

nanging salugune dheweke iku tukang nentang sing banget dhewe. (204)

وَاِذَا تَوَلّٰى سَعٰى فِى الْاَرْضِ لِيُفْسِدَ فِيْهَا وَيُهْلِكَ الْحَرْثَ وَالنَّسْلَۗ

Lan bereng wong mau wis lunga saka ngarepmu, banjur padha tumandang gawe rusak ana ing bumi, ngrusak tetanduran lan rajakaya.

 وَاللهُ لَا يُحِبُّ الْفَسَادَ﴿205﴾

Dene Allah iku ora remen marang wong kang agawe karusakan. (205)

وَاِذَا قِيْلَ لَهُ اتَّقِ اللهَ

Lan nalika wong mau didhawuhi: “Sira padha wediya ing Allah,”

اَخَذَتْهُ الْعِزَّةُ بِالْاِثْمِ فَحَسْبُهٗ جَهَنَّمُۗ

nalika iku uga jalaran saka gumedhene marang tumindak dosa, mulane wong iku cukup kacemplungake ing neraka Jahannam,

وَلَبِئْسَ الْمِهَادُ﴿206﴾

yaiku ala-alaning panggonan. (206)

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّشْرِيْ نَفْسَهُ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللهِۗ

Lan sawenehing wong ana sing masrahake jiwa-ragane, angupaya pirenaning Allah.

 وَاللهُ رَءُوْفٌۢ بِالْعِبَادِ﴿207﴾

Lan Allah iku Iuber Welase marang para kawulane. (207)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا ادْخُلُوْا فِى السِّلْمِ كَاۤفَّةًۖ

He para wong kang iman. Sliramu padha mlebuwa ana ing agama Islam, ngestokna samubarang pernatane kabeh.

 وَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ

Lan aja manut dedalane setan.

 اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ﴿208﴾

Satemene setan iku tetela dadi mungsuhmu. (208)

فَاِنْ زَلَلْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْكُمُ الْبَيِّنٰتُ

Ananging manawa sira sasar ing sawise bukti-bukti bebener kang nyata tumeka marang sira,

 فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿209﴾

padha weruha, yen Allah iku Maha Minulya lan Maha Wicaksana (209)

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيَهُمُ اللهُ فِيْ ظُلَلٍ مِّنَ الْغَمَامِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَقُضِيَ الْاَمْرُۗ

Apa dheweke ora wigati yen Allah Ian para malaikate bakal nekakake siksa ana sajero eyubing mendhung, sarta perkara iku uwis dirampungi.

 وَاِلَى اللهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ﴿210﴾ع_23

Lan marang Allah anggone dibalekake sakehing prakara. (210)

سَلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ كَمْ اٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ اٰيَةٍۢ بَيِّنَةٍۗ

Sliramu ndangua marang para turuning Israil: “Wis pira akehing ayat kang terang kang ingsun dhawuhake marang dheweke kabeh?”

 وَمَنْ يُّبَدِّلْ نِعْمَةَ اللهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُ فَاِنَّ اللهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ﴿211﴾

Lan sapa kang ngijoli nikmating Allah kanthi milih kafir sak wuse pinaringan dhawuh, sumurupa yen Allah iku banget panyiksane. (211)

زُيِّنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا

Kauripan donya iku digawe katon endah tumrap wong kafir,

 وَيَسْخَرُوْنَ مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۘ

dheweke padha nggeguyu marang wong iman.

 وَالَّذِيْنَ اتَّقَوْا فَوْقَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ

Wondene wong taqwa, besok ing dina kiyamat derajate bakal ana ing sadhuwure.

 وَاللهُ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ﴿212﴾

Lan Allah iku Maringi rezeki marang sapa kang dadi Keparenge, kelawan tanpa petung. (212)

كَانَ النَّاسُ اُمَّةً وَّاحِدَةًۗ

Manungsa iku (asale) ummat siji.

فَبَعَثَ اللهُ النَّبِيّٖنَ مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۖ

Bareng ana perselisihan Allah banjur ngutus para Nabi minangka ngasto kabar bungah lan pepeling,

 وَاَنْزَلَ مَعَهُمُ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ لِيَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ فِيْمَا اخْتَلَفُوْا فِيْهِۗ

Lan Allah nurunake Kitab kang bener, sing diasto para Nabi, kanggo ngukumi para manungsa anggone padha pasulayan.

 وَمَا اخْتَلَفَ فِيْهِ اِلَّا الَّذِيْنَ اُوْتُوْهُ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْۚ

Ora ana gegesehan ing sajerone, kajaba anane sifat drengki ing antarane wong-wong-wong mau sak wise diparingi Kitab kang isi katrangan-katrangan kang nyata.

فَهَدَى اللهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِمَا اخْتَلَفُوْا فِيْهِ مِنَ الْحَقِّ بِاِذْنِهٖۗ

Banjur Allah Maringi pituduh marang wong kang iman babagan bebener kang dadi gegesehan, kanthi idzin Panjenengane

وَاللهُ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ﴿213﴾

Marang wong kang dadi Kepareng Kersane, Allah iku Nuduhake dalan kang jejeg benere. (213)

اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ

Yagene sira padha rumangsa bakal mlebu ing suwarga

 وَلَمَّا يَأْتِكُمْ مَّثَلُ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْۗ

kamangka sira durung padha nandhang pacoban kang memper disandhang para mukmin sadurungmu

 مَسَّتْهُمُ الْبَأْسَاۤءُ وَالضَّرَّاۤءُ وَزُلْزِلُوْا

Dheweke kabeh kataman malapetaka, nandhang kasangsaran, diguncang akehe pacoban, 

 حَتّٰى يَقُوْلَ الرَّسُوْلُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ

nganti Rasul lan sakancane para priyantun kang iman, kawetu pangucape:

 مَتٰى نَصْرُ اللهِۗ

 “Besok kapan tekane pitulungane Allah?”

اَلَآ اِنَّ نَصْرَ اللهِ قَرِيْبٌ﴿214﴾

Ngertiya, sejatine pitulungane Allah iku cedhak (214)

يَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَا يُنْفِقُوْنَۗ

Dheweke padha takon marang sliramu, “Apata kang kudune diwewehake?”

 قُلْ مَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ خَيْرٍ فَلِلْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ

Sliramu dhawuha: “Sadhengah kang becik kang sira darmakake iku utama. Kang prayoga didermani yoiku: wong tuwane lan sanak sedulure,

 وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِۗ

lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan wong kang pinuju lelungan kang kentekan sangu.

 وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللهَ بِهٖ عَلِيْمٌ﴿215﴾

Dene kabeh kabecikan kang padha sira tindakake, sejatine dipirsani Allah Kang Mahapirsa. (215)

كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ وَهُوَ كُرْهٌ لَّكُمْۚ

Sliramu diwajibake wani perang, kang mongka perang iku ora sira senengi.

وَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۚ وَعَسٰٓى اَنْ تُحِبُّوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ شَرٌّ لَّكُمْۗ

Lan mbok menawa babagan kang sira gethingi iku malah becik kanggomu. Lan mbok menawa babagan kang sira senengi malah ala kanggomu.

وَاللهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ﴿216﴾ع_24

Lan Allah iku Mahapirsa, dene sliramu iku padha ora ngerti (216)

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الشَّهْرِ الْحَرَامِ قِتَالٍ فِيْهِۗ

(Muharnmad) wong Islam padha matur marang sliramu perkara bab perang ana ing sasi Haram.

 قُلْ قِتَالٌ فِيْهِ كَبِيْرٌۗ

Sliramu dhawuha: “Perang ana ing sasi Haram iku dosa gedhe,

 وَصَدٌّ عَنْ سَبِيْلِ اللهِ

Dene ngalang-alangi wong nglakoni dedalaning Allah,

 وَكُفْرٌۢ بِهٖ

lan ora percaya ing Allah,

 وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَاِخْرَاجُ اَهْلِهٖ مِنْهُ

lan ngaIang-alangi wong mlebu Masjidil Haram, apa meneh ngusir keluargane saka kono,

 اَكْبَرُ عِنْدَ اللهِۚ

iku mungguhing Allah luwih gedhe maneh dosane.

وَالْفِتْنَةُ اَكْبَرُ مِنَ الْقَتْلِۗ

Dene fitnah lan panganiaya iku dosane luwih gedhe tinimbang perang

 وَلَا يَزَالُوْنَ يُقَاتِلُوْنَكُمْ

wong kafir tansah merangi sliramu,

حَتّٰى يَرُدُّوْكُمْ عَنْ دِيْنِكُمْ اِنِ اسْتَطَاعُوْاۗ وَمَنْ يَّرْتَدِدْ مِنْكُمْ عَنْ دِيْنِهٖ فَيَمُتْ وَهُوَ كَافِرٌ

pamrihe manawa bisa supaya sliramu kabeh padha murtad (mbalik) saka agama Islam, nuli mati kafir,

 فَاُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۚ

wong kang mangkono iku kelakuane kang becik ilang kabeh ana ing donya Ian akhirat,

وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿217﴾

dene wong kang mangkono mau padha kecemplung ing naraka, sarta anggone ana ing naraka padha langgeng. (217)

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا

Satemene wong mukmin lan wong kang padha hijrah

وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِۙ

lan wong kang padha perang ana ing dalane Allah,

 اُولٰۤىِٕكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَتَ اللهِۗ

wong kang mengkono iku mau padha nyenyadhong Kamurahaning Allah.

وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿218﴾

Dene Allah iku Maha Paring Ngapura Ian Maha Asih. (218)

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِۗ

(Muhammad) para sahabatmu padha matur ing sliramu perkoro omben minuman keras lan ngabotohan.

