Terjemah Jawa Q.S. (4) An-Nisa’. 176 Ayat.

Qur’an Surah (4) An-Nisa (Para Priyantun Wadon). 176 ayat

سُورَةُ النِّسَاءِ

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ

He manungsa, padha ngabektia ing Pengeranmu, kang wis nitahake sira kabeh

 مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا

saka awak siji  lan banjur garwane dititahake saka bagian awak siji mau,

 وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيْرًا وَّنِسَاۤءًۚ

tumuli sumebar saka sakarone pria lan wanita kang akeh.

 وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَاۤءَلُوْنَ بِهٖ وَالْاَرْحَامَۗ

Lan sira padha ngabektia marang Allah kang padha sira anggo gegaraning panyuwunan, sarta ngraketake tetalining gotrah.

اِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا﴿١﴾

Satemene Allah iku Ngawasake marang sliramu kabeh. (1)

وَاٰتُوا الْيَتٰمٰٓى اَمْوَالَهُمْ وَلَا تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيْثَ بِالطَّيِّبِۖ

Lan sira padha menehna bandhane bocah yatim sarta aja nglironi bandhane kang becik, diijoli kang ala.

 وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَهُمْ اِلٰٓى اَمْوَالِكُمْۗ

Lan aja dhahar bandhane bocah yatim kanthi nyampur bandhamu.

 اِنَّهٗ كَانَ حُوْبًا كَبِيْرًا﴿2﴾

Satemene kang mengkono iku dosa gedhe. (2)

وَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا تُقْسِطُوْا فِى الْيَتٰمٰى

Dene menawa sira padha kuwatir ora bakal bisa tumindak adil tumrap bandhane bocah yatim (lan kuwatir ora bakal bisa adil tumrap pandumira marang bojo),

 فَانْكِحُوْا مَا طَابَ لَكُمْ مِّنَ النِّسَاۤءِ مَثْنٰى وَثُلٰثَ وَرُبٰعَۚ

Sira padha nikaha wong wadon kang dadi condhonging atimu, ngloro nelu utawa mapat wae.

 فَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا تَعْدِلُوْا فَوَاحِدَةً

Dene yen sira meksa isih kuwatir ora bakal bisa tumindak adil, iya nikaha wong wadon mung siji wae,

 اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْۗ

Utawa nerimaa mung wong wadon hamba sahayamu wae,

 ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَلَّا تَعُوْلُوْاۗ﴿3﴾

Kang mengkono iku luwih cedhak sumingkir saka tumindak nganiaya. (3)

وَاٰتُوا النِّسَاۤءَ صَدُقٰتِهِنَّ نِحْلَةًۗ

Lan sira mbayara mas kawin marang wong wadon, minangka paweweh.

 فَاِنْ طِبْنَ لَكُمْ عَنْ شَيْءٍ مِّنْهُ نَفْسًا

Dene yen wong wadon mau wis ridha mas kawine marang sliramu,

 فَكُلُوْهُ هَنِيْۤـًٔا مَّرِيْۤـًٔا﴿4﴾

Mas kawin mau sira dhahara kelawan enak. (4)

وَلَا تُؤْتُوا السُّفَهَاۤءَ

Lan aja menehake marang wong sing durung genep akale

 اَمْوَالَكُمُ الَّتِيْ جَعَلَ اللهُ لَكُمْ قِيٰمًا

bandha-bandhane kang ana ing pangrumatmu kang di dadekake Allah minangka pokoke panguripan.

 وَّارْزُقُوْهُمْ فِيْهَا وَاكْسُوْهُمْ

Wenehna kebutuhan sandang lan dhahare sacukupe wae saka bandha kuwi mau,

 وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوْفًا﴿5﴾

Lan celathua kanthi pangucap kang becik. (5)

وَابْتَلُوا الْيَتٰمٰى حَتّٰٓى اِذَا بَلَغُوا النِّكَاحَۚ

Lan padha nitipriksaa marang kahananing bocah yatim nganti tekan dhewasa,

 فَاِنْ اٰنَسْتُمْ مِّنْهُمْ رُشْدًا فَادْفَعُوْٓا اِلَيْهِمْ اَمْوَالَهُمْۚ

Ing kono manawa miturut panimbangmu bocah yatim mau wis cukup akale, bandhane wenehna.

 وَلَا تَأْكُلُوْهَآ اِسْرَافًا وَّبِدَارًا اَنْ يَّكْبَرُوْاۗ

Lan aja wani-wani dhahar bandhane bocah yatim kelawan ora bener nggege entek ing bandha mau.

 وَمَنْ كَانَ غَنِيًّا فَلْيَسْتَعْفِفْۚ

Yen sliramu kacukupan, aja dhahar babar pisan bandhane bocah yatim mau.

 وَمَنْ كَانَ فَقِيْرًا فَلْيَأْكُلْ بِالْمَعْرُوْفِۗ

Nanging yen kekurangan, ya dhahara bandhane kelawan bener.

 فَاِذَا دَفَعْتُمْ اِلَيْهِمْ اَمْوَالَهُمْ فَاَشْهِدُوْا عَلَيْهِمْۗ

Dene nalika sliramu masrahake bandhane bocah yatim padha-a golek sesksi kanggo nyeksekni yang satemene bocah yatim mau wis nampa bandhane.

 وَكَفٰى بِاللّٰهِ حَسِيْبًا﴿6﴾

Lan cukup Allah dadi Panimbang. (6)

لِلرِّجَالِ نَصِيْبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَۖ

Wong-wong lanang padba duwe panduman saka barang tetinggalan bapa biyunge utawa saka sanak sedulure.

 وَلِلنِّسَاۤءِ نَصِيْبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَ

Wong-wong wadon iya padha duwe panduman saka barang tetinggalan bapa biyunge utawa saka sanak sedulure.

 مِمَّا قَلَّ مِنْهُ اَوْ كَثُرَۗ

Ana kang mung nampa sethithik utawa akeh.

 نَصِيْبًا مَّفْرُوْضًا﴿7﴾

Mangkono iku panduman kang wis tinamtokake (7)

وَاِذَا حَضَرَ الْقِسْمَةَ اُولُوا الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنُ

He wong kang padha tampa panduman waris, manawa anak-sanak sadulur kang benere ora oleh panduman, lan bocah yatim, apa dene para wong miskin padha teka meruhi pengedume barang tinggalan iku,

 فَارْزُقُوْهُمْ مِّنْهُ

Padha sira ujurana (sadurunge barang mau dibage marang para waris kang mesthine nampa)

وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوْفًا﴿8﴾

Lan padha sira tandukana tembung kang becik lan manis. (8)

وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْا مِنْ خَلْفِهِمْ

Lan kudune sliramu padha wedi marang Allah yen ninggalake ing sak mburine

 ذُرِّيَّةً ضِعٰفًا خَافُوْا عَلَيْهِمْۖ

Anak keturunan kang ringkih, kang dikhawatirke ora iso nyukupi kebutuhane.  

 فَلْيَتَّقُوا اللهَ وَلْيَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا﴿9﴾

Padha ngabektiya sliramu marang Allah, lan padha ngucapa kanthi pangucap kang bener. (9)

اِنَّ الَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ اَمْوَالَ الْيَتٰمٰى ظُلْمًا

Satemene wong kang padha mangan bandhane bocah yatim kelawan panganiaya iku

 اِنَّمَا يَأْكُلُوْنَ فِيْ بُطُوْنِهِمْ نَارًاۗ

Prasasat ngiseni wetenge kelawan geni neraka,

 وَسَيَصْلَوْنَ سَعِيْرًا﴿10﴾ع_1

ing besuk bakal dicemplungake ing njeron geni kang mulad-mulad (neraka Sa’ir). (10)

يُوْصِيْكُمُ اللهُ فِيْٓ اَوْلَادِكُمْ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْاُنْثَيَيْنِۚ

Allah wis paring dhawuh marang sliramu tumrap anak tinggalanmu, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro,

 فَاِنْ كُنَّ نِسَاۤءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَۚ

dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan.

 وَاِنْ كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُۗ

Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separo ning barang tinggalan.

وَلِاَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ اِنْ كَانَ لَهٗ وَلَدٌۚ

Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak.

 فَاِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلَدٌ وَّوَرِثَهٗٓ اَبَوٰهُ فَلِاُمِّهِ الثُّلُثُۚ

Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa Ian biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan.

 فَاِنْ كَانَ لَهٗٓ اِخْوَةٌ فَلِاُمِّهِ السُّدُسُ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصِيْ بِهَآ اَوْ دَيْنٍۗ

Dene manawa kang mati mau tinggal sedulur (Ianang lan wadon loro sakpendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, semono iku saturahe dienggo nglesta-rekake wewekas kang diwekasake (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau.

 اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْۚ لَا تَدْرُوْنَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًاۗ

Bapakira sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa Ian anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira.

 فَرِيْضَةً مِّنَ اللهِۗ

Pangedum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah.

 اِنَّ اللهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًا﴿11﴾

Setuhune Allah iku Mahauninga lan Mahawicaksana. (11)

وَلَكُمْ نِصْفُ مَا تَرَكَ اَزْوَاجُكُمْ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهُنَّ وَلَدٌۚ

Lan sira padha duwe panduman separoning barang tetinggalan garwamu kang tilar donya, iku manawa garwamu mau ora tinggal anak.

 فَاِنْ كَانَ لَهُنَّ وَلَدٌ فَلَكُمُ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْنَ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصِيْنَ بِهَآ اَوْ دَيْنٍۗ

Dene yen tinggal anak, sira mung oleh panduman saprapating barang tetinggalane garwamu, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening garwamu, sarta dienggo mundhuti (nyauri) utange.

 وَلَهُنَّ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْتُمْ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّكُمْ وَلَدٌۚ

Para garwamu duwe panduman saprapating barang tinggalanmu yen sira tilar donya, iku manawa sira ora tinggal anak.

 فَاِنْ كَانَ لَكُمْ وَلَدٌ فَلَهُنَّ الثُّمُنُ مِمَّا تَرَكْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ تُوْصُوْنَ بِهَآ اَوْ دَيْنٍۗ

Dene yen sira tinggal anak, garwamu mung oleh panduman saprawoluning barang tinggalanmu, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang sira wasiyatake, serta dienggo nglunasi utange.

 وَاِنْ كَانَ رَجُلٌ يُّوْرَثُ كَلٰلَةً اَوِ امْرَاَةٌ وَّلَهٗٓ اَخٌ اَوْ اُخْتٌ فَلِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُۚ

Dene manawa ana wong lanang utawa wong wadon tilar donya ora tinggal bapa utawa kaki utawa anak ing mangka tinggal sedulur kang mung tunggal biyung wae lanang utawa wadon, iku yen sedulur tinggal biyung mung siji wae, pandumane sapranem barang tinggalan.

 فَاِنْ كَانُوْٓا اَكْثَرَ مِنْ ذٰلِكَ فَهُمْ شُرَكَاۤءُ فِى الثُّلُثِ مِنْۢ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُّوْصٰى بِهَآ اَوْ دَيْنٍۙ

Nanging yen sedulur tunggal biyung mau Iuwih saka siji, pandumane saprateluning barang tinggalan, diedum rampak sakancane padha sedulur tunggal biyung (lanang wadon padha wae), mangkono iku saturahe di enggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening kang mati mau, apa dene dienggo nglunasi utange,

 غَيْرَ مُضَاۤرٍّۚ وَصِيَّةً مِّنَ اللهِۗ

tur wasiyat mau ora ndadekake kemlaratan ing (kapitunaning) ahli waris kang kasebut mau. Iku dhawuh saka Allah.

 وَاللهُ عَلِيْمٌ حَلِيْمٌۗ﴿12﴾

Dene Allah Mahauninga sarta Mahasantun. (12)

تِلْكَ حُدُوْدُ اللهِۗ

Kabeh kang wis kasebut mau iku angger-anggere Allah.

وَمَنْ يُّطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهٗ

Lan sing sapa ngestokake (dhawuhe) Allah lan utusane,

 يُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ

Allah mesthi ngganjar marang wong mau, dilebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore wit-witan, ana kono padha langgeng,

 وَذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ﴿13﴾

iya kaya mangkono kabegjan kang agung. (13)

وَمَنْ يَّعْصِ اللهَ وَرَسُوْلَهٗ

Dene sing sapa duraka ing Allah lan utusane,

 وَيَتَعَدَّ حُدُوْدَهٗ

apa dene nerak angger-anggere Allah,

 يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيْهَاۖ

Allah bakal nyiksa marang wong mau, dicemplungake neraka,

 وَلَهٗ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ﴿14﴾ ع_2

ana kono padha langgeng sarta dipatrapi siksa kang ina. (14)

وَالّٰتِيْ يَأْتِيْنَ الْفَاحِشَةَ مِنْ نِّسَاۤىِٕكُمْ فَاسْتَشْهِدُوْا عَلَيْهِنَّ اَرْبَعَةً مِّنْكُمْۚ

(Para wong kang padha nyekel kabenaran) mungguh para wanita kang padha nglakoni ala (zina) iku padha sira golekna saksi lanang papat.

 فَاِنْ شَهِدُوْا فَاَمْسِكُوْهُنَّ فِى الْبُيُوْتِ

Manawa wong papat mau wis padha nyekseni anggone zina, wanita mau banjur sira kunjaranen, (kurungen) ana sajroning omah,

 حَتّٰى يَتَوَفّٰىهُنَّ الْمَوْتُ اَوْ يَجْعَلَ اللهُ لَهُنَّ سَبِيْلًا﴿15﴾

nganti dheweke tilar donya utawa nganti Allah Adamel dalan marang dheweke (lepas saka anggone dikurung utawa dikunjara). (15)

وَالَّذٰنِ يَأْتِيٰنِهَا مِنْكُمْ فَاٰذُوْهُمَاۚ

Dene yen ana wong loro kang nindakake laku ala (zina) iku padha pilaranen,

 فَاِنْ تَابَا وَاَصْلَحَا فَاَعْرِضُوْا عَنْهُمَاۗ

dene yen wong loro mau banjur padha tobat, lan padha mbecikake kelakuane, sakarone iya banjur togna wae.

اِنَّ اللهَ كَانَ تَوَّابًا رَّحِيْمًا﴿16﴾

Satemene Allah kepareng nampa tobate para kawula sarta Mahaasih. (16)

اِنَّمَا التَّوْبَةُ عَلَى اللهِ لِلَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السُّوْۤءَ بِجَهَالَةٍ

Satemene tobat (kang ditampa) dening Allah iku tumrap wong kang nglakoni laku ala, kang padha klimput atine, jalaran saka ora mangertine,

 ثُمَّ يَتُوْبُوْنَ مِنْ قَرِيْبٍ فَاُولٰۤىِٕكَ يَتُوْبُ اللهُ عَلَيْهِمْۗ

Kang ora antara suwe banjur tobat. Wong kang mangkono iku dikeparengake tobate dening Allah.

 وَكَانَ اللهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا﴿17﴾

Allah iku Mahauninga tur Mahawicaksana (17)

وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِۚ

Tobat iku ora tumrap wong kang nglakoni laku ala pirang-pirang,

 حَتّٰٓى اِذَا حَضَرَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ اِنِّيْ تُبْتُ الْـٰٔنَ

Kang nganti tekan waktu mati lagi matur: “Ing sapunika kawula tobat.”

 وَلَا الَّذِيْنَ يَمُوْتُوْنَ وَهُمْ كُفَّارٌۗ

Lan ora tumrap wong kang padha mati kafir.

 اُولٰۤىِٕكَ اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا﴿18﴾

Wong mangkono mau Ingsun ancam kelawan siksa kang nglarani (18)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَحِلُّ لَكُمْ اَنْ تَرِثُوا النِّسَاۤءَ كَرْهًاۗ

He wong kang iman kabeh, tumrap sira ora bakal halal maris bandhane para wanita kelawan peksan.

وَلَا تَعْضُلُوْهُنَّ لِتَذْهَبُوْا بِبَعْضِ مَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيْنَ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍۚ

Lan sira aja padha nyegah wong wadon mau manawa arep omah-omah maneh. Pamrihe supaya sira bisa ngilang ake seperangane bandha kang sira wenehake marang dheweke, kajaba yen wanita-wanita mau wis terang anggone nindakake laku ala (zina).

 وَعَاشِرُوْهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِۚ

Lan sira supaya nyrawungi marang wanita-wanita mau kelawan becik.