 قُلْ فِيْهِمَآ اِثْمٌ كَبِيْرٌ وَّمَنَافِعُ لِلنَّاسِۖ

Sliramu dhawuha: “Sajeroning omben minuman keras lan ngabotohan iku ana dosa gedhe, lan ana faedahe marang manungsa,

 وَاِثْمُهُمَآ اَكْبَرُ مِنْ نَّفْعِهِمَاۗ

dene dosane (bahayane) iku luwih gedhe ngungkuli faedahe.”

 وَيَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَا يُنْفِقُوْنَ ەۗ

Lan dheweke padha matur maneh ing bab barang kang didermakake,

 قُلِ الْعَفْوَۗ

Sira dhawuha: “Samubarang saturahing kebutuhanmu.”

 كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُوْنَۙ﴿219﴾

Kaya mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sliramu kabeh, supaya padha gelem mikir. (219)

فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۗ

Ana ing (perkara) donya lan akhirat.

 وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْيَتٰمٰىۗ

Lan maneh dheweke padha matur marang sira  perkara bocah yatim,

 قُلْ اِصْلَاحٌ لَّهُمْ خَيْرٌۗ

dhawuhana: “Ngopeni amrih becike bocah yatim iku luwih becik banget,

وَاِنْ تُخَالِطُوْهُمْ فَاِخْوَانُكُمْۗ

dene yen sira dadekake kulawarga, dhasar dheweke iku iya sadulurmu.

 وَاللهُ يَعْلَمُ الْمُفْسِدَ مِنَ الْمُصْلِحِۗ

Allah iku Pirsa antarane wong kang agawe rusak, lan wong kang agawe becik.

 وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ لَاَعْنَتَكُمْ اِنَّ اللهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿220﴾

Lan saupama Allah Kersa Agawe rekasa sliramu kabeh (mesthi kelakon). Satemene Allah iku Mahagagah lan Mahawicaksana (220)

وَلَا تَنْكِحُوا الْمُشْرِكٰتِ حَتّٰى يُؤْمِنَّۗ

(He wong-wong Islam). Sliramu aja ngrabeni wong wadon musyrik, kajaba yen banjur iman,

وَلَاَمَةٌ مُّؤْمِنَةٌ خَيْرٌ مِّنْ مُّشْرِكَةٍ وَّلَوْ اَعْجَبَتْكُمْۚ

satemene sawijine budhak kang iman iku luwih becik tinimbang wong wadon merdika ananging musyrik, sanajan praupane nyengsemake ing sliramu.

 وَلَا تُنْكِحُوا الْمُشْرِكِيْنَ حَتّٰى يُؤْمِنُوْاۗ

Lan sliramu aja padha nikahake anak wadon marang wong lanang musyrik, kajaba yen banjur iman.

 وَلَعَبْدٌ مُّؤْمِنٌ خَيْرٌ مِّنْ مُّشْرِكٍ وَّلَوْ اَعْجَبَكُمْۗ

Budhak lanang kang iman iku luwih becik tinimbang wong lanang merdika ananging musyrik, sanajan praupane nyengsemake sliramu.

 اُولٰۤىِٕكَ يَدْعُوْنَ اِلَى النَّارِۖ

Wong kang mangkono iku (wong-wong musyrik) padha ngajak marang neraka,

وَاللهُ يَدْعُوْٓا اِلَى الْجَنَّةِ وَالْمَغْفِرَةِ بِاِذْنِهٖۚ

dene Allah iku nimbali marang suwarga lan Pangapura kanthi idzining Panjenengane

 وَيُبَيِّنُ اٰيٰتِهٖ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ﴿221﴾ع_25

sarta Allah Nerangake tandha-tandha bener marang para manungsa, supaya padha eling marang Panjenengane. (221)

وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْمَحِيْضِۗ

(Muhammad) para sahabatmu padha matur marang sliramu nyuwun pirsa babagan getih haidh.

 قُلْ هُوَ اَذًىۙ فَاعْتَزِلُوا النِّسَاۤءَ فِى الْمَحِيْضِۙ وَلَا تَقْرَبُوْهُنَّ حَتّٰى يَطْهُرْنَۚ

Sliramu dhawuha: “Haidh iku rereged, mulane padha nyingkirana saka wong wadonmu kang pinuju haidh, lan aja padha ngumpuli wong wadonmu mau, nganti padha sesuci.

 فَاِذَا تَطَهَّرْنَ فَأْتُوْهُنَّ مِنْ حَيْثُ اَمَرَكُمُ اللهُۗ

Dene yen wis suci sira nekanana marang wadonira miturut kang didhawuhake Allah marang sliramu kabeh.

 اِنَّ اللهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْنَ﴿222﴾

Satemene Allah iku remen marang wong kang padha tobat, Ian remen marang wong kang padha sesuci (resikan). (222)

نِسَاۤؤُكُمْ حَرْثٌ لَّكُمْۖ فَأْتُوْا حَرْثَكُمْ اَنّٰى شِئْتُمْۖ وَقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْۗ

Wong wadonmu tumrape sliramu iku kena diumpamaake sawah, mulane sira tandhurana sawahmu sak kersamu, Ian padha ndhisikna laku kabecikan.

وَاتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ مُّلٰقُوْهُۗ

Lan padha ngabektia ing Allah lan padha weruha satemene sliramu ing tembe bakal padha disowanake ana ngarsane Allah.

 وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ﴿223﴾

Lan atura kabar bungah marang wong-wong kang iman. (223)

وَلَا تَجْعَلُوا اللهَ عُرْضَةً لِّاَيْمَانِكُمْ اَنْ تَبَرُّوْا

Lan sliramu aja padha ndadekake Asmane Allah ana ing sumpahmu kanggo ngalang- ngalangi menawa arep tumindak becik.

 وَتَتَّقُوْا وَتُصْلِحُوْا بَيْنَ النَّاسِۗ

Lan padha ngabektia marang Allah sarta ngrukunake ing antarane para manungsa.

 وَاللهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ﴿224﴾

Dene Allah iku Mahamidhanget sarta Mahauninga. (224)

لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللهُ بِاللَّغْوِ فِيْٓ اَيْمَانِكُمْ

Allah ora bakal matrapi (nganggep) supatamu kang mung ketlanjur ora kanthi kasedya,

 وَلٰكِنْ يُّؤَاخِذُكُمْ بِمَا كَسَبَتْ قُلُوْبُكُمْۗ

ananging Allah bakal matrapi supatamu kang kanthi kasedya tumus ing atimu.

 وَاللهُ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ﴿225﴾

Satemene Allah iku Mahaparing Pangapura sarta Mahasantun. (225)

لِلَّذِيْنَ يُؤْلُوْنَ مِنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ

Wong kang padha supata (ila’) ninggal wadone iku,

 تَرَبُّصُ اَرْبَعَةِ اَشْهُرٍۚ

kena nyrantakake (suwe-suwene) patang sasi,

 فَاِنْ فَاۤءُوْ

sawise iku manawa dheweke padha gelem balen

 فَاِنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿226﴾

satemene Allah iku Mahaparing Pangapura sarta Mahaasih. (226)

وَاِنْ عَزَمُوا الطَّلَاقَ

Lan manawa dheweke padha duwe sedya megat marang wadone,

 فَاِنَّ اللهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ﴿227﴾

satemene Allah iku Mahamidhanget sarta Mahapirsa. (227)

وَالْمُطَلَّقٰتُ يَتَرَبَّصْنَ بِاَنْفُسِهِنَّ ثَلٰثَةَ قُرُوْۤءٍۗ

Lan wong wadon kang ditalak iku wajib nyrantak-ake ing awake, ora kena omah-omah sajeroning telung pasucen, 

وَلَا يَحِلُّ لَهُنَّ اَنْ يَّكْتُمْنَ مَا خَلَقَ اللهُ فِيْٓ اَرْحَامِهِنَّ اِنْ كُنَّ يُؤْمِنَّ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ

lan ora halal tumrap dheweke anggone Allah wis nitahake kang ana ing kandhungane manawa dheweke iku temen-temen iman ing Allah Ian dina akhir.

 وَبُعُوْلَتُهُنَّ اَحَقُّ بِرَدِّهِنَّ

Lan bojone duwe wewenang ambaleni wadone mau ana ing mongsa iku (sajerone ‘iddah),

 فِيْ ذٰلِكَ اِنْ اَرَادُوْٓا اِصْلَاحًاۗ

manawa dheweke padha gelem tumindak rukun.

وَلَهُنَّ مِثْلُ الَّذِيْ عَلَيْهِنَّ بِالْمَعْرُوْفِۖ

Lan wong wadon iku nduwei hak kang padha karo wong lanang kelawan becik-becik ,

 وَلِلرِّجَالِ عَلَيْهِنَّ دَرَجَةٌۗ

nanging wong lanang iku padha duwe keluwihan pangkat kang ngungguli wadone.

 وَاللهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿228﴾ع_26

Dene Allah iku Mahagagah sarta Mahawicaksana. (228)

اَلطَّلَاقُ مَرَّتٰنِۖ

Talak (kang isih kena diruju’) iku rong rambahan,

 فَاِمْسَاكٌۢ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ تَسْرِيْحٌۢ بِاِحْسَانٍۗ

sawise iku sira ruju’ kelawan becik utawa ngeculake babar pisan, uga kelawan becik.

 وَلَا يَحِلُّ لَكُمْ اَنْ تَأْخُذُوْا مِمَّآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ شَيْـًٔا اِلَّآ اَنْ يَّخَافَآ اَلَّا يُقِيْمَا حُدُوْدَ اللهِۗ

Lan sliramu ora bakal njupuk senajan mung sethithik saka pawewehimu marang dheweke, kajaba yen wong sak keloron iku padha kuwatir bakal ora bisa netepi wates-watese Allah.

فَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا يُقِيْمَا حُدُوْدَ اللهِۙ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا فِيْمَا افْتَدَتْ بِهٖۗ

Yen padha kuwatir sakloron ora bisa netepi wates-watese Allah, iya ora dosa tumrap wong wadon mbayar tebusane awake dhewe.

 تِلْكَ حُدُوْدُ اللهِ

Mengkono iku wates-watese Allah,

 فَلَا تَعْتَدُوْهَاۚ

sira aja padha nerak (ngliwati).

 وَمَنْ يَّتَعَدَّ حُدُوْدَ اللهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ﴿229﴾

Lan sing sapa nerak wates-watese Allah, wong-wong mau padha nganiaya marang awake dhewe.  (229)

فَاِنْ طَلَّقَهَا فَلَا تَحِلُّ لَهٗ مِنْۢ بَعْدُ حَتّٰى تَنْكِحَ زَوْجًا غَيْرَهٗۗ

Dene menawa dheweke mau banjur megat (dadine wus talaq telu) wong wadon mau ora kena dirabeni maneh kajaba yen wis omah-omah karo bojo liyane.

 فَاِنْ طَلَّقَهَا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَآ اَنْ يَّتَرَاجَعَآ اِنْ ظَنَّآ اَنْ يُّقِيْمَا حُدُوْدَ اللهِۗ

Dene yen wis dipegat ing bojo kang kapindho mau, ora ana pakewuhe omah-omah (balen) karo bojone lawas, semono iku yen padha duwe pangira yen bakal padha netepi wates-watese Allah.

 وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللهِ يُبَيِّنُهَا لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ﴿230﴾

Mengkono iku wates-watese Allah. Panjenengane nerangake marang para kaum kang padha mangerti. (230)

وَاِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ

Yen sliramu nalak garwamu,

 فَبَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ

mangka wis cedhak mangsa iddah-e,

 فَاَمْسِكُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ

wengkunen kalawan pangrengkuh becik

 اَوْ سَرِّحُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍۗ

utawa uculna kelawan pangrengkuh becik,

 وَلَا تُمْسِكُوْهُنَّ ضِرَارًا لِّتَعْتَدُوْاۚ

lan aja nahan dheweke karana arep maeka, mundhak sira padha nerak wates.

 وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَقَدْ ظَلَمَ نَفْسَهٗۗ

Dene sing sapa nglakoni penggawe mangkono mau kuwi padha nganiaya marang awake dhewe.

وَلَا تَتَّخِذُوْٓا اٰيٰتِ اللهِ هُزُوًا

Lan sira aja nganggo geguyon ayat-ayating Allah,

 وَّاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللهِ عَلَيْكُمْ

lan padha elinga marang nikmate Allah kang wis diparingake marang sliramu,

 وَمَآ اَنْزَلَ عَلَيْكُمْ مِّنَ الْكِتٰبِ وَالْحِكْمَةِ يَعِظُكُمْ بِهٖۗ

lan padha elinga Kitab Qur’an sarta kawicaksanan kang wis diturunake dening Allah marang sliramu minangka kangge piwulang.

وَاتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿231﴾ع_27

Lan sira padha-a taqwa ing Allah Ian padha sumurupa manawa Allah iku Mahapirsa samubarang kabeh. (231)

وَاِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَبَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ

Yen sliramu nalak garwamu, kamangka wis rampung mangsa iddah-e,

 فَلَا تَعْضُلُوْهُنَّ اَنْ يَّنْكِحْنَ اَزْوَاجَهُنَّ

mangka aja mbok alang-alangi yen arepe nikah maneh karo calon bojone,

 اِذَا تَرَاضَوْا بَيْنَهُمْ بِالْمَعْرُوْفِۗ

manawa sakarone wis padha trimane kelawan cara kang becik,

 ذٰلِكَ يُوْعَظُ بِهٖ مَنْ كَانَ مِنْكُمْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ

mangkono iku kanggo mituturi sira sapa kang iman ing Allah Ian dina akhir,

 ذٰلِكُمْ اَزْكٰى لَكُمْ وَاَطْهَرُۗ

mangkono iku tumrape sliramu luwih suci lan luwih resik,

 وَاللهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ﴿232﴾

lan Allah iku Mahapirsa, Ian sliramu iku padha ora weruh. (232)

وَالْوَالِدٰتُ يُرْضِعْنَ اَوْلَادَهُنَّ حَوْلَيْنِ كَامِلَيْنِ لِمَنْ اَرَادَ اَنْ يُّتِمَّ الرَّضَاعَةَۗ

Para biyung (kang wis ditalak) iku supaya padha nusoni anake suwene genep rong tahun, tumrap wong kang nyampurnakake pasuson

وَعَلَى الْمَوْلُوْدِ لَهٗ رِزْقُهُنَّ وَكِسْوَتُهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ

Ian wajib tumrap bapa aweh sandhang Ian pangan sak kuwasane marang tilas garwane,

 لَا تُكَلَّفُ نَفْسٌ اِلَّا وُسْعَهَاۚ

ora ana wong kang dipeksa kajaba mung sak kuwasane

 لَا تُضَاۤرَّ وَالِدَةٌ ۢبِوَلَدِهَا وَلَا مَوْلُوْدٌ لَّهٗ بِوَلَدِهٖ وَعَلَى الْوَارِثِ مِثْلُ ذٰلِكَۚ

lan biyung ora kena dipeksa (nusoni) anake Ian mangkono uga ora kena dipeksa ngragadi anake kajaba mung sak kuwasane, lan wajibe waris mengkono uga.

 فَاِنْ اَرَادَا فِصَالًا عَنْ تَرَاضٍ مِّنْهُمَا وَتَشَاوُرٍ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَاۗ

Dene yen bapa lan biyung sakarone wis golog rembuge arep nyapih bocah mau, iku ora ana pakewuhe.

 وَاِنْ اَرَدْتُّمْ اَنْ تَسْتَرْضِعُوْٓا اَوْلَادَكُمْ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِذَا سَلَّمْتُمْ مَّآ اٰتَيْتُمْ بِالْمَعْرُوْفِۗ

Dene yen sira arep nyusoake anakira marang uwong liya, manawa sira bayar wragad kang sira saguhake kelawan becik, iya ora ana pakewuhe

 وَاتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْٓا

sira padha taqwa-a ing Allah Ian padha sumurupa

 اَنَّ اللهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿233﴾

Satemene Allah iku Mahapirsa marang samubarang kang sira tindakake. (233)

وَالَّذِيْنَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُوْنَ اَزْوَاجًا

Dene wong kang wafat saka sliramu lan ninggal bojo,

 يَّتَرَبَّصْنَ بِاَنْفُسِهِنَّ اَرْبَعَةَ اَشْهُرٍ وَّعَشْرًاۚ

wajib tumrap si wadon mau nyrantekake awake (ora kena omah-omah) lawase 4 sasi 10 dina.

 فَاِذَا بَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ

Dene manawa wis rampung iddahe

 فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا فَعَلْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ

sira ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone wong wadon mau padha memaesi awake dhewe.

 وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ﴿234﴾

Dene Allah iku Maha Maspadaake marang barang kang sira tindakake. (234)

وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا عَرَّضْتُمْ بِهٖ مِنْ خِطْبَةِ النِّسَاۤءِ

Lan sliramu ora padha kapatrapan dosa tumrap anggonmu nglamar wong wadon (kang isih ana ing sajeroning iddah) kelawan pasemon,

 اَوْ اَكْنَنْتُمْ فِيْٓ اَنْفُسِكُمْۗ

utawa mung sira bathin ana ing sajeroning atimu.

 عَلِمَ اللهُ اَنَّكُمْ سَتَذْكُرُوْنَهُنَّ

Allah Nguningani manawa sira bakal padha nglahirake krenteging atinimu marang wong wadon mau,

 وَلٰكِنْ لَّا تُوَاعِدُوْهُنَّ سِرًّا اِلَّآ اَنْ تَقُوْلُوْا قَوْلًا مَّعْرُوْفًا ەۗ

nanging sira aja mrasajakake dhisik anggonmu duwe karep ngrabeni wong wadon mau, kajaba yen sira mung ngalahirake tembung pasemon kang becik iku kena.  

وَلَا تَعْزِمُوْا عُقْدَةَ النِّكَاحِ حَتّٰى يَبْلُغَ الْكِتٰبُ اَجَلَهٗۗ

Lan sira aja padha netepake akad (waktu) nikah, nganti yen wong wadon mau wis rampung iddahe,

 وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ يَعْلَمُ مَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ فَاحْذَرُوْهُۚ

lan sliramu padha sumurupa manawa Allah iku Ngudaneni barang kang ana ing atinimu, jalaran saka iku sira padha ngati-atiya.

 وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ﴿235﴾ع_28

Lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Maringi Pangapura lan Mahawelas. (235)

لَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِنْ طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ مَا لَمْ تَمَسُّوْهُنَّ اَوْ تَفْرِضُوْا لَهُنَّ فَرِيْضَةًۖ

Ora dosa tumrap sliramu nalak marang wong wadon sadurunge sira kumpul utawa sadurunge sira nemtokake maskawine,

 وَّمَتِّعُوْهُنَّ عَلَى الْمُوْسِعِ قَدَرُهٗ وَعَلَى الْمُقْتِرِ قَدَرُهٗۚ

lan sira aweha bebungah marang wadon mau kelawan becik. Tumrap wong sugih sak kuwate Ian tumrap wong mlarat uga sak kuwate,

 مَتَاعًا ۢبِالْمَعْرُوْفِۚ حَقًّا عَلَى الْمُحْسِنِيْنَ﴿236﴾

iku tetep kewajiban tumrap wong kang padha nindakake kabecikan. (236)

وَاِنْ طَلَّقْتُمُوْهُنَّ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَمَسُّوْهُنَّ

Lan manawa sliramu padha nalak ing wadon sadurunge sira kumpuli,

 وَقَدْ فَرَضْتُمْ لَهُنَّ فَرِيْضَةً فَنِصْفُ مَا فَرَضْتُمْ

nanging sira wis nemtokake maskawin tumrap dheweke, sira (wajib bayar) separoning maskawin kang wis sira temtokake mau.

 اِلَّآ اَنْ يَّعْفُوْنَ اَوْ يَعْفُوَا الَّذِيْ بِيَدِهٖ عُقْدَةُ النِّكَاحِۗ

Kajaba yen rabimu utawa wong lanang kang nguwasani bundhelaning nikah wis padha trima.

وَاَنْ تَعْفُوْٓا اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۗ

Dene yen sira padha gelem aweh kemurahan iku nyaketake marang wedi ing Allah.

 وَلَا تَنْسَوُا الْفَضْلَ بَيْنَكُمْۗ

Lan sira aja nglalekake kabecikan antaranmu kabeh.

 اِنَّ اللهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿237﴾

Satemene Allah iku mriksani samubarang kang sira tindakake  (237)

حَافِظُوْا عَلَى الصَّلَوٰتِ

Sira padha ngreksaha njejegake sholat,

وَالصَّلٰوةِ الْوُسْطٰى

lan sholat wustha,

 وَقُوْمُوْا لِلّٰهِ قٰنِتِيْنَ﴿238﴾

sarta sira padha jumenenga ngestokake kabeh dhawuhe Allah.  (238)

فَاِنْ خِفْتُمْ فَرِجَالًا اَوْ رُكْبَانًاۚ

Lan manawa sira padha ing kahanan ora aman, sira kena sholat karo mlaku utawa nunggang kendaraan.

 فَاِذَآ اَمِنْتُمْ فَاذْكُرُوا اللهَ

Dene yen sira wis tentrem, sira padha nyebuta asmane Allah

 كَمَا عَلَّمَكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَ﴿239﴾

kaya kang wis diwulangake marang sira kabeh dening Allah barang kang sira sumurupi.  (239)

وَالَّذِيْنَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُوْنَ اَزْوَاجًاۖ وَّصِيَّةً لِّاَزْوَاجِهِمْ

Sing sapa ngarepake wafat saka sira kabeh padha bakal ninggal bojo, wong mau supaya wasiyat marang bojone,

 مَّتَاعًا اِلَى الْحَوْلِ غَيْرَ اِخْرَاجٍۚ

minongka aweh bebungah (sandhangan Ian pangan) suwene setahun, sarta ora nundhung dheweke saka omahe.

فَاِنْ خَرَجْنَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْ مَا فَعَلْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِنَّ مِنْ مَّعْرُوْفٍۗ

Dene manawa wong wadon mau metu saka omahe miturut karepe dewe, sira ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone dheweke wis padha bebecik (memaesi) ing awake dhewe.

 وَاللهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿240﴾

Dene Allah iku Mahamulya sarta Mahawicaksana.   (240)

وَلِلْمُطَلَّقٰتِ مَتَاعٌ ۢبِالْمَعْرُوْفِۗ

Lan wong wadon kang padha ditalak, padha oleh bebungah saka kang lanang sak kuwasane.

 حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِيْنَ﴿241﴾

 Iku kawajiban tetep tumrap wong kang padha bekti (ing Allah).   (241)

كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ

Kaya mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh,

 لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ﴿242﴾ع_29

supaya sira padha anggunakake akal  (242)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ خَرَجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَهُمْ اُلُوْفٌ حَذَرَ الْمَوْتِۖ

Apa sira durung weruh (ceritane) wong bani Israil kang cacahe ma-ewu-ewu kang padha ngungsi ninggal negarane kuwatir mati dening lelara,

 فَقَالَ لَهُمُ اللهُ مُوْتُوْاۗ ثُمَّ اَحْيَاهُمْۗ

nuli Allah paring pangandika: “Sira padha matiya kabeh” , sak wise iku Allah nguripake dheweke.

اِنَّ اللهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ

Satemene Allah iku Kagungan Kanugrahan marang para manungsa,

 وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ﴿243﴾

nanging akeh-akehe manungsa padha ora gelem syukur (243)

وَقَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

  Lan sliramu padha-a siap berangkat perang ana ing dalane Allah.

 وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ﴿244﴾

Lan padha sumurupa satemene Allah iku Mahamidhanget saha Maha Ngudaneni (244)

مَنْ ذَا الَّذِيْ يُقْرِضُ اللهَ قَرْضًا حَسَنًا

Sing sapa wonge ngaturake pisungsung adiluhung ing Allah kelawan kabecikan,

 فَيُضٰعِفَهٗ لَهٗٓ اَضْعَافًا كَثِيْرَةًۗ

Allah mesthi Nikeli piwales kabecikane marang wong-wong mau, kanthi tikel matikel pirang-pirang.

وَاللهُ يَقْبِضُ وَيَبْصُۣطُۖ

Dene Allah iku Anjembarake lan Anggelar Peparinge,

 وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ﴿245﴾

Lan sliramu kabeh bakal padha disowanake marang Panjenengane. (245)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الْمَلَاِ مِنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مِنْۢ بَعْدِ مُوْسٰىۘ

Apa sliramu (Muhammad) durung weruh cerita lelakone wong Bani lsrail sawise Nabi Musa?

 اِذْ قَالُوْا لِنَبِيٍّ لَّهُمُ ابْعَثْ لَنَا مَلِكًا نُّقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِۗ

Nalika padha matur marang Nabine: “Panjenengan mugi jumenengaken raja kangge kita sadaya, supados kita perang sabilillah.”

 قَالَ هَلْ عَسَيْتُمْ اِنْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ اَلَّا تُقَاتِلُوْاۗ

Nabine nuli ngandika: “Manawa sira padha didhawuhi perang gek mengko sira kabeh ora padha ngestokake tumindak perang?”

قَالُوْا وَمَا لَنَآ اَلَّا نُقَاتِلَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ وَقَدْ اُخْرِجْنَا مِنْ دِيَارِنَا وَاَبْنَاۤىِٕنَاۗ

Wong-wong bani lsrail mau matur maneh: “Kenging punapa kita sami mboten purun ngestokaken tumindak perang sabilillah, mongka kita sampun kalajeng dipun tundhung saking negari kita, kapisah saking anak-anak kita.”

فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ تَوَلَّوْا اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْۗ

Bareng wong bani Israil mau kaleksanan padha didhawuhi perang, dheweke padha mlengos, kajaba mung sethithik.

 وَاللهُ عَلِيْمٌۢ بِالظّٰلِمِيْنَ﴿246﴾

Dene Allah iku Mahauninga marang wong kang padha nganiaya. (246)

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ اِنَّ اللهَ قَدْ بَعَثَ لَكُمْ طَالُوْتَ مَلِكًاۗ

Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: “Temen Allah wis ngutus Thalut dadi raja tumrap sira kabeh.”

 قَالُوْٓا اَنّٰى يَكُوْنُ لَهُ الْمُلْكُ عَلَيْنَا وَنَحْنُ اَحَقُّ بِالْمُلْكِ مِنْهُ وَلَمْ يُؤْتَ سَعَةً مِّنَ الْمَالِۗ

Wong Bani lsrail mbanjur matur: “Kados pundi dene pun Thalut teka dados raja mrentah dhumateng kita, kang mangka leresipun kita punika langkung prayogi dados ratu tinimbang Thalut ingkang mboten dipun paringi sugih arta.”

 قَالَ اِنَّ اللهَ اصْطَفٰىهُ عَلَيْكُمْ وَزَادَهٗ بَسْطَةً فِى الْعِلْمِ وَالْجِسْمِۗ

Pangandikane Nabi: “Satemene Allah wis milih Thalut ngratoni lan mrintah sira kabeh, lan Allah nambahi jembaring kaweruhe marang ilmu, keraton, sarta sembadaning badane,

وَاللهُ يُؤْتِيْ مُلْكَهٗ مَنْ يَّشَاۤءُۗ

Allah iku maringake panguwasa marang wong kang dadi Keparenging Kersane.

 وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ﴿247﴾

 Dene Allah iku Mahajembar sarta Mahauninga.” (247)

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ اِنَّ اٰيَةَ مُلْكِهٖٓ

Nabine wong Bani Israil mau dhawuh maneh: “Satemene kang dadi tandha bener yen Thalut iku dikersakake dadi raja

اَنْ يَّأْتِيَكُمُ التَّابُوْتُ فِيْهِ سَكِيْنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ

iku bakal ana pethi teka mrene, isi sakinah (katentreman) saka Pangeranmu,

 وَبَقِيَّةٌ مِّمَّا تَرَكَ اٰلُ مُوْسٰى وَاٰلُ هٰرُوْنَ

lan isi pusaka tetinggalan keluargane Nabi Musa lan kulawargane Nabi Harun,

 تَحْمِلُهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُۗ

dipikul dening para malaikat,

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿248﴾ع_30

satemene kang mengkono mau dadi tandha bener tumrap sliramu kabeh, yen nyata sliramu iku padha percaya.” (248)

فَلَمَّا فَصَلَ طَالُوْتُ بِالْجُنُوْدِ قَالَ اِنَّ اللهَ مُبْتَلِيْكُمْ بِنَهَرٍۚ

Bareng Raja Thalut miyos budhal sawadyabalane, paring pangandika mangkene: “Satemene Allah kersa nyoba sira kabeh sarana nyabrang  bengawan.