 فَاِنْ كَرِهْتُمُوْهُنَّ

Dene manawa sira ora dhemen marang wong wadon mau, (sira srantekna dhisik)

 فَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّيَجْعَلَ اللهُ فِيْهِ خَيْرًا كَثِيْرًا﴿19﴾

mbok manawa sira gething marang sawijining barang, nanging Allah nitahake kabecikan pirang-pirang ana ing barang kang sira gethingi. (19)

وَاِنْ اَرَدْتُّمُ اسْتِبْدَالَ زَوْجٍ مَّكَانَ زَوْجٍۙ

Lan manawa sira duwe sedya arep ganti bojo (arep rabi maneh)

 وَّاٰتَيْتُمْ اِحْدٰىهُنَّ قِنْطَارًا

mongka sira wis mbayar utawa nganggemi maskawin bandha akeh marang bojo kang ora sira dhemeni,

فَلَا تَأْخُذُوْا مِنْهُ شَيْـًٔاۗ

iku sira aja pisan-pisan ngelongi maskawin mau sethithik-thithika,

 اَتَأْخُذُوْنَهٗ بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا﴿20﴾

 (yen sira nganti nglakoni) apa sira ngepek mas kawin kelawan panganiaya Ian dosa kang wis terang. (20)

وَكَيْفَ تَأْخُذُوْنَهٗ

Kapriye yen sira nganti padha ngelongi (jupuk) maskawine,

 وَقَدْ اَفْضٰى بَعْضُكُمْ اِلٰى بَعْضٍ

kang mongka sira wis kelakon saresmi karo garwamu

 وَّاَخَذْنَ مِنْكُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًا﴿21﴾

sarta dheweke wis padha ngalap perjanjian kukuh saka sira kabeh. (21)

وَلَا تَنْكِحُوْا مَا نَكَحَ اٰبَاۤؤُكُمْ مِّنَ النِّسَاۤءِ اِلَّا مَا قَدْ سَلَفَۗ

Lan maneh sira aja padha ngrabeni wong wadon kang wis nate diningkah (dirabi) dening bapa utawa embahira, kajaba kang wis kebanjur biyen.

 اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةً وَّمَقْتًاۗ وَسَاۤءَ سَبِيْلًا﴿22﴾ع_3

Satemene kang mangkono iku jember  lan kabendon dening Allah sarta ala-alaning dalan. (22)

حُرِّمَتْ عَلَيْكُمْ اُمَّهٰتُكُمْ وَبَنٰتُكُمْ

Lan sira ugo dilarangi ngrabeni ibumu lan anakmu wadon,

 وَاَخَوٰتُكُمْ وَعَمّٰتُكُمْ وَخٰلٰتُكُمْ وَبَنٰتُ الْاَخِ وَبَنٰتُ الْاُخْتِ

sedulurmu wadon, lan sedulure wadon bapakmu, lan sedulure wadon ibumu, lan anake wadon sedulur lanang lan anake wadon sedulur wadon

 وَاُمَّهٰتُكُمُ الّٰتِيْٓ اَرْضَعْنَكُمْ وَاَخَوٰتُكُمْ مِّنَ الرَّضَاعَةِ

lan ibu suson kang wis nyusoni ing sliramu lan sedurmu wadon tunggal suson

 وَاُمَّهٰتُ نِسَاۤىِٕكُمْ وَرَبَاۤىِٕبُكُمُ الّٰتِيْ فِيْ حُجُوْرِكُمْ مِّنْ نِّسَاۤىِٕكُمُ الّٰتِيْ دَخَلْتُمْ بِهِنَّۖ

lan ibune garwamu, lan anakmu kuwalon kang kelumrahane ana ing pangkonmu, metu saka garwamu kang wis becik (cumbana).

 فَاِنْ لَّمْ تَكُوْنُوْا دَخَلْتُمْ بِهِنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْۖ

Dene yen sira durung becik (cumbana) lan garwamu ora ana pakewuhe sliramu nikahi anakmu kuwalon.

 وَحَلَاۤىِٕلُ اَبْنَاۤىِٕكُمُ الَّذِيْنَ مِنْ اَصْلَابِكُمْۙ

Lan dilarangi maneh tilas garwane anakmu lanang kang patutan saka sliramu dhewe

 وَاَنْ تَجْمَعُوْا بَيْنَ الْاُخْتَيْنِ اِلَّا مَا قَدْ سَلَفَۗ

Lan sliramu dilarangi wayuh wanita loro kang padha sedulur, mengkono mau kajaba wis kebanjur biyen.

 اِنَّ اللهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ﴿23﴾

Saktemene Allah iku Mahaparing Pangapura lan Mahaasih. (23)

وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ النِّسَاۤءِ اِلَّا مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْۚ

Lan maneh sira padha dilarangi ngrabeni wong wadon kang somahan (kang duwe bojo) kajaba wanita (jariah) kang kadarbe ing sira

 كِتٰبَ اللهِ عَلَيْكُمْۚ

Allah nemtokake kang mangkono mau marang sira kabeh,

وَاُحِلَّ لَكُمْ مَّا وَرَاۤءَ ذٰلِكُمْ اَنْ تَبْتَغُوْا بِاَمْوَالِكُمْ مُّحْصِنِيْنَ غَيْرَ مُسَافِحِيْنَۗ

Lan sira padha dililani ngupaya bojo wanita, liyane kang klebu ing larangan mau, sarana maskawin bandhamu, dadi sira padha ora aran zina,

فَمَا اسْتَمْتَعْتُمْ بِهٖ مِنْهُنَّ فَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ فَرِيْضَةًۗ

Wondene garwa-garwa kang wis dicampuri wenehana maskawine kanthi sampurna minangka kuwajiban

وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا تَرَاضَيْتُمْ بِهٖ مِنْۢ بَعْدِ الْفَرِيْضَةِۗ

Lan ora kapatrapan dosa yen garwa mau wis padha narima mundhak-mudhuning maskawine yen ora ana pakewuhe.

اِنَّ اللهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًا﴿24﴾

Satemene Allah iku Mahauninga sarta Mahawicaksana. (24)

وَمَنْ لَّمْ يَسْتَطِعْ مِنْكُمْ طَوْلًا اَنْ يَّنْكِحَ الْمُحْصَنٰتِ الْمُؤْمِنٰتِ

Lan sing sapa saka sira kabeh ora kuwat mbayar maskawin kanggo wong wadon merdika kang mukmin,

 فَمِنْ مَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ مِّنْ فَتَيٰتِكُمُ الْمُؤْمِنٰتِۗ وَاللهُ اَعْلَمُ بِاِيْمَانِكُمْۗ

iya nikaha (ngrabiya) wong wadon kawula kang mukmin, kang kadarbe ing liyan. Allah iku Ngudaneni bab setia Ian orane anggonmu mukmin.

 بَعْضُكُمْ مِّنْۢ بَعْضٍۚ

Yen lahira sira lan wong wadon kawula mau padha bae, mulane ya mbanjur nikaha wong wadon kawula kang resik, ora gelem zina, ngedheng utawa dhelikan.

 فَانْكِحُوْهُنَّ بِاِذْنِ اَهْلِهِنَّ وَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِ مُحْصَنٰتٍ غَيْرَ مُسٰفِحٰتٍ وَّلَا مُتَّخِذٰتِ اَخْدَانٍۚ

Sira nikaha kelawan ridhaning bendarane, lan sira mbayara maskawine klawan ganep.

 فَاِذَآ اُحْصِنَّ فَاِنْ اَتَيْنَ بِفَاحِشَةٍ فَعَلَيْهِنَّ نِصْفُ مَا عَلَى الْمُحْصَنٰتِ مِنَ الْعَذَابِۗ

Menawa wong wadon kawula mau wis kelakon omah-omah, kang mongka mbanjur nglakoni zina, iku patrapane saparoning patrapane wong wadon merdika.

 ذٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ الْعَنَتَ مِنْكُمْۗ

Dene kenane ngrabeni wong wadon kawula kang jalaran ora kuwat mbayar maskawine wong-wong wadon merdika, iku tumrap wong kang kuwatir mbok manawa nglakoni zina.

 وَاَنْ تَصْبِرُوْا خَيْرٌ لَّكُمْۗ وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ﴿25﴾ ع_4

Ewa dene yen sira kuwat sabar ora ngrabeni wong wadon kawula Ian uga ora zina, iku tumraping sira luwih becik. Dene Allah iku Maha Paring Pangapura Ian Mahaasih. (25)

يُرِيْدُ اللهُ لِيُبَيِّنَ لَكُمْ

Allah Kersa nerangake laku-lakuning agama marang sira kabeh

وَيَهْدِيَكُمْ سُنَنَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ

lan paring pituduh laku-lakuning para nabi sadurungmu,

وَيَتُوْبَ عَلَيْكُمْۗ وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ﴿26﴾

lan Panjenengane Kersa Nampa tobatmu. Dene Allah iku Mahauninga sarta Mahawicaksana. (26)

وَاللهُ يُرِيْدُ اَنْ يَّتُوْبَ عَلَيْكُمْۗ

Allah kersa nampa tobatmu kabeh.

 وَيُرِيْدُ الَّذِيْنَ يَتَّبِعُوْنَ الشَّهَوٰتِ

Dene wong-wong kang padha nggugu hawa nafsune (wong Yahudi lan wong Nasrani)

 اَنْ تَمِيْلُوْا مَيْلًا عَظِيْمًا﴿27﴾

iku padha pamrih supaya sira kabeh padha nyleweng temenan (saka barang kang bener). (27)

يُرِيْدُ اللهُ اَنْ يُّخَفِّفَ عَنْكُمْۚ

Allah Karsa Ngenthengake sesangganmu kabeh, 

وَخُلِقَ الْاِنْسَانُ ضَعِيْفًا﴿28﴾

jalaran manusa iku katitahake ringkih. (28)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

Para wong kang iman,

 لَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ

sliramu aja padha dhahar bandha-bandha ana ing antaramu kelawan ora bener,

 اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ تِجَارَةً عَنْ تَرَاضٍ مِّنْكُمْۗ

kajaba yen bandha mau arupa dagangan dol tinuku kang wis krana padha lila,

 وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ

Lan sliramu aja padha agawe cilaka awakmu dhewe,

 اِنَّ اللهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا﴿29﴾

Jalaran satemene Allah iku Mahaasih marang sliramu kabeh. (29)

وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ عُدْوَانًا وَّظُلْمًا

Lan sing sapa tumindak kang mengkono iku kang aran nglanggar wates lan nganiaya,

فَسَوْفَ نُصْلِيْهِ نَارًاۗ

Lan Ingsun bakal nyemplungake dheweke kabeh ana ing neraka.

 وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللهِ يَسِيْرًا﴿30﴾

Mengkono iku mungguhing Allah gampang. (30)

اِنْ تَجْتَنِبُوْا كَبَاۤىِٕرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ

Manawa sira padha ngedohi dosa kang gedhe-gedhe, kang linarangan kangge sliramu,

 نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ

Ingsun bakal Ngilangi dosa kaluputanmu kang cilik-cilik,

 وَنُدْخِلْكُمْ مُّدْخَلًا كَرِيْمًا﴿31﴾

Sarta Nglebokake sliramu marang enggon-lumebu kang mulya. (31)

وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللهُ بِهٖ بَعْضَكُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ

Lan sliramu aja padha kemeren, ngarep-ngarep kabegjan kang kaya diparingake dening Allah saweneh marang wong liya ngungkuli liyane.

 لِلرِّجَالِ نَصِيْبٌ مِّمَّا اكْتَسَبُوْاۗ

Para wong lanang padha duwe panduman ganjaran saka perkara kang wis padha ditindakake.

 وَلِلنِّسَاۤءِ نَصِيْبٌ مِّمَّا اكْتَسَبْنَۗ

Para wong wadon uga padha duwe panduman ganjaran saka perkara kang wis ditindakake.

 وَسْـَٔلُوا اللهَ مِنْ فَضْلِهٖۗ

Sira padha nyuwuna Sih Kanugrahaning Allah.

اِنَّ اللهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا﴿32﴾

Satemene Allah iku Maha Mangerti marang samubarang. (32)

وَلِكُلٍّ جَعَلْنَا مَوَالِيَ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدٰنِ وَالْاَقْرَبُوْنَۗ

Lan tumrap siji-sijine wong (mati) Ingsun wis ndadekake ahli waris tumrap barang tetinggalane, (yaiku) wong tuwane loro Ian para sanak sadulure.

 وَالَّذِيْنَ عَقَدَتْ اَيْمَانُكُمْ فَاٰتُوْهُمْ نَصِيْبَهُمْۗ

Lan (menawa ana) wong-wong padha perjanjian kanthi supata (kawula), jalaran saka iku sira padha menehna wong-wong mau.

اِنَّ اللهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدًا﴿33﴾ع_5

Satemene Allah iku Maha Nekseni marang samubarang. (33)

اَلرِّجَالُ قَوَّامُوْنَ عَلَى النِّسَاۤءِ

Para wong lanang iku tinitah dadi pemimpin marang para wong wadon,

 بِمَا فَضَّلَ اللهُ بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍ

jalaran anggone Allah Ngluwihake wong lanang ngungkuli wong-wong wadon,

 وَّبِمَآ اَنْفَقُوْا مِنْ اَمْوَالِهِمْۗ

lan jalaran anggone dheweke wis aweh nafkah nganggo bandhane.

 فَالصّٰلِحٰتُ قٰنِتٰتٌ حٰفِظٰتٌ لِّلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللهُۗ

Mulane wong wadon kang becik iku mesthi manut miturut marang garwane, tur rumeksa ing wadine (ora sedheng) kelawan pangreksane Allah kang wis didhawuhake.

 وَالّٰتِيْ تَخَافُوْنَ نُشُوْزَهُنَّ فَعِظُوْهُنَّ وَاهْجُرُوْهُنَّ فِى الْمَضَاجِعِ

Dene wong wadon kang sira kuwatirake wangkal (ora manut miturut), iku sira pituturana kang becik, yen meksa wangkal, nuli sira ngedohna saka paturone.

 وَاضْرِبُوْهُنَّۚ

Yen meksa isih wangkal, sira gitiki.

 فَاِنْ اَطَعْنَكُمْ فَلَا تَبْغُوْا عَلَيْهِنَّ سَبِيْلًاۗ

Dene yen banjur manut miturut marang sira, aja sira golek-golekake perkara.

اِنَّ اللهَ كَانَ عَلِيًّا كَبِيْرًا﴿34﴾

Satemene Allah iku Maha Luhur lan Mahaagung. (34)

وَاِنْ خِفْتُمْ شِقَاقَ بَيْنِهِمَا

(He wong kang padha nyekel bebener), menawa sira padha kuwatir (weruh) pasulayaning wong bebojoan,

 فَابْعَثُوْا حَكَمًا مِّنْ اَهْلِهٖ وَحَكَمًا مِّنْ اَهْلِهَاۚ

nulia sira padha nganakna juru pemisah, saka sedulure kang lanang lan sijine saka sanake kang wadon.

 اِنْ يُّرِيْدَآ اِصْلَاحًا يُّوَفِّقِ اللهُ بَيْنَهُمَاۗ

Sabanjure menawa juru pemisah loro-loro mau karep gawe becik, Allah bakal nulungi antarane wong loro mau.

اِنَّ اللهَ كَانَ عَلِيْمًا خَبِيْرًا﴿35﴾

Satemene Allah Mahauninga sarta Mahawaspada (35)

وَاعْبُدُوا اللهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا

Lan sira padha menembaha Allah, lan aja mangro tingal anggonmu manembah Allah kelawan liyane.

 وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى

Lan padha gawea becik (ngabekti) marang wong tuwa loro, Ian para sedulurmu,

وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ

lan para bocah yatim, Ian para wong miskin, lan tangga cedhak kang isih sanak, lan tangga kang adoh,

 وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْۢبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ

lan kanca kang raket, lan marang wong kang pinuju lelungan,

 وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْۗ

lan uga marang kawula kang kadarbe ing sliramu.

اِنَّ اللهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ﴿36﴾

Satemene Allah iku ora remen wong kang gumedhe Ian ngunggul-ngunggulake keluwihane. (36)

ۨالَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ وَيَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ

(Yaiku) wong-wong kang medhit kumedhit lan kang ngajak ngajak para manungsa supaya padha medhit,

 وَيَكْتُمُوْنَ مَآ اٰتٰىهُمُ اللهُ مِنْ فَضْلِهٖۗ

lan padha ngumpetake peparinging Allah kang wis diparingake marang wong mau.

وَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًاۚ﴿37﴾

Lan Ingsun ngancam marang wong kafir kanthi siksa kang ngasorake (37)

وَالَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ رِئَاۤءَ النَّاسِ

(Kajaba wong kafir), Ingsun uga ngancam wong kang padha dermakake bandhane nganggo diweruhake ing wong liya murih dialem.

 وَلَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ

Lan ora percaya ing Allah, lan ugo ora percaya marang anane dina qiyamat.

 وَمَنْ يَّكُنِ الشَّيْطٰنُ لَهٗ قَرِيْنًا فَسَاۤءَ قَرِيْنًا﴿38﴾

Dene sing sapa duwe kanca setan iku weruha menawa setan iku kanca kang ala banget. (38)

وَمَاذَا عَلَيْهِمْ لَوْ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ

Apata pakewuhe upama wong-wong padha gelem percaya marang Allah

 وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقَهُمُ اللهُۗ

lan anane dina qiyamat sarta padha gelem ndermakake bandha kang wis diparingake dening Allah?

 وَكَانَ اللهُ بِهِمْ عَلِيْمًا﴿39﴾

Allah iku Ngudaneni marang wong-wong mau kabeh. (39)

اِنَّ اللهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍۚ

Satemene Allah iku ora kersa nganiaya sanajan mung sabobote semut kang cilik.

 وَاِنْ تَكُ حَسَنَةً يُّضٰعِفْهَا

Dene menawa ana amal-ama becik, Allah bakal maringi ganjarane tikel-matikel,

 وَيُؤْتِ مِنْ لَّدُنْهُ اَجْرًا عَظِيْمًا﴿40﴾

sarta bakal Maringi ganjaran kang agung saka Ngarsane (40)

فَكَيْفَ اِذَا جِئْنَا مِنْ كُلِّ اُمَّةٍۢ بِشَهِيْدٍ

Kepriye bakal kedadeyane wong-wong kafir mau besuk nalika Ingsun nekakake saksi saka saben-saben ummat,

 وَّجِئْنَا بِكَ عَلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ شَهِيْدًاۗ﴿41﴾

lan Ingsun nekakake sira (Muhammad) supaya dadi saksi tumrap wong- wong kafir mau. (41)

يَوْمَىِٕذٍ يَّوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَعَصَوُا الرَّسُوْلَ

Ing dina iku sarupaning wong-wong kafir lan wong-wong kang padha duraka marang rasul,

 لَوْ تُسَوّٰى بِهِمُ الْاَرْضُۗ

luwih seneng yen awake sirna dadi lemah,

 وَلَا يَكْتُمُوْنَ اللهَ حَدِيْثًا﴿42﴾ ع_6

lan padha ora bisa ngumpetake tembung siji-sijia marang Allah. (42)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقْرَبُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْتُمْ سُكَارٰى

He wong kang padha iman, sira aja padha nindakake sholat menawa sira lagi mabuk,

حَتّٰى تَعْلَمُوْا مَا تَقُوْلُوْنَ

kajaba menawa sira wis padha mangerti apa kang sira ucapake,

 وَلَا جُنُبًا اِلَّا عَابِرِيْ سَبِيْلٍ حَتّٰى تَغْتَسِلُوْاۗ

Lan aja padha nindakake sholat menawa sira padha junub, kajaba wong kang pinuju lelungan, lumaku ana ing dedalan, nganti sira padha adus.

وَاِنْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَوْ عَلٰى سَفَرٍ اَوْ جَاۤءَ اَحَدٌ مِّنْكُمْ مِّنَ الْغَاۤىِٕطِ اَوْ لٰمَسْتُمُ النِّسَاۤءَ

Dene yen sira pinuju lara utawa ana sajroning lelungan utawa salah sawijine sliramu mentas teka saka jamban, utawa sira senggolan karo wong wadon,

 فَلَمْ تَجِدُوْا مَاۤءً فَتَيَمَّمُوْا صَعِيْدًا طَيِّبًا

iku yen sira padha ora oleh banyu, sira banjur padha tayamumma nganggo lebu kang resik (suci),

فَامْسَحُوْا بِوُجُوْهِكُمْ وَاَيْدِيْكُمْۗ

nuli padha ngusapa rahine sliramu Ian tanganmu.

اِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَفُوًّا غَفُوْرًا﴿43﴾

Satemene Allah iku Mahaagung sarta Mahaparing Pangapura. (43)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ

Apa sliramu (Muhammad) ora pirsa yen wong-wong kang diparingi kitab  (Yahudi Ian Nasrani)

 يَشْتَرُوْنَ الضَّلٰلَةَ

malah padha ngijoli kanthi barang sasar

 وَيُرِيْدُوْنَ اَنْ تَضِلُّوا السَّبِيْلَۗ﴿44﴾

sarta padha duwe karep arep nasarake sliramu saka dalan kang bener. (44)

وَاللهُ اَعْلَمُ بِاَعْدَاۤىِٕكُمْۗ

Lan Allah iku Iuwih Mangerti marang mungsuh-mungsuhmu,

وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَلِيًّاۙ

lan wis cukup Allah minangka Pangayoman,

 وَّكَفٰى بِاللّٰهِ نَصِيْرًا﴿45﴾

Lan wis cukup Allah minangka Pangayom. (45)

مِنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ عَنْ مَّوَاضِعِهٖ

Sawenehe wong-wong Yahudi ana sagolongan kang padha ngowahi tetembungane kitab Taurat, ana tetembungan kang dibuwang saka panggonane (banjur disalini tetembungan liyane),

 وَيَقُوْلُوْنَ سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا

Lan padha matur marang Kanjeng Rasul: “Pangandika panjenengan sampun kula mirengaken, nanging kula sami mopo.

 وَاسْمَعْ غَيْرَ مُسْمَعٍ

Panjenengan kula aturi mirengaken, nanging boten dipun gatosaken,”

 وَّرَاعِنَا لَيًّاۢ بِاَلْسِنَتِهِمْ وَطَعْنًا فِى الدِّيْنِۗ

sarta pangucape maneh: “Raa’Inaa.” Dheweke padha mutar-balik kanthi lisane, sarta nacat agama.

 وَلَوْ اَنَّهُمْ قَالُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا وَاسْمَعْ وَانْظُرْنَا

Saupama dheweke iku padha ngucap: “Kita sami mireng lan kita sami ndherek, panjenengan kula aturi mirengaken sarta mugi panjenengan nyrantosaken dhateng kita,”

 لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَاَقْوَمَۙ

temen kang mengkono iku luwih becik Ian luwih jejeg,

 وَلٰكِنْ لَّعَنَهُمُ اللهُ بِكُفْرِهِمْ

nanging Allah wis bendoni (nglaknati) marang dheweke kegawa anggone padha kafir.

فَلَا يُؤْمِنُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا﴿46﴾

Mulane ora padha gelem percaya kejaba mung sethithik. (46)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ

He para wong kang padha diparingi kitab,

 اٰمِنُوْا بِمَا نَزَّلْنَا مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ مِّنْ قَبْلِ

sira padha percaya ing kitab Al-Qur’an kang wis Ingsun turunake, kang mbenerake marang kitab cecekelanmu,

 اَنْ نَّطْمِسَ وُجُوْهًا

mumpung Ingsun durung ngrusak rahi pirang-pirang,

 فَنَرُدَّهَا عَلٰٓى اَدْبَارِهَآ

kang sebanjure padha Ingsun inger marep marang mburi,

اَوْ نَلْعَنَهُمْ كَمَا لَعَنَّآ اَصْحٰبَ السَّبْتِۗ

utawa mumpung Ingsun durung mbendoni marang wong mau kaya anggoningsun mbendoni para bani Israil kang padha kaluputan nyambut gawe, ana ing dina Sabtu (lngsun salini rupa kethek).

 وَكَانَ اَمْرُ اللهِ مَفْعُوْلًا﴿47﴾

Dene kabeh Dhawuhe Allah iku mesthi kaleksanan. (47)

اِنَّ اللهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِهٖ

Satemene Allah iku ora bakal Ngapura menawa Panjenengane nganti disekuthokake,

وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُۚ

nanging Panjenengane ngapura saliyane kang mengkono iku marang wong-wong kang dadi Kepareng Kersane.

 وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدِ افْتَرٰٓى اِثْمًا عَظِيْمًا﴿48﴾

Dene sapa kang nyekuthokake marang Allah, iku satemene dheweke tumindak dosa kang gedhe. (48)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يُزَكُّوْنَ اَنْفُسَهُمْۗ

(Muhammad), apa sliramu durung sumurup wong-wong (Yahudi Ian Nasrani) kang padha sumuci-suci nucekake  awake dhewe

 بَلِ اللهُ يُزَكِّيْ مَنْ يَّشَاۤءُ

(iku ora bener, dene kang bener) Allah iku Nucekake wong kang dadi Kepareng Kersane.

 وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا﴿49﴾

Lan dheweke iku ora bakal padha dikaniaya sethithik-thithika. (49)

اُنْظُرْ كَيْفَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللهِ الْكَذِبَۗ

Sliramu ndelenga kepriye anggone wong-wong mau padha gawe gegorohan marang ngersane Allah,

 وَكَفٰى بِهٖٓ اِثْمًا مُّبِيْنًا﴿50﴾ ع_7

Lan wis cukup kang mengkono iku (dadi) sawijining dosa kang tetela. (50)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ اُوْتُوْا نَصِيْبًا مِّنَ الْكِتٰبِ

Apa sira (Muhammad) durung sumurup marang wong-wong kang padha wis diparingi panduman saka kitab?

 يُؤْمِنُوْنَ بِالْجِبْتِ وَالطَّاغُوْتِ

Dheweke padha percaya marang brahala kang aran Jibti lan Thaghut,

 وَيَقُوْلُوْنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا

sarta padha ngucap marang kancane kang padha kafir,

هٰٓؤُلَاۤءِ اَهْدٰى مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا سَبِيْلًا﴿51﴾

menawa wong-wong mau luwih oleh pituduh marang dalan kang bener ngungkuli wong-wong kang padha iman. (51)

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَعَنَهُمُ اللهُۗ

Wong kang mengkono iku tetep padha dibendoni (dilaknati) dening Allah.

وَمَنْ يَّلْعَنِ اللهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ نَصِيْرًا﴿52﴾

Dene sing sapa dibendoni (dilaknati) dening Allah, wis mesthi ora ana ang bisa nulungi. (52)

اَمْ لَهُمْ نَصِيْبٌ مِّنَ الْمُلْكِ

Apa wong mengkono mau padha duwe panduman panguwasa ing Allah (ora).

 فَاِذًا لَّا يُؤْتُوْنَ النَّاسَ نَقِيْرًاۙ﴿53﴾

Wong mengkono mau ora pisan-pisan gelem weweh sethithik-thithika marang para manungsa. (53)

اَمْ يَحْسُدُوْنَ النَّاسَ

Apa malah padha drengki marang manungsa,

 عَلٰى مَآ اٰتٰىهُمُ اللهُ مِنْ فَضْلِهٖۚ

meri anggone padha diparingi kanugrahaning Allah (o, iku ala banget)

 فَقَدْ اٰتَيْنَآ اٰلَ اِبْرٰهِيْمَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ

Ingsun temen wis maringi Ibrahim kitab lan kawicaksanan

وَاٰتَيْنٰهُمْ مُّلْكًا عَظِيْمًا﴿54﴾

ugo marang para turune panguwasa kang gedhe. (54)

فَمِنْهُمْ مَّنْ اٰمَنَ بِهٖ

Sawenehing wong-wong (Yahudi) ana uga kang banjur percaya marang Nabi Muhammad,

 وَمِنْهُمْ مَّنْ صَدَّ عَنْهُۗ

lan sawenehe maneh ana kang mlengos.

وَكَفٰى بِجَهَنَّمَ سَعِيْرًا﴿55﴾

Lan wis cukup neraka jahannam, kanggo ngobong (wong-wong) mau. (55)

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا سَوْفَ نُصْلِيْهِمْ نَارًاۗ

Satemene wong-wong kang padha kafir marang ayat-ayat Ingsun iku ing mbesuk bakal padha Ingsun cemplungake neraka.

 كُلَّمَا نَضِجَتْ جُلُوْدُهُمْ بَدَّلْنٰهُمْ جُلُوْدًا غَيْرَهَا

Saben-saben kulite wong mau kobong (dadi awu), nuli Ingsun salini kulit anyar liyane,

 لِيَذُوْقُوا الْعَذَابَۗ

supaya bisa ngrasakake lara siksaning neraka.

 اِنَّ اللهَ كَانَ عَزِيْزًا حَكِيْمًا﴿56﴾

Satemene Allah iku Mahamulya tur Mahawicaksana. (56)

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

Dene wong-wong kang padha percaya saha padha tumindak (amal) becik

 سَنُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ

Ingsun bakal nglebokake wong-wong mau ana suwarga kang ngisore ana bengawane mili, ana kono bakal padha langgeng salawas-lawase,

 لَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌۙ

lan ana kono dheweke bakal kaparingan garwa (widadari) kang padha suci,

 وَّنُدْخِلُهُمْ ظِلًّا ظَلِيْلًا﴿57﴾

lan Ingsun bakal nglebokake marang wong-wong mau ana pangeyuban kang banget eyube. (57)

اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ اَنْ تُؤَدُّوا الْاَمٰنٰتِ اِلٰٓى اَهْلِهَاۙ

Satemene Allah dhawuh marang sliramu kabeh supaya padha masrahake (ngulihake) titipan marang wong kang duwe barang titipan.

 وَاِذَا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ اَنْ تَحْكُمُوْا بِالْعَدْلِۗ

Lan menawa sira padha mutusi perkaraning manungsa, supaya mutusi (ngukumi) kanthi adil.

 اِنَّ اللهَ نِعِمَّا يَعِظُكُمْ بِهٖۗ

Satemene becik-becike pitutur iku kang Diparingke dening Allah marang sliramu kabeh.

اِنَّ اللهَ كَانَ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا﴿58﴾

Satemene Allah Mahamidhanget lan Mahamirsani. (58)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاُولِى الْاَمْرِ مِنْكُمْۚ

He wong iman kabeh, sliramu padha ngestokna (tha’ata) marang Allah lan ngestokna marang para Utusane Allah sarta wong kang padha nyekel panguasa (pemerintahan) saka sliramu kabeh.

 فَاِنْ تَنَازَعْتُمْ فِيْ شَيْءٍ فَرُدُّوْهُ اِلَى اللهِ وَالرَّسُوْلِ

Dene menawa sira padba pasulayan bab sawijining perkara, sira padha-a mbalekake perkara mau marang Allah lan para utusane,

 اِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ

menawa sira padha percaya marang Allah Ian dina qiyamat.

 ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا﴿59﴾ ع_8

Kang mengkono iku luwih becik sarta sabecik-becike kedadean. (59)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يَزْعُمُوْنَ اَنَّهُمْ

(He Muhammad) Apa sira durung sumurup marang wong kang padha ngira

 اٰمَنُوْا بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ

menawa dheweke iku padha percaya marang kitab kang wis diturunake marang sliramu lan kitab kang diturunake sadurungmu,

 يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّتَحَاكَمُوْٓا اِلَى الطَّاغُوْتِ

ing mangka dheweke (tansah) padha karep njaluk keputusan marang brahala Thaghut,

 وَقَدْ اُمِرُوْٓا اَنْ يَّكْفُرُوْا بِهٖۗ

serta dheweke wis didhawuhi supaya padha ora percaya brahala,

 وَيُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّضِلَّهُمْ

nanging setan sumedya nyasarake  marang wong-wong mau,

ضَلٰلًاۢ بَعِيْدًا﴿60﴾

kang adoh sasare saka barang kang bener. (60)

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ

Lan nalikane wong-wong mau padha didhawuhi:

 تَعَالَوْا اِلٰى مَآ اَنْزَلَ اللهُ وَاِلَى الرَّسُوْلِ

“Sliramu kabeh padha nyuwuna bebener, wewaton Al-Qur’an kang diturunake dening Allah, Ian nyuwuna bebener marang Utusaning Allah.”

 رَاَيْتَ الْمُنٰفِقِيْنَ

Sira weruh wong-wong munafiq mau

 يَصُدُّوْنَ عَنْكَ صُدُوْدًاۚ﴿61﴾

padha mlengos saka sliramu. (61)

فَكَيْفَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ

Lan bakai kepriye polahe wong kang mengkono iku ing mbesuk dina qiyamat nalikane padha katempuh pakewuh siksa, dumunung wewalesing keluputane kang wis padha ditindakake nganggo tangane. wong munafiq mau sawise mlengos,

 ثُمَّ جَاۤءُوْكَ يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِۖ

nuli padha sowan marang sliramu (Muhammad) matur lamis nganggo dikantheni supata, nyebut asmane Allah, ature: “Demi Allah,

 اِنْ اَرَدْنَآ اِلَّآ اِحْسَانًا وَّتَوْفِيْقًا﴿62﴾

anggen kita nyuwun keleresan dhateng sanesipun Panjenengan punika mhoten saking punapa-punapa, pamrih kita namung supados sae sarta pikantuk pitulungan. (62)

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَعْلَمُ اللهُ مَا فِيْ قُلُوْبِهِمْ

Wong kang mengkono iku (lamis sajroning atine) wis diuningani dening Allah,

 فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَعِظْهُمْ

mulane penyelondhohe mau sira tokake wae, nanging sira mituturana marang wong-wong mau

 وَقُلْ لَّهُمْ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ قَوْلًاۢ بَلِيْغًا﴿63﴾

kanthi pangucap Ian pitutur kang mranani ing atine. (63)

وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا لِيُطَاعَ بِاِذْنِ اللهِۗ

Lan Ingsun ora ngutus sawijining utusan kajaba mung supaya diestokake (ditha’ati) klawan Idzining Allah.