 فَمَنْ شَرِبَ مِنْهُ فَلَيْسَ مِنِّيْۚ

Sing sapa ngombe banyu bengawan mau, ora bakal dadi kancaku,

 وَمَنْ لَّمْ يَطْعَمْهُ فَاِنَّهٗ مِنِّيْٓ اِلَّا مَنِ اغْتَرَفَ غُرْفَةً ۢبِيَدِهٖۚ

kajaba wong kang mung nyawuk banyu nganggo tangane.”

 فَشَرِبُوْا مِنْهُ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْۗ

Para wadyabala mau nuli padha ngombe saka bengawan, kajaba mung sethithik kang ora ngombe.

 فَلَمَّا جَاوَزَهٗ هُوَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗۙ قَالُوْا لَا طَاقَةَ لَنَا الْيَوْمَ بِجَالُوْتَ وَجُنُوْدِهٖۗ

Bareng Raja Thalut sak wadyabalane kang padha mukmin wis nyabrang ing bengawan, wong sing padha ngombe banyune bengawan mau padha matur: “Ing dinten punika kita sadaya mboten saged bade nanggulangi perangipun Raja Jalut sak wadyabala-nipun.”

 قَالَ الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوا اللهِۙ كَمْ مِّنْ فِئَةٍ قَلِيْلَةٍ غَلَبَتْ فِئَةً كَثِيْرَةً ۢبِاِذْنِ اللهِۗ

Dene wong kang padha percaya yen bakal padha sowan ing ngarsane Allah padha matur: “Akeh golongan sethithik bisa ngalahake golongan akeh kelawan Idzining Allah.

 وَاللهُ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ﴿249﴾

Dene Allah Iku Nyartani Wong Kang Padha Sabar. (249)

وَلَمَّا بَرَزُوْا لِجَالُوْتَ وَجُنُوْدِهٖ قَالُوْا

Bareng Raja Thalut sakwadyabalane wis andhep-andhepan karo Raja Jalut sakwadyabalane, Raja Thalut sakwadyaba-lane banjur nyuwun marang Allah:

 رَبَّنَآ اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَّثَبِّتْ اَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَۗ﴿250﴾

“Dhuh Allah, Paduka mugi ngesokaken kesabaran ing manah kawula, mantepaken tekad kawula, saha kawula nyuwun Paduka paring pitulungan dhateng kawula ngawonaken sedaya tiyang kafir.”  (250)

فَهَزَمُوْهُمْ بِاِذْنِ اللهِۗ

Awit saking pikantuk Idzining Allah, Raja Thalut sakwadyabalane bisa menang

 وَقَتَلَ دَاوٗدُ جَالُوْتَ وَاٰتٰىهُ اللهُ الْمُلْكَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَهٗ مِمَّا يَشَاۤءُۗ

Lan Dawud bisa mateni Jalut, Allah maringi panguwasa sarta kawicaksanaan marang Dawud sarta maringi pirsa barang kang dadi Kapareng Kersane, marang Dawud.

 وَلَوْلَا دَفْعُ اللهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَّفَسَدَتِ الْاَرْضُ

Lan saupama ora ana panulaking Allah marang manusa dening manusa liyane, bumi iki sayekti bakal dadi bosah-baseh kahanane.

 وَلٰكِنَّ اللهَ ذُوْ فَضْلٍ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ﴿251﴾

Nanging Allah iku Mahaluber Paparinge marang wong sak ngalam kabeh. (251)

تِلْكَ اٰيٰتُ اللهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّۗ

Kang mangkono iku ayat-ayat lngsun kadhawuhake marang sira Muhammad kanthi bener.

 وَاِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَ ﴿252﴾الجزء

Lan satemene sira iku klebu ewoning para Rasul. (252)

تِلْكَ الرُّسُلُ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۘ

Para Rasul iku ana sawatara kang Ingsun Paringi keluwihan ngungkuli liyane.

مِنْهُمْ مَّنْ كَلَّمَ اللهُ وَرَفَعَ بَعْضَهُمْ دَرَجٰتٍۗ

Sawenehe para rasul ana kang Ingsun lilani imbal wacana lan ana sawenehe maneh kang dijunjung pangkate dening Allah pirang-pirang tingkat ngungkuli karo liyane.

وَاٰتَيْنَا عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنٰتِ وَاَيَّدْنٰهُ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ

Lan Ingsun maringi marang ‘Isa putrane Maryam pirang-pirang tandha bener, sarta Ingsun ngukuhake kelawan roh suci (Jibril).

 وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ مَا اقْتَتَلَ الَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ

Lan saupama ana kersane Allah, manungsa iku mesthi ora padha paten pinaten sawise para utusan, yaiku sawise ketekan tandha bener,

 وَلٰكِنِ اخْتَلَفُوْا فَمِنْهُمْ مَّنْ اٰمَنَ وَمِنْهُمْ مَّنْ كَفَرَۗ

nanging wong-wong mau padha pasulayan panemune. Saweneh ana kang percaya Ian sawenehe maneh ana kang kafir.

 وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ مَا اقْتَتَلُوْاۗ

Lan saupama dadi kaparenging kersane Allah mesthi dheweke padha ora paten-pinaten,

 وَلٰكِنَّ اللهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيْدُ﴿253﴾ع_31

nanging Allah iku Nindakake Kang Dadi Kapareng Kersane. (253)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰكُمْ

He wong kang iman kabeh, sliramu padha darmakna saka barang kang wis Ingsun paringake marang sliramu kabeh,

 مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا بَيْعٌ فِيْهِ وَلَا خُلَّةٌ وَّلَا شَفَاعَةٌۗ

sadurunge tekan ing dina kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana memitran lan syafa’at.

 وَالْكٰفِرُوْنَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ﴿254﴾

Dene wong-wong kafir iku padha nganiaya. (254)

اَللهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ اَلْحَيُّ الْقَيُّوْمُ ەۚ

Allah, ora ana Pengeran Kang Sinembah Kajaba Mung Panjenengane Piyambak, Kang Sugeng, sarta Kang Jumeneng Pribadi.

 لَا تَأْخُذُهٗ سِنَةٌ وَّلَا نَوْمٌۗ

Allah iku Ora Nate Ngantuk lan Ora Nate Sare,

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Allah iku Ingkang Kagungan Samubarang Isining Langit lan Isining Bumi kabeh.

 مَنْ ذَا الَّذِيْ يَشْفَعُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ

Ora ana wong kang bisa aweh pitulungan ana ing ngarsane Allah, kajaba pikantuk Idzine.

 يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْۚ

Allah iku Pirsa kabeh samubarang kang ana ing ngarep lan saka burine wong-wong mau.

 وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِشَيْءٍ مِّنْ عِلْمِهٖٓ اِلَّا بِمَا شَاۤءَۚ

Dheweke kabeh ora ana kang bisa nglimputi sethithik wae saka Ilmune Allah, kajaba yen dadi Keparenge Allah.

 وَسِعَ كُرْسِيُّهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَۚ

Jembare Panguwasane Allah iku amot langit lan bumi.

 وَلَا يَـُٔوْدُهٗ حِفْظُهُمَاۚ

Panjenengane Ora Rekaos anggone Ngreksa langit lan bumi sakarone.

 وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ﴿255﴾

Dene Allah iku Mahaluhur lan Mahaagung. (255)

لَآ اِكْرَاهَ فِى الدِّيْنِۗ

Ora ana peksan ana ing agama.

 قَدْ تَّبَيَّنَ الرُّشْدُ مِنَ الْغَيِّۚ

Satemene pituduh lan sasar iku wis genah bedane.

 فَمَنْ يَّكْفُرْ بِالطَّاغُوْتِ وَيُؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ

Dene sing sapa kafir marang berhala sarta percaya ing Allah,

 فَقَدِاسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقٰى لَا انْفِصَامَ لَهَاۗ

iku bener wis gondhelan tali kang kukuh, ora bakal bisa pedhot.

وَاللهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ﴿256﴾

Dene Allah iku Mahamidhanget tur Mahangudaneni. (256)

اَللهُ وَلِيُّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

Allah iku Pangayome para wong kang padha iman.

 يُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ

Panjenengane Nglolosake wong-wong mau saka pepeteng marang pepadhang.

 وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَوْلِيَاۤؤُهُمُ الطَّاغُوْتُ

Dene wong kang padha mlengos saka bebener iku kang dadi pengayome iya iku berhala,

 يُخْرِجُوْنَهُمْ مِّنَ النُّوْرِ اِلَى الظُّلُمٰتِۗ

kang nglolosake dheweke kabeh saka pepadhang marang pepeteng.

 اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ

Wong-wong kang mengkono iku padha ana ing neraka

 هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿257﴾ع_32

tur padha langgeng ing kono. (257)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْ حَاۤجَّ اِبْرٰهٖمَ فِيْ رَبِّهٖٓ اَنْ اٰتٰىهُ اللهُ الْمُلْكَۘ

(Muhammad) apa sira durung sumurup ceritane Namrud? Dumeh diparengi kraton dening Allah banjur maido marang Nabi Ibrahim ing bab Pengerane.

 اِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّيَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۙ

Nalika samana Nabi Ibrahim ngandika: “Pangeranku, yaiku kang Paring Urip lan Kang Mateni. “

 قَالَ اَنَا۠ اُحْيٖ وَاُمِيْتُۗ

Raja Namrud nuli mangsuli: “Aku uga bisa nguripi lan bisa mateni.”

 قَالَ اِبْرٰهٖمُ فَاِنَّ اللهَ يَأْتِيْ بِالشَّمْسِ مِنَ الْمَشْرِقِ

Nabi Ibrahim ngendika maneh: “Satemene Allah iku bisa nglakokake srengenge saka wetan.

 فَأْتِ بِهَا مِنَ الْمَغْرِبِ

Mara sira nglakokna (njlethekna) srengenge saka kulon.”

 فَبُهِتَ الَّذِيْ كَفَرَۗ

Wong-wong kafir mau banjur padha judheg.

وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَۚ﴿258﴾

Dene Allah iku Ora Pisan-Pisan Kersa Paring Pitedah marang wong kang padha nganiaya. (258)

اَوْ كَالَّذِيْ مَرَّ عَلٰى قَرْيَةٍ وَّهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَاۚ

Utawa apa sira durung sumurup lelakone ‘Uzer, kang liwat ana ing negara kang gedhong-gedhonnnge wis padha ambruk?

 قَالَ اَنّٰى يُحْيٖ هٰذِهِ اللهُ بَعْدَ مَوْتِهَاۚ فَاَمَاتَهُ اللهُ مِائَةَ عَامٍ ثُمَّ بَعَثَهٗۗ

‘Uzer mau celathu: “Kepriye Allah anggone bakal nguripake maneh barang kang wis mati mengkene iki.” Sanalika Allah banjur mateni ‘Uzer sajrone 100 tahun lawase. Sawise 100 tahun, Allah nguripake ‘Uzer maneh,

 قَالَ كَمْ لَبِثْتَۗ قَالَ لَبِثْتُ يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍۗ

Allah banjur Ndhangu marang ‘Uzer: “Wis pira suwene anggonmu leren ana ing kene?” ‘Uzer banjur matur: “Anggen kawula kendel wonten ing ngriki saweg sedinten utawi kirang,”

 قَالَ بَلْ لَّبِثْتَ مِائَةَ عَامٍ فَانْظُرْ اِلٰى طَعَامِكَ وَشَرَابِكَ لَمْ يَتَسَنَّهْۚ

Allah nuli ngendika: “Anggonira leren ana kene wis 100 tahun lawase, mara sliramu ndelenga sangumu pangan lan omben ombenmu, kabeh padha durung owah (mambu),

 وَانْظُرْ اِلٰى حِمَارِكَۗ

lan sira ndelenga Khimar (kang wis padha remuk),

 وَلِنَجْعَلَكَ اٰيَةً لِّلنَّاسِ

Ingsun andadekake sira dadi pratandha tumrap para manusa,

 وَانْظُرْ اِلَى الْعِظَامِ كَيْفَ نُنْشِزُهَا ثُمَّ نَكْسُوْهَا لَحْمًاۗ

apadene sira ndelenga anggoningsun Nguripake balunging Khimar mau. Ingsun wenehi daging.”

 فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهٗۙ قَالَ اَعْلَمُ اَنَّ اللهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿259﴾

Bareng kang mangkono mau wis kenyata kasat mata ing ‘Uzer, dheweke banjur munjuk atur: “Sak punika kula sampun sumerep Ian pitados, saestu Allah punika nguwaosi dhateng sedaya samukawis.” (259)

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اَرِنِيْ كَيْفَ تُحْيِ الْمَوْتٰىۗ

Lan elinga nalikane Nabi Ibrahim matur marang Pengerane: “Dhuh Pengeran kawula, mugi Paduka paring pitedah dhateng kawula kalayan kasat mripat. Anggen Paduka nggesangaken tetiyang ingkang pejah.”

 قَالَ اَوَلَمْ تُؤْمِنْۗ

Allah paring dhawuh: “Apa sira durung percaya?”

 قَالَ بَلٰى وَلٰكِنْ لِّيَطْمَىِٕنَّ قَلْبِيْۗ

Nabi Ibrahim matur maneh: “lnggih sampun pitados, nanging supados manah kula punika tentrem.”  

قَالَ فَخُذْ اَرْبَعَةً مِّنَ الطَّيْرِ فَصُرْهُنَّ اِلَيْكَ

Allah banjur ngandika: “Sliramu njupuka manuk papat, banjur cecumbunen (sarta jejuwingen),

 ثُمَّ اجْعَلْ عَلٰى كُلِّ جَبَلٍ مِّنْهُنَّ جُزْءًا

sira banjur wenehna ing saben-saben gunung saperangan saka manuk-manuk kang wis mati mau

 ثُمَّ ادْعُهُنَّ يَأْتِيْنَكَ سَعْيًاۗ

nuli undangen, mesthi banjur padha nekani marang sliramu kanthi rikat

وَاعْلَمْ اَنَّ اللهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ﴿260﴾ع_33

. Lan sliramu sumurupa, satemene Allah iku Mahamulya sarta Mahawicaksana.” (260)

مَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

Sanepane wong kang padha dermakake bandhane tumanja ana ing dalane Allah (sabilillah)

كَمَثَلِ حَبَّةٍ اَنْۢبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِيْ كُلِّ سُنْۢبُلَةٍ مِّائَةُ حَبَّةٍۗ

iku kaya dene sanepane wiji sak etas kang nukulake 7 wuli, ing ndalem sak wuline isi 100 wiji.

 وَاللهُ يُضٰعِفُ لِمَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ﴿261﴾

Allah iku nikelake (ganjaran) marang wong kang dikersakake. Lan Allah iku Mahajembar sarta Mahanguningani. (261)

اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

Dene wong kang padha darmakake bandhane kanthi tumanja ana ing dedalane Allah (sabilillah),

ثُمَّ لَا يُتْبِعُوْنَ مَآ اَنْفَقُوْا مَنًّا وَّلَآ اَذًىۙ

kang mongka anggone dermakake mau ora dikantheni pangundhat-undhat lan ora nglarakake ati,

 لَّهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ

wong mau bakal nampa ganjarane saka ing Ngarsa Pengerane,

 وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿262﴾

lan dheweke padha ora kawatir sarta ora susah. (262)

قَوْلٌ مَّعْرُوْفٌ وَّمَغْفِرَةٌ خَيْرٌ مِّنْ صَدَقَةٍ يَّتْبَعُهَآ اَذًىۗ

Nulak wong jejaluk kelawan tembung kang aris pangapura, iku luwih becik tinimbang weweh tapi banjur mawa tetembungan kang nglarakake ati.

وَاللهُ غَنِيٌّ حَلِيْمٌ﴿263﴾

Dene Allah iku Mahasugih lan Mahasabar. (263)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُبْطِلُوْا صَدَقٰتِكُمْ بِالْمَنِّ وَالْاَذٰىۙ

He para wong kang iman, sira aja padha ngrusak dermamu kelawan pangundhat-undhat Ian ngelarakake ati,

 كَالَّذِيْ يُنْفِقُ مَالَهٗ رِئَاۤءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ

iku padha wae kaya wong dermakake bandhane murih dialem manungsa, Ian ora percaya marang Allah Ian dina qiyamat.

 فَمَثَلُهٗ كَمَثَلِ صَفْوَانٍ عَلَيْهِ تُرَابٌ فَاَصَابَهٗ وَابِلٌ فَتَرَكَهٗ صَلْدًاۗ

Sanepane wong kang kaya mangkono iku kaya watu kang alus ana bleduge, banjur kodanan deres, kang mesthi mbanjur resik kari watune.

 لَا يَقْدِرُوْنَ عَلٰى شَيْءٍ مِّمَّا كَسَبُوْاۗ

Wong mau ora bisa nguwasani sethithik-thithika marang kabecikan kang wis ditindakake.

 وَاللهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ﴿264﴾

Satemene Allah iku Ora Kersa Maringi Pituduh marang wong kang padha kafir. (264)

وَمَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمُ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللهِ وَتَثْبِيْتًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ

Dene sanepane wong kang dermakake bandhane murih pikantuk keparenging Allah kanthi keyakinan kang tetep ana ing atine,

 كَمَثَلِ جَنَّةٍۢ بِرَبْوَةٍ اَصَابَهَا وَابِلٌ فَاٰتَتْ اُكُلَهَا ضِعْفَيْنِۚ

iku saumpama pakebonan kang lemahe geneng (dhuwur) kodanan deres, ing kono banjur ngetokake woh pametu tikel loro tinimbang pakebonan liyane.

 فَاِنْ لَّمْ يُصِبْهَا وَابِلٌ فَطَلٌّۗ

Dene yen ora kodanan iya mung riwis-riwis wae uwis temanja.

 وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ﴿265﴾

Allah iku Maha Mriksani ing Samubarang kang sliramu tindakake. (265)

اَيَوَدُّ اَحَدُكُمْ اَنْ تَكُوْنَ لَهٗ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ

(He wong kang padha riya’ utawa pamer), sliramu apa padha seneng duweni kebon kurma Ian anggur, kang ngisore ana kaline mili,

 لَهٗ فِيْهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۙ وَاَصَابَهُ الْكِبَرُ وَلَهٗ ذُرِّيَّةٌ ضُعَفَاۤءُۚ

sarta nduweni sarupane woh-wohan (wulu pametu) isining kebon mau, kang duwe kebon mau tumeka pikun iya duwe turun, nanging padha apes ora bisa ngopeni kebone mau.

 فَاَصَابَهَآ اِعْصَارٌ فِيْهِ نَارٌ فَاحْتَرَقَتْۗ

Pakebonan mau banjur ketrajang prahara mawa geni, wasana banjur kobong.

 كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُوْنَ﴿266﴾ ع_34

Mangkono iku Allah Nerangake pratandhane marang sliramu kabeh, supaya padha gelem mikir. (266)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْفِقُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا كَسَبْتُمْ

He para wong kang iman, sliramu padha nanjakna derma saka bandhamu kang becik-becik saka anggonmu nyambut gawe

 وَمِمَّآ اَخْرَجْنَا لَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِۗ

lan woh pametune bumi, kang wis Ingsun Paringake marang sliramu kabeh.

 وَلَا تَيَمَّمُوا الْخَبِيْثَ مِنْهُ تُنْفِقُوْنَ وَلَسْتُمْ بِاٰخِذِيْهِ اِلَّآ اَنْ تُغْمِضُوْا فِيْهِۗ

Bandhamu kang mbok dermaake mau aja mbok pilihake kang ala (tampikan), kang mangka sira ora gelem njupuk kang ala mau kajaba yen panjupukmu kanthi mripat merem,

وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ﴿267﴾

Lan sliramu padha sumurupa satemene Allah iku Mahasugih sarta Mahapinuji. (267)

اَلشَّيْطٰنُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاۤءِۚ

Setan memedeni sliramu kanthi gambaran kemlaratan sarta printah nglakoni ala.

 وَاللهُ يَعِدُكُمْ مَّغْفِرَةً مِّنْهُ وَفَضْلًاۗ

Dene Allah Paring janji pangapura Ian kanugrahan marang sliramu.

وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌۖ﴿268﴾

Allah Mahajembar Pinaringane sarta Mahangudaneni. (268)

يُّؤْتِى الْحِكْمَةَ مَنْ يَّشَاۤءُۚ

Allah Paring Kawicaksanan marang wong kang dadi Kepareng Kersane.

 وَمَنْ يُّؤْتَ الْحِكْمَةَ فَقَدْ اُوْتِيَ خَيْرًا كَثِيْرًاۗ

Dene sapa wonge kang diparingi kawicaksanan, iku temen diparingi kabecikan kang akeh.

وَمَا يَذَّكَّرُ اِلَّآ اُولُوا الْاَلْبَابِ﴿269﴾

Ewadene ora ana kang ngelingi kang mengkono mau kajaba wong kang padha duwe akal. (269)

وَمَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ نَّفَقَةٍ اَوْ نَذَرْتُمْ مِّنْ نَّذْرٍ فَاِنَّ اللهَ يَعْلَمُهٗۗ

Dene sakehing barang kang sliramu dermakake utawa barang kang mbok anggo nuhoni sedya nadzarmu, satemene kabeh mau Allah iku Priksa.

 وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ﴿270﴾

Dene wong kang padha nganiaya iku ora bakal pikantuk pitulung. (270)

اِنْ تُبْدُوا الصَّدَقٰتِ فَنِعِمَّا هِيَۚ

Menawa sliramu padha ngatonake anggonmu ndermakake bandhamu iku becik,

وَاِنْ تُخْفُوْهَا وَتُؤْتُوْهَا الْفُقَرَاۤءَ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۗ

dene menawa sliramu padha nyidhem, Ian mbok dermakake marang wong mlarat iku luwih becik maneh tumrap sliramu kabeh.

 وَيُكَفِّرُ عَنْكُمْ مِّنْ سَيِّاٰتِكُمْۗ

Allah bakal nutupi sakehing  tindak lakumu kang ala.

 وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ﴿271﴾

Dene Allah Maspadaake marang samubarang kang mbok tindakake. (271)

لَيْسَ عَلَيْكَ هُدٰىهُمْ

Dudu kawajibanmu (Muhammad) paring pituduh marang wong-wong kafir,

وَلٰكِنَّ اللهَ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ

nanging Allah piyambak Kang Paring Pituduh marang wong-wong Kang Dikersakake.

وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ فَلِاَنْفُسِكُمْۗ

Lan barang kang sira dermakake saka kabecikan, ganjarane marang sliramu dhewe.

وَمَا تُنْفِقُوْنَ اِلَّا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ اللهِۗ

Dene anggonmu ndermakake bandhamu aja mawa pamrih kajaba mung ngarep-arep ngupaya Karidhane Allah.

 وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ يُّوَفَّ اِلَيْكُمْ

Dene anggonmu dermakake bandhamu kang becik iku ganjarane bakal diparingake marang sliramu,

 وَاَنْتُمْ لَا تُظْلَمُوْنَ﴿272﴾

lan sliramu ora bakal kianiaya. (272)

لِلْفُقَرَاۤءِ الَّذِيْنَ اُحْصِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

(Paweweh utawa sedekahmu) mau diparingake marang wong fakir kang padha berjuang ana ing dalane Allah (sabilillah),

 لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ضَرْبًا فِى الْاَرْضِۖ

Kang padha ora kuwagang nindakake ngupaya pangupa jiwa ana ing bumi,

 يَحْسَبُهُمُ الْجَاهِلُ اَغْنِيَاۤءَ مِنَ التَّعَفُّفِۚ

Wong-wong sing ora ngerti padha ngira yen wong-wong iku wis sugih, marga ketara anggone padha ora gelem njejaluk,

 تَعْرِفُهُمْ بِسِيْمٰهُمْۚ لَا يَسْـَٔلُوْنَ النَّاسَ اِلْحَافًاۗ

Sliramu ngerti yen wong-wong mau temen padha miskin, ning padha ora gelem njejaluk marang manungsa kanthi meksa.

وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللهَ بِهٖ عَلِيْمٌ﴿273﴾ع_35

Dene anggonmu padha dermakake barang kang becik iku satemene Allah Maha Mirsani. (273)

اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً

Dene wong kang nanjakake derma bandhane ana ing wayah bengi Ian awan, kelawan delikan lan terang-terangan,

 فَلَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ

wong mau bakal padha nampa ganjaran saka Ngarsane Pengerane,

وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿274﴾

lan ora perlu duwe rasa kuwatir apa-apa sarta padha ora perlu duwe rasa susah. (274)

اَلَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ الرِّبٰوا لَا يَقُوْمُوْنَ اِلَّا كَمَا يَقُوْمُ الَّذِيْ يَتَخَبَّطُهُ الشَّيْطٰنُ مِنَ الْمَسِّۗ

Wong kang padha dhahar riba (keladuk) ora bakal padha tangi (saka kubur) kajaba kaya tangine wong kang kranjingan setan jalaran owah akale,

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْٓا

mangkono iku amarga wong-wong mau padha matur:

 اِنَّمَا الْبَيْعُ مِثْلُ الرِّبٰواۘ

“Sayektos sade-tinumbas punika sami kemawon kaliyan riba,” 

وَاَحَلَّ اللهُ الْبَيْعَ وَحَرَّمَ الرِّبٰواۗ

Allah Ngendika: “Allah nglilani marang wong kang dol-tinuku, ananging nglarang riba.”

فَمَنْ جَاۤءَهٗ مَوْعِظَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖ فَانْتَهٰى فَلَهٗ مَا سَلَفَۗ

Dene sing sapa pikantuk piwulang saka Pengerane, dheweke banjur gelem mareni lan ngestokake, barang kang wis kebacut mau bakal diapura,

 وَاَمْرُهٗٓ اِلَى اللهۗ

Mungguh bab Pangapurane iku konjuk ing Allah.

 وَمَنْ عَادَ

Nanging sing sapa banjur bali maneh ngribakake bandhane,

 فَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ﴿275﴾

wong mangkono iku padha dadi penduduke neraka, lan ana ing kono padha langgeng. (275)

يَمْحَقُ اللهُ الرِّبٰوا وَيُرْبِى الصَّدَقٰتِۗ

Allah Nyirnakake berkahing riba, lan Nikelake berkah ing shodakoh.

 وَاللهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ كَفَّارٍ اَثِيْمٍ﴿276﴾

Dene Allah iku Ora Remen marang sekehing wong kang padha kafir tur tumindak dosa. (276)

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ

Satemene wong kang padha iman Ian padha nindakake kabecikan sarta padha njumenengake sholat lan padha mbayar zakat,

 لَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ

bakal nampa ganjaran saka Ngarsa Pengerane

 وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ﴿277﴾

lan ora perlu duwe rasa kuwatir lan susah. (277)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللهَ

Para wong kang iman kabeh, sliramu padha ngabektia ing Allah,

 وَذَرُوْا مَا بَقِيَ مِنَ الرِّبٰٓوا

lan padha nyingkirana sisaning riba,

اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ﴿278﴾

manawa sira padha percaya marang Ingsun (278)

فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا فَأْذَنُوْا بِحَرْبٍ مِّنَ اللهِ وَرَسُوْلِهٖۚ

Dene yen sliramu ora padha ngestokake, kudune sliramu padha weruh menawa Allah Ian utusane bakal merangi sliramu kabeh.

 وَاِنْ تُبْتُمْ فَلَكُمْ رُءُوْسُ اَمْوَالِكُمْۚ

Nanging yen sliramu padha gelem mertobat, sliramu bakal padha Iestari nduweni pokoking bandhamu,

 لَا تَظْلِمُوْنَ وَلَا تُظْلَمُوْنَ﴿279﴾

dadine sira padha ora nganiaya lan ora bakal dikaniaya. (279)

وَاِنْ كَانَ ذُوْ عُسْرَةٍ فَنَظِرَةٌ اِلٰى مَيْسَرَةٍۗ

Dene menawa ana wong mlarat nandhang utang, iku ora wajib kudu nyrantekake nganti tekan bisane nyaur.