 وَلَوْ اَنَّهُمْ اِذْ ظَّلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ

Dene wong mau jalaran rumangsa nganiaya awake dhewe (marga anggone njaluk bebener marang Thaghut),

جَاۤءُوْكَ فَاسْتَغْفَرُوا اللهَ

menawa padha sowan sliramu (Muhammad) nuli padha nyuwun Pangapuraning Allah,

وَاسْتَغْفَرَ لَهُمُ الرَّسُوْلُ

sarta dikantheni para utusane Allah iya nyuwunake pangapura keluputane wong-wong mau,

 لَوَجَدُوا اللهَ تَوَّابًا رَّحِيْمًا﴿64﴾

iku mesthi padha weruh menawa Allah iku Mahakersa Nampa Tobating para kawula lan Mahaasih. (64)

فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُوْنَ

Nanging ora! Dhemi Pangeranmu, (sanyatane) dheweke iku padha ora iman

 حَتّٰى يُحَكِّمُوْكَ فِيْمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ

kajaba yen banjur nyuwun bebener marang sira Muhammad, tumrap perkara kang dadi pasulayan antarane wong mau (sawise sira ngukumi).

ثُمَّ لَا يَجِدُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ حَرَجًا

Atine ora pisan-pisan seseg marang bebenermu,

 مِّمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا﴿65﴾

anane mung pasrah marang putusanmu, tumeka ing atine. (65)

وَلَوْ اَنَّا كَتَبْنَا عَلَيْهِمْ

Lan menawa Ingsun dhawuh (majibake) marang wong-wong mau:

اَنِ اقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْ اَوِ اخْرُجُوْا مِنْ دِيَارِكُمْ

“Sira padha matenana awakmu utawa sira padha metuwa saka ing negaramu,”

 مَّا فَعَلُوْهُ اِلَّا قَلِيْلٌ مِّنْهُمْۗ

mesthi dheweke padha ora gelem nindakake dhawuh mau, kajaba mung sethithik (kang gelem).

 وَلَوْ اَنَّهُمْ فَعَلُوْا مَا يُوْعَظُوْنَ بِهٖ

Ing mangka menawa dheweke padha gelem nindakake barang kang wis didhawuhake mau,

 لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَاَشَدَّ تَثْبِيْتًاۙ﴿66﴾

mesthi becik tumrap dheweke Ian luwih nguwatake ketetepan imane. (66)

وَّاِذًا لَّاٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ لَّدُنَّآ اَجْرًا عَظِيْمًاۙ﴿67﴾

   Ing kono Ingsun mesthi Maringi ganjaran kang agung marang wong-wong mau saka Ngarsa Ingsun. (67)

وَّلَهَدَيْنٰهُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًا﴿68﴾

Lan temen Ingsun Nuduhake dalan kang jejeg (bener) marang wong-wong mau. (68)

وَمَنْ يُّطِعِ اللهَ وَالرَّسُوْلَ

Dene wong kang padha tha’at (ngestokake dhawuh) ing Allah lan utusane,

 فَاُولٰۤىِٕكَ مَعَ الَّذِيْنَ اَنْعَمَ اللهُ عَلَيْهِمْ

wong kang mengkono iku bakal kagolongake karo wong-wong kang wis padha kaparingan nikmat dening Allah,

 مِّنَ النَّبِيّٖنَ وَالصِّدِّيْقِيْنَ وَالشُّهَدَاۤءِ وَالصّٰلِحِيْنَۚ

Kaya dene para nabi lan para wong kang temen-temen, lan wong-wong kang padha mati syahid, lan para wong kang becik-becik (saleh).

 وَحَسُنَ اُولٰۤىِٕكَ رَفِيْقًا﴿69﴾

Lan wong kang kasebut ing ndhuwur iku dadi becik-becike kanca. (69)

ذٰلِكَ الْفَضْلُ مِنَ اللهِۗ

Kang mengkono iku kanugrahan saka ngarsane Allah

 وَكَفٰى بِاللّٰهِ عَلِيْمًا﴿70﴾ ع_9

Lan cukup Allah Kang Uninga. (70)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا

He para wong kang iman kabeh,

 خُذُوْا حِذْرَكُمْ

Padha pasanga kaprayitnanmu,

 فَانْفِرُوْا ثُبَاتٍ

Nuli padha majua perang apantha-pantha

 اَوِ انْفِرُوْا جَمِيْعًا﴿71﴾

Utawa padha majua kabeh bebarengan. (71)

وَاِنَّ مِنْكُمْ لَمَنْ لَّيُبَطِّئَنَّۚ

Lan satemene saweneh saka kancamu kang ngrendhe-rendhe (anggone maju perang)

 فَاِنْ اَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةٌ

Nuli menawa sliramu ketemon bebaya (kalah)

 قَالَ قَدْ اَنْعَمَ اللهُ عَلَيَّ

Dheweke ngucap: “Satemene Allah iku wis paring nikmat marang aku,

 اِذْ لَمْ اَكُنْ مَّعَهُمْ شَهِيْدًا﴿72﴾

Jalaran ora melu maju perang karo wong-wong mau.” (72)

وَلَىِٕنْ اَصَابَكُمْ فَضْلٌ مِّنَ اللهِ

Nanging manawa sliramu pikantuk kanugrahan (kamenangan) saka Allah

 لَيَقُوْلَنَّ كَاَنْ لَّمْ تَكُنْۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهٗ مَوَدَّةٌ

yekti dheweke padha ngucap, kaya-kaya antarane wong-wong mau Ian sira kabeh ora ana tali paseduluran:

 يّٰلَيْتَنِيْ كُنْتُ مَعَهُمْ

“Ah, mbok iyaa aku biyen melu maju perang karo wong-wong mau

 فَاَفُوْزَ فَوْزًا عَظِيْمًا﴿73﴾

banjur aku oleh kabegjan kang agung padha karo wong-wong mau. (73)

فَلْيُقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ الَّذِيْنَ يَشْرُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا بِالْاٰخِرَةِۗ

Jalaran saka iku, wong-wong kang padha nukar (nuku) panguripan donyane nganggo akherate supaya padha perang krana ngluhurake asmane Allah.

وَمَنْ يُّقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

Jalaran sapa kang perang krana ngluhurake agamane Allah

 فَيُقْتَلْ اَوْ يَغْلِبْ

banjur pinatenan utawa menang

 فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا﴿74﴾

ing mbesuk sliramu bakal Ingsun Paringi ganjaran kang agung. (74)

وَمَا لَكُمْ لَا تُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

Ya gene sliramu padha ora gelem mangsah perang sabilillah,

 وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاۤءِ وَالْوِلْدَانِ الَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ

lan mbelani wong-wong sing apes lanang Ian wadon, sarta anak-anak kang padha munjuk atur ing Allah mengkene:

 رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا مِنْ هٰذِهِ الْقَرْيَةِ الظَّالِمِ اَهْلُهَاۚ

“Dhuh Pengeran kita, mugi-mugi Paduka ngedalaken ing kita saking negari punika ingkang ahlinipun tansah nganiaya,

 وَاجْعَلْ لَّنَا مِنْ لَّدُنْكَ وَلِيًّاۚ

tuwin mugi ndadosaken ing kita saking ngarsa Paduka tetiyang ingkang ngayomi

 وَاجْعَلْ لَّنَا مِنْ لَّدُنْكَ نَصِيْرًا﴿75﴾

tuwin mugi Ndadosaken kangge kita saking ngarsa Paduka tetiyang ingkang tetulung. (75)

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِۚ

Wong-wong kang iman mau padha perang karana ngluhurake agamane Allah,

 وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ الطَّاغُوْتِ

Dene wong-wong kang padha kafir iku padha perang karana dedalane Thaghut.

 فَقَاتِلُوْٓا اَوْلِيَاۤءَ الشَّيْطٰنِۚ

Jalaran saka iku sira padha merangana para panulunging setan.

 اِنَّ كَيْدَ الشَّيْطٰنِ كَانَ ضَعِيْفًاۚ﴿76﴾ ع_10

Sumurupa, menawa kahanane setan iku ringkih. (76)

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ قِيْلَ لَهُمْ

(He Muhammad), sliramu apa ora sumurup wong kang padha didhawuhi mengkene:

 كُفُّوْٓا اَيْدِيَكُمْ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۚ

“Saiki sira padha nyegaha tangan-tanganmu (aja mangsah perang), lan padha nglakonana sholat lan padha menehana zakat,” (wong mau banjur padha ngajak Perang Sabilillah).

فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ يَخْشَوْنَ النَّاسَ

Bareng padha diwajibake mangsah perang, ing kono banjur ana wong sagolongan kang wedi mapagake mungsuh (manungsa) kafir,

كَخَشْيَةِ اللهِ اَوْ اَشَدَّ خَشْيَةًۚ وَقَالُوْا

Padha karo wedine marang Allah, Ian padha munjuk ing Allah:

رَبَّنَا لِمَ كَتَبْتَ عَلَيْنَا الْقِتَالَۚ

“Dhuh Pengeran kawula, margi saking punapa Paduka  teka nemtokaken dhumateng kawula wajib mangsah perang,

 لَوْلَآ اَخَّرْتَنَآ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۗ

Mbok inggih Paduka nyrantosaken malih dhateng kawula sawatawis mangsa malih.”

 قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيْلٌۚ

(He Muhammad) sliramu dhawuha: “Kabungahan donya iku mung sethithik (sepele) banget,

 وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّمَنِ اتَّقٰىۗ

Dene kabungahan ing akhirat iku Iuwih becik tumrap wong kang bekti ing Allah.

وَلَا تُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا﴿77﴾

Lan sliramu kabeh ora bakai padha dikaniaya sethithlk-thithika.” (77)

اَيْنَمَا تَكُوْنُوْا يُدْرِكْكُّمُ الْمَوْتُ

Ana ing ngendi wae sliramu manggon, sira mesthi bakal kecandak dening pati,

 وَلَوْ كُنْتُمْ فِيْ بُرُوْجٍ مُّشَيَّدَةٍۗ

Senajan sira padha ana ing sajeroning gedhong-gedhong kang dhuwur.

وَاِنْ تُصِبْهُمْ حَسَنَةٌ يَّقُوْلُوْا

Menawa wong-wong mau padha pikantuk barang becik (kabegjan) padha ngucap:

هٰذِهٖ مِنْ عِنْدِ اللهِۚ

“Kabecikan iki tekane saka Ngarsane Allah,”

وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَّقُوْلُوْا

Dene menawa ketaman ala dheweke padha ngucap:

هٰذِهٖ مِنْ عِنْدِكَۗ

“(Ala) iki saka sliramu Muhammad.”

 قُلْ كُلٌّ مِّنْ عِنْدِ اللهِۗ

Sliramu dhawuha (Muhammad): “Kabeh iku terang saka Ngarsane Allah.”

فَمَالِ هٰٓؤُلَاۤءِ الْقَوْمِ

Ananging ana apa ta wong-wong iki,

 لَا يَكَادُوْنَ يَفْقَهُوْنَ حَدِيْثًا﴿78﴾

Dene prasasat padha ora ngerti apa kang kadhawuhake (marang dheweke)? (78)

مَآ اَصَابَكَ مِنْ حَسَنَةٍ فَمِنَ اللهِۖ

Samubarang kang becik kang tumanduk ing sliramu, iku sejatine saka Kersane Allah.

 وَمَآ اَصَابَكَ مِنْ سَيِّئَةٍ فَمِنْ نَّفْسِكَۗ

Dene samubarang kang ala kang ngenani sliramu iku lahire marga saka awakmu dhewe.

 وَاَرْسَلْنٰكَ لِلنَّاسِ رَسُوْلًاۗ

(Muhammad) Ingsun wis ngutus sliramu, ngratakake dhawuh marang para manungsa,

 وَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا﴿79﴾

Dene tetepe sliramu dadi utusan, iku cukup Disekseni Allah piyambak. (79)

مَنْ يُّطِعِ الرَّسُوْلَ فَقَدْ اَطَاعَ اللهَۚ

Sing sapa manut miturut (tha’at) marang utusane Allah, iku temen wis manut miturut (tha’at) ing Allah.

 وَمَنْ تَوَلّٰى فَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًاۗ﴿80﴾

Dene sing sapa mlengos, iku aja ndadekake susahmu (Muhammad). Awit anggon Ingsun ngutus sliramu, iku ora majibake (ngudokake) rumeksa lakune manungsa. (80)

وَيَقُوْلُوْنَ طَاعَةٌۖ

(Wong-wong munafiq) padha matur (marang Muhammad): “Kula sami manut miturut (tha’at) ing panjenengan,”

فَاِذَا بَرَزُوْا مِنْ عِنْدِكَ

Nanging bareng wis mundur (lunga) saka ngarepmu,

 بَيَّتَ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ غَيْرَ الَّذِيْ تَقُوْلُۗ

Para pangarepe wong mau sagolongan banjur padha mbathin kosok baline kang diaturake ana ngarsanmu.

وَاللهُ يَكْتُبُ مَا يُبَيِّتُوْنَۚ

Allah nulisi barang kang padha dibathin mau.

 فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللهِۗ

Awit saka iku sira aja ngrewes marang wong-wong mau lan tawakkala (pasraha) marang Allah.

 وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا﴿81﴾

Perkara iku cukup pinasrahake Allah. (81)

اَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْاٰنَۗ

Apa wong-wong munafiq ora padha mikir-mikir surasaning Al-Qur’an?

 وَلَوْ كَانَ مِنْ عِنْدِ غَيْرِ اللهِ

Saupama Al-Qur’ an iku tumurune ora saka Ngarsane Allah,

 لَوَجَدُوْا فِيْهِ اخْتِلَافًا كَثِيْرًا﴿82﴾

mesthi wong-wong mau padha mrangguli (nemu) perkara kang kosok bali pirang-pirang ana sajroning Qur’an. (82)

وَاِذَا جَاۤءَهُمْ اَمْرٌ مِّنَ الْاَمْنِ

Lan menawa wong-wong mau padha pikantuk kabar kang nentremake

 اَوِ الْخَوْفِ

utawa kang nguwatirake,

 اَذَاعُوْا بِهٖۗ

dheweke banjur padha enggal nyiarake marang umum,

وَلَوْ رَدُّوْهُ اِلَى الرَّسُوْلِ

Lan saupama dheweke padha mbalekake kabar marang utusane Allah

 وَاِلٰٓى اُولِى الْاَمْرِ مِنْهُمْ

lan marang wong kang nguwasani perkarane dheweke (pemerintahane),

 لَعَلِمَهُ الَّذِيْنَ يَسْتَنْۢبِطُوْنَهٗ مِنْهُمْۗ

wis mesthi kabar mau dimangerteni dening kang kawogan nyeritakake bab iku (prayoga diumumake apa ora).

 وَلَوْلَا فَضْلُ اللهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ

Lan saupama Allah ora maringake Sih Kanugrahan lan Sih Kawelasan marang sliramu kabeh

 لَاتَّبَعْتُمُ الشَّيْطٰنَ اِلَّا قَلِيْلًا﴿83﴾

temen sliramu banjur padha manut setan, kajaba mung sethithik sing ora manut. (83)

فَقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِۚ

(Muhammad) yen mengkono sliramu ngawakana dhewe Perang Sabilillah,

 لَا تُكَلَّفُ اِلَّا نَفْسَكَ

Kang kajibah perang iku dudu sapa-sapa, benere awakmu dhewe

 وَحَرِّضِ الْمُؤْمِنِيْنَۚ

Lan uga nggretehana para wong mukmin,

 عَسَى اللهُ اَنْ يَّكُفَّ بَأْسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ

Allah muga muga ngalahna perange wong kafir.

 وَاللهُ اَشَدُّ بَأْسًا وَّاَشَدُّ تَنْكِيْلًا﴿84﴾

Dene Allah iku luwih dening santosa, Ian siksane uga luwih dening abot. (84)

مَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً حَسَنَةً يَّكُنْ لَّهٗ نَصِيْبٌ مِّنْهَاۚ

Sapa kang tetulung kelawan pitulungan kang becik, iku bakai oleh panduman ganjaran saka anggone tetulung mau.

 وَمَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً سَيِّئَةً يَّكُنْ لَّهٗ كِفْلٌ مِّنْهَاۗ

Sapa kang tetulung kelawan pitulungan ala, iku duwe panduman kaluputan saka anggone tetulung mau.

 وَكَانَ اللهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقِيْتًا﴿85﴾

Allah iku Nguwasani marang samubarang. (85)

وَاِذَا حُيِّيْتُمْ بِتَحِيَّةٍ

Menawa sliramu padha dibagekake salam,

فَحَيُّوْا بِاَحْسَنَ مِنْهَآ اَوْ رُدُّوْهَاۗ

Sliramu mangsuIana kang Iuwih becik ngungkuli anggone uluk salam wong mau, utawa wangsulana padha anggone uluk salam.

اِنَّ اللهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَسِيْبًا﴿86﴾

Satemene Allah Ngetung ing samubarang. (86)

اَللهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ

Allah, ora ana Sesembahan kajaba mung Panjenengane Piyambak.

 لَيَجْمَعَنَّكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَا رَيْبَ فِيْهِۗ

Satemene Panjenengane bakal ngumpulake sira kabeh ing dina qiyamat, kang kahanan iku ora dimamangi maneh.

وَمَنْ اَصْدَقُ مِنَ اللهِ حَدِيْثًا﴿87﴾ ع_11

Lan sapa kang Pangucape luwih temen kang ngungkuli Pangandikane Allah? (87)

فَمَا لَكُمْ فِى الْمُنٰفِقِيْنَ فِئَتَيْنِ

Ya gene sliramu para wong Islam padha pasulayan penemunmu mungguh kang bakal sira terapake marang wong munafiq, sliramu dadi rong golongan (kang segolongan kudu mateni wong munafiq, lan kang sagolongan maneh kudu nyrantekake).

 وَاللهُ اَرْكَسَهُمْ بِمَا كَسَبُوْاۗ

Allah wis mbalekake (marang kamusyrikan) jalaran tindake wong-wong mau.

 اَتُرِيْدُوْنَ اَنْ تَهْدُوْا مَنْ اَضَلَّ اللهُۗ

Apa sira karep nuduhake marang wong kang disasarake dening Allah?

 وَمَنْ يُّضْلِلِ اللهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ سَبِيْلًا﴿88﴾

Ing mangka sapa kang disasarake dening Allah, ora bakal bisa pikantuk dalan kang bener. (88)

وَدُّوْا لَوْ تَكْفُرُوْنَ كَمَا كَفَرُوْا فَتَكُوْنُوْنَ سَوَاۤءً

Pangarep-arepe para munafiq, dheweke padha seneng menawa sliramu padha dadi kafir kaya wong munafiq,

 فَلَا تَتَّخِذُوْا مِنْهُمْ اَوْلِيَاۤءَ

mulane sliramu aja pisan-pisan padha nganggep sedulur (mitra) marang wong munafiq mau,

 حَتّٰى يُهَاجِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِۗ

Kajaba yen wong munafiq mau banjur gelem mangsah Perang Sabilillah klawan setia tuhu.

 فَاِنْ تَوَلَّوْا فَخُذُوْهُمْ وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ وَجَدْتُّمُوْهُمْۖ

Dene yen wong munafiq mau puguh anggone mlengos, banjur cekelen, Ian tawanen ing ngendi anggone ketemu banjur sira patenana.

وَلَا تَتَّخِذُوْا مِنْهُمْ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًاۙ﴿89﴾

Lan sira aja nganggep mitra utawa panulung marang wong mau. (89)

اِلَّا الَّذِيْنَ يَصِلُوْنَ اِلٰى قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌ

Kajaba wong kang banjur padha ngungsi marang sagolongan kang wis duwe perjanjian kukuh karo sliramu,

 اَوْ جَاۤءُوْكُمْ حَصِرَتْ صُدُوْرُهُمْ اَنْ يُّقَاتِلُوْكُمْ اَوْ يُقَاتِلُوْا قَوْمَهُمْۗ

Utawa dheweke padha teka sowan ing sliramu, padha sesak atine, rumangsa padha ora keconggah merangi sira utawa merangi golongane,

وَلَوْ شَاۤءَ اللهُ لَسَلَّطَهُمْ عَلَيْكُمْ فَلَقَاتَلُوْكُمْۚ

Kang mangka menawa ana keparenging Allah, temen Allah paring kewanen maneh marang wong munafiq mau, temahan dheweke banjur merangi sliramu maneh.

 فَاِنِ اعْتَزَلُوْكُمْ فَلَمْ يُقَاتِلُوْكُمْ وَاَلْقَوْا اِلَيْكُمُ السَّلَمَۙ

Jalaran saka iku, menawa dheweke sumingkir saka sira yaiku ora merangi sira, lan padha nawakake pendhamen,

 فَمَا جَعَلَ اللهُ لَكُمْ عَلَيْهِمْ سَبِيْلًا﴿90﴾

Ing kono Allah ora ndadekake dalan kanggo merangi wong-wong mau. (90)

سَتَجِدُوْنَ اٰخَرِيْنَ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّأْمَنُوْكُمْ

(He para wong Islam). Sira bakal padha mrangguli wong-wong munafiq liyane maneh kang padha karep nyantosakake sliramu kabeh

 وَيَأْمَنُوْا قَوْمَهُمْۗ

Lan (karep) nyantosakake golongane

كُلَّ مَا رُدُّوْٓا اِلَى الْفِتْنَةِ اُرْكِسُوْا فِيْهَاۚ

Nanging samangsa dheweke diajak marang fitnah, dheweke enggal sumujud nyarujuki.

 فَاِنْ لَّمْ يَعْتَزِلُوْكُمْ وَيُلْقُوْٓا اِلَيْكُمُ السَّلَمَ

Jalaran menawa dheweke padha ora gelem sumingkir sarta padha ora gelem rukun (damai),

وَيَكُفُّوْٓا اَيْدِيَهُمْ

Apa dene padha ora gelem nyegah tangane,

فَخُذُوْهُمْ وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوْهُمْۗ

Wong-wong mau nuli padha tawanen (cekelen) lan padha patenana ana ngendi wae sira padha kepethuk dheweke

وَاُولٰۤىِٕكُمْ جَعَلْنَا لَكُمْ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا﴿91﴾ ع_12

Jalaran wong kang mengkono mau Ingsun ndamel ing sira kabeh panguwasa kang terang marang dheweke. (91)

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ اَنْ يَّقْتُلَ مُؤْمِنًا

Wong mukmin ora kena mateni kancane padha mukmin,

 اِلَّا خَطَـًٔاۚ

kajaba yen anggone mateni ora dijarag.

وَمَنْ قَتَلَ مُؤْمِنًا خَطَـًٔا

Dene sing sapa mateni kancane padha mukmin ora kelawan dijarag,

 فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ وَّدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ اِلٰٓى اَهْلِهٖٓ

dheweke wajib (kapatrapan) rong werna: siji, kudu merdekakake kawula kang mukmin, sijine kudu bayar dhendhan kang dipasrahake marang ahli warise kang dipateni

 اِلَّآ اَنْ يَّصَّدَّقُوْاۗ

Kajaba yen ahli warise padha nglilakake.

فَاِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍ عَدُوٍّ لَّكُمْ وَهُوَ مُؤْمِنٌ

Nanging menawa kang mati iku saweneh saka mungsuhmu, mangka dheweke iku mukmin,

 فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍۗ

Iku kapatrapan, merdikakake kawula siji kang mukmin.

وَاِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌ

Lan menawa kang dipateni ora dijarak mau ewone wong kafir kang wis padha gawe perjanjian lan sira,

 فَدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ اِلٰٓى اَهْلِهٖ وَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍۚ

iku patrapane mbayar dhendhan kang dipasrahake marang ahli warise wong kang dipateni, sarta merdikakake kawula siji kang mukmin.

فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِۖ تَوْبَةً مِّنَ اللهِۗ

Nanging yen sira ora bisa pikantuk kawula kang mukmin, dheweke wajib pasa rong sasi tumaruntun (nuli-nuli) tanpa pedhot, minangka nyuwun tobat saka Allah.

 وَكَانَ اللهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا﴿92﴾

Dene Allah iku Mahauninga lan Maha Wicaksana. (92)

وَمَنْ يَّقْتُلْ مُؤْمِنًا مُّتَعَمِّدًا

Dene sing sapa mateni wong mukmin kelawan njarag,

فَجَزَاۤؤُهٗ جَهَنَّمُ خَالِدًا فِيْهَا

iku piwalese disiksa ana neraka jahannam, ana kono padha langgeng,

 وَغَضِبَ اللهُ عَلَيْهِ وَلَعَنَهٗ

sarta Allah mbendoni (Ia’nati) marang wong mau,

 وَاَعَدَّ لَهٗ عَذَابًا عَظِيْمًا﴿93﴾

lan Panjenengane nyawisi siksa kang gedhe marang dheweke. (93)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا ضَرَبْتُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

He wong mukmin kabeh, nalikane sliramu padha mangkat ngluruk perang sabilillah,

 فَتَبَيَّنُوْا

Supaya sira padha goleka keterangan kang cetha (aja nganthi kleru mateni kancamu mukmin dhewe)

 وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ اَلْقٰٓى اِلَيْكُمُ السَّلٰمَ لَسْتَ مُؤْمِنًاۚ

Menawa ana wong nungkul marang sira janji saguh mlebu Islam, aja banjur sira wangsuli: “Sira iku dudu wong mukmin (lan banjur sira pateni),”

 تَبْتَغُوْنَ عَرَضَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۖ

Pamrihe mung supaya pikantuk kabungahan ing donya (njarah darbeke),

 فَعِنْدَ اللهِ مَغَانِمُ كَثِيْرَةٌۗ

Sira weruha ing ngarsane Allah iku jarahan pirang-pirang.

كَذٰلِكَ كُنْتُمْ مِّنْ قَبْلُ فَمَنَّ اللهُ عَلَيْكُمْ فَتَبَيَّنُوْاۗ

Mengkono iku lelakonmu nalika semana (wis kelakon ditampani panungkulmu), Allah nuli paring kanugrahan pitulungan marang sira mulane sira padha setitia nerang-nerangake.

اِنَّ اللهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا﴿94﴾

Satemene Allah iku Mahawapada ing kabeh samubarang kang sliramu tindakake.  (94)

لَا يَسْتَوِى الْقَاعِدُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ

Wong-wong mukmin kang ora nandhang lelara, nanging linggih ana ing omah wae (ora melu perang)

 غَيْرُ اُولِى الضَّرَرِ وَالْمُجَاهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ

tinimbang wong mukmin kang mangsah Perang Sabilillah klawan ngetokake bandha-bandbane Ian nyawane, ora padha pangkate.

 فَضَّلَ اللهُ الْمُجٰهِدِيْنَ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ عَلَى الْقٰعِدِيْنَ دَرَجَةًۗ

Allah ngutamakake pangkate wong mukmin kang padha ngetokake bandhane lan nyawane ngungkuli pangkate wong mukmin kang mung padha lungguh (ora melu perang).

 وَكُلًّا وَّعَدَ اللهُ الْحُسْنٰىۗ

Kabeh mau Allah wis ngebang-ngebang klawan ganjaran.

 وَفَضَّلَ اللهُ الْمُجٰهِدِيْنَ عَلَى الْقٰعِدِيْنَ اَجْرًا عَظِيْمًاۙ﴿95﴾

Lan Allah paring keluwihan (ganjaran) marang wong kang padha ngetokake bandha lan nyawane, ngungkuli wong mukmin kang mung lungguh, kanthi ganjaran kang agung. (95)

دَرَجٰتٍ مِّنْهُ وَمَغْفِرَةً وَّرَحْمَةًۗ

(Yaiku) diparingi pirang-pirang pangkat saka ngarsane Allah lan diparingi pangapura lan sih rahmate.

وَكَانَ اللهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا﴿96﴾

Dene Allah iku Mahangapura sarta Mahaasih. (96)

اِنَّ الَّذِيْنَ تَوَفّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ظَالِمِيْٓ اَنْفُسِهِمْ

Satemene wong-wong Islam kang padha dipateni dening malaikat pati jalaran anggone padha ora melu hijrah, iku tetep dadi wong kang padha nganiaya marang awake dhewe,

 قَالُوْا فِيْمَ كُنْتُمْۗ

Pangandikane para malaikat pati: “Sira iku wong kafir, apa sahabate kanjeng Rasul?”

قَالُوْا كُنَّا مُسْتَضْعَفِيْنَ فِى الْاَرْضِۗ

Dheweke padha matur: “Kula punika wonten ing bumi Mekkah sami dados tiyang apes (mboten kuwawi ngedegaken agami Islam)

 قَالُوْٓا اَلَمْ تَكُنْ اَرْضُ اللهِ وَاسِعَةً

Malaikat pati ngendika maneh: “Apa bumine Allah iku ora jembar,

فَتُهَاجِرُوْا فِيْهَاۗ

Kang mesthine sira padha hijrah (pindah ngungsi) ana ing kono?” (Kaya kanca-kancamu).

 فَاُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ

Wong kang mengkono mau mesthi manggon ana ing neraka Jahannam,

وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًاۙ﴿97﴾

iya iku ala-alane panggonan bali. (97)

اِلَّا الْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاۤءِ وَالْوِلْدَانِ

Kajaba wong-wong Ianang lan wong-wong wadon sarta para bocah kang padha apes,

 لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ حِيْلَةً وَّلَا يَهْتَدُوْنَ سَبِيْلًاۙ﴿98﴾

Kang padha ora bisa ngalih lan ora duwe ragat lan ora pikantuk pituduh dalane pengungsen. (98)

فَاُولٰۤىِٕكَ عَسَى اللهُ اَنْ يَّعْفُوَ عَنْهُمْۗ

Wong-wong kang mengkono iku muga-muga Allah paring pangapura kagawa saka (kaapesane) wong-wong mau,

 وَكَانَ اللهُ عَفُوًّا غَفُوْرًا﴿99﴾

Jalaran Allah iku Mahaparing Maaf sarta Mahaparing Pangapura. (99)

وَمَنْ يُّهَاجِرْ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

Lan sapa wonge kang hijrah karana ngluhurake agamane Allah

 يَجِدْ فِى الْاَرْضِ مُرَاغَمًا كَثِيْرًا وَّسَعَةًۗ

Mesthi pikantuk panggonan pirang-pirang ana bumi lan gampang lakune ngupaya pangupa jiwa.

وَمَنْ يَّخْرُجْ مِنْۢ بَيْتِهٖ

Lan sapa kang metu saka omahe

مُهَاجِرًا اِلَى اللهِ وَرَسُوْلِهٖ

Karana hijrah marang Allah lan utusane

 ثُمَّ يُدْرِكْهُ الْمَوْتُ

Nuli nemahi pati,

 فَقَدْ وَقَعَ اَجْرُهٗ عَلَى اللهِۗ

Temen Allah Majibake Sarirane Piyambak Maringi ganjarane (hijrah) marang wong-wong mau.

 وَكَانَ اللهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا﴿100﴾ ع_13

Lan Allah iku Mahaparing Pangapura sarta Mahaasih. (100)

وَاِذَا ضَرَبْتُمْ فِى الْاَرْضِ

Lan menawa sliramu pinuju lelungan ana bumi,

 فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَقْصُرُوْا مِنَ الصَّلٰوةِۖ

Ora ana pekewuhe padha nyendekake (qashar) sholat,

 اِنْ خِفْتُمْ اَنْ يَّفْتِنَكُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ

Iku yen sira kuwatir mbok menawa wong-wong kafir arep nyerang sliramu,

 اِنَّ الْكٰفِرِيْنَ كَانُوْا لَكُمْ عَدُوًّا مُّبِيْنًا﴿101﴾

satemene wong-wong kafir iku dadi mungsuh kang terang marang sira kabeh. (101)

وَاِذَا كُنْتَ فِيْهِمْ فَاَقَمْتَ لَهُمُ الصَّلٰوةَ فَلْتَقُمْ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ مَّعَكَ وَلْيَأْخُذُوْٓا اَسْلِحَتَهُمْۗ

(Muhammad), nalikane sira awor para sahabatmu kang padha melu hijrah (ana ing dalan kuwatir mbok menawa dipethukake mungsuh), kang mangka sliramu arep sholat, iku kancanmu kang sagologan jumenenga sholat bareng, sarta padha nyekela gegamane dhewe-dhewe.

 فَاِذَا سَجَدُوْا فَلْيَكُوْنُوْا مِنْ وَّرَاۤىِٕكُمْۖ

Dene sing sagolongan ngerenana, rumeksa-a kancane sagolongan kang Iagi sholat mau saka ing mburimu (wong sagolongan kang sholat dhisik bajur nutugna sholat dhewe, sawise rampung nuli ganti jagaa).

 وَلْتَأْتِ طَاۤىِٕفَةٌ اُخْرٰى لَمْ يُصَلُّوْا فَلْيُصَلُّوْا مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوْا حِذْرَهُمْ وَاَسْلِحَتَهُمْۚ

Dene wong sagolongan kang ngereni mau durung melu sholat banjur majua sholat, sarta padha prayitnaa nyekeli gegamane.

 وَدَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ تَغْفُلُوْنَ عَنْ اَسْلِحَتِكُمْ وَاَمْتِعَتِكُمْ فَيَمِيْلُوْنَ عَلَيْكُمْ مَّيْلَةً وَّاحِدَةًۗ

Pangarep-arepe para mungsuh wong kafir, sajroning sira sholat, kelalen gegaman Ian bandhamu, ing kono wong kafir banjur nutup sira sapisan wae rampung.

 وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِنْ كَانَ بِكُمْ اَذًى مِّنْ مَّطَرٍ اَوْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَنْ تَضَعُوْٓا اَسْلِحَتَكُمْ وَخُذُوْا حِذْرَكُمْۗ

Dene yen pinuju ana aIangan udan, utawa pinuju lara, iya ora ana pakewuhe sira nyelehake gegamanmu, nanging sira iya diprayitnaa.

 اِنَّ اللهَ اَعَدَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًا﴿102﴾

Satemene Allah ngancam siksa kang ngina marang wong kafir (102)

فَاِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلٰوةَ

Menawa anggonmu sholat wis rampung,

 فَاذْكُرُوا اللهَ قِيَامًا وَّقُعُوْدًا وَّعَلٰى جُنُوْبِكُمْۚ

Nuli banjur padha nyebuta asmane Allah karo ngadeg, Ian karo linggih, sarta karo turon miring.

 فَاِذَا اطْمَأْنَنْتُمْ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَۚ

Dene yen sira wis padha tentrem, banjur padha jumenengna sholat (kaya adate).

 اِنَّ الصَّلٰوةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ كِتٰبًا مَّوْقُوْتًا﴿103﴾

Satemene sholat iku diwajibake marang kabeh wong mukmin kang wis ditentokake wektune. (103)

وَلَا تَهِنُوْا فِى ابْتِغَاۤءِ الْقَوْمِۗ

Lan sliramu aja padha ora duwe daya anggonmu padha nguber-nguber musuhmu,

 اِنْ تَكُوْنُوْا تَأْلَمُوْنَ فَاِنَّهُمْ يَأْلَمُوْنَ كَمَا تَأْلَمُوْنَۚ

dene menawa sliramu padha kelaran, saternene dheweke uga kelaran kaya anggonmu kelaran,

 وَتَرْجُوْنَ مِنَ اللهِ مَا لَا يَرْجُوْنَۗ

Malahan sliramu isih duwe pangarep-arep ganjaran peparinging Allah kang ora bisa diarep-arep dening golongan wong kafir.

 وَكَانَ اللهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا ࣖ﴿104﴾ ع_14

Allah iku Mahauninga lan Mahawicaksana. (104)

اِنَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ

Saternene Ingsun wis nurunake marang sira (Muhammad) sawijining Kitab (Qur’an) kang ngamot bebener,

 لِتَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ بِمَآ اَرٰىكَ اللهُۗ

Supaya sira anggo ngukumi antarane manungsa kanthi barang kang wis diwulangake,

 وَلَا تَكُنْ لِّلْخَاۤىِٕنِيْنَ خَصِيْمًاۙ﴿105﴾

Lan sliramu aja pisan-pisan ngewangi wong-wong kang padha khiyanat. (105)

وَّاسْتَغْفِرِ اللهَۗ اِنَّ اللهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ﴿106﴾

Lan nyuwuna Pangapura marang Allah.  Satemene Allah iku Mahaparing Pangapura tur Mahaasih. (106)

وَلَا تُجَادِلْ عَنِ الَّذِيْنَ يَخْتَانُوْنَ اَنْفُسَهُمْۗ

Lan sliramu aja padudon saperlu ngrewangi perkarane wong-wong kang padha nyidrani marang awake dhewe.

 اِنَّ اللهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ خَوَّانًا اَثِيْمًاۙ﴿107﴾

Satemene Allah iku Ora Remen marang wong-wong kang gawene cidra tur dosa. (107)

يَّسْتَخْفُوْنَ مِنَ النَّاسِ

Wong kang nyidrani marang awake dhewe mau padha slinthutan nglimpekake marang para manungsa,

 وَلَا يَسْتَخْفُوْنَ مِنَ اللهِ

Nanging dheweke ora bisa slinthutan saka Allah,

 وَهُوَ مَعَهُمْ اِذْ يُبَيِّتُوْنَ مَا لَا يَرْضٰى مِنَ الْقَوْلِۗ

Nalikane padha ngrancang arep ngucap kang ora dadi kapareng ing Allah.

 وَكَانَ اللهُ بِمَا يَعْمَلُوْنَ مُحِيْطًا﴿108﴾

Lan Allah iku Maha Nglimputi Marang samubarang kang padha ditindakake wong-wong mau. (108)

هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ جَادَلْتُمْ عَنْهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ

He wong kang padha ngombyongi wong kang cidra, sira kabeh padha elinga ing kauripan donya padha padudon ngerewangi wong kang cidra.

 فَمَنْ يُّجَادِلُ اللهَ عَنْهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَمْ مَّنْ يَّكُوْنُ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا﴿109﴾

Ing mbesuk dina qiyamat sapa kang kaconggah padudon karo Allah, ngrewangi wong kang cidra, utawa sapa kang gelem ngukuhi wong sing cidra  nulak siksaning Allah? (109)

وَمَنْ يَّعْمَلْ سُوْۤءًا اَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهٗ

Lan sing sapa nglakoni panggawe ala utawa nganiaya marang awake dhewe,

 ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللهَ

Banjur nyuwun pangapura marang Allah,

 يَجِدِ اللهَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا﴿110﴾

Mesthi dheweke nemu kasunyatane menawa Allah iku Mahaparing Pangapura tur Mahaasih. (110)

وَمَنْ يَّكْسِبْ اِثْمًا فَاِنَّمَا يَكْسِبُهٗ عَلٰى نَفْسِهٖۗ

Lan sing sapa nglakoni dosa, satemene anggone nglakoni dosa mau kena marang awake dhewe.

 وَكَانَ اللهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا ﴿111﴾

Dene Allah iku Mahauninga tur Mahawicaksana (111)

وَمَنْ يَّكْسِبْ خَطِيْۤـَٔةً اَوْ اِثْمًا

Lan sapa kang nindakake sawijing laku salah utawa dosa

 ثُمَّ يَرْمِ بِهٖ بَرِيْۤـًٔا

Nuli dheweke nuduhake marang sawijining wong kang resik,

 فَقَدِ احْتَمَلَ بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا﴿112﴾ ع_15

Temen wong iku mikul gegorohan lan dosa kang gedhe. (112)

وَلَوْلَا فَضْلُ اللهِ عَلَيْكَ وَرَحْمَتُهٗ

Lan saupama ora ana Sih Kanugrahaning Allah lan Rahmate marang sira (Muhammad) mesthi sira kesasar.

 لَهَمَّتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ اَنْ يُّضِلُّوْكَۗ

Awit wong sagolongan kang padha nganiaya awake dhewe

 وَمَا يُضِلُّوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَضُرُّوْنَكَ مِنْ شَيْءٍۗ

iku sumedya nyasarake sapa-sapa, malah awake dhewe kesasar.

وَاَنْزَلَ اللهُ عَلَيْكَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ

Lan Allah wis nurunake kitab Qur’an lan kawicaksanan marang sira,

 وَعَلَّمَكَ مَا لَمْ تَكُنْ تَعْلَمُۗ

sarta mulang marang sira ing samubarang kang durung sliramu weruhi.

وَكَانَ فَضْلُ اللهِ عَلَيْكَ عَظِيْمًا﴿113﴾

Dene Sih Kanugrahaning Allah marang sliramu iku banget agung. (113)

لَا خَيْرَ فِيْ كَثِيْرٍ مِّنْ نَّجْوٰىهُمْ

Manungsa kang padha kakehan guneman iku ora becik,

 اِلَّا مَنْ اَمَرَ بِصَدَقَةٍ اَوْ مَعْرُوْفٍ اَوْ اِصْلَاحٍۢ بَيْنَ النَّاسِۗ

kejaba wong-wong kang padha prentah sedekah utawa nindakake kabecikan, sarta ngrukunake para manungsa.

 وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللهِ

Sing sapa nglakoni mengkono krana ngupaya karidhaning Allah,

فَسَوْفَ نُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا﴿114﴾

ing mbesuk mesthi Ingsun paringi  ganjaran kang gedhe. (114)

وَمَنْ يُّشَاقِقِ الرَّسُوْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُ الْهُدٰى

Lan sapa kang nulayani utusane Allah sawise pikantuk pituduh,

 وَيَتَّبِعْ غَيْرَ سَبِيْلِ الْمُؤْمِنِيْنَ

Lan malah nganut dudu dalane wong mukmin,

 نُوَلِّهٖ مَا تَوَلّٰى وَنُصْلِهٖ جَهَنَّمَۗ

iku Ingsun jarke nguwasani samubarang kang dipilih mau, lan bakal Ingsun cemplungake neraka jahannam,

وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًا﴿115﴾ ع_16

Yaiku ala-alane panggonan bali. (115)

اِنَّ اللهَ لَا يَغْفِرُ اَنْ يُّشْرَكَ بِهٖ

Satemene Allah Ora Kersa Paring Pangapura, menawa Panjenengane nganti disekuthokake (dimusyriki)

 وَيَغْفِرُ مَا دُوْنَ ذٰلِكَ لِمَنْ يَّشَاۤءُۗ

Nanging Kersa Paring Pangapura dosa saliyane marang wong kang Dikersakake.

 وَمَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًاۢ بَعِيْدًا﴿116﴾

Dene sing sapa nyekuthokake marang Panjenengane (musyrik), iku tetep jeneng wong sing kesasar kang adoh banget (116)

اِنْ يَّدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلَّآ اِنَاثًاۚ

Wong-wong musyrik ora padha nyembah saliyane Allah, kajaba mung manembah brahala kang diarani Inats,

 وَاِنْ يَّدْعُوْنَ اِلَّا شَيْطٰنًا مَّرِيْدًاۙ﴿117﴾

Lan dheweke iku ora padha manembah kajaba mung marang setan kang tansah gawe ala. (117)

لَّعَنَهُ اللهُۘ

Allah wis nglaknat marang syetan,

 وَقَالَ لَاَتَّخِذَنَّ مِنْ عِبَادِكَ نَصِيْبًا مَّفْرُوْضًاۙ﴿118﴾

Lan dheweke munjuk atur marang Allah: “Sayektos kawula badhe mendhet saking para kawula Paduka satunggaling bagean kawula ingkang temtu (sami ngabektos sarta tundhuk dhumateng kawula). (118)

وَّلَاُضِلَّنَّهُمْ وَلَاُمَنِّيَنَّهُمْ

“Lan estu kawula badhe nyasaraken dhateng piyambakipun, tuwin badhe ngojok-ngojoki piyambakipun supados sami anggadhahana pangangen-angen ingkang muspra,

 وَلَاٰمُرَنَّهُمْ فَلَيُبَتِّكُنَّ اٰذَانَ الْاَنْعَامِ وَلَاٰمُرَنَّهُمْ فَلَيُغَيِّرُنَّ خَلْقَ اللهِۗ

Sarta estu kawula printah dhateng piyambakipun supados nyigar kuping rajakayanipun, punapa dene kawula badhe prentah dhateng piyambakipun supados ngewahi titahing Allah.”

 وَمَنْ يَّتَّخِذِ الشَّيْطٰنَ وَلِيًّا مِّنْ دُوْنِ اللهِ

Lan sapa kang ngalap syetan dadi pangayome saka saliyane Allah,

 فَقَدْ خَسِرَ خُسْرَانًا مُّبِيْنًا﴿119﴾

Temen dheweke iku wis kataman kapitunan kang terang. (119)

يَعِدُهُمْ وَيُمَنِّيْهِمْۗ

Setan iku njanji marang wong-wong mau lan menehi pangangen-angen kang tanpa guna,

 وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا﴿120﴾

nanging janjine setan ora ana liya kajaba mung apus -apusan wae. (120)

اُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۖ

Wong kang mengkono panggonane ana neraka jahanam,

وَلَا يَجِدُوْنَ عَنْهَا مَحِيْصًا﴿121﴾

Lan dheweke ora bakal padha pikantuk pengungsen saka neraka mau. (121)

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ

Dene wong kang padha mukmin sarta padha nindhakake laku becik,

 سَنُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ

Bakal padha Ingsun leboake suwarga kang ana bengawane mili ana ing sangisor kekayone, lan ing kono padha langgeng salawase.

وَعْدَ اللهِ حَقًّاۗ

Allah wis janji kang mengkono klawan temen.

وَمَنْ اَصْدَقُ مِنَ اللهِ قِيْلًا﴿122﴾

Lan sapa kang temen pangucape ngungkuli Pangandikane Allah? (122)

لَيْسَ بِاَمَانِيِّكُمْ

(Perkara tumibane ganjaran) ora miturut pangangen-angenmu,

 وَلَآ اَمَانِيِّ اَهْلِ الْكِتٰبِۗ

lan ora miturut pangangen-angene wong kafir kang padha diparingi kitab.

 مَنْ يَّعْمَلْ سُوْۤءًا يُّجْزَ بِهٖۙ

Sapa kang tumindak ala, mesthi diwales marga anggone tumindak ala mau

 وَلَا يَجِدْ لَهٗ مِنْ دُوْنِ اللهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا﴿123﴾

Lan dheweke ora bakal bisa oleh pengayoman sarta kang nulungi saliyane Allah. (123)

وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ

Lan sing sapa nindakake laku becik,

 مِنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ

Priya utawa wanita lan dheweke iku iman,

 فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُوْنَ نَقِيْرًا﴿124﴾

wong kang mengkono iku mesthi bakal mlebu suwarga, lan dheweke ora bakal padha dikaniaya sethithik-thithika (124)

وَمَنْ اَحْسَنُ دِيْنًا مِّمَّنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ

Lan sapa wong kang luwih becik agamane ngungkuli tinimbang karo wong kang masrahake awake marang Allah,

 وَهُوَ مُحْسِنٌ وَّاتَّبَعَ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ

dheweke banjur tansah tumindak becik, sarta banjur nderek ing agamane Ibrahim kang condong ing bebener.

 وَاتَّخَذَ اللهُ اِبْرٰهِيْمَ خَلِيْلًا﴿125﴾

Lan Allah wis Mundhut marang Ibrahim Dikersakake dadi Kekasihe. (125)

وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Samubarang isining bumi Ian samubarang isi saindenging Iangit iku kabeh kagungane Allah,

 وَكَانَ اللهُ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيْطًا﴿126﴾ ع_17

Lan Ilmune Allah iku ngelimputi ing sakabehing samubarang. (126)

وَيَسْتَفْتُوْنَكَ فِى النِّسَاۤءِۗ

(Muhammad) para sahabatmu padha nyuwun katerangan marang sira bab pernatan para wanita,

 قُلِ اللهُ يُفْتِيْكُمْ فِيْهِنَّۙ

Sliramu dhawuha: “Allah bakal paring katerangan marang sira kabeh bab perkara wanita,

 وَمَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ فِى الْكِتٰبِ

Kaya kang wis kapacak ana ing kitab (Qur’ an) iki,

 فِيْ يَتٰمَى النِّسَاۤءِ الّٰتِيْ لَا تُؤْتُوْنَهُنَّ مَا كُتِبَ لَهُنَّ

Ana perkarane bocah wadon yatim, sira ora padha gelem menehake apa kang diwajibake marang dheweke saka bandha warisane

 وَتَرْغَبُوْنَ اَنْ تَنْكِحُوْهُنَّ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ مِنَ الْوِلْدَانِۙ

Lan sira malah padha seneng ngrabeni marang bocah-bocah wadon yatim iku,

 وَاَنْ تَقُوْمُوْا لِلْيَتٰمٰى بِالْقِسْطِۗ

Mangkono uga ana perkarane bocah-bocah yatim.

 وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ

Dene kabeh kabecikan kang padha sira tindakake,

 فَاِنَّ اللهَ كَانَ بِهٖ عَلِيْمًا﴿127﴾

Satemene Allah iku Mahauninga (127)

وَاِنِ امْرَاَةٌ خَافَتْ مِنْۢ بَعْلِهَا نُشُوْزًا اَوْ اِعْرَاضًا

Menawa ana sawijining wanita kuwatir (kedadean) saka bojone (yen nganti kelakon) dheweke dikebonake utawa disingkur dening bojone,

 فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَآ اَنْ يُّصْلِحَا بَيْنَهُمَا صُلْحًاۗ

ora ana pekewuhe yen wong sak kloron mau banjur padha rukun (utawa pegatan klawan becik).

 وَالصُّلْحُ خَيْرٌۗ

Dene kang luwih becik bali rukun maneh.

 وَاُحْضِرَتِ الْاَنْفُسُ الشُّحَّۗ

Nanging atine manungsa iku diwatak medhit.

 وَاِنْ تُحْسِنُوْا وَتَتَّقُوْا فَاِنَّ اللهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا﴿128﴾

Dene yen sira padha gawe becik sarta padha bekti ing Allah, weruha yen satemene Allah iku Mahawaspadha marang samubarang kang sira tindakake (128)

وَلَنْ تَسْتَطِيْعُوْٓا اَنْ تَعْدِلُوْا بَيْنَ النِّسَاۤءِ

Lan sira wis mesthi ora bisa tumindak adil (madha katresnanmu) marang  para garwamu,

 وَلَوْ حَرَصْتُمْ

Senajan wis sira persudi kanthi temen-temen.