وَاَنْ تَصَدَّقُوْا

Ewadene yen potangmu mau banjur sira wenehake utawa lilakake,

 خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ﴿280﴾

iku luwih becik, yen sliramu padha mangerti. (280)

وَاتَّقُوْا يَوْمًا تُرْجَعُوْنَ فِيْهِ اِلَى اللهِۗ

Lan sliramu padha wediya marang dina qiyamat, ing kono sliramu padha disowanake marang Ngarsane Allah,

 ثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ

nuli siji-sijing awak padha pikantuk piwales miturut kang wis padha ditindakake,

 وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ﴿281﴾ ع_36

 lan dheweke kabeh ora bakal dianiaya. (281)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا تَدَايَنْتُمْ بِدَيْنٍ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى فَاكْتُبُوْهُۗ

Para mukmin kabeh, menawa sliramu padha nyambut gawe nganggo piutang sarta wis tekan semayane, padha tulisen.

وَلْيَكْتُبْ بَّيْنَكُمْ كَاتِبٌۢ بِالْعَدْلِۖ

Dene para juru tulis iku nulise perjanjian kudu kelawan sak benere (adil).

 وَلَا يَأْبَ كَاتِبٌ اَنْ يَّكْتُبَ كَمَا عَلَّمَهُ اللهُ فَلْيَكْتُبْۚ

Lan juru tulis aja emoh dadi panulise miturut dhawuhe Allah, mulane tulisen sak perlune.

 وَلْيُمْلِلِ الَّذِيْ عَلَيْهِ الْحَقُّ وَلْيَتَّقِ اللهَ رَبَّهٗ وَلَا يَبْخَسْ مِنْهُ شَيْـًٔاۗ فَاِنْ كَانَ الَّذِيْ عَلَيْهِ الْحَقُّ سَفِيْهًا اَوْ ضَعِيْفًا اَوْ لَا يَسْتَطِيْعُ اَنْ يُّمِلَّ هُوَ فَلْيُمْلِلْ وَلِيُّهٗ بِالْعَدْلِۗ

Dene wong kang nandhang utang, rungokna unining tulisane, lan bektia ing Allah, yen nganti nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi utange senajan mung sethithik. Dene manawa wong apes, utawa ora bisa ngrungokake, iku waline wae supaya ngrungokake kelawan sabenere.

 وَاسْتَشْهِدُوْا شَهِيْدَيْنِ مِنْ رِّجَالِكُمْۚ فَاِنْ لَّمْ يَكُوْنَا رَجُلَيْنِ فَرَجُلٌ وَّامْرَاَتٰنِ مِمَّنْ تَرْضَوْنَ مِنَ الشُّهَدَاۤءِ اَنْ تَضِلَّ اِحْدٰىهُمَا فَتُذَكِّرَ اِحْدٰىهُمَا الْاُخْرٰىۗ

Lan podho nyeksenana anggonmu piutang mau nganggo saksi loro kang padha lanange, dene yen seksi mau ora ana, dene yen seksi mau ora ana wong lanang loro, kena nganggo wong lanang siji sarta wong wadon !oro kang  padha kena dadi seksi, supaya yen seksi kang siji lali, seksi sijine banjur ngelingake marang seksi liyane. 

 وَلَا يَأْبَ الشُّهَدَاۤءُ اِذَا مَا دُعُوْاۗ وَلَا تَسْـَٔمُوْٓا اَنْ تَكْتُبُوْهُ صَغِيْرًا اَوْ كَبِيْرًا اِلٰٓى اَجَلِهٖۗ

Para seksi aja ngemohi yen padha diundang, lan aja bosen nulis barang kang padha sira sekseni, babagan utang mau cilik utawa gedhe, tullsen wektune semaya

ذٰلِكُمْ اَقْسَطُ عِنْدَ اللهِ وَاَقْوَمُ لِلشَّهَادَةِ وَاَدْنٰٓى اَلَّا تَرْتَابُوْٓا اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ تِجَارَةً حَاضِرَةً تُدِيْرُوْنَهَا بَيْنَكُمْ

Mungguhing Allah, utang nganggo ditulisi iku luwih dening bener lan nulung banget marang jejeging seksi, apa dene cedhak banget marang ilanging kamamanganmu, kajaba yen dagangan kang diadhep serta anggonmu tampan-tinampan kelawan kenceng iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi juru tulis lan seksi padha ora magepokan perkara iku

 فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَلَّا تَكْتُبُوْهَاۗ وَاَشْهِدُوْٓا اِذَا تَبَايَعْتُمْۖ وَلَا يُضَاۤرَّ كَاتِبٌ وَّلَا شَهِيْدٌ ەۗ وَاِنْ تَفْعَلُوْا فَاِنَّهٗ فُسُوْقٌۢ بِكُمْۗ

Ewadene manawa sira padha doltinuku prayogane padha nyeksekna. Dene manawa sira padha nerak larangan mau sira padha dadi wong fasik

 وَاتَّقُوا اللهَۗ وَيُعَلِّمُكُمُ اللهُۗ وَاللهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ﴿282﴾

Lan sira padha bektia ing Allah. Allah wis maringi sumurup marang sira kabeh, dene Allah iku Ngudaneni samubarang apa wae (282)

وَاِنْ كُنْتُمْ عَلٰى سَفَرٍ وَّلَمْ تَجِدُوْا كَاتِبًا فَرِهٰنٌ مَّقْبُوْضَةٌۗ

Lan menawa sliramu ana sajeroning lelungan, kang mangka ora pikantuk juru tulis, kena nganggo cecekelan barang gadhen kang tinampanan.

 فَاِنْ اَمِنَ بَعْضُكُمْ بَعْضًا فَلْيُؤَدِّ الَّذِى اؤْتُمِنَ اَمَانَتَهٗ

Dene menawa sawenehmu percaya marang liyane, wong kang dipercaya mau kudu nuhoni mbalekake barang kang dipercayakake.

 وَلْيَتَّقِ اللهَ رَبَّهٗۗ وَلَا تَكْتُمُوا الشَّهَادَةَۗ

Lan bektia ing Allah Pengerane, kanthi njlentrehake anggonmu dadi seksi, aja nganggo ngumpetake.

 وَمَنْ يَّكْتُمْهَا فَاِنَّهٗٓ اٰثِمٌ قَلْبُهٗۗ

Awit wong kang ngumpetake anggone nyekseni iku atine dosa.

وَاللهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ﴿283﴾ ع_37

Lan Allah iku Ngudaneni marang barang kang sira tindakake (283)

لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Samubarang isining langit lan bumi iku kagungane Allah.

 وَاِنْ تُبْدُوْا مَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اَوْ تُخْفُوْهُ

Lan manawa sira padha nglahirake apa-apa kang ana ing sajeroning atimu utawa padha nyamarake,

يُحَاسِبْكُمْ بِهِ اللهُۗ

satemene Allah bakal ngetung kabeh tanggung jawabmu ing babagan kuwi mahu.

 فَيَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ

Nuli Allah Paring Pangapura marang wong kang Dikersaake utawa matrapi siksa marang wong kang Dikersaake.

وَاللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ﴿284﴾

Dene Allah iku Nguwasani sekabehane. (284)

اٰمَنَ الرَّسُوْلُ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مِنْ رَّبِّهٖ وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ

Utusan iku percaya marang samubarang kang wis diturunake saka Pengerane, lan para wong mukmin uga percaya.

 كُلٌّ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَكُتُبِهٖ وَرُسُلِهٖۗ

Kabeh mau padha percaya ing Allah lan malaikate lan kitab-kitabe lan para utusane.

 لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْ رُّسُلِهٖۗ

Dheweke matur: “Kita sadaya mboten mbedak-mbedakaken antawisipun para utusaning Allah.”

وَقَالُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا

Sabanjure matur maneh: “Kita sampun mireng saha sami ngestokaken.

 غُفْرَانَكَ رَبَّنَا وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ﴿285﴾

Dhuh Pengeran kula, mugi Paduka Paring Pangapunten dhateng kita sadaya lan namung dhateng ngarsa  Paduka piyambak kita sedaya badhe sowan. (285)

لَا يُكَلِّفُ اللهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْۗ

Allah Ora Kersa Meksa marang sawijining priyantun, kajaba mung sak kuwate. Priyantun mau bakal tampa ganjaran kabecikan kang wis ditindakake lan uga bakal nyangga patraping keluputan kang wis ditindakake.

 رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَآ اِنْ نَّسِيْنَآ اَوْ اَخْطَأْنَاۚ

Sliramu padha munjuka atur: “Duh Pengeran kawula!  Mugi Paduka mboten matrapi kawula siksa manawi kawula kasupen utawi klentu”.

 رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَآ اِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهٗ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَاۚ

“Dhuh Pengeran kula, Padukamugi mboten ngawrataken sesanggan kula kados anggen Paduka paring sesanggan dhateng para umat saderengipun kawula”.

 رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهٖۚ

Paduka mugi mboten paring sanggan kawula barang ingkang kula mboten kuwawi nyangga.

وَاعْفُ عَنَّاۗ وَاغْفِرْ لَنَاۗ وَارْحَمْنَاۗ اَنْتَ مَوْلٰىنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ﴿286﴾ع_38

“Paduka mugi nyirnak-aken kalepatan kawula, saha mugi kersa paring pangapunten dhumateng kula. Kawula nyuwun Agunging Welas Asih Paduka, amargi Paduka punika pangayom kawula. Mugi Paduka kersa paring pitulung dhumateng kula kagem ngawonaken sedaya tiyang kafir”. (286)

 

 

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

 

 

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!