 فَلَا تَمِيْلُوْا كُلَّ الْمَيْلِ

Jalaran saka iku sira aja nganti condhong karo garwamu kelawan banget,

 فَتَذَرُوْهَا كَالْمُعَلَّقَةِۗ

kang tundhone sira ninggalake garawamu (kang ora sira condhongi) iku mung kaya sawijining barang kang dicanthelake.

 وَاِنْ تُصْلِحُوْا

Nanging menawa sira padha gelem tumindak rukun

 وَتَتَّقُوْا

sarta padha bekti ing Allah,

 فَاِنَّ اللهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا﴿129﴾

sira weruha satemene Allah iku Mahaparing Pangapura, sarta Mahaasih (129)

وَاِنْ يَّتَفَرَّقَا

Dene menawa sakloron mau wis pisahan,

 يُغْنِ اللهُ كُلًّا مِّنْ سَعَتِهٖۗ

Allah mesthi bakal nyukupake keperluan siji-sijine kelawan kanugrahan.

 وَكَانَ اللهُ وَاسِعًا حَكِيْمًا﴿130﴾

Allah iku Mahajembar sarta Mahawicaksana (130)

وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Samubarang isining bumi Ian saidenging langit iku kabeh kagungane Allah.

 وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ

Lan satemene Ingsun wis dhawuh marang wong-wong kang padha duwe cecekelan kitab sadurungmu

 وَاِيَّاكُمْ اَنِ اتَّقُوا اللهَۗ

lan uga marang sira, supaya sira kabeh wae pada ngabekti ing Allah.

وَاِنْ تَكْفُرُوْا

Dene yen sira padha kafir,

 فَاِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Sira weruha menawa samubarang isi saindenging langit lan bumi iku kabeh kagungane Allah.

وَكَانَ اللهُ غَنِيًّا حَمِيْدًا﴿131﴾

Allah iku Mahasugih (ora butuh marang kawulane) sarta Mahapinuji. (131)

وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Samubarang saindenging langit lan bumi iku kabeh kagungane Allah.

 وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا﴿132﴾

Lan cukup Allah Kang Pinasrahan. (132)

اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ اَيُّهَا النَّاسُ وَيَأْتِ بِاٰخَرِيْنَۗ

He para manungsa, manawa Allah kersa, Panjenenane bisa nyirnakake sira kabeh, lan Panjenengane bakal Nitahake kawuia Iiyane (kang anyar),

 وَكَانَ اللهُ عَلٰى ذٰلِكَ قَدِيْرًا﴿133﴾

Allah iku Mahakuasa nindakake kang mengkono iku. (133)

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ ثَوَابَ الدُّنْيَا

Sapa sing mersudi ganjaran ana donya,

 فَعِنْدَ اللهِ ثَوَابُ الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۗ

iku weruha yen Allah iku kagungan ganjaran ana donya Ian ana akherat.

وَكَانَ اللهُ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا﴿134﴾ ع_18

Dene Allah iku Maha Midhanget sarta Mahapirsa. (134)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْا قَوَّامِيْنَ بِالْقِسْطِ شُهَدَاۤءَ لِلّٰهِ

He para wong mukmin kabeh, sliramu padha dadia wong kang tumindak adil anggonmu dadi seksi karana Allah,

وَلَوْ عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ

senajan bakal ngalahake marang awakmu dhewe,

 اَوِ الْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَۚ

utawa bakal ngalahake marang wong tuwa loromu dhewe pisan, Ian bakal ngalahake marang sanak sedulurmu.

 اِنْ يَّكُنْ غَنِيًّا اَوْ فَقِيْرًا فَاللهُ اَوْلٰى بِهِمَاۗ

Menawa ana wong kang sliramu sekseni iku sugih utawa miskin (ora perlu dibelani), awit Allah piyambak kang luwih kudu mbeneri marang si sugih Ian si miskin.

فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوٰٓى

Mulane sliramu aja padha nuruti karepe hawa nafsumu dhewe,

 اَنْ تَعْدِلُوْاۚ

supaya sliramu aja nganti ora tumindak adil.

 وَاِنْ تَلْوٗٓا اَوْ تُعْرِضُوْا

Dene yen nganti padha mlengos (ora bener anggonmu nyekseni) utawa ora gelem nyekseni,

 فَاِنَّ اللهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا﴿135﴾

Satemene Allah Mahawaspada marang samubarang kang sira tindakake. (135)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا

He para wong mukmin kabeh,

 اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَالْكِتٰبِ الَّذِيْ نَزَّلَ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَالْكِتٰبِ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنْ قَبْلُۗ

padha percaya-a marang Allah Ian para utusane Ian kitab kang wis diturunake marang utusane (Muhammad) sarta marang kitab (suci) kang wis diturunake sadurunge,

 وَمَنْ يَّكْفُرْ بِاللّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَكُتُبِهٖ وَرُسُلِهٖ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًاۢ بَعِيْدًا﴿136﴾

Jalaran sing sapa kafir marang Allah lan para Malaikate lan kitab-kitabe Ian para utusane sarta dina akhir (qiya mat) temen wong mau wis kesasar kang banget adohe. (136)

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا

Satemene wong-wong kang padha  iman, nuli bali dadi kafir

 ثُمَّ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا

Banjur iman maneh, nuli bali kafir maneh,

 ثُمَّ ازْدَادُوْا كُفْرًا

Malah saya wuwuh-wuwuh (tambah-tambah) kafire,

 لَّمْ يَكُنِ اللهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ

Allah ora bakal paring pangapura marang wong-wong mau,

 وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ سَبِيْلًاۗ﴿137﴾

lan Panjenengane ora bakal paring pitedah ing dheweke marang dalan kang jejeg. (137)

بَشِّرِ الْمُنٰفِقِيْنَ

(Muhammad), sira paringa kabar marang wong-wong kang padha munafiq,

 بِاَنَّ لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ﴿138﴾

menawa dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang nglarani. (138)

ۨالَّذِيْنَ يَتَّخِذُوْنَ الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۗ

(Yaiku) wong-wong munafiq padha memitran marang wong kafir lan ora gelem memitran marang wong mukmin.

 اَيَبْتَغُوْنَ عِنْدَهُمُ الْعِزَّةَ فَاِنَّ الْعِزَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًاۗ﴿139﴾

Apa pamrihe supaya pikantuk kamulyan saka wong-wong kafir mau? (Luput pangarep-arepe). Awit kamulyan iku kabeh kagungane Allah. (139)

وَقَدْ نَزَّلَ عَلَيْكُمْ فِى الْكِتٰبِ

(Para wong Islam) Allah temen wis nurunake marang sira kabeh kasebut ana kitab Al-Qur’an dhawuhe:

 اَنْ اِذَا سَمِعْتُمْ اٰيٰتِ اللهِ يُكْفَرُ بِهَا وَيُسْتَهْزَاُ بِهَا

“Menawa sira padha krungu ayat-ayate Allah dipaido lan digeguyu,

 فَلَا تَقْعُدُوْا مَعَهُمْ

Sira aja lelinggihan, lan awor wong kang maido (kafir) utawa nggeguyu mau,

حَتّٰى يَخُوْضُوْا فِيْ حَدِيْثٍ غَيْرِهٖٓۖ

 Nganti padha salin gunem siji lan liyane.

اِنَّكُمْ اِذًا مِّثْلُهُمْۗ

Menawa sira gelem Ielungguhan, sira mesthi dadi papadhane.

 اِنَّ اللهَ جَامِعُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْكٰفِرِيْنَ فِيْ جَهَنَّمَ جَمِيْعًاۙ﴿140﴾

Satemene Allah bakal ngumpulake wong munafiq lan wong kafir iku ana ing neraka jahannam.” (140)

ۨالَّذِيْنَ يَتَرَبَّصُوْنَ بِكُمْۗ

Wong-wong kafir lan munafiq iku padha ngenteni bakal kepriye kedadeyan sliramu

 فَاِنْ كَانَ لَكُمْ فَتْحٌ مِّنَ اللهِ قَالُوْٓا اَلَمْ نَكُنْ مَّعَكُمْۖ

Menawa sliramu oleh kemenangan saka ngersane Allah, dheweke padha ngucap: “Punapa kita punika sanes. golongan Penjenengan ta?” 

وَاِنْ كَانَ لِلْكٰفِرِيْنَ نَصِيْبٌ قَالُوْٓا اَلَمْ نَسْتَحْوِذْ عَلَيْكُمْ وَنَمْنَعْكُمْ مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَۗ

Nanging menawa wong kafir kang padha oleh panduman, dheweke padha ngucap: “Apa dudu kita kang padha mbiyantu, lan apa dudu kita kang wis nyegah sira kabeh? Aja nganti sira dikalahake dening wong-wong mukmin.”

 فَاللهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ

Weruha menawa Allah bakal mutusi besuk dina qiyamat ana antaramu,

 وَلَنْ يَّجْعَلَ اللهُ لِلْكٰفِرِيْنَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ سَبِيْلًا﴿141﴾ ع_19

Allah iku ora pisan-pisan andamel marang wong-wong kafir alasan kanggo ngalahake wong-wong mukmin. (141)

اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ يُخٰدِعُوْنَ اللهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْۚ

Satemene wong-wong munafiq padha ngapusi Allah. Panjenengane Allah uga males ing apuse wong mau,

 وَاِذَا قَامُوْٓا اِلَى الصَّلٰوةِ قَامُوْا كُسَالٰىۙ

menawa dheweke nindakake shalat, tumindake mau disartani aras-arasen,

 يُرَاۤءُوْنَ النَّاسَ

sarta mamerake shalate iku marang para manungsa,

 وَلَا يَذْكُرُوْنَ اللهَ اِلَّا قَلِيْلًاۖ﴿142﴾

Lan dheweke ora padha eling marang Allah kajaba mung sethithik. (142)

مُّذَبْذَبِيْنَ بَيْنَ ذٰلِكَۖ

Wong-wong munafiq mau padha gojag-gajeg antarane kafir lan Islam,

 لَآ اِلٰى هٰٓؤُلَاۤءِ وَلَآ اِلٰى هٰٓؤُلَاۤءِۗ

ora mesthi melu nggolong wong kafir Ian ora mesthi melu nggolong wong Islam.

وَمَنْ يُّضْلِلِ اللهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ سَبِيْلًا﴿143﴾

Dene sing sapa disasarake dening Allah, mesthi ora pikantuk dalan kang bener.  (143)

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الْكٰفِرِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۚ

He para wong mukmin kabeh, sira aja padha ngalap wong-wong kafir dadi pengayoman, tinimbangane marang wong mukmin.

 اَتُرِيْدُوْنَ اَنْ تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ عَلَيْكُمْ سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا﴿144﴾

(Yen sira nindakake mengkono) apa sira nedya gawe tandha bebener kawuningan ing Allah, kang mratandha menawa sira iku munafiq? (144)

اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ فِى الدَّرْكِ الْاَسْفَلِ مِنَ النَّارِۚ

Satemene wong-wong munafiq iku panggonane ana ing neraka kang ngisor dhewe,

 وَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ نَصِيْرًاۙ﴿145﴾

lan sira (Muhammad) ora pisan-pisan pikantuk wong kang bisa nulungi marang wong-wong mau. (145)

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا

Kajaba wong-wong kang gelem padha tobat anggone munafiq

وَاَصْلَحُوْا وَاعْتَصَمُوْا بِاللّٰهِ

lan banjur padha mbecikake kelakuane, lan banjur gondhelan agamane Allah

وَاَخْلَصُوْا دِيْنَهُمْ لِلّٰهِ

lan ngresikake agamane, mligi nglakoni Prentahing Allah (ora murih dialem dening wong).

 فَاُولٰۤىِٕكَ مَعَ الْمُؤْمِنِيْنَۗ

Wong kang mengkono mau padha kagolong wong mukmin,

 وَسَوْفَ يُؤْتِ اللهُ الْمُؤْمِنِيْنَ اَجْرًا عَظِيْمًا﴿146﴾

ing mbesuk Allah Maringi ganjaran kang agung marang wong-wong mukmin. (146)

مَا يَفْعَلُ اللهُ بِعَذَابِكُمْ

Apa perlune Allah nyiksa sira,

 اِنْ شَكَرْتُمْ وَاٰمَنْتُمْۗ

manawa sira pancen padha weruh ing panarima sarta iman?

وَكَانَ اللهُ شَاكِرًا عَلِيْمًا ﴿147﴾الجزء

Lan Allah iku Kang tikel matikel ing Pangganjar, lan Mahauninga (147)

لَا يُحِبُّ اللهُ الْجَهْرَ بِالسُّوْۤءِ مِنَ الْقَوْلِ اِلَّا مَنْ ظُلِمَۗ

Allah iku Ora Remen marang wedharing pangucap ngeblak kang nylekit, kajaba manawa iku sesambate wong kang kinaniaya.

 وَكَانَ اللهُ سَمِيْعًا عَلِيْمًا﴿148﴾

Lan Allah iku Mahamiyarsa, lan Mahauninga (148)

اِنْ تُبْدُوْا خَيْرًا اَوْ تُخْفُوْهُ اَوْ تَعْفُوْا عَنْ سُوْۤءٍ

Menawa sira nglakoni kabecikan kanthi ngedheng utawa disidhemake, utawa aweh pangapura marang wong kang gawe ala, (luwih utama ngapura tinimbang nandukake piwales)

 فَاِنَّ اللهَ كَانَ عَفُوًّا قَدِيْرًا﴿149﴾

Awit satemene Allah iku Maha Paring Pangapura sarta Mahakuwasa (149)

اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ

Satemene wong-wong kang padha kafir marang Allah Ian utusane,

 وَيُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّفَرِّقُوْا بَيْنَ اللهِ وَرُسُلِهٖ

sarta padha duwe karep mbedak-mbedakake kapercayan marang Allah lan utusane (kayata: “Kena percaya marang Allah tanpa percaya marang utusane)

 وَيَقُوْلُوْنَ نُؤْمِنُ بِبَعْضٍ وَّنَكْفُرُ بِبَعْضٍۙ

lan pada ngucap “kita percaya marang sawanehe rasul lan kafir marang liyane,”

 وَّيُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّتَّخِذُوْا

dheweke iku padha karep gawe dalan agama dhewe,

 بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًاۙ﴿150﴾

antarane loro mau (kafir Ian mukmin). (150)

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰفِرُوْنَ حَقًّاۚ

Wong-wong kang padha mengkono iku sajatine wong kafir

 وَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا مُّهِيْنًا﴿151﴾

Lan Ingsun wis nyawisake marang wong-wong kafir mau siksa kang nginakake. (151)

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖ

Dene wong-wong kang padha percaya marang Allah Ian utusane,

 وَلَمْ يُفَرِّقُوْا بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْ

sarta ora mbedakake salah sijining para rasul,

 اُولٰۤىِٕكَ سَوْفَ يُؤْتِيْهِمْ اُجُوْرَهُمْۗ

wong kang mengkono mau mbesuk padha Ingsun paringi ganjaran.

 وَكَانَ اللهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا﴿152﴾ ع_1

Lan Allah iku Mahaparing Pangapura tur Maha Asih. (152)

يَسْـَٔلُكَ اَهْلُ الْكِتٰبِ

(Muhammad) wong-wong ahli kitab bakal nyuwun marang sliramu

 اَنْ تُنَزِّلَ عَلَيْهِمْ كِتٰبًا مِّنَ السَّمَاۤءِ

Supaya nurunake Kitab saka langit marang dheweke

 فَقَدْ سَاَلُوْا مُوْسٰٓى اَكْبَرَ مِنْ ذٰلِكَ

Sliramu sumurupa, satemene wong-wong mau wis nate padha nyuwun marang Musa barang kang luwih gedhe tinimbang iku,

 فَقَالُوْٓا اَرِنَا اللهَ جَهْرَةً

Ature: “Kita mugi panjenengan paringi sumerep Allah kalayan wewentahan (kasat mata).”

 فَاَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ بِظُلْمِهِمْۚ

Nuli wong-wong mau padha disamber bledheg jalaran anggone padha nganiya marang awake dhewe,

 ثُمَّ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ

Sawise diparingi tandha bebener (mu’jizat) wong-wong mau banjur padha ngedegake sesembahan wujud sapi.

 فَعَفَوْنَا عَنْ ذٰلِكَۚ

Ingsun iya nuli Paring Pangapura kaluputane kang mengkono mau,

 وَاٰتَيْنَا مُوْسٰى سُلْطٰنًا مُّبِيْنًا﴿153﴾

lan Ingsun maringi pangawasa utawa wasesa marang Musa. (153)

وَرَفَعْنَا فَوْقَهُمُ الطُّوْرَ بِمِيْثَاقِهِمْ

Lan Ingsun mbedhol gunung, Ingsun ungkulake ana ndhuwure wong mau minangka ngiket anggone padha duwe perjanjian ngestokake prentahe Ingsun,

 وَقُلْنَا لَهُمُ ادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا

Lan Ingsun dhawuh marang wong mau: “Sira padha mlebuwa lawange Negara iki (Ariya’) kelawan tumungkul (sujud).

 وَّقُلْنَا لَهُمْ لَا تَعْدُوْا فِى السَّبْتِ

Lan Ingsun dhawuh marang wong-wong mau: “Sira aja padha njarag memet (golek iwak) ana ing dina Sabtu.”

 وَاَخَذْنَا مِنْهُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًا﴿154﴾

Ingsun wis mundhut perjanjian kang kukuh lan abot marang wong-wong mau. (154)

فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِّيْثَاقَهُمْ

Wong-wong kafir ahli kitab mau padha Ingsun mbendoni, marga anggone padha nyidrani janji,

 وَكُفْرِهِمْ بِاٰيٰتِ اللهِ وَقَتْلِهِمُ الْاَنْۢبِيَاۤءَ بِغَيْرِ حَقٍّ

Lan marga anggone padha kafir marang Allah lan anggone padha merjaya (mateni) para nabi kanthi ora bener,

 وَّقَوْلِهِمْ قُلُوْبُنَا غُلْفٌۗ

Lan marga anggone padha matur: “Manah kita sampun katutupan (kodheng).”

 بَلْ طَبَعَ اللهُ عَلَيْهَا بِكُفْرِهِمْ

Allah malah nutup atine wong-wong mau, jalaran saka anggone dadi kafir.

فَلَا يُؤْمِنُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًاۖ﴿155﴾

Mulane dheweke ora padha percaya kejaba mung sethithik. (155)

وَّبِكُفْرِهِمْ

Lan amarga saka anggone padha kafir

وَقَوْلِهِمْ عَلٰى مَرْيَمَ بُهْتَانًا عَظِيْمًاۙ﴿156﴾

sarta anggone angunekake Maryam kalawan pandalih kang gedhe: (156)

وَّقَوْلِهِمْ اِنَّا قَتَلْنَا الْمَسِيْحَ عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ رَسُوْلَ اللهِۚ

Lan marga anggone padha ngucap: “Kita wis mateni utusane Allah AI Masih Isa putrane Maryam.”

 وَمَا قَتَلُوْهُ وَمَا صَلَبُوْهُ

Satemene wong-wong mau ora padha merjaya marang Isa lan ora padha ngukum salib (mentheng),

 وَلٰكِنْ شُبِّهَ لَهُمْۗ

nanging pandelenge wong-wong mau padha dibawurake.

 وَاِنَّ الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِيْهِ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُۗ

Lan satemene wong kang padha pasulayan panemune ing bab perkara lsa iku kabeh isih padha semang-semang,

مَا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍ

wong-wong mau ora ana kang weruh sedane lsa kanthi sanyatane,

اِلَّا اتِّبَاعَ الظَّنِّ

kajaba mung kira-kira wae,

 وَمَا قَتَلُوْهُ يَقِيْنًاۢۙ﴿157﴾

sarta dheweke satemene ora merjaya marang Isa kanthi yakin. (157)

بَلْ رَّفَعَهُ اللهُ اِلَيْهِۗ

Nanging Allah wis Ngangkat Isa marang Ngarsane.

وَكَانَ اللهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا﴿158﴾

Dene Allah iku Mahamulya sarta Mahawicaksana. (158)

وَاِنْ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ اِلَّا لَيُؤْمِنَنَّ بِهٖ قَبْلَ مَوْتِهٖۚ

Lan ora ana sawijining wong ahli kitab, sadurunge mati mesthi padha percaya marang Isa,

 وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكُوْنُ عَلَيْهِمْ شَهِيْدًاۚ﴿159﴾

Lan mbesok dina qiyamat, Nabi Isa bakal jumeneng dadi saksi tumrap wong-wong mau. (159)

فَبِظُلْمٍ مِّنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا

Awit para wong Yahudi padha nganiaya marang awake dhewe,

 حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ طَيِّبٰتٍ

Mulane banjur padha Ingsun larang (mangan panganan) kang becik (kang ngresepake)

 اُحِلَّتْ لَهُمْ

Kang maune ora Ingsun larangi.

 وَبِصَدِّهِمْ عَنْ سَبِيْلِ اللهِ كَثِيْرًاۙ﴿160﴾

Lan marga wong Yahudi mau padha nyegah para manungsa padha ngambah dalan ing Allah,  (160)

وَّاَخْذِهِمُ الرِّبٰوا وَقَدْ نُهُوْا عَنْهُ

Awit wong-wong Yahudi iku padha nampani riba kang mangka wis padha Ingsun larang,

 وَاَكْلِهِمْ اَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِۗ

Lan maneh marga (wong Yahudi) padha mangan bandhane manungsa kanthi dalan kang ora bener.

 وَاَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ مِنْهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا﴿161﴾

Lan Ingsun wis nyawisake siksa kang nglarani marang wong-wong kafir mau. (161)

لٰكِنِ الرَّاسِخُوْنَ فِى الْعِلْمِ

Ananging wong Yahudi kang padha teguh anggone ngugemi kawruhe,

 مِنْهُمْ وَالْمُؤْمِنُوْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ

Sarta wong mukmin iku padha percaya kitab kang wis diturunake marang sliramu (Muhammad),

 وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ

Lan percaya kitab kang wis diturunake sadurungmu,

 وَالْمُقِيْمِيْنَ الصَّلٰوةَ

mengkono uga wong kang padha nglakoni sholat

 وَالْمُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ

Lan padha mbayar zakat

وَالْمُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ

Lan wong kang padha percaya marang Allah lan percaya bakal anane dina qiyamat.

 اُولٰۤىِٕكَ سَنُؤْتِيْهِمْ اَجْرًا عَظِيْمًا﴿162﴾ ع_21

Wong kang mengkono mau kabeh mbesok bakal padha Ingsun paringi ganjaran kang gedhe. (162)

اِنَّآ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ

Satemene Ingsun wis paring wahyu (dhawuh) marang sira (Muhammad)

 كَمَآ اَوْحَيْنَآ اِلٰى نُوْحٍ وَّالنَّبِيّٖنَ مِنْۢ بَعْدِهٖۚ

Kaya anggon Ingsun paring wahyu marang Nuh lan marang para nabi kang sawise Nuh,

وَاَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ

Lan Ingsun uga wis paring wahyu marang Ibrahim Ian Ismail, Ishaq lan Yaqub Ian putra wayahe,

وَعِيْسٰى وَاَيُّوْبَ وَيُوْنُسَ وَهٰرُوْنَ وَسُلَيْمٰنَۚ

Lan lsa lan Ayub lan Yunus lan Harun lan Sulaiman.

 وَاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًاۚ﴿163﴾

Lan Ingsun wis maringi marang Dawud kitab Zabur. (163)

وَرُسُلًا قَدْ قَصَصْنٰهُمْ عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ

Lan Ingsun wis ngutus para rasul, kang jeneng utawa Ielakone padha Ingsun critakake marang sliramu,

 وَرُسُلًا لَّمْ نَقْصُصْهُمْ عَلَيْكَۗ

Lan ana uga para rasul kang jeneng utawa lelakone ora Ingsun critakake marang sliramu,

 وَكَلَّمَ اللهُ مُوْسٰى تَكْلِيْمًاۚ﴿164﴾

Lan maneh Allah wis ngendika marang Musa kang langsung tanpa Iantaran. (164)

رُسُلًا مُّبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَ لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَى اللهِ حُجَّةٌ ۢبَعْدَ الرُّسُلِۗ

Para rasul mau padha ngebang-ebang Ian padha ngelingake supaya para manungsa ora bisa gawe alesan kang nyalahake (madoni marang Allah) sawise rawuh para utusan.

وَكَانَ اللهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا﴿165﴾

Dene Allah iku Mahamulya sarta Mahawicaksana. (165)

لٰكِنِ اللهُ يَشْهَدُ بِمَآ اَنْزَلَ اِلَيْكَ اَنْزَلَهٗ بِعِلْمِهٖۚ

Nanging Allah Nekseni anggonmu dadi nabi wewaton kitab Al-Qur’an kang wis diturunake marang sliramu. Allah nurunake Al-Qur’an kang isi kawruh ing Allah.

 وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ يَشْهَدُوْنَۗ

Lan para malaikat kabeh uga padha nekseni anggonmu dadi nabi .

 وَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۗ﴿166﴾

Lan cukup Allah Anggone Nekseni. (166)

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللهِ

Satemene wong-wong kafir padha  mlengos saka dedalane Allah,

 قَدْ ضَلُّوْا ضَلٰلًاۢ بَعِيْدًا﴿167﴾

bener-bener dheweke iku wis kesasar kang nganti adoh kesasare. (167)

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَظَلَمُوْا

Satemene wong kang padha kafir sarta padha nganiaya marang awake dhewe,

 لَمْ يَكُنِ اللهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ طَرِيْقًاۙ﴿168﴾

Allah ora bakal Paring Pangapura marang kaluputane wong-wong mau, lan Panjenengane Ora Kersa Nuduhake marang wong-wong mau ing dalan kang jejeg. (168)

اِلَّا طَرِيْقَ جَهَنَّمَ

Kajaba dalan kang anjlog marang Jahannam,

 خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ

Ing neraka kono padha langgeng salawase

وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللهِ يَسِيْرًا﴿169﴾

Lan kang mangkono iku mungguhing Allah gampang. (169)

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمُ الرَّسُوْلُ

Para manungsa, satemene sliramu kabeh wis padha kerawuhan rasul,

 بِالْحَقِّ مِنْ رَّبِّكُمْ

utusan kang nyata saka Pengeranmu,

فَاٰمِنُوْا خَيْرًا لَّكُمْۗ

Mulane sliramu padha percayaa marang rasul mau, iku becik banget tumraping sliramu.

 وَاِنْ تَكْفُرُوْا

Dene yen sira kafir (maido marang rasul mau),

 فَاِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ

Sliramu weruha yen saindenging langit bumi saisine kabeh iku kagungane Allah.

 وَكَانَ اللهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًا﴿170﴾

Dene Allah iku Mahauninga sarta Mahawicaksana (170)

يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَا تَغْلُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ وَلَا تَقُوْلُوْا عَلَى اللهِ اِلَّا الْحَقَّۗ

Wong ahli kitab (Injil), sliramu aja padha leluwihan saka agamamu, lan sliramu aja ngucapake ing Allah kajaba pangucap kang bener.

 اِنَّمَا الْمَسِيْحُ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ رَسُوْلُ اللهِ وَكَلِمَتُهٗۚ اَلْقٰهَآ اِلٰى مَرْيَمَ وَرُوْحٌ مِّنْهُۖ

Satemene Al Masih Isa putrane Maryam iku dudu putrane Allah, slirane iku Utusane Allah, kadadeyan saka Kalimah Pangandikane Allah kang diucapake dening Malaikat Jibril marang Dewi Maryam lan ruh saka Ngarsane Allah.

 فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖۗ

Mulane sliramu padha percayaa marang Allah lan marang utusane Allah,

 وَلَا تَقُوْلُوْا ثَلٰثَةٌۗ اِنْتَهُوْا خَيْرًا لَّكُمْۗ

lan sira aja padha ngucap: “Pengeran iku telu,” iku padhaa lerenana, mengkono iku Iuwih becik tumrap sira kabeh.

 اِنَّمَا اللهُ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۗ سُبْحٰنَهٗٓ اَنْ يَّكُوْنَ لَهٗ وَلَدٌۘ

Satemene Allah iku Pengeran Kang Mahatunggal, Mahasuci Allah yen nganti kagungan putra.

 لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ

Isen-isening saindenging Iangit lan bumi iku kabeh kagungane Allah piyambak

 وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا﴿171﴾ ع_22

Lan cukup Allah Kang Pinasrahan. (171)

لَنْ يَّسْتَنْكِفَ الْمَسِيْحُ اَنْ يَّكُوْنَ عَبْدًا لِّلّٰهِ وَلَا الْمَلٰۤىِٕكَةُ الْمُقَرَّبُوْنَۗ

Al-Masih (lsa) ora gumedhe lan ora isin diarani kawulane Allah, mengkono uga para malaikat kang padha kacedhak ing Allah,

 وَمَنْ يَّسْتَنْكِفْ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَيَسْتَكْبِرْ فَسَيَحْشُرُهُمْ اِلَيْهِ جَمِيْعًا﴿172﴾

iya ora padha isin disebut kawulane Allah. Dene sing sapa isin diarani kawulane Allah, lan gumedhe, iku sumurupa yen besuk wong-wong mau padha disowanake ana ing Pangayunaning Pangeran kabeh. (172)

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُوَفِّيْهِمْ اُجُوْرَهُمْ

Dene wong kang padha iman ing Allah sarta padha tumindhak becik, iku Allah mesthi Ngleksanani Maringi ganjarane wong mau,

وَيَزِيْدُهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۚ

sarta bakal nambahi ganjarane Iuwih saka kabecikane wong mau saka Sih Kanugrahaning Allah Piyambak.

 وَاَمَّا الَّذِيْنَ اسْتَنْكَفُوْا وَاسْتَكْبَرُوْا فَيُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ

Dene sing sapa isin sarta gumedhe diarani kawulane Allah iku ing besuk Allah bakal nyiksa wong mau klawan siksa kang ngelarani.

 وَّلَا يَجِدُوْنَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا﴿173﴾

Lan wong-wong mau ora bakal oleh kang bisa ngasihi lan tetulung saliane Allah. (173)

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمْ بُرْهَانٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ

Para manungsa, temen sira wis ketekan pirang-pirang tandha bebener saka Pengeranmu,

وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ نُوْرًا مُّبِيْنًا﴿174﴾

Lan Ingsun wis nurunake pepadhang kang nyata (yaiku AL-Qur’ an) marang sira kabeh. (174)

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَاعْتَصَمُوْا بِهٖ

Dene wong kang padha iman ing Allah lan padha gegondhelan Al-Qur’ an,

فَسَيُدْخِلُهُمْ فِيْ رَحْمَةٍ مِّنْهُ وَفَضْلٍۙ

Ing besuk Allah bakal ngelebokake wong mau marang Suwarga Ian Kanugrahan saka Panjenengane.

 وَّيَهْدِيْهِمْ اِلَيْهِ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۗ﴿175﴾

Lan bakal Nudhuhake dalan kang jejeg marang wong-wong mau. (175)

يَسْتَفْتُوْنَكَۗ

(Muhammad) para ummat padha nyuwun katerangan marang sliramu,

 قُلِ اللهُ يُفْتِيْكُمْ فِى الْكَلٰلَةِۗ

Dhawuha: “Allah bakal paring katerangan marang sliramu kabeh bab ‘Kalalah’ (yaiku wong-wong kang ora duwe ahli waris kajaba sedulure),

اِنِ امْرُؤٌا هَلَكَ لَيْسَ لَهٗ وَلَدٌ وَّلَهٗٓ اُخْتٌ فَلَهَا نِصْفُ مَا تَرَكَۚ

Manawa ana wong Ianang mati, mangka dheweke ora duwe anak nanging dheweke duwe sedulur wadon, sedulur wadon mau oleh pandhuman separone barang tinggalan,

وَهُوَ يَرِثُهَآ اِنْ لَّمْ يَكُنْ لَّهَا وَلَدٌۚ

Lan sedulur Ianang (uga) dadi warise sedulur wadon, menawa dheweke (wong wadon) mau ora duwe anak lanang.

 فَاِنْ كَانَتَا اثْنَتَيْنِ فَلَهُمَا الثُّلُثٰنِ مِمَّا تَرَكَۗ

Manawa ana wong lanang mati ninggalake sedulur wadon Ioro, sedulur wadon Ioro mau oleh pandhuman rong pertelone barang tinggalan.

وَاِنْ كَانُوْٓا اِخْوَةً رِّجَالًا وَّنِسَاۤءً فَلِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْاُنْثَيَيْنِۗ

Dene menawa kang dadi waris mau sedulur-seduiur lanang Ian wadon, iku pandumane seduiur lanang siji padha karo pangedume sedulur wadon Ioro.

 يُبَيِّنُ اللهُ لَكُمْ اَنْ تَضِلُّوْاۗ

Allah Nerangake marang sira kabeh pranatan waris iki supaya sliramu kabeh aja padha nganti kesasar.

 وَاللهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ﴿176﴾ ع_23

Dene Allah iku Mahauninga marang samubarang. (176)

***

DAFTAR PUSTAKA

Bakri Syahid. (1979). Al-Huda, Tafsir Qur’an Basa Jawi. Yogyakarta: Bagus Arafah.

Bisri Musthofa. (2015). Al-Ibriz, Terjemah Al-Qur’an Bahasa Jawa. Kudus: Menara Kudus

Minhajurrahman Djajasugita. (2001). Qur’an Suci Jarwa Jawi. Maulvi Mohammad Ali. Jakarta: Darul Kutubiyah DKI

Mohammad Adnan. (1977).Tafsir Al-Qur’an Suci, Basa Jawi. Bandung: PT Ma’arif.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Content is protected !!